Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, 1788, #981
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
41 dari 46
236 dari 277
2.351–2.360 dari 2.770
| 41.016 | Adipati Banawa puniki | sukan-sukan anèng pagêlaran | lan sabala santanane | anabuh gala ganjur | pan arame ambêksa rangin | ana kang bêksa watang | rame padha wuru | amrang lêngên para tangtang | para campah candhala anyênyabari | ing Pajang ulun dibya || |
| 41.017 | Senapati ing Ngalaga mijil | kang pinandhi kêkapaning kuda | pun Gathayu kêkasihe | kandhali macan guguh | pan punika sarêng pinandhi | gong pun Sêkar Dalima | bêbarkatanipun | kang ingagêm Sultan Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | binaktèng pagêlaran || |
| 41.018 | Senapati sineba ing mantri | pagêlaran lun-alun ing Pajang | padha mangrêpa lungguhe | lêlamakipun babut | isi sêkaring nagasari | ujwalanirèng muka | lwir wulan awêlu | sêdhênge asasadara | samya takut sakathahe para mantri | padha tungkul mangrêpa || |
| 41.019 | Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati ing Ngalaga | kita jumênênga mangke | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakwèhing mantri | apan tuwan prayoga | dening putra sêpuh | kawula lila warana | têkèng lina tan adarbe atur kalih | lah [441] tuwan jumênênga || |
| 41.020 | Senapati ing Ngalaga angling | yayi Adipati ing Banawa | atarima pracayane | pan dudu garis ingsun | yèn manira madêga aji | anèng nagari Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi Mataram | tanah Jawa angalahakên ing jurit | padha ratu amănca || |
| 41.021 | punang mănca nêgih nuswa bumi | ratu mănca tan ana suwala | padha apranata kabèh | Jawa apan kinêlun | gih puniku Sultan Matawis | puniku putuningwang | iku pan kapangguh | jumênêng nata pandhita | kèdhêp dening para ratu tanah Jawi | Madura lan Palembang || |
| 41.022 | ingsun iki winaris ramaji | ing Mataram abêbakal ika | sun lampahi kangelane | Dipati Bênawèku | alah uwis dadia aji | malêbua jro pura | mangkua kadhatun | matur Pangeran Banawa | kakang aji kawula darma nglampahi | sakèhe pakon tuwan || |
| 41.023 | sakathahe sèn-isèning puri | kaatura dhumatêng paduka | sakarsa andika angrèh | Senapati amuwus | gih tarima manira yayi | pracaya pakanira | kang dhatêng maring sun | sakèhe barana Pajang | lan karyanên yayi adandan nagari | sampun sugih pun kakang || |
| 41.024 | lan karyanên nênututi mantri | dananana rêtna lawan boja | myang atèring [442] bêbudène | lah iku karsaningsun | wong ngawula dhatêng nrêpati | yayi sira bêbakal | jênêng para ratu | kirange sanjatanira | tumbasêna lawan karyaa pribadi | sadandanan wong aprang || |
| 41.025 | salwir bawane kang sinung wadi | kinarya mong jagat jaga-jaga | arjaning ratu èsthine | gulang-gulangên iku | dipun yitna ulah nagari | duwea wong têtiga | rumuhun wong iku | pandhita ing wong atapa | lawan malih wong petangan uladuni | palakiyah lan ramal || |
236 dari 277