Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 46
208–209 dari 277
2.078–2.087 dari 2.770
| 36.020 | Senapati ing Ngalaga angling | ari Adipati ing Bênawa | anungganga èsthi age | angandika ing luhur | ing turăngga mapan abêcik | nulya sarêng umugah[1] | ing palana sampun | panakawan Astranaya | wadya Pajang ambocèng inggiling èsthi | angucap jroning nala || |
| 36.021 | lah manawi wontên karya jurit | inggiling liman ulun sarênga | mati kalawan gustine | têtalinira iku | palanane dipun pêthêti [388: pêthê...ti] | ing pangot cêcebolan | iku purwanipun | wadya Mataram yèn seba | pangot cêcebolan kinandhut tan kari | binêkta asewaka || |
| 36.022 | tarkanira Astranaya iki | karanipun sun pêthêti ika | aling-aling têtaline | arsa mêdal ing pungkur | agampanga pamiyak mami | gèn isun[2] anuduka | sarêng ulun ngamuk | anèng sainggiling liman | jurunira Senapati ing Matawis | pun Malik sarêng nunggang || |
| 36.023 | tarkanira ujare Ki Malik | karan ingwang sarêng nunggang liman | anèng ing gulu ngayune | sarêng aulun ngamuk | pêjah gêsang barêng lan gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènnya alinggih | myang Dipati Banawa || |
| 36.024 | Adipati Banawa sira ngling | Kakang Senapati ing Ngalaga | kawula iki kinèngkèn | dening Sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | de rama jêngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | inggih nyata punapa datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan || |
| 36.025 | Senapati sigra anauri | măngsa borong kang matur ing sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyasing ulun | datan samar paduka aji | saparipolah ingwang | barkate sang [389] prabu | kagungan dalêm Mataram | datan narka yèn ulun kang andarbèni | mapan kagungan sultan || |
| 36.026 | ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn sawawi pukulun | tumanduka marang Matawis | mapan nagari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampo arak waragang || |
| 36.027 | Adipati Banawa sira ngling | hèh tumênggung amăncanagara | nyata linyok ing wartane | bangkite ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yêktine iki ora | ujare amungsuh | ingsun piandêling kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadi cihna amêrta || |
| 36.028 | Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | nulya rawuh alungguh | pinarêg ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm lan waragang | ya ta nuli agêpah dènnya anglarih | gala ganjur tinêmbang || |
| 36.029 | Adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêka[3] sasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya || |
208–209 dari 277
| 1 | umunggah. (kembali) |
| 2 | ingsun. (kembali) |
| 3 | alêkas. (kembali) |