Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
196–197 dari 277
1.957–1.966 dari 2.770
| 34.081 | punang lintang sigra dènira angling |[1] wruhanira ingsun iki lintang | awêwarah ing dhèwèke | ênggènira manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | ing mêngko wus tinarima | marènana kang dera pêlêng wus kêni | tinarima dening Hyang || |
| 34.082 | mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dibya sêkti pinunjul | para ratu ing tanah Jawi | miwah ing tanah sabrang | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | myang ing putu jumênêng Sultan Matawis | Jawa tanpa sisihan || |
| 34.083 | saturunira jumênêng aji | ing Mataram suka myang wibawa | sugih rêtna kancanane | langkung kèringanipun | amêkasi dadya nrêpati | nulya nagara rêngka | myang lintang kumukus | grahana surya lan wulan | gugur gunung udan awu myang karikil | cina[2] nagara rêngka || |
| 34.084 | aglis lintang murca mring wiyati | Senapati amicarèng nala | baya ta prapta ing mangke | pasthi sun madêg ratu | suta têka ing putu mami | buyut pan dadi nata | Ratu Jawa nungkul | ingsun pandam tanah Jawa | pan sumilih jênêngira rama aji | Sultan Pajang pan sirna || |
| 34.085 | Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati ing Ngalaga | aja ujubriya têmbe | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang duru[3] jati [368: ja...ti] | benjang têka ing têmah | sira manggih mungsuh | yèn anèng têngah payudan | pasthinipun wintang tan kêna tinagih | paran gon amasthèkna || |
| 34.086 | kandipundi[4] goning ngandêl iki | ujar wintang pan dudu manusa | ewuh cinêkêl ilate | ora pasthi tinangguh | pae janma pasthi pinanggih | ujar dodo[5] lan iya | pasthi yèn katêmu | beda padha sami janma | rèhning swara jais arane puniki | wênang dudu lan iya || |
| 34.087 | têka besuk yèn praptèng ing jurit | datan wande ingsun lawan sira | tan wurung ngawaki dhewe | kalah mênanga besuk | pasthi sira kalawan mami | anglakoni ayuda | yèn jaya pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn sira kalah ajurit | pasthi yèn dadi tawan || |
| 34.088 | Senapati garjita ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Juru Martani wastane | Senapati amuwus | kadipundi rèh dika mangkin | kula darma lumampah | inggih ulun anut | ing saparipolah dika | wong kêkalih ing karsa dados sawiji | dika kalawan kula || |
| 34.089 | Kyai Juru Amartani angling | yèn mangkono payo parêmbugan | ujare ana dalile | tinêdha ing Hyang Agung | gampangêna sêdya puniki | sakèhe kang tinêdha | kang angèl puniku | muga èsmu gampangêna | alah nêdha pêpatahan rêbut kardi [369: kar...di] | payo anuli mangkat || |
| 34.090 | ingsun munggah ing gunung Marapi | pakanira dhatênga samodra | lah têdhanên dipun age | nyatakêna dèn tuhu | ing pasthine karsaning Widdhi | lah nêdha sarêng mintar | sarênga tumanduk | Senapati kapêthukan | nulya kesah ngetan bênêr sigra prapti | ambyur ing kali Umpak || |
196–197 dari 277
| 1 | Lebih satu suku kata: punang lintang sigra dènira ngling. (kembali) |
| 2 | cihna. (kembali) |
| 3 | durung. (kembali) |
| 4 | kadipundi. (kembali) |
| 5 | dudu. (kembali) |