Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 46
229–230 dari 277
2.284–2.293 dari 2.770
| 39.063 | Senapati ing Ngalaga angling | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu mangke | atarima ing ulun | ing pracayanira puniki | ulun dèrèng anarka | lêwih takdiripun | angrabasèng maring Pajang | pirabara donganing wong sanagari | rusake ari Dêmak || |
| 39.064 | lamun ingsun kinon ing Hyang Widdhi | apan gampang lawan karsaning hyang | Dipati Dêmak rusake | yèn kinarsakkên iku | dening Suksma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan ora ewuh | tan kêna sêdya ngrusaka | dening janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Suksma || |
| 39.065 | wontên ta ingkang winuwus malih | kang kocapa Pangeran Bênawa | kang anèng Jipang kithane | dibya glana tyasipun | duk angungkung nêpsu tan gingsir [428] | lumampah kasutapan | lali pangan turu | nalika ayun aboga | lamun ana sisan kawula binukti | tibèng lêmah dhinahar || |
| 39.066 | prapta dènira samadi êning | anaritis ugyanira[1] nendra | datan kauban wangone | wayah ing têngah dalu | ana swara kapirsa nênggih | datan ana rumêksa | wêgilên puniku | pan dadi sarananira | kakangira Senapati ing Matawis | tan ana sarana lyan || |
| 39.067 | sarêng ilang swara nulya tangi | Adipati Bênawa gya mojar | duta sira pan sun kèngkèn | wêgilên saranèku | Senapati anèng Matawis | aturana dènira | duta gya tumanduk | anulya praptèng Mataram | dyan tumama ing ngabyantara kapanggih | Senapati Ngalaga || |
| 39.068 | duta Jipang nêmbah matur aris | gusti lampahing ulun punika | adhapur ulun kinèngkèn | dening rayi pukulun | Adipati Banawa nênggih | jêng paduka ngaturan | ing Pajang anêngguh | tuwanku sutaning sultan | alinggiha ing pajang jumênêng aji | punika ingkang karsa || |
| 39.069 | Kyai Senapati sigra angling | hèh sang duta lah sira matura | maring ariningsun age | apan ingsun tan wêruh | sakarsane rêbat nagari | kalawan kakangira | mapan wangênipun | ulun iki winarisan [429] | ing Mataram de rama sultan ing nguni | ingsun têtêpi uga || |
| 39.070 | risang duta sigra nêmbah amit | sêsandêran mulih maring Jipang | wus rawuh ing kadhatone | cundhuk lan gustinipun | duta matur wêkase uni | Senapati punika | mapan wis tinatur | Pangeran Banawa mojar | hèh sang duta balia sirèng Matawis | ing Pajang ngaturêna || |
| 39.071 | duta mêsat lampahe lêstari | ya ta wangsul dhatêng ing Mataram | tumama ing kadhatone | Senapati kapangguh | risang duta manêmbah angling | gusti amba punika | pan kinèn awangsul | dening ta rayi paduka | apan tuwan amêksa dipun aturi | dening ta rayi tuwan || |
| 39.072 | Adipati Banawa anênggih | ingkang karsa ing Pajang punika | datan suka ing manahe | kang raka madêg ratu | pan kang wêli[2] Sultan ing nguni | Adipati ing Dêmak | umadêga ratu | lamun andika tan arsa | jênêngakên rayi ta madêg nêrpati | lêhêng rêke pêjaha || |
229–230 dari 277
| 1 | unggyanira. (kembali) |
| 2 | wêling. (kembali) |