Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 46
198 dari 277
1.971–1.980 dari 2.770
34.095 Senapati wau duk angèli | apan kandhêg anèng ing sawangan | lembak-lembak ing pinggire | olor sagara kidul | tri gumuruh kagiri-giri | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan endah ing warnanira | sande ing tyas ana pati masu kêting | tan ana pasingkaban ||
34.096 Senapati tarkanira wani | malêbua sajroning samodra | nyata ewuh ing nyanane | Senapati manêkung | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Hyang | amurwèng pandulu | sigra kang prahara prapta | lesus mêsês bayu bajra agêng prapti | akèh kayu rug sêmpal ||
34.097 sagaranya gumêtêr awêdi | toya wêning lwir kadi raditya | sagunung-gunung alune | padhaa ing kumumbu | padha ngosèk anèng ing tasik | bandêng lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk utêg sumirat | sangking tutuk ludira têmpuh ing curi | parang kadi rinêngga ||
34.098 urang aking pan kadi jinrangking | munggèng parang mina awinika | padha trênyuh ika kabèh | mina julung lan pêsut | kapanasan padha kèh mati | sawanèh ana mina | mina surakipun [371: su...rakipun] | umêsat saking samodra | tibèng pinggir mugya arane puniki | mijil nulya palastra ||
34.099 mina pêsut myang ngambara kingkin | gajah mina upama prawata | bandêng kalawan kalalèn | padha malêbèng banyu | ing samodra toya lir api | gajah mina sadaya | sowang-sowangipun | sarta lan sakèh nguyutan | padha kagyat naga ngungsi ing pratiwi | sudira tan darana ||
34.100 gurnitanya pan kagiri-giri | toya munggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | pan alinggih ing kathil manik | sigra manggung mangrêngga | dènira alungguh | tumingal naga malaywa | Nyai Kidul kagyat grajita ing galih | èmêng sajroning nala ||
34.101 tatkalanya bêlah ing jaladri | mapan kalah pan anagagendra | palayunira pan age | kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cina[1] kiyamat ||
34.102 gurnitanya pan kagiri-giri | toya minggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | masila ring kathile manik | sigra minggung mangrênggang | dènira malungguh | dening naga kang malaywa | mêtu anon atakut sira ningali | tasik minggah prawata ||
34.103 Nyai Kidul sigra dènnya [372] angling | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mêngkene | ingkang baskara runtuh | dening toya sêgara iki | lir agni naraka |[2] mina padha lampus | baya ta arêp kiyamat | jagat iki Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran ||
34.104 Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasăngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak ||
198 dari 277

 


cihna. (kembali)
Kurang satu suku kata: lir agnining naraka. (kembali)