Gatholoco Bantah Kalihan Guru Tiga, Sastradipura, 1905, #1713

JudulCitra
Terakhir diubah: 12-08-2021

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- 76 ---

Gatholoco Bantah Kalihan Guru Tiga. 1. Mat Ngarip, 2. Ngabdul Jabar, 3. Ngabdul Manap, Desa Rêjasari.

Mawi kasêkarakên, ing ngandhap punika.

Bismilahirahmanirrahim[1]

1. Asmaradana

1. ingsun iki aparing warti |[2] paring wêruh sudara sêdaya |[3] jalêr èstri apadene | kang sêpuh miwah taruna | prayogane wong nèng dunya |[4] yèn sira anêdya anut | nglakonana asor nistha ||

2. ngèsthia ing tata titi | dhawuhe pandhita tama | wong anom-anom yogyane | bêktia marang wong tuwa | yayah rena tan nora | ping tigane [ti...]

--- 77 ---

[...gane] bapa guru | ping pate wong tuwanira ||

3. anadene ala bêcik | lawan têkèng tatakrama | sinau andhap asore | ing dalêm kitab musarar | kabêcikan ing dunya | tatakrama lungguhipun | iku padha dèn gulanga ||

4. lan samya padha dèn eling | bêktine marang wong tuwa | slamêt saparan-parane | ing dunya têkèng ngakherat | iku dèn elingana | margane ganjaran agung | slamêta anèng ing dunya ||

5. sênadyan pintêra ngaji | lamun ninggal tatakrama | pasthi ala wêkasane | sinêndhu marang wong tuwa | pasthine kawirangan | iku wus têrus ing khukum | jinarwakkên jroning kitab ||

6. yèn lumaku tata titi | trusna kapintêranira | barang gawe iku mangke | kawignyan anèng ing dunya | têtakona mring wong tuwa |[5] aja tungkul mangan turu | lamun sira arsa mulya ||

7. ingkang aran ngèlmu jati | têtakona mring pandhita | mumpung sira taksih anom | tan wêruh wêkasanira | bêcik padha ngupaya | gêguru kawruhing khukum | mumpung sira anèng dunya ||

8. dèn bantêr ngulati ngèlmi | sarta jatine wong tapa | katrimaa ing Hyang Manon |

--- 78 ---

kang têrus dunya ngakherat | iku padha kawruhana |[6] jênênge kalimah iku | kang aran kalimah sadat ||

9. jênênge kalimah kalih | iku sira kawruhana | iman kalawan tokite | lawan jênênge makripat | wujude gusti kawula |[7] bedane mapan lan wuwuh | klawan purba amisesa ||

10. ana sabda kang linuwih | dhawuhe pandhita nyata | rasakna ing surasane | lumpuh angidêri jagad | wong wuta ngitung lintang | wong ngangsu pikulan banyu | ngamèk gêni gawa damar ||

11. wong cebol anggayuh langit | warăngka manjing curiga | randhu alas mrambat pare | jago kaluruk ing tawang | kuda ngêrap ing pandêngan |[8] wong bisu juwèh cêlathu | tapake kontul ngêlayang ||

12. ana siti pinêndhêm ing bumi |[9] banyu kêlêm jroning toya | pêrawan ayu rupane | datan pisah lan wong lanang | ana răndha durung krama |[10] têtakona wong kang luhung | ingkang sampun wruh ing rasa ||

13. wontên papan tanpa tulis | sêkar tunjung tanpa tlaga | têlaga sêpi tunjunge | tanggal pisan kapurnaman | baita mot samodra | sampun layar anèng gunung | pêdhute ngambah

--- 79 ---

sêgara ||

14. dèn awas sira ngulati | aja sira salah tămpa | trisnaa mring surasane | sèwu siji kang wuninga | wong tuwa tuwa ika | pan akèh samya kaliru | pan katungkul mangan nendra ||

15. margane ana wong mukti | tan sêpi wijiling tapa | têlatèn mêsu ragane | datan etang sandhang pangan | rinangkêpan sabar drana |[11] tur wêruh jatining ngèlmu | sarengat lawan tarekat ||

16. sapa kang tlatèn prihatin | awit nom tumêkèng tuwa | pêsthi luhur dêrajate | sinêmbah sujanma kathah | jim setan pêrayangan | sêdaya pan samya anut | wêdi asih marang sira ||

17. pinaringan sabda mandi | dhatêng Hyang Kang Maha Mulya | tur gêdhe ing wilalate | bêrkate wong lara lapa | mulane tinarima | tulisan tangane mujur | bagus alus sakalirnya ||

18. mapan ana wong ing mangkin | amung ngêgungakên donya | kapengin sugih ragane | wêkasan sangsaya mlarat | barang ginayuh tuna | cinupêt marang Hyang Agung | jatine pan kurang tapa ||

19. minta sugih saya miskin | jaluk enak saya lara | satêmêne kurang tapane |[12] jaluk swarga nêmu

--- 80 ---

nraka | iku padha elinga | jaluk luhur dadi lêbur | jaluk urip dadi băngka ||

20. wus apês sabarang kalir | langkung mlarat sajêgira | nora dadi kamulyane | tinulis ing tapêlira | kang bêcik lan kang ala | katorang-torang wong iku | sangsaya kèwêdan marga ||

21. manungsa kang luwih bêcik | wiwitane sangking tapa | lir gambar alip rupane | iku sira kawruhana | nyata agama Islam | apa ingkang bisa luhur | pinasthi nêmu nugraha ||

22. putusira amèngêti | lampahe wong anèng dunya | kang sêpuh miwah kang anèm | yèn sisip ginawe apa | anacadi bujăngga | lamun eling asalipun | pasthi bêcik anèng dunya ||

23. wontên carita winarni | critane janma lêlana | Gatholoco pêparabe | tan karuwan wismanira | ingakên têngahing jagad |[13] Si Gatholoco puniku | wijil sangking wong ngumbara ||

2. Mijil

1. pamêdharing gita têmbang mijil | laras kang kinaot | sangking kitab Bahrulkalbi rane | anggitira janma sangking wukir | wus jamak wus sarpin | ingkang lagya gandrung ||

2. linglang-linglung tan ana kaèksi | muhung agung nglamong |

--- 81 ---

kang kacipta raosing driyane | kitab Bahrulkalbi nèng ngarsanèki |[14] mila dadya inganggit |[15] pan kinarya nglipur ||

3. pamintane timbang sanak mami | miwah ingkang anom | mugi samya agung aksamane | marga sastra duk nyatane dhingin | muhung karya angling | ing têtêping kalbu ||

4. wau kitab kang kasêbut ngarsi | Bahrulkalbi kaot | têgêsira bahrul jaladrine | kalbi iku ati ingkang suci | minăngka jêladri | tanpa têpi iku ||

5. ingkang luwih sakèhing dumadi | ala bêcik kaot | kabèh iku ing saprandene |[16] datan kandhêg wau gènnya nganggit | langgêng slaminèki | tan kirang tan wuwuh ||

6. duk samana wontên guru santri | ingkang sami kaot | kang sajuga ing pêparabe |[17] Amat Ngarib Duljabar iki |[18] tri Ngabdul Manap iki |[19] kang misuhur langkung ||

7. pamulangan desa Arjasari | pinggir kali katon | langkung asri tinon ing rakite | kadang katri pan lagya ngumurni | kiwa têngên masjid | asri yèn dinulu ||

8. apan kathah santrine kang ngaji | samya anom-anom | guru tiga sawiji ature | wus misuwur desa kanan kiri | jamhure

--- 82 ---

nglangkungi | guru tri puniku ||

9. samya kikis guru măncanagri | bantah samya kawon | datan kewran maknane lapale | sampun putus nahwu lan bajuri | kitab warni-warni | tapsir usul nahwu ||

10. miwah sagung kitab inggil-inggil | sêdaya wus wêroh | sajuga ri gurune kabèh |[20] arêmbagan arsa bantah ngèlmi | marang liya nagri | guru kang pinunjul ||

11. pamirêngnya ana guru katri | ingkang samya moncol | pamulangan Cepekan pondhoke | juga nami Kasan Mustahal iki |[21] Dyan Kasan Bêsari | Ngabdul Jalal kantun ||

12. samya runtik sajroning ati |[22] katri guru kaot | amidhangêt ing guru liyane | samya punjul kawruhe pribadi | guru Rêjasari | pan arsa anglurug ||

13. duk sêmana wau guru katri | ingkang karsa andon | arsa bantah kabèhing kawruhe | marang kyai ing Cepekan nguni | sore wus pêrjanji | pangkatira esuk ||

14. byar raina tri para kiyai | wanci bakda suboh | wus busana sagênuk surbane | mori putih kêthune pênjalin | klambi jubah putih | rangkêpipun têlu ||

--- 83 ---

15. sruwal mori rinangkêp kalih |[23] landhung tur akombor | sabuk polèng rangkêp pitu lêmbare |[24] badhongira kuningan sanyari | samya nyangklit cundrik | danganane sungu ||

16. sêlutira suwasa cinawi | warăngka binlongsong | ing salaka jawi tatahane | danganane kinalungan tasbih | samya têkên êcis | timah pêntholipun ||

17. guru siji gawa santri kalih | samya anggêgendhong | gawa kitab anyangklit cundrike | gunggung kitab kawan likur iji | sawusnya rumanti | sarêng pangkatipun ||

18. wayahira jam pitu enjing |[25] lampahira alon | turut marga wau ing lampahe | samya ngangge gamparan ting kathêklik |[26] duk praptanirèki | wanci jam sapuluh ||

19. panas bantêr lèrèh pinggir margi | ngandhap ringin ayom | kyai katri bèbèr saptangane | tinumpangkên oyoting waringin | kinarya lêlinggih | jèngkèng sêmu timpuh ||

20. êcisira tinancêpkên ngarsi | santri samya lunggoh | anèng ngarsa lungguhe ajèjèr | pan kasilir samirana ngidit | muji ting calumik | tasbèhe ingitung ||

21. murid nênêm ambelani muji | wênèh dhikir

--- 84 ---

alon | ting kathêkluk dhase gela-gelo | kitabira pinangku nèng wuri | tan dangu ningali | sujanma lumaku ||

22. èndhèk cilik lakune ngathiplik | gathik sangking adoh | sarêng cêlak waspada tingale | ingkang prapta warnane jêbimblik | nora kaprah janmi | lir dhandhang lumaku ||

3. Dhandhanggula

1. èndhèk cilik rambute barintik | rai burik ngumik cangkêmira | kera arang ka[27] lirike | alis barintik têpung | irung bungkik cangkême nguplik | untu gingsul nèng têngah | lambe kandêl biru | janggute nyanut anyênthang | pipi klungsur kuping pêrut bangkêrut sami |[28] gulu panggêl tur cêkak ||

2. pundhak brojol punuke sakêndhil | asta kalih cekot tur kuwaga | pating carênthik drijine | alêkik dhadhanipun | wêtêng bangkèk bokonge cênthik | dhêngkule gathik ingkar | lakunira impur | kulite basisik mangkak | kumut-kumut napasira mêmpas-mêmpis | ilêre duleweran ||

3. ikêtira wulung ting saluwir | kêlambine kotang sampun bêdhah | kang wutuh amung kanthonge | sabuk lungsuran bêngkung | mori putih pating saluwir | kathok lurik [lu...]

--- 85 ---

[...rik] tambalan | amung watês dhêngkul | kanthonge klambi tambalan | kêbak bako klobot kawak nora kari | lan gêni panithikan ||

4. bududane pring tutul kinisik | mêlêng-mêlêng kuning sêmu nglênga | sinusun tiga ponthange | ngisor têngah lan dhuwur | timah budhêng ingkang kinardi | calupak irêng tur dawa |[29] gripis cupakipun | mêlêng-mêlêng sêmu abang | kêna kukus pêga ing sabên ari |[30] pangot urik nèng ngarsa ||

5. kandhutane klèlèt tri kêmiri | sigra lungguh nyakêt guru tiga | sarwi angêmut napase | pinirsa lêngut-lêngut | gandanira apêk asangit | ngambar tumanduk marang | goning guru lungguh | kang prapta angambil sigra | sangking kasang ngambil panithikan gêni | ngambar rokok têgêsan ||

6. agêngira sadriji mratani | panggonane guru lêlungguhan | apêk asangit gandane | guru tiga amambu | menga-mengo anutupi rai |[31] idu sarwi ariyak | kang sawênèh watuk | santri kang anèng ing ngarsa | inggal kesah sumingkir anèng ing wuri | tumungkul lungguhira ||

7. guru tiga waspada ningali | ing warnane janma kang mangkana | mêsum alum ing warnane |

--- 86 ---

sarêng cakêt anêbut | astaghpirlah robbil ngalamin | manungsa tan lumrah janma |[32] ngudubillah iku | lah iku janma punapa | sajêg jumblêk ingsun anèng ing bumi |[33] ingsun durung wuninga ||

8. ing warnane manungsa kadyèki | sarwi nolih ngandika mring sakabat |[34] lah sapa dêlêngên kuwe | janma kang kurang wuruk | nora wêruh sarake nabi | maksih anèng ing dunya | cilakane muput | durung siksaning ngakerat | tikêl pitu lan siksa ing dunya iki | mulane wêkas ingwang ||

9. dipun pêthêl sinaua ngaji | ajrih wêruh sarak rasulullah | slamêt donya ngakerate | sapa tan nêdya anut | ing sarake andika nabi | cilaka donya kerat | iku rupanipun | murid tur nuwun sêdaya | Amat Ngarip wuwuse arum amanis | janma iku sun kira ||

10. dudu anak janma kang sayêkti | anak wewe lair nèng kuburan | mêdi băngsa gandarwone | utawa ilu-ilu | Ngabdul Jabar alon nauri | iku băngsa janggitan | bangsanira hantu | mênawa băngsa wauwa | rêrangutan wismane têngah wanadri | Ngabdul Manap angucap ||

11. iku salah pambatangmu [pamba...]

--- 87 ---

[...tangmu] iki | băngsa uwèl ika saba sawah | mêdi thongthonggrit bangsane | kang prapta angrungu wuwus |[35] pamuwuse guru lan santri | langkung sakit ing manah | nanging tan kawêtu | ngungkabi gembolanira | kêlèlète sakêmiri gya ingambil | dèn untal babarpisan ||

12. pan sêkala êndême mratani | badan kulit dagingira |[36] amrasuk sakèhe otot | balung sungsum sakojur | kuwatira sêdaya pulih | ulatira jêrbabak | abang sêmu biru | guru tiga awaspada | pratikêle janma ingkang lagya prapti | yèn salin ulatira ||

13. Ngabdul Jabar ngucap mring Mat Ngarip | Amat sira takokêna apa | kang inguntal mau kuwe | lan sapa aranipun | lawan wismane kang yêkti |[37] punapa karyanira | lan apa tan adus | ing awake tan mambu toya |[38] sajêg jumblêk awake têka bêsisik | janma iku sun kira ||

14. nora nganggo sarak lawan sirik | najis mêkruh batal lawan karam | amung nganggo sasênênge | sanadyan iwak asu | iwak cèlèng asu lan babi | anggêr doyan pinangan | nora nganggo gigu | tan pisan wêdi duraka |

--- 88 ---

Amat Ngarip marêk sarwi muwus aris | wong prapta ingsun tanya ||

15. lah ta sapa aranmu sayêkti | lan ing ngêndi omahira dhawak | kang tinanya lon saure | Gatholoco ran ingsun | ingsun janma lanang sajati | wismaku têngahing jagad |[39] guru tiga angrungu |[40] sarêng gumuyu nyêkakak | tutup lesan ngêkêl sarwi mijêt ati | Gatholoco angucap ||

16. lah ta sapa sira guyu iki | guru tiga sarêng saurira | jênêngmu sun guyu kiye | dening kapingkêl-pingkêl kalangkung |[41] nora kaprah jênênge janmi | Gatholoco angucap | aja sira guyu | jênêngku jênêng utama | têgêsira gatho gathèl dhasar pêrji | loco barang gosokan ||

17. pramilane sanak-sanak mami | sasênênge ngundang marang ingwang | ya ingsun sauri kabèh | têtêlu aran ingsun | siji kyai gathèl kinisik | gathèl panglus sajuga | dene kang misuwur | ing măncapat măncalima | Gatholoco guru tiga duk miyarsi | gumuyu latah-latah ||

18. tutup lesan sarwi mijêt ati | êluhira amratani muka | kapingkêl-pingkêl guyune | sakabat nênêm kêpuyuh |[42]

--- 89 ---

Amat Ngarip amuwus aris | punika jênêng karam | iya kang kasêbut | ing jrone kitab manira | lamun pêjah karam manjing suwargi |[43] karam manjing naraka ||

19. mung katarik jênêngmu tan bêcik | najis mêkruh kang kasêbut sarak | Gatholoco lon saure | sarakira kêliru | wong kang bisa ngêlus ing pêrji | sayêkti janma mulya | apês-apêsipun | lungguhe dêmang kapala | mantri dhistrik patih utawa bupati | liyane nora bisa ||

20. rèhning ingsun tan dadi priyayi | mung jênêngku jênêng pêrji mulya | supaya turunku têmbe | dadya priyayi agung | Ngabdul Jabar angucap bêngis | dhapurmu kaya luwak | dene wani ngaku | lamun sajatining lanang | Gatholoco gumuyu sarwi nauri | ucapku nora salah ||

21. ingsun ngaku wong lanang sajati | băngsa lanang ala katêmênan | pêrji iku apa rupane |[44] sajati-jatinipun | aku urip sêdya amati | guru tiga angucap | dhapurmu lir hantu | sajêge tan mambu toya | Gatholoco gumuyu sarwi nauri | ewuh sun karya siram ||

22. lamun ingsun iku adus warih | badan ingsun iki [i...]

--- 90 ---

[...ki] isi toya | yèn adusa gêni gêdhe | jro badan isi latu | yèn rêsike kinosok bumi | asal ingsun iki lêmah |[45] sun adusa lesus | badanku sumbêr maruta | tuduhêna sun karya adus punapi | guru tiga angucap ||

23. asal banyu yêkti adus warih | dhingin suci iku raganira | Gatholoco lon saure | sira santri tan urus | yèn sucia sangking ing warih | sun kungkum sangang wulan | nora kulak kawruh | yèn mungguha kaya ingwang | adus tirta tekade asuci êning | ing tyas tan kawoworan ||

24. barang salah kalêbu ing dhiri | iya iku aduse manungsa | ingkang sabênêr-bênêre | guru tiga amuwus | dhapurira lir kirik gudhig | sapa ingkang pêrcaya | duwe ati jujur | sira iku ingsun kira | nora duwe batal karam lawan najis | duwèkmu amung nakal ||

25. nadyan iwak asu lawan babi | anggêr doyan pasthi sira pangan | nora wêdi durakane | Gatholoco lon muwus | iku bênêr tan ana sisip | pambatinmu iku salah |[46] nadyan iwak asu | sun titik asale purwa | lamun asu asale asu kang bêcik | dudu asu

--- 91 ---

colongan ||

26. asu ngingu dhèwèk awit cilik | sapa ingkang gugat lan kang kêlah | kalal luwih sangking cêmpe | sanadyan wêdhus iku | ing asale wêdhus tan bêcik | karam ngliwati suna[47] | nadyan babi iku | sun titik asale purwa | yèn sababe iku awit ngingu gênjik | kalal luwih sangking menda ||[48]

27. nadyan wêdhus yèn ênggone maling | luwih babi iku karamira | sanadyan iwak cèlènge | lamun asale kang jujur |[49] buru dhewe anèng wanadri | dudu cèlèng colongan | kalale kalangkung | sanadyan iwak maesa | yèn colongan karam luwih sangking gênjik | guru tiga samya mojar ||[50]

28. luwih akal padunira iki | patut sira uripmu cilaka | mêlaratira sajêge | tan duwe bêras pantun | sandhangamu tan lumrah janmi | kabèh jarik momohan | lawasmu tumuwuh | tan angrasa mangan enak | pêdhês asin lêgi gurih tan duwèni | guru tan darbe nalar ||

29. Gatholoco alon anauri | ingkang sugih sandhang lawan pangan | pirang kêthi momohane | kalawan pirang gênuk | tainira kang sira simpêni |[51]

--- 92 ---

guru tiga miyarsa | gumuyu angguguk | sandhangaku kang wus rusak | awor siti lan taiku amor siti | kabèh wus awor lêmah ||

30. Gatholoco alon anauri | yèn mangkono taksih lumrah kathah | pan durung aran kinaot | beda kalawan ingsun | kabèh iku isining bumi | ing sakurêbing jagad | kabèh duwèk ingsun | kang anyar datan gumêlar | sun kon nganggo marang sanak pawong mami | sun trima nganggo ala ||

31. ingsun trima nganggo ala iki | pêpanganan kang enak-enak |[52] kang lêgi gurih rasane | pêdhês asin sêdarum | sun kon mangan têpungan mami | janma kang sipat gêsang | amung jênêng ingsun | wêruhe sadina-dina | sun tulisi santrine salikur iji | sun simpên jroning nala ||

32. lan gunggunge kabèh sun kawruhi | sun tulisi angkane sadaya | anadene panggonane | saênggon-ênggonipun | sapa-sapa kang sênêng ngambil | dèn anggo lan kang dèn pangan |[53] ing sakarsanipun | ingsun nora manasika | mung jênênge lan cacahe sun tulisi | buku nèng jroning nala ||

33. kang sun pangan ing sabên ari |[54] melik ingkang [ing...]

--- 93 ---

[...kang] panas-panas |[55] sarta ingkang pait dhewe | dene ing tainingsun | kabèh aku pan dadi rêdi | mulane kang parwata | kabèh mêtu kukus | tumuse gêni sun pangan | padhas watu kalawan kang curi-curi | kalèlèt kang ingsun pangan ||[56]

34. sadurunge ingsun ngising tai | gunung iku mapan durung ana | benjang iku ing sirnane | lamun ingsun wus mantun | ngising tai ingkang mêtu silit |[57] lah mara nyatakna |[58] iku tandhaningsun | guru tiga duk miyarsa | sarêng ngucap layak rupamu jêginggis | guru tiga duwe nala ||[59]

35. Gatholoco alon anauri | mulaningsun bangêt susahira | amêtu runtik karsane | ing kangjêng gusti rasul | sabên dina ingsun turuti | tindak marang ngêpakan | mundhut kalèlèt candu |[60] lan maring ngêpakan ika | dipun dhahar kalawan dipun obongi | Allah[61] kang paring pirsa ||

36. iku lamun nora sun turuti | bangêt têmên niksa raganingwang | ingsun bangêt paniksane | ingsun tan bisa turu | guru tiga angucap bêngis | sun lagi nêmu critanira |[62] jêng rasul puniku | dene karsane ngêpakan | kangjêng nabi sêmbahane wong sabumi | anèng nagri ing Mêkah ||

--- 94 ---

37. guru tiga mangke sun arani | rasul Mêkah ingkang sira sêmbah | datan ana ing wujude | wus seda sèwu taun | panggonane ing tanah Ngarbi | lêlakon pitung wulan | tur kalangan laut | lan kari kubur kewala | sira sêmbah jungkar-jungkir sabên ari | apa bisa tumêka ||

38. dadi sêmbahira tanpa kardi | luwih siya marang raganira | tan nêmbah rasul dhèwèke | siya-siya mring uripmu |[63] nêmbah rasul badaning dhiri | kabèh sabangsanira | iku ora urus | nêmbah Allah siya-siya | ting cêrngunguk Allah nora kobêr guling | kablêbêgên swaranira ||[64]

39. rasululloh seda sèwu warsi | sarak bingung sangking wismanira | bok gulumu kongsi modot | măngsa sêdya angrungu | tuwas kêsêl datanpa kasil | guru tiga angucap | dhapurmu lir hantu | layak nora duwe ulat | wani nyamah papundhène wong sabumi | Gatholoco angucap ||

40. mila mêsum bangêt susah mami | kadunungan ingsun barang gêlap | awit cilik têkèng mangke | kewuhan jawab ingsun | yèn dèn wada ingkang darbèni | supaya bisa luwar | paran ananipun | bisaa panjawabira |

--- 95 ---

aja kongsi nêmu khukume nagari | guru tiga angucap ||

41. sarêng ngucap nyata sira maling | nora pantês rêmbugan lan ingwang | sira iku wong munapèk | duraka mring Hyang Agung | lamun ingsun gêlêm marahi | ing pratikêle dursila |[65] ing panjawabipun | tan wurung katularan |[66] durakamu sanadyan sun nora maling | lamun gêlêm amulang ||

42. nalar maling lan jawabe maling | sayêktine kêna mèlu siksa | Gatholoco lon saure | yèn sira nora purun | amarahi jawabe maling | amung cangkrimaningwang | badhenên dèn tuhu | guru tiga sarêng ngucap | lah ucapna sun badhene padha mangkin | ingsun guru nonoman ||

4. Sinom

1. hèh sanak ingsun sadaya | badhenên cakriman mami | ki dhalang kêlir lan wayang | blencong kêlir tuwa êndi | badhenên salah siji | pundi ingkang luwih sêpuh | Amat Ngarip angucap | kêlir kang tuwa pribadi | sadèrènge ana dhalang lawan wayang ||

2. anadene kêlir lan dhalang |[67] kapasang balencong mami | wayang gaweane dhalang | milane sêpuh pribadi | tan ana kang dhingini | anadene dhalang puniku |[68] kang

--- 96 ---

karya lêlampahan | nyritakkên ala lan bêcik | asor unggul tan liyan sangking ki dhalang ||

3. gêdhe cilike si damar | ămba ciyute si kêlir | ki dhalang ingkang mrayoga | milane sêpuh pribadi | Ngabdul Manap nauri | Mat Ngarip Dul Jabar iku | pambadhemu iku salah |[69] yèn mungguh pambatang mami | mung kang tuwa puniku ya dhalangira ||

4. upamane wong nanggap wayang |[70] isih kurang têlung sasi | dhalange pan durung ana | panggonane durung dadi | wus ngucap nanggap ringgit | tutur mitra-mitranipun | pan arsa nanggap wayang | nora ngucapna kang kêlir | nora arsa nanggap blencong lawan damar ||

5. wus muphakat janma kathah | kang tinanggap iku ringgit | sadurunge ana wayang | jênênge wus muni dhingin | mila sêpuh kang ringgit | Gatholoco lon umatur | Ngabdul Jabar Dul Manap | tanapi Si Amat Ngarip | têlu pisan pambatangmu iku salah ||

6. yèn mungguh pambatang ingwang | balencong sêpuh pribadi | sanadyan kêlir pinasang | gamêlane wus rumanti | dhalang miyos alinggih | yèn maksih pêtêng gonipun | sayêkti nora bisa | dhalange anampik milih | nyaritakna sawiji-wijine [sawiji-wi...]

--- 97 ---

[...jine] wayang ||

7. kang nonton tan ana wikan | marang sawijine ringgit | margi ing jro papêtêngan | nora kêna dèn tingali | yèn damar sampun urip | katar-katar urubipun | kêlire katingalan | ing ngandhap lawan ing nginggil | kanan keri Pêndhawa lawan Kurawa ||

8. dhalange nèng ngisor damar | bisa nampik lawan milih | mring siji-sijine wayang | tinimbang lawan tinandhing | wontên wujude ringgit | pinantês pangucapipun | margi pituduhira | balencong kang anèng nginggil | pramilane balencong kang luwih tuwa ||

9. kawruh lan kinawruhan |[71] yêkti tuwa kang ningali | klawan kang tiningalan |[72] dhalang wayang lawan kêlir | sapa ingkang ngawruhi | sadurunge damar murub | wêruhe lamun ana | sangking balencong kang urip | iku tăndha balencong kang luwih tuwa ||

10. dene kang gamêlan munya | wayang kang dipun tabuhi | dhalange dêrma angucap | si wayang kang duwe angling | mila gêdhe lan cilik | manut marang dhalangipun | sigêgên găngsa ika | ki dhalang kang masesani | nanging dêrma ngucap nyolahakên wayang ||

11. awit printahe kang nanggap | ingkang aran kyai sêpi |

--- 98 ---

basa sêpi tanpa ana | anane ginêlar yêkti | langgêng tan owah gingsir | tanpa kurang tanpa wuwuh | tan arah tan panggonan | ingkang luwih masesani | sasolahe si wayang solahe dhalang ||

12. ingkang mêsthi lêlampahan | ingkang ala ingkang bêcik | kang nonton mung kang nanggap |[73] ingkang aran kyai urip | yèn damare wus mati | dadi kabèh iku suwung | tan ana siji apa | lir ingsun duk durung lair | têtêp suwung nora wêruh siji apa ||

13. basa sêpi iku raga | wayange Suksma sajati | dhalange rasul Mukhamad[74] | blenconge wahyuning urip | iku wujude Widi | cahyane urip puniku | nyêrambahi badanira |[75] jaba jêro ngandhap nginggil | wujudira wujude Allah kang murba ||

14. yèn wayang mari tinanggap | wayange kalawan kêlir | sinimpên sajroning kothak | balencong pisah lan kêlir | dhalang pisah lan ringgit | marang ngêndi paranipun | sirnane blencong wayang | upayanên dèn pinanggih | yèn tan wêruh sira urip kaya rêca ||

15. ing benjang yèn sira pêjah | uripira ana ngêndi | saiki sira agêsang | patinira ana

--- 99 ---

ngêndi | uripmu kanthi pati | pati gawa urip iku | ing ngêndi kuburira | sira gawa wira-wiri | gênahêna kang dumunung ênggonira ||

16. guru tiga duk miyarsa | anyêntak sarwi macicil | Gatholoco rêmbugira | iku nora kaprah janmi | Gatholoco nauri | dhasar sun karêpkên iku | aja lumrah janma kathah |[76] punjula samining janmi | nora nrima duwe kawruh kaya sira ||

17. santri ingkang ambêk lintah | nora duwe mata kuping | anggêr amis gandanira | cinucup kongsi malênthing | tan wruh puniku gêtih | amis bacin sarta arus | yèn dikira madu măngsa |[77] wus warêk gènira bukti | nuli mlungkêr sataun tan nêdya mêdal ||

18. wusana praptaning măngsa | tan wêruh andurakani | manut kitab tab-taban |[78] manut dalil tanpa asil | amung ginawe asil | kasisil ing rasanipun | sira kaliru tămpa | tuwas gundhul anjêdhindhil | tanpa asil tanpa wêruh rasa mulya ||

19. amanut dalile kitab | tan kinocap jroning ati | wêkasan kaliru tămpa | dalile kinarya asil | dènira amrih-amrih | tan kasisil rasanipun | amung rasaning ilat |

--- 100 ---

kalawan rasaning pêrji | rasanira ing kawruh nora rinasa ||

20. dene padha duwe mata | loro-loro guru siji | apa sira wani sumpah | yèn duwe netra kêkalih | guru tiga nauri | sayêkti pan wani ingsun | donya têkèng ngakherat | têtêp iku mata mami | Gatholoco gumuyu sarwi anyêntak ||

21. sun kira wong tuwanira | karo pisan padha mukir | loro-loro ngarsa pisan | gawe irung mata kuping | mung krasa klèlèting pêrji |[79] angrasa ing nikmatipun | mung kinarya jalaran | wujude ragamu iki | nora gawe mata kuping rambut mata ||

22. guru tiga saurira | Allah Ingkang Maha Suci | ingkang karya raganira | Gatholoco lon nauri | pêrnah apa sirèki | kalawan Kang Maha Luhur | dene sira pinaringan |[80] mata loro kanan keri | karo pisan padha pinaringan awas ||

23. guru tiga saurira | katrima pamuji mami | Gatholoco asru nyêntak | puji-pujine Hyang Widi | sira nora duwèni | pangucapira sadarum | kabèh ucape Allah | yèn mangkono sira maling | wani-wani kadunungan barang [ba...]

--- 101 ---

[...rang] gêlap ||

24. nora bisa dunungêna | kajêndhêlan ingkang dhiri | pasthine dadi sakitan | nora kêna sira mukir | mêlokira kapanggih | têka ngêndi asalipun | yèn tan wikan matanira |[81] matanira mata mami | nora kêna angukuhi matanira ||

25. sakèh rèhku lakonana | yèn tan manut sun gitiki | karana sira wus salah | kajêdhêgan mêlèk dhiri | iku pan duwèk mami | sira anggo tanpa surup | saingga ingsun kapêthuka |[82] ilange duk jaman gaip | ingsun simpên ana ing têngahing jagad ||

26. saksine si wujut makna | sarina kalawan wêngi | sun rapotake tan ana | sakniki iya pinanggih | iya kang nyimpêni |[83] sira anggo tanpa surup | yèn sira nora suka | sun rapotake pulisi | nora wurung munggah ing rat pêngadilan ||

27. pasthi sira ukum pêksa | yèn bêngi turu nèng bui | guru tiga sarêng mojar | rêmbugan karo wong baring | Gatholoco nauri | salawasira tumuwuh | sadurunge tumindak | sumêdya sêdaya sami | agal alus lêmbut kasar ingsun nalar ||

28. supaya aja kongsi salah |[84] Amat Ngarip ngucap bêngis |

--- 102 ---

rêmbugan karo wong edan | Gatholoco lon nauri | sun edan awit cilik | prapta mangke sampun umur | pan nora waras-waras | sabên dina owah gingsir | nampik milih anêdha kang enak-enak ||

29. pênganggo kang endah-endah | edan ingsun turut margi | nurut margane kamulyan | Ngabdul Jabar ngucap bêngis | apêgêl ati mami | rêmbugan lan asu buntung | Gatholoco angucap | bênêr olèhmu ngarani | bapak bokku kyai buyut miwah canggah ||

30. pan padha buntung sêdaya | tan ana buntut sawiji | băngsa asu iku asal | buntung iku wus ngarani | ingsun jinise janmi | tan buntut kaya bapakmu | balik sira wong apa | dhasmu gundhul anjêdhindhil | apa Lănda apa Cina apa Koja ||

31. apa sira wong Bênggala | guru tiga anauri | ingsun iki băngsa Jawa | Mukhamad agama mami | Gatholoco nauri | sira wong kapir satuhu | Krèstên agamanira | lamun sira băngsa Jawi | apa sababe nora nêbut dewanira ||[85]

32. satuhu nama Mukhamad | agamane wong ing Ngarbi | sira băngsa têgêsira | iku

--- 103 ---

sira kupur kapir | anêbut liya jinis | krana rusak agamamu | mulane tanah Jawa | kabawah ing liya jinis | awit rusak agamane kuna-kuna ||

33. awit jaman kapir purwa | prapta jaman Majapait | wong Jawa agama Buda | jaman Dêmak iku ganti | nêbut rasulullohi | sêbute wong Arab iku | iku saiki ratu nalar |[86] ninggal agamamu lami | têtêp sira jawa-jawal kapir-kopar ||

34. têgêse kapir kapiran | basa kapir pan kabêsmi | anging amung sakwatara | dadi magol ing saiki | tan nganggo basa Jawi | Mukhamad agamanipun | angaku băngsa Arab | sira anèng tanah Jawi | têgêsira iku Krèstên băngsa Arab ||

35. guru tiga duk miyarsa | anyêntak sarwi macicil | Gatholoco sira gila | Gatholoco anauri | sayêkti gila mami | yèn mulat kaya rupamu | manawa yèn katularan |[87] nora duwe mata kuping | wêruhira amung jakat lawan pitrah ||

36. langkung muring-muringira | guru tiga asru angling | nyata sira anak walang | Ki Gatholoco nauri | bênêr iku tan sisip | bapa biyang kaki buyut | sêdaya kêna

--- 104 ---

pêjah | yèn sampun têka ing jangji | padha mulih ing ajale padha ilang ||

37. mênèk sira guru tiga | mêtu sangking rêca sêpi | wujudira tanpa bapa | mila sira tanpa budi | guru tiga nauri | sarêng misuh truk biyangamu |[88] Gatholoco angucap | bangêt trimakasih mami | marang sira guru tiga padha bisa ||

38. sira nuduhkên biyang ingwang |[89] ingsun iki tan udani | duk lair anèng wadonan | mung jrone sun gugoni |[90] myang tăngga kanan keri | si bapa biyang kang ngaku | yèn nganakakên mringwang | padha ingsun sêsungkêmi | iya gene ingsun nora wani sumpah ||

39. iya iku bapa biyang | krana wêruh lair mami | saiki ta sira bisa | nuduhna wong tuwa mami | êndi omaherèki | lawan sapa aranipun | ămba ciyute pira | pêrjine wong tuwa mami | yèn tan wêruh iku ujar ambêlasar ||

40. dene ta pangrunguningwang | wujudipun ing saiki | wujude tanpa lawanan | Allah nora karya mami | dene raganingsun iki |[91] gaweanira Hyang Agung | nalikane ngalam donya |[92] anèng satêngahing bumi | lawan sira kala karya raganira ||

41. sawindu

--- 105 ---

lawan sawarsa | rolas wulan pitung ari | pêndhak pasar lêstari siyang |[93] rolas jam sawidak mênit | bukune kang winarni | kèhipun mung têlung puluh | raganingsun wus dadya | sun wani iku nyampahi | nadyan wruha ingsun iki tau uga ||

42. yèn badanku kêna rusak | urip ingsun angawruhi | parentahe nabining Hyang | rasululloh kang dandani | karan ingsun kêkasih | kinarya Pangeranipun | paring sagung sipat gêsang |[94] angakên sarira tunggil | iya ingsun iya Allah ya Mukhamad ||

43. guru tiga bêngis mojar | sira wani angakoni | tunggal ing Pangeranira | apa kuwasamu iki | Gatholoco nauri | ngawruhi dadine lêbur | kalawan pêparêngan | karsane Kang Maha Suci | ingsun dhewe tan wêruh sawiji apa ||

44. ragaku wujude Allah | angawruhi ing Hyang Widi | tumindak ing karsaning Hyang | obah osiking tyas mami | Mukhamad kang darbèni | pangucap paningal ingsun | panggănda pamiyarsa | dene lesan lawan dhiri | kabèh iku kagungane rasulullah ||

45. ingsun tan duwe apa-apa |[95] mung pangrasa duwèk mami | iku yèn ana sihing Hyang |

--- 106 ---

yèn tan ana sih Hyang Widi | duwèk ingsun mung sêpi | basa sêpi iku suwung | tan ana apa-apa | lir ingsun duk durung lair | têtêp suwung tan ana wruh siji apa ||

46. Ngabdul Jabar aris mojar | sira iku angakoni | wujudku wujude Allah | dene agamaku iki | kêna rusak bilai | nora langgêng wutuhipun | Gatholoco angucap | ingkang rusak iku bumi | kalimputan wujud ingsun ing Pangeran ||

47. ingsun ingkang Maha Mulya | tan kêna rusak bilai | kang langgêng sawarga mulya | tan kêna rusak bilai | kang langgêng suwarga iki |[96] Ngabdul Manap ucapipun | yèn mêngkono iya sira |[97] wruh papêsthèning Hyang Widi | ingkang durung kalampahan apa-apa ||

48. ingsun pasthi raganing Hyang | wayah iki dina iki | jêjagongan lawan sira | mêngko gawe pêsthi maning | yèn sun pasthi saiki | kanggo mêngko lawan sesuk | manawa luwih kurang | susahe tambah ngurangi | ngrusak buku nyêkrap ăngka lawan sastra ||

49. lan ngrusak ing gunggungira | manawa dèn uring-uring | marang ingkang juru nyêrat | gêgajih amung sathithik | guru tiga nauri | pan pasthinira ing besuk |

--- 107 ---

kang durung kalampahan | bêja cilakamu iki | dina apa wayahe gonira băngka ||

50. sira anèng kuburira | Gatholoco anauri | kuburku iki sun gawa | sabên dina urip mami | pan iya sabên ari | ing sawatêse umurku | yèn wus parêk ing ngajal | sajroning rolas jam iki | ingsun milih dina lawan wayahira ||

51. lamun sun pêsthi punika | asusah golèka pasthi | bêcik sabên ari karya | papêsthène raga mami | kalawan malih mami | anganggo sasênêngipun | manut sênênging manah | dadi nora kurang luwih | nora susah nora cidra ing sêmaya ||

52. Ngabdul Jabar aris ngucap | papêsthène mring Hyang Widi | ingkang durung kalampahan | Gatholoco anauri | iku pasthine Widi | dudu pasthi sangking ingsun | Allohku sabên dina | anggawe papêsthi mami | anuruti iya marang karêpira ||

53. mênèk sira guru tiga | kamiarêng ingkang dadi | mila padha tanpa nalar | guru tiga duk miyarsi | mojar marang Mat Ngarip | Ngabdul Manap lamun rêmbug | wong iki pinatenan | yèn iki awèta urip |

--- 108 ---

nora wurung ngrusak sarak rasulullah ||

54. iku wong bubrah agama | anggawe sêpining masjid | Gatholoco asru mojar | dèn inggal anyuduk jisim | sapisan anyuduk janmi |[98] pindho bathang sira suduk | lamun sida untung apa |[99] mêjahi mring awak mami | amung sira murih lêga atinira ||

55. karana sira angrusak | Gatholoco anauri | sarak tan kêna rinusak | wus pinêsthi ing Hyang Widi | sarate wong abukti | linêbokkên lesanipun | yèn saguh ngrusak sarak | yèn mangan lêbokkên silit | iku têtêp janma kang ngrusak ing sarak ||

56. dene ing basa agama | saksênênge janma urip | sanadyan agama Cina | yèn têrus lair myang batin | yêkti katrima ugi | guru tiga lon amuwus | sira agama kopar | agamamu gama suci | iya iku kang aran agama rasa ||

57. têgêse agama rasa | anurut rasaning ati | rasane baya nèng ilat | iku kabèh sun turuti | nyatane lêgi gurih | pêdhês asin lawan kêcut | pait gêtir kang nyata | sira agama punapi | anauri agamaku rasulullah ||

--- 109 ---

58. Gatholoco asru mojar | patut sira tanpa budi | basa makna iku laras | sun laras ing têgêsnèki | nusul laras kang sêpi | mila sira dadya kumprung | guru tiga duk myarsa | sigra kesah tanpa pamit | sabature garundêlan turut dalan ||

59. pan sarwi anguman-uman | Amat Ngarip muwus aris | Ngabdul Jabar Ngabdul Manap | salawasku urip iki | aja pisan kapanggih | kapapag tuwin kapêthuk | kapapag aku nyimpang | sajroning pangimpèn sêngit | aja kongsi kapêthuk janma ing wuntat ||

5. Pangkur

1. datan kawarna ing marga | guru tiga lampahira wus prapti | ingkang sinêdya ing kayun | pondhok desa Cepekan | apan tiga guru santri kang pinunjul | kang siji Kasan Mustahal | kêkalih Kasan Bêsari ||

2. tiga Kyai Ngabdul Jalal | dadi tunggal paguronira santri | tutur murid tigang atus | wancine bakda ngisa | wus asalat guru tiga wus alungguh | ing langgar arsa mamulang | ingkang tapsir lawan pêkih ||

3. tanapi sagunging kitab | sasênênge santri sawiji-wiji | santri kang lagi sinau | lawan maknane [makna...]

--- 110 ---

[...ne] Kuran | sil-asilan padha karo rowangipun | santri ingkang sampun babrag | ngapalake kitab sikin ||

4. sinêlakan[100] bêbanyolan | gèmbèl gèlèng kinarya purwakanthi | santri ingkang sampun putus | ing lapal maknanira | anêrècèl madoni ing gurunipun | kasaru ing praptanira | Dul Jabar lan Amat Ngarip ||

5. tiga Kyai Ngabdul Manap | sabat nênêm angiring anèng wuri | prapta pêlataran muwus | anêmbung uluk salam | sinauran asalamungalaekum | pra santri atutup kitab | kèndêl gènira angaji ||

6. guru tiga minggah langgar | jawab tangan sarwi aganti-ganti | sawuse tata alungguh | angling Kasan Mustahal | dene dalu napa wontên karya pêrlu | pukul pintên pangkatira | saking pondhok Arjasari ||

7. angling Kyai Ngabdul Jabar | bakda subuh wanci pukul nêm enjing | mila prapta langkung surup | pan kêdangon nèng marga | pabên kalih janma dludur tanpa kusur | Gatholoco wastanira | warnane mêsum jêginggis ||

8. punika setan katingal | anak bêlis bêkta wadung lan linggis | kinarya ngrusak ing kawruh | ing sarak rasunlonllah |[101]

--- 111 ---

ingkang bênêr winadung dimèkne putung | yèn bantah rêbah binubrah | rinayah ingorak-arik ||

9. sakèhe sarak rinusak | sakèh sidik lêbur dèn orak-arik | sakèhing pingil mapêngul | jinawab mung sakêcap | aklagêpan[102] tan bisa mangsuli rêmbug | sakèh kharam rinampasan | ambubrah sarak lan sirik ||

10. tuhu lamun janma nakal | sakèh akal sinrekal amêthakil | sakèhing kawruh kabutuh | sakèh sabab kajawab | sakèh dalil katail lan misilipun | sun mapan-mapan kèdêkan | sumingkrih-singkrih katindhih ||

11. abantah panggah akalah | ora bêtah dènira ngiwi-iwi | sakèhe padu kaburu | sakèh lapal kapengkal | sakèh pisuh padha bisa mangsul mukul | ing sirah ingkang diarah | nêmpiling angarah jiling ||

12. ing kawruh wus kaungkulan | datan sagêd pabên unggul sakêdhik | sun têdha dhatêng Hyang Agung | salawas ingsun gêsang | sampun pisan kapapag lawan kapranggul | yèn kapêthuk ingsun nyimpang | yèn jajar linggih anyingkrih ||

13. sangking pabên kula kalah | jroning ngimpi katon dèn iwi-iwi |

--- 112 ---

Kasan Mustahal angrungu | tanapi Ngabdul Jabar | atanapi Ngabdul Jalal tiganipun | kalangkung dènira duka | pangucapira abêngis ||

14. apatut kang kaya sira | jêr sirèku santri kang tanpa budi | iya kang kaya dhapurmu | santri tanpa dinalar | bênêr gundhul gundhulira gundhul bêntul | buntêt nora duwe nalar | mung jaga malbu kuwali ||

15. nora patut ginuronan | para santri kawruhmu mung sanyari | nora liyan kabisanmu | dhodhok nèng pinggir wisma | gawa kasang wadhah karag lawan sêkul | bisamu dunga kabula | ngaji lamyakunil iki ||

16. măngsa padha lawan ingwang | mila gundhul brondhol kasundhul ngèlmi | mila putih surban ingsun | tètèh sakèh wicara | kalah iki nuli ngambil misil iku | mila kêthuku trancangan | pênjalin dèn anam irig ||

17. kêrigên santri sapraja | datan kewran kawruh asalin-salin | anrawang trus ngisor dhuwur | mila klambi kêbayak | bisa miyak kawruh agal lawan alus | sabuk polèng măncawarna | kawruh ingsun wus mêpêki ||

18. kawruh Lănda Jawa Cina | myang Bênggala Koja Turki lan Kêling | kabèh iku wus kacakup |

--- 113 ---

sun simpên anèng kasang | kawruh Arab ajar timur kongsi lamur | ngèlmu Jawa nora kurang | dhasar ingsun băngsa Jawi ||

19. mila bêbêd sarung ămba | wus ambêrung ngèlmu kang dakik-dakik | tatela sawijènipun | ngèlmu Arab lan Jawa | mila ingsun nganggo têsbèh langkung alus | tan ana kang amêmadha | pan wikan sawiji-wiji ||

20. mila trumpahku gamparan | saparanku ngungkuli ing sasami | mila êcis têkên ingsun | kumêcis nora cidra | anêrawang jaba jêro ngisor dhuwur | upama ingsun kalaha | mungsuh janma tanpa budi ||

21. sayêkti mamirang jagad | golèkana saiki ana ngêndi | iya Gatholoco iku | ingsun arsa wuninga | ing warnane manusa kang ora urus | Amat Ngarip saurira | ing mau sapungkur mami ||

22. tut wingking lampah kawula | kula kintên waktu dalu puniki | sipêng ing Pak kitha pungkur | angling Kasan Mustahal | yèn rinaa ingsun jèwèr kupingipun | sanadyan bantah kawruhnya | yèn kalah lambe sun pancing ||

23. sun karya pangewan-ewan | tan kawarna wuwusên wanci enjing | bakda subuh apan nuduh |

--- 114 ---

santrènira têtiga | ulatana Gatholoco dèn katêmu | gawanên ing ngarsaningwang | santri katri gya lumaris ||

24. datan kawarna ing marga | lampahira santri tiga wus prapti | ing Ngêpakan kitha pungkur | malêbêt ing patopan | aningali janma bawuk awak busuk | tinakonan namanira | kang ran Ki Gatholocèki ||

25. anauri iya ingwang | santri angling dika dèn undang kyai | gurune santri sadarum | pondhok dhusun Cepekan | Kyai Kasan Mustahal pangagêngipun | Kyai Ngabdul Jalal ika | lan Kyai Kasan Bêsari ||

26. kiringa lampah kawula | Gatholoco saurira abêngis | ingsun iki lagi ewuh | lan bangêt pêtagihan | lamun sira paripaksa ngundang mring sun | ingsun nyilih kêthunira | sun gawèkake rumiyin ||

27. ing candu têka rong timbang | ananging sira têbusa pribadi | yèn wis krasa êndêmipun | kang têmên êndêmira | yèn asuka ingsun gêlêm ya lumaku | apan mêkruh najis ingwang | katêmu gurumu iki ||

28. santri tiga duk miyarsa | muring-muring sarwi anênudingi | yèn nora awèh kêthuku | sayêkti tan lumampah | nora wurung nêmu dukane guruku |

--- 115 ---

upama ingsun wènèhna | bangêt camah awak mami ||

29. nadyan camah awak ingwang | anggêr olèh alême guru mami | sigra gènnya mringkên kêthu | dèn enggal gadhèkêna | gya tinampan payune rong timbang candu | sinêrèt sarwi ajigang | nglèyèh bantalane dhingklik ||

30. wus tutug panyêrètira | bududane[103] tumulya sinangkêlit | Gatholoco gya lumaku | kairing santri tiga | sampun prapta ing Cepekan pondhok agung | Kyai Kasan Mustahal |[104] lan Kyai Kasan Bêsari ||

31. samana Kasan Mustahal | sarêng mulat janma kang lagi prapti | Kasan Mustahal amuwus | marang Ki Ngabdul Jalal | lawan Kyai Kasan Bêsari tinantun | janma mangkono rupanya | tan pantês parêk lan mami ||

32. tan pantês munggah ing langgar | gawe mêkruh lawan agawe najis | Kasan Bêsari amuwus | nadyan mêkruh najisa | jêr têkane ing kene têka karêpmu | lah gawanên munggah jrambah | ing langgar kang rada têbih ||

33. lan aja parêk lan ingwang | yèn wis lunga tilase dèn bêrsihi | Kasan Bêsari amuwus | janma ala munggaha | lungguh jrambah êlor wêtan pêrnahipun |

--- 116 ---

sigra amunggah ing langgar | kadhêpêk nulya alinggih ||

34. wêkas lor sarwi lendhehan | bêdudane mêksih dipun sangkêlit | sigra arsa ngambil latu | ngakêp rokok têgêsan | gêng sadriji kukusnya kumêlun-kêlun | mratani jrambahing langgar | gandanya apêk asangit ||

35. para santri tutup grana | kang sawênèh anyingkrih gènnya linggih | Kasan Mustahal amuwus | lah sapa aranira | anauri Gatholoco aran ingsun | Ngabdul Jalal aris mujar | apa kang sira sangkêlit ||

36. iki sanjata watangan | watangane nyipat nalar kang silip | anadene pêntholipun | puniku aran cupak | ingsun karya mapaki kawruh kang punjul | ênale ingaran sêrak | sarati sunya ring pikir ||

37. lantake puniku aran | pangot urik sun karya rêk-ngurêki | tyase wong kang bangêt cubluk | bungkêl tan wêruh nalar | dimèk mari bêngak-bêngok esuk-esuk | obat candu lan bakalnya | ron awar-awar kinardi ||

38. têgêse arang kang tawar | yèn kasêmpyok urube obat mimis | gêglintiran madatipun | dèn lêbokkên bolongan |

--- 117 ---

yèn wis isi panitise damar murub | lesane pucuking ilat | sêntile napas lumaris ||

39. jêthote aran datullah | sirnanipun santri dadi sawiji | manjing marang cêthak ingsun | rumasuk marang badan | nyêrambahi kulit daging balung sungsum | tyas ingsun padhang nêrawang | tan kewran saliring pikir ||

40. Kasan Mustahal sru mujar | sira nêdya mapaki kawruh mami | sira wani nguwus-uwus | sarak jêng rasulullah | apa sira dudu makhluke Hyang Agung | kalamun sira mukira | umate Mukhamad Nabi ||

41. Gatholoco saurira | luwih-luwih karêpe kang ngarani | yèn sira ngarani dudu | umatira Mukhamad | nyata dudu apan iki raganingsun | wujud Rasul Mukhamadan | lamun sira angarani ||

42. dudu makhluke Pangeran | nyata dudu apan ragèngsun iki | wujud sipating Hyang Agung | Gatholoco tan ana | pan nglimput awor sipating Hyang lan rasul | lah ta sira aranana | Si Gatholoco kang êndi ||

43. raganingsun sipatullah | pan sakojur darbe aran pribadi | lah mara dumukên iku | lan sira aranana | ingkang êndi Gatholoco wujudipun |

--- 118 ---

kang wus murca padha ana | anane padha saiki ||

44. gonku umpêtan jro padhang | wujud ingsun ya aran ingsun iki | tan rusak salaminipun | langgêng amulya nrawang | lamun sira angarani umat rasul | nyata sun umat Mukhamad | lamun sira angarani ||

45. ingsun makhluke Pangeran | nyata makhluk karana ingsun iki | panggonaningsun anglimput | sajroning sipatullah | lawan ingsun solah muna-muni ingsun | sêdaya sangking Pangeran | tan darbe karsa pribadi ||

46. lir sarah munggèng samodra | lumembak karsaning Hyang Maha Luwih | Ki Ngabdul Jalal amuwus | padune wong kaparat | buwang adat angrusak pranata rasul | janma mangkono padunya | pantês dipakani tai ||

47. Gatho alon saurira | wêtêng ingsun iki wus isi tai | tan sudi mangan taimu | sun kira ora enak | Ngabdul Jalal angling apa sira iku | tan ajrih manjing naraka | nora melik manjing swargi ||

48. Gatholoco saurira | kaya apa gon ingsun nampik milih | wus pinasthi ing Hyang Agung | sakèhing karusakan | apan iku dadi duwèke wong lampus | dene sakèhe [sakèh...]

--- 119 ---

[...e] kamulyan | dadi duwèke wong urip ||

49. yèn wong gêsang iku susah | mêtu sangking tekadira pribadi | ingkang karya susahipun | dene kang Maha Mulya | sipat murah adil ukum duwèkipun | nanging kabèh sipat samar | tan kêna tinon ing lair ||

50. Gatholoco malih mojar | adoh-adoh ingkang sira rasani | suwarga naraka iku | saiki wus katingal | sapa ingkang mulya kauripanipun | yaiku suwarga dunya | sapa apês kala urip ||

51. yaiku naraka dunya | santri tiga pangucapira bêngis | sawarga naraka besuk | iya ing dalêm kerat | Gatholoco nauri sarwi gumuyu | biyèn besuk ora ana | ingkang ana mung saiki ||

52. bedane adoh lan parak | kabèh-kabèh iku pan wus kawuri | windu nênêm taun wolu | mung rolas wulanira | dina pitu pasaran lima puniku | miwah wuku tigang dasa | wus kalungguhan saiki ||

53. santri tiga sarêng mojar | nyata nakal rêmbuge janma iki | maido karsa Hyang Agung | lan sarak rasulollah | wajibira pinatenan wong puniku | yèn iki awèta gêsang |

--- 120 ---

anggawe sêpining masjid ||

54. Gatholoco aris mojar | nora susah sira matèni mami | kang kalawan waos dhuwung | saiki sun wus pêjah | santri tiga sugal ing pamuwusipun | amung lagi tatanira | wong mati cangkême criwis ||

55. awake wutuh lir rêca | Gatholoco bêngis dènnya nauri | yèn patine khewan iku | nganti gogroging badan | yèn matia aking patinira kayu | ingkang nukma dadi setan | ingkang mungguh kaya mami ||

56. ora wujud nora ilang | dina iki uga aku wus mati | kang mati hawa napsuku | kabèh iku kang salah | ingkang urip budi pangêrti kang jujur | pisahe raga lan suksma | kinarya tăndha ing lair ||

57. puniku kang aran sadat | pisahira kawula lawan Gusti | êsah pisah têgêsipun | dados roh rasulullah | yèn wis pisah raga lawan suksmanipun | rasa-pangrasa lan cahya | panggonane ana ngêndi ||

58. santri tiga saurira | raganingsun luluh awor lan bumi | rasa myang pangrasaningsun | miwah cahyaku gêsang | pan ginawa marang iku suksmaningsun | munggah marang ing sawarga | Israpil ingkang

--- 121 ---

angirit ||

59. lamun suksmane wong Islam | kang nêtêpi salat limang prakawis | lan bêtah pangajinipun | dêrês kitab lan Kuran | anêtêpi sadat jakat pitrahipun | puasa wulan Ramêlan | tinarima ing Hyang Widi ||

60. ingunggahake sawarga | krana anut prentahe kangjêng nabi | kabèh olèh-olèhipun | kang wus kasêbut ngarsa | lamun suksmaning kapir kang datan manut | sarake jêng rasulullah | linêbokake yumani ||

61. krana mukir ing panutan | têtêp iku suksma satruning Widi | Ki Gatholoco gumuyu | dene ta Gusti Allah | duwe satru janma kapir aranipun | yèn mangkono sira padha | maido kodrating Widi ||

62. maido karsanirèng Hyang | goning karya asnapun ing sabumi | anane kapir puniku | sapa kang karya kopar | lawan sapa ingkang karya uripipun | kang karya bêja cilaka | pan amung Allah pribadi ||

63. upama Allah duwea | satru kapir kang murtab[105] ing Hyang Widi | bêcik sadèrènge wujud | aja diwujudêna | marang Allah dadi nora duwe satru | yèn mangkono Allahira | bodho [bo...]

--- 122 ---

[...dho] nora duwe budi ||

64. dhêmên karya kasusahan | ngadu-adu Islam kalawan kapir | beda kalawan Allahku | mupugi ing aguna | anuruti sakarêpe mahkhlukipun | nora ana kapir Islam | mung beda ingkang agami ||

65. têgêse aran agama | pan pênganggo bêkti marang Hyang Widi | lah iya sasêmbahipun | anggêr trus atinira | nora salin agamane luhuripun | sapa kang salin agama | nampik agamane lami ||

66. yaiku kapir kang nyata | krana nampik papêsthèning Hyang Widi | kaya agamamu iku | nampik murtat luhurnya | sasat nampik papêsthènira Hyang Agung | agama wus dèn pêpinta | ing jinis sawiji-wiji ||

67. nora kêna yèn nampika | pasthi rusak apês ingkang pinanggih | wong Arab agama rasul | Lănda agama Ngisa | yèn wong Cina brahala agamanipun | wong Jawa agama Buda | kaowah susah pinanggih ||

68. lawan sira bisa kăndha | suksmanira kapir manjing yomani | suksmane wong Islam iku | kabèh manjing sawarga | apa sira dhewe wus nglakoni lampus |

--- 123 ---

wus wêruh swarga naraka | sira nyipati pribadi ||

69. Kasan Mustahal angucap | kang kasêbut ing jrone kitab mami | Ki Gatholoco gumuyu | sira santri kaparat | ngandêlake unine dluwang mangsimu | nurut bukune wong sabrang | dudu tinggalan laluri ||

70. bok muni bicara Arab | bukunira dhewe tan dèn opèni | sakèhe kabisanamu | kang sangking kitab sabrang | sira anggo olèh-olèh benjang lampus | sira aturna Pangeran | sakèhe puji lan dhikir ||

71. apa bisa katrimaa | sabab iku kagungane pribadi | sakèhe puji dhikirmu | kabèh pangucapira | kabèh iku kagunganira Hyang Agung | măngka sira aturêna | bali marang kang darbèni ||

72. mênèk tambah nêmu duka | krana kabèh iku Allah wus mangêrti |[106] kang sarta kagunganipun | angling Ki Ngabdul Jalal | sira iku maido kitabe rasul | Gatholoco saurira | tan pisan maido mami ||

73. sawuse sira tumingal | warnanira dluwang kalawan mangsi | lah landratên ing batinmu | rasa kang sangking sastra | lan malihe sira mau wus angaku | ing

--- 124 ---

benjang yèn sira pêjah | anggawa sangu pribadi ||

6. Asmaradana

1. sira mau wus ngakoni | ing benjang yèn sira pêjah | rasane badanmu kuwe | kalawan cahyamu gêsang | obah osiking manah | kang gawa marang suksmamu | munggah ing sawargaloka ||

2. Ngijrail ingkang angirit | sowan mring kang Murbèng Jagad | yèn mangkono sira kuwe | tan ngêmungakên ing donya | olèhmu dadi bangsat | anèng kerat dadi pandung | gawa dudu duwèkira ||

3. sira anèng donya iki | kadunungan barang gêlap | tan rumăngsa kagungane | sira anggo sabên dina | wusana anèng kherat | dudu-dudu duwèkipun | donya kherat sira bangsat ||

4. tanpa gawe jungkar-jungkir | asêmbahyang madhêp keblat | ting carumik gêmbar-gêmbor | angucap usolli parlan | têgêse ingkang lapal | kawruhana asalipun | urip prapta kaelangan ||

5. sira padha kliru tampi | ngawruhi ing salat wayah | subuh luhur lan ngasare | mahrib lawan ngisa ika | iku tanpa gawea | sipat urip duwèk ingsun | kabèh padha wêruh wayah ||

--- 125 ---

6. yèn mangkono sira iki | mung mangeran wayahira | tan mangeran ingkang gawe | ing dalu kalawan siyang | pijêr anggugu wayah | tan pisan mikir awakmu | urip prapta kaelangan ||

7. rasane badanmu iki | kagungane rasulullah | cahyane uripmu kuwe | kagungane ing Pangeran | obah osiking manah | Mukhamad kang duwe iku | duwèkmu amung pangrasa ||

8. dene sira gawa iki | nora sira aturêna | bali marang ingkang darbe | yèn sira maksih anggawa | titipan tri prakara | apa sira bisa lampus | santri tiga duk miyarsa ||

9. kêthune dèn banting-banting | mring ngêndi gone ngulèhna | asêngol ing pangucape | tan karasa atêtămpa | titipan tri prakara | Ki Gatholoco gumuyu | sira urip titip mata ||

10. upama padhanging sasi | asale sangking ing surya | sirna kagawa srêngenge | dene ta padhanging wulan | asale sangking wulan | sirna kagawa ing santun | bali marang asalira ||

11. guru tiga ngucap bêngis | apa sabab rasanira | lan cahyamu urip kuwe | lan obah osiking manah | tan sira

--- 126 ---

ulihêna | marang kang darbèni iku | Gatholoco asru nyêntak ||

12. apan ingsun nora wani | ngulihake durung măngsa | yèn tan ana pamundhute | manawa ingsun anêdha | nampik pasihaning Hyang | manawa kêna sêsiku | guru tiga aris mujar ||

13. kang kasêbut kitab mami | sangking nabi rasulollah | muni sarta mrentahake | sakèhe umat Mukhamad | lanang wadon sadaya | kang wus padha tutug ngumur | wajib padha nglakonana ||

14. asalat limang prakawis | subuh luhur lawan ngasar | mahrib lan waktu ngisane | salat subuh rong rêkaat | sujud mring Nabi Adam | mila sinujudan iku | sabab iku Nabi Adam ||

15. bapake sakèhing janmi | pinaringna ing Hyang Suksma | salat luhur rêkaate | papat ingkang sinujudan | Jêng Nabi Brahim ika | sabab wakile Hyang Agung | pramilane sinujudan ||

16. pan dadi pangeling-eling | sakèhe manungsa donya | lamun nêmu susah gêdhe | sayogya padha sujuda | marang kang Maha Mulya | kaya Nabi Yusup iku | nalika dèn untal mina ||

17. anèng têlênging jaladri | sujud mring kang Maha Mulya |

--- 127 ---

bisa luwar pakewuhe | kang salat mahrib punika | apan tigang prakara | kang sinujudan puniku | Nabi Musa kalamollah ||

18. mulane dipun sujudi | Nabi Musa kalamollah | krana Nabi Musa kuwe | angakên utusaning Hyang | dene kang salat ngisa | patang rêkaat puniku | dununge kang sinujudan ||

19. Nabi Musa rohkhullahi | pramilane sinujudan | dene Nabi Ngisa kuwe | ingkang dèn akên rohkhullah | mila Nabi Mukhamad | umatnya kinèn asujud | mring nabi kang kasbut ngarsa ||

20. Gatholoco anauri | yèn mangkono nabinira | rasulollah asor dhewe | dene umate sadaya | kinèn samya sujuda | marang nabi liyanipun | tan sujud ing jênêngira ||

21. dene sira anuruti | parentah kang ora pêrnah | yèn mangkono sira kuwe | dudu umat rasulullah | dene panêmbahira | marang nabi liyanipun | tan nêmbah Nabi Mukhamad ||

22. mangkono pangrungu mami | kangjêng nabi rasulullah | angrusak sakèh sarake | kang para nabi sadaya | sawuse Nabi Adam | anut Ngisa Musa iku |

--- 128 ---

Ibrahim sarengatira ||

23. kabèh padha dèn salini | marang Jêng Nabi Mukhamad | sapa kang isih ngèstokke | sarengate nabi lima | têtêp ing kupurira | dene sêmbahira iku | tan nêmbah Nabi Mukhamad ||

24. santri tiga lon nauri | salat witri aranira | iya sakobêr-kobêre | anêmbah Nabi Mukhamad | iku dalile kitab | Ki Gatholoco gumuyu | padha sira kliru tămpa ||

25. yèn mangkono sira iki | dudu umat rasulullah | dene maksih ngestokake | sujud marang nabi liyan | êndi panêmbahira | mring Nabi Mukhamad iku | guru tiga saurira ||

26. sêmbah ingsun salat jati | iya ing samăngsa-măngsa | Ki Gatholoco saure | sira santri ambêlasar | măngka Nabi Mukhamad | punika nabi panutup | tunggule nabi sadaya ||

27. prentahe iku tan sisip | ingkang wus dipacak kitab | salah sangking sira dhewe | kinèn sujud kaping lima | ing dalêm salawe jam | esuk wayah wêktu subuh | kinèn sujud marang Adam ||

28. iku dudu Adam Nabi | Adam suwung sujudana | suwung kang langgêng anane | pramilane [pramila...]

--- 129 ---

[...ne] sinujudan | dene luwih kuwasa | ngilangke pêtêng puniku | kagêntos padhange surya ||

29. sujud bangêt trimakasih | dene Hyang Kang Maha Mulya | amujudakên srêngenge | amadhangi sabuwana | sangsaya lama-lama | surya iku dadi luhur | ngungkuli jagad sadaya ||

30. panase saya ngluwihi | awit kuwasane Allah | surya iku darma bae | sakehe manungsa dunya | kalangkung susahira | marga surya panasipun | Nabi Mukhamad parentah ||

31. mring sagung umate sami | kabèh padha asujuda | mring Hyang Kang Murbèng Alame | kathahe patang rêkaat | padha sira nuwuna | sudane ing panasipun | puniku ponang baskara ||

32. lan sira nuwuna malih | linanggêngna kaluhuran | kadya luhure srêngenge | lama-lama kang baskara | tumurun saya andhap | dadi asor pêrnahipun | wong akèh ngarani asar ||

33. Nabi Mukhamad ningali | parentah ing umatira | sira padha sujud mangke | sira padha nanuwuna | langgêng anane surya | lan padha nuwuna iku | langgêng kaluhuranira ||

34. supaya Kang Maha Suci | aja ganjar asorira | linanggêngkên kamulyane |

--- 130 ---

lama-lama kang baskara | tumurun saya andhap | dadya ingaranan surup | padha sira sumurupa ||

35. kuwasanira Hyang Widi | bisa gawe pêtêng padhang | bisa gawe luhur asor | kang padhang têgêse gêsang | pêtêng têgêse pêjah | Nabi Mukhamad andulu | parentah ing umatira ||

36. padha asujuda sami | marang Hyang Kang Murbèng Alam | dene luwih kuwasane | bisa gawe pêtêng padhang | lan karya pêjah gêsang | bisa gawe asor unggul | lama-lama kang baskara ||

37. sorote datan kaèksi | pêtênge saya katara | amratani jagad kabèh | sakèhe kang sipat gêsang | iku susah sadaya | sabab sangking pêtêngipun | amarga suruping surya ||

38. manawa tan mêtu malih | Nabi Mukhamad parentah | marang umatira kabèh | sira padha asujuda | marang Hyang Kang Maha Mulya |[107] anuwuna padhang iku | dikadya padhanging surya ||

39. umat sadaya nuruti | nuwun marang Pangeran |[108] sarwi nangis panuwune | mulane ingaran ngisa | têgêse kang ran ngisa | nuwun mring Hyang Maha Luhur | sira anuwuna padhang ||

40. umat sadaya nuruti | nanuwun marang

--- 131 ---

Pangeran | lawan nangis panuwune | kamurahane Pangeran | amujudake wulan | pêtênge inggih puniku | anging sêparo binuwang ||

41. kagêntèn padhange sasi | sakèhe manungsa suka | mila mring wulan cahyane | padhang sarta nora panas | cacade mung sisihan | mila ingaranan santun | salin warna sabên dina ||

42. têgêse sasi sasisih | Ngabdul Jabar asru mojar | kitab apa pathokane | Gatholoco saurira | bahrul kalbi aranira |[109] têgêse bahrul ya laut | têgêse kalbiku manah ||

43. ati kang kaya jêladri | jêmbar jêro tan watêsan | lan malih akèh isine | Kasan Bêsari atanya | dene nora sêmbahyang | Ki Gatholoco amuwus | sêmbahku langgêng tan pêgat ||

44. sujud ingsun sujud angling | keblatku têngahing jagad | barêng napasku sujude | ingkang mêtu bun-êmbunan | sêmbahku mring Pangeran | ingkang mêtu kêtêg ingsun | sêmbahku marang Mukhamad ||

45. ingkang mêtu lesan mami | sêmbahku mring rasulollah | kang mêtu irung ta kiye | kang dadi têrsandhanira | iku taline gêsang | pramilane napas ingsun |

--- 132 ---

sêbute pan Allah Allah ||

46. angling Ki Kasan Bêsari | duk rasul lan sabatira | iku durung linairake |[110] lintang wulan lawan surya | ngalam donya wus ana | yêkti lawan suryanipun | kalawan Nabi Mukhamad ||

47. Ki Gatholoco nauri | sira santri tanpa mata | kuping irung nora duwe | lan tan duwe nyêng-unyêngan | tan wêruh tan miyarsa | marang sasêbutanipun | puniku kitab Ambiya ||

48. ingkang tinitah kariyin | punika cahya Mukhamad | apan kalawan sabate | apan wujudira samya | nèng jroning lintang johar | măngka lair johar iku | wadhahe êroh sêdaya ||

49. babone sakèhing urip | dadya sangking nur Mukhamad | lintang wulan srêngengene | tan liyan ing wêdalira | pan sangking nur Mukhamad | măngka lintang johar iku | dadya pusêre Mukhamad ||

50. yèn sira maido sami | dadya napèkakên sira | mring Kuran sasêbutane | santri tiga duk miyarsa | rumăngsa kaungkulan | sarêng ing pamuwusipun | Gatholoco wis minggata ||

51. sira tundhung marang ngêndi | sun lungguh langgare Allah | dhasar wus pêrnah ênggone | ana

--- 133 ---

satêngahing jagad | sênêng ingsun kalintang | ngênggoni jigang lan udud | santri tiga asru nyêntak ||

52. aja kakehan cariwis | dèn enggal sira lungaa | balêbêgên kuping ingong | Gatholoco saurira | ingsun tan nêdya lunga | yèn sira tan asung sangu | arta kalih wêlas perak ||

53. praptaningsun anèng ngriki | awit sangking karêpira | dudu karêp ingsun dhewe | Gatholoco sigra riyak | ilêr umbêl dleweran | dèn usapkên langgar iku | kanan keri gèning lênggah ||

54. santri tiga aningali | langkung gigu ênêkira | Kasan Bêsari lingnya lon | jêr sira Kasan Mustahal | ngundang wong kurang ajar | mêngko têmah gawe rusuh | bêcik nuli ingopahan ||

55. dhuwit kalih wêlas rispis | dimèkne tumuli lunga | yèn suwe ana ing kene | mundhak iku karya camah | mêmirang opah-opah | nulya ingulungan sampun | arta kalih wêlas perak ||

56. adhikut dènnya nampani | winadhahan kasangira | lah palale Allah kiye | tanganira kalih pisan | prasamya ingusapan | riyak umbêl pan [pa...]

--- 134 ---

[...n] sêdarum | majêng ngajak sêsalaman ||

57. santri tiga anampani | sawusira sêsalaman | pamit mudhun sing langgare | prapta latar nolèh wuntat | santri tiga wuninga | asta gubras umbêl idu | ilêr atanapi riyak ||

58. gêbrès-gêbrès kirig-kirig | anyêbut astaghpirolah | pra santri guguk guyune | santri tiga sarêng ngucap | iku wong kêna laknat | muga kênaa babêndu | musibate rasulullah ||

59. Gatholoco ngiwi-iwi | mungkur sarwi cêcekotan | apêpincangan lakune | prapta jawine karangan | lajêng ing lampahira | ing Ngêpakan kang jinujug | tuku candu rolas perak ||

60. pitung dina pitung bêngi | tan lunga sangking Ngêpakan | sawuse têlas candune | Ki Gatholoco gya kesah | sakèhe santri desa | mêrbot modin miwah kaum | binantahan kawruhira ||

61. amung dènnya mêmoyoki | yèn dèrèng sinungan arta | têtukon candu sagodhong | sabên dina pan mangkana | kinarya pêngasilan | Gatholoco anggitipun | angrasa gambuh pribadya ||

7. Gambuh

1. apan ta kalantur-lantur |[111]

--- 135 ---

Gatholoco dènnya lumaku |[112] sakèh pondhok guru santri dèn lurugi | binantah ing kawruhipun | yèn kalah dipun papoyok ||

2. wênèh dipun wus-uwus | kapok kawus santri kang tan urus | wus dilalah karsane Kang Maha Luwih | Ki Gatholoco kalimput | mêngku têkabur ing batos ||

3. pangrasanira iku | sapa mênang padon kambi aku | padu kawruh ingsun wus punjul sasami | dadya nêmu ing sasiku | dinukan marang Hyang Manon ||

4. kang sipat samar iku | Gatholoco tan rumăngsa iku | yèn andulu kang băngsa lair lan batin | kaelokane Hyang Agung | karya lakon langkung elok ||

5. Gatholoco kalantur | pan kasasar munggah marang gunung | Endragiri wastanira ingkang wukir | sakèh ajar cantrik gunung | binantah kawruhe kawon ||

6. jêjanggan lan para wiku |[113] rêsi buyut masèng manguyu |[114] dèn lurugi abantah kawruherèki | yèn kalah dèn uwus-uwus | datan wis dènnya mamoyok ||

7. kalamun dèrèng sinung | tukon candu rong timbang kèhipun | pês-apêse timbang dipun tampèni |[115]

--- 136 ---

saya camah kawruhipun | ya ta ganti winiraos ||

8. ing Endragiri gunung | wontên endhang gêntur tapanipun | apêparab Rêtna Dèwi Pêrjiwati | pan kalawan endhangipun | ayu-ayu maksih anom ||

9. kang sêpuh aranipun | ingkang aran Êmban Turukgêmbuk | Ni Bok Êmban Dudulmêndut kang taruni | sami anom sêpuhipun | cantrikira kalih wadon ||

10. kang sêpuh wastanipun | ingkang aran cantrik Jidulmêndut | ingkang anom Nonokbotol ingkang nami | samya gêntur tapanipun | nèng ngarsa Gusti tan adoh ||

11. de padhepokanipun | kang ingaranan Cêmara Jamus | pêrtapane guwa sèluman awêrit | langkung samar wingitipun | pan nora sêbarang kang wong ||

12. tan ana wikan ing ngriku |[116] yèn tan antuk sihira Hyang Agung | dèn idèni marang kang rumêksa rêdi | Hyang tanpa uni anglimput | dhepok guwa bisa katon ||

8. Sinom

1. Gathèlpanglus kang satunggal | loro Ki Gathèlpangisik | ingkang wis misuwur kathah | mupakat măncanagari | pan nora ana kalih | Kangmas Gatholoco ingsun | Nonokbotol miyarsa |

--- 137 ---

gumujêng atutup lathi | pan angangge kangmas sasêbatanira ||

2. samăngsa ingsun undanga | gêguyu angaku rabi | polahe nuli naracak | nyalunthang angaras pipi | mêk-êmêk prêmbayun kalih |[117] lan lus-êlus sirah ingsun | iku wong kêna laknat | dhapurmu mêsum jêginggis | nora layak kulitmu bêsisik mangkak ||

3. pan ala ratuning ala | jêjêmbêri anèng bumi | salawas ingsun nèng donya | durung pisan aningali | janma kadya sirèki | asaru ratuning saru | baya wis takdiring Hyang | ana janma prapta siji | warnanira asaru ala tur kiwa ||

4. ewadene lamun sira | bisa jawab sual mami | lan suale gustiningwang | kêkasih Sang Pêrjiwati | lan sualira iki | êmban lawan cantrikipun | nadyan ala warata[118] | Gustiku Sang Pêrjiwati | saêmbane kalih miwah cantrikira ||

5. pasthi dadi jodhonira | wirang isin sun lakoni | Gatholoco aris mujar | apa sira tan nyidrani | gusti saêmbannèki | apa sira wani tanggung | kalamun nora cidra | sun jawabe padha mangkin | lah ucapna kaya pa cangkrimanira ||

--- 138 ---

6. Nonokbotol asru mujar | ana wit agung sawiji | papat godhongira rolas | kêmbange datanpa wilis | wohe amung kêkalih | mung sawiji trubusipun | ginrêmalu pangira | puniku ingkang sawiji | anadene cangkrimaku kang satunggal ||

7. ingsun ningali maesa | kathahe amung kêkalih | nanging têlu sirahira | mara badhenên kang titis | Gatholoco miyarsi | purak-purak tan sumurup | malênggong aplingukan | kêcap-kêcap angucêmil | Nonokbotol guyunira latah-latah ||

8. sira manèh yèn bisaa | anjawab cangkriman mami | dhapurmu ala tur kiwa | Gatholoco anauri | buh bênêr êmbuh sisip | kang dadi pêmbatang ingsun | iku cangkrimanira | yèn salah ja ngisin-isin | sun badhene puniku cangkrimanira ||

9. padha sira sêksènana | wong papat kang anèng ngriki | sun jawabe yèn tan lêpat | Nokbotol cangkrimannèki | wit agung mung sawiji | iya iku têgêsipun | papat iku keblatnya | godhong rolas iku sasi | trubus nênêm windu pange wolu warsa ||

10. kêmbang tan winilang lintang | woh loro [lo...]

--- 139 ---

[...ro] surya lan sasi | puniku ingkang satunggal | dene ta ingkang sawiji | sira iku ningali | kêbo loro êndhas têlu | iku wus dadi lumrah | kêbo ngalam donya iki | lanang wadon kêtêl wulu sirahira ||

11. Ki Gatholoco angucap | apa bênêr apa sisip | puniku pambatang ingwang | mring cangkrimanira iki | Nonokbotol miyarsi | yèn kajawab sualipun | mundur gènira lênggah | sêdhot mungkur sarwi nglirik | bari ngucap yèn wis kalah bantah ingwang ||

12. ingsun urus arahira | Jidhulmêndut kang gumanti | wus ajêng-ajêngan lênggah | Gatholoco lingnya aris | apa sualmu iki | sun jawabe yèn tan luput | Jidhulmêndut angucap | punika cangkriman mami | lah badhenên kang pratela jawabira ||

13. ing ngêndi prênahe iman | ing ngêndi prênahe budi | ing ngêndi prênahe kuwat | apa kang ngluwihi pait | miwah kang luwih manis | luwih atos saking watu | apa kang luwih jêmbar | sangking jêmbare kang bumi | apa ingkang luwih luhur sangking wiyat ||

14. apa ingkang luwih panas | sangking panase kang api | luwih adhêm sangking toya | luwih pêtêng sangking

--- 140 ---

wêngi | êndi kang ran ningali | lan êndi kang luwih luhur | êndi kang luwih andhap | apa ingkang luwih gêlis | akèh êndi wong gêsang lawan wong pêjah ||

15. wong sugih lawan wong nistha | tyang jalu lawan wong èstri | tyang kapir lawan wong Islam | puniku akèh kang êndi | lawan ingsun ningali | ana siji manuk platuk | wraksa kang kathotholan | lawas-lawas sun tingali | platuk iku dadi awak-awakira ||

16. Gatholoco duk miyarsa | api-api tan mangêrti | Jidhulmêndut latah-latah | Ki Gatholoco mêrngingis | wusana muwus aglis | pêrnahing iman puniku | anèng jantung gènira | ing utêk pêrnahing budi | otot balung punika pêrnahing kuwat ||

17. pêrnahe wirang ing netra | ing donya kang luwih pait | atine wong kang mêlarat | dene ingkang luwih manis | atine wong kang sugih | dening wong kang luwih dumuh | wong blilu tan wêruh sastra |[119] dene kang aran ningali | iya janma kang wikan ngèlmuning Allah ||

18. kang êndi kang luwih panas | ing donya kang luwih gêlis | ingkang luwih bungahira | iku pamarning[120] Hyang Widi | kang ămba luwih bumi | punika pandêlêng iku |

--- 141 ---

landhêp luwihing braja | iku atine wong laip | ingkang adhêm luwih toya ati sabar ||

19. kang luwih atosing sela | atine wong dhangkal pikir | atinira wong brangasan | ingkang panas sangking gêni | wong jalu lan èstri |[121] yêkti kathah èstrinipun | sanadyan lair lanang | tan wêruh têgêse laki | sasat èstri yêktine janma punika ||

20. wong mati lawan wong gêsang | sayêkti kathah wong mati | sanadyan wujude gêsang | yèn tanpa budi pangêrti | yêktine sasat mati | wong sugih lan nistha iku | yêkti kathah kang nistha | nadyan sugih mas lan picis | lamun bodho kawruh lawan batinira ||

21. sayêktine iku nistha | tan duwe pakêrti benjing | yèn sira ing rahmatullah | wong Islam kalawan kapir | nadyan Islama lair | yèn tan ana anggitipun | kalamun datan wikan | pêrnatanira agami | têtêp kapir yêktine janma punika ||

22. dene ta cangkrimanira | sira iku wus ningali | kang pêksi platuk satunggal | anotholi kayu aking | yèn wus ganêp sêsasi | platuk iku karyanipun | kayu kang thinotholan | bolong sêdhêng

--- 142 ---

dèn lêboni | iya iku karyane ginawe omah ||

23. lamun wus ganêp sawulan | yêkti sêdhêng dèn lêboni | Jidhulmêndut amiyarsa | yèn kajawab bantahnèki | angucap jroning ati | katiwasan raganingsun | tan ngira-ira pisan | dhapur mêsum anjêginggis | bisa jawab bantahku tanpa wilangan ||

24. sigra mundur gènnya lênggah | sarwi awêcana manis | wus bênêr pambatangira | kabèh ora ana sisip | sarèhira nglakoni | ngadêg Êmban Turukgêmbuk | ajêng-ajêngan lênggah | ni êmban wacana manis | lah badhenên gus ngantèn cangkriman kula ||

25. kabèh ingkang sipat gêsang | kang ana ing donya iki | ucapira pirang kêcap | lèk lu iku yêkti klimis | Gatholoco miyarsi | api-api tan sumurup | malêlêng palingukan | gèdhèg-gèdhèg angucêmil | Turukgêmbuk gumuyu alatah-latah ||

26. sarwi kêplok bokongira | angucap angisin-isin | sira manèh yèn bisaa | anjawab cangkriman mami | dhapurmu anjêginggis | kaya hantu lara ngêlu | Gatholoco angucap | buh bênêr lupute iki | pambatangku punika cangkrimanira ||

--- 143 ---

27. têlèk nèng alu lêsungan | yèn dicêkêl mêsthi amis | pan ingsun durung wuninga | ana têlèk mambu wangi | Turukgêmbuk miyarsi | yèn kajawab sualipun | rumăngsa katiwasan | nora wurung bilaèni | sêdhot mungkur amundur ing lênggahira ||

28. angucap ingsun wus kalah | saprentahmu sun lakoni | Dudulmêndut majêng lênggah | wus ajêng-ajêngan linggih | pangucapira bêngis | lah badhenên cangkrimanku | isine ngalam donya | kèhe ana pirang warni | lawan pira rasane lamun pinangan ||

29. sun andulu wujudira | adêge wolung prakawis | pikukuhe raga tunggal | sipat papat keblat kalih | patbêlas ingkang kèri | kang loro tutup-tinutup | samya manjêr gandera | kêkalih pating karingih | lah badhenên punika cangkriman kula ||

30. Gatholoco amiyarsa | api-api tan mangêrti | dhêlêg-dhêlêg datan jawab | Dudulmêndut aningali | gumuyu tutup rai | sarwi kêplok babokongipun |[122] sira manèh bisaa | dhapurmu irêng basisik | amung sira ratu ala ngalam donya ||

31. Gatholoco alon ngucap |

--- 144 ---

buh bênêr buh luput iki | kang dadi pambatang ingwang | badhe cangkrimanmu iki | isine donya iki | amung sanga kathahipun | ingkang kinarya etang | angkane mung sangang iji | ora ana ingkang luwih sangking sanga ||

32. yèn uwis jangkêp sadasa | bali marang siji malih | puniku pratandhanira | isine donya puniki | pan amung sanga iki | anadene rupanipun | puniku nêm prakara | putih ijo lawan kuning | abang irêng biru laut iku têlas ||

33. liyane sangking punika | nora ana rupa malih | dene ingkang măncawarna | padha ngêmu rasa sami | dene ingkang binukti | amung wolu kathahipun | lêgi gurih punika | pait gêtir pêdhês asin | sêpêt kêcut gênêpe wolung prakara ||

34. adu bokong têgêsira | ya puniki asu anjing | padha adu bokongira | sukunira wolung iji | keblatira kêkalih | madhêp ngalor lawan ngidul | sipatira papat |[123] matanira patang iji | lawangane patbêlas iku kèhira ||

35. cangkêm irung miwah karna | silitira miwah pêrji | kabèh gunggunge

--- 145 ---

patbêlas | kang tutup-tinutup sami | panjinge dakar lan pêrji |[124] pating krêngih êndêmipun | umbul-umbul pulêtan | kêkalih buntute iki | ting kalêcir puniku pambatang ingwang ||

36. Gatholoco malih mujar | apa bênêr apa sisip | puniku pambatang ingwang | Dudulmêndut amiyarsi | kajawab sualnèki | langkung susahing tyasipun | baya wis takdiring Hyang | pinasthi tan kêna gingsir | wong mangkono ingkang nganthi jênêng ingwang ||

9. Kinanthi

1. Ni Dudulmêndut tumungkul | sarwi awacana manis | ya wis kalah bantah ingwang | sakarêpmu sun lakoni | sigra mundur gènnya lênggah | kêlangkung nahan prihatin ||

2. amung kantun rêtnaningrum | Rêtna Dèwi Pêrjiwati | wus ajêng-ajêngan lênggah | Ki Gatholoco lingnya ris | saiki kari pribadya | êmbane kêlawan cantrik ||

3. padha kalah bantahipun | mung kari sira pribadi | apa nutut apa băngga | sabudimu sun kêmbari | Pêrjiwati angandika | luwih karêpira iki ||

4. yèn sira ngarani têluk | yêktine têluk wak mami | yèn sira ngarani băngga | sayêktine ingsun wani | mung iki cangkrimaningwang | kathahe tigang prakawis ||

5. jawabên ingkang dumunung | yèn sira [si...]

--- 146 ---

[...ra] bisa jarwani | sun yêkti têluk mring sira | yèn sira nora mangêrti | sayêktine ingsun băngga | Ki Gatholoco lingnya ris ||

6. kaya priye cangkrimanmu | sun jawabe padha mangkin | Pêrjiwati angandika | punika cangkriman mami | kathahe tigang prakara | jawabên dipun patitis ||

7. dunungna ingkang dumunung | têgêse wong laki rabi | lan têgêse wadon lanang | têgêse jajodhon iki | Gatholoco saurira | jangan susah-susah ati ||

8. iya iku gampang-gumpung | cangkrimanira puniki | tradhak susah cari akal | sêkarang jugak mangêrti | punika cangkrimanira | lanang wadon têgêsnèki ||

9. basa lanang têgêsipun | ala kang têmênan iki | iya iku rupaningwang | sayêkti ala ngluwihi | wadon iku têgêsira | basa wadon iku wadi ||

10. wadine wong wadon iku | iya wujudira iki | sayêkti ala kaliwat | dunung asale puniki | acampur kalawan priya | nuduhna kang ala iki ||

11. mula rabi aranipun | wong lanang amêngku èstri | ngrahabi sadayanira | kang ala lawan kang bêcik | mula lanang aranira | aja nglendhot marang èstri ||

Tamat.

 


Ditulis dengan huruf Arab. (kembali)
Lebih satu suku kata: sun iki aparing warti. (kembali)
Lebih dua suku kata: paring wruh sudara samya. (kembali)
Lebih satu suku kata: prayoga wong nèng dunya. (kembali)
Lebih satu suku kata: takona mring wong tuwa. (kembali)
Lebih satu suku kata: dèn padha kawruhana. (kembali)
Lebih satu suku kata: wujud gusti kawula. (kembali)
Lebih satu suku kata: kuda ngrap ing pandêngan. (kembali)
Lebih dua suku kata: siti pinêndhêm ing bumi. (kembali)
10 Lebih satu suku kata: warăndha durung krama. (kembali)
11 Lebih satu suku kata: rinangkêp sabar drana. (kembali)
12 Lebih satu suku kata: têmêne kurang tapane. (kembali)
13 Lebih satu suku kata: ngakên têngahing jagad. (kembali)
14 Lebih satu suku kata: kitab Bahrulkalbi nèng ngarsèki. (kembali)
15 Kurang satu suku kata: milanya inganggit. (kembali)
16 Kurang satu suku kata: kabèh iku ingkang saprandene. (kembali)
17 Kurang satu suku kata: kang sajuga inggih pêparabe. (kembali)
18 Kurang satu suku kata: Amat Ngarib Duljabar puniki. (kembali)
19 Lebih satu suku kata: Ngabdul Manap katri. (kembali)
20 Kurang satu suku kata: sajuga ari gurune kabèh. (kembali)
21 Lebih satu suku kata: juga nami San Mustahal iki. (kembali)
22 Kurang satu suku kata: samya runtik ing sajroning ati. (kembali)
23 Kurang satu suku kata: sruwal mori rinangkêpan kalih. (kembali)
24 Lebih satu suku kata: sabuk polèng sap pitu lêmbare. (kembali)
25 Kurang satu suku kata: wayahira êjam pitu enjing. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: samya ngangge gamparan kathêklik. (kembali)
27 kang. (kembali)
28 Lebih satu suku kata: pipi klungsur kuping pêrut bangkrut sami. (kembali)
29 Lebih satu suku kata: clupak irêng tur dawa. (kembali)
30 Kurang satu suku kata: kêna kukusing pêga ing sabên ari. (kembali)
31 Lebih satu suku kata: menga-mengo nutupi rai. (kembali)
32 Lebih satu suku kata: janma tan lumrah janma. (kembali)
33 Kurang satu suku kata: sajêg jumblêk ingsun manggon anèng bumi. (kembali)
34 Lebih satu suku kata: sarwi nolih ngandika mring sabat. (kembali)
35 Lebih satu suku kata: kang prapta ngrungu wuwus. (kembali)
36 Kurang dua suku kata: badan kulit lawan dagingira. (kembali)
37 Kurang satu suku kata: lawan wismane kang sayêkti. (kembali)
38 Lebih satu suku kata: awake tan mambu toya. (kembali)
39 Lebih satu suku kata: wismaku têngah jagad. (kembali)
40 Lebih satu suku kata: guru tiga ngrungu. (kembali)
41 Lebih tiga suku kata: dening kapingkêl klangkung. (kembali)
42 Lebih satu suku kata: sabat nênêm kêpuyuh. (kembali)
43 Kurang satu suku kata: lamun pêjah karam tan manjing suwargi. (kembali)
44 Lebih satu suku kata: pêrjiku apa rupane. (kembali)
45 Lebih satu suku kata: asal sun iki lêmah. (kembali)
46 Lebih satu suku kata: batinmu iku salah. (kembali)
47 sona. (kembali)
48 Lebih satu suku kata: kalal lwih sangking menda. (kembali)
49 Lebih satu suku kata: lamun asale jujur. (kembali)
50 Lebih satu suku kata: guru tiga samyojar. (kembali)
51 Lebih satu suku kata: tainira kang dèn simpêni. (kembali)
52 Kurang satu suku kata: pêpanganan ingkang enak-enak. (kembali)
53 Lebih satu suku kata: dèn anggo lan dèn pangan. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: ingkang sun pangan ing sabên ari. (kembali)
55 Kurang dua suku kata: melik ingkang lêgi panas-panas. (kembali)
56 Lebih satu suku kata: klèlèt kang ingsun pangan. (kembali)
57 Lebih satu suku kata: ngising tai kang mêtu silit. (kembali)
58 Kurang satu suku kata: lah mara nyatakêna. (kembali)
59 Lebih satu suku kata: guru tri duwe nala. (kembali)
60 Lebih satu suku kata: mundhut klèlèt candu. (kembali)
61 Ditulis dengan huruf Arab (dan di tempat lain). (kembali)
62 Lebih dua suku kata: sun nêmu critanira. (kembali)
63 Lebih satu suku kata: siya-siya uripmu. (kembali)
64 Lebih satu suku kata: blêbêgên swaranira. (kembali)
65 Lebih satu suku kata: ing pratikêl dursila. (kembali)
66 Kurang satu suku kata: datan wurung katularan. (kembali)
67 Lebih satu suku kata: prandene kêlir lan dhalang. (kembali)
68 Lebih satu suku kata: prandene dhalang puniku. (kembali)
69 Lebih satu suku kata: pambadhenira salah. (kembali)
70 Lebih satu suku kata: upama wong nanggap wayang. (kembali)
71 Kurang satu suku kata: kawruh lawan kinawruhan. (kembali)
72 Kurang satu suku kata: kalawan kang tiningalan. (kembali)
73 Kurang satu suku kata: kang nonton mung kang ananggap. (kembali)
74 Ditulis dengan huruf Arab (dan ditempat lain). (kembali)
75 Lebih satu suku kata: nyrambahi badinira. (kembali)
76 Lebih satu suku kata: ja lumrah janma kathah. (kembali)
77 Lebih satu suku kata: dikira madu măngsa. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: manut ing kitab tab-taban. (kembali)
79 Lebih satu suku kata: mung krasa klèlèt pêrji. (kembali)
80 Lebih satu suku kata: de sira pinaringan. (kembali)
81 Lebih satu suku kata: yèn tan wruh matanira. (kembali)
82 Lebih dua suku kata: saingga sun pêthuka. (kembali)
83 Kurang satu suku kata: iya ingkang nyimpêni. (kembali)
84 Lebih satu suku kata: supaya ja kongsi salah. (kembali)
85 Lebih satu suku kata: apa sabab nora nêbut dewanira. (kembali)
86 Lebih dua suku kata: saiki ratu nalar. (kembali)
87 Lebih satu suku kata: manawa katularan. (kembali)
88 Lebih satu suku kata: sarêng misuh truk biyangmu. (kembali)
89 Lebih satu suku kata: sira nuduhkên byang ingwang. (kembali)
90 Kurang satu suku kata: mung jrone ingsun gugoni. (kembali)
91 Lebih satu suku kata: dene ragèngsun iki. (kembali)
92 Lebih satu suku kata: nalika ngalam donya. (kembali)
93 Lebih satu suku kata: sêpasar lêstari siyang. (kembali)
94 Lebih satu suku kata: paring sagung kang gêsang. (kembali)
95 Lebih satu suku kata: sun tan duwe apa-apa. (kembali)
96 Lebih satu suku kata: kang langgêng swarga iki. (kembali)
97 Lebih satu suku kata: yèn mêngkono ya sira. (kembali)
98 Lebih satu suku kata: sapisan nyuduk janmi. (kembali)
99 Lebih satu suku kata: yèn sida untung apa. (kembali)
100 sinêlanan. (kembali)
101 rasulollah. (kembali)
102 aglagêpan. (kembali)
103 bêdudane. (kembali)
104 Kurang satu suku kata: Kiyai Kasan Mustahal. (kembali)
105 murtad. (kembali)
106 Lebih satu suku kata: krana kabèh iku Allah wus ngêrti. (kembali)
107 Lebih satu suku kata: marang Hyang Maha Mulya. (kembali)
108 Kurang satu suku kata: nênuwun marang Pangeran. (kembali)
109 Lebih satu suku kata: bahrul kalbi ranira. (kembali)
110 Lebih satu suku kata: iku durung linairke. (kembali)
111 Lebih satu suku kata: apan kalantur-lantur. (kembali)
112 Kurang satu suku kata: Gatholoco dènnya alumaku. (kembali)
113 Lebih satu suku kata: jêjanggan lan pra wiku. (kembali)
114 Kurang satu suku kata: rêsi buyut masesèng manguyu. (kembali)
115 Kurang satu suku kata: pês-apêse timbang kang dipun tampèni. (kembali)
116 Lebih satu suku kata: tan na wikan ing ngriku. (kembali)
117 Lebih satu suku kata: mêk-mêk prêmbayun kalih. (kembali)
118 watara. (kembali)
119 Lebih satu suku kata: wong blilu tan wruh sastra. (kembali)
120 parmaning. (kembali)
121 Kurang satu suku kata: wong jalu lawan èstri. (kembali)
122 Lebih satu suku kata: sarwi kêplok bokongipun. (kembali)
123 Kurang satu suku kata: sipatira apapat. (kembali)
124 Lebih satu suku kata: panjinge dakar pêrji. (kembali)