Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-04-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kerajaan Ngurawan[1]

--- [f. 107r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 1 dari 36

[...]

--- [f. 107v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 2 dari 36

Anêgih[2] punika wong agung ing Ngurawan, i[3] dawêg sinewaka wontên ing paglaran. Wondening ika[4] putra Radèn Sinjanglaga sampun dhatêng, pupadening[5] Ki Apatih Jayabadra nanging dèrèng kadangu, ya makana[6] yitnanira wong agung i[7] kurawan,[8] ika anak isun[9] têka apadene Si Patih Jayabadra, apa olèha gawe, apa oraa, dak kira ora olèh gawe.

Wau ta Wong Agung Ngurawan sarêng mirsa ature ikang[10] putra sêkala amaku[11] duka.

Apa pratandhaning duka, kumêdut padoning lathi, jaja ba[12] mawinga-winga, manguntar-utar[13] ing manah mangrêda i pusuh kaya bêdhaha ing lambung, yèn sinabêta mrêrang[14] sagedhe[15] bêl kaya mêtua dahana.

--- [f. 108r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 3 dari 36

Wau ta lampahe pun Dêmang Paningron, ikang ingutus amatêdhani uninga dhatêng wong agung, samarga-marga ikang cinacad nanging ki dipati ing Pranaraga.

Anêgih punika pasagrahanira[16] wong gung[17] ing Nusatara, sintên ta dasanamane Wong Agung Nusatara, dasa sapuluh nama aran, ajêjuluk Mraja Suryalêngkara, bagus rupane anom dhasare, sura sêkti wigya[18] ngambah drigănta[19], pinêndhêm tan awuk, ingobong tan gosong, wontên ing tana[20] sabrang tate wudhu, pilih tandhi[21] yèn ajurit. Pramila angêjawi dening amirsa warti yèn putri adi Ngurawan endah warnane, lah i kono akarsa dèn lamar, sampun anglampahan sêrat panglamar, sampun katampèn dhatêng Wong Agung Ngurawan, nanging angantos ditên[22] kimawon, saklangkung gènira

--- [f. 108v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 4 dari 36

angantos-antos, Wong Agung Parangkêncana, kaya angantènana wulan tan tiba, kaya angatènana[23] kêlêming gabus kinum, kambanging watu itêm. Sinigêg pangrêganing[24] nata, karantên kinarya kadangu, kocapa ikang wontên pasohan jawi, ing têngah punika pun Apatih Dasabau, tau tate angrupêk jajahaning musuh angêlar jajahaning rowang, wondening ikang kidul punika wong agung i Bantarangin. Sintên ta dasanamane, dasa sapuluh nama aran. Akêkasih Mahraja Lindhuprahara, wondening para bupati mantri ing Parangkêncana, pêpak sadaya, kaya ta giri pawaka, giri gunung pawaka gêni, kaya gunung kawlagar, pangagening[25] wadyabala, ana ikang abadhong kêncana sawanci-wanci[26] [sa...]

--- [f. 109r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 5 dari 36

[...wanci-wanci] gêdhene, ana ikang ukiran kêncana sagolèk-golèk gêdhene, ana ikang udhêng gilig sakempol-kempol gêdhene rinenda surati turut dodoman.[27] Kathah warnane wadyabala, ana ikang godhe[28] wok simbar jaja, sakisi-kisi gêdhene, ana ikang babrêngos sakêpêl sisih ana ikang jegot[29] palawangan. Wau ta Wong Agung Parangkêncana, sarêng miyos sinewaka punapa antawise, jajaran ikang mêdal, tamèng kêncana kawan dasa, sarta sênjata agêng mungêl ambal pi[30] tiga.

Wau ta Wong Agung Nusatara, pantês tan ana iwang[31] yèn miyos sinewaka, pinarak kursi dênta ginontrang kêncana pinatik nawarêtna, alèmèk baludru wilis rinenda adi, arja kampuh limar kêsawon, apanisêt[32] renda surati, acêlana cindhe bêbunton rinenda ada,[33] adhuwung prabon, abigê[34] endrasmara, kilatbau sarpa raja, ulur-ulur mas rineka nagendrasmara, mêgêp[35] kuluk rineka ukêl kêkêlinan,[36] ajamang susun tiga kinancing grudha mukur,[37] asasangan[38] mas catrawirama, arumbing kinalacakra apanugul[39] intên bumi, soroting [so...]

--- [f. 109v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 6 dari 36

[...roting] rêtna pagut lan liringing tingal kaya ta kilat barung lan thathit. Wibuh[40] akarya wirangrong, agêgănda jêbad kasturi, gandane anrus atêtarub agung, sarta ingayap para biyada, magung[41] prara-rara[42], udakawis salajur sisih, sirna kamanusane kaya ta Bathara Mahdewa alanglang[43] jagat.

Wau ta dèrèng dumugi gènira imbalan wêcana Wong Agung-Agung[44] Nusatara, akalihan pun Apatih Dasabau, kasaru dhatênge pun Dêmang Paningron [Pani...]

--- [f. 110r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 7 dari 36

[...ngron] dumrajog[45] atanpa larapan.

Wau ta wong agung ing Nusatara sarêng mirsa ature pun Dêmang Paningron sêkala amaku duka.

Apa pratandhaning duka kumêdut padoning lathi jaja bang mawinga-winga, manguntar-untar ing manah, mangrêda ing pusuh yèn sinabêta mêrang sagèdhèng bêl kaya mêtua dahanane.

Wau ta sakondurira wong agung ing Nusatara, kaya ta aningali sêkar wigar wotên[46] pasarean.

Anêgih punika ikang rayi wong agung i Nusatara sintên ta dasanamane, dasa sapuluh nama kêkasih akêkasih Dèwi [...]wati, ayu rupane anom dhasare yèn cinadraa[47] warnane adining kusuma, kurang căndra luwih warna, larapan nila cêndhani alis angroning[48] imba alis tuna kasambungan, otot ijo ana têka ajêlarit, idêp tumêge[49] tawang, netra jait alindri sêrating netra kaya ta sinuging,[50] grana rungih pêngarasan andurèn sajuring,

--- [f. 110v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 8 dari 36

lathi magis[51] karêngat, waja kadya mutyara, uwang anyakal[52] putung tênggak anglungi[53] gadhung pundhak anraju mas, panêngah amatrêm konus, bau gandhewa lus, jariji amucuk êri, prêmbayun anyudênta, apa binasakakên anyudênta, cêkir[54] gadhing, lir pendah cêngkir gadhing kabuntêl i tapas, kapipit ing papah jêplok papahe kalikab[55] tapase, ana têka mênthêk-mênthêk akuning, lambungira agora tanpana[56], apa binasakakên agora tanpa nana, tawon kêmit ikang lagi gumana, ana têka mêkik-mêngkik.[57] Wakong limas kumurêb, kempol pudhak sinumpêt, dêlamakan agamparan pêpêd, lakone macan angêlih yèn lumampah adining kusuma kaya ta bêdhaya kabotan gêlung, dèn êbat[58] têngahe kaya putunga dhêl, midêra sèwu nêgara mong[59] olèha wong ayu kaya adining kusuma, sadangune tinilar [ti...]

--- [f. 111r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 9 dari 36

[...nilar] sinewaka dhatê[60] ikang raka, tansah angarsa-arsa ya makana[61] yitnanira adining kusuma, kadingarèn kaka prabu iki olèhe miyos sinewaka têka suwe baya ana krêsane apa.

Wau ta pun guna pamukul kinon atêngara nuntên nyat ambêndhe kung kung kung.

Lah i kono badhos[62] sadaya dêdamêl ing Nusatara.

Tandange wadyabala kaya ta wrêdu ăngga sasra wrêdu lintah ăngga banyu kaya ta lintah sèwu barêng kumêlab.

Syaraning wadyabala kaya ta wrêsa kintaki, wrêsa udan kintaki pajatèn, kaya udan sèjroni[63] pajatèn. Lampahing wadyabala kaya ta sela blêkithi sela watu blakithi sêmut kaya sêmut adulur, dhatêng aneka-neka pangagening wadyabala, ikang rasun[64] abrit, kumpul sami abrit, yèn sinawang kadya sêkar plasa nêdhêng, ikang rasukan cêmêng kumpul sami camêng[65] [ca...]

--- [f. 111v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 10 dari 36

[...mêng] yèn sinawang lir pendah mêndhung ngêdhanu,[66] ikang rasukan wungu kumpul sami wungu, yèn sinawang lir pendah mêdhung[67] ngêmu ludira, ikang rasukan kuning kumpul sami kuning, yèn sinawang lir pendah kapodhang ngisêp sari ikang rasukan ijêm kumpul sami ijêm, yèn sinawang lir pendah bèthèt anêba, ikang rasukan puti[68] kumpul sami putih yèn sinawang lir pendah kul[69] sarawa, ikang rasukan biru kumpul sami biru yèn sinawang lir pendah sêgara tanpa têpi, nunang[70] pracekaning bêdhil, tiba tangi rakang,[71] adoh katon lela, duwèk ilang katêmu têrbus, jalma wadhu sunapan, jalma karongron bêdhil pêngantèn, bulus alit pêstul, lalêr gêdhe tiktak, balang wongwa gutuk api, gawokan bum, mega malang sasi sumurup mariyêm, kunang pracekaning tumbak, măngga ingumpak jigring,[72] takir bacingah tumbak ponthang, glana miji tumbak, glathik

--- [f. 112r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 11 dari 36

mungup, aldaka katawan, tumbak banthèng kalaton, bramèng taru tumbak tumpêr ingas, seta wilantên tumbak putih, seta tinunu tumbak irêng, sutaning êpring tumbak bung ampèl, gambang găngsa gêndera, dêdêl pratiwi umbul-umbul, silêman ing warih tulup, syara alit tamèng, braja kilatan pêdhang, tan kandhêg lampahe ganjur, age ingutus lêlayu, jalma pitutur kêkăndha, kunang pracekaning pikul, rêsayuda pikul, panitih jiwa pikulan, jalma bodho jagul, gawokan tumbu katêguhan kadut, dinuduta lot krênêng, logra-logra lombok, nêk-nêk ati ulêg-ulêg, tumbak bekong[73] irus, jalma têtoya uyah, pangrêsa jiwa kêndhil, panyuda jiwa wakul, sănggabuwana pathok, jalma ngijên[74] itip,[75] wondening ikang dados pangajêng Wong Agung Bantarangin, sagêbênganira para ratu sapênêngên, dêdamêlnya udakawis gangsal lêksa sri nalendra mugèng[76] dipăngga, pinalanan saabra, mênggê[77] asosong[78] agung, pasêmone Wong Agung Bantarangin, kaya [ka...]

--- [f. 112v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 12 dari 36

[...ya] ta Dasamuka, sumudhul[79] ing wuri bupati ing Nusatara, mangku wadya sêla-sêla, dêdamêlnya nêm lêksa pitung èwu pitung atus pitung dasa têtiga, kang nidhihi[80] sira Patih Dasabau mugèng dipăngga abra ikang pêlana, asosong kartas ijêm. Pasêmone kaya ta Beganănda.

Ing wuri prajurit lêbêt, kang nidhihi bupati lêbêt, prajurit lêbêt ikang wontên ngajêng aran wong Surakarsa, kathahira kalih lêksa, kulambi sangkêlat kuning surup lan watange masas.[81] Akumbala sutra kuni[82] saperang sênjata, atêngran Singamrajaya. Sumudhul wong Yudakarsa, kathahira kalih lêksa, kulambi sêngkêlat ijo surup lan watange mamas, kumbala sutra ijo saperang sênjata, atêngran garudhamăngsa. Sumudhul ing wurini[83] prajurit Sidapêksa kathahira kalih lêksa kathahira kalih lêksa,[84] akulambi sêngkêlat biru, surup lan watange mamas, kumbala sutra biru, saperang sênjata atêngran Pujănggaledra,[85] sumudhul ing wurinira, prajurit Nrangbaya, kathahira kalih lêksa, akulambi sêngkêlat wungu, surup lan watange mamas, [ma...]

--- [f. 113r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 13 dari 36

[...mas,] akumbala sutra wungu, saperang sênjata, atêngran diradayêksa. Sumudhul ing wurinira prajurit pilihan, aran wong Jayasura, kathahira pitung èwu, dêdêge padha gulanung, tur sura tate nrangwèsthi, akulambi baludru abang, kinotang rinenda mas, asruwal abang pinanji dasih kêncana, rinenda, asondhèr rangrangan wungu, bênting cindhe kêmbang, udhêng gilig sutra abang, sakempol-kempol gêdhene, rinenda kawan nyatun[86], asumping mas, dèn reka sêkar wora-wari rumpuk, abadhong singating aldaka, adhuwung carawangsul. Nyuriga pêdhang, capênganira watang abrit pinonthang sulam kêncana, saperang sênjata atêngran pêksi jathayu, mangrêgut[87] lampahing bala, lir buta kawrangan, nrêg i wuri prajurit pamuk, aran wong Jayaprakosa, kathahira pitung èwu, dêdêgira padha gulanung, bruwok bruwès simbar dhadha, brêngose sakêpêl sisih, tau tate tate tau, amonah ing musuh suh sura tan wigih ing papan. Tau akramas obat, jukat[88] panah lêlabane [lê...]

--- [f. 113v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 14 dari 36

[...labane] biring lanangan, yèn winadung mêmbat, jinara malurud, binêdhil mèsêm tinumbak latah, sinuduk ngujiwat. Yèn kala prang kasayahan, aso sami bêborèh wondening kulambinira baludru cêmêng dèn renda mas tiga nyantun. Sruwal aking panji-panji rinenda dasih kêncana, bênting cindhe kêmbang, udhêng gilil[89] cêmêng sakempol gêdhene, dèn renda kawan nyantun, asumping mas rinêngga jayabinangun, abadhong giwangkara, adhuwu[90] carawangsul, ukiran kêncana sagolèk gêdhene, dèn reka buta mangigêl, sarta anyuriga kulewang, cêpênganira watang cêmêng sulambung ngampèl, saperang sênjata, atêngran kalamăngsa, dhasar wong warêg dana băndhasura, mila lampahe kaya barong asepak. Sumudhul ing wuri, prajurit kang pamêjah aran wong Sêliran, kathahira kawan èwu, padha kulambi kotang, baludru wungu gêmpung, abênik panugul rêtna nêstha kawan dasa, asruwal baludru rêtna, pinanji rinenda dasih kêncana, asondhèr rêsmining puri, abênting cindhe kêmbang prêradan, [prê...]

--- [f. 114r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 15 dari 36

[...radan,] èpèk mas sutagi, adhuwung kêkalih katiga cêcothèn, agêlang carangbuntala, kilatbau pujoga[91] rodra abadhong susun tiga, akopyah laking[92] jamang susun tiga, pinaraba mawi garudha marêp. Garudha mukur[93], asumping mas sumanarsa rinujit, murub muncar busananya, myang lir puspa ngujana, ngongang tirta kumêdhap, nglaras ati, arka mayarêtna windu paningal, pating galêbyar, wondening cêpênganira, tamèng towok tulup jêmparing, atêngran sêkar dewadaru sawit. Prajurit kang kocap punika sami trahing wadujana, sura prawira andusa dhirinira, têguh tus sadaya, tur tatya amonah musuh padha gambira dènira ngayunakên prang, kaya ta aningali rara endah. Sumudhul ing wuri kajinêman kathahira walung atus. Cêpêngane warna-warna, nulya kapal karungan, kathahira kawan dasa, liman wêwalu, rata kalih wêlas, gêrbong igih sami sumudhul ing wuri para parêkan, sami mugèng wahana, nulya tindakira kang rayi wong agung ing Nusatara, sandyah[94] kusuma [ku...]

--- [f. 114v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 16 dari 36

[...suma] nitih joli, sarta dèn grêbêg para wanodya kang jajari tundha pitu, sumudhul ing wuri kang bêkta upacara, nulya tindakira wong agung ing Nusatara, anitih rata kêncana, asri rinaja mulya, pinatik ing nawa rêtna, apangirid kuda tèji nung-anung kawan kêmbaran, rêngganing ta[95], yèn tinon saking mandrawa, kaya ta kalamrêcu surêm ujyalani[96] sang yyang pratogapati,[97] mêgêp sang nata asongsèng[98] agung, sarta dèn gêrbêg prajurit kathahira kalih lêksa, walung èwu walung atus walung dasa sakawan, aran wong Jayèngkewuh pangagening warna-warna, sirna kamanusane Wong Agung Nusatara, kaya ta Bathara Mahdewa têdhak saking Suralaya.

Wau ta lampahing dêdamêl ing Nusatara, angancik Kapatrawasan kaimba gatèn, karang joke watune[99] wadyabala sabrang kaduk wani kurang dêduga, aningali kêbo sapi abrêranang, lah ing kono dhusun ikang sami kalakungan,[100] sami dèn rayah ikang

--- [f. 115r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 17 dari 36

sawênèh dèn pala. Athuh-athuh.

Wau ta larimpahe[101] dêdamêl ing Nusatara, i kono gagat bangun raina.

Anêgih punika Radèn Klana Jayakusuma, ikang dawêg pinarak kalih kadang kadeyan, wontên pasohan jawi pindhah ing Tanjunganèm, ikang wontên ngarsanira nanging Radèn Jayèngrana, lir konjêma siti mukane Radèn Jayèngrana, kaya ta mopola kêmpuhe kaya jamur ana sarungane, wau ta sakawonira dêdamêl ing Ngurawan, punapadening dêdamêl i tana[102] sabrang, kadang kadeyan sami angaturi lèsèr[103] saking nêgari ing Pranaraga, nanging Radèn Klana Jayakusuma sapunika botên angrêsakakên. Ya mangkana yitnanira Radèn Jayèngrana, kapriye krêsane kangjêng paran iki, dak aturi lèngsèr ora angrêsakakên. Yèn awèta ana kene tên[104] wande katêkan musuh maning ora, têka mêngkana pangetangira Radèn Jayèngrana, wondening Radèn Jayasena, tansah grêrêng-grêrêng kaya

--- [f. 115v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 18 dari 36

ta macan olèh bayangan, kaya ta lintang bimasêti.

Wau ta dèrèng dumugi gènira imbalan wêcana Radèn Klana Jayakusuma, akalihan ikang raka Radèn Jayèngrana, kasaru dhatênge Radèn Jayawiruta, dumrajog tanpa larapan.

Nuntên adada.[105] Tinêmbang têngara mangkat. Mawagyut malimut.

Sèbêt byar wau ta lampahe dêdamêl ing Pranaraga, sarêng dumugi antawis lampahan kalih onjotan, nuntên kapêthuk kalih dêdamêl ing tana sabrang anulya dhèdhèr sami atata gêlar sarta alok. Musuh musuh kănca dèn ngati-ati aja na oncat.

Nuntên adada malih. Atari sampunira glar. Ngihan lumrah kinêmasan. Manantèng sang partisara. Sar sêg ngambara.

Wau ta wong Jawa lan sabrang nulya campuh yuda. Syaraning sênjata barung lan têngara awor lan suraking jalma, kaya ta ngrubuhna langit, cêlaroting[106] mimis [mimi...]

--- [f. 116r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 19 dari 36

[...s] lir kilat, tibanira kadya garimis, pêtêng kukusging[107] obat, awor blêduging katiga, kaya ta têngah wêngi, sakalangkung ramenira kang ayuda, tan ana ngucap takut. Sudira arug-ingarug, wawal-winawal, wantu kang ayuda padha suranira, duk sêmana sênjata warastra wus kaliwat. Lah ing kono anulya caruk watang, ramya bênthak-binênthak, kumrapyak watang kang bêlah, liwat watang mangrunjang acaruk kêris, kulewang caruk lan pêdhang, syaranira pating carêklang,[108] laraping astra kaya ta kilat, pirang-pirang wong sabrang kang palastra, myang kabranan, athuh-athuh. Nutên[109] adada malih. Lèn krura maglut mangugêng. Gurnang katawan. Gurnitèng sagara.

Wau ta kang ayuda wus carub awor tanbuh musuh lan rowang, tanna syaraning ayuda, namung sêbrak, rêkatak, kumrapyak, myang cumêkling,[110] ting barêkuh kang samya wawal-winawal. Lah i kono saking gungira kang pêjah ing payudan sêgara gêtih, agunung

--- [f. 116v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 20 dari 36

kêpala sarah mayid, watang, lumut gêndera lêlayu, umbul-umbul, aparang liman kuda rata sêkatha, wau ta kang sagara ludira, kasrang panasing radetya, dadya sêgara ndhut. Dene kang ayuda migêk-migêg[111] datan kêna gumilira, kaborang tumbak kêris, dadya alantaran watang, saprandene kang para prawira, saking wong padha warêg dana, tuwuk sihing gusti, lah ing kono nirbayèng laga, tan wikara kang wus mati tan ingetang, dhêdhêl ing ngarsa kang wuri ajêjêl wani.

Mara-mara aja mundur padha bêcik.

Nunten adada.

Ikang majêng rumiyin Jayawiruta, mêsah[112] kalih Suramarga.

Eling Suramarga kaplajêng.

Wau ta sarêng katalika dhatêng pun Surasusena kaplajêng nuntên nyat jumênêng.

Eling Jayawiruta kaplajêng.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Jayèngrana, yèn ikang rayi kaplajêng nuntên nyat jumênêng.

Eling Surasusena kaprajaya.

--- [f. 117r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 21 dari 36

Wau ta sarêng katalika dhatêng pun Margajaya, yèn pun Surasusena kaprajaya nuntên nyat jumênêng.

Eling pun Margajaya kaprajaya.

Wau ta Radèn Kuda Nêpada ikang ajêng-ajêngan kalih pun Lindhu Warayang, nuntên nyat jumênêng.

Eling Lindhu Warayang kaprajaya.

Wau ta Radèn Jayènglaga, ikang ajêng-ajêngan kalih pun Lindhu Panon, nuntên nyat jumênêng.

Eling Lindhu Panon, kaprajaya.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Patih Baratkatiga, nuntên nyat jumênêng.

Eling Baratkatiga kaprajaya.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Wong Agung Bantarangin, Mahraja Lindhu Prahara, yèn ikang wadya têlas, i kono nulya têdhak saking dipoga,[113] akarsa majêng ing sura madyalaga nuntên nyat jumênêng.

Wau ta Maraja Lindhu Prahara nulyiyan[114] Radèn Jayènglaga, nulya anyandhak tamèng waja wrat sèwu

--- [f. 117v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 22 dari 36

kati, kaya dhinêndha dukanira.

Wau Radèn Jayènglaga sarêng dèn timbis i bindi pok talingane aniba supe ing purwadêksina.

Wau ta Wong Agu[115] Bantarangin sarêng dèn bindi dhatêng Radèn Jayènglaga, kengi[116] pasunira ajukêl[117] adhêpani lêmah.

Wau ta Radèn Jayasena ikang ajêng-ajêngan kalih pun Lindhu Jalajah nuntên nyat jumênêng.

Eling Lindhu Jalajah kaprajaya.

Wau ta sarêng kalika[118] dhatêng Raja Manguwi, kalih Raja Minakabo[119] yèn Lindhu Jalajah kaprajaya, nuntên nyat jumênêng.

Eling Raja Manguwi kalih Raja Minangkabo kaprajaya.

Wau ta sarêng katalika dhatêng pugawa[120] kathah anulya dèn byok purun.

Wau ta dêdamêl i Nusatara dèn amuk dhatêng Radèn Jayasena dhadhal sadaya tan moga[121] puliha.

Wau ta sarêng katalika, dhatêng

--- [f. 118r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 23 dari 36

Wong Agung Nusatara, yèn dêdêmêl[122] dhadhal sadaya, lah ing kono nulya têdhak saking titihan, akarsa majêng ing sura madyalaga ana têka kumrangsang.

Wau ta saajêngira Prabu Suryangumbara, ya makana[123] yitnanira, sêmene bae bobote wong Nusatara, ora sêmbada karo sagupe[124] ana ngarêpanaku kaya amutungna wêsi gligiran, kaya andilata wêsi abang, tog ngêndon kaya mêkene[125] bae.

Wau ta sarêng katlika dhatêng Radèn Jayasena yèn ika raka kasambut ing sura madyalaga nuntên nyat jumênêng. Wau ta Wong Agung ing Nusatara anulya nyandhak sênjata syaragni, angiwakakên gandhewa anênganêkên[126] jêmpa[127], lah ing kono sarêng dèn panthêng dhatêng

--- [f. 118v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 24 dari 36

sarêng dèn amuki dahana, Prabu Dasakusuma, botên pantara, pucuki[128] sênjata mêdal dahana, lah ing kono kadang kadeyane arêbu[129] sara muk[130] ing gêni lumajêng sadaya.

Wau ta Radèn Klana Jayakusuma sarêng amirsa yèn ikang raka-raka sami kajiwadana lah i kono Radèn Klana Jayakusuma akarsa majêng, ana têka rangu-rangu.

Ya makana yitnanira Radèn Klana Jayakusuma, layak sanak-sanakku ora nana kêlar dudu bobote, dening yitnanira para kadeyan, paran kula aturi kondur dede sawadosipun mêsah punika.

Wau ta saajêngira Radèn Klana Jayakusuma, ya maka[131] yitnanira, oraa Si Klana Jayakusuma didoli kasêktèn, malah adola, măngsa atukua. Lah i kono Radèn

--- [f. 119r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 25 dari 36

Klana Jayakusuma amudhut[132] sênjata barunastra, apa pêwasane yèn dèn panthêng pucuking sênjata mêdal toya.

Lah ing kono anulya pinanthêng, botên pantara pucuking sênjata anulya mêdal toya, jag grajag grajag grajag.

Wau ta ingkang dahana sarêng atêmpuh ing toya lah ing kono anulya sirna.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Prabu Suryangêmbara, yèn pêngabaranira sirna, lah ing kono anulya majêng.

Lah ing kono Prabu Suryangumbara akalihan Radèn Klana Jayakusuma, anulya nyandhak jêbêng kaya ta wong barang nopèng.

Wau ta Prabu Suryangêmbara ikang talêd[133] kalih Radèn Klana Jayakusuma, sami goco-ginoco tan ana ikang kuciwa, lah ing kono saking wulêding kulit, saking titihe dhuwung, ngantos pêcah landheyanira, wêwrê sami mlosok. Lah ing kono anulya sami

--- [f. 119v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 26 dari 36

sinarungakên malih.

Lah ing kono Prabu Suryangêmbara anulya anyandhak jamparing angiwakakên gêndhewa, anêngênakên jêmparing jumakah[134] suku atêngên, mancad suku kang kiwa.

Wau ta Radèn Klana Jayakusuma sarêng dèn lêpasi jêmparing byas sirna botên katênan[135] dhawahira.

Wau ta lampahe Kyana Patih Dasabau ikang karsa lajêng dhatêng nêgari Pranaraga, samargi-margi ana têka rêreyongan.

Anêgih punika garwanira Radèn Klana Jayakusuma ikang kantun watên[136] nêgari ing Pranaraga, sintên dasanamane, dasa sapuluh nama kêkasih akêkasih Dèwi Rêtna Pêniba, wondening kidul punika putri saking Wadhanpura,[137] akêkasih Dèwi Căndrarêsmi, wondening ikang lèr punika putri saking Wangsul, akêkasih Dèwi Andayaprana pintên ta lamine ikang raka majêng ing sura madya laga, tansah asêdhih kakin[138] ambratana wuyung, yèn siyang tan arsa dhahar

--- [f. 120r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 27 dari 36

yèn dalu tan asal[139] sare, ikang ginalih-galih amung supênanira, dening anyupêna awon, ya mangkana yitnanira adining kusuma, Dèwi Rêtna Pêniba, panêdhaku i dewa lawan juwata muga-muga lananga jurite, kajêng[140] pêngeran.

Wau ta dèrèng dumugi gènira imbal wêcana, adining kusuma, akalihan ikang rayi, kasaru dhatênge Radèn Kuda Nêpada, dumrajog tanpa larapan.

Wau ta sadhatêngira Rade[141] Kuda Nêpada, ya mangkana yitnanira adining kusuma, i Si Kuda Nêpada têka, ana apadene têkane angusapi luh, apa kangjêng pangeran tiwas. Dening yitnanira Radèn Kuda Nêpada, kangjêng radèn ayu mendah mirsaa aturku.

Wau ta adining Kusuma Dèwi Andayaprana, sarêng mirsa ature ikang rayi, nuntên anukêmi[142] pakone[143] ikang raka sarwi anjrit kêpati.

Wau ta sakathahing para wanodya, ikang sami karuna syaranira kadya grêrah, ana ika[144] ngrontok-rontok roma,[145] ana ikang mala-mala [mala-...]

--- [f. 120v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 28 dari 36

mala dhadha, ana ikang agêgulungan, sinjang lukar tan tinolih, nanging adaning[146] Kusuma Dèwi Rêtna Pêniba, botên sagêt karuna, saking botên sagêda anandhang raosing galihe, lah i kono anulya niba kapidhara.

Wau ta botên pantara sadhatêngira pugawa ing Nusatara, lajêng sami angrêrayah sarta angobong-obongi, wontên sajawining banon, syaranira kadya grêrah.

Wau ta para pugawa ikang ajêng lumêbêt dhatêng ing Pranaraga, kèndêl watên sajawining kori, mila sapunika kori dipun kunci.

Ikang tanglêd rumiyin pun Mantragni kalih Banyaksadewa.

Eling pun Mantragni kaprajaya.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Patih Dasabau, yèn pun Mantragni kaprajaya, anulya ngatag ika wadya.

Wau ta pun Yêksadewa sarêng dèn larihi ing pugawa kathah botên pasah amalês-malês tanpolih, nanging jro ikang pasah, ya ta pira rosane wo[147] sawiji, otota kawat abalunga

--- [f. 121r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 29 dari 36

wêsi yêkti botên kuwat. Lah i kono nulya rêbah jèkèng,[148] lah i kono kêbate pun Jathasura, anulya tinigas murdane dhatêng pun Jathasura.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Kuda Nêpada yèn banira kaprajaya, nulya nyat jumênêng.

Wau ta Radèn Kuda Nêpada, sarêng dèn larihi ing pugawa kathah botên pasah kaya ta Panjangputra sinasog[149] ing alang-alang, dhatêng mlèsèd kimawon.

Wau ta pugawa tana sabrang sarêng dèn amuk dhatêng Radêng[150] Kuda Nêpada bubar sadaya, sarêng katalika dhatêng Patih Dasabau, yèn Radèn Kuda Nêpada pangamuke kadi bathèng[151] kalêlaton. Lah ing kono pun Apatih Dasabau nulya anyandhak sênjata, Radèn Kuda Nêpada akarsa dèn lambung saking ngiringan.

Wau ta Radèn Kuda Nêpada sarêng dèn lêpasi jêmparing dhatêng Patih Dasabau, punapa ikang kaprajaya lambungira ikang kiwa, lajêng tiba lêgah[152] sarta nuntak ludira, waunipun dawêg watên nêgari Wasul[153]

--- [f. 121v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 30 dari 36

botên pasah satapak tilase pandhe miwah sisaning gurinda, nanging dawêg sapunika pasah, sampun pinasthi utungipun.[154]

Wau ta sarêng katalika dhatêng Dèwi Andayaprana, yèn ikang rayi, anyandhang brana, ing kono anulya lumajêng.

Lah ing kono ikang rayi anulya dèn sukêmi,[155] sarwi amănca udrasa.

Wau ta adining kusuma, sarêng mirsa kaninira ikang rayi, sêkala èngêt ing kaprawiranira, botên ta wanodya Dèwi Andayaprana punika, kaprawirane sampun kados tiyang jalêr.

Lah i kono Dèwi Andayaprana, anulya nyandhak sênjata, angiwakakên gêndhewa anêngênakên jêmparing, yèn kalaha nyênjata lêpat tiyang têguh, panah satugil[156] dados sadasa, panah sadasa dados satus, panah satus dados èwun[157] yutan. Lah ing kono sarêng katalika dhatêng para pugawa yèn ikang majêng adining kusuma, lah ing kono akarsa dèn cêpêng kimawon.

--- [f. 122r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 31 dari 36

Wau ta pugawa ing Nusatara, sarêng dèn lêpasi jêmparing dhatêng Dèwi Andayaprana, akathah ikang palastra, punapadening ikang kabranan. Ing kono saking gungira ikang wadya, ikang ngarsa têlas ikang wuri ajêjêl wani.

Wau ta Radèn Kuda Nêpada, sarêng mirsa yèn ikang raka dèn kêpung wadya sabrang èngêt yèn ngage[158] panisêt[159] rakêp.[160] Lah i kono kaninira anulya dèn abên, lah ing kono nulya sagêd jumênêng, akarsa majêng malih.

Wau ta Radèn Kuda Nêpada, sarêng jumakah asal satindak, karaos ing kaninira nulya ambruk.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Patih Dasabau yèn ikang wadya têlas palastra, nulya nyat jumênêng.

Wau ta pun Apatih Dasabau ikang krêsa anigas murdane Radèn Kuda Nêpada sarêng katalika dhatêng Dèwi Andayaprana, lah ing kono Patih Dasabau anulya dèn lêpasi jêmparing.

Wau ta Radèn Klana Jayakusuma, ikang [i...]

--- [f. 122v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 32 dari 36

[...kang] mêdal ing jomantara, lajêng lumêbêt dhatêng padalêman ing Pranaraga, sarêng aningali ikang rayi anandhang brana lah ing kono anulya dèn parêpêki.

Wau ta kaninira Radèn Kuda Nêpada sarêng pinancêri tingal dhatêng Radèn Klana Jayakusuma, lah ing kono tatunira mulih kadya wingi uni.

Wau ta sakawonira pun Apatih Dasabau, pugawa sabrang dhadhal sadaya.

Wau ta sarêng katalika dhatêng wong agung ing Nusatara yèn ikang wadya dhadhal sadaya, lah ing kono nulya nyat jumênêng.

Wau ta Prabu Surya Ngumbara sarêng dèn usap prênajane, punapa ikang dèn cipta amêng-amênganira têksaka.

Wau ta sarêng katalika dhatêng Radèn Klana Jayakusuma, yèn Prabu Surya Ngumbara, amêdalakên kasêktèn têksaka, ya makana yitnanira Radèn Klana Jayakusuma, i Si Klana Jaya Kusuma didoli kasêktèn, malah adola mosa[161] tukua, [tu...]

--- [f. 123r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 33 dari 36

[...kua,] lah ing kono Radèn Klana Jayakusuma dèn usap prênajane punapa ikang dèn cipta, amêng-amênganira pêksi jathayu.

Wau ta sakawonira pêngabaranira Prabu Surya Ngumbara, anulya majêng ing rana malih.

Lah ing kono Radèn Klana Jayakusuma nulya anyandhak jamparing, angiwakakên gêndhewa anêngênakên jamparing mancad suku kang kiwa jumakah suku kang têngên.

Wau ta Prabu Surya Ngêmbara sarêng dèn lêpasi jêmparing jajanira trusi[162] walikat, lah ing kono èngêt yèn gadhah aji păncasona jêgerat[163] nulya wungu.

Lah i kono Radèn Klana Jayakusuma sarêng mirsa ye[164] Prabu Surya Ngumbara gêsang malih nulya nyandhak sênjata malih.

Wau ta Radèn Klana Jayakusuma, sarêng sênjatanira botên wontên ikang miyatani lah i kono mundur apalarasan. Lah ing kono dèn kodhol dhatêng Prabu Surya

--- [f. 123v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 34 dari 36

Ngêmbara, ya makana yitnanira Radèn Klana Jayakusuma sajêgku ayuda ora kaya iki sêktine, apa ta dudu titahing bathara, wau ta saundurira Radèn Klana Jayakusuma, dumugi tritising pêndhapa, sarêng aningali ing para wanodya, kang sami amănca udrasa, têka sumêdhot manahira, prananya anganyut urip. Lah i kono nulya kèndêl.

Wau ta Radèn Klana Jayakusuma, nulya sidhakêp asuku tugal,[165] nutupi babahan nawa sanga, amatèni păncadriya, tisa grana sika, pănca lêlima driya angên-angên, angên-angên limang prakara kang dèn patèni, atutuk tan angandika, atalingan tan amirsa,[166] anetra tan aningali, agrana tan agănda, ya oga tan aobah,[167] nanging sapucuking grana, ikang pinancêr ing tingal, tênta dewane makruk-makruk[168] ana sapucuking irung apan botên, angupulakên[169] tingal kêkalih dèn dadosakên satugil, [satugi...]

--- [f. 124r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 35 dari 36

[...l,] lah i kono Radèn Klana Jayakusuma amor lan dewane Sa[170] Yyang Wasesa, yèn ta amora dadi jumbuh manusa lan dewane, yèn tan amora dadi nglangut panêmbahe, lah ing kono sampun katarima dèning dewane, punapa ikang dèn cipta angin.

Angin ikang ngilangakên gandaning kêmbang, barat ikang ngilangakên karingêt, lesus ikang ngilangakên kaliyang, prahara ikang anyêmpalakên kayu i mawar ikang angumbulakên banyu, sindhung ikang ngumbulakên gunung, lah ing kono ikang dèn cipta sindhung.

Wau ta wong agung ing Nusatara, sarêng dèn panah ngangin sirna ing marga layu, pranyata ikang anyurupi Prabu Surya Ngumbara punika Bathara Brama, mila sêntine[171] kagila-gila, dhasar dawêg wontên ing Suralaya mila, dados satruning Bathara Wisnu, sasirnira[172] wong agung ing Nusatara Bathara Brama mantuk dhatêng kayanganira malih,

--- [f. 124v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 44), akhir abad ke-18, #941: Citra 36 dari 36

wondening wong agung i Nusatara, mantuk dhatêng [...] nêgari sabrang malih.

 


Judul ini ditambahkan oleh Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
Anênggih (dan di tempat lain). (kembali)
ingkang. (kembali)
ingkang. (kembali)
punapadene. (kembali)
mangkana. (kembali)
ing (dan di tempat lain). (kembali)
Ngurawan. (kembali)
ingsun (dan di tempat lain). (kembali)
10 ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
11 amangku (dan di tempat lain). (kembali)
12 bang. (kembali)
13 manguntar-untar. (kembali)
14 mêrang. (kembali)
15 sagèdhèng. (kembali)
16 pasanggrahanira,. (kembali)
17 agung. (kembali)
18 wignya,. (kembali)
19 drigăntara. (kembali)
20 tanah (dan di tempat lain). (kembali)
21 tandhing. (kembali)
22 dintên (dan di tempat lain). (kembali)
23 angantènana. (kembali)
24 pangrêngganing. (kembali)
25 panganggening (dan di tempat lain). (kembali)
26 sapancai-panci. (kembali)
27 dondoman. (kembali)
28 godhèg. (kembali)
29 jenggot. (kembali)
30 ping. (kembali)
31 ingwang. (kembali)
32 apaningsêt. (kembali)
33 adi. (kembali)
34 abinggêl. (kembali)
35 mênggêp. (kembali)
36 kêkêlingan. (kembali)
37 mungkur. (kembali)
38 asangsangan. (kembali)
39 apanunggul. (kembali)
40 Wimbuh. (kembali)
41 manggung. (kembali)
42 parara-rara. (kembali)
43 anganglang. (kembali)
44 Agung. (kembali)
45 dumrojog. (kembali)
46 wontên. (kembali)
47 cinandraa. (kembali)
48 angron sumêmi. (kembali)
49 tumêngèng. (kembali)
50 sinungging. (kembali)
51 manggis. (kembali)
52 anyangkal. (kembali)
53 anglung. (kembali)
54 cêngkir. (kembali)
55 kalingkab. (kembali)
56 tanpa nana. (kembali)
57 mêngkik-mêngkik. (kembali)
58 êmbat. (kembali)
59 măngsa. (kembali)
60 dhatêng. (kembali)
61 mangkana. (kembali)
62 Teks asli kurang jelas. (kembali)
63 sajroning. (kembali)
64 rasukan. (kembali)
65 cêmêng. (kembali)
66 ngêndhanu. (kembali)
67 mêndhung. (kembali)
68 putih. (kembali)
69 kuntul. (kembali)
70 kunang. (kembali)
71 rangkang. (kembali)
72 jinggring. (kembali)
73 bengkong. (kembali)
74 nginjên. (kembali)
75 intip. (kembali)
76 munggèng (dan di tempat lain). (kembali)
77 mênggêp. (kembali)
78 asongsong (dan di tempat lain). (kembali)
79 sumundhul (dan di tempat lain). (kembali)
80 nindhihi (dan di tempat lain). (kembali)
81 mamas. (kembali)
82 kuning. (kembali)
83 wurining. (kembali)
84 kathahira kalih lêksa dobel. (kembali)
85 Pujănggalodra. (kembali)
86 nyari (dan di tempat lain). (kembali)
87 manggrêgut. (kembali)
88 jungkat. (kembali)
89 gilig. (kembali)
90 adhuwung. (kembali)
91 pujăngga. (kembali)
92 langking. (kembali)
93 mungkur. (kembali)
94 sang dyah. (kembali)
95 rata. (kembali)
96 ujyalaning. (kembali)
97 pratănggapati. (kembali)
98 asongsong. (kembali)
99 wantune. (kembali)
100 kalangkungan. (kembali)
101 lampahe. (kembali)
102 tanah. (kembali)
103 lèngsèr. (kembali)
104 botên. (kembali)
105 ada-ada (dan di tempat lain). (kembali)
106 cêloroting. (kembali)
107 kukusing. (kembali)
108 carêngklang. (kembali)
109 nuntên. (kembali)
110 cumêngkling. (kembali)
111 migêg-migêg. (kembali)
112 mêsah (dan di tempat lain). (kembali)
113 dipăngga. (kembali)
114 nulya. (kembali)
115 Agung. (kembali)
116 kenging. (kembali)
117 anjungkêl. (kembali)
118 katalika. (kembali)
119 Minangkabo. (kembali)
120 punggawa (dan di tempat lain). (kembali)
121 măngga. (kembali)
122 dêdamêl. (kembali)
123 mangkana. (kembali)
124 sanggupe. (kembali)
125 mêngkene. (kembali)
126 anêngênakên. (kembali)
127 jêmparing. (kembali)
128 pucuking. (kembali)
129 arêbut. (kembali)
130 kamuk. (kembali)
131 mangkana. (kembali)
132 amundhut. (kembali)
133 tanglêd. (kembali)
134 jumangkah (dan di tempat lain). (kembali)
135 kantênan. (kembali)
136 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
137 Wandhanpura. (kembali)
138 kingkin. (kembali)
139 angsal (dan di tempat lain). (kembali)
140 kangjêng. (kembali)
141 Radèn. (kembali)
142 anungkêmi. (kembali)
143 pangkone. (kembali)
144 ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
145 rema. (kembali)
146 adining. (kembali)
147 wong. (kembali)
148 jèngkèng. (kembali)
149 sinosog. (kembali)
150 Radèn. (kembali)
151 banthèng. (kembali)
152 lênggah. (kembali)
153 Wangsul. (kembali)
154 untungipun. (kembali)
155 sungkêmi. (kembali)
156 satunggil (dan di tempat lain). (kembali)
157 èwon. (kembali)
158 ngangge. (kembali)
159 paningsêt. (kembali)
160 rangkêp. (kembali)
161 măngsa. (kembali)
162 trusing. (kembali)
163 jênggerat. (kembali)
164 yèn. (kembali)
165 tunggal. (kembali)
166 amiyarsa. (kembali)
167 Terdapat tanda bintang. (kembali)
168 mangkruk-mangkruk. (kembali)
169 angumpulakên. (kembali)
170 Sang. (kembali)
171 sêktine. (kembali)
172 sasirnanira. (kembali)