Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
30 dari 46
160–161 dari 277
1.600–1.609 dari 2.770
30. Durma
30.001 Ki dipatya ing Jipang lagya adhahar | pakathik [289: pakathi...k] dèn cêkêli | mapan maksih rosa | kêdah yun lumêbua | arame gègèr ing jawi | ki adipatya | kagyat dènnya mirsèki ||
30.002 ing utusan Mataun kang tinimbalan | prapta ngarsa dipati | sigra tinakonan | ing jaba gègèr apa | ki patih sampun andugi | yèn gusti duka | aturira mlasasih ||
30.003 dipun aris rumiyin tuwan adhahar | tan prayoga kang warti | ing mangke katura | yèn sampun lorod dhahar | ki adipati lon angling | têka matura | iya ingsun alimi ||
30.004 Ki Mataun anêmbah-nêmbah kewala | wêruh watêking gusti | wong kang cinêkêlan | abudi sampun uwal | lumayu ngayun ing gusti | sang adipatya | kagyat sira ningali ||
30.005 lah iku bapa iya wong kêna ngapa | awake kuthah gêtih | Mataun tur sêmbah | inggih gusti punika | kang dados gègèr ing jawi | pakathik tuwan | nênggih ingkang angarit ||
30.006 dipun pêrung kupinge kinakanthilan | layangipun puniki | sigra sang dipatya | mundhut punang nawala | asta têngên ikang maksih | angêpêl sêga | kang kiwa nyandhak tulis ||
30.007 gya winaos kang surat sinuksmèng driya | unine punang tulis | kang tunggul panantang | pèngêt Ki Arya Jipang | yèn sira tuhu prajurit | yèn nyata lanang | maguta sun antèni ||
30.008 ing bangawan Sore [300[1]: So...re] lah sira nabranga | têmua padha siji | lan Dipati Pajang | aja ngandêlkên bala | sun tadhahi padha siji | Ki Adipatya | dukane tan sinipi ||
30.009 kêpêlira sigra binanting ing panjang | rêmuk dados kêkalih | sigra si dipatya | akèn kêkapa jaran | si gagak rimang dèn aglis | lah kambilana | sun arsa mangsah jurit ||
30.010 wus siyaga Sang Adipati ing Jipang | waosira cinangking | pan biring lanangan | dhangdhang mungsuh wastanya | turăngga sampun cumawis | pun gagak rimang | sigra dipun titihi ||
160–161 dari 277

 


Seharusnya halaman 290 dan seterusnya. (kembali)