Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 46
208 dari 277
2.071–2.080 dari 2.770
| 36.013 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | ri sêdhêng anèng purane | siniwi lêmahdhuwur | masila ring kathilèng manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | paduka nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan bêdhil | sanjata têngên kiwa || |
| 36.014 | Mantri Pajang papakan anangkil | sami matur kang wadya sadaya | ulun miyarsa wartane | sutanira Sang Prabu | Senapati anèng Matawis | yakti balik karsanya | wong dhomas lumaku | anyithak narkèng bêbata | karya kitha bacingah arah kinardi | anjrokkên lêlarènya || |
| 36.015 | Sultan Pajang sigra dènnya angling | sutèng ulun Dipati Banawa | sira lumampaha age | kalawan si tumênggung | ing amăncanagara iki | lawan Dipati Tuban | ipenira iku | maringa sira Mataram | ucêpêna kakangira Senapati | têmêne lawan ora || |
| 36.016 | tri kang duta sigra nêmbah amit | nulya mêsat saking pangayunan | wus budhal sigra lampahe | pun pangalasan sèwu | mantri Pajang kang dadi têlik | mapan iku samitra | nênggih tunggal guru | myang Senapati Ngalaga | tinutakên marang ing Mataram aglis | sigra sira wêwarah [387] || |
| 36.017 | Senapati pan ulun puniki | tinutakên marang pakanira | awêwarah ing wartane | Sultan Pajang anêngguh | dintên benjing duta kang prapti | Pangeran ing Bawana[1] | lawan ki tumênggung | amăncanêgara ika | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wirotama || |
| 36.018 | Senapati ing Ngalaga aglis | nulya mapag anèng Randhulawang | lawan santanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | têkèng kana padha angiring | wadyabala Mataram | sami bêkta suguh | gajah jaran samêkta |[2] wong Mataram kêrig lampit dhudha santri | ana ring Randhulawang || |
| 36.019 | Adipati Bênawa gya prapti | Randhulawang Senapati mapag | katingal tumurun age | adan mangsah acundhuk | Adipati Bênawa bêkti | ya ta arêrangkulan | adhuh sanak ingsun | kawula puniki kakang | kangên têmên alami datan apanggih | lan karsa jêngandika || |
| 36.020 | Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Bênawa | anungganga èsthi age | angandika ing luhur | ing turăngga mapan abêcik | nulya sarêng umugah[3] | ing palana sampun | panakawan Astranaya | wadya Pajang ambocèng inggiling èsthi | angucap jroning nala || |
| 36.021 | lah manawi wontên karya jurit | inggiling liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtalinira iku | palanane dipun pêthêti [388: pêthê...ti] | ing pangot cêcebolan | iku purwanipun | wadya Mataram yèn seba | pangot cêcebolan kinandhut tan kari | binêkta asewaka || |
| 36.022 | tarkanira Astranaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | arsa mêdal ing pungkur | agampanga pamiyak mami | gèn isun[4] anuduka | sarêng ulun ngamuk | anèng sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang || |
208 dari 277
| 1 | Banawa. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: gajah lan jaran samêkta. (kembali) |
| 3 | umunggah. (kembali) |
| 4 | ingsun. (kembali) |