Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36 dari 46
209–210 dari 277
2.087–2.096 dari 2.770
36.029 Adipati ing Tuban sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | ulun miyarsa wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêka[1] sasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
36.030 Senapati Ngalaga [390] nauri | abdi dalêm Mataram ambêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang dhusun | kawruhe mung sêkul ulam | papah gêdhang towoke tinigas pacing | buntare sinêmpugan ||
36.031 adipati gumujêng sarya ngling | botên nusul têtiyang Tuban |[2] wong Mataram digjayane | yèn abêksan anginum | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | lêmbing têmên kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan agênti ing wong kang lêmbing-linêmbing | wus wantuning wong Tuban ||
36.032 atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ingkang kinarya sodore | abêbaksan[3] anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika ayoni | wong Tuban abêbêksan ||
36.033 Senapati ing Ngalaga angling | têtiyang dalêm Mataram tiwas | sami awidhung tangkêpe | pan dawêg sêsinau | dèrèng wontên angrêspatèni | wantu tiyang desa |[4] yèn bêksa anginum | sami anggagak urahan | mung cangkême gumêdêr bêbêribini | ambêksa tan tiyasa ||
36.034 Adipati Tuban sigra angling | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abêksa tamèng | pitung nagara [391: na...gara] punjul | nanging wadyanira ing Tubin | wisaya lan prayoga | tan ana kang mungsuh | wong pitung nagara kalah | dèn wong siji punika ngabên prayogi | ulun dhatêng sumăngga ||
36.035 Senapati ing Ngalaga angling | mandahane wongirèng Mataram | mulat ing wong bêksa tamèng | ingkang wagêd pinunjul | ngalahakên pitung nêgari | mandahe wong Mataram | arêmên andulu | satuwuke dèrèng mulat | wong widêgda amidhangêt lagi mangkin | dening wong desa mindha ||
36.036 Adipati ing Tuban sigra ngling | hèh wong Tuban sira babêksana | sira angagêma tamèng | mupung padha awuru | gêlarira dipun angênting | nulya wadya tumandang | babêksaning ngayun | towok lan tamèng cinandhak | ngumbulakên ing tawang sigra lêkasi | kêdah tinon ing janma ||
36.037 ramyaning kang ri lagya sêdhênging | ababêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadya kyèh | lwir ombak sagara gung | Radèn Răngga sutanirèki | Senapati Mataram | putra kang pambayun | ayuswa ro wêlas warsa | duk kajawil ngrama kagyat Senapati | sinêntak ingkang putra ||
36.038 Adipati ing Tuban sigra ngling | Kakang Senapati ing Ngalaga | dene asangêt dukane | dènnya dukani sunu | kapirare ingsun wastani | punapa purwanira | dukanira asru | Senapati sigra mojar | pacil alit [392: a...lit] pun Răngga paksa bumakit | kêdah tumut babêksan ||
209–210 dari 277

 


alêkas. (kembali)
Kurang satu suku kata: botên nusul têtiyang ing Tuban. (kembali)
abêbêksan. (kembali)
Kurang satu suku kata: wantune tiyang desa. (kembali)