Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
34 dari 46
198–199 dari 277
1.975–1.984 dari 2.770
| 34.099 | mina pêsut myang ngambara kingkin | gajah mina upama prawata | bandêng kalawan kalalèn | padha malêbèng banyu | ing samodra toya lir api | gajah mina sadaya | sowang-sowangipun | sarta lan sakèh nguyutan | padha kagyat naga ngungsi ing pratiwi | sudira tan darana || |
| 34.100 | gurnitanya pan kagiri-giri | toya munggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | pan alinggih ing kathil manik | sigra manggung mangrêngga | dènira alungguh | tumingal naga malaywa | Nyai Kidul kagyat grajita ing galih | èmêng sajroning nala || |
| 34.101 | tatkalanya bêlah ing jaladri | mapan kalah pan anagagendra | palayunira pan age | kèn balèg jroning banyu | pan lumembak anèng jaladri | nulya sira gumiwang | bubagra gumuruh | rindhike pan mawilêtan | kilat thathit angin wetan kidul prapti | toya cina[1] kiyamat || |
| 34.102 | gurnitanya pan kagiri-giri | toya minggah inggiling prawata | gumuruh amor megane | kagyat Nyai Ra Kidul | masila ring kathile manik | sigra minggung mangrênggang | dènira malungguh | dening naga kang malaywa | mêtu anon atakut sira ningali | tasik minggah prawata || |
| 34.103 | Nyai Kidul sigra dènnya [372] angling | salawase ingsun durung mulat | samodra kaya mêngkene | ingkang baskara runtuh | dening toya sêgara iki | lir agni naraka |[2] mina padha lampus | baya ta arêp kiyamat | jagat iki Nyai Kidul mudhun aglis | jumênêng palataran || |
| 34.104 | Nyai Kidul mulat jagat êning | kang kasăngga dènira prawata | tan ana jalma wêwanèh | anging jalma kang luhung | ana ngadêg têpining tasik | Senapati Ngalaga | nanging kang kadulu | Nyai Kidul sigra mojar | baya iki kang gawe laraning tasik | antya dènira rusak || |
| 34.105 | Nyai Kidul mudhun nulya prapti | pinggir tasik sigra amangrêpa | abukuh ing palungguhe | sigra mangsah macundhuk | lawan Senapati Matawis | manêmbah ing suku sang | mangusapi lêbu | Nyai Kidul sigra prapta | Nyai Kidul mabukuh konjêm ing siti | grananira myang muka || |
| 34.106 | Nyai Kidul lingira awingit | hèh sang nata ilangêna dèn ta | aruara ing manahe | wagning sagara kidul | sakathahe isinya iki | kita adipatinya | sang nata pukulun | pan darbènira sadaya | mapan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan || |
| 34.107 | tanpa gawe sira jalma lêwih | têka ngrusak gêgaweyanira | sakarsa andika angrèh | yèn [373: yè...n] sira darbe kayun | parayangan kêlawan êjim | adunên yèn apêrang | ngalahêna mungsuh | para ratu tanah Jawa | yèn sira yun sineba ing para êjim | tanah Jawi sadaya || |
| 34.108 | parayangan balanira êjim | ngalahêna mungsuhira aprang | sira dadi ratu gêdhe | bapa babuning ratu | anging sira ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | miyarsakkên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisingan || |
198–199 dari 277
| 1 | cihna. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: lir agnining naraka. (kembali) |