Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 46
167–168 dari 277
1.663–1.672 dari 2.770
| 31.008 | kalawan picis sakêthi | iku watara manira | yèn para aku wong roro | kang matèni Arya Jipang | katura sang dipatya | nagara ganjaranipun | ing Pathi lan ing Mataram || |
| 31.009 | Ki Panjawi mangkya angling | kalawan Ki Pamanahan | inggih lêrês ki ipe |[1] pangandika jêngandika | katura sang dipatya | yèn sampun ubayanipun | yêkti tinagih ing prana || |
| 31.010 | Ki Pamanahan mangkya ngling | yayi yèn mêkatên rêmbag | dawêg ingangkên wong roro | kang mêjahi Arya Jipang | ya ta sami arêmbag | Radèn Ngabèi arêmbug | ing karsane kang sudarma || |
| 31.011 | enjing kêbating pawarti | wus katur Dipati Pajang | yèn kang mêjahi wong roro | pêjahe Ki Arya Jipang | lêlurah wong tamtama | wontên dene wastanipun | Ki Panjawi Pamanahan || |
| 31.012 | wus enjing adandan sami | Ki Panjawi Pamanahan | asohan dhatêng gustine | arsa ngaturi uninga | yèn Arya Jipang pêjah | sarta [309] tur bandhanganipun | lan patêluke wong Jipang || |
| 31.013 | sapraptane ngarsa sami | mangkana ing aturira | amba ngaturakên waos | agêmipun Arya Jipang | lan dhuwung sakêmbaran | ingkang dinamêl angamuk | katura ing sang dipatya || |
| 31.014 | ngandika sang adipati | inggih ki raka anêndha |[2] lah pundi mangke rupane | wong Jipang kang milu seba | Pamanahan tur sêmbah | punika ta warninipun | ingkang waos binongkokan || |
| 31.015 | dening mantrinipun nênggih | kang lênggah tarap punika | kang munggwing ing wingking adoh | sang andipati[3] ngandika | lah ki raka anêdha | timbalana kang sinêpuh | manira arsa têtanya || |
| 31.016 | ya ta sampun dèn timbali | mantri kêkalih kang tuwa | sampun sami majêng karo | ki adipati ngandika | lah ingsun atêtanya | dhimin aduwe sadulur | Arya Jipang seje biyang || |
| 31.017 | ing mêngko ana ing ngêndi | umatur kang pinariksa | wau wontên ing wingkinge | kang raka kala lumampah | pan wartine dinukan | kongsi dados runtikipun | kesahe datan pamitan || |
167–168 dari 277
| 1 | Kurang satu suku kata: inggih alêrês ki ipe. (kembali) |
| 2 | anêdha. (kembali) |
| 3 | adpati. (kembali) |