Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
189 dari 277
1.881–1.890 dari 2.770
| 34.005 | Sultan Pajang ratu dibya sêkti | manahira lwir asa anglayang | muluk salab kahanane | janma akam puniku | kapwa kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar- | nira[1] sang pukulun | wadya matur sadayanya | hèh sang nata kawula midhangêt warti | Risang Sutawijaya || |
| 34.006 | kunêng ingkang tan seba ing enjing | arsa balik malah arsa nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | Ki Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada [350] ing sapratingkahe anging | ing Sang Sutawijaya || |
| 34.007 | dutanira kalih angastuti | angusapi lêbu ring suku sang | duta mêcat[2] sigra age | anitih kuda sampun | ing Mataram Ki Senapati | sonya anèng Lipura | duta kalih nusul | ing Lipura sigra dhatang | Senapati kapanggih sira alinggih | ing kuda acêcalang || |
| 34.008 | Kyai Gêdhe Wuragil mangkya ngling | hèh Ngabèi Wilamarta nêdha | mudhun saking jaran age | nimbalakên ing wuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika karsa mudhun sangking wajik | Senapati Ngalaga || |
| 34.009 | maksih amanggung anitih wajik | jêngandika dutanira sultan | nistha ing mantri tandange | dening mudhun karuhun | sangking kuda kang dèn timbali | maksih anunggang jaran | jêngandika iku | tan prabeda lawan sultan | kang akèngkèn sarupa lan duta singgih | dèn sampun rasa tunggal || |
| 34.010 | Kyai Gêdhe Wuragil mangkya ngling | hèh Ngabèi Wilamarta mojar | nêdha mudhun jaran age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | yèn wruha kang timbalan | rama ji pan mudhun | Senapati ing Mataram | duta kalih kapwa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga || |
| 34.011 | maksih amanggung anitih wajik [351: waji...k] | Angabèi Wilamarta mojar | lah Ki Gêdha Wuragile | tan linyok ujar ingsun | Senapati Ngalaga iki | pan sampun wruh punika | yè duta sang prabu | tan anarka yèn mudhuna | sangking jaran pakanira lawan mami | tanduk mantri kang nistha || |
| 34.012 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh Ngabèi lawan Wilamarta | ragane kita kinèngkèn | duta kalih umatur | dahat ulun duta rama ji | angêmban pangandika- | nira sang pukulun | mangan nginum marènana | asebaa marang Pajang dipun aglis | myang kita akurisa || |
| 34.013 | duta kalih sinauran angling | Senapati maksih nitih kuda | matura mring sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmarèni | angalap sutanira | lawan rabinipun | mangan nginum sun ingatag | mêmarèni apan kêna ingsun maksih | doyan nginum amangan || |
| 34.014 | ulun kinèn akurisa iki | dening sultan kaya apa rema | tuwuh lan karêpe dhewe | pagene ya cinukur | salah sêdya ulun puniki | têka para matura | marang sang pukulun | yèn mangkono ujar ingwang | duta kalih Wilamarta Ki Wuragil | amit mulih mring Pajang || |
189 dari 277
| 1 | ira. (kembali) |
| 2 | mêsat. (kembali) |