Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
193–194 dari 277
1.924–1.933 dari 2.770
| 34.048 | mantri pamajêgan pinisalin | sadaya sami abusana |[1] kalawan sapêpantêse | balongsong punang kampuh | pan kuluknya samya barêci | sabuk cangap rinêngga | sarta lawan dhuwung | sami kandêlan kancana | abra murub panganggening para mantri | kang kinulawisuda || |
| 34.049 | acalana cindhe tanu èsthi | pinarêmas ing parada papan | gêbyar-gêbyar lwir thathite | yèn winingkis kang kampuh | pan kasilir maruta mirir | kadya ta kinêpêtan | sumrah raganipun | karaos ing kanikmatan | salamine dèrèng suka kadi mangkin | duk anèng pamajêgan || |
| 34.050 | mantri pamajêgan anganjali | padha ngrêpa [360] tumungkul sadaya | abungkuh ing palungguhe | dening dibya atakut | rêtna wadu widêgdèng lungid | ya măngka dananira | arêmên dinulu | tate kinudang ing prana | pan kawratan sura lêgawa ing krami | aglar tanpa sisingan || |
| 34.051 | Senapati ing Ngalaga ênting | suka mulat mantri pamajêgan | dan sampun pranata kabèh | kapyajêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan kapyatuhu | ramping aramping ing tanggap | kêdhap sasmita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga || |
| 34.052 | Senapati Ngalaga tartib |[2] aningali mantri pamajêgan | mapan sampun pêpak kabèh | pan wus pêpêk supênuh | Senapati micarèng ati | mêngko ta olèh rowang | sangking sih Hyang Agung | prapta ing sariraningwang | sinung bêgja dinulur marang Hyang Widdhi | sinung rowang dening Hyang || |
| 34.053 | lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuh prang lawan Sultan Pajang | ingsun êmriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun pan wus pracaya | sun tingali suyud | mantri Pagêlèn sadaya | samya bêkti mung Bocor durung sayêkti | manahe kaya-kaya || |
| 34.054 | sun watara atining wong iki | nora suka dening bojakrama | yèn durung tutug budine | angayoni maringsun | iya [361] ningan sun angecani | bênêr têka si besan | sisip têka ngingsun | upamane awak ingwang | kaya cebol nèng jurang anggayuh langit | pasthine dipun ina || |
| 34.055 | ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mangkana ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 34.056 | Mantri Baksa pan kagiri-giri | anggungakên bêksa gora gadha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang mungluk | sela anulya sinăngga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngibêrakên ing wiyat || |
| 34.057 | galaganjur binêksanan kêris | myang landhehan miwah bêksa panah | kang ambêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên maprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawanèh pupu | wanèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah || |
193–194 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: sadayanya sami abusana. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: Senapati ing Ngalaga tartib. (kembali) |