Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 46
211–212 dari 277
2.108–2.117 dari 2.770
| 36.050 | Radèn Răngga datan amalêsi | sakeca wau dènnya ambêksa | anêlasakên solahe | Dipati Tuban muwus | Radèn Răngga malêsa aglis | apan padha digdaya | padha têguh têguh | ing ulun sampun pracaya | pira bêtah sira nora amalêsi | rêmêk wasananira || |
| 36.051 | kinèn malês sapisan ping kalih | tri tan miyang Radèn Răngga ika | maksih eca baksa tamèng | Dipati Tuban muwus | kakang Senapati Matawis | Radèn Răngga punika | ulun atag sampun [395] | amalêsa ing wong Tuban | datan arsa yèn botên kita abani | lah ta kènên malêsa || |
| 36.052 | Senapati ing Ngalaga angling | sutèng ulun lah Răngga malêsa | pan gustinira kang akèn | Radèn Răngga anuhun | nulya sèlèh sanjata aglis | tumandang karo tangan | pinapag anêmpuh | wong ing Tuban tinanganan | kapisanan mukanya pêcah wor gêtih | kulit katut ing tangan || |
| 36.053 | Mantri Pajang gawok aningani[1] | kawilotamane Radèn Răngga | gègèr lolos mantuk kabèh | prapta ing Pajang sampun | mangsêh cundhuk maring sang aji | manêmbah ring suku sang | mangusapi lêbu | Pangeran Banawa ngrêpa | palungguhe abukuh konjêm ing siti | Risang Sutawijaya || |
| 36.054 | Pangran Banawa matur ngabêkti | sampun kawula dhatêng Mataram | amaspadakkên tingkahe | Senapati puniku | datan wontên tilase balik | malah ulun pinapag | Ngrandhulawang suguh | asêgah dhatêng kawula | sinungga-sungga ulun ingkang abukti | têlas wadya Mataram || |
| 36.055 | sakathahe dêdamêl Matawis | gajah jaran lawan èstrinira | amêthuk têka rabine | sumăngga karsèng ulun | miwah wana isine ênting | banthèng kidang manjangan | kinarya sêsuguh | yèn ulun kala anendra | para rabi sumandhing ulun ngêpêti | ya ta tut prathaya |[2]| |
| 36.056 | pun tumênggung amăncanêgari [396: amăncanê...gari] | sigra matur dhatêng Sultan Pajang | inggih yaktos pambalike | suta pukulun iku | Senapati Ngalaga nênggih | sagêd akarya gêlar | wong agung asêmu | Adipati Tuban mojar | hèh sang nata yêktos kakang Senapati | ambalik ing sang nata || |
| 36.057 | ing takarne[3] tyas ulun puniki | kakang Senapati ing Ngalaga | yèn papagêna jurite | dêdamêl Pajang sèwu | sinarênga mara ajurit | pasthi datan anăngga | widagda atêguh | Senapati pan satunggal | digdayane lêwih kang wong sanagari | têpis wiring rat Jawa || |
| 36.058 | Sultan Pajang kapita ing ati | amiyarsa aturing punggawa | myang tanaya lan mantune | anarka lamun nêmpuh | ing têmahe prana ing jurit | Sultan Pajang gya mojar | maring ki tumênggung | sira mantriningsun lawas | măngsa sira goroha maring ing kami | sakèhe aturira || |
| 36.059 | Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[4] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | măngsa iki ngrusak ing kami | măngsa iku doraa | pan nagarinipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya || |
211–212 dari 277
| 1 | aningali. (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata: ya ta tut prakathaya. (kembali) |
| 3 | tarkane. (kembali) |
| 4 | wardayaningwang. (kembali) |