Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
36–37 dari 46
212–213 dari 277
2.117–2.126 dari 2.770
36.059 Ki Dipati Banawa puniki | mapan wode ing wradayaningwang[1] | iku lanang sajugane | saature ngong gugu | măngsa iki ngrusak ing kami | măngsa iku doraa | pan nagarinipun | dadi ewuh tampaningwang | mapan karo tan ingsun gugu sirèki | pan sun pikir ujarnya ||
36.060 sun tuture kakangirèng nguni | kala bocah dadi ponakawan | ingsun raina asare | Senapati atunggu [397] | anèng dagan ingsun aguling | ana karsane Suksma | ula gêdhe anung | arsa narajang maringwang | Senapati tangginas dènnya nyêkêli | ula pinêdhot pêjah ||
36.061 wis mêngkono ingsun acakrami |[2] marang wana ing rame sêmana | anggêrit sangsam myang banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri Pajang kapisah | kalawan ing ulun | anggiring banthèng manjangan | apan ulun katungkul dening anggrêrit | kalawan garwaningwang ||
36.062 wus mangkana ana banthèng kanin | nulya ngamuk tan ana amapag | panggritan tinêmpuh age | Senapati amêthuk | nyêkêl sungu pan siji sisih | rosa ingkang andaka | pokah ingkang sungu | banthèng niba kapisanan | iya iku digdayane Senapati | sêdhênge lagi bocah ||
36.063 mêngko malih sangsaya asêkti | pan wis tuwa waspadèng wêweka | widêgda ing sasmitane | amikanakên sêmu | apan ulun wikan ing wangsit | sakarsanira mothah | apan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lwir gon ngong yoga brăngta ||
37. Asmarandana
37.001 datatita lingnya nguni | kocapa Tumênggung Mayang | atmajanya bagus anom | Radèn Pabelan namanya | dahat tan arsa krama | yayahnya saha pitutur | sangêt pamrêdèng [398] ing suta ||
37.002 pakartine saha nilib | tansah kinèn akramaa | nanging tan arsa ing mangke | ramanya pêgêl ingkang tyas | dènnya gung ambalasar | tan apilih papan iku | tan wruh mantri myang sudagar ||
37.003 yyan ana kang sênêng galih | apilih kang nora kêna | saking baguse rahadèn | yayahnya wus pêgêl ing tyas | sêdya pinrih parastra | ring rama ngartikèng kalbu | sira Ki Tumênggung Mayang ||
37.004 sêdya pinanjingkên puri | parastra aring karenah | tan tahan matyani dhewe | dadya aring pamisaya | kalêpataning sultan | kênaa ring jangjinipun | kapindho dadyaning cidra ||
37.005 sutanya agya dèn syèngi | kang nama Radèn Pabelan | hèh pêcil timbalana ge | sutèng ulun Ki Pabelan | dutanira gya kesah | prapta ngarsane kang sunu | sigra ingkang duta mojar ||
212–213 dari 277

 


wardayaningwang. (kembali)
acangkrami. (kembali)