Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
196 dari 277
1.951–1.960 dari 2.770
| 34.075 | Senapati lir anunggang èsthi | warnanira sela kadi gajah | pandhang[1] nrangkang ngiringane | lwir palana dinulu | sulurira ingkang aputih | katustarèng banyunya | Senapati sampun | asare anèng gêgilang | pan ing nginggil gêgilang langkung ing margil | tan ana prakathaya || |
| 34.076 | kawarnaa Ki Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | wus têngah dalu wayahe | ingkang putra kagugu | nulya kesah malêbèng [366] puri | kandhêg jawining lawang | Ki Juru amuwus | hèh sikêp kang tugu[2] lawang | suntaningsun[3] pinarak ana ing puri | matura ingsun seba || |
| 34.077 | lurah regol ature alirih | hèh Ki Juru putra tuwan |[4] omba wikana parane | sasampunipun wau | mangan nginum lan para mantri | pamajêgan sadaya | ing sabubaripun | kangjêng gusti nuntên kesah | sarêng surup pratăngga gumantya wêngi | wulan sêdhêng purnama || |
| 34.078 | Kyai Juru widagdyèng ing wadi | wus uninga ciptane kang putra | anulya sinusul age | wayahe lingsir dalu | lampahira lir kilat thathit | sakêdhap nulya prapta | Nglipura jinujug | wus panggih lawan kang putra | Senapati sakeca dènira guling | anèng sela gêgilang || |
| 34.079 | Kyai Juru Amartani angling | kawungua kae Senapatya | ujare arêp agêdhe | têka eca aturu | tan antara lintang kang prapti | warnanya kadi dilah | ing baskara satus | upama gênge kang lintang | sakarambil têka tabone winarni | gumawang nginggil nendra || |
| 34.080 | Kyai Juru sigra dènnya angling | sarya anggugah dhatêng kang putra | awungua dipun age | punapa anèng luhur- | rira turu mancur lwir sasi | Senapati Ngalaga | kagyat nulya wungu | tumingal sarya ngandika | apa sira mancorong ing luhur mami | satuwuk dèrèng [367] mulat || |
| 34.081 | punang lintang sigra dènira angling |[5] wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang || |
| 34.082 | mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan || |
| 34.083 | saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung kèringanipun | amêkasi dadya nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur gunung udan awu myang karikil | cina[6] nagara rêngka || |
| 34.084 | aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna || |
196 dari 277
| 1 | pandhan. (kembali) |
| 2 | tunggu. (kembali) |
| 3 | sutaningsun. (kembali) |
| 4 | Kurang dua suku kata: hèh Kiyai Juru putra tuwan. (kembali) |
| 5 | Lebih satu suku kata: punang lintang sigra dènira ngling. (kembali) |
| 6 | cihna. (kembali) |