Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 46
209 dari 277
2.081–2.090 dari 2.770
36.023 tarkanira ujare Ki Malik | karan ingwang sarêng nunggang liman | anèng ing gulu ngayune | sarêng aulun ngamuk | pêjah gêsang barêng lan gusti | madhêp marang palana | angkuse dèn singkur | andulu ing gustinira | Senapati ajajar dènnya alinggih | myang Dipati Banawa ||
36.024 Adipati Banawa sira ngling | Kakang Senapati ing Ngalaga | kawula iki kinèngkèn | dening Sultan tuwanku | jêngandika kapirsa nênggih | de rama jêngandika | akarsa amungsuh | ing ramanira jêng sultan | inggih nyata punapa datan sayêkti | ulun nêdha jinarwan ||
36.025 Senapati sigra anauri | măngsa borong kang matur ing sultan | ratu pan têrus tingale | tarkane tyasing ulun | datan samar paduka aji | saparipolah ingwang | barkate sang [389] prabu | kagungan dalêm Mataram | datan narka yèn ulun kang andarbèni | mapan kagungan sultan ||
36.026 ulun angaturakên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn sawawi pukulun | tumanduka marang Matawis | mapan nagari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampo arak waragang ||
36.027 Adipati Banawa sira ngling | hèh tumênggung amăncanagara | nyata linyok ing wartane | bangkite ingkang matur | marang rama sultan ing nguni | yêktine iki ora | ujare amungsuh | ingsun piandêling kakang | ing bêcike suguhe wadya Matawis | dadi cihna amêrta ||
36.028 Adipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumama ing kadhatone | nulya rawuh alungguh | pinarêg ing wadya Matawis | andhèr wadya ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm lan waragang | ya ta nuli agêpah dènnya anglarih | gala ganjur tinêmbang ||
36.029 Adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêka[1] sasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
36.030 Senapati Ngalaga [390] nauri | abdi dalêm Mataram ambêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang dhusun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang towoke tinigas pacing | buntare sinêmpugan ||
36.031 adipati gumujêng sarya ngling | botên nusul têtiyang Tuban |[2] wong Mataram digjayane | yèn abêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan agênti ing wong kang lêmbing-linêmbing | wus wantuning wong Tuban ||
36.032 atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ingkang kinarya sodore | abêbaksan[3] anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika ayoni | wong Tuban abêbêksan ||
209 dari 277

 


alêkas. (kembali)
Kurang satu suku kata: botên nusul têtiyang ing Tuban. (kembali)
abêbêksan. (kembali)