Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
195–196 dari 277
1.945–1.954 dari 2.770
34.069 lamun ingsun wurunga ngayoni | ing bobote Senapati Nglaga | yèn panggah pan ingsun dhèrèk | dening apêksa lunghung | datan wêruh sariranèki | baya kulit têmbaga | bêbalung parunggu | manawa sira tan pasah | ingsun suduk ing kêris ingsun pramati | gêlêm sun angawula ||
34.070 sampun surup sang pratănggapati | Kyai Bocor mangke karsanira | anutugakên budine | mapan arsa malêbu | anyidraa ing Senapati | dhuwungira tinatap | wus amblês kinapuk | pun Kêbo Dhêngên wastanya | nulya mangkat sampun malêbêt ing puri | sapraptanirèng pura ||
34.071 sakathahe kang atunggu kori | wus winangsit dening Panêmbahan | apia tan wruh lêbune | Ki Bocor wus malêbu | Panêmbahan sampun kapanggih | sêdhêngira adhahar | ngungkurakên pitu[1] | Ki Bocor nulya narajang | dipun suduk Panêmbahan tan anolih | Ki Bocor kasayahan ||
34.072 rêmuk rêmpu pucuke [365: pu...cuke] kang kêris | siti kêna pan pating dharungkar | Bocor sidhêku tibane | lupa sarira lêsu | Kyai Bocor sigra ngabêkti | mangrêpa ing suku sang | kawula anuhun | gusti nêdha pangapura | Panêmbahan kagyat nolih mèsêm angling | kakang wontên punapa ||
34.073 Kyai Bocor sumungkêm ing siti | mukanira komjêm ing pratala | angasih-asih ature | kawula nuhun bêndu | kamipurun kawula gusti | angayoni sampeyan | ing mangke pukulun | punapa karsa paduka | pan kawula angaturkên pati urip | sakarsa tan lênggana ||
34.074 angandika Kyai Senapati | punapa kakang dika wicara | pitayaningsun agêdhe | Ki Bocor sigra mundur | Senapati lunga tumuli | ingiring wong lêlima | Lipura jinujug | wontên watu kumalasa | warnanira tuhu kalamun prayogi | Senapati nèng sela ||
34.075 Senapati lir anunggang èsthi | warnanira sela kadi gajah | pandhang[2] nrangkang ngiringane | lwir palana dinulu | sulurira ingkang aputih | katustarèng banyunya | Senapati sampun | asare anèng gêgilang | pan ing nginggil gêgilang langkung ing margil | tan ana prakathaya ||
34.076 kawarnaa Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | wus têngah dalu wayahe | ingkang putra kagugu | nulya kesah malêbèng [366] puri | kandhêg jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh sikêp kang tugu[3] lawang | suntaningsun[4] pinarak ana ing puri | matura ingsun seba ||
34.077 lurah regol ature alirih | hèh Ki Juru putra tuwan |[5] omba wikana parane | sasampunipun wau | mangan nginum lan para mantri | pamajêgan sadaya | ing sabubaripun | kangjêng gusti nuntên kesah | sarêng surup pratăngga gumantya wêngi | wulan sêdhêng purnama ||
34.078 Kyai Juru widagdyèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang ||
195–196 dari 277

 


pintu. (kembali)
pandhan. (kembali)
tunggu. (kembali)
sutaningsun. (kembali)
Kurang dua suku kata: hèh Kiyai Juru putra tuwan. (kembali)