Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
194 dari 277
1.931–1.940 dari 2.770
| 34.055 | ênêngêna kang arsa ngayoni | lamun ingsun durung munjulana | digdaya lawan wong akèh | măngsa dadia ratu | pan mangkana ciptaning ati | nanging botên kawêdal | ngandika ing kalbu | pan maksih angeca-eca | anuwuki karsane kang para mantri | pamajêgan sadaya || |
| 34.056 | Mantri Baksa pan kagiri-giri | anggungakên bêksa gora gadha | ngatingalakên sêktine | sela nulya jinunjung | bobotipun êmas sadhacin | mantrinira arosa | dipun buwang mungluk | sela anulya sinăngga | bobotipun lir kapuk salêmbar sami | ngibêrakên ing wiyat || |
| 34.057 | galaganjur binêksanan kêris | myang landhehan miwah bêksa panah | kang ambêksa pêdhang tamèng | ingumbulakên maprung | ingkang lêmbing tiba ing gigir | myang tinadhahan dhadha | kang sawanèh pupu | wanèh tinadhahan êndhas | kang sawênèh matane cinublês kêris | pupu têguh tinatah || |
| 34.058 | Mantri Mataram lir banthèng kanin | kadya macan basah-binasahan | landhehan ingugêr age | waosipun tinêmpuh | duk dinêdêl tan kêna lungid | sasat wayang-wayangan | pan ilafat tuhu | cinane ayun baka |[1] tumbak [362: tu...mbak] kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining janma || |
| 34.059 | samya matur sakathahing mantri | pan kawula adunên apêrang | pasihan dalêm wus akèh | mapan kawula purun | amêngsaha sri narapati | yèn tuwan ngajanana | pan kawula purun | nadyan tangkêpa salêksa | gêgamane wong Pajang omba tan gingsir | pan katuwukên dana || |
| 34.060 | apan wutahe ludira mami | lan tigase ing murda kawula | kasaurakên ing sihe | muga dadia ratu | tan kawawa omba nuwun sih | kawula tur prasêtya | anjalma ping pitu | kawula tuwan abdèkna | ing satêrah-têrah kawula ing benjing | ngabdia têdhak tuwan || |
| 34.061 | sêdya kawula ing wisma dhingin | ajêng sowan dhatêng Sultan Pajang | ngasrahkên bulupêktine | tuwan mêgati ngênu | kinon mandhêg kang para mantri | ingajak akasukan | ing mangke pukulun | mangke kawula tan nêdya | yèn lajênga mring Pajang tur bulupêkti | pan sampeyan narendra || |
| 34.062 | sakathahe bulupêkti mami | kaatura sampeyan sadaya | datan wontên sandeyane | Mataram ratu agung | pan nagara ing têpis iring | samya ngidhêp sadaya | dhatêng sang aprabu | adipati kang tumitah | saliring wong desa pamajêgan adi | tuwan ingkang nataa || |
| 34.063 | yèn sampeyan lumampah ajurit | yèn kawula damêlên pêpêjah | pan kawula walêsake [363: walêsa...ke] | datan sagêda mangsul | sih paduka yèn manggih kardi | pêjaha wontên ngarsa- | nira sang aulun | kawula datan kumêdhap | datan liyan ingkang kawula tingali | Panêmbahan Ngalaga || |
| 34.064 | angandika alon Senapati | ing sakèhe mantri pamajêgan | sun tarima prasêtyane | pan dudu kaya iku | karsaningsun maring rama ji | besuk sira sebaa | sarênga lan ingsun | yèn ana dukane sultan | pan manira mapan ingkang anyaguhi | andêlêna ing prana || |
194 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: cihnane ayun numbaka. (kembali) |