Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
193–194 dari 277
1.927–1.936 dari 2.770
34.051 Senapati ing Ngalaga ênting | suka mulat mantri pamajêgan | dan sampun pranata kabèh | kapyajêjêl supênuh | wus anarka yèn ngêndhih jurit | sirnane Sultan Pajang | mapan kapyatuhu | ramping aramping ing tanggap | kêdhap sasmita satata dèn ulati | kang sinêmbah Ngalaga ||
34.052 Senapati Ngalaga tartib |[1] aningali mantri pamajêgan | mapan sampun pêpak kabèh | pan wus pêpêk supênuh | Senapati micarèng ati | mêngko ta olèh rowang | sangking sih Hyang Agung | prapta ing sariraningwang | sinung bêgja dinulur marang Hyang Widdhi | sinung rowang dening Hyang ||
34.053 lamun ingsun angêndhiha jurit | amungsuh prang lawan Sultan Pajang | ingsun êmriha sirnane | kaya kêna sun adu | sakathahe kang para mantri | ingsun pan wus pracaya | sun tingali suyud | mantri Pagêlèn sadaya | samya bêkti mung Bocor durung sayêkti | manahe kaya-kaya ||
34.054 sun watara atining wong iki | nora suka dening bojakrama | yèn durung tutug budine | angayoni maringsun | iya [361] ningan sun angecani | bênêr têka si besan | sisip têka ngingsun | upamane awak ingwang | kaya cebol nèng jurang anggayuh langit | pasthine dipun ina ||
34.055 ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mangkana ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya ||
34.056 Mantri Baksa pan kagiri-giri | anggungakên bêksa gora gadha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang mungluk | sela anulya sinăngga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngibêrakên ing wiyat ||
34.057 galaganjur binêksanan kêris | myang landhehan miwah bêksa panah | kang ambêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên maprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawanèh pupu | wanèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah ||
34.058 Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landhehan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane ayun baka |[2] tumbak [362: tu...mbak] kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma ||
34.059 samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang omba tan gingsir | pan katuwukên dana ||
34.060 apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa omba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan ||
193–194 dari 277

 


1 Kurang satu suku kata: Senapati ing Ngalaga tartib. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: cihnane ayun numbaka. (kembali)