Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 46
207–208 dari 277
2.062–2.071 dari 2.770
| 36.004 | aja sira kaya bumi langit | myang sagara kalawan prawata | bumi iku wahanane | yèn janmaa amuwus | ngandêlakên jêmbaring bumi | kalawan kandêlira | nanging mung puniku | tan ana prayoganing lyan | kadya gunung gêdhene lawan inggil |[1] tan darbe pangulatan || |
| 36.005 | lawan sira aja kaya langit | ngandêlakên jêmbar lan awiyat | mung punika digdayane | miwah sagara agung | ngandêlakên jêmbar ngidrêri | lawan ajro tan jajag | gurnita kang alun | gêdhene pindha prawata | pan gumuruh swarane anggêgilani | mung puniku dayanya || |
| 36.006 | yèn sira yun tulus dadi aji | anganggea sukur lawan rêna | ênêba kêna êninge | pasthi dadi ratu |[2] ing Mataram dènira linggih | myang para ratu Jawa | kabèh padha nungkul | aseba maring Mataram | anrahakên bulupêkti sabên warsi | dhatêng raja Mataram || |
| 36.007 | alah payo mulih mring Matawis | ulun arsa mampir umahira | anulya lumampah age | Susunan Adilangu | Senapati Ngalaga nênggih | lampahira lwir kilat | sakêdhap wus rawuh | sang maha pandhita mojar | wismanira tan [385: ta...n] angangge pagêr jawi | kêbo sapi ingumbar || |
| 36.008 | ya ta angandika sunan adi | hèh Ki Senapati ing Ngalaga | sisip sira ing pasrahe | angkuhira pan dudu | Senapati anèng Matawis | dadi lan riyanira | kibir lawan ujub | kêbo sapi tanpa kandhang | wahanane sapa wani maring kami | durjana ingkang dhustha || |
| 36.009 | kang angangge ênêb lawan êning | lêlakone sukur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn ucul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mantuk maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pinêthokan | turonana lawange lamun ing wêngi | nuli sira asraha || |
| 36.010 | anganggea andum lan amilih | dèn apatut kalawan agama | kalawan ing drigamane | istiyar dipun agung | anganggea sumăngga widi | sabarang polahira | anganggea sukur | karane dipun prayitna | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran || |
| 36.011 | anganggea sira pagêr jawi | lah atagên wongira Mataram | sabên-sabên katigane | anyathaka puniku | sabên warsa têka sadhidhik | saolèhe wong dhomas | anganggea sukur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumakua aja kibir | batanên sabên warsa || |
| 36.012 | nulya nyandhak mandêlêm cinangking | mèsi toya pandhita lumampah | [...] | [...] | sarwi adikir [386: adi...kir] |[3] ingubêngan sadaya | dènira sang wiku | turutên iku ing benjang | bêbataa wong dhomas cacah Matawis | dadi bantalan karsa ||[4] |
| 36.013 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | ri sêdhêng anèng purane | siniwi lêmahdhuwur | masila ring kathilèng manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | paduka nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan bêdhil | sanjata têngên kiwa || |
207–208 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: kadya gunung gêdhene kalawan inggil. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: pasthi dadine ratu. (kembali) |
| 3 | Kurang empat suku kata. (kembali) |
| 4 | Kurang dua gatra: ke-3 (8e) dan ke-4 (7u). (kembali) |