Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 46
161–162 dari 277
1.610–1.619 dari 2.770
30.011 Ki Mataun wanti-wanti aturira | adhuh ki adipati | kèndêla sakêdhap | angantosana bala | paduka dipun gêlari | ki adipatya | mirsa pan wuwuh runtik ||
30.012 Pangeran Arya Jipang darbe sudara | nanging ta seos bibi | Ki Arya Mataram | iya kêkasihira | kapang-kapang anututi | sangêt turira | tuwan kèndêla dhingin ||
30.013 jêng paduka angantosana ing bala | angling sang adipati | lah sira mindêla | ingsun măngsa wêdia | wus pantêse wong ajurit | dèn byok ing kathah | pan nora sun gingsiri ||
30.014 wanti-wanti ingkang rayi aturira | kang raka sangêt runtik | iya ranmu uga | sadulur seje biyang | pan nora kadêrêng mami | ngajak ing sira | kang rayi sangêt runtik [301] ||
30.015 inggih sampun tan kenging kawula eman | pasthi arêbut urip | Mataun abongklang |[1] anusul kapang-kapang | nanging tan nora nututi | pun gagak rimang | panandêre lwir mimis ||
30.016 Ki Mataun wus tuwa ing wayahira | pan duwe lara mêngi | ri sasaya[2] têbah | lawan Ki Arya Jipang | kocapa ingkang maranti | Ki Pamanahan | kulawăngsa rinakit ||
30.017 Kyai Juru Pamanahan lan kang putra | sakawan Ki Panjawi | wangsane sadaya | mapan sampun tinata | abaris pinggiring kali | gêgaman Pajang | anèng ing wuri têbih ||
30.018 saking kêbate panandêring turăngga | Arya Jipang wus prapti | sawetan bêngawan | Sore katon gumawang | wong Sêsela aningali | yèn Arya Jipang | andêr prapta pribadi ||
30.019 Adipati Jipang gandhêg[3] sabrang wetan | anèng pigiring kali | lèpèn sore ika | sampun adhêp-adhêpan | kocaping wêwalêr dhingin | sapa kang nabrang | pasthi apês kang jurit ||
30.020 wong Sêsela surak lir pendah ampuhan | ingkang nindhihi baris | têtiyang tantama | apan wong pêpilihan | angrampit pinggiring kali | ayun-ayunan | sami angati-ati ||
161–162 dari 277

 


anyongklang. (kembali)
sangsaya. (kembali)
kandhêg. (kembali)