Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707

JudulCitra
Terakhir diubah: 22-01-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Surya Ngalam[1]

--- [f. 1r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 1 dari 86

[...]

--- [f. 1v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 2 dari 86

Punika wontên ratu cinarita, bisikanira ratu, Sultan Suryangalam. Kêdhatonipun ing Ngallahulah, mitraning rasul, Sultan Suryangalam cinarita, kang cinaritakakên sang prabu ing Ngatasangin, Sang Titijagat. Karanira Sang Titijagat, cinaritakakên dening Sultan Suryangalam, dene amadhangi nêgara. Anadene padu sèwu pitung atus pitu. Pakêm ingkang mêgat padu, satus patang puluh sêkawan. Ratu iku nyata, yèn jênênging ratu suh sirna ing balane. Anglimputi ing sarirane. Dene mantêp sak ubayane. Ing piyambakira, dadi wêdhar ing budine. Tan gingsir ing pangadikane. Tan amicara kêkasihe, tan sêngit

--- [f. 2r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 3 dari 86

ing satrune. Tan abêcikakên ing badane dhewe, miwah rusaking nêgara. Wiyose ratu iku dèn angêtrapêna ukumollah nadyan tanganira kiwa, kang durjana. Tanganira têngên kang angêtrapêna. Tangan têngên kang durjana. Tangan kiwa angêtrapêna. Ya kang dèn jênêngakên adillolah bêlaka. Ya ta Sang Titijagat, akirtya tita syara. Kang ingaranan jêksa. Kang wrêruh sadurung ingucap. Kang sampun nyata aksarane. Tigang prakara. Iki aksarane. A. Yèn ana bênêr pangèksine. Kang apadu. Ing karone. Atanapi yèn tan bênêra. Gène angalahêna paduning wong kang apadu. Miwah yèn ora atinggala pangucape wong

--- [f. 2v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 4 dari 86

apadu. Kang kocap sajroning tutur iku jêksa kang pinindha tapake ilate. Jêjênêng yèn ora kaya katula. Sinupit wêsi abang cangkême. Pinêrung kupinge karo. Panglakune yèn ora bênêr gone anênulisi pêsthi tinugêl tangane karo. Cinoplok matane karo, yèn ora tinatrapêna saukume. Binuwang sangking nêgara. Ingalasakên. Yèn sang ratu ngeman mring balane, yèn wus gênêp sataun. Ingundang malih. Yèn anglakoni sapêpakême aksarane. Angowahi sêbdaning Allah. Kang tinimbalakên dhatêng Rasullulah Salallahu Ngalèhi Wasalam. Wiyose dèn jumênêng kalih prakara. Karihin agama. Kaping

--- [f. 3r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 5 dari 86

kalih parentahing drigama. Kang tinurunakên sajagat iki. Wiyose dèn abênêr gonira anêrapakên kunthara agama.

Punika prabuning jêksa patang prakara. Jêksa Wirupêksa, kang amarani wong apadu, angiloni wong rêruba. Jêksa Patrakilasa kang tunggal solah bawane, kalah kang padu, ngadili ing dhêdhêmênane. Jêksa Pramana, kang nglakokakên saujaring sastra. Ora angurangi ora angluwihi. Ora dhêmên ing kêkasihe. Tan asêngit ing satrune. Jêksa Amijaya. Kang olèh dunya ngakherat. Bênêr ujaring kuntharane nabi. Lamun tan patut lan kukumollah. Ora dèn dhawuhakên bênêre. Yèn ora bênêr gone anêrapakên [anêrapa...]

--- [f. 3v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 6 dari 86

[...kên] adil saujare sastrane. Lêlerongana idêrêna pasar. Yèn ana kang mêmancèni, marang rêrasaning padu pradata. Tan bênêr gone amêmancèni. Tatrapêna saha dhêndha, saajining jêksa. Dêndha sakêthi. Pangulu jêksa pêpatih. Êmbananing sêsotya. Kang minăngka sêsotyane nêgara. Ratu kang nora duwèni kêkasih. Pangulu pangliwarane ngratu. Rahing mantri pêpatih, pangliwaraning jêksa. Iku kang padha tirta calasarioma. Wiyose jêksa pêpatih adipati, pan tunggal budi saujude. Dening padha wicêksana. Padha kulane nayagatraning jalma. Sila iku panggawening pangucap. Pangucap iku panggawening tingal.

--- [f. 4r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 7 dari 86

Tingal iku pênggawening ati. Ati iku pênggawening urip. Urip iku pênggawening Sukma. Sukma iku patang prakara patuduhane. Iku mulane Sang Titijagat, cinaritakakên dening Sultan Suryangalam. Ing adillolah. Dening Sang Titijagat. Akitya titi syara.

Ugêr-ugêr amêgat padu pradata. Tigang prakara. Tata. Titi. Karta. Tri rasa upaya. Tata, pangucap sakêcap. Titi, padhanging laku satindak, karta, panjinging tarka. Patang prakara tri rasa upaya. Têgêse tri têtêlu rasa sawiji. Pêncare nênêm. Kang tan kêna pisah. Lan tinunggalakên. Dhingin [dhing...]

--- [f. 4v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 8 dari 86

[...ngin] parentah. Kaping kalih ukumullah. Kaping tiga padu pradata. Têgêse tri rasa upaya paesan tunggal, roro kang angilo, lirna parentah, padu pradata, ukumullah, kang dèn kadi pangilon. Iku tunggal tri rasa upaya. Pisahe tri rasa upaya. Dhingin parentah. Kaping kalih ukumullah. Kaping tiga padu. Kaping pat pradata. Iku ora kêna winor awasêna dèn awas. Aja sira gêgampang. Aja tinggal karêping sastra. Awasêna dèn awas lungguhe. Yèn kalêbu sangang prakara, parentah kang aduwe gêgadhangan. Yèn kalêbu tigang prakara padha kang aduwe gadhangan. Yèn kalêbu pitung prakara, pradata kang aduwe gadhangan.

--- [f. 5r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 9 dari 86

Punika si, parentah kang aksara patang prakara. Guntur. Anila. Bêna. Gêni. Kang lumrah ing nêgara, kalaju mungsuh parentahing ratu. Angsaling ratu, salin pêpatih. Cilaga prêrasi. Wong sabrang kang tan bawa pangucape, iku kang nora rinasan, padu pradatane. Puniki sirahing padu, tigang prakara, kirya, wikirya. Tuwawa, tan tuwawa. Witana tan witana. Puniki sirah pradata pitung praka.[2] Cina, bokti, lari, sètmata, pramana, êlos, ikrare dhewe. Kang tan sinangsara. Puniku kawruhana dèn awas. Yèn tarta sètmata. Cina pradata lungguhe. Mulih sakawit bênêre. Sarta lan dhêndhan. Yèn tarta syara tidarsa. Loking kagada mêmaling

--- [f. 5v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 10 dari 86

padu lungguhe. Pajêgan lakune. Sarta lan dhêndha.

Puniki gone angawasakên sadasa prakara. Karihin pasèrène. Kaping kalih pasaide. Kaping tiga srêrêgane, kaping pat parasine. Kaping lima artane. Kaping nêm sêksine. Kaping pitu tuture. Kaping walu kowêle. Kaping sanga kêndêle. Kaping sadasa, sêsandhane. Iku sira dèn awas panjinge lan orane. Kawruhana wong apadu iku akèh agawe-gawe. Ujar ing sira dèn nyata. Aja sira gêgampang padu pradata.

Puniki pamêgat wong padu ing pradata. Tigang dasa prakara. Karihin kalêbêt bumi, amèta kadang. Tinarka durjana. Amêgati wong padu. Wong mêgati bêbaya. Dadi wong nêtêpi durjanane. Kaping kalih akondhang ciri, artine amuwuhi [a...]

--- [f. 6r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 11 dari 86

[...muwuhi] sastra. Sajabaning titi. Kaping tiga angamuk punggung. Yêktine amêrang-mêrang têtanduran. Tandurane dhewe, kaping pat amutung pêmatange. Yêktine sanjroning anrêrêg mêlayu. Atinggal gustine. Kaping lima kalêbêt ing sarudita. Artine pocapane suda wuwuh. Kaping nêm kalêbêt arekapatra. Yêktine tulise amaworakên sajroning tulis. Pitung prakara kalêbêt anirna nirdaprana. Artine wong arêp matèni. Damare mungsuhe. Walung prakara, kalêbêt ing wong masang damar ing atariksa.[3] Artine sêksine dèn unggahakên tuture. Sangang prakara kalêbêt areka worona. Têgêse pangucape ora mêtu ing gustine dhewe

--- [f. 6v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 12 dari 86

mêtu sangking wong agung liyan. Sadasa prakara, kalêbêt anirda sabcaya. Artine wong anêrka tanpa sêksi, tanpa sosoran, tanpa srêrêgan. Sawêlas prakara. Kalêbêt ina pralambi. Artine anêkêl cina ing dêdalan, tan awarta ingkang duwe bumi, lan ora agêndhong atitir. Kalih wêlas prakara, kalêbêt anginte wantah. Têgêse, sarune sêksine dèn gawa ngarêpaning jêksa. Tiga wêlas prakara, kalêbêt santosa nukma sapramana. Artine wong mênang padune, pramana, antuk piyagêm, pamênange sampun katampan dhatêng jêksa, kang mênang nora nana rupane malah ora wênang ambalèkêna marang kang kalah. Tan wênang sungna sudarane, tan wênang sungna sang prabu, sayogya tumbasêna dandananing

--- [f. 7r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 13 dari 86

aprang, utawa karêtêg. Patbêlas prakara, kalêbêt sêksi rumêmbe. Artine sêksine mung sawiji. Tinakonan angaku wong papat. Limalas prakara, kalêbêt angêmban patra praloya. Artine papêgataning titimăngsa. Kaping nêmbêlas kalêbêt tilikur raja. Artine angungsèkakên pangucape marang wong agung. Kaping pitulas kalêbêt ing cedra pati, artine angukuhi utang-utanganing wong. Kaping walulas kalêbêt ing pralaya. Artine anggugah sêsandhangan wong mati. Kaping sangalas kalêbêt ina pradona surya. Artine patukune tanpa beya sêksi. Kaping kalih dasa kalêbêt anilat tangra artine abot parbeyane. Kaping sasalikur,[4] amutung rinakitan. Artine

--- [f. 7v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 14 dari 86

anglakoni sêksi wus ubaya, têka ora wani utawa ora wêwarah lungane. Kalih likur kalêbêt anambung watang bubukên. Artine watange tuna liwat. Kaping tiga likur kalêbêt aninggal pugêran. Artine wus bêbeya, tutur patang wêton, tan ana mêtoni, palakirta. Kaping patlikur, kalêbêt pănca prakopa. Artine dêksura pangucape, saru polahe ngarêping jêksa. Kaping sêlawe kalêbêt anukma ing wêcana. Artine asring anyèrèd basa. Kaping nêmlikur kalêbêt păncarêsi. Artine ngalingi tulise dhewe. Kaping pitu likur kalêbêt andiyurêksa. Artine anaru parentahing jêksa. Kaping walu likur, kalêbêt surya căndra, miruda wêcana. Artine

--- [f. 8r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 15 dari 86

pangucape suda wuwuh. Kaping sanga likur, kalêbêt tri rasa upaya. Artine nalini tulis kang wus kasrah ing jêksa. Kaping tigang dasa, kalêbêt ing sabda maleprana, artine agawe-gawe ujar, atinggal lare mêtêng.

Punika pamêgat padu walung prakara. Karihin kalêbêt bahning prakopa, anukma salampah, tan wruh ing wisa, mungsuh. Artine sêksi kalawan sêsandhan, sampun kêlakon dadi panglampah, jêjênêng ingkang angrasani tan karsa andawa sapocapan. Lan saksi kawal, sêsandhan, iya iku jêksa nêluh wong padu, êndi ingkang katiling kalah padune. Ingkang kalih prakara, kalêbêt anggop ing asabda, pralaya. Artine [arti...]

--- [f. 8v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 16 dari 86

[...ne] anyalong[5] pocapaning sêksi, kang wus ginambar ing ngarêpaning jêksa. Tigang prakara kalêbêt wilutara. Artine sêksine kawêlèh sêsandhan, ora kaya kang saujare ingkang aduwe sêksi. Patang prakara kalêbêt ing bahni andhasthi anumpang tayi. Artine ana wong nawati ujar, măngka tan sinambat maring wong kang apadu, karone êndi kang dèn iloni, dadi kalah. Kaping lima kalêbêt angadhang tarka. Artine tarkane kaya kêmbang satamanan, dèn dêlajahi. Kaping nêm, kalêbêt angliga padaya. Artine agawe sêsandhan, wong ora nana rupane. Pitung prakara kalêbêt calawade. Artine anali layang papag. Walung prakara kalêbêt anganggo tri sabda, pralaya. Artine wong asaid anêrêg [anêrê...]

--- [f. 9r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 17 dari 86

[...g] têrkane kajarah kabêradhat.

Punika pamêgat padu ing pradata, kalih dasa prakara. Anyalawadi atine sajakipun seyos lan tuture, akirya dasih, artine sanggup wêruh ora wêruh, anirpaksa wêruh angaku ora wêruh, aniryukti arah, pêtêng sapêngarahe, angayawara artine, panêrkane nora tumancêb umahe. Toya marta, artine sajroning tinarka, anêningidakên, anduwara sabda. Artine sêksine dèn moti ujar dhingin, sudra kang winayang gone. Atine sêksine ora padha lan kawruhe. Areka pandaya, artine katêmu gêgunêman, kalih sêsandhan. Sambaga sabda pralaya. Artine kalakinangsi dèn aku mungsuhe, [mung...]

--- [f. 9v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 18 dari 86

[...suhe,] karo tuture seje, kang dèn unèkakên, gèsèh karo tulise. Păncabakah, artine sèjèn tuture padha rewange dhewe, agêdhong sêksi, artine kêndêle pêsaide, orana sêksine, ambirat sêksi kêndêle pêsaide, ana saksine, ing tuture ora ana sêksine. Akirya drasthi sajroning kinang, apapol utawa ngalih abubrah umah, angalih lawang, anglega pralena. Artine kala kelang-kelangan, tan awarti marang kang têngga nêgari, anirda sêncaya. Artine anênitik tan awarti, marang ingkang duwe bumi, prayayi patra artine, tan niyosi ubayane tulise dhewe, miruda wisa aroga [a...]

--- [f. 10r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 19 dari 86

[...roga] sabda, kitir yêkti pralaya. Artine sêksine kawal sêsandhan, yèn ana amangsuli karane sapocapan, tanpa dadia, andêdamar tanggal pisan kapurnaman. Artine sêpine wêrana, pasaide pasrêrêgane, saujare tanpa dadia, andêdamar padhang bulan, kasuluhan dhatêng lintang. Artine kang anarka, lan kang tinarka, asanggup olèh tulising bumi, miwah sanggup kinongkon nanging nora nana yêktine.

Punika pamêgat padu ing pradata walulas prakara. Păncarêsi, artine asring tutur marang ngarêpaning jêksa. Taurêksa artine mangku paduning liyan, angaku tan amuwuhi, sarta amèwèhakên, [amè...]

--- [f. 10v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 20 dari 86

[...wèhakên,] darbèking wong. Driyarêksa artine anaru pangucaping jêksa, kang abênêr. Tri sabda, artine asring liyakakên padu. Awadridesa, artine, angaku mungsuhe tur dudu. Sukasadriya, artine saru wicaranya madal pasilan. Bahning jayapramana, artine, umahe wong kêdalanan dening maling, tilas alangan bacut anambegapati. Artine bumi anênitik, tilasing palsu, miwah tilasing maling, tilas tiba bumining wong dèn tinggal, patinggale ora lan bumi, loking kacina, artine pênganggene, along kari, soking kabokti. Artine, kanggonan darbèking wong kêmalingan. Pănca prakopa artine, owah silanya, owah cahyanya, owah pangucapnya

--- [f. 11r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 21 dari 86

owah polahnya, owah kramanya, santoka nukma pramona. Artine, wong kang kinang ora nana rupane salah sawiji.

Punika pamêgating padu pradata slawe prakara. Ina sêksi artine, sêksine ora wrêruh rupane, kang dèn sêksèni. Ina sabda artine hong mawara bumi. Ina ciri, artine anggon-anggon adhustha kari, măngka dèn juput, ora sarta wara lan bumi. Ina watang, artine kêndhiting bima dèn gawe watang. Ina patra artine, layange papag, tan ana titimangsane. Akundhang sêksi, artine, satrune mungsuhe dèn gawe sêksi, artine wong buru maling, dèn tutakên, ana bumining wong gêgamaning maling along [a...]

--- [f. 11v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 22 dari 86

[...long] kari, têka dèn juput, sanggup gamane dhewe, angadhang sêksi artine, sêksine dèn unggahakên, tuture, jênênge pangucape, akundhang watang, artine watange dèn kêkêp rina wêngi, anggagahi watang artine, anggêntèni watang kang nora nana, angamuk sêksi, artine sêksine dèn tampik dhewe, angaku sêksi artine sêksine sudarane, dèn aku, ran nêbus cina, artine, olèh mêmaling along kari, măngka atitir angaku kêmalingan, anêbus watang artine, abdine kang dèn pradikakakên, dèn gawe watang, akahdang[6] sêksi, artine wong tiyasa, dèn wèwèhi. Tidarsagada, kang nyata lêksanane, artine

--- [f. 12r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 23 dari 86

ora nana wong kêmalingan, saba karangnya, tan milu atandang, agêndhong, atitir miwah apa sak solahnya. Padha angêmu wadi artine sajroning wiwaha, ana kang dèn têrka, sak liring trêkanya, kesah angaku ana, tandang, nipranamiya tandang watang bubukên, artine sanake dèn gawe watang. Ambêk suka, artine, amêmarahi jêksa, miwah jêjênêng. Anilatkara, artine anguncali beya badhe marang jêksa. Anggênimaya, artine, ora mêtoni beya badhene. Tunggal andaya, artine wong apadu. Anglorod pajêgane, dhewe tanpa krama dhêndhane, sakêthi, supatayi artine, ora sêksêksi[7] ing jêksa, kari-kari ngaku sêksi. Patradrana anawung [a...]

--- [f. 12v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 24 dari 86

[...nawung] pralaya, artine ana saksi kang tinakonan, ujare ora wrêruh, yèn sampun katulis sanggub wêruh.

Punika pamêgat padu ing pradata. Pitulas prakara. Anumpangkara, artine wong agugat lan mêtu beyane, atawa gadhene. Sudranosa, artine wong kang nora lana, pocapane. Analawadi, artine, sarewange padha anênitik tilasing maling, tapaking wong dene dudu awatuk dudu watuke, pulih ora sama cayadwitarsa. Madrasona, artine, wong anêrka wong orana makame, tan ana jamane. Agalimarsona, artine wong anarka ing jaman, tanpa makam, artine atatu sanggupe, dèn suduk ing maling, atawa kasudukan, atitir kasaidan, [ka...]

--- [f. 13r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 25 dari 86

[...saidan,] sakèhing bumi, kari-kari ana wong nitik sarta titir klarine malêbêt marang umah, angaku sinuduk ing maling, katitik tabêting maling, kang kasuduk tandhane kêmalingan, kêlarih kacina bukti, kadêdêg dhatêng bumi desa, kang titir dhingin têke mati ngulone, miwah yèn ana wong kasudukan, sabêt sapuning wong, tatkala wêngi, tanpa cina, tanpa bukti, rabi tan wênang pinaradhah. Yèn si kang katumbak duwe gugat manjing, kang anumbak dadi ănggasyara, linampahakên, linampahakên lan ulat liring. Acêlawadi, artine amalutarta, adhingini karsaning gusti, miwah ing jêksa. Akarya dasih artine, asanggup wêruh tur ora wrêruh tur ora

--- [f. 13v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 26 dari 86

awas. Anirpaksi artine, wêruh angaku ora wrêruh. Akirya tata, artine amatèni sastra. Anggêni pringga, artine, abot tuture, anuratkara, artine, amatèni kongkonan. Acalawadi, artine agawe saksi akawal, sêsandhan atunggal gusti. Apăncawati, artine wong lanang agawe sêksi, wong wadon. Kadasawêsna, artine, padu pradata yèn liwat sadasa warsa. Amratkara, artine, angaku wong dèn kongkon dhatêng gustine, tur ora yêkti. Durniti syarana amyamalêmbanêm, artine wong nglakoni sêksi, yèn tan takon ing sêksi, dèn sawat dening ujar kang apadu. Marcujiwadana, artine,

--- [f. 14r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 27 dari 86

dèn tarka dening sêdulure.

Punika pamêgat padu pradata, patang prakara, karihin pinêgati tutur. Kaping kalih pinêgat ing saksi. Kaping tiga pinêgat ing kawal. Kaping sêkawan pinêgat ing paliwara.

Punika pamêgat padu pradata kalih wêlas prakara. Karihin wiroda alpa. Lêksana, artine wong andalih sak lir pandalihnya, dhatêng anjarah angêndhaga, angrampasi. Krêtataratitahaling tanpa daya, artine wong nênêmu asaid dhatêng bumi desa, dèn têbus dene kang aduwe, ora awèh. Prawèhtabnya saksi, artine wong anênêmu asêksi bumi desa, têka dèn patèni,

--- [f. 14v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 28 dari 86

sung wikan dhatêng kang manggih. Ina wêtone anayacipta, artine wong anêmu tanpa sêksi, angka swara pralaya ngapusi raga, artine, wong anarka dhêsthi ina têka dèn giring lumêbu ngumah, sarta atitir. Anyapih purona artine, wong ngaku ambêk kang ora awèh, dèn cêkêl dhatêng jêksa. Sudraka pralaya prasona, artine pêsaide ora ana, tarkane ing tuture, ana tarkane sêga mulat ing karta, artine wong anêbus duwèking wong, dudu pakone kang adarbe yèn ilang têmpahêna putung. Samubarang, lan saksing satata. Martaning jiwa, artine sêksi akawal sêsandhane, yèn mêkamataning ngamal, tan dadia sêksi, èstri [è...]

--- [f. 15r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 29 dari 86

[...stri] sêksi sodama anêruh sasi, artine wong wadon, yèn ora narima kang dèn tarka dadia sêksi, sima băngga, alpa băngga lipur, arsasona, artine wong pinarentah, lumayu anggawa bumi, wênang ubêrên umahe, lungakêna têka desa, suryanên, artine jêksa saba ngumahe kang apadu.

Punika wong padu ing pradata. Karihin, bramarsi winikiryan, masidhêm paladarahêm, artine wong adol tinuku, yèn abeya sêksi, ya tan dadi adol patukune. Adrayogapatra artine salir ngamal kang dadi cêlathu, yèn tunggal kang duwe ana dèn telakake rupane, yèn ora têtela [tê...]

--- [f. 15v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 30 dari 86

[...tela] rupane gugate tan dadia. Yamangkaradetya, artine trêkane, kalih saide kawal, sêsandhane, patitimangsane yamatanyawati, artine kawal sêsandhan, yèn tunggal sêsaban tur wênang linakon. Aji wêdana bokti pramona, artine wong tinarka, mênang padune, kari-kari darbene kang anarka katêmu. Poladaraidnya artine wong amêmêrugul, ingkang warna artine anêluh. Amisadah artine angapusi, rajawangkari artine angamuk, rajawisuna artine, awèh upaya. Rajatrikarma, artine, mulat ing èstri liya tolasêpi, simakarta pralaya, wong padu along mati sajroning [sa...]

--- [f. 16r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 31 dari 86

[...jroning] kêkangsèn, bima abăngga mabima maksa, angrusak padanya. Artine anguculi bêbandan, dèrèng pêdhot cêlathune. Konataliga, artine salin parentahe. Kalingganata, artine salin ratu, punika sakathahe ngrasani padu pradata, kalêbêt satus patang puluh papat, alah padu pradata.

Punika gène angawasakên padu sakathahing padu pradata ngapat tadhahan, sadasa prakara, kêtadhahan dening patra, patra kandhah dening sêksi, sêksi kandhah dening bakti, bakti kandhah dening satmata, satmata kandhah dening cina, cina kandhah dening nyumana, nyumana kandhah dening prêmana, pramana kandhah dening ubaya, ubaya

--- [f. 16v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 32 dari 86

kandhah dening purusa, purusa kandhah dening sang nyata. Iku waspadakna dèn awas lungguhe andhah-andhahan. Aja salang surup gènira anglungguhakên cêlathu. Tarka, artine kang angarah. Patra, artine tulise kang angarah. Sêksa artine awas ing tigang prakara, karuhun kang asêksi, kaping kalih kang sinêksenan, kaping tiga kang dèn sêksèkake, bukti artine mêtu têka kang dèn arah. Satmata artine kathah uninga. Cina anggon-anggoning alăngkari. Ing bumi karone, nyumana wus katulisan lawas, pramana artine mêtu sangking pranatane wong agung, ubaya artine lêlayangan wus titimăngsa. Purusa artine pandikaning ratu kang cilaka, nyata, artine angaku [a...]

--- [f. 17r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 33 dari 86

[...ngaku] yèn matèni, miwah amèmèka duwèking wong, miwah anudukana pangakune ora sinangsara.

Punika ênggone anggone anggolèki padu ing pradata, kang amot sumbêr gurayangan ilok ingkang walung prakara, puniki artine lok ingkang walung prakara, karihin datan idhêp, ora cêlathu, ora ngrêrungu, ora têtêmu, kaping kalih loking krama ambagusi. Tigang prakara, lok ingkang wêwêngkon, osik tan kanginan, kawan prakara loking kabukti ana sarupane, dèn pêpêt limang prakara loking cina, anggon-agone[8] along kari, nêm prakara loking gada along anggon-anggone mambêt kari, pitung

--- [f. 17v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 34 dari 86

prakara loking karmala, angrusak tilasing dhustha, walung prakara loking kang rupa ala cahyane.

Saliring padu yèn kalêbêt walung prakara, kalahêna padune.

Saliring padu yèn kalêbu walung prakara iku.

Punika têgêsing ngêmal. Ikmal, puniku dèn waspada, yèn seje rupane seje têgêse, puniki artine ikmal, patang prakara, karihin banyu, kaping kalih bumi, kaping tiga langit, ping sêkawan manungsa, karane banyu ingaran ingkmal.[9] Dening Gusti Allah angarsakakên sakathahing najis, bumi ingaranan êmal, Gusti Allah angarsakake [angarsak...]

--- [f. 18r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 35 dari 86

[...ake] nyataning wiji, karane langit ingaranan ikmal, Gusti Allah angarsakakên sarngenge, lintang wulan rahina wêngi manungsa karane ingaran ikmal, Gusti Allah angarsakake anane manungsa kabèh.

Puniki artining ngêmal, kang kumêbut kang kumarincing, kang awarna patra mas-mas, karang kirna ora kêna pinarosa, yèn ora kalawan salilane dhewe, lan awasna dèn awas, wong padu ing pradata iku, akèh polahe, ana kaya mati raga, ana kaya banyu, ana kaya madu, ana kaya gêni, murub. Lan kawruhana wong padu ing pradatane, wong têlung prakara, wong tan wênang dinawa padune, kang asiya siya-siya jênênge, karihin wong nêrakakên [nêraka...]

--- [f. 18v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 36 dari 86

[...kên] khukumollah, kaping kalih wong ngabênakakên karta. Kaping tiga wong angorakakên parentah. Iku wong kang siya-siya jênênge, tan wênang dinawa pocapane, yèn padu ing pradata kalahêna adêgan.

Lan sing sapa padu ing pradata iku awasêna gone ngasêpi, lan mênêng dèn pêrcekaa parenenane, ing wasitane artine yèn rupa ulihêna marang kang aduwe rupa. Yèn syara ulihêna marang kang aduwe syara. Kawale miwah sêsandhane miwah ing jaman kina sang nata.

Puniki artine jaman kina sang nata, panglinggihaning ratu, kala tinangkil, ing bala kabèh miwah panglinggihaning jêksa pêpatih, kala sineba dening mantri kabèh. Dèn parceka [parce...]

--- [f. 19r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 37 dari 86

[...ka] artine. Pariksaning ing jêksa pêpatih, pangrerenan ing wasita. Arti karenahe pangucap, kang ora bênêr awasêna gone ngasêpi, artine kala panggitike kala panêkêle, pamisuhe lan nênumbake, lan mênêng artine ora ingandêl kang anarka lan kang tinarka.

Suwara iku artine gêndhong titir, rupa iku artine saksi watgata. Suwara kawan likur, artine kang waspada tan ginawe. Sêsandhan, iku artine sinambat sangkaning lagya wêrananing jalma.

Punika dèn gêmêt gènira mariksa. Aja sira duwèni kêkasih, aja sira sêngit ing satrunira. Wiyose jumênêng adiling Allah, bêlaka.

--- [f. 19v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 38 dari 86

Agama iku angalahakên saliring padu ing pradata kabèh, agama iku kalindhih dening nyumana, kabèh ta pramanane, artine nyata yèn mona. Kapramana, kang anandur dhewe.

Punika bêbênêrane wong rêbut saba watês, kang padha tumuwuh arêbut saba, lan Ki Pandhekaki, lan Ki Banyurata. Arêbut saba lan Ki Silêm. Ki Tarèwèl arêbut saba lan Ki Adri, Ki Pramana arêbut saba lan Ki Kosa, dèn srêngêni dening jêksa namaning jêksa Ki Tuhu, lan Ki Kayuwatang paliwarane Ki Kêncêng, lan Ki Watês, lan Ki Wêwalêr, kang pinariksa bumi tuwa, bumi sêsandhan parentah, bumi kaya yèn lêlurung, yèn lêlurung rinusak, sêsandhan parentah, [pa...]

--- [f. 20r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 39 dari 86

[...rentah,] kang dadi pramana. Karang kirna pagêr bata lêlurung, tinangguh jaga kramanya, yèn ana wong angrusak, tanêm tuwuhing wong, kang ana bumi prawala, kang sampun kaprentahan dhatêng sang apatih, kadhêndhaa kawan lêksa, kang rinusak mulih mutung, sinalokan simabăngsa angrusak praja. Yèn ana wong arêbut bumi suraka, babad-binabadan, katur dhatêng sang apêpatih, tan ana bumi tuwa, êndi kang jêro satus patang puluh iku kang aduwe. Yèn si bumi maksih dadi cêlathu, sang pêpatih padha sinapih karo aja na angambah ing umah bumi iku, dening angulati yumana, kang nyata pramana, têka maksih garu-ginaru, [garu-...]

--- [f. 20v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 40 dari 86

[...ginaru,] malah gitik-ginitik, caton-cinaton, tinrapan rajadhêndha tinanggung juga kramanya. Yèn salah siji kang ngambah dhatêng kalahêna padune, trapêna rajadhêndha pamuka bumi, walung atus. Wong sawiji, sinalokan sima băngga wirodra, tan wruh ing karta.

Punika ênggone angawasakên sakathahing padu ing pradata, sadasa prakara. Karihin pasèrène, ping kalih pasaide, ping tiga pasêrêgane, ping sêkawan pangangsine, ping lima têrkane, ping nêm pasêksine, ping pitu tuture, ping walu kêle, ping sanga kawêlah, ping sadasa sandhane, iku dèn adhêmit, pariksanira atinggal karêping [karê...]

--- [f. 21r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 41 dari 86

[...ping] sastra. Panjinge tarka iku, yèn têrus pêsaide lan tuture kêndêle. Kawêlah sêsandhane, sêksine sêrêge kang manjing tarkane, patining tarka iku sangang prakara, pangucape along seje, kalih pisaide gulur tarkane, panggugate tan dadia. Saliring padu ing pradata, yèn sawalapatra kalahêna padune.

Punika artine păncabakah, ona wong wadon, sawiji ingaranan kirda kalih sona, kang anarka wong sêkawan. Panêrkane barêng sadina, dèn titèni wong papat, seje-seje tan dadia panêrkane, wong papat ika wênang pinatèn. Yèn tan pinatèn dhêndha patrapêna [patra...]

--- [f. 21v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 42 dari 86

[...pêna.]

Puniki kramaning parentahan, kawruhana lan parentah, yèn seje lungguhe, yèn parentah wênang angrusak amal. Kang wênang ngrusak amal iku kalih prakara. Kang dhihin ratu, kapindho mungsuh, yèn angrasa pêparentahan, abêdhah bêncah bumi angalih, akêkali anglorod lungguh abănda uwong, iku duwèni pêpati, yèn pêpati angrus[10] êmal. Loka jênênging yogya, patrapêna dhêndha, sayuta. Iku kawruhana aja kaburu sêngit, aja kaburu dhêmên. Yèn ana wong titip, sêkalir kang dèn titipêna, kang warna gêng adi, miwah kang warni tinalenan, yèn tan binuka warnine, isinya tan sinung wikan,

--- [f. 22r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 43 dari 86

kang tinitipan, datan dadia padune sinalokan, ina suwarna sanaya kramane.

Puniki wong katitipan, kang ora katêmpuhan, kang kalêbêt pănca sadarona, lirna, kalaju mungsuh, kobar kabênan, kagunturan păncawora, utawa parentahing ratu.

Dhustha iku gêgêthinging nêgara. Singa sadru iku gêgêthinge sato alas. Krêmi iku gagêthinging sarira. Wrêrêti iku gêgêthinging sukêt, wrêdu iku gêgêthinging banyu, kak iku gêgêthinging manuk. Kabèh iku awasêna dèn waspada, kang têmên lan kang goroh, aja sira amelik ing dunya awarna rubaning wong padu, yèn ora bênêr,

--- [f. 22v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 44 dari 86

yèn si bênêr sarta dêdalane tarimanên.

Iki lungguhing jêksa, kawruhana, jêksa wirupêksa, kang amirantèni wong padu ngiloni kang aruba, jêksa patrakilasa, kang tunggal solah bawane, kang padu, jêksa pramana, kang anglakokakên saujaring sastra, ora ngurangi ora amuwuhi, jêksa amijaya, kang olèh ing dunya abênêr saujaring kuntharane, yèn tan bênêr lan khukumollah, ora dèn dhawuhake, bênêre.

Puniki sêksi kang wênang wruhana, kang wênang ingundang, pitung prakara, sang mahadhiri, artine, prayayi kang kalungsur. Sang mahateja, lêbe kêtib, lan mantri kang tinari ing ratu miwah pandhita kang ginuron dhatêng ratu, lan wong

--- [f. 23r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 45 dari 86

kang kêlar ujar kabêcikan, lan wong kang sugih tau andanakake duwèke.

Puniki sêksi kang ora wênang linakon, wong picak lan wong bisu, lan wong budhêg, wong edan lan wong wadon. Miwah sêksi bapa sêksi anak, sêksi guru, sêksi ngumbara, ora karuhan omahe, sêksi mêndêm kanginan, lan anêksèni karone, kang anarka, lan kang tinarka, lan saksi wong garap, lan saksi wong wuru, lan sêksi wong corah sapăncadawa, lan tanggal gusti, saksi wong tiyasa, lan wong jogos ing tăngga lan wong gawe sêksi wong jêjaluk, sêksi pring sadhapur, kang padu kang anarka kang tinarka. Yèn mungsuh pêngawating desa, sêksi kawala, yèn kalêbêt pring sêdhapur, tan wênang linakon, ginurayangan dora sêmbada. Saksi ratu saksi [sak...]

--- [f. 23v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 46 dari 86

[...si] pandhita, saksine lanang wadon, cukit adol têrasi, dulit adol ênjêt, karakah jagal, akumbah gamêl, angutri adol arêng, amêlêrêng mêmêlik, amêlantên mêmasuh, agênjèng sayang, agêndhing pandhe kêmasan, amêdhêsês andêdilat, aki ambêlantik, padih dhukun. Buta sêksi sêksine dèn tampik dhewe. Gupas, bayi gawe sêksi, ngalakah bumi desa.

Puniki caritane maling sadaya. Karta kang akon, durjana kang kadunungan, durjana gutrah animpêni durjana, codakah awèh paekan, utawa aningidakên. Puniku kang wênang jinarah pinatèn, kang nêm prakara pratingkah sacarakah, dhêndha kalih lêksa patang èwu.

--- [f. 24r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 47 dari 86

Punika malih pitulas prakara, atma anênuduki, maling amèt rajabrana, maling juwita wong wadon maling wong lanang amaling asmara wong wadon amalingi wong lanang, maling kabunan malêbêt dèrèng olèh-olèh, wêngkoning wong, maling laras, maling wadon, maling awar-awar wong ngudurakên wong nitik. Maling andhêmpul kang ora wèh ingambah sabêt sapune. Maling agasthirampasi, wong anitik maling karuruh kanggonan darbèking malingan, kang tanpa sêsandhan. Dhusthawara wong aturu kalih wong kêmit. Dhusthawalu kêmalingan kang kêmit, dhatêng têmpuhêna sarupane kang ilang, yèn ana buktine angênèni trapêna saukume. Dusthawaraga, wong anasarakên wong amburu maling, awèh [a...]

--- [f. 24v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 48 dari 86

[...wèh] dêdalan maling binuru, utawa anêgah titir, dhustha alangkara, ona uwong angrêksa bêbandan, pinajara lumaku, winêtokakên sawab arêp angising anguyuh, kang sawiji ora awèh, kang siji mêtokakên, dupi mêtu lumayu, kang mêtokakên dadi gêgêntine kang lumayu.

Anak rabi datan milu dosaning laki, dhustha marasadu, wong akon, wong napung miwah tunggu kagungan dalêm, miwah tunggu umahing wong măngka ilang, miwah dèn ajak. Dhustha wirupêksa, ana wong ngajak lungan, marang desa, miwah maring alas, awasêna kang dèn ajak ora ana têka. Dhustha sangupaya, wong amarani watange sêksine, kawêlèh sêsandhane, mungsuhe kang wus binabar

--- [f. 25r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 49 dari 86

puniku, yugya katêmpuhêna. Sakathahe kang ora nana, dhêndha dalêm, kawan èwu, puniku dhustha walung prakara. Maling darpawarsa, artine wong amèt tanêm tuwuhing wong, raina ambarêng udan angin, maling sukmakara wong anayab. Maling dunungete wong nayab ing pasar. Maling turăngga alpa, wong brêradhat. Maling kayana sukma wong aningar. Maling darma wong tiyasa ambêlarèkakên. Maling anggasmara wong nidra kang agadhe, maling sindupraja, wong ambêdhah amêpêt tulakan, amêpêt uwangan. Kabèh iku kang padha mawi cina, iku waspadakna kabèh, aja sira anganiaya wong apadu, êndi saujare kang apadu yèn pantês linakon êntingêna. [ênting...]

--- [f. 25v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 50 dari 86

[...êna.]

Punika praboning wong amêgat padu ing pradata, patang prakara. Dèn adhêm, dèn abênêr, kang dhihin, dèn adi tirta dwisabda. Artine yèn sira dhawuhakên bênêr, aja sira ngalakakên wong padu, yèn durung enak atine wêruha ing kalahe, anarimaa yèn sangking pangucape dhewe. Basacala, artine, aja sira gingsir, aja sira kasêrêngên, aja gingsir dening rêrubaning wong apadu, aja sira anibakakên bênêr kambi mêndêm, kala arip kala luwe, miwah tanpa sastra. Sariama, artine dhawuhing pangucapira dèn amêratani wong sak nêgara, angkuh dèn lungguhana, dening wong angrasani padu ing pradata iku, angrasa alara pati, ora ana

--- [f. 26r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 51 dari 86

wêdine pinanggih.

Lan kawruhana kang amurungakên wong apadu, lan idhêpa patang prakara, kang rumiyin dêmi rêrasan mêtu sangking rabinira, iku dèn yitna, wong wadon iku trêrus kupinge tur arang sayêktine. Wong wadon iku cêlor sêsanane. Kaping kalih pêtha rêtna mas sêlaka. Tigang prakara kulawarga. Patang prakara, yèn sira kurang pracaya ing uripira, wiyose ora ngangge sabênêre. Sandhang panganira iku, tansah sangking uripira. Aja sira kaburu ngarêp, aja sira kaburu dhêmên. Aja sira sêngit wong mêskin, bênêr kasihana.

Lan solah nêm prakara kawruhana. Kang karihin tejaksatrawana. Karana budi pralaya. Artine jêksa agawe sêksi-sêksine angalahakên kang padu, yaiku jêksa nêluh kang padu. Kalih prakara, ngudi

--- [f. 26v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 52 dari 86

ngèlmi. Ngèlmi paladara. Amurcitêm, taragyanahêm, artine wong maido wong akèh iku anêluh uga artine.

Tigang prakara, dwi sadya amăngsa bukti pramana. Artine kêbo siji, dèn aku dening wong roro, sarta barêng titimangsane.

Patang prakara dhusthêm dhulikêm. Tansuh bujanggêm lan parlayêm. Dening parmanêm, artine wong agugat amal kang agugat kalih kang ginugat. Saksine padha bae.

Limang prakara simabăngga, wirodrakramatra, sêsendhe minamăngsa. Yèn ana wong gugat, kang ginugat aduwe sêsandhan, yèn durung tutug sêsandhane saksi agugat ora wênang dinawa rêrasane.

Nêm prakara cutikêm dhusthêm, dinawa ngalapa, rikêm,

--- [f. 27r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 53 dari 86

artine wong tinarka, amêtokakêm[11] êmal, kang maksih sarupane ika, tan wênang winêlasan. Iku-iku kawruhana, aja sira kaburu ngarêp, iku gugat kang ora dadi, pêpadhane gugat wong edan, wong mati miwah rare.

Punika patrapaning ing pradata salir tarkanipun, yèn sapisan panarkanipun asung apêkantuk ing sapangarahe. Dhêndha dalêm, kalih lêksa kawan èwu. Yèn si kalah kang tinarka dhêndha lud-ludan patrapêna, kawan lêksa.

Punika gone angulati wong padu, gêrayangana, ing kalih wêlas prakara. Karihin kaya ngapa gone cêlathu wong bisu, lan kaya ngapa gone anêkêl wêwayangan, pan ora ana.

Tigang prakara kaya ngapa gone ngawasakên angin pan ora ana wujude, kaya ngapa gone anêkêl dhasing bulus,

--- [f. 27v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 54 dari 86

bêdhawang. Yèn ora kala macungul, kaya ngapa gone anambung têtali gumantung, pan ora gadug, lan kaya ngapa gone anarima wong picêk, pan ora ningali. Lan kaya ngapa gone awèh ujar wong tuli pan ora amiyarsa, lan kaya ngapa gone ayitnakakên wong edan, pan ora ana elinge. Lan kaya ngapa gone ngadu pucuking ngrêri, yèn ora ngadu landhêping graita. Lan kaya ngapa gone ngalakakên wong bêcik, pan ora nana cacade. Lan kaya ngapa gone ambêcikakên wong ala, pan ora ana jajare.

Punika saloka patang prakara, paripusuduk. Artine ora na duwèk kang dèn kamulèni. Lan agêng karuna, budi murti wisuna. Artine ora gêpok larangane wong agung. Cantika, artine ora mulat ing wong wani, sima [si...]

--- [f. 28r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 55 dari 86

[...ma] lodra garudha amăngsa surya. Artine dudu jêksa amêgat ing wong padu ing pradata, kang amêgat padu yèn dudu jêksa, dhinêndha. Iki dhêndhane, sakêthi kawan lêksa.

Punika kawruhana sêsanane wong kang ala lan kang bêcik. Sêsananing jalma adi iku kang nglakokakên saujaring sastra, kang trêrus maring agamane. Jalma iku yèn golèk pawong sanak, golèka jalma kang adi. Artine jalma adi jalma kang narima kabêcikan, kang mangkana têmêne.

Tanuwita artine, ambêcikakên awake dhewe sasmita artine ambêcikakên awake dhewe, lan ambêcikakên kang bênêr nanging mungal mungêl mungul. Wong ajujur, artine yèn ana duwèking wong dèn kira-kira dudune.

Yèn ana wong aseba cinacaban, ujar ing paseban sinapih toya [to...]

--- [f. 28v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 56 dari 86

[...ya] dhêndha, tinanggung kramanya, kawan lêksa, yèn kêna sinapih malah angunus dhuwung malah angênèni dhêndha trapêna, kawan lêksa, yèn abela antukna kalih ponakawan. Muwah yèn tukar ing paseban, tan linawan toya, anibani sabda pirusa, yèn kawula dhêndhane walung èwu, pan tiba sabda kawan èwu. Yèn wong pênêd dhêndhane walung èwu, patêbasnya yèn angunus dhuwung kawan èwu, yèn padha alanya, tinanggung juga kramanya. Miwah wong tukar ing banjar-ngabanjar, yèn sami wong pênêd, padha alanya dhêndhane walung èwu. Kang sasih yèn ngênèni dhêndhane salêksa, lan awèha patiba jampi sauna, karane tatu yèn amatèni dhêndhane kalih kêthi kawan lêksa. Pangiline suwasa mulyaning wong sakawit, yèn ana wong tukar, lamun kasêksèn, yèn [yè...]

--- [f. 29r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 57 dari 86

[...n] kanin kaprana, tan patut patiba jampi, yèn mati krêrana tan ana dhêndhane. Kocap nanging pangilining sawasa. Yèn nêkani kang kinrêrana, antuk patiba jampi, sauna karaning tatu dhêndha, kalih lêksa kawan èwu. Yèn mati kang kinarona asunga pangili kadhêndha kawan lêksa. Pangili sawasa dwi guna, yèn wong amănca tri guna. Yèn wong dalêm dasa guna, miwah yèn kawula măngka tukar ing abanjar, tinanggung juga kramanya, dhêndha kawan lêksa. Yèn kasi ngunus dhuwung kalihnya, dhêndhane kang sasisih, tigang lêksa kawan èwu. Yèn nêkani dhêndhanipun walung èwu patiba jampi sauna. Karane ing tatu, yèn kongsi mati angilèna wong sakawit, dhêndhane salêksa. Yèn tan kêna sinapih kongsi buru-binuru, dhêndhane kalih [ka...]

--- [f. 29v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 58 dari 86

[...lih] lêksa kawan èwu. Kang sasisih pan nulungi, pinulungan dhêndhane, kalih lê[12] kawan èwu, kang sasisih.

Yèn ana wong taman tukar kang sampun sinapih, salah satunggal kang mimitana malih, jumênêng pakrêrana uga, kang mimiti ika sakèh dhêndha gumulunga maring kang mimiti. Yèn anak kang mimiti, tan patut patiba jampi, yèn mati kang pakêrana tan antuk pangili sawah. Yèn kang kinaron tanpa lawani, kang dèn kêrana malah mati, sawêd wiguna, dhêndhane kawan lêksa, jumênêng panganggas.

Yèn ana wong tukar tinulungan dhatêng wong kathah kang tukar angunus dhuwung, kang anulung along kanin, sunga patiba jampi, sauna karaning tatu, dhêndhane kalih lêksa kawan èwu, yèn mati kang anapih antuka pangili sawah dwi guna, kang matèni [ma...]

--- [f. 30r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 59 dari 86

[...tèni] padha lanang sabdasanya dhêndhane, kawan lêksa, miwah wong tukar arêbuta sawah arêbuta watu arêbuta kayu, arêbut pala gumantung, kang alasan, sami bangsanya tanpa tuka patiba jampi, dhêndha tinanggung juga kramanya kawan èwu.

Miwah wong sanake wangsane wong tuwa sadulur wong èstri utawa bramona pandhita, dhêndhane walung èwu, asunga patiba sabda, kawan èwu. Yèn ana wong pênêd anibani sabda pirusa, sami wong pênê[13] tanpa lawana toya, dhêndhane walung èwu, asunga patiba sabda kawan èwu. Yèn saha amala, gitik, dhêndha salêksa, patiba jampi sauna kara. Yèn amêrang, anuduk dhêndha kalih èwu, patiba jampi saunakaranè kanin. Yèn mati awèha pangili sawêd wiguna. Yèn ana wong pênêd anibani [aniba...]

--- [f. 30v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 60 dari 86

[...ni] sabda pirusa, marang wong codra, awèha patiba sabda, kalih èwu.

Yèn wong ala nibani sabda pirusa, marang wong pênêd, dhêndha kawan èwu kalih atus, awèha patiba sabda kalih èwu. Yèn wong ala nibani sêbda purusa, padha wong ala, dhêndhane kawan èwu, awèha patiba sabda kalih èwu.

Yèn ana wong tukar kongsi amarani maring umahnya, amanjing lawang angrubuhakên pagrê, amêrang bale miwah têtanduran, ing sabda purusa kang mawa dhêndha, kawan lêksa, awèha pasumêngêr têkanira ingêmbanan, awèha pasumêngêr kang darbe kang sasana, miwah darbe kang ilang muliha, dwi guna. Yèn ana wong agêgrabagi saha gêgaman, dènnya marani, yèn mandhêg jabaning pagêr, dhêndhane kawan [kawa...]

--- [f. 31r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 61 dari 86

[...n] èwu. Wong sawiji manjing lawang mandhêg ing latar, dhêndhane kawan lêksa. Wong sawiji yèn bêdhah pagêr anglêboni ngumah, dhêndhane nêm lêksa. Wong sawiji sak lir duwèke kang ilang, muliha dwi guna, asunga pasumêngêr, ing wong lanang, walung èwu, wong wadon miwah somahana nêm èwu, răndha prêrawana tigang èwu, rare pasapihana kalih èwu, rare ngêngêmbanan sèwu. Yèn ana dhêdhayoh wadon miwah lanang, dwi guna, kênal lan kang darbe umah, yèn kang angroboki, yèn kêna tampanana patiba jampi, yèn mati tanpa tuka patiba jampi, miwah pangili sawah dene matèni dhêndha, kawan lêksa. Yèn akanin kang kinrobokan, asunga patiba jampi, sauna karaning tatu. Yèn mati kang kinrobokan antuk

--- [f. 31v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 62 dari 86

pangili sawah, dwi guna dhêndhane kawan lêksa, wong sawiji.

Miwah ingkang tukar anulungi tinulungan, dhêndha walung èwu, sami gustinya, padha alanya kang sasisih.

Yèn ana wong tukar tan karuhan ingkang pakêrana, tinanggung juga kramanya.

Miwah kang tukar sak lir kang ingaranan tukar, yèn kasêksèn dening bumi, kang pakrêrana, saliring dhêndha gumulunga dhatêng kang pakrêrana.

Puniki patrapaning dhêndha, jamênggala, gêlaring aksara, kang duwe bubuhan dhêndha aksara nglangit. Dhêndha rinajamênggala, wong kang dêdora ing gusti, angadoni rajawisuna. Aksara gadèn dhêndha parentah, kang anêmbranakakên parentah, kang nêmbranakakên bênêr. Aksara banyudhêndha mêmadha mêgat, ing wong padu dudu jêksa dudu pêpatih, anibakakên [anibakakê...]

--- [f. 32r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 63 dari 86

[...n] parentah dhêndhane, salêksa. Aksara gênidhêndha pêpatih saajining pêpatih, sakêthi gangsal lêksa. Aksara bumi amêmadha ing ratu, dhêndhane tumpêsan[14] sak rowange. Aksara lindhu wong kang angrêngkakakên nêgara, dhêndhane sakarsane tatrap dadi. Aksara garadhêndha suwa, walung lêksa. Aksara lintangdhêndha pradhah-pinaradhah, amêradhah, amaratakakên sabature. Aksara kukusdhêndha supata. Aksara grahrata amot kang amis bacin, dhatêng kawadhahan.

Bakda surati salamungalehi ngaladunya wal akhirati.

Lan lamun ana wong anêkêl anak rabining wong, ukume tinanjir, winirangakên ing pasar, cinukur pinrêrapat, ingidêrakên, sanake padha angingêl-ingêl êndhase kabèh. Yèn dhinêndha asthawara, lan

--- [f. 32v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 64 dari 86

patukuning wirang limang lêksa, yèn dèn idêrakên pasar ora dèn dhêndha, iku patukuning wirang, anging katur ing ratu.

Erang-erang Panjênêngan Kali, lakona pan sabar dêrana, pan puniku lêlakune. Mapan ujaring khukum, nora kêna ngowah-owahi, sing sapa ngukumana, atinggal ing ukum, atinggal ing dalilollah, pan duraka siniksa nrêraka luwih anèng dhasar nrêraka. Kang sawênèh yèn jumênêng Kali, khukumipun dèn dol lan rêruba, iku dosa ingkang awèt. Kêlawan malihipun, yèn ngukumi kuna denalih[15] ora kukuh ing sarak, dadi mincar-mincur, yèn kawruhan kang sujana, angulati, ing ngulmu kang kaot kadim, lumuh gêlêm kasoran. Dadi ilang Panjênêngan [Panjênêng...]

--- [f. 33r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 65 dari 86

[...an] Kali, ngêgungakên pangulune ika, dadi agung ing dhèwèke, mapan ujaring khukum Kali iku dadi gêgênti, ngulama kang sinihan, pambadaling rasul tinandhing urip ing dunya, dudu khurupe ing akherat kêna ngurip, langgêng tan kêna pêjah. Wicaranên ingkang tiyang èstri, kang anjaluk kukum maring sira, khukumana dipun age, mapan ujaring ukum, èstri kêna mancal ing laki, dadi anuku talak, miwal jênêngipun ajènana tukon toya, kira-kira, mêskine kêlawan sugih, iku dèn kêkiraa. Sêjatine khukum ingkang mêsthi, patukone talak kang winarna, maskawin iku lungguhe, iku patukunipun, ing wong lanang mênyang wong èstri, kang dadi wajibira iku jaring khukum, anging wênang agawea,

--- [f. 33v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 66 dari 86

khukum iku, yèn ora katêmu dalil, wênang yèn aniyata. Katêmpuhan Panjênêngan Kali, Kali iku damaring nêgara, dèn abênêr ing khukume, yuda nagraja tungkul, tata ti[16] dipun prêyogi, lan malih dèn pariksa, yèn wontên wong padu, dèn alêmês ing wicara, dipun matêng yuda nêgaraning Kali dèn lumrah ing nêgara.

Khukum pati kawruhana. Lamun ana wong akhil amatèni, kang dèn patèni wong iku, manungsa ingkang Sêlam, pasthi wajib kêna kisas khukumipun lamun ingapura pisan, diyat kudu dèn karêpi. Pira kathahe kang diyat, lamuna wong matèni kang èstri onta sèkêt diyatipun, lamun ana wong lanang, onta satus punika ing diyatipun. [di...]

--- [f. 34r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 67 dari 86

[...yatipun.] Liyan matèni wong kopar pan ora nana bayani. Lamun kapir pinatenan, nora kisas wong kapir pinatèni, kaya mêngkono puniku kawula pinatenan, dening gusti nora kisas jaring ukum, kaya mêngkono wong tuwa, anake dipun patèni. Lamun anake kang lanang, amatèni ing wong tuwane kalih, kêna kisas jaring ukum, nora kêna ing diyat, kawruhana puniku ing jangjinipun. Aja ta sira pêpeka, mênawa ana mênangi. Ya ta na kawula Islam, pinatenan kawula iku ing gusti, nora kisas jaring ukum, lan kapir kadmi ika, amardika kapir dêmi kang winuwus. Punika kang pinatenan, [pinate...]

--- [f. 34v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 68 dari 86

[...nan,] ora kisas jaring jangji. Seje kapir lan wong murtad, lamun ana wong kapir kang dèn patèni, măngka kisas jaring ukum, najan manjinga Islam, ora gugur isih têtêp jaring khukum, puniku ujaring kitab, aja angowah-owahi. Pan ta seje winicara, khukum pati bapa kang amatèni, amatèni mantunipun, khale atinggal anak, kêna diyat puniku ujaring ukum, lamun ora duwe anak, kêna kisas jaring jangji. Lamun bapa amardika, anakipun aduwe kawula siji, dèn patèni bapakipun, kapriye jaring kitab, khukumipun kawula kang mati iku luput kisas kêna diyat, puniku ujaring jangji.

Kawruh [Kawruh...]

--- [f. 35r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 69 dari 86

[...ana] khukum iku dèn têtela, khukum diyating pati. Ana wong satunggal, matèni wong têtiga, kapriye olèh ngukumi, ing wong têtiga, ingkang mati kariyin. Jaluk khukum iline kang mati awal, kisase kang matèni, roro kari kang pêjah, pasthi aduwe diyat. Kang mati roro duwèni diyating pêjah, kisase kang matèni. Katêmpuhan ngakilahe ingkang kisas, diyate ingkang mati seje winicara. Yèn wontên wong têtiga, amatèni wong sawiji kisas sadaya, iku ujaring jangji.

Kawruhana dèn prayogi, khukum kang tatu ing sirah sapuluh iku kathahe, sawiji tatu arilah, [ari...]

--- [f. 35v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 70 dari 86

[...lah,] têgêse tatu arilah, kabêsèting kulitipun, khukume kinira-kira. Kaping kalih kang gumanti, aran tatu adamiyah, kulit sêbèt, lan gêtihe, pan seje ing khukumira, nganggoa sawêtara, yèn bênêr ing khukumipun, ki pêngulu bênêrana. Kaping tiga kang gumanti, aran tatu abalingah. Tatu balingah têgêse kang manjing ing dagingira, kapriye khukumira, iya padha khukumipun ki pangulu bênêrana. Kaping pat ingkang winarni, aran tatu sik ranira, kang têka ing wêwungkuse, kang katon bêbalungira, anging kang ora pêcah, iya padha khukumipun, pan iku kinira-kira. Kaping lima kang winarni, [...]n tatu mutaalimah, kang pêgat iku

--- [f. 36r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 71 dari 86

daginge, iya padha khukumira, kalawan kira-kira, apa sak ujaring khukum ki pangulu bênêrana.

Kaping nême aran tatu amolikhah tatu kang bêbayani, kang wajib diniyat, kêlawan kêna kisas, tatu mulikhah winarni wungkuse pêcah bêbalunge angalih. Lamun lila kang tatu mulikhah ika, sarta matur ing Kali ki pangulu kula, botên anêdha kisas, kawula anuwun adil, anêdha diyat, ki pangulu nuruti. Anêmaha wong iku anggêbug sira, pasthi kisas nêmahi, beda kang kaluputan, pasthine kêna diyat, onta lêlima bênêri tan kêna kisas, iku ujaring jangji. Kaping pitu kang aran [ara...]

--- [f. 36v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 72 dari 86

[...n] tatu arimah. Tatu kang mêmarasi, tatu kawatgata, bêbalungipun pêcah, diyate unta kang pêsthi, onta lêlima, aja ngowah-owahi. Kaping walu aran tatu mutakillah, bêbalung pêcah ngalih olèh ora kisas, pasthine kêna diyat, onta limalas kang pêsthi tan kêna owah iku ujaring jangji. Kaping sanga ingaran tatu makmumah, tatu kang anêkani, wêwungkus utêknya, pira diyate ika. Proloning diyat pinasthi, kaping sadasa, tatu damingah iki. Tatu damngah punika ingkang kocapa, tatu ikang ngluwihi, bêdhah wungkus sirah, ing utêk katêrajang. Diyate ingkang apêsthi pira kathahnya, pratlon diyat pinasthi. [pina...]

--- [f. 37r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 73 dari 86

[...sthi.]

Ana maning khukum kang gumanti, tatu badan tatu ing wêdona kinira-kira khukume, utawa tanganipun, miwah pupu ora bayani bau kiwane iya, iku kêdhik khukumipun, liyan tatu kang kacopan. Tatu lambung ingkang dadi bêbayani, khukume kêna diyat. Pira diyate wong tatu gigir lamun urip waras tatonira, yèn kacopa ing tatune, lan onta tigang puluh punjul têlu kang nandhang kanin, lamun kêlakon pêjah, seje khukumipun, satus unta diyatira, ora bena[17] khukume kang dhingin-dhingin, iku lamun wong Islam. Diyat iku loro kang kêjawi, mokhalallah, lawan mukhalafah, kang mukhalallah têgêse abot ing diyatipun, [diyati...]

--- [f. 37v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 74 dari 86

[...pun,] luwih abot nura mandhingi kalawan mukhalallah, kaping kalihipun aran diyat mukhalafah, têgêsipun mukhalafah kang kajawi diyat ènthèng sinăngga. Diyat mukhalallah winarni pan lêlima kathahe kang diyat, wong maha pagawehane lawan kapindhonipun nyarumani maha matèni ping tiga kaluputan, ing wong sanakipun, ing wong sanak ingkang kharam. Kaping pate kharam ingkang pêsthi ping lima sasi Mukharam. Diyat mukhalafah ingkang winarni ènthèng sinăngga punika, ora bayani têgêse, ora ta abot khukum, beda diyat ingkang mlarati, diyat kang mukhalallah, diya[18] luwih agung diyat onta tigang dasa, onta wadon, ingkang umur tigang warsa malihe kang

--- [f. 38r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 75 dari 86

winarna. Onta wadon ingkang luwih bêcik, tigang dasa kathahe kang onta, kang patang taun umure, kalawan malihipun, onta mêtêng kang luwih bêcik, kathahe kawan dasa umur limang taun, lawan wuwuh tigang dasa, onta wadon ingkang umur tigang warsi gênêp satus itungnya. Lamun ora kaprah ing nêgari, rêganana sak ajining unta priye salumrah-lumrahe, dirham lan dinaripun kira-kira ta nêgari, wus gênêp pitungira, iku jaring ukum, onta mêtêng kawan dasa, pan puniku ujaring tata nêgari iku dipun kêlakyan.

Lamun ana wong iku anugêl tangan, kêna dariji, wajib kêna diyat, pira kathahing [kathah...]

--- [f. 38v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 76 dari 86

[...ing] diyat, sapuluh onta winarni, driji satunggal, tigang ros kang pinasthi. Onta sapuluh iku pinara tiga, rose ingkang sawiji, kaduman tigang onta kirang kang para tiga, luwih kang onta sawiji pinara tiga, dadi iku gênêpi. Lan maninge ontane kang lêluwihan, lan mata wuta kalih, tangan cape kro pisan, lan pêluh ora manak. Diyat khukum kang dèn anti, kinira-kira, warase dèn tambani. Mêgot rambuting wong wadon ingkang rusak, ora thukul tumuli, diyatipun kumah, kalawan kira-kira, sinuluh rêganing abdi kang rinêganan sapuluh unta èstri.

Kawikana dènira, wajib diyat bocah cilik [ci...]

--- [f. 39r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 77 dari 86

[...lik] matèni kang maring akillahipun, kang wajib katêmpuhan. Wênang nicil diyatipun sabên taun, nicil sêparoning dinar panicile wong asugih. Lan akillah kang satêngah patang dinar sêtaun ole[19] nicil. Lamun mêskin anakipun ura kêna ing diyat. Têgêsipun akillah maring lêluhur, têgêse bapa lan paman, sadulure ora kari. Kalih uwa kawajiban, lan anake sadaya anaguhi, yèn sêpi akillahipun, êndi lungguhe diyat.

Betakêmal kang wajib ing diyatipun, lamun sêpi betakêmal wajib mênyang kang matèni. Lamun wong lanang satunggal, sampun akil balèg ingkang matèni padha mêngko diyatipun, nora kêna sêmaya, ana maning khukuming wong kang winuwus,

--- [f. 39v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 78 dari 86

ing panggugate wong ika. Bapakane dèn patèni. Wajib supata kang gugat, lamun nyata panggugate bênêri, ping sèkêt supatanipun. Bedane lan wong kathah, kang anggugat pan dinum supatanipun, supata pininta-pinta, kirane kang olih waris. Ki pangulu ingkang purba, kang supata olih diyat nampani, seje khukum kang winuwus khukum kang băngsa sabab. Tatkalane ana wong buwang dêlanggung, kang binuwang iku sela, utawa ambuwang wêsi.

Lan maninge diyate kang wajib, ing sanake kang mati dêdalan, wicaranên saukume, lamun wong buwang watu kang sawiji ambuwang wêsi, wêsi landhêp binuwang, ana wong lumaku, tiba kêsandhung ing sela, kênèng wêsi, kang tiba anuli mati

--- [f. 40r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 79 dari 86

wajibe katêmpuhan. Kêna diyat kang ambuwang margi, kang ambuwang wêsi lawan sela, kang buwang watu khukume, ngilèni jaring khukum, kang ambuwang wêsi lêstari lan malih kang wicara, wong adhudhuk sumur, ole[20] gawe ing dêdalan, ana uwong kalêbu anuli mati, măngka parlu kifarat. Kifarate artane pribadi, lawan diyat ing prasanakira, yèn kêbo sapi kapriye, kaya pa, ukumipun, patènipun ing kêbo sapi, pan wajib katêmpuhan, kang agawe sumur, ngilèni sak rêganira, ana maning khukume ingkang gumanti, khukum wajib ing diyat. Lamun ana wong anugêl sikil, karo pisan kalih tanganira, kaya ngapa ing khukume nuli mati wong iku, ing wong seje ingkang

--- [f. 40v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 80 dari 86

matèni, miwah ing dhèwèkira, pan kêna ing khukum, diyatipun satus unta, kang matèni ing wong pinotong puniki wajibe kêna kisas. Ana maning wong anugêl sikil, lan wong ka[21] nugêl maring têtangan, lan wong anugêl dakare, lan wong anugêl irung, ing wong papat padha barêngi anging ta sampun waras, priye khukumipun, kêna diyat kang sampurna, lamun mati sadurunge waras iki, sadaya kêna diyat. Lamun ana mangke wong sawiji ambalèni sadurunge waras, sêdya matèni polahe, mapan ujaring ukum, kêna kisas ingkang matèni sakèhe kêna diyat, ing sak baturipun, ora kêna kaliwatan. Ana maning wong roro sêdya matèni, mapan kêna [kê...]

--- [f. 41r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 81 dari 86

[...na] ing diyat. Diyat iku ingkang angênèni, wong sawiji kêna satus unta, wrêrata ing sakabèhe, sawiji nyatus-nyatus. Ana maning ingkang kinawi, wong natoni manungsa, prana tatonipun, têtapi amaksih gêsang, nuli ana wong liyan milu natoni, anugêl gulonira. Kaya priye khukume kang dhihin, anatoni pranatonanira, malah amêtu ususe mapan ujaring ukum, ingkang dhihin kêna ing pati kisas ing khukumira, diyat ingkang kantun, sampun hatam ukum diyat, khukumira prênatanên iku kaki poma aja pêpeka.

Iki khum[22] ingkang dèn kawruhi, lamun ana wong anunggang jaran, wong roro iku rewange, ana wong kang katêmu, wong sawiji kang dadi sêksi

--- [f. 41v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 82 dari 86

sêdyane alêlungan. Ana naidi ku wêkasan asêsandêran, awêkasan kang nandêr anuli mati lawan jarane pisan. Kadospundi khukume kang mati, wong ikang dadi sêksi punika, tan katêmpuh ing khukume, rêganing jaranipun, pan sêparo dènnya nêmpuhi, lan sêparoning diyat, maring sanakipun, yugya sami ngawruhana, dèn prayitna mênawa ana mênangi dadi tiwas kelangan. Ana maning khukum ngilmu sikir padhukunan têluh tarag nyana, anglawasi gawehane, wêkasan mati kupur japamăntra donga kang pinrih, dongane katrimaa maring wong puniku, lumaku dèn opahana, sêdyanipun dungane kinarya pokil, kinarya sandhang pangan. Lamun ana wong lanang sawiji, bisa nêluh mangke winicara, [wi...]

--- [f. 42r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 83 dari 86

[...nicara,] kadospundi ing khukume, lamun wong iku kupur tobatêna padha tumuli, lamun tan kêna tobat, pan kêna ing ukum, kêna kisas patènana. Lamun ana, wong bisa nêluh wong mukmin, tinari khukumira. Yèn angaku anêluh wong iki, kêna kisasing wong panêluhan, wus pasthi iku khukume, aja sira kalimput, ngèlmu singkir abêbayani ing dunya lan ngakherat, aja sira tungkul, ing dunya dèn siksa kisas, ing akherat siniksa kêlawan gêni kang luwih sangking panas.

Pan rukune ningkah ingkang wajib, kathahira pan limang prakara, arêpana ing sifate, kapindho walènipun, arêpana wali kang mursid. Kaping tiga si lanang, lan kaping patipun, arêpana [arêp...]

--- [f. 42v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 84 dari 86

[...ana] wadonira, têgêsipun anane salakirabi sahe, roro ping lima. Kawruhana sarate ing wali, aja sira wani agêgampang, nênêm kathahe sarate, sawiji saratipun. Arêp Islam jênênging wali, kapindho winicara, balèg saratipun, kang kaping pat kêng mardika, kaping lima, wong akil puniku singgih kaping nêm mursid sira. Lan maninge sarating kang wali, yèn angalah wali ingambêngan, pan kalih wêlas kathahe, kawula sijènipun, kapindhone ingkang mutadbir kaping têlu mukatab, lan kaping patipun, kawula ingkang mardika, ing gustine lan malih kang edan iki, ping lima maksih bocah. Kaping nême edan ora dadi, kaping pitu bodho nora êsah, wong kêlaran [kê...]

--- [f. 43r] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 85 dari 86

[...laran] ping walune, ing wong kêlaran iku, ora kêna waras tumuli, pan ora dadi sarat, kaping sanganipun, wong kang sêpi ing wicara, ping sadasa yèn kapir kang dadi wali, kaping sawêlas wong murtad. Kaping rolas jênênging wong miskin, têgêsipun dudu wadon lanang, wong băngga purus wastane, sampun khatam winuwus, ing sarate salakirabi. Yugya angawruhana, pan jênênging parlu, lamun ora kawruhana, babing ningkah, ora êsah dèn lakoni, batal ujaring kitab. Lan maninge yèn ana wong laki duwe wali khale wali bapa khale lamun ing karone, iku băngga walinipun, lah kawina maring Ki Kali, iku ujaring kitab, dèn samya

--- [f. 43v] ---

Surya Ngalam, British Library (Add MS 12329), awal abad ke-19, #1707: Citra 86 dari 86

angitung tèki-tèki ing kitabnya. Pan ganjaran, ngakherat ujaring jangji, dadi sarating iman.

 


Naskah ini tidak memiliki judul, dan judul "Surya Ngalam" ditetapkan oleh British Library. (kembali)
prakara. (kembali)
antariksa. (kembali)
salikur. (kembali)
anyolong. (kembali)
akadang. (kembali)
sêksi. (kembali)
anggon-anggone. (kembali)
ikmal. (kembali)
10 angrusak. (kembali)
11 amêtokakên. (kembali)
12 lêksa. (kembali)
13 pênêd. (kembali)
14 tumpêsên. (kembali)
15 dinalih. (kembali)
16 titi. (kembali)
17 beda. (kembali)
18 diyat. (kembali)
19 olèh. (kembali)
20 olèhe. (kembali)
21 kang. (kembali)
22 khukum. (kembali)