Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 46
166–167 dari 277
1.659–1.668 dari 2.770
31.004 sampun anabrang ing kali | sakèhe kawula Jipang | ngaturakên bongkokane | mring Ngabèi Loring Pasar | mangkana kawarnaa | apan kasaput ing dalu | kondur sami mangsanggrahan ||
31.005 ya ta agunêm sawêngi | Ki Panjawi Pamanahan | Ki Juru alo[1] wuwuse | paran rêmbag pakanira | Kiyai Pamanahan | Ki Panjawi mangkya muwus | langkung karsa pakanira ||
31.006 manira têka umiring | măngsa borong pakanira | Ki Juru alon wuwuse | kang mêjahi Arya Jipang | pan anak [308: a...nak] pakanira | lamon aturna satuhu | dhumatêng sang adipatya ||
31.007 pasthi ganjarane kêdhik | yèn katura putranira | ingkang angaèsi gawe | nora atămpa nêgara | tan liyana ginanjar | kang adi awarni kampuh | daragêm ingkang ganjaran ||
31.008 kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram ||
31.009 Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih lêrês ki ipe |[2] pangandika jêngandika | katura sang dipatya | yèn sampun ubayanipun | yêkti tinagih ing prana ||
31.010 Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn mêkatên rêmbag | dawêg ingangkên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | Radèn Ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma ||
31.011 enjing kêbating pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan ||
31.012 wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asohan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | yèn Arya Jipang pêjah | sarta [309] tur bandhanganipun | lan patêluke wong Jipang ||
31.013 sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura ing sang dipatya ||
166–167 dari 277

 


1 alon. (kembali)
2 Kurang satu suku kata: inggih alêrês ki ipe. (kembali)