Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 46
207–208 dari 277
2.067–2.076 dari 2.770
| 36.009 | kang angangge ênêb lawan êning | lêlakone sukur lawan rêna | awisma lawan pagêre | kêbo sapi yèn ucul | kêluhane kang dèn cêkêli | yèn mantuk maring wisma | kandhangna dèn kukuh | saloroke pinêthokan | turonana lawange lamun ing wêngi | nuli sira asraha || |
| 36.010 | anganggea andum lan amilih | dèn apatut kalawan agama | kalawan ing drigamane | istiyar dipun agung | anganggea sumăngga widi | sabarang polahira | anganggea sukur | karane dipun prayitna | laku linggih solah mona lawan muni | minăngka panêngêran || |
| 36.011 | anganggea sira pagêr jawi | lah atagên wongira Mataram | sabên-sabên katigane | anyathaka puniku | sabên warsa têka sadhidhik | saolèhe wong dhomas | anganggea sukur | ingarah dadi bacingah | pirabara lumakua aja kibir | batanên sabên warsa || |
| 36.012 | nulya nyandhak mandêlêm cinangking | mèsi toya pandhita lumampah | [...] | [...] | sarwi adikir [386: adi...kir] |[1] ingubêngan sadaya | dènira sang wiku | turutên iku ing benjang | bêbataa wong dhomas cacah Matawis | dadi bantalan karsa ||[2] |
| 36.013 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Kangjêng Sultan Pajang | ri sêdhêng anèng purane | siniwi lêmahdhuwur | masila ring kathilèng manik | abra ujwalanira | alêlamak babut | paduka nyêkêl badhama | angapit ing sang nata kalawan bêdhil | sanjata têngên kiwa || |
| 36.014 | Mantri Pajang papakan anangkil | sami matur kang wadya sadaya | ulun miyarsa wartane | sutanira Sang Prabu | Senapati anèng Matawis | yakti balik karsanya | wong dhomas lumaku | anyithak narkèng bêbata | karya kitha bacingah arah kinardi | anjrokkên lêlarènya || |
| 36.015 | Sultan Pajang sigra dènnya angling | sutèng ulun Dipati Banawa | sira lumampaha age | kalawan si tumênggung | ing amăncanagara iki | lawan Dipati Tuban | ipenira iku | maringa sira Mataram | ucêpêna kakangira Senapati | têmêne lawan ora || |
| 36.016 | tri kang duta sigra nêmbah amit | nulya mêsat saking pangayunan | wus budhal sigra lampahe | pun pangalasan sèwu | mantri Pajang kang dadi têlik | mapan iku samitra | nênggih tunggal guru | myang Senapati Ngalaga | tinutakên marang ing Mataram aglis | sigra sira wêwarah [387] || |
| 36.017 | Senapati pan ulun puniki | tinutakên marang pakanira | awêwarah ing wartane | Sultan Pajang anêngguh | dintên benjing duta kang prapti | Pangeran ing Bawana[3] | lawan ki tumênggung | amăncanêgara ika | lawan mantu anênggih Dipati Tubin | tri padha wirotama || |
| 36.018 | Senapati ing Ngalaga aglis | nulya mapag anèng Randhulawang | lawan santanane kabèh | dêdamêl dhomas kumpul | têkèng kana padha angiring | wadyabala Mataram | sami bêkta suguh | gajah jaran samêkta |[4] wong Mataram kêrig lampit dhudha santri | ana ring Randhulawang || |
207–208 dari 277
| 1 | Kurang empat suku kata. (kembali) |
| 2 | Kurang dua gatra: ke-3 (8e) dan ke-4 (7u). (kembali) |
| 3 | Banawa. (kembali) |
| 4 | Kurang satu suku kata: gajah lan jaran samêkta. (kembali) |