Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15)

Judul
Sambungan
1. Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
2. Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 16–30). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
3. Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 31–48). Kategori: Bahasa dan Budaya > Wayang.
Citra
Terakhir diubah: 14-09-2023

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

--- [f. 1r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 1 dari 92

Sêrat Maliawan

--- [f. 1v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 2 dari 92

Puh Pangkur

1. Tumpak Kaliwon tanggalnya | sapta likur nujya Sapar kang sasi | Jimawal ing warsanipun | kasapta mangsanira | sinêngkalan jalma kăndha mawèng ratu | kang maca miwah kang myarsa | sagunging kang anyênyiwi ||

2. yya kabêktèng tulah sasar | tawa tampi dipun angati-ati | dinohna durgama sagung | panjanga kang yuswèngwang | [...] | [...] | [...] ||[1]

--- [f. 2r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 3 dari 92

Sêrat Maliawan

--- [f. 2v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 4 dari 92

Pupuh Sêkar Pangkur

1. Tumpak Kaliwon tanggalnya | sapta likur nujya Sapar kang sasi | Jimawal ing warsanipun | kasapta mangsanira | sinêngkalan jalma

--- [f. 3r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 5 dari 92

kăndha mawèng ratu | kang maca miwah kang myarsa | sagunging kang anyênyiwi ||

2. pinurwèng Danuja Raja | prajèng sabrang sigi ing griging[2] |[3] kasub ing rat praja tuhu | arja kitri woh dadya | miyutan ryah têgal sargagatan talung | lohjanawi[4] amirya mas | pan tuhu praja dimurti ||

--- [f. 3v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 6 dari 92

[...]

--- [f. 4r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 7 dari 92

[...]

--- [f. 4v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 8 dari 92

1. Puh Pangkur

1. Tumpak Kaliwon tanggalnya | sapta likur nujya Sapar kang sasi | Jimawal ing warsanipun | kasapta mangsanira | sinêngkalan jalma kăndha mawèng ratu |[5] kang maca miwah kang myarsa | sagunging kang anêniwi ||

2. pinurwèng Danuja Raja | prajèng sabrang sigi ing Selagriging[6] | kasub ing rat praja tuhu | arja kitri woh dadya | miyutan ryah têgal sargagatan talung | lohjinawi amirwa mas | pan tuhwa praja dimurti ||

3. tan kambah ing olah corah | kêrta-kêrti tan ana ngeling dasih | gêmah raharjaning kasub | jan prajèng lyan kèh têkap | jan angalih mring ngriku lènte sumuyud | dhatèng Sri Rajèng Danuja | langkung tusthanyambêk pati ||

4. biksikanirèng[7] narendra | Sri Samali tuhwa dikjaya sêkti | agêng aberawa tuhu | byakta Bathara Kala | yèn ingaksi yaywèng Sang Kumbakêrnèstu | tuhwa anggilaning wurywan | yeka Sang Mrajèng Samali ||

5. dening kandhaning carita | Sri Sêmali tang atmaja nêrpati | Bramaraja Ji palungguh | Ngindrapurèng kang praja | Sang Sêmali gadhah sadhèrèk pan jalu | anèm kasih Mangliawan[8] | tuhwa digjaya winani ||

6. rupa kadi Gathakaca[9] | Pringgadani Prabu Purbaya nênggih | Mraja Sêmali [Sêma...]

--- [f. 5r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 9 dari 92

[...li] swarèku | sing Kindran pangaskarta | Kèn Sukèsèh baktya jrih priya tuhu yu | adarbya putri sajuga | ayu kalokèng rat adi ||

7. pintên lambating pêputra | kasosèng[10] rat lwan praja Sang Sêmali | putrwayu sikara dipun | Sukèsi pangaskarta | raja-raja bupatya satriya ratu | sasra têkap dutèng nglamar | Sukèsi tan arsa krami ||

8. tan tuwang sari sarèhnya | anglêlamar angêbun-êbun injing | wastra rajabarana gung | ngumbuk-umbuk lir arga | pan tan ana tinampan walilèd rawuh | Raja Batak Lampung prapta | Minangkabo Indragiri ||

9. Mêntok Sampit Sokadana | ing Manila Gêdhah ing Awulangit | Pudhaksatêgal lan Wangsul | Balèlèng Ambon Dhayak | ing Rumêmbe praptyarsa mrih ing dyah ayu | tanaya Sêmali Raja | Danuja Ji Selagringging ||

10. yèn sampuna kang atmaja | kadi dipun karsanana pribadi | mêngkana sang mraja diyu | miyos tinangkil dera | para nata sagung para ratu sèwu | wus pêpak anèng ngajêngan | satriya bupatya mêrgil ||

11. Kya Patih Gêdhongseluman | anèng ngarsa wadya yaksa buta wil | sêk pênuh yaksa gung-agung | aglar ambèr ing papan | moring wurdha tan jawi swara srang gumruh | tri gurnang we rob balabar | sêk bêk ing Selagringgring[11] |[12]|

12. yeka Patya[13] [Pa...]

--- [f. 5v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 10 dari 92

[...tya] Durgasinga | kang tinari kewuh ing tyas lan wèsthi | kang busana muncar murub | lwir surêm kang raditya | kangsunwan[14] kang pradiptèng busanèng diyu | narendra pating paluncar | lwir darwasa asranjrihi ||

13. akathah busananeka | neka endah dan ling Mraja Sêmali | maring sagung para ratu | dhuh atmaja ngwang padha | dhatêng ngarsanera rama anandhèngsun | sarèhnyarsa anglêlamar | dèn agêng kang pangaksami ||

14. aturing para narendra | marmitane karsa jêngirèng dasih | pukulun angayun-ayun | pasihan jêng patikbra | siyang ratri tyas arsa mondhong tyan Galuh | lah punapa ji kakarsa | pukulun dhatêng nanggêhi ||

15. Mraja Sêmali wacana | grêng galani iya nak prabu dening | sêkêling driya tanpanjum | ari ngong Mangliawan | nandhang gêrah usada tumpang luminbuk[15] | tan ana marganing wulya | baya panduming Susma[16] Di ||

16. Sri Mrajèng Gadhongsiluman[17] | byakta tirta tarulata tyas ênting | mênggah mêrsah tyas tanpa jum | lwir dhalang kapajahan[18] | diyan rêbah kêlir gagap-gagap sayut | dhuh dewa pangèstukara | Ywang Adi Susma Kang Luwih ||

17. nyata yan Danuja Nata | katonging rat gara-gara gêng prapti | pêtêng ratri wut sumawut | tang rat gunjing prakêmpa | manthuk-manthuk kang merwa padha kaplayu | sèsining wanardi gurnang | mêndhung jaladara riris [ri...]

--- [f. 6r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 11 dari 92

[...ris] ||

18. ujare wong kuna-kuna | ngling babade bintang petang laduni | yèn Sa[19] Mangliawan besuk | agring tanpolih marta | praja Selagringging wêlêk agêng rawuh | mêrta di turangga jatya | iku parêk muktanèki ||

19. irika para narendra | sêkêl ing tyas puwaranya tur bêkti | kadiparan karsèng prabu | dhawak patik nuhun ngwang | Sri Sêmali wacana grênggênnya arum | inggih mêngkatên anak ngwang | mangkya ninya tyan Sukèsi ||

20. lagya gêng sungkawaning tyas | rèh kang paman rêkya nandhang kakêling | lah mararsa wurinipun | anak prabu yaywèngwang | kaniyata maripih yriya tyan Galuh | yan raharjèng kaaturan | gunanggar marta jiwaning ||

21. agêng kandhih kang tyas pengan | yun lumindhih mèt patya Sang Sêmali | Danuja jan mangsanipun | măngsa pi jriha mringwang | dad[20] irika para nata pamit sagung | wus ywrangkat sakuda-kuda | adharat lena banawi ||

22. tan waktan para narendra | mantuk marang prajan tan dan winarni | Mraja Sêmali wus kundur | kang niwi mantuk sama | kang buta wil sagunung salumbung-lumbung | Sri Mrajèng Sêmali gêpah | lumampah mring prênah ari ||

23. mring pura Gadhongseluman | Durgasinga pêpatihira ngiring | tan ling ênuh[21] tandya rawuh | sajro pura kang prênah | ari Mangliawan anandhang lara gung | parenyamban sring karuna | sêlwirnya nangis artati [ar...]

--- [f. 6v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 12 dari 92

[...tati] ||

2. Dhandhanggula

1. lara-lara tangise pra wèstri | lara brăngta tangise kalaran | anambang tadhah nginume | rusak angga tanpa jum | kiswa gimbal tejamun dening | tan kêni samareya | netrandik gêrng asru | tan kasandhang ing laranta | Mangliawan sangsayèng ngrabda sakiting | dalya lwir tan wring[22] siyang ||

2. Mrajèng Sêmali pratisthèng ngapti- | ning rantên panujwa kaantaka | tan tahan dening larane | Mraja Sêmali ndulu | ri tan èngêt kumêmbêng ngaksi | tangis sangsayèng gumrah | lwir kanilan pitu | grêrêng-grêrêng Sri Danuja | lingira tangia wulyaa[23] mas yayi | yya dangu-dangu lara ||

3. yèn sira tan wulya paran dening | kangkanta pan agringnya tan marta | paran purwa wêkasane | tuhya yan rajèng diyu | Sri Sêmali wring gringing ari | winaswas[24] katon ing tyas | wring sajroning kalbu | Mraja Sêmali wacana | lah tangia kangkanta wring ati sêspi | sarèhnyarsa kramia ||

4. tang apsari ing Suraloka di | Ni Dèwi Sri adhuh ariningwang | yèku larangan dewanggèr | Sang Mangliawan tuhu | dwêg rumungu karsa sri yaksi | lumurud ingkang gêrah | dan anambat adhuh | gêrêng kadya na sung marta | Sri Sêmali aris wacana mring ari | nglilira ri ya purna ||

5. adhiku dyar swari tang apsari | Na Dewa[25] Sri larangan [lara...]

--- [f. 7r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 13 dari 92

[...ngan] juwata | yèn kêni ngwang ampah tyase | yèn tan sambadèng kayun | lah purnangga laranta rari | luwih saka arêpnya | kakanta tumurut | lah agya ri sringa purna | ndan irika gêtêr patêr anauri | kang nangling Sri Danuja ||

6. anglilira wong tanduran kadi | pakirim ta kampuh gadhung purna | laranya kulèwu ngyagèt | kang raka gêpah ngrangkul | saha ngling dhuh wulya laranti | kakanta lwir amêndhak | mas rêtna samèru | tustha manah Sri Danuja | gumuyya ngrakaksi lidhah bang angisis | siyung tiksana saliban |[26]|

7. Sang Mangliawan saur pranatangling |[27] ulun kakang asakit purnangga | byakta kule winungya ge | kaka prabu amuwus | lwir pinêtik talingan dasih | rumungu lara sirna | jêngira marta gung | yan mênggah jan kang lyan pada | punapa walêsaning aurip dasih | sasukwèng rat tantara ||

8. pangajaping tawang mangke dasih | mahêng kang tyas kaksi rêtnèng Kindran | ulun tan wring pupwarane[28] | Sri Danuja Ji muwus | sirarsa tag ta ri apsari | laranganing jawata | ing Suralayèku | mendah dukaning Bathara | Sang Sri Yamadipati Uma Bêthari | swaring Yang Gurunata ||

9. satrus trubusira ingsun nandhing | mangka satruning jawantara |[29] kênia pinalang tyase | Sang Mangliawan [Mangli...]

--- [f. 7v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 14 dari 92

[...awan] matur | sahastuti dhuh sang kakaji | pan lambating agêsang | sagunging tumuwuh | tan polah ngriptèng priyangga | kewala ta kinarddhi lantaran dening | wus karsaning jawata ||

10. tan gumingsir lampahing dumadi | kewala ta panduming alarja | mêtyèng ing rena garbane | pan sagunging tumuwuh | datan langgêng wontên ing bumi | ulun lawan jêngira | wus pandum Susma Gung | alarja mwa larantaka | nênggih wuruking jêng bra rama mring dasih uni |[30] Bathara Ngendrapura ||

11. kawismayan myarsa Danuja Ji | ing aturantêning kaluhuran | tan kêna pinalang tyase | dan angling nata diyu | lah iya ta sahasa kapti | kakanta jumurung pan | ywa dinangu-dangu | besuk dina gung Galungan | umangkata munggah ing Suraloka di | kang winancanan baktya ||

12. wus egar kabèh wong sajro puri | Sang Mangliawan tustha tyas pengan | dhatêng kabèh kasêktène | roma lêmês abakung | kadi kawat netra dadêlik | kumala sumsum gala | otot kawatêguh[31] | pan kulit têmbaga pêthak | kang wajèntên balung wêsi pulrasani[32] | wus sêkti măndraguna ||

13. Sri Danuja ndan angling patya ngrik | Patih Durga Kalasinga agya | krigên danawa wil kabèh | lumiringa riningsun | lumurug ing Suraloka di | nêmbah patih [pa...]

--- [f. 8r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 15 dari 92

[...tih] mawarah | wadyèng sura diyu | pirang dina kon anggancang | carita pan pêpak pênuh sura sang lwir | gunung janggêlêk sasra ||

14. miwah buta wil alas jaladri | banawi lwah guwa rêrambatan | sagêdhung kol[33] buta kabèh | kinrig diyu manguyun | kang wewe mong-among mangkang wil | prajèng alas kèbêkan | pênuh sura diyu | byakta cinăndra lêkasan | kang yaksa wil sagunung salumbung giri | dusrah su[34] suraweyan ||

15. gurnang gumuruh swabawèng yaksi | mangkat padha-padha rêrampakan | gumrah gumêrêng abane | alas arga pan diyu | tan linga wana gya wus prapti | danawa pirang sasra | ing praja wus nungkul | prawiratbuta gêng sama | sumiwi ta Sang Sri Mangliawan linggih | ing ngarsane kang raka ||

16. Mangliawan matur sahastuti | kaka prabu gih pracayèng nara | sakit purna lwir jinampèn | ing dewa sasonga wus | Sri Sêmali awacana ris | yayi kakanta bungah | kitèng wulwèng tuhu | ngwang lilani yan sirarsa | aswari ran rêtna di Sang Sri Dewa Sri | nanging sira lan ingwang ||

17. marganing lara têkap ing pati | sira mrih kang sorining jawata | Bathara Wisnu jatine | dening Bathara Wisnu | besuk janma sira anitis | ing kono sira têkap | mukta mring Yyang Wisnu [Wi...]

--- [f. 8v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 16 dari 92

[...snu] | pan ngwang awêdi tan pengan | mring Bathari Uma Sang Yamadipati | pangalapaning atma ||

18. aturira tan apanjang malih | Mangliawan sarèhnya patikbra | jatèna ulun sajatos |[35] dhatêng ulun anuhun | tan awinwrin pêjah nglampahi | rèh kasmarèng tyan Kindran | ing nguni dumulu | mring Sri kawula kantaka | tan alarang tohana sakit lan pati | Ni Sri kumalèng Kindran ||

19. ndan irika Sang Mrajèng Sêmali | utusan mring Patih Durgakala | Kalasinga sabalane | maring Kindran wêkas wus | anglamara maring Dèwi Sri | datan pawèh pasunga | têdhanên dewa gung | kang dinuta dan umangkat | sang ulun ta kang lakyèng ngambèng wiyati | gêgana kèh danawa ||

20. asrang gumrêrah swabawèng yaksi | ing gêganarja padha lumarap | ing Suralaya tampine | kathah kaksi kadulu | tanpa siring konang kaaksi | endah awarna-warna | selarja na ngugul | kadi sato măncawarna | rinukmi mas sela bang sayana putih | krêsna jênar sri nata ||

3. Sinom

1. sigêgên kang katakêna | Jugringsalaka[36] winarni | undar-andir pariwrêna | Ywang Bathara Guru lêwih | miyos jawata niwi [ni...]

--- [f. 9r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 17 dari 92

[...wi] | para dewa agung-agung | ngarsa Sang Yang Narada | Saywang Dhêndha Ywang Basuki | Ywang Bathara Brama ta Ywang Kumajaya ||

2. Ywang Sambu Bathara Endra | Bathara Wisnu anangkil | pêpak kang para jawata | muncar gumêbyar kaliring | murub ing sacakraning | gilingan byakta andaru | kasênwan Suraloka | rungsiting kang jawata lwir | ngalapan atmane ulun marcapada ||

3. neka warna busanendah | marcapada tan madhani | ganda rum ambar kasturya | anrus ing saptèng pratiwi | imba suwarga adi | sarya indah adi luhung | gêdhang măngsa woh mirah | pupus cindhe lungsir kuning | blêdug arum karikil intên kumala ||

4. dan nabda Ywang Gurunata | mring Ywang Narada amanis | kakang Nrada kaya ngapa | Ni Sri swari Wisnupati | Ywang Narada turnya ris | pakplong-pakplong banthèng ulun | punapi winancanan | kang apsari Ni Dèwi Sri | anyar kina lêledhang ing marcapada ||

5. sayêktos batên pakenak[37] | padukèngkara kaarti | minawi jana uning ta | salah pikir mambu atir | aran jan lan apsari | mila dede dhaup kupu | yèn poma pandhita jan | uni maring Ni Dèwi Sri | wande puja brata alpèng Susmanangsa ||

--- [f. 9v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 18 dari 92

6. dan mèsèm[38] Sa[39] Wisnu myarsa | linambana kang rayi Sri | eca gèn imbal wacana | ndan opyak gègèr ing jawi | sura danawa prapti | tanpa larapan wus rawuh | ing ngarsa Gurunata | pan amêng yaksa kêkalih | nêmbah-nêmbah rainya konjêm ing kisma ||

7. kagyat kang para jawata | non yaksang Ywang Narada ngling | sira buta ngêndi paran | kridhanta anjok tan krami | susela Brama Ruci | aranmu butêng adiyu | murang ngagas wani tan | wrinwrin dukaning Pramèsthi | tan wun klêbu ing kawah Si Tămbramuka[40] ||

8. Bathara Brama tanya kras | lah sapa aranmu yaksi | sura buta ro manêmbah | pukulun gustya Ywang Musthi | sumangga ngastèng dasih | banjutên ulun pun diyu | si tan wrin subasita | wêweka rêringa tan wrin | rèhing nara umulun byatning dinuta ||

9. Sri Sêmali Sang Danuja | ingkang praja Selagringging | anênggih Gadhongseluman | ulun dutèng nglamar nênggih | musthikaning apsari | lêpata ila-ilèku | nambat musthikèng Kindran | pangaskartan Ni Dèwi Sri | inglêlamar panggiha ri Mangliawan ||

10. krodha ngling Sang Wisnu lila | warahên ratumu yaksi | Sri Sêmali Mangliawan | yèngsun priyane Rêtna [Rê...]

--- [f. 10r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 19 dari 92

[...tna] Sri | kapan sun apêpanggih | ingsun wa suwela cucuh | pranibun samodra |[41] ing tapi[42] lwah jro tan winwrin | ing gêgana rêmên wang tan kêdhap-kêdhap ||

11. Bathara Brama kras lingya | Mangliawan Si Sêmali | kang atmaja Bramaraja | iya padha bosên urip | ngwang obong dahnala di | sun sisigi pêrang parung | sun kêramasi panah | cacah nir cucah sri yaksi | wa Sitrasi pari tan salin ing warna ||

12. warahên Si Mangliawan | buta lan Mraja Sêmali | jawata yeka mawarah | tur pamit nêmbah kang yaksi | lumaris gêtun ngaksi | maring sakyèh jawata gung | tan nyanggèng tyas raharja | byatita Sang Ywang Pramèsthi | sampun bibar jawata prayitnèng baya ||

13. eca prasamya gunita | prasamya prayitnèng wèsthi | sagunging para jawata | Sang Ywang Narada makya[43] ngling | he palibaya sang lwir | aywa eca-eca sagung | têke bolèt kastela | watêke katarèng wèsthi | Mangliawan patya munggah Suralaya ||

14. pakplong bakal wontên aprang | tangguh mênira mênèki | lingira sagung jawata | kadipundi gèn inggahi | yèn wus karsèng Susma Di | têkèng lara puwarantun | dan sagung pra jawata | myang sakwèh mambang kinêrik | wus sinwara pêpêk

--- [f. 10v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 20 dari 92

kastraning alaga ||

15. sigêgên sakarêng kocap | Sri Danuja Ji Sêmali | bilalanti ngarsa-arsa | yun-hyunên ari nêrpati | kang dinutèng ing swargi | Durga Singakala diyu | pêpak yaksang dênawa | mantri dêmang wadya mêrgil | kang swara grah lir ywrakta kang nêmpuh parang ||

16. mucanga pan dèrèng abang | idua tan asat prapti | pun Durgakala dinuta | Durgakala anèng ngapti | sarèh kadutèng nguni | mring jawata ngêbun-êbun | Ni Sri Kindran kabalya | panglamar Mrajèng Sêmali | tan pinarêng apanggih lan Maliawan ||

17. pan anggro Sang Sri Danuja | angrik Sang Mraja Sêmali | pan krodhanirèng tarpengan | Mangliawan gêrêng angling | babrêngose dèn puntir | bramatya alatu-latu | muka bang wadana sang | kumêdut padoning lathi | kang jaja brit sinèbêta mrang mêtapya ||

18. tur sêmbah ri Mangliawan | naranta amit kaka ji | lumurug ing soraloka | Mraja Sêmali tanya ris | lah iya dèn ngatyati | dèn eling wêkasing tuwuh | ling-ling dèn pakelingan | mapan sakyèhing dumadi | mapan rusak tan langgêng ing marcapada ||

19. akathah mawarah-warah | kasêktèn lawan pakeling | hong sida roma kartika | widandani awignani | surya madhangi sasi | maddhani [ma...]

--- [f. 11r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 21 dari 92

[...ddhani] sakutu-kutu | kutuning walang taga | mundar amawigna murti | musta nama madewa yu malêmpita ||

20. pan kitèka ya kayeka | dalêming samodra budi | Danurdhara Danurwinda | kapyani wak bawasi |[44] makurma abatèni | mapan tilalaning tuwuh | sindhitala gulinggang | dadinta dadi sakapti | pilih pulang suksma sinuksmèng ambara ||

21. Sang Mangliawan mawarah | mring patya yaksa nusuli | sawadya Gêdhongsiluman | sinwaran yaksa kinêrig | gêtu kêrik buta wil | Sang Mangliawan andarung | mring parahsura windha | kang wadya lumakyèng ngapti | grêh gurnita gêgana sêk tang danawa ||

22. kang lakya byaktang pawana | tan ana kang lingan ajrih | kyèhing wurdha pirang sasra | pirang dina konang lagi | pan sampun dyi sapta ri | têkap arah para inung | têpèng Junggringsalaka | undar-andir pari warni | gawok mulat yaksa kabèh mundur mara ||

4. Durma

1. bala yaksa dhêndhên[45] gyanirèng lumampah | anon suranglăngka[46] di | sela warna-warna | sela bang kadi janma | dhas atolèn kadi èsthi | aneka warna | dhas naga myang yaksèki ||

2. warna-warna kang sela kathah warnanya | bala yaksa kras angling | e batur ta padha | dèn ngatyati ing baya | kang pralega lêbur ênting | saurewangnya[47] | e apa jarerèki [jarerè...]

--- [f. 11v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 22 dari 92

[...ki] ||

3. lakuningong angiring anggèr bandara | aja kakehan pikir | bêcik nêmu ala | alarja si bandara | awurên Suraloka di | gurnat gurnada | dimèn mambang mêtoni ||

4. ywrangkat sêgut ambalang gutuk gurnada | pêtêng kukus sundhawi | prahara gêng prapta | muluk sela saarga | awor ladhu udan curi | nêmpuh dênawa | kathah pêja[48] rasêksi ||

5. awringutên[49] tan ajrih mungsuh jawata | ladhu sirna nangkêbi | gèning dewa mambang | mambang dêdewan mulat | yan yaksa buta wil prapti | kèhnya tan ketang | mambang sadaya gipih ||

6. para dewa anon tandange danawa | ndan bandhil myang jêmparing | anyakra narampang | swara wara lumpas |[50] angrok swarane kang cêrik | agrah gurnita | kathah pêjah kang yaksi ||

7. wiratbuta anon balane kyèh pêjah | Lêmpunggumulung gipih | ngamuk maring mambang | kang katrajang kèh pêjah | sisantu malaywa wiwrin | mambang dêdewan | gumrah sambating kanin ||

8. Sa[51] Ywang Brama ambalang ladhu pawaka | mring bala wil kèh mati | kobaring dahnala | pirang-pirang wil pêjah | sisantu malaywa wingwrin | swara gurnita | lwir udan sinamèni ||

9. Lêmpunggumulung yaksa Wiratgundhala | Kumbalaga Srênggi- |[52] kala Sang Pikala | Srênggana [Srêng...]

--- [f. 12r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 23 dari 92

[...gana] Sang Lêmbana | Durgana Cacingsakêthi | Ki Lêmbusura | surak Sang Ganayaksi ||

10. Yaksasura butèstri Rancalkuthana | Prênggăngsa Srênggahsrênggi | Sang Prawiratbuta | kathah pracakèng buta | sarêng rampak angamuki | mring mambang dewa | kathantu malayya wrin ||

11. Brama Dêndha Ywang Gangga tiga umangsah | kinarubut ing yaksi | tri jawata manah | warastra samya lêpas | kathahing astra lwir wrêsthi | kèh yaksa pêjah | wadya wil kathah mati ||

12. linge dewa e buta padha mêdhuna | tan wun ko ngwang tumpêsi | kang wani jawata | wringutên Wirayaksa | tan sêja wêdi ing pati | sangsaya krodha | rèh rowangnya kèh mati ||

13. Sang Ywang Dêndha anawat ladhu prawata | muluk kang punang curing | ngantêbi danawa | pirang-pirang kang pêjah | rahnya mubêl-ubêl mijil | rêmukang[53] têndhas | tulang rêmuk wor siti ||

14. pirang-pirang yaksa bala mantri pêjah | tumibèng ing pratiwi | kalud Ywang Bathara | Bayu mêtyèng prahara | nêmpuh yaksa kathah mati | tibèng pratala | wangke glasah ing siti ||

15. irikonang Patih Yaksa Durgasinga | non ulunnya wus bêrsih | kroddha ngrik sang patya | mara ngling kras nênantang | panguwuhnya ingong wani | marang jawata | lah kêmbulanèng kami ||

16. para dewa angrubut [angru...]

--- [f. 12v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 24 dari 92

[...but] sami amanah | kêna datan nêdhasi | marang Durgasinga | Kaladurga prawira | nanging sami mutah gêtih | ro patih yaksa | mundur sinurak anjrit ||

17. Sang Mangliawan konang ton ulun las |[54] bramatyandik tan sipi | awirang tar pengan | sojar kras Twiwikalpa | kêmbulana ngwang ajurit | ngwang Mangliawan | tuhya priyaning tiwi ||

18. ngwang kang ari Mraja Sêmali putrèka | Bramaraja purèki | Ngindrapura agya | patya rwa lah mundura | para dewa bramatya ngling | mring Mangliawan | walia si ko mati ||

19. tan wun sira lêbur cethang mring jawata | basah lungkrah sirapti | rabi Sri tan ana | layak patutanira | janma swari tang apsari | mênèk kayèka | Sri Watugunung dhingin ||

20. kêdah sori Supraba ing Suralaya | têmahe ngêmasi |[55] sasunu tan pêjah | mêngko sira tirua | numangsah prang lan dewa di | mêdhuna gancang | mring nayopada urip ||

21. wong acacah nir cucah adoh parentah | guregah tan wrin wèngsthi[56] | lir cêcubluk dewa | Mangliawan rakanta | yaksa badhog daging urip | wus ngong cêcadhang | Kawah Tămbramuka di ||

22. Mangliawan dik myarsa jar jawata |[57] dening mêmanas ati | mangsoh byaktang kilat | ngamuk mring mambang dewa | kang

--- [f. 13r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 25 dari 92

tinêndhang tinampiling | binithi rêmak | kathah kang mambang mati ||

23. para dewa sami gutuk pangabaran | Bathara Bayu gipih | anawat prahara | awor udan dêrsela[58] | datan obah ri Sêmali | Sang Mangliawan | tuhya dikjaya sêkti ||

24. Sang Bathara Brama amanah pawaka | gêng lir sundhul wiyati | prayarsa nunua | maring Sang Mangliawan | kasêktèn jawatan tiwi | tar tumamangga- | nirèng ari Sêmali ||

25. kewuh ing tyas jawata mangsoh mrintaka | mring Mangliawan gipih | Ywang Dhêndha Ywang Gatra | ngrap ngudani warastra | Mangliawan datan busik | têguh prawira | pra dewa nuduk nitir ||

26. tan tumamarsa cinandhak datan kêna | angrap nuduk anitir | putung kang curiga | ro dewa wus lumajar | Dhêndha Gatra wus lumaris | akujingkangan | ambêkan mêtu kuping ||

27. Mangliawan agrêgut mangsah prayarsa | candhak jawata kalih | lêpat datan kêna | palayunya pan kêras | dewa kalih rêbut dhingin | mlajêng sasaran | kalintang dening ajrih ||

28. Sang Ywang Brama tumulung narik curiga | panuduke anitir | tan rinăngsa dera | Mangliawan tandya kras | nyandhak wangkingan tumuli | kêna binucal | Yyang Brama tiba tangi ||

29. wus lumajar Ywang Basuki dan umangsah |

--- [f. 13v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 26 dari 92

mara nuduk anitir | mring ari Danuja | sadhidhik tar busika | Basuki pêgêl ing ati | tandya lumaywa | akras tan nolih wuri ||

30. dan masèka sagunging para jawata | angudani jêmparing | pêtêng swara wara | tumamèng Mangliawan | tan risa jawata glis |[59] ambalang padha | gutukira pribadi ||

31. kang lêladhu pawana lawan dahnala | ladhu dhut watu api | tan ana tumama | Sang Mangliawan tandya | angucan[60] kras mring kang sakti | sapa kang darbya | pangabaran sakwèhing ||

32. kang maruta selarga ladhu dhut nala | ta[61] liya kang darbèni | ndan irika kuna | sakèh kasêktèn dewa | wus bali kang adarbèni | para jawata | darbene sami wali ||

33. para dewa lumajêng padha sasaran | kêna mring mambang tuwi | kathah kang parastra | tan amăngga puliha | pirang dina kunang lagi | prang mêng pat dina | rèrèh dalya ngartati ||

5. Dhandhanggula

1. ndan katakên pra jawatan jurit | agunita[62] ing ratri kalèka | kadi ta paran akale | rèh sor prang tan amagut | Ywang Narada akras dera ngling | pangajaping jawata | kang mangsah prang pcupcuh[63] | tan lena nglawana kang prang | Mangliawan sira ta Sang Wisnumurti | lêhêng sami sênêtan ||

2. kunêng tekang sagunging apsari |

--- [f. 14r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 27 dari 92

kagegeran angili sadaya | gendhong kalasa bantale | samyapta ngungsi ayu | atri gumrah pating jalêrit | wrinwrin yan katawana | lwir janèstri tuhu | rabine mambang sadaya | wus malaywa angungsi dunungan sêpi | kang nèng Jugringsalaka ||

3. katakên Sang Mangliawan malih | ambujêng kang sura pra jawata | kang padha lumaywa kabèh | tan ana măngga cucuh | sang arya pan prakoswèng jurit | tan ana lumawana | mring sang ari diyu | lumakya têkap ing dwara | Kindran aran Selamatangkêb tangkêbing | pintu nêb mênga dhawak ||

4. têtangkêbe pintu Kindran iki | salamine mênga minêb dhawak | gumrot gumrêrah swarane | tangkêb dwi kandêlipun | pat dasa ta dhêpa pan curing | sela têm pinatikan | nawarêtna murub | sing sang katakêban[64] lawang | yêkti rêmuk bêbalunge dening curing | lêbur tanpa dadia ||

5. Kaladurga Durgasinga singgih | ngiring Mangliawan kèwêd ing tyas | dera sru lakung[65] wêdine | mulatangknging pintu |[66] mênga minêb tumakêb maning | gumênjèng byaktang gurnang | dwi buta rwandulu | wiwrin datanpa siringan | Mangliawan dwêg ngambèng bumya têmbagi | panas kadi dahnala ||

6. tan karaos panasing kang tiwi |

--- [f. 14v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 28 dari 92

sinung tawar ing mangkya kalakyan | têkèng don dyara sru jrihe | Mangliawan amuwus | paran akalirèng prasami | ture yaksa kalèka | yèn sambadèng kahyun | jêngirèng kinèn walia | prandene pan yan bathara anglastari | karsa jêng dwara mênga ||

7. ngling Sang Mangliawan mamêdèni | sira karo kaya ta rarea | lah mênênga ngwang têdhane | mring dewa Susmana Gung | Mangliawan muja sêmèdi | sidhakêp suku tunggal | babahan songa[67] wus | kabèh katutupan padha | pan jumênêng anane manusa jati | lêbur ananing nara ||

8. lastarya tinarimèng pujyèki | mênga dangu ingkang punang lawang | kang têngga dwara sakyèhe | mambang amagut cucuh | lan Sang Durgasinga katitih | tan agopinanah[68] tan | pasah ing astra mur | nêlas astraning wirama | ngobat-abit pangamuke yaksa kalih | lir banthèng tawan brana ||

9. irika ta Mangliawan malih | lumakya mèh têkaping sinêdya | Rêpatêpanasan gone | rêtning Kindran linuhung | Ni Dèwi Sri sang arywa angling | e Wisnu gya matua[69] | papagên tadèngsun[70] | sira sor tan wun ngyang alap | sorinira kasosrèng pramudita di | yune tanpa sisingan ||

--- [f. 15r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 29 dari 92

10. sigêgên ta sakarêngan malih | winasitakên Jugringsalaka | Rêpatêpanasan gone | yeka Bathara Wisnu | pan kalèka[71] diwêg winêrgil | dera atmajèng priya | Srigati ranipun | ing wugat[72] Ki Lurah Sêmar | Wangsagatra Patrasalupa tan kari | kalayan Dublajaya ||

11. marmitane Ywang Wisnu tan jurit | witning arsa miyosana aprang | ginubêl dening gruwane | Dèwi Sri lara muhun | jroning kang tyas kapati-pati | tan purun katilara | Dèwi Sri kapiluh | tan mêdal locananira | yèn nangisa mimbang waspanya sayêkti | ngaru-ara ing Kindran ||

12. kalud mangke Sang Wisnu rwundahtin | dera sapantinêdhun sing Kindran | amargi Ni Sri tingkahe | asring lêledhang iku | mêrcapada jan tri mring Ni Sri | marmane dewantara | Suraloka koyuh | sakyèhing para jawata | mring ri ditya Ywang Wisnu wacana manis | mring Dèwi Sri lingira ||

13. aywa gubêl nimas marang mami | sun magut prang lan Sang Mangliawan | aja gêdhe bancanane | mênèk sor yudaningsun | kayaparan kakanta rari | balingan sangonana | gantèn ingkang arum | mijil saking lathinira | yèn sun mati kirimên [kiri...]

--- [f. 15v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 30 dari 92

[...mên] èsêm kang manis | morên lindrining tingal ||

14. dumèh tan mati kakanta rari | yèn tan parêng sira lan pun kakang | lwir tunjung bang nèng jroni[73] we | tan adoh lawan ranu | o ganggêng gêng gêgêng[74] ing têpi | katon dhampyang-dhampyangan | gustya mas lan ingsun | yan antu tan kênèng pêjah | prawitane satriya salin nagari | dèn waspadèng nguksapya ||

15. ndan irika Rahadèn Srigati | anèng ngarsa mèsêm nayut ing tyas | jêng rama sangêt sih-sihe | kalayan kangjêng ibu | tan apêthotustha[75] angliring | ndan Sêmar atur sêmbah | mring Bathara Wisnu | jêngira banggi tan mirsa | pijêr olah kaswecana mong ing kapti | pra dewa kasor aprang ||

16. lan Sang Mangliawan Selagringgring | widadari angili sadaya | jêngira sakeca bae | punika inggih bêtul | ingkang eca têtiyang urip | kang tan pêgat sih-sihan | amangan atidhur | pan eca pêngantên anyar | wangi-wangi mangan loncom sabên injing | amangan lêlinthingan ||

17. nan cita ndan Sang Bathara myarsi | pêtak gumrah sarta nantang lawan | ingundhamona[76] ragane | Bathara Wisnu sindung | kang murud prang Sang Wisnu angling | Srigati anak ingwang | paran kapyarsèngsun |

--- [f. 16r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 31 dari 92

ture tanaya bagita | satru têkap Mangliawan prusèng budi | aptya sori ing Kindran ||

18. nayantaka matur angastuti | inggih yaktos kang sumbar gumêrah | Sang Mangliawan marangke | Srigati nêmbah atur | pamit yayah renasmu tangis | dèn ngatyati nak ingwang | ywa rarèha kulup | dayereka ndan lumampah | praptèng ugyan[77] lagya kontapana sêging | Srigati Mangliawan ||

19. Sang Mangliawan kras dènnya ngling |[78] dewa kulup sira ngwang lawan prang | baya sira Wisnu anom | mundura dèn agupuh | mênèk mati eman apêkik | Srigati ngling bramatya | nglingmu sor tang ndiyu | balikan sira mudhuna | sing sulendra yan tan mêdhun tan wun mati | mring Srigati prawira ||

20. sapamyarsa Mangliawan aglis | kroddhandik dan Srigati cinandhak | wangkingan binucal age | tiba cinandhak gupuh | mring pêpatih yaksa kêkalih | sirèng Sang Wisnuputra | lwir undhi tan kiwul | dan Ki Sêmar duk tumingal | yèn Srigati yuda sor kinaryya undhi | tiba tangi cinandhak ||

21. Nayantaka sumbar nantang wani | ngagêm tawok[79] wiyare lwir iyan | buta mara ngnyakot age | kiyu

--- [f. 16v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 32 dari 92

cangkêm myang untu | diyu ngêmah bokong tan gênti | Ki Sêmar latah-latah | iki buta pêngung | wong pêrang gethok-gethokan | anêmêni nora mambu karuh lami | buta mêngko ngwang duka ||

22. dak towoka dukira ko mati | Nayantaka anowok tangginas | ginênti tinawok mèntèr | towok gowang sagandhu | Kidrah Sêmar malaywa gêndring | Dipati Pranaraga | kondur aprang koyuh | Srigati ngagêm sênjata | wus pinanthêng capa lumêpas tumuli | kêna jaja rah mêdal ||

23. Kaladurga niba nulya mati | Mangliawan tumandang kras mojar | mundura kakya dèn age | dhuh mênawi sirantu | mondah murar Rêtna Dèwi Sri | bramatya Wisnuputra | dan amanah gupuh | Mangliawan datan sayat | gumuyya ngling pamanah ta sun arani | Ni Sri anggarut jaja ||

24. amanah malih Radèn Srigati | ambênêri jaja Mangliawan | tan têtês kraos sakite | Mangliawan agupuh | mangsah akras anandhakêning[80] | wangkingan Wisnuputra | wus binucal mamprung | mali ping tri pan sangsaya | kasor ing prang sirèng Rahadèn Srigati | kunang kang rama mulat ||

25. mangu-mangu Sang Wisnu mara ngling | mring atmaja Srigati

--- [f. 17r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 33 dari 92

mundura | wiyose dudu mungsuhe | walarja ta pakewuh | Mangliawan ingong nandhingi | rêbutên ing alaga | sun Bathara Wisnu | ingkang sêkti măndraguna | priyaning rat e payo tandhing kuwanin | padha trahing kotaman ||

26. e eman tan têmua sadhidhik | Ni Sri lawan Maliawan tuna | gorekan tanbuh sira prèh | tan wun anom balungmu | wutah jamu crêmangga nipis | murud ing kaksi têkap | tibèng antakamu | padha kêncèng juga mangsa | kundur ing prang yan lagya Ywang Taya kang sih | panduming jagat raya ||

27. Mangliawan mulat myarsa andik | sêsumbar panan pitung pangkat |[81] mara ge grêgut manahe | anggrêng akras amuwus | e ta sira Wisnu wus lami | ngwang anti mêtyèng rana | tandhing ngwang prang cucuh | padha ijèn prang tandhingan | lah ta payo-payo sapa sor ing jurit | tinugêl kang bujăngga ||

28. arikonang sêh prawira angling | Mangliawan Wisnu gya mundura | eman jiwantu prandene | jawata rèng gung kang wus |

--- [f. 17v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 34 dari 92

mring ngwang datan năngga ngwang jurit | srahna Ni Sri age ta | ngling Bathara Wisnu | pangrasaning tyas kayèka | durung ulap musuh prang ri Danuja Ji | ing uni sun mrajaya ||

29. Watugunung Ratu Gilingwêsi | kawasa tan mimba na miriba | prandènnyantuk astaningong | apa maning rupamu | mênèk kurang gilani ngaksi | murdhanta salinana | sasra diyu siyung | sakêthi pan datan ulap | balik si mudhuna bisuki dadi |[82] pangewan marcapada ||

30. kroddhandik Sang Mangliawan aglis | krasa nyandhak wangkingan anyandhak | binanting binucal age | mamprung lwir kadi sindung | watara na lakyan saari | Mangliawan tyas suka | gumuyya angguguk | sêsumbar anantang lawan | dan Sang Wisnu prapta lwir angin malêsi | mring Mangliawan nyandhak ||

31. murddha tinapuk mukanya kêni | untu rampal panon sumamburat | anggrêng ariyak tangyage | pamahanan wus rawuh | kang warastra lwir wêrsa drêsning | pênuh angarah pêjah | Sang Bathara Wisnu | kadrêsan ingkang warastra | tan agopa tuhya ta Sang Wisnumurti |

--- [f. 18r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 35 dari 92

astra tan tumamangga ||

32. lèn kênangga tan busik sadhidhik | warastra pan kyah tan kapitunga | kêbêk tan ana tuwange | yeka Bathara Wisnu | pangabaran agutuk angin | mring astra dadya sirna | panah sadaya mur | wrin gêtun Sang Mangliawan | panah datan miyatani lêbar ênting | deyereka sang arywa ||

33. angusap jaja ping tri mêtyapi | ngarab-arab murub kantar-kantar | para dewa kagyat anon | api mararsa nunu | mring Sang Maha Wisnu dan aglis | amanah punang mega | rêmêng dadi jawuh | madhêmi punang dahana | kawarsan dêrs pawaka pêjah sirnanting | kacub ing we dahnala ||

34. udan andrês malah dina ratri | tan atêrang malah kabanjiran | sang wangke wus kintir kabèh | pan saking drêsing jawuh | tan atêrang wor udan krikil | bala yaksantu kathah | kacub ingkang banyu | sêktine Wisnu tan pengan | irikonang Sang Mangliawan kroddhandik | rèhne sor kaprawiran ||

35. dan sêsumbar ta Sang Wisnumurti | yèngsun ta Sang Ywang Bathara Surya | lah payo rêbutên ingong |[83] prajuriting dewa gung | dikarèng rat kutamèng bumi | rêbutên [rêbutê...]

--- [f. 18v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 36 dari 92

[...n] ing alaga | priyaning rat tuhu | sêkti têguh măndraguna | priya jayaparusa gêndhak datan si- | karèng jan priyotama ||

36. mundura gya ko sira ri yaksi | yèn tan mudhun tan wun êmantaka | Sang Mangliawan kras linge | apa abamu Wisnu | ngwang wruhanta tan kena pati | yan lagya na baskara | wulan tan kênantu | balikan Ni Sri srahêna | ngwang tumudhun jawata padha lumiring | mananya pan kasmaran ||

6. Asmarandana

1. mambang dewa sadayèki | mara nundhung Mangliawan | kang mambang samya kras linge | mudhuna kita dèn gancang | yan aptya basukyarja | Mangliawan was angrungu | pangucape mambang dewa ||

2. Mangliawan bramantya ngling | mêko[84] ngwang tumpês pra mambang | prawira di adiningong | panggah kutamèng alaga | yèn sirarsa matia | lah papagên tandang ingsun | ngwang tumpês ngwang tara măngsa ||

3. tandya kras mambang sakwèhing | samya ngudani sanjata | ewon lêksan wêndran kèhe | Mangliawan basukyarja | lèn putung punggêl astra | ting carêngkling padha rêtu | kênangga Sang Mangliawan ||

4. Mangliawan bramatyandik |

--- [f. 19r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 37 dari 92

kênastra tan tinolèha | mambang ingamuk sira ge | binithi nêpak tinêndhang | kang kaparag kèh pêjah | sisantu padha lumayu | kang swara agrah gurnita ||

5. pirang-pirang mambang mati | wrinwrin wadya Tijomaya[85] | Sang Mangliawan kras linge | sêsumbar anantang lawan | e ingong Mangliawan | têguh jayaparusèngsun | e Wisnu agya tandang prang ||

6. dan Bathara Wisnu gipih | nimbali Srigati prapta | linge yayah anak ingong | pagutên Si Mangliawan | dan Srigati mit nêmbah | mring rana sêsumbar gupuh | e payo Sang Mangliawan ||

7. ingsun lawanirèng jurit | Mangliawan tandangnya kras | Srigati canandhak[86] age | wangkingan sigra binucal | tiba têbah tangyegal[87] | Srigati mara kras nuduk | tinitir-titir ri yaksa ||

8. konang Sang Wisnu angèksi | tanaya kasor ing yuda | ndan Sa[88] Wisnu angrap age | cinandhak sang ari yaksa | binithi mukanira | pisêk irungnya ri diyu | rahnya mêdal darawayan ||

9. pangabaran amiyosi | rah dadya naga gêng dahat | kagiri-giri agênge | ngakak nandêr mambang dewa | kang kaparag kèh pêjah | wisa dumilah sumêmbur | pirang-pirang mambang [ma...]

--- [f. 19v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 38 dari 92

[...mbang] pêjah ||

10. sisantu malaywa winwrin | mambang dewa pan malayya | nabda napatani kabèh | turune Sang Mangliawan | ana ing nayapada | dadi satrune dewa gung | anèng Kawah Tămbramuka ||

11. gêntêr[89] patêr anauri | gumrêrah ing antariksa | gênturan wurahan gumroh | kadi gunjing maetala | irika Wisnu lila | amanah lêpas ingkang hwruh | dadya kagindra gêng juga ||

12. kolu gajah gêng ngajrihi | kagindra angrap amăngsa | sarpa naga sirna mangko | minăngsa dening kagindra | Mangliawan amawas | ingkang kamur |[90] minăngsa marang garudha ||

13. Mangliawan bramatya ngling | hèh Wisnu payo tandang prang | padha juga aywa morod | Mangliawan ngusap jaja | dadya yaksa gêng dahat | lir Kumbakarna dinulu | rupa agilani wurywan ||

14. muka bang lir mêtya api | siyung tinsêna[91] asaliban |[92] nitrandik lir surywa roro | lir Bathara Kalaludra | awak gêng lir prawata | asêgu kadi galudhug | pêtak-pêtak kadi gêlap ||

15. lah ta was-wasên ngwang iki | pinrih bêcik datan kêna | tan wun ngwang lêbur tagane | he Wisnu sira maguta |

--- [f. 20r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 39 dari 92

yèn sirarsa tan arja | dan lingên Srigati magut | kalayan Basuki Dewa ||

16. lêpaskên sênjata aglis | Basuki mring Mangliawan | ri ditya têguh yatna lon | kroddha ngrik lingnya kabangan | mung jawata ranira | linge tinanyan ya ingsun | Sang Ywang Basuki ta ingwang ||

17. yèngsun kang aran Srigati | kang atmaja Wisnu Dewa | warastra wus lêpas kabèh | anuju jaja tan sayat | kroddhandik Mangliawan | pinêrpêkan de sang diyu | Basuki Srigati madhan ||

18. panuduke tan ngudhili | kêna suku wêtêng pupwa | tan risa ditya tiron |[93] sapa ta mêngsahira prang | tan lèn Sang Wisnu lila | tuhya mêngsahing acucuh | Mangliawan Wisnumurtya ||

19. tandya kras sang ari yaksi | anyangking Srigati kêbat | binanting binucal age | Radèn Srigati wus sirna | sumêrap raga itma | mring Sang Ywang Basuki gupuh | Basuki yeka kras tandang ||

20. warastra lumêpas aglis | agra sutiksêna dumilah |[94] panah sangkali kêna ge | nirnakkên diyu nagindra | nuju jaja dênawa | Mangliawan ngrik kroddha sru | wus babar Sang Mangliawan ||

21. rupi kadi wingi uni | ambêkane akêsotan | wrin Yyang Basuki sira ge | cinandhak sigra binucal | mamprung datan wrin paran | Basuki sarta amuwus |

--- [f. 20v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 40 dari 92

dhumatêng Sang Mangliawan ||

22. Sang Ywang Basuki ika ngling | maring sirèng Mangliawan | sun wus kasor jurit mangko | benjang anèng nayopada | sun malês marang sira | ingsun aran Lêksmanèku | arinipun Sang Sri Rama ||

23. Sang Mangliawan duk myarsi | kang swara Basuki murca | Mangliawan saur linge | ywa liyan mungsuhira prang | sira kalawan ingwang | kang asung swara ika mur | Ki Sêmar nangis alara ||

24. marêk maring Wisnumurti | umatur sarèh kang putra | Srigati wus sirna mangko | wikan pêjah wikan gêsang | kang wlas dhatêng kawula | putra jêngira ing dangu | sri pêparing mring kawula ||

25. Ki Sêmar lara anangis | panangise ngaru-ara | katuwone awak ingong | duwe gusti kurang priksa | pan wêlase akathah | adhuh-adhuh gustaningsun[95] | kawulane tan dèn bêkta ||

26. lingira Sang Wisnumurti | aja nangis kakang Sêmar | pan nora mati nak ingong | sun arani nora gêsang | anjêsmani patinya | ing têmbe têmu lan ingsun | besuk ing bumi sêngara ||

27. mundura sun magut jurit | Sang Wisnu tandang kras lingnya | he Mangliawan sira ge | mapaga srung sun lan sira | ngadu trêhing kotaman | sapa sora prang nêmwantu | pribuwên ngwang Wisnu priya ||

28. Mangliawan duk miyarsi | kroddhandik lingnya

--- [f. 21r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 41 dari 92

kabangan | Wisnu payo prang lan ingong | angadu tosing crêmăngga | Mangliawan akêbat | ngiwa kênastrane limpung | kang kanan ngasta bêdhama ||

29. angrap Mangliawan gipih | Sang Wisnu linimpung kêna | angga tan rêmpid wulune | tinitir-titir tan pasah | malah kang limpung gigal | ingasta cinandhak gupuh | winalês Sang Mangliawan ||

30. kêna jajanya bênêri | kalud cinakra wus pêjah | Sang Mangliawan sira ge | kagulingan nèng buntala | surak para jawata | gêtêr patêr syara gumruh | kadi gunjing Suraloka ||

31. para jawata sakèhing | lêmbana mring Wisnu priya | dan Yyang Wisnu sumbar age | yèngsun Saywang Patmanaba | kang sêkti măndraguna | prawira dikèng rat tuhu | gêndhak tan sikarèng ing jan ||

7. Mijil

1. dan sagunging para jawata di | muja sokur gumroh | rèhning pêjah satrune ta mangke | Mangliawan arine Sêmali | mangke sampun lalis | pêjah asor cucuh ||

2. satru-satru bu satruning dewa di |[96] kang wus antu mangko | Sang Bathara Wisnu satêdhake | priyaning rat kang sih Ywang Taya di | Mangliawan mati | sinurak dewa gung ||

3. sagunging dewa mambang sukanting | suka-surak gumroh | swara [swa...]

--- [f. 21v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 42 dari 92

[...ra] gumrah surak mambang kabèh | lir butula kang punang pratiwi | tustha manah ênting | rah satrunirantu ||

4. mêngkanarsa Sang Ywang Wisnumurti | nigas jăngga gupoh | Mangliawan ingagar astra ge | dan amuluk raga ari yaksi | sarta akras angling | wruhanira Wisnu ||

5. durung tutug lakonirèng kami | sira lawan ingong | besuk ana nayapada gone | yèn ana ran Sang Rawana kami | Ngalêngka prajèki | wruhanta ya ingsun ||

6. kita têmbe atêmu prang kami | ing danalaga ro | aja na lyan sira lawan ingong |[97] Sang Ywang Wisnu duk myarsa swaraki | Wisnu naur angling | lah iya sirèng sun ||

7. sêdhêng mungsuhira ingong jurit | tan wrinwrin tyas ingong | lwir rupanta ingong aran têmbe | Sang Sri Rama sira dèn pakeling | dan gêntêr nauri | ana syara wus mur ||[98]

8. Asmaradana

1. dan irika Wisnu malih | wus kondur jaya ring rana | wus mantuk dhatêng purane | tan adoh lawan parêpat | Kidrah Ki Nayataka | Wăngsagatra anèng pungkur | lampahe kadya jong layar ||

2. ndan Sang Wisnu yeka prapti | Pura Rêpatêpanasan | Kindran don punang swarine | tan adoh Ki Nayataka | têngraning mênang aprang | pinapa[99] gamêlan umyung [u...]

--- [f. 22r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 43 dari 92

[...myung] | ing Suraloka tri gumrah ||

3. gêgodhongan samya muni | gamêlan ing Suralaya | kadya kaswargan rakite | tustha sagunging jawata | satru sampun paratra[100] | sigêgên malih winuwus | Sang Bathara Udal-udal ||

4. Arya Suduk wangsul mijil | ngadhaplang sarta kêkayang | Narada bungah tyas linge | Kindran padha sucènana | dening cêmêr sadaya | labêting apêrang cucuh | têke bolèd sucènana ||

5. pakplong-pakplong dèn barêsih | mêngkana Sang Ywang Narada | Bathara Găngga ingawe | lan Bathara Bayubajra | dan mêndhung Suralaya | tan dangu-dangu drês jawuh | patinira tri myang siyang ||

6. kintir sagung tulang gêtih | kang sarwa kintir wus sirna | kang amis bacin sakèhe | astrèng prang kintir sadaya | tibèng ing marcapada | dan Kindran walya lwir dangu | lêbu kasturya rum ngambar ||

7. ganda rum bêk ing pratiwi | jro Kindran bungah tar pengan | sigêgên malih wiraos | patih ing Gêdhongseluman | yaksa pun Durgasinga | Kaladurga wus lumayu | kapiandhêm tur upiksa ||

8. marang Sang Mraja Sêmali | lampahira tan araryyana |[101] kunêng malih kawiraos | Batha Wisnu kalèka [kalè...]

--- [f. 22v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 44 dari 92

[...ka] |[102] lênggah lan Ni Sri ngucap | paran marmi jêng pukulun | arêngu tan kadi brayan ||

9. Sang Bathara Wisnu angling | Sri yayi rundah tiningwang | durung tutug lakon ingong | nimas kalayan pun kakang | ing nayuh nayapada | besuk ingsun aprang cucuh | kalawan ta Sang Rawana ||

10. Ratu Ngalêngka kang nami | Dasamuka ngwang mêngsah prang | yèku alêsing[103] tyas ingong | wus panduming Susmanăngsa | sun turun saking Kindran | lan nimas yayi ing besuk | apisa[104] yayi kapêndhak ||

11. dening[105] tanaya Srigati | wus murca tan wring ing parah[106] | yèku besuk kanthiningong | aprang anèng danalaga | ngara-ra ing Ngalêngka | aprang rame anèng ngriku | têkaping bumi sêngara ||

12. rêp data pitanên malih | Kindran Rêpatêpanasan | kang nrat[107] raharjèng wêkase | pulih mulya mure dawa | Selagringging sinewa | karing tanaya tyan Galuh | Rêtna Sukèsi lan garwa ||

13. kang putra Dèwi Sukèsi | umatur rèhne swapêna[108] | paman Mangliawan katon | anitih liman amêta | kabyur dhatêng samodra | amlês ing we tang kadulu | pun paman batên katingal ||

14. Mraja Sêmali nabda ris | anak ingwang ipènira [ipè...]

--- [f. 23r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 45 dari 92

[...nira] | wong turu balubuh bae | têmah turu ngipi ala | padha nungsa jawata | adhi jayaa ing ripu | Mraja Sêmali ru dahat ||

15. sigêk gya tita kang prapti | Durgasinga Kaladurga | jumrajog maring kadhaton | sumungkêm padèng narendra | ture syarya karuna | bandara gusti pukulun | suka nara pêjahana ||

16. tiwas cabar kawulèki | pukulun dasih agêsang | linge Sri Sêmali Katong | aywa nangis lah pajara | sayakti ywa wêdia | sang ditya wantah tur galur | kang karêngya kang katingal ||

17. purwa madya wêsananting | Mraja Sêmali duk myarsa | anggro anggrêng panangise | adhuh adhiku pralena | ujarku silih apa | tatêkon bêsur abêrung | nyarudug tan wring ing wêkas ||

18. ana wong nayapadèki | kêdah arabi Sri Kindran | kêna citraka patine | Sukèsi Sukèsih mular | lara-lara karuna | adhi paman ingong milu | mati lah gawanên ingwang ||

19. Sang Mangliawan alalis | lungane tan awêwarta | yèn awarta isun[109] ampèh | mêngko mukta saparanta | sun gayuh-gayuh tuna | karèndhèt ati kang lampus | dhuh bisa mati si paman ||

20. Sang Mraja Sêmali angling | yayi anak ingsun nyawa |

--- [f. 23v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 46 dari 92

mêswaripa rèh tangise | mênênga aywa karuna | balik ta awak kita | tan wurung kapilu-pilu | dadi satruning jawata ||

21. ingkang ingong kawêdèni | Yamadipatya ing Kindran | mênèk mundhut itmaningong[110] | mêsa wurung ing sêmaya | apa ta akalira | Dèwi Sukèsi umatur | wor tangis astuting yayah ||

22. Rama Brada[111] wêgang ngungsi | ing ardi myang lwah kasimpar | rêrumbuk ta rongadigrot | jro sumur bandhung sumbêran | samar pantês tan wikan | pun ibu jêngira kandhut | kawula jêng singidêna ||

23. bêkus anggro Sri Sêmali | lwar[112] agrah swabawanira | lah age dandana karo | ibune lah marenea | sun kandhute kewala | ndan kinandhut sorinipun | Mraja Sêmali angucap ||

24. sira anak masku nini | dadia têtangkis ingwang | rewang wacana lan ingong | sapa iya ngong ngungsia | ewuh alpèng tyas ingwang | yèn pandum tan kênèng murud | mraja yaksa èngêt ing tyas ||

25. yèn darbe sanakan lami | dêduluran rakêt dahat | pratapèng ardi arane | Santeba ingkang pêparab | Maraja Citrabaha | Bagawan Sarwa ranipun | wus bêntur[113] sutapanira ||

26. apa kang canipta[114] dadi | dinulur dening Ywang Taya | tênayèstri lon tanyane | sawawi [sa...]

--- [f. 24r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 47 dari 92

[...wawi] rama mararta | padan ta tinulunga | têtulak pênyêndhêk umur | panjang ukure yuswèka ||

27. lêpata ing tulah sarik | jawata wiku maharja | nanging rama panduming wong | tan murud alarja mêndhak | ing Kawah Tămbramuka | Cêmaniloka bêk pêngkuh | tan anut pitutur arja ||

28. dhuh anak ingong Sukèsi | tuhya wrêddhah budyamarta | tumrahna têmbe putrane | yèn ingwang pralinèng taya | ywrangkat Sang Sri Danuja | mahêng pêpatihing diyu | lumaris yaksa pat dasa ||

29. nanging lumampah atêbih | lante kang rumaksa praja | pugawa[115] mantri wil kabèh | prayitna ing sandipaya | samya bogandrawina | kunêng kang lampah andarung | angandhut garwa lan putra ||

30. lampah wus têbah lan nagri | tan lingên lamèng sopana | adharat sri ditya katong | akalihan ingkang putra | munggyèng garbong di mutya | ngambèng cala lwah atêrjung | wenyandrês anjog ing parang ||

31. ing konang lampah sri yaksi | tan ana durgamèng awan | pala gumantung woh dados | lwirnya sêkar nêdhêng mêkar | kapwanan mrik gănda bwakta |[116] nis-ênis ăngga margiyu | jarahan ngrabasèng sêkar ||

32. asrang buroning wanadri | sapa

--- [f. 24v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 48 dari 92

gambiro lan kidang | sênuk warak gajah barong | kabrasat wijung wiyagra | budhêng wor walang kapa | mèmrèng nagindra lumayu | wrinwrin non mring Sang Danuja ||

33. atasêdhênging[117] lumaris | tan katakên nuh kalangwan | parah-parah merya katon | pirang dina konêng awan | pratisthèng grèng suwela | konang sang tapi ing ngriku | Bagawan Sarwa lwir gula ||

9. Dhandhanggula

1. sigêgên ta sakarêng kawarni | Manumanăngsa putra Bramaraja |[118] ing Indrapura prajane | Bramaraja sêsunu | Citrabaha pandhita luwih | nênggih Bagawan Sarwa | Ngalêngka prajèku | garwa sing Saptapatala[119] | Dèwi Rapwa nênggih Ni Dèwi Pratiwi | yeka sampun pêputra ||

2. ingkang wrêddhah ran Bisrawa singgih | kang panênggak kasih Bisawarna | Sang Dasawarna arane | samya gêng-agêng luhur | byakta ta Sang Boma katrining | tênaya kang pamêkas | Ywang Kumajayèku | irika wontên pusaka | astra limpung pêpujan sing yayah uni | sapa jumênêng nata ||

3. yakti limpung astrèng jurit |[120] tiksna misani pusakèng nata | rèning kang yayah sumèlèh | kaprabon gênti lungguh | kang putreka Bisrawa dadi | prabyang ngrèh ing Ngalêngka | rèhning dangu-dangu | putra tri apaginêman [apagi...]

--- [f. 25r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 49 dari 92

[...nêman] | yèn arêmbug pusaka limpung tinêdhi | Bisrawa datan suka ||

4. dadya apăncakara katrining | Sang Bisrawa lan Sang Bisawarna | lan Dasawarna salinge | minta pusaka limpung | rèhning rantên tan jênêng aji | kakanta ngrèh Ngalêngka | Bisrawa tan asung | nglinge raka pan kayèka | arsèng ngrampas sing sapa jumênêng aji | dêrbya limpung pusaka ||

5. rèhe limpung pusaka tan kenging | katêdha ri dadya sru wikalpa | tan wrin wangsa alarjane | wêkasing dangu-dangu | wêtya bang kang driya mêtyapi | lan sojar lèn jan indah | suwa ring sadulur | pan dadya apăncakara | băndayuda tanna jan purun nulungi | ramya kang băndayuda ||

6. sinapih datan kêna katulih | mring ri rwa ran Dasawarna lawan | Sang Kumajaya purwane | wêkas-wêkas tan emut | katulihan banting-binanting | buwang-binuwang têbah | Bisrawa kapuyuh | yuda sor angrasa wirang | tandya ngagêm limpung kang rayi mara glis | dhupak nêndhang anepak ||

7. jongor kongsêb Bisrawa sirapti | mêdhang limpung mring ri Bisawarna | kêna jăngga parastra ge | Bisrawa ngrangkul gapyuk | marang Bisawarna muhun ting | nambat kadang pralena | pra rantên tumanduk | tumulung kang apralina [aprali...]

--- [f. 25v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 50 dari 92

[...na] | sarta lara-lara dènira anangis | laywan basmi ginathan ||

8. tan apanjang-panjang wuwus dening | ngraos kawus pandum Susmanăngsa | samono dawa cêndhêke | umure kang sadulur | samya ajrih mring kakang Sang Sri | Bisrawa sih sawăngsa | Dasawarna langkung | sru bêkti ing kadang tuwa | tan kêna sah Dasawarna lan narpati | bêktya kule sarêngan ||

9. dahat pitaya sang sri mring ari | Dasawarna sabèng jro kadhatyan | rina ratri tan taha lèn | anyana sadulur trus | dalya sabèng pura ngraksanti | ing durga nawan dhustha | Bisrawa wus asung | limpung măngka astrèng latra | Dasawarna bungah tyas datanpa siri[121] | dalya kang rakanindra ||

10. jênjêp don lakya kang kadi sandi | marandhustha mring pasuptan raka | nuju sweca pasarene | Dasawarna agupuh | mêdhang jăngga rakanta lalis | alok kalêbon durat | kadhaton gumuruh | titir gumrah wror[122] karuna | pra wanita jro pura lwir gunung miring | syara lir wiyat rêbah ||

11. tan katakên kang pralenèng puri | Sang Bisrawa binasmi ginathan | cinandhi laywan sira ge | wuse kang ngadêg ratu | Dasawarna angrèh nêgari | Pêpatih Kumajaya | Dasawarna Prabu | alama panjênêngira | deyereka

--- [f. 26r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 51 dari 92

kang rakma[123] nêdhêng Susma Di | têtêping panjênêngan ||

12. ingkang putra angrèh Ngalêngka di | Dasawarna lèn Bagawan Sarwa | awèt nèm panjang umure | punika kandhanipun | kang lèn kayat wikan yèn sisip | sigêg malih lingêna | Sri Sêmali nêngguh | kăndha satêngahing ngucap | Ywang Bathara Guru apêputra nênggih | kêkasih Kamasalah ||

13. singgih Bathara Kala puniki | pan Yyang Kala asowan Sri Siwah | ing jro dhasar pratiwi tès | kama rug tibèng diyu | èstri dhasar pratiwi dadi | tanaya sri dityeka | Sri Sêmali Prabu | tan wrin lêsêring kang kăndha | mugyantuka paramarta lêsêr[124] sisip | puwwèng jan kang twi toma ||

14. trah-tumrah Sang Danuja Sêmali | wali malih kang punang carita | Sang Citrabaha anèng don | nêkung pamujanipun | barang ingkang ciniptèng dadi | dukning mirsa tanaya | dwi Sri Ngalêngkèntu | baya wus têkèng sêmaya | pan wus pandum Ywang Susmanăngsa linuwih | putrantu ro Ngalêngka ||

15. lah paranta wus titah Susma Di | Sri Ngalêngka nak ngong Dasawarna | yeka tan dawa umure | nèng Ngalêngkantu lungguh | besuk ana ratu ing wuri | sinung dawa ngumurnya | sasrut sabrêkutut | sadhangdhang tan kênèng pêjah | ratu wuri bramana wiku padha ngling | lwih Sang Bagawan [Baga...]

--- [f. 26v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 52 dari 92

[...wan] Sarwa ||

16. sinauran gêtêr patêr muni | galêdhug hêr munya kidul kilyan | kangwung[125] ting palêngkung katon | prabawane mèh rawuh | ratu wuri sang rêsi tan wrin | sigêg sêkarêng kocap | Sri Sêmalwa darung | kang lakya tan ararywana | têkap ing graning suwela Santeba glis | konang ngling Wiku Sarwa ||

17. lingira lon mring endhang myang cantrik | gêlara lante kalasa pacar | kadhatêngan ditya rajèng | sagraha lan kang sunu | cêcawisa sabarang bukti | cacahna barang-barang | kang liningan sayut | lêkangs[126] agni tandang adang | dandan dhepok pra cantrik dandanan dadi | pakuwwan sangkêp buktya ||

18. atasêdhêng[127] têkap sang sri yaksi | prabawangin agêng rum sugănda | lwir jan umrik mar gandane | angarum mintar langu | kacubung yan binukti manis | gadhung walura tawa | rasa gula sayub | waragang janèwêr adas | bala ditya kang ngiring tan kirang bukti | dan manggih papungkuran ||

10. Pangkur

1. tandya irikonang têkap | Sri Sêmali ing ngarsane sang rêsi | tan têbah Sukèsi sunu | sastutèng ing bagawan | samya jajar lênggah jawat tangan muwus | Bagawan Sarwa tur bagya | kamayangan ari prapti ||

2. marmita ri gatya têkap [têka...]

--- [f. 27r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 53 dari 92

[...p] | grèng prawata panggih kakanta rari | nispala tumêkèng mèru | saharja tyas kakanta | marang prajaning ari duta turnèng sun | Mraja Sêmali wacana | marmita kakang ngwang prapti ||

3. darbyatur tri prakareka | purwa madya wasana kang rimihin | ari Mangliawan antu | deraptya sori Kindran | Ni Dèwi Sri yuda nèng Kindran kasambut | mêngsah prang lan Wisnupatya | ari Mangliawan lalis ||

4. rèh ari sampun parastra | măngsa wande kang rayi kapiloni | kapilu-pilu ing dulur | ingwang kajrihi dahat | Sang Sri Yamadipati ngalap atmèngsun | singgih kakang sêdhêng tayan | tumulunga marang kami ||

5. sapa sintên ngwang pêpinta | lèn jêngira alarja mêng padèki | nirnakkên nrimalèng ulun | inggih măngsa muruda | yèn wus panduming Ywang alarja katêmu | dwêg myarsa Bagawan Sarwa | asru kanggêk smu tirtaksi ||

6. nangling Sang Bagawan Sarwa | gêtun-gêtun nora kadia yayi | Sang Mangliawan abêsur | aptya sori ing Kindran | wurung rabi sida lara pupwarantu | tan janmantomambêk lasar | nir pralampita jan dhingin ||

7. tan kênèng linawan ing jan | kang jawatantara purwèng myang wuri | sipya jrih maha maulun | jan marjala kapêndhak | ri kakanta ringêng tan widagdèng tulung |

--- [f. 27v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 54 dari 92

Sri Ngalêngka yugya napya | sumanggup anulak pati ||

8. têbêng manah Sri Danuja | nangling anggêrng anggro lwir gurnang kang tri | loyop rawis waktra payus | kaka ywa kalayatan | mênèka wring Gustya Yamadipatèku | dadya paran rayinira | sang rêswa ngling smu ngecani ||

9. aywa ge yayi rèrèh ta | mara rana pitulung sih Susma Di | kakanta mêne anêkung | muja sêmèdi arja | ari dawa umure ingwang mujyèku | tan dangu sweca gunita | wontên swara nguwuh linging ||

10. he Sarwa mêngko ta ana | kene satru jawata ran Sêmali | ture Sarwanjok umatur | wontên ulun wikana | nora tandya mur swara sri ditya matur | adhuh kakang dawêgancang[128] | nênggih kang wus nyauloni ||

11. linge Sarwa inggih nêdha | ndan anadhah pisêgahe sang tapi | saana-ananing mèru | wrata putri myang patya | tuwin nyoddha Danuja abukti dan wus | anadha ywrangkat sri ditya | Sarwa lumampah ing ngapti ||

12. lampaha dharat kewala | Sri Sêmali tan adoh lan Sukèsi | wus lèngsèr saka ring gunung | têkap sukwèng aldaka | sang apatih sawadya diyu pat puluh | mikul titihan sang rêtna | putryayu Dèwi Sukèsi ||

--- [f. 28r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 55 dari 92

13. awahana joli pèrmas | swara gumrah lir udan sinêmèni | kang lakya lon saya darung | sing desa ingampiran | lamun ratri raryyan sawadya wil wiyung | wong dhukuh-dhukuh sing kambah | atur-atur sadayèki ||

14. konang tan kirang binuktya | sing wraksawah samya kalap binukti | padha rasa manis arum | pala kapêndhêm padha | manis gurih milwi lênga kalapa gung | sêktine Bagawan Sarwa | asih mring Mrajèng Sêmali ||

15. kang lakya pan sampun têbah | sing patapan ngambèng wanarga rumpil | cala pracali asêgung | èwêh ingkang maera | curi ngringih rangah têngah jurang têrjung | lwah-lwah kwèh jênêng mahawan | wening drês ikang nganjogi ||

16. pirang dina konang awan | lampahira sampun samadya sasi | sampun sinêlêk ing laku | siyang ratri kang lakya | dan katakên Bêthari Durga wus rawuh | ing ngarsa Sêmali Nata | apta[129] ngalap itmanèki ||

17. nujwèng Sri Sêmali raryyan | dan umulat ditya ji mring bathari | linge Ywang Durga lah demu | Sêmali ko kapêndhak | sira ngungsi ing ngêndi paran parahmu | Ywang Taya mapan wus wikan | tan kalingan ing pangaksi ||

18. Raja Sêmali aturnya | nêmbah-nêmbah [nêmbah-nê...]

--- [f. 28v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 56 dari 92

[...mbah] mring Sayamadipati | gusti anggèr masa gunung | pukulun nuhun gêsang | supados ta têkap ing Ngalêngka Ratu | pukulun aminta marta | Yamadipatya kras angling ||

19. wruhanta wus pandum datan | kêna murud gêgalangan dumadi | dawa cêndhaking tumuwuh | Sang Ywang Bêthari tandya | angalap kang itma ditya ji sigrantu | anggro tibèng ing buntala | pralena Mraja Sêmali ||

20. Wiku Sarwa kagyat mulat | ri Sêmali mukta rêsi anangis | Sukèsi lara amuhun | nambat-nambat ing yayah | kadiparan tingkah narantara mantu | aniba nibèng kantaka | tinulung wongira gipih ||

21. sagung wadya grah karuna | byaktang wiyah rêbyah swaraning tangis | kang tangis agrah gumuruh | lwir wong kabayong gurnang | tangisira para pawongan gumêntus | prabawa ditya ji prastra | gêtêr patêr udan angin ||

22. galêdhêg munya lor kilyan | kilat thathit migung patala miring | manthuk-manthuk ingkang gunung | udan awu gêgana | pêtêng dhêdhêt udan drês tarung kang mèru | wona we kinocak-kocak | prabawa buta ji lalis ||

23. Sang Citrabaha angucap | lah mênênga Sukèsi aywa nangis | pupusên yan wus pinandum | Ywang Taya yayahira [yayah...]

--- [f. 29r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 57 dari 92

[...ira] | rêp tangis ta layyan dinus we ganda rum | bala kèn ngalap kang wrêksa | kajêng garu myang kasturi ||

24. layyan Sêmali ingobar | wusning awu ginanthan kancana di | wusning kacandhi ing mèru | têpi Wukir Santeba | glisning gita tan katakên dangu-dangu | wadya ditya mit sadaya | mantuk dhatêng Selagringging ||

25. ri patinirèng sri ditya | Catrabaha[130] wali pratapan malih | ing dhepokirèng sang wiku | Sukèsi anut wuntat | sungsut-sungsut têkèng grèng suwela gupuh | kăndha satêngah lingira | sapêjahe Sri Sêmali ||

26. angucap Sang Citrabaha | payo mangkat maring Ngalêngkapuri | uni wêlinging ramantu | Sukèsi kasrah ingwang | nging prayogi atmaja putrining ratu | alakia ing nalendra | kusuma mantrêning tapi ||

27. kapiduluran sang rêtna | wacana rum langkung karsa sang rêsi | dan irika ta lumaku | Bagawan Sarwa lawan | Kèn Sukèsi ingkang lumampah ing ngayun | kairing èstri sagangsal | alampah dharat aririh ||

28. Sukèsi alon ing lampah | wus atêbah ngambèng lwah têpèng wukir | sang rêtna lumampah ngayun | Citrabaha nèng wugat | alon-lon lampahe ta saya andarung | konang Sang Bagawan Sarwa |

--- [f. 29v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 58 dari 92

ngrêgêm ing tyas mring Sukèsi ||

29. angucap sajroning nala | bênêr têmên ujare Sri Sêmali | putrèngwang Sukèsi ayu | kyèh ratu anglêlamar | tan tinampwan nyata Sukèsi tuhwayu | asor widadari Kindran | Sukèsi ayu linuwih ||

30. dan kalampèng kalêlunta | lamun ratri rarywan dhêkah ing margi | injing mangkat sayandarung | brayan ari mêngkana | pan sang rêtna sapolahe agawe kung | sang rêsi tansah amawang | salampahe tyan Sukèsi ||

31. sang rêsi kagebang ing tyas | gègèring tyas tasbe gigal acicir | ucul kangsi sêbe rubuh | kulambi kulaweran | kêthu runtuh kathok malêsat pan runtuh | kasmaran sangêt kagimbang | sang rêsi maring Sukèsi ||

32. dan mara ngling Citrabaha | mring Sukèsi dawêg raryyan mas gusti | wiyosipun sarwa lêsu | bingung tan wruh ing marga | marga jêmbar yeka masalah tinurut | marga rêpêt-rêpêt samar | punika tinurut gusti ||

33. kagyat manah sang surêtna | putri adi rêtna Dèwi Sukèsi | wus wruh sadèrèng kawêtu | lisan kalamun gimbang | Si Bagawan Sarwa maring raganingsun | kayaparan polah ingwang | pan ingsun palaur mati ||

34. linge Sukèsi anamar | ing wacana paran kadi karsèki | nurut marga samar nêngguh [nêng...]

--- [f. 30r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 59 dari 92

[...guh] | Citrabaha lon ngucap | wus jamake pandhita sêtya ing wuwus | ala bêcik linakonan | saèstu manira gusti ||

35. tètèsing ima we wiyat | yèn pun kakang kedanan marang gusti | Sukèsi dewaning ayu | pun Sarwa tambanana | kang lara ngluh adhuh rum-ruma bintarum | kang sawang mênur cinurnan | Sang Pragiwa Pragiwati ||

36. kang lana bagêm[131] busana | polahira nimas gusti wong cèthi | limar winangunan maskun | baya mas intên mirah | kang ingukir kumala dadi mas ratu | ratu-ratune ing Kindran | kang sawang sêkar balimbing ||

37. sang rêtna lara karuna | lah elinga Sarwa pandhita luwih | norana kaya ragamu | pantês rêmên wanudya | wus apikun rambut uwan untu guguh | kuping tuli mata wuta | pan ingsun ayu nom murti ||

11. Sinom

1. sang putri malih angucap | wêkase jêng rama dhingin | titip anak marang sira | pitaya rama kêpati | marang sira ramanti | puwara sira kapaung | tan tumon kaya sira | pandhita atimu jail | sira Sarwa isine cêmaniloka ||

2. nèng kawah Sa[132] Tămbramuka | sira elinga dèn bêcik | sagalakaning kang macan | tan mangan ing anaknèki | Bagawan Sarwa angling | sampun [sa...]

--- [f. 30v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 60 dari 92

[...mpun] ngage[133] dhiwah-dhiwu[134] | pagêr laut wong lênjang | garitih anjaring warih | pan karangkad atot daging tyas kêmaran[135] ||

3. wus dados gêndhis pun Sarwa | lali purwa wasanèki | tan eling tuwa mandhita | gêng kêsmaran masku gusti | sun lêlipur sayeling | sun lali-lali kaetung | sun pêkak saya bêdhal | kêndhaline tunjung putih | kang amêkar pasuptan lan jêng ratu mas ||

4. kusuma anjênang sela | apuranira mas gusti | kusuma kang kadhal găngga | kang lêbu apulanggêni | baya andika gêthing | pun Sarwa angawu-awu | yatra roro sasanga | kawlasana ingsun gusti | yèn tantuk sih pun Sarwa lah patènana ||

5. aja tuwêk kêris tumbak | tuwêkên kênaka lungid | landhêsana pipinira | sangganên pêmbayun kalih | kincangên ingkang alis | gêgêtên wajaning masku | janur kuning kusuma | Sukèsi pupusing ati | kang asawang kadi sêkar kanigara ||

6. sang rêtna nangis angucap | Sarwa ludhês sun tan apti | rupanira ala tuwa | bèlèk nyêkul kuru gudhig | matamu kriyip-kriyip | tuli mêngi tur apikun | lakumu sêmpoyongan | ludhês Sarwa dêlap urip | lah ngiloa Sarwa rupamu lwir pongan ||

7. pan ingsun palaur pêjah | tan arêp sun mring sirèki | sira jajêmbêri jogan | lungaa [lu...]

--- [f. 31r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 61 dari 92

[...ngaa] Sarwa sun gêthing | Sang Citrabaha angling | gêlêm tan gêlêm lah payo |[136] agawe bakal rowang | tan wurung cara Wêlandi | rèhning agèr tan gêlêm combanèng gampang ||

8. Sukèsi nangis srêt ngucap | Sarwa atimu wus baring | pan ingsun palaur pêjah | sun tan arêp ing sirèki | Sarwa akras dènnya ngling | ati ngong iki wus kaku | ngador-ador lir saka | tan kêna ginawe bêcik | sèlèh dodot sruwal wus ngliga kewala ||

9. sang rêtna malajêng gancang | tinututan mring mahrêsi | pira kadare wanudya | wongira èstri anangis | saparane sang putri | tinut wus kacêkêl gupuh | ingaras-aras aras dera |[137] pinonga-pangih[138] sang dèwi | lir butula pipya ro ingaras-aras ||

10. dan karonsih ing pakulyan | sang rêtna angagêm curi | thinuthuk-thuthuk sirahnya | Sarwa bênjut ing pandhikil | wusan dènnya karonsih | tang ăngga samya marlêsu | margeka na talaga | wus amakujamas kalih | wus ararywan ing dhêkah têpining marga ||

11. tan wakta rèh laminira | glisning wasita winarni | Sukèsi sampun awawrat | dhatêng lèke [lè...]

--- [f. 31v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 62 dari 92

[...ke] babar aglis | miyos jalu apêkik | nging murda pating pandhukul | linge Sarwa lah apa | wruhanta wêkanta yayi | amrêkosa murdhèngwang dèn thuthuk sela ||

12. dadi mêdal kang atmaja | kadi Sang Mraja Sêmali | rèh polah amiwal priya | dadi têndhas ting pandhikil | aywa mêngkana malih | tingkahe yayi pulangyun | dèn asrah marang priya | Sukèsi mèsêm aruntik | wus mangkana lami tumulya lumampah ||

13. kang putra alon lumampah | tan ling ênu yeka malih | Sarwa angling mring sang rêtna | marènana Ni Sukèsi | tatêkon ingkang dhingin | baya yayi wus pinandum | dhewene lan manira | yèn kalangwang darbe kapti | lah asraha munggah Kindran pucak sapta ||

14. linge Sukèsi moh ingwang | sacumbona lan sirèki | Bagawan Sarwa duk myarsa | rukta manah ngêgêm pikir | tandya pinarwasèki | cinêpêng asta tan ucul | binêktèng pakasutan | sang rêtna amiwal kapti | jambak rema anyakar garut ing raka ||

--- [f. 32r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 63 dari 92

15. tang ăngga pating dharidhal | dhawul-dhawul punang wèni | konang Sang Bagawan Sarwa | ngênanistra mring Sukèsi | wusan lêswangga kalih | sang rêtna ingimur-imur | Sukèsi ariningwang | durung bisa mêmarèni | polahira wus titahing Susmanăngsa ||

16. tan antara dinèng rika | Sukèsi awawrat malih | pan aglis dhatêng lèkira | babar mêdal kang butèstri | yayah rinanya asih | glis walagang doh lara ngluh | mapan dene sadina | Bagawan Sarwa sinêkti | kang atmaja kalih prasami lumampah ||

17. tusthèng kang tyas Rêsi Sarwa | lampèng angsal kang dwi siwi | dan irika wus lumampah | Citrabaha lan sang dèwi | tanaya ro lumiring | tan wakta nuh dangu-dangu | konang lakya kalêswan | makuwon ing ratri ini | maksih ewa manahe sang putri ditya ||

18. Sang Citrabaha amêksa | mring pakulèn priya angling | ora dipe kaya sira | Sukèsi tan mêmarèni | putranta wus kêkalih | nêpsunira kayèng dangu | pinrawasèng sang rêtna | kang astra rêsi ngênani | sajro tilam Sukèsi anjiwir krêna[139] ||

19. sangêt

--- [f. 32v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 64 dari 92

panjawiring[140] karna | mring Sarwa dèn angloh dawir | wus wusan pulang asmara | yeka tan antarèng lami | wus wawrat sang dyah malih | aglis dhatêng êlèkipun | babar jalu danuja | glis walagang gêng ainggil | siyung salit[141] sarta kupingipun ămba ||

20. kagyat anon Sang Bagawan | Sarwa mulat tênaya tri | têtiga èstri satunggal | ramèbunira pan asih | ing atmajèng katrini | mêngkana Sukèsi langkung | gêtun-gêtun tyasira | rèh wala putra katrining | tan alami wus angsal putra têtiga ||

21. dan dhèrèka lon lumampah | sang dyah mring Ngalêngkapuri | sang rêtna lumampah ngarsa | bagawan tansah ing wingking | kang atmaja lumiring | Sukèsi aris lingipun | kakang Bagawan Sarwa | dèn agung kang pangaksami | mring manira ingkang sampun kalampahan ||

22. lingira Sang Citrabaha | ya mangkono masku yayi | andhap asor marang priya | ayya lênggana ing kapti | lampah sampun alami | ing ratri raywan[142] sang wiku | ing dhêkah pigir[143] awan | Sarwa amrih ingkang rêsmi | Ni Sukèsi linge sumăngga ing karsa ||

23. gumuywaling Rêsi [Rê...]

--- [f. 33r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 65 dari 92

[...si] Sarwa | lah ya mangkono mas yayi | prasamatya suba lila | tan suwya akaron guling | ing tilam kasur sari | jalwèstri akaryan lulut | wusan sarêng tumêdhak | wus samya kujamas kalih | tan antara lami sang rêtna wus wawrat ||

24. têkap samayaning babar | mimba jalu tur apêkik | walagang dohning lêlara | tang atmaja priya pêkik | sêktinirèng sang tapi | wus agêng bagus budyalus | sinihan yayah rena | tan kêni pisah sadêmi | mring tanaya walarja bagus pridhawak ||

25. linge Sang Bagawan Sarwa | lah yayi dulunên sami | anakira kang sakawan | kang wala pêkik pribadi | jar nyata suka lilih | manahirèng srah mring kakung | karane titahing Ywang | yèn arsa akaryan rêsmi | kang wanita pasraha marang ing priya ||

26. dan malih kăndha satêngah | Sukèsi pêputra malih | jalu apêkik ingaran | Daniswara kang wêwangi | dadya gangsal kang siwi | patutan Sukèsi dangu | ywrangkat lampahirèng kras | mèh praptèng Ngalêngkapuri | lampahira ararywan ing patamanan ||

27. Bagawan Sarwa alênggah | ing gambang bangsal pêngrawit | anèng satêpining taman | lan garwa Dèwi Sukèsi | Catrabaha [Catra...]

--- [f. 33v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 66 dari 92

[...baha] lingnya ris | hèh anak ingwang sadarum | padha sira adusa | ing taman gêng gonasari | nyatanira alarja kita sun kumbah ||

28. dayereka pra pinutra | wus sami angum ing warih | ing taman gêng gonasêkar | wus samya weca dus sami | wusning siram prasami | sinung burat jêbad arum | busana kasarywendah | pan mayos[144] saking kasêktin | Ni Sukèsi non lênglêng sêktining Sarwa ||

29. dyan putra wus tinimbalan | mring yayah tandya prapta glis | ngênjali ngraup suku sang | padèng rama dan alinggih | sang bagawan nanya ris | gumuywa mawas ing sunu | pănca nèm warna-warna | wêka ngwang kang wrêddha iki | yan akroddha wadana mêtyèng sadasa ||

30. kalilane dwêg kalèka | Sukèsi nuthuk ing curi | bathuk ingsun padha buncar | kakya sira sun arani | Dasamuka mantêsi | têguh prakosa nak ingsun | arinta sun wèh aran | Sarpakênaka milaning | duk sêmona ibune anyakar-nyakar ||

31. arine kang gêdhe dhawak | Si Kumbakarna rannèki | duk sêmona ibunira | kêrnaningsun dipun jiwir | yèku kadadènnèki | anak ămba kupingipun | iki kang pêkik padha | Twibisana sun [su...]

--- [f. 34r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 67 dari 92

[...n] arani | pan ngêntèni kang tyas winnya tan pasingan ||

32. arine sun asung aran | dadi swara amantêsi | dadia sêkaring praja | Bagawan Sarwa lingnèki | gêntêr patêr nauri | gumruh hêr galêdhêg asru | wusning dangu umangkat | Bagawan Sarwa ingiring | para putra swara srang gumrah lwir dhandhang ||

12. Dhandhanggula

1. sigêgên ta sakarêngan malih | byatitanên sang sri ing Ngalêngka | Sang Dasawarna jênênge | prabyambêknya tan bêsur | dwêg siniwi agambang rukmi | pêpak mantri punggawa | satriya tumênggung | tuwin diyu sabrêgada | tri gumrêrah lwir kang wrak nêmpuh ing curi | lir wona we rob blabar ||

2. dan angling Sang Mrajèng Dasawarni | mring Apatih Jamamantri mwang |[145] Patih Prastha ngling rang[146] rajèng | ingwang mirsèng pitutur | Ratu Gêdhongseluman nênggih | Sri Sêmali pralena | nèng awan derantu | margi rine Mangliawan | ruksèng budi rumatèng tan mardhawati | lumawan mring jawata ||

3. turing Patih Prastha Jamamantri | karantêne pan jênêng narendra | aywa gungkên ing dhirine | aywa kang manah mumpung | depun ajrih mring jawata di | aywa lumawan ing prang | sayugyèstu suyud | Radèn Kumajaya turnya | kang saèstu tyas [tya...]

--- [f. 34v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 68 dari 92

[...s] ajrih datanpa siring | tan lênggona ing karsa ||

4. dan opyak gègèring jawi kirih | katur yèn kang yayah Citrabaha | têkap dan sang prabya sèrèg | têdhak wadya lit agung | malaywa pan sri narapati | tusthèng manah kapêdhak | ing yayah sumunghun[147] | ing jêngirèng Citrabaha | dan lumakya têkap ing pasowan linggih | sang nata lan kang rama ||

5. dan sakèhing ari angastuti | mring kang raka sirèng Dasamuka | Sarpakênaka arine | Kumbakarna wus lungguh | Twibisana Danismarèki | lawan pun Kumajaya | wus pranata lungguh | Sang Dasawarna nglingira | mring kang rama dasih kawismayan ênti | rawuh lan kang pinutra ||

6. tyas nara pan karawuhan kadi | manik martajiwani sing Kindran | lumrah ing tyas tumrap sihe | crêmăngga sumsum balung | byaktan darbe pamyarsèng ngaksi | dahatyas[148] ja murjita | kang putra nênuhun | jêngirèng maha gung Kindran | tanispala carakanira mring dasih | sweca-swecèng tyas putra ||

7. dan ambêk sang paramarta ngling |[149] Wiku Sarwa tan kadya yayeka | rèh alit ingwang tan wring rèh | wanitmajaning ratu | siwi winwrin têkap tur paksi | yèki marêkên[150] tana- | ya marang

--- [f. 35r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 69 dari 92

ing prabu | angkênên ing saodara | ywèki siha malar dadi têtangkêbing | pintu jaganging praja ||

8. sarèh tinutur ginênti-gênti | kang pamyarsa pangaksi kang yayah | sang prabu lênglêng ing tyase | Dasawarna anuhun | dahat ajrih mring yayah ênti | putêk tyas pupwaregar | dan Sarwa ngling arum | wusana kita karia | anèng pura kang rama mantuk ing wukir | katrini ibunira ||

9. aturing putra sadaya bakti | ulun ampah jêngira lambata | mugi lamia nèng raje | wringa alarjèng ulun | Sang Bagawan Sarwa anyaris | iya ngwang anarima | lèn putra amuhun | samya winarah-warahan | rèhning sumawita myang dadya narpati | myang tingkah kaprawiran ||

10. mangkana sang para pinutra di | winuruk ta aji danurddhara | lan danurwenda tapane | Sang Dasamuka nêngguh | lawan kawruh ingkang sajati | jati-jatining tingal | tingal sara sayu | lawan aji brajadênta | aji maya brajawikatha lan aji | aran brajalamatan ||

11. pinatut-patut wuruking aji | myang gêgandan sirêp lan paciptan | wus samya winuning kabèh | ginênti-gênti sagung | pamuruke sang maha rêsi |

--- [f. 35v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 70 dari 92

maring kang para putra | pawuruk sang wiku | pakiling panitisanta | tan kêlir ta awase katali-tali | garwa rwa wus binakta ||

12. muluk gêgona Sarwa sinêkti | nèng Ngalêngka tan lèn Dasamuka | katingal jroning pujane | babad laduni tênung | ing petangan wirayat dadi | Prabu Ngalêngkapura | Sang Dasamukèstu | jumênêng Ngalêngkapura | tur alami jumênêng dadya narpati | lêpas Sarwa mring arga ||

13. tan katakên winasita malih | gung tusthèng tyas sih-sihan kêkadang | mrêdăngga tinêmbang rame | boga drawina gumruh | boga ngudhung-ngudhung ingarsi | ramya samya tinadhah | wratèng tang lêlawuh | bir arakênit[151] panggur lan | pala gantung kapêndhêm awarna-warni | tan ilang tanyakêna ||

14. dayereka Sang Dasawarnanti | sihira mring ari Dasamuka | tuwin sawăngsa dulur lèn | Dasamuka lon matur | mring kang raka ulun tur runtik | naranta bra uminta | pangaksamèng prabu | yèn wontêna sih wilasa | pan minăngka pakecaning sumiwi mring | kakang ngwang ngruksèng sang rat ||

15. dan lingnya ris Dasawarna ari | paran kita kang pinaran ing tyas | kakanta sumăngga sakyèh | dunya bra wastrèku |[152] myang wahana èstri kudèsthi |

--- [f. 36r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 71 dari 92

rata garbong bale mas | guthaka ngwang asung | tuwi rata jaladara | miwah bale suku dhomas ngwang burya lih | saking dhasar pratala ||

16. kakanta ri ananggakkên kapti | rèh kitèka kalilin mring kakang | nging adhi kawêdiningong |[153] gêlap lawan galudhug | lah pintanên jawata luwih | aywa munèng Ngalêngka | ngwang giris tyas keguh | Dasamuka gunitèng tyas | kakang gampang tan ewuh mèt ing piranti- | ning antu dayanana ||

17. dan anyana Dasawadana ris | kakang nata ngwang asru katêdha | limpung pusaka wiyose | rèhning rumêksèng prabu | nawi wontên satru jaya ji | pêpakuning apraja | ing ratri yang magut | ulun ugya nanggalang prang | pati keca lêng naranta nglabuhi twi | tan marang ngyang mring pada ||

18. ngling narendra tan sipi asisip | yèn arjèng tyas nawi rari alpa | tan angraksèng ing jro kule | limpung kacidrèng pandung | para tiwas astra ingambil | kita ngwang kaecalan | mandah gêtun-gêtun | sandipaya tan kawurywan | amêng adhi kaksi tan rumêksèng puri | limpunge man gindhala ||

19. yèn limpung giganga[154] saking dhiri | imbanging dyah pisah lawan [la...]

--- [f. 36v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 72 dari 92

[...wan] priya | sumêlèng tyas la-alane | siyang ratri tan jujur | rèh tanpa jum ing tyas sru kingkin | pasah kêkasih dahat | Dasamuka muwus | kabangan sang ngling kakrasan | lah wadine limpung tan pawèh ngwang têdhi | ngwang puwara sru kalpa ||

20. dan angling Sang Dasawarna kang ling | ngwang tan asung re astre narendra | Dasamuka kakras linge | wèh tan pasung ngwang jaluk | yan tan pawèh yan tyapi nangling | kaka lan rantênira | tan wrin wran slang jagur | Dasawarna ngli[155] bramatya | lah ta payo padha juga trah kawanin | măngsa pijrihantaka ||

21. Patih Prastha tuwin Jamamantri | Kumajaya Radèn Danismara | mara ngampah dwi kronddhane | Dasamuka kras gêrgut | sru wikalpa kang anangling |[156] paman-paman ari ngwang | aywa na tumulung | wêwangsa tarpa tulihan | mur sih-sihan ri konang cinandhak aglis | binanting dan binucal ||

22. Dasawarna wus tibèng kabanting | arênggosan tibanya kalumah | dan kras mara nyandhak age | Dasamuka tinapuk | murddhanira rêntah kêkalih | tuwuh malih apurna | kang swara gumuruh |

--- [f. 37r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 73 dari 92

gègèr puyêngan sapraja | rèhning kang prang tan kêna tinulung kalih | langkung ramening yuda ||

23. dan mara nyandhak Dasamuka glis | mring kang raka binanting binucal | wus tiba ngrapa mrang age | nglimpung têndhasnya rampung | kang tri murddha dhawuh[157] ik[158] siti | purna malih kras lingnya | kaka payo-payo |[159] têlasêna karosanta | padha juga aywa na kang anulungi | yya mundur yèn prayèng rat ||

13. Durma

1. wadya sabrang janma wil sakyèh sinwaran | ngambyuki ing ajurit | Dasamuka wangwang | pirang sasra marjaya | anênumbak lêmbing kêris | mêdhang nyarampang | Dasamuka tan busik ||

2. ingkang murdha sadaya padha gumuywa | kaksi dahat gilani | lwir pindah Ywang Kala | wadya lit tinarajang | binithi sinepak sikil | pan kathah pêjah | kadi babadan pacing ||

3. Kumajaya tumandang lan Danismara | linge lah kaka kami | memuti ywa nglawan | dhatêng ing wăngsa sêpah | narendra yaktya tan kêni | linawan ika | kêni duka Susma Di ||

4. saharjane subêkti ing kadang sêpah | Dasamuka kras angling | adhi kowên pisan | karwa mêngko ngwang pungkrang | kumênthi kumèngsun [kumèng...]

--- [f. 37v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 74 dari 92

[...sun] bangkit | gya tulungana | kakanirèku jurit ||

5. dan lingira Kumajaya mring arinta | payo kinêmbul yayi | kaka Dasamuka | wus pinangling ing dewa | dan sigra mêtyèng kasêktin | Sang Kumajaya | dan ngudani jêmparing ||

6. pirang-pirang astra kang mêdal ing tangan | tuwin mêdal ing kuping | tan mêdal ing netra | warastra pirang sasra | ngênèni mring Dasarai | tanêsanana | ngganya tanitir-titir[160] ||

7. Danismara angudani swara wara | Kumajaya lan ari | Danismara kêbat | nuduk kering myang kanan | kajungkêl kalumah tangi | pan datan pasah | Dasamuka sinêkti ||

8. kinaronan Dasamuka kewran ing tyas | buja dwi dasa mijil | anyêpêng mring radyan | kalih sami binucal | Kumajaya tiba têbih | lan Danismara | binucal tiba têbih ||

9. ngraos kasor paprange Sang Kumajaya | lan Danismara sami | wirange tar pengan | dan ngambara wus murca | tanbuh parannya kêkalih | mring Suralaya | andêdewan prasami ||

10. dayereka Dasamuka duk amawas | yan rantên rwa tan kaksi | gêtun-gêtun dahat | yèn adhine tan ana | Dasawarna magut aglis | anantang lawan | payo lawan ngwang jurit ||

11. sumbar-sumbar payo ngwang pribuwên dèn ta | dèn panggah ing kawanin [ka...]

--- [f. 38r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 75 dari 92

[...wanin] | tandya kras tumandang | Dasamuka anêpak | andhupak ing Dasawarni | tandya amêdhang | ing limpung angênani ||

12. mêng satunggal siranya gigal anglumba | Dasamuka tan eling | nanging datan pêjah | agrêrêng Dasamuka | sinambut dhatêng kang rayi | Sang Wibisana | ngusadan wulya malih ||

13. tan lingêna ratri injing kawasita | Sang Dasawarna mijil | pêpak kang sewaka | mantri dêmang punggawa | langkung tustha tyas sang aji | rèh Dasamuka | kondur dènirèng jurit ||

14. akasukan sang nata lan mantrinira | tan wêweka narpati | lingên Dasamuka | akarya Sandipaya | amrih jayaning kang jurit | nêdhèng Ywang Taya | muja maring dewa di ||

15. asidhakêp suku tunggal matèningkang | babahan nawa sangi | plêk byakta padhama | mandêng tiksananing grana |[161] wus mur non saliring kapti | lêburing nara | mèt sajatining urip ||

16. pan têkap sakaptya pinarêng inita | mega mêndhung nglimuti | dyan Sang Dasamuka | muluk maring awiyat | amor ing jaladra putih | mêdhun lir paksa | ulung anambêr pitik ||

17. ya ta gêlap nampar munya lwir grah sapta | dan Sri Ngalêngkapuri | Dasawarna kunang | wrinwrin ing tyas tar pengan | isthane anambêr dhiri | dadya malajar |

--- [f. 38v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 76 dari 92

limpung tinilar gipih ||

18. dan cinandhak limpung maring Dasamuka | pinêdhangakên aglis | maring Dasawarna | pêjah pan kapisanan | gumuling kitmèng patani | Dasawadana | ngi satsusbar[162] anjrit |[163]|

19. iya ingwang Dasamuka priyaning rat | Citrabaha kang siwi | têdhak Bramaraja | payo wong ing Ngalêngka | sasra maraa ing jurit | yèn arêp pêjah | kêmbulana ngwang jurit ||

20. Patih Prastha tumandang angrèkên bala | kang yaksa kang buta wil | angrap ngamah-amah | grêgut aprang sapukal | diyu gora rèh kagiri | anggrêng lir gurnang | ngêmbuli ngrêk ku angrik ||

21. kinarubut Dasamuka kinakêmah | nganan ngering buta wil | tan nangga têdhasa | byakta crêma têmbaga | sumsum gala balung wêsi | pan otot lawat[164] | daging têmah rêjasi ||

22. sura buta Ngalêngka siyung kiyu ta | untu rangah tan mandi | pirang sasra lawan | yaksa tan jrih kintaka | sinaut gêndring binêdhil | tan larèng angga | pagro ngrikning buta wil ||

23. Dasamuka amêdhang anglimpung yaksa | pirang-pirang tiba ti | sisantu malaywa | sambat biyung ngong mudar | êndhas kuping kowar-kawir | usus galandhang | we bang asarah bindi ||

24. pirang dina konang astha ari lawan | saratri kwèh alalis [alali...]

--- [f. 39r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 77 dari 92

[...s] | wong Ngalêngkapura | tuwin mantri punggawa | sisantu yaksa buta wil | anungkul marang | mring Dasawadana glis ||

25. Patih Prastha marêk matur saha minta | ampun ngaksamèng dasih | pêpatih Ngalêngka | mangkya Sang Dasamuka | ingèstrèn jumênêng aji | Prabu Ngalêngka | angrèh ing nusa bumi ||

26. myang kang ari nama Arya Kumbakarna | pan sampun sinung nagri | prajèng Lêburgăngsa | igih[165] Gêdhongsiluman | nagari ing Selagringging | ngrèh sakathahnya | sura yaksa buta wil ||

27. Sarpakênaka Kilinyungi praceka- | nirèng swara pandaki | wus lakya sêmona | kalayan Singawagra | lurahe buta jro nagri | ri Twibisana | angrèh dhasar pratiwi ||

28. pêpak kabèh sagunging kang para wăngsa | niwèng anyar narpati | sirèng Dasamuka | nêdha anginum suka | mêrdăngga tinêmbang atri | Sang Jamamantra | anèng ngarsa narpati ||

29. lantas sami prênah maman kalih rannya | Patih Prastha utami | sawurdha wus sowan | mantri pun Wagrasinga | Suksrana Suksrawa nangkil | myang Jambuwana | Lêmba Cacingsakêthi ||

30. Durga Kalasinga Pikala Kaludra | Jambumangle Sranggêni | Srênggona Pranglêmba | Sang Lêmbana Satikta | Prabaka

--- [f. 39v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 78 dari 92

Durbala malih | Kalaprahara | Kalakaleca nangkil ||

31. Kalasura Surakala Kalasrêngga | pirang kang mantri yaksi | wadya lit tan ketang | sêk bêk têkan linggaran | kang swara gumuruh atri | sura wil buta | gêngnya kagiri-giri ||

32. asrang gumrah byakta ywrak anêmpuh karang | krihin tan kadya mangkin | panjênêngan nata | kèdhêp ingkang rat papat | munah praja ta wus dening | mantri rasêksa | myang kang para ji yaksi ||

33. kathah nungkul saha tur upêktinira | lèn atur-atur putri | marang Dasamuka | dan irika ki nata | laywan Dasawarna gipih | binasmi wunya | cinandhi graning ardi ||

34. dan Rawana sweca amangun kasukan | amboga drawinanti | sigêk katakêna | nangling Dasawadana | maring Patih Jamamantri | lan Patih Prastha | paman manawi myarsi ||

35. tuturing wong rabining mantri pranata | ingkang ayu di murti | sintên kang darbea | mutara[166] Patih Prastha | anak prabu dasih myarsi | Sri Mandyapura | garwanipun kêkalih ||

36. kêkasihe Sang Mahraja Dasarata | swari dwi ayu luwih | gumuywa sang nata | lah paman ngwang ge kesah | mundhut swarinira Sasri | Si Dasarata | prakosa ngwang tandangi ||

37. ture Prastha gagêtun matur sawêkca |

--- [f. 40r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 79 dari 92

sampun mêngkatên anging | ulun tan matura | têdah kirang pamulat | pi wrêddhah wrêddhèng jêng aji | yèn kang angaywa | ngambil saking samadi ||

38. Twibisana marêk matur sah pranata | sampun kaka sang aji | akarsa ngalapa | sori rajèng sasama | talêtah tan ngrah aywoning | ngratning kang praja | dadya susilèng juti ||

39. Dasamuka rumêngnya ture sang arya | murddha mêdal sadasi[167] | kroddha ngling kras pengan | adhi apa turira | wong kumingsun kumabangkit | Si Dasarata | amakmak rabi kalih ||

40. lah karia kabèh ngrêksa ingkang praja | ingwang mring Mandyapuri | dan ngundang kang rata | kang aran Jaladara | Dasamuka dan anitih | tandya swandana | muluk mring gêgana glis ||

41. mapan rata Jaladara pangiridnya | pan kuda sambêrani | sasra pasungira | jawata mring kang yayah | Citrabaha duk ing nguni | jênêng Ngalêngka | wus lêpas kadi angin ||

42. lampahirèng Sri Sang Prabu Dasamuka | awor ing ima putih | woya ring gêgana | lumarap byaktang kilat | kadi jangkung miling-miling | mindra lir undar | tana kêsmaran janmi ||

14. Asmaradana

1. sigêg winangsitèng malih | ingkang prajèng Mandyapura | kasub ing rat panjênênge | ratu pêkik martèng mindha |

--- [f. 40v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 80 dari 92

kinalulutan wadya | kinatakutan jan musuh | tan kambah jan ingkang corah ||

2. kusuma trah danawarih | wijiling tapa panêngran | Sang Sri Dasarata Katong | biksikanirèng narendra | ratu ambêk mandhita | lir Ywang Asmara tumurun | jatmikamêm tan tandhingan ||

3. ratu mahambara sêkti | swari ro sêkaring Kindran | Mantyandari ingkang sêpoh | pan wijil sêkaring sêkar | Balyandari satunggal | taruna yune umancur | pan sangking sarining kêmbang ||

4. mêngkene sri narapati | siniwakèng pagêlaran | pêpak gandhèk mantri anom | punggawa dêmang satriya | sirèng Patih Udawa | lawan Dêmang Layu-layu | lawan Arya Pamanahan ||

5. lan tumênggung senapati | pêcattăndha kandhuruan | andhèr sajajar-jajare | sêk kêbêk tanpa singgahan | dan ling sri naranata | mring arywa pêpatihipun | lah apa wartane jaba ||

6. matur patih angastuti | dewaji pangrêngwèng nara | tiyang dagang layar ture | Ngalêngka wontên bupala | wêkasan para raja | kyèh nata karèh ing prabu | kêkasih pun Dasamuka ||

7. Sang Nata Dasamukèki | sring kenas ngupadi garwa | turune Sri dipun ruroh | ingulatan brayan siyang | mapan dèrèng kapêdhak | maksih jêjaka ratuhu | têguh prakosèng payudan [pa...]

--- [f. 41r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 81 dari 92

[...yudan] ||

8. sang prabu dukning miyarsi | angraos ing tyas mêngkana | dinangu-dangu wêkas rèh | ryu dahat Sang Dasarata | sweca imbalan sabda | lingên kasaru kang rawuh | sing tawang jog tan larapan ||

9. sarta nyêluk mring narpati | Sang Maraja Dasamuka | ulun umarêk ing katong | kagyat Sang Sri Dasarata | lèngsèr ing palênggahan | wus sarêng jajar alungguh | ing padmasana pinelag ||

10. wus sweca dènira linggih | turan măndraka pucangan | Sang Dasarata ture lon | wong agung ambêk lêksana | suteja sulêksêna[168] | tigas kawurywan sèstuhu | wong agung sintên biksika ||

11. pundi pinăngka kawuri | ing ngajêng paran sinêdya | Sang Dasamuka lon linge | kaka prabu gih kawula | mahraja ing Ngalêngka | kridha ngwang gatya satuhu | marêk dhatêng ing jêngira ||

12. kula datan wagêd kêlid | pasajan blaka kewala | inggih salah sawêkcane | naranta karamakêna | rayi Nata Ngalêngka | Sri Dasarata amuwus | rakanta dèrèng pêputra ||

13. rèh wala anyar pakolih | aswami ngling Dasamuka | kakang gadhah garwa roro | kula têdha siki sowang | wlas jêngira kêkadang | Sang Dasarata amuwus | lah yèku dede upama ||

--- [f. 41v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 82 dari 92

14. Dasamuka akras angling | kakang sampun kathah lingnya | ngantos ingwang minjro dhewe | amundhut sori jêngira | dan ling Sang Dasarata | inggih dawêg mring kadhatun | swari satunggal katura ||

15. gumuywa Dasamuk[169] ling |[170] mêngkatên wong darbe kadang | sadana rahswa jatine | dan sang nata rwa mring pura | byakta bêlah kadhatyan | mênyan sweta kobar arum | lir mitutur-tuturana ||

16. dan wasita ing jro puri | sang rêtna amangun suka | arsa bêdhayan sêlire | kalayan sagung pawongan | Ni Sêpatmadu kocap | lan Nyai Andongsêmèru | Si Tamanlangên anêmbang ||

17. kang swara asrang kumirih | gamêlan tinêmbang randhat | asinom genjung pêngawe | gandrung ewa gantal wêdhar | sêlir ngigêl sadaya | dan sang sri musthikang[171] arum | kêkalih miyos sungkawa ||

18. parèstri wus angigêli | ngarsa tur sêmbah sadaya | sarêng kênong gong wusdene | dan lingêna sri narendra | têkap Sri Dasamuka | sang rêtna dwi gêpah kondur | anèng hêbning nagapuspa ||

19. ngêne sang rêtna jrih ngaksi | mring priya woya kang prapta | Sang Dasamuka ris linge | kaka prabu swarinira | sama[172] jrih mulat mringwang | sêmune poyas kadulu | sawawya[173]

--- [f. 42r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 83 dari 92

gya tinimbalan ||

20. salilah kakang sung swari | mêngkana dan tinimbalan | sang rêtna dan prapta age | ing ngarsane sri narendra | sarta raga karana | sapolahe gandrung-gandrung | byakta ngalapana jiwa ||

21. sang rêtna sampun alinggih | Sri Dasawadana lingya | lah yèki ta kaka katong | sih rahswa sadananika | Sang Dasarata lingnya | inggih ari klastya sèstu | he nimas kakanta pajar ||

22. yèki Sri Ngalêngka yayi | dhewene pinundhut garwa | dadya jatukrama katong | mukti sari baudhêndha | mêne nyakrawatèng rat | tumutura nimas ratu | priya mring sun ratu sudra ||

23. matur Rêtna Balyandari | sèstu tyas ulun lênggona | apriya pisan tar mindho | ajanma-janma ping sapta | kulena tan lyan ingkang | molah raga jiwèng ulun | jêngira dunyèng dêlahan ||

24. sa rêtna lara anangis | sumungkêm padènging raka | tirtaksi sang prabu linge | adhuh yayi gustiningwang | idhêpên ta pun kakang | ajamanining mas ratu | nadyan urip sun wus kasrah ||

25. aywanta idhêp-idhêpi | baya wus pandum Yyang Taya | mas anggèr pisah lan ingong | Dasamuka kras wacana | yèn sampun yèku kasrah | dyah mring ngrantên ngwang anuhun | amit angling Dasarata ||

26. inggih yayi dan sira glis |

--- [f. 42v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 84 dari 92

sang rêtna sampun kabêkta | sang dyah tansèng kêkantune | lampah dharat Dasamuka | kunêng Sri Dasarata | satilaring dyah gêgêtun | kagagas garwa sri nata ||

15. Sinom

1. sa nata malêbèng pura | apanggih garwa tyan Dèwi | Mantyandari ris atanya | mring raka smu sung sutênti | kadipundi tang sori | tulus kabêkta pukulun | linge prabu lah iya | pagene ta nimas yayi | kang cahyèng lang myang ganda rum nora ana ||

2. Mantyandari aturira | marminta dasih asêpi | cahya mur layan sugănda | sêkar katilar lawan ing | dasih sêkar èstuning | Balwandari santunipun | kadospundi wang iya | sêkar ical ingkang sari | nglang[174] sang prabu lah ningmas[175] sira karia ||

3. kakanta nusul jabêla | maring Nimas Balyandari | pan ingsun kaduhung dahat | dan ngrasuk kaprabon jurit | tandya mimba winêrgil | pêpak mantri punggawa gung | dêmang ngabèi răngga | Patih Udawa ing ngarsi | dan angling sang prabu mring pêpatihira ||

4. bapa patih undhangana | sakèhing mantri prajurit | ingwang arsa magut yuda | jabêl maring Balyandari | turing mantri prajurit | igih sawadya lumurug | karantên byatning trêsna | dunya nak rabi têlêng gih | têtêg gumrah pênuh

--- [f. 43r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 85 dari 92

astraning alaga ||

5. sigêk malih katakêna | minăngka aswèng palupi | têdhaking Junggringsalaka | Ki Sambang sahang wus prapti | saking titèng Susma Di | ngupadi titising Wisnu | Ki Sêmar lan mantunya | pan lumakya siyang ratri | tan kapanggih kang pinrèh lampah ngalamprang ||

6. Ki Sêmar ika anglămpra | ngulati Ywang Wisnumurti | sing desa praja jinajah | gunung igil[176] dèn ugahi[177] | jurang jro dèn lêbêti | pradènta datan kapranggul | mijro ring Mandyapura | sang natarsa magut jurit | nayantaka têkape atur pranata ||

7. kagyat tanya sri narendra | kakang Sêmar têka ngêndi | lawase nora katingal | sun arani rika mati | matur Ki Nayagati | Băngjagati[178] Sambangsêkul | Kadrah Wăngsakurekang | kawulagèr boya mati | pan kewala ulune salinagara[179] ||

8. kula ngulati bêndara | kang sabar balabèng budi | sang nata wacananira | rika gêlêm milu kami | samantu anaknèki | sandhang pangan ja kapitung | sun dadèkên[180] lêlurah | lêlurahe para nyai | padha aran sun wèhi wong kawan dasa ||

9. Lurah Sêmar aturira | gih gêlêm-gêlêm sathithik | boya gêlêm kathah-kathah [ka...]

--- [f. 43v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 86 dari 92

[...thah-kathah] | watêke wong gêdhe mangkin | pangan dèrèng kabukti | palêncut dipun jak nglurug | nglurug carêk-carêka | jawa nglurug dhatêng kocing | aprang kocing wurung mukti sida jênat ||

10. sa nata gumuyu lingnya | bisa wèh egaring ati | yèn kakang kaya tur ika | yèn ingsun amagut jurit | dan Sêmar sinung bukti | ulam sêkule pan agung | prasami nêdha doyan | panggang ayam sruwa pitik | bungah-bungah manahe kang panakawan ||

11. dan sang nata nitih rata | pangirid kuda samantri | sêkawan seta lan rêkta | kras adênta angrap aglis | wadya punggawa wuri | kadya kilat lampèng prabu | ling kras prabu laena | rabiku walia kêning | tan kapyarsa dènira mring Dasamuka ||

12. Ki Sêmar lumampèng wugat | saanak mantunya wuri | Patrasalupa nèng wugat | anil-anil nêmbang kunjing | Ki Sêmar kras lumaris | wayangan rata kang tinut | lakune mundur mara | satindak watuk awahing | tut dharut ngling Sêmar salamêt paran |[181]|

13. wadya kang swara gumêrah | saastra [saa...]

--- [f. 44r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 87 dari 92

[...stra] magalèng[182] jurit | sênjata mriyêm gurnada | tiktak lawan gutuk api | karbindarbus mênuhi | saragni mandera wulung | tumbak mamas lan binang | prasamya awêgig-wêgig | tri gumêrah lumurug dhatêng Ngalêngka ||

14. lingêna Sang Dasamuka | wus pratisthèng dalêm puri | animpêni mring sang rêtna | gêdhong pêpukuran[183] adi | miyos lajêng pêpanggih | lan para sêlir sadarum | lingên Sri Dasarata | wus prapta Ngalêngkapuri | nujèng ratri padhange sasi lir siyang ||

15. sang nata kandhêg ing dwara | gapura kang têngga yaksi | padha aturu sadaya | Sang Sri Dasarata aglis | malêmpat graning kori | wus rawuh sajroning pintu | ngulati mring kang garwa | jro dalêm nora kapanggih | dan angaji padagan Sri Dasarata ||

16. yèn garwane nèng pukuran | ing gêdhong lawang kinunci | kunci tinabab wus mênga | sang dyah pan sampun kapanggih | tandya binakta mijil | saha ingaras dyah ing rum | konang Ki Lurah Sêmar | tiga nèng wiking[184] sang pêkik | Dasarata ngaras nguswèng payudara ||

17. dan Sang Dasamuka mulat | yèn Dasarata praptèki |

--- [f. 44v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 88 dari 92

sang rêtna ingaras-aras | Sang Dasamuka kroddha ngling | têka manasbarani | têka nututi garwamu | baya kaduhung dahat | Dasarata saur pangling | kamiduhung garwaningsun sira alap ||

18. dan lingnya kras Dasamuka | keguh tyas sênti sela ji | silanta sung rêngkaning rat | linge Dasarata rèhing | tan kêna sinasami | dunya brana lan astrèku | dadyala arjaningwang | ucaping janma nêmahi | dan kras nyandhak Dasamuka mring sang nata ||

19. binanting-banting binucal | dasarata tibèng têbih | ambêkirèng akêsotan | atangya angrap narpati | Dasamuka binithi | rampung murdhane tatêlu | wali purna lir brayan | gumuyya abêlik-bêlik | alah payo padha juga aywa gigang ||

20. Sang Dasarata narajang | tandangnya lir cingcingguling | kasimpe non dan cinandhak | binanting binucal aglis | sang natèng tiba têbih | angraos kasoran prabu | tandya ngunus curiga | sêsumbar anantang wani | lah

--- [f. 45r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 89 dari 92

ta mêngko tibane antakanira ||

21. linge kras Sang Dasamuka | hèh payo nuduka aglis | angganingwang pilihana | pan tan tumamastra kami | tilas gurinda kikir | satpak tilase kang palu | Dasarata narajang | anuduk jaja tar busik | ngiwa nêngên tinitir-titir tan obah ||

22. gumuywangling Dasamuka | Mukasadasa abêlik | payo-payo têlasêna | karosanta unuduki[185] | punggêl pucuking krêris | tandya malayya sang prabu | angraos tan năngga prang | pan wirangira tan siri | pêtak-pêtak Dasamuka kras gumuywa ||

23. Ki Sêmar malajêng gancang | saanak mantunya lêbri | anarajang pagêr bata | datan wagêd anglumpati | pagêr bata ika glis | tinumbuk purun katêlu | katrining sarêng mêdal | Wăngsagatra tanya gipih | adhi rama sugih sêlaka sangkêlat ||

24. Ki Sêmar bêngis angucap | kakènamu kowên baring | putih pan dudu salaka | iga gêgambang ngwang mijil | awak abang ku gêtih | ngwang adus gêtih matamu | age ngong tambanana | ngundanga dhêdhukun gipih | Wăngsagatra sumaur pan riyang wijnya ||

25. dhukuni iga kang jêpat | awak para mêtu [mê...]

--- [f. 45v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 90 dari 92

[...tu] gêtih | iki reyang ulih bawang | dringo laos cabe kunir | asêm lawan tarasi | lombok abang uyah taun | dan binatêk kang iga | jêroan rinagoh wani | anak reyang dhingin mêkas kakêndhangan ||

26. linge Sêmar mantu buyan | wus waras ingong panyakit | pan wutuh purwaning waras | mari waras saking nini | panakawan katrining | malajêng nut anggèripun | panggih wong Mandyapura | kinèn malajêng prasami | bêndaramu kasor prang ta wus malaywa ||

27. dan wadya ing Mandyapura | sigra malaywa prasami | mantuk dhatêng Mandyapura | sadaya malaywa gêndring | ratanira narpati | wus wring wangsit nulya muluk | mantuk ing Madyapura[186] | sigêgên malih winarni | Dasamuka suka bungahe tyas pengan ||

28. kalèka èngêt tyasira | katon ing tyas Ni Dèwi Sri | sigra ngundang ratanira | Jaladara sampun prapti | tinitihan sira glis | Sang Dasamuka wus mabur | byakta Sang Indrajala | miling-miling nèng wiyati | Dasamuka angucap sajroning nala ||

29. adhuh Sri nèng ngêndi sira | sasungku ingwang ngulati | Dasamuka nèng gêgana | sinalisik ratan[187] kari | rat kidul lèr dèn pinrih [pi...]

--- [f. 46r] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 91 dari 92

[...nrih] | wetan trus kile[188] ratipun | panênggih[189] tan kapêndhak | saking titènging Susma Di | pusêng manah dan andon Sang Dasamuka ||

30. mancur gumêbyar lir kilat | binujêng dhatêng nrêpati | dèn carêkika kawurywan | tan wikalpa yèn Dèwi Sri | angrap binujêng aglis | saparan-paran pan tinut | Ni Sri katon mring Kindran | Dasamuka lênglêng ngaksi | dan binujêng Ni Sri katon mring jro Kindran ||

31. tumadhun[190] Sang Dasamuka | sing rata tinilar aglis | lumampah marang ing Kindran | prahara gêng ingkang prapti | lêladhu guntur agni | tan keguh prawirèng diyu | wrêsthi dadya warseka | gêng adrês api wus mati | ladhu curing muluk saka ring gêgana ||

32. nêmpuh marang Dasamuka | tan ana kang miyatani | rêp-rêp sirêp kang prahara | Dasamuka dan lumaris | ngambèng bumya têmbagi | panase lwir dahanèku | anggrêng Sang Dasamuka | ndan ungse marang dewa di | tan adangu udan adrês kang buntala ||

33. dan lumakya sri danuja | amêng ing tyas Ni Dèwi Sri | dan ngambah wot ingaranan | sirèng wot Si Ogal-agil | ngandhap wot tumbak kêris | awor kawah api murub | wisa gêng aliwêran | lir anaut tang jan prapti | nêdha ing Ywang Taya wot ika akêkah ||

--- [f. 46v] ---

Sêrat Maliawan, British Library (Add MS 12291), 1814, #1038 (Pupuh 01–15): Citra 92 dari 92

34. lumampah Sang Dasamuka | lintang wot Si Ogal-agil | ngambêh tang ara-ra wira | kira-kirèng lampah êning | dungkap samade sasi | wraksa gêng kyèh pala gantung | godhonging warna-warna | ana jingga turut kuning | murub muncar lênglêng don Sri artadriya ||

 


Kurang tiga gatra: ke-5 (12u), ke-6 (8a) dan ke-7 (8i). (kembali)
Selagringging. (kembali)
Kurang dua suku kata: prajèng sabrang sigi ing Selagringging. (kembali)
lohjinawi. (kembali)
Tanggal: Tumpak Kaliwon (Sêtu Kliwon) sapta likur (27) Sapar Jimawal: jalma kăndha mawèng ratu (AJ 1741). Tanggal Masehi: Sabtu 19 Februari 1814. Di sangkala ini kata "kăndha" bersinonim dengan kata caturan yang berwatak empat (4), dan "mawèng" berkonotasi dengan kata imawan yang berwatak tujuh (7). (kembali)
Selagringging (dan di tempat lain). (kembali)
bisikanirèng (dan di tempat lain). (kembali)
Maliawan (dan di tempat lain), sesuai dengan judul naskah. (kembali)
Variasi: Gathutkaca. (kembali)
10 kasosrèng. (kembali)
11 Selagringging. (kembali)
12 Kurang satu suku kata: sêk kêbêk ing Selagringging. (kembali)
13 Meskipun tidak selalu, penulis kadang-kadang mengulangi suku kata terakhir di halaman berikutnya. (kembali)
14 kasunwan. (kembali)
15 lumimbuk. (kembali)
16 Sukma (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
17 Gêdhongsiluman (dan di tempat lain). (kembali)
18 kapêjahan. (kembali)
19 Sang (dan di tempat lain). (kembali)
20 dan. (kembali)
21 ênu. (kembali)
22 wrin (dan di tempat lain). (kembali)
23 walyaa (dan di tempat lain). (kembali)
24 winawas. (kembali)
25 Ni Dèwi. (kembali)
26 Lebih satu suku kata: siyung tiksna saliban. (kembali)
27 Lebih satu suku kata: Mangliawan saur pranatangling. (kembali)
28 puwarane. (kembali)
29 Kurang satu suku kata: mangka satruning jawatantara. (kembali)
30 Lebih dua suku kata: gih wuruking jêng rama mring dasih uni. (kembali)
31 kawat têguh. (kembali)
32 purasani. (kembali)
33 kot. (kembali)
34 sru. (kembali)
35 Biasanya guru lagu e. (kembali)
36 Junggringsalaka. (kembali)
37 kapenak. (kembali)
38 mèsêm. (kembali)
39 Sang. (kembali)
40 Variasi: Căndramuka (dan di tempat lain). (kembali)
41 Kurang satu suku kata: ing pranibun samodra. (kembali)
42 têpi. (kembali)
43 mangkya (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
44 Kurang satu suku kata: kapyanira wak bawasi. (kembali)
45 dhêndhêng. (kembali)
46 Suraloka. (kembali)
47 saur rewangnya. (kembali)
48 pêjah. (kembali)
49 waringutên. (kembali)
50 Kurang satu suku kata: swara wara lumêpas. (kembali)
51 Sang (dan di tempat lain). (kembali)
52 Kurang satu suku kata: Sang Kumbalaga Srênggi-. (kembali)
53 rêmuk kang. (kembali)
54 Kurang satu suku kata: Sang Mangliawan konang ton ulun têlas. (kembali)
55 Kurang satu suku kata: têmahe angêmasi. (kembali)
56 wèsthi. (kembali)
57 Kurang satu suku kata: Mangliawan andik myarsa jar jawata. (kembali)
58 dêrs sela. (kembali)
59 Kurang satu suku kata: tan rinasa jawata glis. (kembali)
60 angucap. (kembali)
61 tan. (kembali)
62 agurnita. (kembali)
63 pupuh. (kembali)
64 katangkêban (dan di tempat lain). (kembali)
65 langkung (dan di tempat lain). (kembali)
66 Kurang satu suku kata: mulat tangkêbing pintu. (kembali)
67 sanga. (kembali)
68 agop pinanah. (kembali)
69 mêtua. (kembali)
70 tandèngsun. (kembali)
71 kaloka. (kembali)
72 wuntat (dan di tempat lain). (kembali)
73 jroning. (kembali)
74 gênggêng. (kembali)
75 apêthot tustha. (kembali)
76 ingundhamana. (kembali)
77 unggyan. (kembali)
78 Kurang satu suku kata: Sang Mangliawan kras dènnya angling. (kembali)
79 towok (dan di tempat lain). (kembali)
80 anandhak kêni. (kembali)
81 Kurang satu suku kata: gya sêsumbar panan pitung pangkat. (kembali)
82 Kurang satu suku kata: balik sira mudhuna bisuki dadi. (kembali)
83 Biasanya guru lagu e. (kembali)
84 mêngko. (kembali)
85 tinjomaya (dan di tempat lain). (kembali)
86 cinandhak. (kembali)
87 tangyenggal. (kembali)
88 Sang. (kembali)
89 gêtêr (dan di tempat lain). (kembali)
90 Kurang empat suku kata. (kembali)
91 tiksna. (kembali)
92 Lebih satu suku kata: siyung tiksna asaliban. (kembali)
93 Kurang satu suku kata: tan rinasa ditya tiron. (kembali)
94 Lebih satu suku kata: agra sutiksna dumilah. (kembali)
95 gustiningsun. (kembali)
96 Lebih satu suku kata: satru-satru satruning dewa di. (kembali)
97 Biasanya guru lagu e. (kembali)
98 Teks asli: kata "Krêsma" ditulis setelah akhir bait ini diikuti dengan tanda wasanapada. (kembali)
99 pinapag. (kembali)
100 palastra. (kembali)
101 Lebih satu suku kata: lampahira tan araryyan. (kembali)
102 Kurang satu suku kata: Bathara Wisnu kaleka. (kembali)
103 anglêsing. (kembali)
104 apisah. (kembali)
105 dene. (kembali)
106 paran. (kembali)
107 rat. (kembali)
108 supêna. (kembali)
109 ingsun (dan di tempat lain). (kembali)
110 atmaningong. (kembali)
111 Badra. (kembali)
112 lwir. (kembali)
113 gêntur. (kembali)
114 cinipta. (kembali)
115 punggawa (dan di tempat lain). (kembali)
116 Lebih satu suku kata: kapwanan gănda bwakta. (kembali)
117 atas sêdhênging (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
118 Lebih satu suku kata: Mnumanăngsa putra Bramaraja. (kembali)
119 Saptapratala. (kembali)
120 Kurang dua suku kata: yakti limpung astrèng jurit. (kembali)
121 siring (dan di tempat lain). (kembali)
122 wor. (kembali)
123 rama. (kembali)
124 lêrês (dan di tempat lain). (kembali)
125 kuwung. (kembali)
126 lêkas. (kembali)
127 atas sêdhêng. (kembali)
128 dawêg gancang. (kembali)
129 aptya. (kembali)
130 Citrabaha (dan di tempat lain). (kembali)
131 ngagêm. (kembali)
132 Si. (kembali)
133 ngangge (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
134 dhiwah-dhiwuh. (kembali)
135 kêsmaran. (kembali)
136 Biasanya guru lagu u: payu. (kembali)
137 Lebih dua suku kata: ingaras-aras dera. (kembali)
138 pinongah-pangih. (kembali)
139 karna. (kembali)
140 panjiwiring. (kembali)
141 alit. (kembali)
142 rarywan. (kembali)
143 pinggir. (kembali)
144 miyos. (kembali)
145 Kurang satu suku kata: maring Apatih Jamamantri mwang. (kembali)
146 sang. (kembali)
147 sumuhun. (kembali)
148 dahat tyas. (kembali)
149 Kurang satu suku kata: dan ambêk sang paramarta angling. (kembali)
150 marêkkên. (kembali)
151 arak kênit. (kembali)
152 Kurang satu suku kata: dunya brana wastrèku. (kembali)
153 Biasanya guru lagu e. (kembali)
154 gingganga (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
155 ngling. (kembali)
156 Kurang satu suku kata: sru wikalpa ingkang anangling. (kembali)
157 dhawah. (kembali)
158 ing. (kembali)
159 Biasanya guru lagu u: payu-payu. (kembali)
160 tinitir-titir. (kembali)
161 Lebih satu suku kata: mandêng tiksnaning grana. (kembali)
162 sasumbar. (kembali)
163 Kurang satu suku kata: tangi sasumbar anjrit. (kembali)
164 kawat. (kembali)
165 inggih (dan di tempat lain). (kembali)
166 matura. (kembali)
167 Tulisan Jawa kurang tepat: terdapat taling dan wulu. (kembali)
168 sulêksana. (kembali)
169 Dasamuka. (kembali)
170 Kurang satu suku kata: gumuywa Dasamuka ling. (kembali)
171 musthikèng. (kembali)
172 sami (dan di tempat lain). (kembali)
173 suwawya. (kembali)
174 ngling. (kembali)
175 nimas. (kembali)
176 inggil (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
177 unggahi. (kembali)
178 Bojagati. (kembali)
179 salin nagara. (kembali)
180 dadèkkên. (kembali)
181 Kurang satu suku kata: tut dharudhut ngling Sêmar salamêt paran. (kembali)
182 manggalèng (dan di tempat lain). (kembali)
183 pêpungkuran (dan di tempat lain). (kembali)
184 wingking. (kembali)
185 anuduki. (kembali)
186 Mandyapura. (kembali)
187 rat tan. (kembali)
188 kilèn. (kembali)
189 pan nênggih (dan di tempat lain). (kembali)
190 umudhun. (kembali)