Sêrat Sakondèr, British Library (Add MS 12289), awal abad ke-19, #1055 (Pupuh 01–06)
1. | Sêrat Sakondèr, British Library (Add MS 12289), awal abad ke-19, #1055 (Pupuh 01–06). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
2. | Sêrat Sakondèr, British Library (Add MS 12289), awal abad ke-19, #1055 (Pupuh 07–15). Kategori: Kisah, Cerita dan Kronikal > Cerita. |
Pencarian Teks
Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].
Sêrat Sakondhèr
--- [f. 1r] ---
No 18
Sêrat Sakondhèr
Purchasd f J. Crawfurd Esq.
Feb. 1842.
--- [f. 1v] ---
[...]
--- [f. 2r] ---
[cap]
--- [f. 2v] ---
1. Dhandhanggula
1. apuranên dera kang sudyapti | dene sastranya kathah mêmadha | abăngga awon tanduke | wantu wong sêsinau | cumêthaka[1] amunggêl kawi | carita saking sabrang | kang pinurwèng tutur | purwanya mijil sing guwa | kadya sêmut adulur tansah anggili | Wêlandi ingkang purwa ||
2. langkung kathah ewon lêksan kêthi | mangke lami sing saya atangkar | angradon nêgari gêdhe | prasamya madêg ratu | sowang-sowang ingkang kawawi | karyanya mradagangan |
--- [f. 3r] ---
sami sugihipun | wantên[2] kang jumênêng nata | wong Wêlanda abyanta wicêksonèki | Subajrit ingkang nama ||
3. sakêlangkung prawira ing jurit | garwanira nênggih putri sasra | samya têtawanan kabèh | nanging dèrèng sêsunu | sakyèh nagri samya kamelik | kêlangkung dening murka | nata nagri agung | Sêpanyol ingkang nêgara | samya suyud para nata nagri lain | sadaya kawisesa ||
4. kathah bawahipun sri bupati | Ngangris Prasman Ngamal lawan [lawa...]
--- [f. 3v] ---
[...n] Nelan | kathah tan winarna winrèh | nagri pasisir gunung | ing têngahan sami anangkil | atur bulupêktinya | rêtna turangga gung | miwah kang busana wastra | langkung kathah katur Sapanyol Sang Aji[3] | nahan gêng prakosanya ||
5. sakti guna ujub riya kibir | anut agamanya Nabi Mungsa | Sêpanyol ika sang rajèng | yèn klangênan sang prabu | nèng pêlangkan adi rinukmi | nayaka tinatrapan | myang rêtna di murub | tinumpangakên dipăngga | palênggahan catur kyèhnya adi-adi | yèn ngidêri nêgara ||
6. ingiring sakathah para aji | sakêlangkung degbya nung wisesa | panjang yèn wuwusên mangke | tan têlas wartanipun | tata tita lingira uni | kunêng sri raja bêsar | wontên kang winuwus | kang kinarya lêlampahan | kang carita rinipta dening sang kawi | wau ingkang kawarna ||
7. nagri gunung nênggih kang winuning [wi...]
--- [f. 4r] ---
[...nuning] | carita saking nagri Wêlănda | ran Arun juru tilane | nênggih tuwan gurnadur | kang pinurwa nagri Walandi | tanah ing pagunungan | nênggih kang winuwus | purwanya kang ginupita | wontên rare tinilar ing yayah bibi | maksih nèng jro wêtêngan ||
8. nulya binêdhèl larene urip | jalu agêntur kasutapannya | sumbaga anung yudane | adagang karyanipun | anglangkungi gènipun sugih | sakathah para raja | pan utang sêdarum | miwah kang para nakoda | samya nambut arta sèwu salêksèki | sakêthi myang sêbara ||
9. saingêl utangipun para ji | raja bêsar sainguk utangnya | sami kawradina[4] kabèh | myang mitra karuhipun | para raja kang sanès nagri | sampun wanuh sadaya | tur ingambil mantu | garwanya raja nakoda | kalih wêlas sami putraning para ji | ayu indah citranya ||
10. kang satunggal garwa yu nglangkungi | putri [pu...]
--- [f. 4v] ---
[...tri] saking nêgari Ngabêsah | nanging dipun kubonake | nèng pawon pêrnahipun | rajaputri langkung prihatin | tan dhahar tan anendra | dados tapanipun | nging êmban kalih rencangnya | sang rêtna yu kêlangkung kawêlasasih | gênti kang winurcita ||
11. Ki Nakoda Bas pan Rudyah Kawit | rèh Mabukit Ambin nagrinira | nakoda gêng dados rajèng | soka puntêk kalangkung | glanèng ing tyas purwanya dening | bèr dunya tan pêputra | sakyèh garwanipun | pan kalih wêlas sadaya | anêlaskên kedah saujaring jalmi | mêdhukun linampahan ||
12. datan wontên ingkang miyatani | mila ngrudatin dadya anendra | naritis ron lêlèmèke | banon pan bantalipun | nulya wontê[5] syara kapyarsi | hèh ta sira nakoda | yèn arsa sêsunu | minggaha sira mring arga |
--- [f. 5r] ---
atakona Bêgawan Mituna[6] sidik | jalukana atmaja ||
13. pasthi rabinira putra sami | padha lanang tur dadi narendra | siji dadi pugrêrane | ki nakoda byar wungu | kang kacipta supênanèki | sakathah para garwa | tinimbalan rawuh | kang kinubon tan ngêndikan | sampun pêpak ki nakoda muwus aris | rabiningsun sadaya ||
14. padha karia wisma sun apti | minggah ngarga ngupaya usada | mrih sira sutaa kabèh | supênanya tinutur | purwa madya wusana ênting | garwa matur pranata | sadaya jumurung | ki nakoda wus wisata | saking pura jalma tan wantên udani | sampun lêpas lampahnya ||
15. lumastantun dènira lumaris | nulya ngambah luwah pasabinan | kang têtêngga rame loke | sinêrang dening wijung | tan antara pênthongan muni | ramya wor jugug sona | lenggot bawa magut |
--- [f. 5v] ---
sona lit binabuk bêntar | ingkang darbe nulungi dipun gêgusir | nêdha tulung rewangnya ||
16. lamat-lamat dhêkahnya kaèksi | byar raina kathah kapiyarsa | sata kaluruk arame | lampahnya lumêstantun | tan antara yyang arka mijil | lir jingga têturutan | anglangên dinulu | ana warna biru jênar | kang sawênèh asawang sêkar manjêthi | rinêngga ing kênaka ||
17. datan pêgat gènira lumaris | ki nakoda sayah anèng marga | angrempong-rempong lampahe[7] | sumêngka ing arga gung | parang pringga jurangnya bangbing[8] | lunyu punang atmaka | kasongan ing lumut | sela gêng ngapit nèng jurang | pudhak kengis lir wêntis kesisan tapih | tinon asung wigêna ||
18. langkung anglangên tirahing margi | pradapanjrah ngawe kapawanan | asona sinang rumêmbe | anglir langse dinulu | puspitanjrah lir yangyang tulis | tinon lir pakasutan | sayana baludru |
--- [f. 6r] ---
kang wuni nêdhêng asinang | palisirnya jăngga mêkar amrik minging | katub ing samirona[9] ||
19. priyaka sêkar abra angrawit | kanigara mêkar kapawanan | prikancu nêdhêng sêkare | pan malawan sitangsu | munggèng kering sêkar trangguli | bakung bang tarawarsa | ahnang[10] pinggir ranu | kokaping lirang angambar | jăngga milêt lir priya angol panêpi | ing jinêm nglukar wastra ||
20. tirta lata atalang pring gadhing | sumyak syaranya tumibèng jurang | kongkong[11] munya têpining wèh | kadya wong nawang kayun | awurahan agênti muni | kadya kèn arèrèna | anginuma ranu | manyura kagyat sru munya | sarpa sinrang mring pêksi liman mudiding | mingsêr angungsi sela ||
21. sela sayana têpining bèji | kayoman saka abra asinang | runtuh sumawur sêkare | ting kurambang nèng ranu | saradênta kentir ing warih | kapering sata patra | wor ganggêng lêlumut | aruna munya sauran | kang sawênèh sutanya [su...]
--- [f. 6v] ---
[...tanya] dipun kêloni | anèng tirahing jurang ||
22. jangkung tumiling pinggiring warih | anganti-anti suruding toya | mina lit pinrih silibe | kuntul mencok nèng watu | cangak pêcuk samya miranti | mencok nèng kajêng ragas | tumiling nèng ranu | balêkok mencok nèng tunggak | mrih mangsanya anganti canthuka mijil | mina lit sumamburat ||
23. paksi kitiran munya aganti | awurahan kukila non wohan | cunggarèrèt munya rame | syaranya paksi siyung | jalu èstri acrêrik-cêrik[12] | kadya kèn arèrèna | ing pangidhêpipun | blêgêdu wowor lan johan | ana ing pang sêsiwo arêbat bukti | kadya jrih pinaranan ||
24. poh bêmbêm jajar kêlawan manggis | poh dênja poh măndhalika sinang | arame nèng pajangkunge | wênara siwo lutung | awurahan arêbat bukti | syaranya tambang-tambang | măndra pan karungu | syaraning
--- [f. 7r] ---
wong awurahan | asênggani awor syaraning sundari | lir bradangganing ănda ||
25. lamat-lamat yèn tinon tulya sri | pratapanya[13] Sang Wiku Mituna | katingal ngunggul sanggare | mancur mêstakanipun | apanunggul maniking warih | kabêntèr dening[14] surya | yèn tinon lir daru | walikadhêp kapalwanan[15] | kêthap-kêthap kadya angawe sang brangti | sêmu kèn lumarisa ||
26. ki nakoda wus egar[16] kang galih | tumingal dhatêng kang pêpêthetan | dene asangkêp warnane | kitri bang tirahipun | pucang dênta lan pucang ranti | sami ambabar mayang | gandanya mrik arum | kasilir ing samirona | kadya gêlung lukar sêdhêngnya sarêsmi | sajroning pakasutan ||
27. pala gumantung wohnya andadi | manggis kapundhung durèn pijêtan | jambu drêsana rewange | kokosan lawyan dhuku | găndariya lawyan kêcapi | wohnya anjrah buntala | luwas tan amupu | pêlêm[17] kuwèni lan bawang | jirak [ji...]
--- [f. 7v] ---
[...rak] wunglon ajajar capêdhak wangi | jambu wèr bang lan seta ||
28. lumêstantun dènira lumaris | ki nakoda minggah mring pratapan | sampun prapta banjarane | kacaryan dènnya dulu | bêbanjaran puspita sari | sadaya jinêmbang |[18] anglangên dinulu | abra nêdhêng kang jamirah | parijatha ajajar lawan cêpiring | hèrgulo bang lan seta ||
29. saruni jênar jajar lan putih | puspa lembang jajar puspa nila | taluki anjrah sêkare | soka lan wonga rumpuk | wonga tambang lawan srigadhing | tonggèng tinaratagan | ajajar lan anggur | pacar cina lan kajênar | măndhakaki pacar toya angidêri | kang sami jinêmbangan ||
30. bangsal sakirna samya lit-alit | tinatrapan ing rêtna di mulya | ukir-ukiran umpake | sêsaka kajêng garu | usukipun wraksa cêndhani | ki nakoda kacaryan | mulat tulisipun | awarna sakyèhing [sakyèh...]
--- [f. 8r] ---
[...ing] gambar | lêluhurnya rineka gambaring syargi | sutra jênar kinarya ||
31. lênglêng mangu kacaryan ing galih | ki nakoda mulat kang puspita | warna-warna banjarane | lampahnya mandhêg mangu | ki nakoda angling jro ngati | langkung pangalêmira | wignyane sang wiku | ratu agung apratapa | tur widagdya pandhita pratamèng kawi | sumbaga wicaksana ||
32. sanggar bêbatur sela cêndhani | undha tri kajêng arêng sirapnya | ukir-ukiran karine[19] | tinratapan bra murub | ing sêsotya nila widuri | saka kajêng kalêmbak | kaca inêbibun | tur winancak suji sêkar | nataripun kasungan puspita sari | tinon kadya udyana ||
33. sampun lami gènira pratapi | ratu agung Bagawan Mituna | ing Lêburgăngsa nagrine | dasanama sang wiku | Detya Kala Murka Indraji | sakawan ingkang putra | samya madêg ratu | nanging ta
--- [f. 8v] ---
sami wanodya | digbya sêkti ing yuda pilih tumandhing | rama aji pitaya ||
34. akathah têlukane para aji |[20] ratu detya asohan sadaya | nêgari kamelik kabèh | langkung murka sang prabu | arinira têngga nêgari | wasta Kala Durgăngsa | sêkti sudigbya nung | gêngnya samaindra suta | sri narendra wastanya kang putra nênggih | ingkang sêpuh winarna ||
35. Kala Jahar Rêtnapura adi | nênggarinya[21] Pulo Agêng Indra | satunggil nênggih nagrine | putra ingkang panggulu | Rêtna Dèwi Dyah Thathahini | nagrinya Ngindrapura | kang rayi ranipun | Ni Dèwi Thathakuthana | nêgarinya ing Pulodri awak jalmi | muka hèr warna buta ||
36. darbe têtênggan sumur gumuling | barang kang tinetesan toyanya | pasthi dados êmas kabèh | milanipun dèn rêbut | pan dênawa ingkang darbèni | kawonnya ingapusan | make[22] binalênggu [bi...]
--- [f. 9r] ---
[...nalênggu] | mangke nagrinya kanggenan | dening putra winarna putri wuragil | indah nglangkungi raka ||
37. wastanipun Rêtna Ayu Dèwi | Sayêmpraba kalangkung ayunya | Nusakambangan nagrine | prajurit putri agung | bêboyongan sami putra ji | sang dyah catur punika | wiwara digbya nung | nanging Rêtna Sayêmpraba | langkung sêkti ngungkuli kang raka katri | samubarang kawignyan ||
38. putri adi wigya[23] debya sêkti | marajol ngakrêp mancal[24] ngapapak | wagêd manjing ajur ajèr | kang mongmong pamanipun | mila rama anrêru brangti | pratapi anèng arga | langkung pitayèku | nêngêna datan kawarna | ki nakoda sampun marêk mring sang yagi[25] | nèng bale cêrabakan ||
39. sang pandhita nulya ngêcarani | ki nakoda lah sira linggiha | diparêk ulun marene | saur gupita nuhun | wus alinggih bukuh nèng ngapti | langkung jrih ing wardaya |
--- [f. 9v] ---
mring citra sang wiku | karan jrihira mêngkana | dede băngsa sang maha yêkti sigra ngling | kaki sira bageya ||
40. ngêndi sinêdya miwah kawingking | ingsun tanya ing têdah pinăngka | tigas kawuryan ragane | lagyanon kita ulun | anauri nakoda aris | hong yyang yyang siwah boja | atur ulun nuhun | sadèrènge sasampunnya | kauningan mangsa boronga sang yagi | gumujêng sang pandhita ||
41. iya bênêr emane pratapi | anèng arga mangan barêbêkan | yèn datan wruha lakune | tanpa karya nèng gunung | tinggal praja kawiryan mami | sira nakoda bêsar | tur jumênêng ratu | padha utang para raja | garwanira rolas padha putra aji | sira kubon sajuga ||
42. dene garwanira rolas kaki | durung pêputra kaliwat sira | angrudatin pramilane | sira munggah mring gunung | minta putra sira bênêri | ramening pajagongan [pa...]
--- [f. 10r] ---
[...jagongan] | mila tanya ingsun | andhêku jrih ki nakoda | sandikanya sang wiku tan wantên sisip | ki nakoda wotsêkar ||
43. inggih sarema tan wontên sisip | pangandika ulun kalêrêsan | sang tapi gora guyune | ki nakoda umatur | pan kawula anuhun idi | angsala barkah tuwan | ngandika sang wiku | ya sanggup ingsun nging aja | ana cidra ing jangji padha sayêkti | ki nakoda turira ||
44. inggih sumangga ulun ngladosi | yèn cidraa kênia cupata[26] | papa citraka kang gêdhe | yèn kêlakon sêsunu | pan sumangga karsa sang yagi | tan angraos pêputra | miwah donya katur | kawula darmi têtêdha | sang pandhita gumujêng suka sarya ngling | trima kasih manira ||
45. dunya iku sun karya punapi | yêkti sira asugih manira | dèn usunga lir toyane | miwah sajêge umur | rina wêngi
--- [f. 10v] ---
aja dèn nêngi | kaki măngsa têlasa | iya dunyaningsun | nuhun tumungkul nakoda | ngraos lêpat nuhun apuntên sang yagi | sumangga karsa tuwan ||
46. iya ana kang ingsun karsani | bokmênawa sira ora lêga | nakoda sumăngga ture | dede ta kang sun jaluk | iya kang sih tanpa ngarani | yèn sira sih sun jarwa | sumangga turipun | yèn garwanira sêsuta | ingsun milih atmajanira sawiji | minăngga[27] wêjaninya ||
47. ki nakoda sumangga turnèki | dasih ulun tan ngraos pêputra | nging sang yagi pitulunge | sanadyan yusya ulun | pan sumăngga ing asta kalih | sang tapa angandika | milua maring sun | nulya binêkta mring sanggar | pamêlêngan saandhapnya pêlêm sawit | nging kêkalih wohira ||
48. sami matêng kênglangkung[28] mêmengin | angandika Pandhita Mintuna | iku pêthikên karone [karo...]
--- [f. 11r] ---
[...ne] | dumêna mring garwamu | dèn wêrata nyairis-iris | aja na kaliwatan | poma wêkas ingsun | lan aja madayèng kita | lamun cidra amasthi sira bilai | samăngsa pinangana ||
49. mring garwanira pêlêm ku pasthi | padha wawrat garwanira rolas | tur padha lanang putrane | ya malah luwih satu | putra ampil sun karêmêni | opahe sun aminta | ya ujuran ulun | sun milih putra sajuga | karsaningsun milih kang sun karêmêni | aturira sumăngga ||
50. sampun punika nadyan wak mami | kawula tan ngraos darbe yusya | tarima muliha age | ki nakoda anuhun | amit kentar sing ngarsèng yagi | lèsèr[29] saking pratapan | thustha digbya anung | gêgancangan nulya prapta | puranira garwanya dipun timbali | nanging sawêlas kyèhnya ||
51. kang kinubon ora dèn timbali |
--- [f. 11v] ---
nging sawêlas garwanya kang prapta | gênti wotsêkar garwane | sampunnya sami luguh[30] | ki nakoda amuwus aris | dhatêng kang para garwa | yayi ariningsun | kabèh sun wartani sira | lakuningsun mring arga pan alèh[31] kardi | wus jinarwan sadaya ||
52. purwa madya ing wêsanannèki | pêlêm roro paringe sang tapa | kinèn mangan sira kabèh | nulya pêlêm pinundhut | dipun iris jinirih-jirih | wus binagi sawêlas | nakoda amuwus | panganên dimène wawrat | sampun dinum dinahar[32] pêlêm wus ênting | kantun pêlok kewala ||
53. binucal wau pêlok winarni | êmban putri kang kinubon cidra | angintip rêpit pêrnahe | mirsa pangucapipun | ki nakoda têtela uni | pêloknya rinawatan | wus binêkta mantuk | arsa ngaturkên gustinya | kawarnaa sang putri ika prihatin | kinubon mring kang raka [ra...]
--- [f. 12r] ---
[...ka] ||
54. siyang dalu tilar dhahar guling | dhasar ayu winêwahan brăngta | awênês mancur cahyane | lir purnamaning tangsu | Raja Bêsah kang darbe siwi | Ni Dèwi Manikara | sang dyah namanipun | kunêng kalangan gupita | nimbok êmban wus prapta ngarsaning gusti | sang dyah aris ngandika ||
55. biyang êmban sira têka ngêndi | dene suwe sira tan katingal | ni êmban aris ature | gusti kawula wau | nyidra lampah mirsakkên warti | rakanta saking arga | sohan mring sang wiku | nuhun kapengin pêputra | binêktanan sêrona pêlêm kêkalih | kinèn dhahar mring garwa ||
56. samangsanya dhinahar garbini | sampun dinum binagi sawêlas | gusti tan dinuman anggèr | pasthi ratu mas kantun | apêputra kang saya têbih | sih mulenya rakanta | sang dyah ayu muwus | sih datan kêna pininta | sapuluh biyang wis bêgjane awak mami [ma...]
--- [f. 12v] ---
[...mi] |[33] kudu awèt tan drêman ||
57. nibok êmban agupita aris | amlasakên gustiningsun nyawa | yèn sêmbada lawan anggèr | wau kula lumaku | aculika ngadhêp angintip | ing karsane rakanta | kawula pan wêruh | sampun dinum para garwa | pêlokipun binucal kawula ambil | punika dhinahara ||
58. bilih marêngi gusti garbini | sampun kantun lan maru sadaya | pêlok wus katur karone | dhinahar sang dyah ayu | pêlok kalih dèn kêlamudi | sampun têlas dagingnya | sinungakên sampun | mring ni êmban lan bak[34] inya | ginêmêtan wong roro pêloknya tunggil | gêmêt lir dèn rêmpêlas ||
59. ni ban inya gumuyu sarya ngling | mendahane bungahe kang nala | yèn mêtênga besuk têmbe | ni nya ngling saur guyu | priye mêtêng ya tanpa laki | rarene dadi jadah | ni êmban sumaur | jadah [jada...]
--- [f. 13r] ---
[...h] raa sok manaka | sang dyah ayu ngandika ya pêlok iki | ingkang minăngka bapa ||
60. nibok inye[35] agupita aris | kaya bênêr dikane sang rêtna | sêmbada lawan arane | pêlêm pêlok pêpêlus | sarwi latah apêtêk ati | sang dyan ngling aja suka | tan bêcik tinêmu | dhêdhêrên pêlok ku biyang | dimèn tuwuh dadi pangauban benjing | yèn awoh dadi pêkah ||
61. wus dhinêdhrê[36] kunêng kang winarni | para garwa sawêlas awamwrat[37] | sampun lami antarane | prapta sêmayanipun | sangang căndra wêsana lair | sadaya para garwa | putra sami jalu | ki nakoda langkung suka | sajêgipun dèrèng pêputra lagyèki | tansah dinama-dama ||
2. Asmaradana
1. kang putra sinung kêkasih | ingkang sêpuh winastanan | Baron Patrasmin arine | Rahadyan Baron [Ba...]
--- [f. 13v] ---
[...ron] Safilman | pandhadha Baron Israk[38] | sumêndhi dyan Baron Emuf | arinya Baron Irdiyan ||
2. Baron Malêk arinèki | Baron Tasmintèn mangaran | Baron Panjangkung arine | nulya Dyan Baron Simunan | Baron Intèdhèng kang ran | nulya dyan Baron Mabêlum | pan sampun jangkêp sawêlas ||
3. ki nakoda langkung asih | dhatêng kang putra sadaya | pan ingugung sakarsane | wus lami sampun diwasa | bagus-bagus citranya | ayusya sadasa taun | rinaja-raja mênggala ||
4. sigêgên ingkang winuni | putri kinubon kawarna | sang dyah sarêng wawratane | nging dèrèng lair kang putra | maksih nèng guwagarba | ingantos dhatêng kang ibu | kalangkung sayah sang rêtna ||
5. sampun alami tan mijil | ban inya mapan mêngkona | dèrèng lair wawratane | anggêndhayur langkung gêngnya | pêlokipun [pê...]
--- [f. 14r] ---
[...lokipun] mêngkona | sampun lami dèrèng tuwuh | kocapa lênggah sang rêtna ||
6. ni êmban inya nèng ngapti | sang rêtna aris ngandika | biyung êmban iki priye | sun kapengin darbe putra | pan wis sapuluh warsa | baya ingsun iki busung | angur ingsun palastraa ||
7. apa binêdhèl byang iki | ingsun akarsa uninga | ni êmban inya ature | gusti wawrat lawyan lara | pasthi raose beda | ya biyang kandhutan ingsun | kala obah luwih rosa ||
8. ni inya matur mring gusti | dèrèng mangsane kewala | nulya kapirsa syarane | pêrnahipun guwagarba | tan katingal gupita | sampun maras kangjêng ibu | ing benjang mêdal kawula ||
9. angantos sangat wak mami | marêngi sae dintênnya | sarta wulan myang warsane | yèn jangkêp patbêlas warsa | ibu mêdal kawula | samangke kawula nuhun | dèn agêng kang pangaksama [panga...]
--- [f. 14v] ---
[...ksama] ||
10. ni êmban inya lingnya ris | ya iki wêtêngan ingwang | kapan paya ing laire | yèn obah wêtêng lir bêdhah | anakira sru mojar | aja sira dhandhang biyung | ingsun ngiring gustiningwang ||
11. witne sun pêtêng kang ati | ingsun kewuhan dedalan | yèn mêtua dalan gêdhe | sun moh marga kêwadonan | jêblog jêmbêr kaliwat | ingsun arsa mêtu nglambung | nimban inya girap-girap ||
12. majar ni ban kirig-kirig | besuk sira micaraa | yèn wis lair anak ingong | kang putra gumuyu suka | ni êmban saya gila | kirag-kirig jumbul-jumbul | kang mulat gumuyu suka ||
13. kawarnaa sampun lami | jangkêp kawan wêlas warsa | sang dyah babar wawratane | nanging datan warni jalma | warni kuwuk samodra | sang rêtna jêngêr gêgêtun | sakêlangkung merangira ||
14. ban inya anaknya lair | kalihipun sami
--- [f. 15r] ---
musna | ni ban langkung gêgêtune | sang rêtna aris ngandika | bangêt merang manira | ingsun apêputra kuwuk | umatur ni babu inya ||
15. gusti sampun ngrudah galih | lan sampun mêmanjang wirang | sae binucala anggèr | mring samodra dimon[39] ical | aris ngandika sang dyah | ora awèh ingsun wupus[40] | wis bêgjane raganingwang ||
16. dibuwang-buwang mring ngêndi | iku sêmpalaning raga | biyang sarupa-rupane | balikan gumatènana | diakèh saosannya | dhêdharan ulam lan sêkul | miwah kang kêndhi pratula ||
17. siyang latri dèn saosi | dhêdharan tumpa-tinumpa | yèn dalu kathah kalonge | ingkang sami eca-eca | kang ibu sampun duga | yèn dhinahar putranipun | wus latri sang dyah anendra ||
18. êmban inya sami guling | angligur anèng jrêrambah | sirêp tan wontên syarane | kocapa wau rahadyan [raha...]
--- [f. 15v] ---
[...dyan] | putra kang mangurungan | anukma sajroning kuwuk | kalih ingkang ponakawan ||
19. sang dyah putranya kêkalih | angambil nama priyăngga | anglangkungi ing citrane | sawêlas sadhèrèkira | tan ngungkuli bagusnya | dene putra ingkang sêpuh | Dyan Baron Sukmul kang nama ||
20. dene wastane kang rayi | Dyan Baron Kasèndhèr rannya | ambêranyak pamulune | tur asêkti măndraguna | prawira nung sudigbya | cinêtha sakyèhing ngujum | yyèku prajurit widagdya ||
21. kêmita sarêngnya lair | supe sotya ciri mulya | pêdhang sarakit sarênge | nyatunggil dados agêmnya | ponakawannya juga | nake bok êmban ranipun | Ki Suhulman ingkang nama ||
22. nak inya Sèbêr rannèki | pêlok tuwuh gêng sêkala | jêmbangan gêdhah wadhahe | dados panêngran punika | apanjang yèn ginita | Dyan Baron Kasèndhèr muwus | wau dhatêng [dha...]
--- [f. 16r] ---
[...têng] ingkang raka ||
23. mari kakak luwar[41] mandhi | ini têrlalu apanas | sudhah mandhi makan kuwih |[42] êmak sudhah tidhur inak | ingkang raka angucap | baik adhek saya turut | wong sêkawan sampun mêdal ||
24. nulya siram radèn kalih | munggèng ing jêmbangan gêdhah | lan panakawane roro | wau sami sukan-sukan | Baron Kasèndhèr mojar | kakak mandhi sudhah pênuh | mari kakak sama makan ||
25. kang raka nauri aris | baik adhek turut saya | miwah ponakawan karo | Rahadyan Baron adhahar | panakawan sinungan | sakêlangkung dening tuwuk | sampun têlas kang dhêdharan ||
26. sêkul ulam sirna ênting | lir pendah dèn panga[43] setan | Baron Kasèndhèr lingnya lon | mari kakak sama pulang | palagi budhak dhuwa | lêkas masuk dhalêm kuwuk | barangkali katauan ||
--- [f. 16v] ---
27. dhêngên êmak jadhi bênci | baik adhek turut saya | sampun malêbêt pêrnahe | jroning kuwuk wong sêkawan | adhêdhêp tan angucap | mêngkona salamènipun | sabên dalu gènnya mêdal ||
28. pinarêk sang rêtna angling | biyang inya kaya ngapa | sakyèh sêsaosan kiye | yèn dalu têlas sadaya | ingsun nora anduga | apa iya putraningsun | kang malih warna mangana ||
29. ingsun arsa angyêktèni | kaya priye ing rakitnya | ni êmban aris ature | yèn suwawi lan sang rêtna | linekan pan rinêksa | sampun anendra[44] sadalu | sami dèn ngèn sapolahnya ||
30. sami api-api guling | sangkane sampun uninga | kang sadu jona lampahe | sang dyah angling bênêr sira | sampun surup hyang arka | api nendra sang rêtna yu | nèng paprêman pêrnahira ||
31. kang putra kalih sinandhing | nèng kasur [ka...]
--- [f. 17r] ---
[...sur] sari gènira | pathela[45] wungu ulêse | sang rêtna api anendra | amujung kampuh jingga | rang-rangan mrih awas dulu | kang jawi sampun uninga ||
32. ni êmban inya pi guling | munggèng dagan prênahira | sirêp tan wontên syarane | madya latri wancinira | wau kang ginupita | ingkang nukma arsa mêtu | Baron Kasèndhèr ngandika ||
33. kangmas Sukmul dawêg mijil | agrah têmên kang sarira | mumpung ibu eca sare | sami dhêdharan kang eca | nuntên lajêng sirama | yèn wus siram sami mantuk | bilih jêng ibu uninga ||
34. wêkasan anjêjodhèri | kang raka aris ngandika | ya payo sun nurut bae | kang ponakawan aturnya | tuwan lêkas kluwara | têrlalu lapar ni pêrut | saparti laut buninya ||
35. radèn kalih sami mijil | adhahar kang sêsaosan | wisan mring panakawane | gènnya mangan rêrêbatan [rêrê...]
--- [f. 17v] ---
[...batan] | datan ngangge dèn mamah | sabarang-barang dèn ulu | kamlakarên gulasahan ||
36. matanya Kasèbêr mlirik | kasêrêtên nguntal maja | pundirangan buh polahe | jinêjêk cêcêngêlira | manculat ingkang maja | Ki Suhul suka gumuyu | kunêng ibunya kang nendra ||
37. wau ingkang putra kalih | dèn êngèn sapolahira | kang ibu thustha nalane | kadyinya[46] bagus utoma | nulya siram kalihnya | ingkang ibu sigra wungu | animbali êmban inya ||
38. prapta ngandika sang dèwi | wis karuhan biyang inya | nyata lamun putraningong | kang dhahar saosanira | roro ponakawannya | putraningsun bagus-bagus | sajagat tan ana memba ||
39. ika biyang bocah ngêndi | dene mèmprê kaya sira | polah tingkah pangucape | ni êmban inya turira | bilih anak kawula | ical [i...]
--- [f. 18r] ---
[...cal] kala lairipun | sang rêtna ayu ngandika ||
40. kaya pa rêmbugmu sami | kamanungsan anak ingwang | katon arina wêngine | onêng sun biyang kaliwat | matur ni babu êmban | inggih gusti punang kuwuk | panduka asta satunggal ||
41. kawula ingkang satunggil | mangke yèn rawuh rahadyan | dèn inggal banting kuwuke | kang sangêt dêrapon pêcah | dados putra katingal | tan wontên sênêtanipun | anulya kuwuk cinandhak ||
42. mring sang dyah ingkang satunggil | ni êmban ingkang satunggal | jangji sarêng pêmbantinge | kawarna ingkang asiram | Baron Kasèndhèr mojar | kakang mas suwawi mantuk | dangu bilih kadêngangan ||
43. lami tan kados puniki | datan sakeca kang manah | tansah kêtar-kêtir bae | kula dugi katiwasan | kakang mas dipun inggal[47] [ing...]
--- [f. 18v] ---
[...gal] | iya payo lumêstantun | lampahira gêgancangan ||
44. sarêng prapta aningali | kang ibu kêpanggih lênggah | sarta angasta kuwuke | Dyan Baron Kasèndhèr mojar | kakang mas katiwasan | dipun inggal rêbat kuwuk | lumajêng sarêng andungkap ||
45. anulya kuwuk binanting | mring sang rêtna lan ni êmban | kuwuk ajur luluh awor | lan kisma nulya rahadyan | rinangkul tinangisan | adhuh gusti putraningsun | datan supêna pun biyang ||
46. sira lamun purna jati | kaliwat sakur[48] manira | kang putra nuhun kalie[49] | rahadèn sami pranata | pinêngkul jangganira | anaknya ni ban rinangkul | pun Kasèbêr wastanira ||
47. nibok inya putranèki | pun Suhul tansah sinawang | adhuh anak ingsun anggèr | sun tan nyana yèn kapêdhak | kala lairmu ilang | pun Kasèbêr
--- [f. 19r] ---
arsa nusu | nibok êmban girap-girap ||
48. kang mulat gumuyu bêlik | kalangkung suka sang rêtna | dinama-doma[50] putrane | ingugung sakarsanira | tansah rinêngga-rêngga | yusya kawan wêlas taun | sami lan sadhèrèkira ||
49. nanging kang rama tan uning | dene akiwa gènira | wontên ing kêbon parnahe | tan kemutan ki nakoda | sigêgên tan kawarna | gênti winurcitèng wuwus | Raja Pandhita Mituna ||
50. arsa anagih prajangji | dhatêng nakoda wus lama | patbêlas warsa lamine | sang maha yêkti wisata | dhatêng wisma nakoda | datan kawarna ing ênu | inggaling lampah wus prapta ||
51. ing juragan wismanèki | kalangkung gêpah nakoda | amêthuk sang wiku rajèng | ingaturan lênggah wisma | kursi tinatrap rêtna |
--- [f. 19v] ---
sang wiku ngandika ingsun | iki ta mulane prapta ||
52. sajuganya ulun iki | onêng marma têka kita | dyi prakara ingsun kiye | nagih prajangjeyanira | sira madayèng basa | sira wis lawas sêsunu | sira ora nana prapta ||
53. ki nakoda matur aris | sakêdhike sakathahnya | kula nuhun apuntêne | kawula tan nêdya cidra | sawêg dangdan kawula | kasêlak sang wiku rawuh | nuhun ingkang pangaksama ||
54. mangke sumăngga sang yagi | atêmbung tadhah dêduka | iya sun pura sisipe | mêngko iki kaya ngapa | apa tulus sanggupnya | ki nakoda aris matur | kawula tan nêdya cidra ||
55. yèn madayèng kawula jrih | pramila ulun sêsuta | saking tuwan pinangkane | papa punapa katêdha | yèn madayènga basa | angandika sang awiku | yèn lila sira pêpêka ||
56. nakira sun milih siji | nulya animbali
--- [f. 20r] ---
putra | sami binusanan kabèh | murub muncar ujalanya | sawêlas ingkang putra | sinaosakên ing ngayun | punika anak kawula ||
57. anulya sang wiku aji | aningali mring darmaja | winical kirang cacahe | sang maha yêkti ngandika | nakoda sira dora | ini katinggalan satu | lu bilang bini dhuwablas ||
58. ini sablas lu sêmbuni | êlu tidhak kabêtulan | nakoda jrih lingira lon | iya bêtul tuwan kata | sêmbuni saya tidhak | tradha anak lain itu | pandhita ngling banyak akal ||
59. sang pandhita biyak tulis | iladuni ujum ramal | sang wiku tutur unine | adha bini lu satunya | itu bêranak dhuwa | laki-laki bangun bagus | adha sanak budhak dhuwa ||
60. lu buwang kêbon tu tadhi | nulya èngêt ki nakoda | mentak ampun tuwan
--- [f. 20v] ---
ingong | adha satu bini saya | mana bole bêranak | tradha kasih mangga itu | sang maha yêkti ngandika ||
61. tidhak baiknya lu panggil | nakoda nulya utusan | datan kawarna lampahe | prapta marêk dhatêng sang dyah | duta matur wotsêkar | kawula gusti ingutus | mring raka gusti ngandikan ||
62. kalihan putra sang dèwi | kêkalih kinèn ambêkta | pinundhut sang wiku anggèr | sang dyah mêngkêk tan ngandika | adrês mijil kang waspa | ketang ing supênanipun | latri duk sang dyah anendra ||
63. Dyan Kasèndhèr kang dèn pilih | rahadèn sampun uninga | têrus kalih supênane | tinangisan ingkang putra | dhuh anak ingsun nyawa | wêkasan sira katêmu | ingsun pisah lawan sira ||
64. kaki nora bisa kari | sun milu saparanira | Baron Kasèndhèr ature | angsal [ang...]
--- [f. 21r] ---
[...sal] ibu wilujênga | lan malih sok gêsanga | lami inggalnya katêmu | rubêd ibu yèn tumuta ||
65. Radèn Kasèndhèr ngling malih | kakang wêkasan kapêdhak | apisah kalih arine | wêwêling kula kakang mas | kula titip pun biyang | lan punika supeningsun | ngong tilar dados têngêran ||
66. kalihan pêlêm kalih wit | nunggil dados panêngêran | siramana enjing sore | sêsupe punika kakang | nunggil kang panêngrêran | yèn surêm sêsotyanipun | miwah pêlêm rone jênar ||
67. amasthi kawula sakit | lamun sêsotyane ical | miwah pêlêm kalih rone | gagrag miwah kang wit pêjah | pasthi kawula pêjah | yèn trêsna[51] andika nusul | ularana ingsun kakang ||
68. kang raka kruna lir èstri | yayi sun milu saparan | sira tilar ingsun priye [pri...]
--- [f. 21v] ---
[...ye] | Rahadèn Kasèndhèr mojar | paran gène suminggah | putra ampil kakang ingsun | kangmas kalêbêt wong rolas ||
69. sampun kangmas kula amit | nuhun pêdhang babrêkatan | èwêd aya nèng margine | pêdhang wus sinung dyan mintar | duta matur wotsêkar | wau putra kalihipun | lan panduka tinimbalan ||
70. Baron Kasèndhèr nauri | katêmu ingsun yèn duka | dhasar ingsun kang dèn pilèh | mring si kaki Amituna | wus mintar tan kawarna | ngênu prapta ngarsanipun | ing rama lan sang pandhita ||
71. sang wiku gumujêng angling | nampèl pupu kêplok tangan | ya iku sun karêpake | wayah ingsun kang jêlarat | bagus bênthing aladak | kang asawang ruming santun | dadi kondhanging dyah kathah ||
72. wis nakoda ingsun amit | wayah ulun ingsun gawa | karia mongmong putrane | dèn lila têka ing
--- [f. 22r] ---
nala | sun jaluk anakira | iya iki ampilipun | kang minăngka wêjaninya ||
73. dadi ingsun nora ngambil | mring anakira nakoda | iki putuningsun dhewe | jangkêp rolas anakira | wis ta pamit manira | nakoda turira nuhun | ing nala pambrêg maesa ||
3. Durma
1. ênêngêna nakoda gênti kawarna | sang pandhita lumaris | kalih wayahira | ponakawan sajuga | Radèn Kasèndhèr nèng ngapti | angambah wona | gawat marganya sungil ||
2. doh desa lyan sato mara sato pêjah | wontên buntani[52] margi | drubiksa sêkawan | mêmăngsa samnya ngadhang | gêng anung kagiri-giri | sagunung anak | sudigbya ing ajurit ||
3. kang satunggal awasta pun Kala Awan | Kala Marga rinèki | lawan Kala Luwang | Kala Kènjèr satunggal | arosa [aro...]
--- [f. 22v] ---
[...sa] têguh kang kulit | nèng parapatan | sami awas ningali ||
4. kêthap-lêthap[53] kadi dewa alêlampah | kumilat kadi thathit | ingkang saya prêrak | katon lir mas lumampah | dênawa catur samya ngling | iki wong liwat | gandane marbuk wangi ||
5. ingkang arum iki gandaning manungsa | ingkang arus puniki | gandaning rasêksa | nulya was tingalira | yèn wontên jalma lumaris | dèn iring detya | angangge sarwa adi ||
6. siji buta ora aujar wis tuwa | raryya lit pasthi kêni | pinaranan sigra | radèn lawan sang tapa | awas dènira ningali | radèn lingira | aki ana rasêksi ||
7. tan nauri putu dênawa bêbegal | kayaparan sirèki | pan wis sêpuh ingwang | tan kawawa atadhah | sun gawa lumayu kaki | mara sun êmban | mumpung mêksih atêbih ||
8. ora kaki wong lumayu liwat nistha | sun papage [pa...]
--- [f. 23r] ---
[...page] pribadi | kaki silumona | sun sinau ayuda | kaki aja sira dohi | angling sang tapa | sun êman[54] sira kaki ||
9. maksih rare kaki yèn sira tiwasa | kaya priye wak mami | trêsna sun mring sira | radèn ngling ingsun mêksa | pasrahna Kang Gawe Bumi | angling sang tapa | kaki dèn ngati-ati ||
10. sampun misah nulya siluman sang tapa | dênawa pat gro angling | kacakup rareka | pisah lan detya tuwa | lah ingayok payo adhi | pupung anglela | sampun doh anututi ||
11. sigra ngadêg dênawa sakawan lingnya | bocah kowe ko mati | ora tuku warta | miwah dol parungonnya | yèn kene marga awêrit | lah lumayua | bagusmu bocah tolih ||
12. ngling Kasèndhèr măngsa ora lumayua | yèn wong ngeman ing pati | yèn ingsun tan nêdya | siluman lumayua | wêdia lara
--- [f. 23v] ---
lan pati | wirang manira | iya sun pêponjèni ||
13. ngling dênawa bocah iki paksa sura | dêlêng gêgaman mami | sela tri gêng dirga | kang sawiji lingira | gamanku wraksa gêng sawit | bocah ja sura | yèn tan nutut ko mati ||
14. nulya mèsêm Radèn Kasèndhèr ngandika | hèh buta aja gênti | dèn barênga mara | padha sura mêrata | anulya nandêr satunggil | sinampe niba | tangi anubruk malih ||
15. kantun gancang Radèn Kasèndhèr malumpat | dhasar sampun winasis | sinaut sing wuntat | ditya sinampe pêdhang | tigas murda detya mati | siji nêrajang | sarta bamdhêm[55] sela tri ||
16. tinadhahan sela tri sinampe pêdhang | mawut tan ana kari | angrubut nêrajang | naut sinabêt [sinabê...]
--- [f. 24r] ---
[...t] pêdhang | sayat kuwandhanya palih | kadyi[56] nêrajang | saking ngarsa myang wuri ||
17. dyan pinêdhang detya kadyi kapisanan | sang pandhita ningali | mlajêng ngrangkul wayah | dhuh putoningsun êmas | ora ngimpi ingsun kaki | ngaèksi lawan | dene maksih acilik ||
18. wong abagus anjêlanthir anjêlarat | sudigbya nung ing jurit | aja kêlayatan | payo padha lumampah | datan kawarna ing margi | pan sampun têbah | pratapan nulya prapti ||
19. sampun lami Mituna gènira prapta | sang pandhita lingnya ris | kaki wis karia | ingsun arsa mêmăngsa | lan sakyèhing gêdhong iki | sun srah mring sira | iki soruge[57] kaki ||
20. lamun sira arsa angangge busona | pêtha mulya kang adi | myang rajabêrona | gêdhong-gêdhong ku ana | nanging radèn wêkas mami | wetan punika | gêdhong ja
--- [f. 24v] ---
sarog[58] kaki ||
21. poma-poma sang pandhita wus wisata | rahadèn manguntèki | pan sampun aloma[59] | sang wiku sabên dina | siyang kesah prapta latri | mung wayahira | yèn prapta dèn arasi ||
22. injing kesah wayah dipun poma-poma | ja ganggu-ganggu kaki | kang wetan punika | gêdhong agêng priyăngga | radèn wus gêntur kang tapi | anukmèng driya | apa ta karanèki ||
23. si kaki Mituna mêkas poma-poma | gêdhong kang wetan iki | sinarog tan suka | apa isine baya | sun yun wruh mumpung si kaki | lunga mêmăngsa | nulya sinarog aglis ||
24. sarêng mênga radèn jêngêr tan ngandika | tumingal ingkang isi | tan liyan warnanya | nging cumplung balung jalma | bêk sêsêk tanbuh kyèhnèki | gênge gêdhongnya | satus cêngkal winarni ||
25. jroning gêdhong wontên [wontê...]
--- [f. 25r] ---
[...n] dênawa sajuga | nanging dipun sakiti | binêlok kunjara | wêsi ingkang kinarya | nulya radèn aningali | buta tinanya | hèh dênawa sirèki ||
26. nèng jro gêdhong binalênggu kinunjara | mlasakên sun tingali | apa dosanira | umatur punang detya | kawula rumiyin aji | nagri kawula | ing Guwa Sonyagiri ||
27. wasta ulun Raja Kala Singgunkara | ratu gung surèng jurit | kathah kitha detya | kang kêbawah kawula | ngandika radèn mulane |[60] kasira papa | diblênggu dèn larani ||
28. apa sira kalah aprang aturira | mila dhatênging sakit | kêni ngapus krama | ulun pininta wăngsa | kêlangkung dening abêcik | tan ngrasa liya | lir tunggil yayah bibi ||
29. eyang tuwan lan ulun tan ngrasa liya | lami kawula kêni | ngapus têmah papa | radyan ngling prakaranya | iki cumplung kyèh ngliwati | wor balung jalma | paran [pa...]
--- [f. 25v] ---
[...ran] ta purwanèki ||
30. detya matur sarta nangis gih punika | sami putraning aji | pan kados panduka | lan nata kados amba | kêni apus dèn pênadi[61] | ingakên putra | miwah wayah sudarmi ||
31. yèn wus eca tan wontên rasa-rumasa | nuntên dèn pêngarahi | lajêng dipun măngsa | Radèn Kasèndhèr lingnya | kapriye akale uni | gone mrih cidra | umatur detya aji ||
32. kang antawis radèn yèn eyang panduka | dhatêng mêmangsa gusti | gih kados panduka | tansah kinosya-kosya | kalihan malih dèn tari | cukur anulya | kinèn dadoskên api ||
33. karya jênang yèn sampun dados dahona | jênang mob molak-malik | jinarogkên[62] sigra | inggih dhatêng dahona | rahadyan ngling pêkaraning | tolang kapala | ora sirna kabêsmi ||
34. kulit daging yèn mêngkono [mêngko...]
--- [f. 26r] ---
[...no] pasthi sirna | detya matur dhuh gusti | yang tuwan punika | adarbe pangawasa | kang jinarogkên ing api | daging punika | awor lan jênang gusti ||
35. balung kêpala manjing gêdhong punika | atap susun atindhih | rahadèn ngandika | hèh detya pa karannya | sira nangisi ing kami | alara-lara | sang detya matur aris ||
36. inggih gusti kawula pitakèn warta | kang têngga gêdhong uni | samăngsa kawula | kêraa dipun măngsa | sarta dipun wêwêdosi | mila kawula | nuhun tulung ing gusti ||
37. taha ulun gusti ajriha palastra | gusti kula tangisi | pasthi tan uninga | kados atur kawula | tan sande gusti ngêmasi | ngawêl kawula | mangke kêpasangyagi[63] ||
38. amarêngi gusti pinarêk priyăngga | mila tur kula ngênting | punika wus prapta | radèn eyang panduka | nauri
--- [f. 26v] ---
pêjah pinanggih | inggih panduka | kang yogya amêjahi ||
39. radèn angling buta ingsun tan pracaya | sira ngadon-adoni | juti palacidra | amrih eyang pêjaha | detya matur adhuh gusti | prasêtyanana | lamun dara[64] nyidrani ||
40. yèn tan kandêl lah ta gusti yêktosana | cumplung punika sami | pan kenging tinanya | punika gusti toya | tinètèsna cumplung sami | apalipurna | anulya dèn tètèsi ||
41. amarêngi cumplunge putra Kêmboja | sampun apurna jati | anulya pranata | dhatêng raja pinutra | rahadèn jêngêr ningali | aris ngandika | sira putra ing ngêndi ||
42. aturira kawula putra Kêmboja | dinangu purwanèki | matur sapurwanya | lir carma acarita | sarema tan wontên sisir[65] | kadya turira | wau sang detya aji ||
43. dadya kandêl aturira Singgunkara [Sing...]
--- [f. 27r] ---
[...gunkara] | radyan angandika ris | priye dayanira | Singgunkara turira | yèn sêmbada lawyan gusti | ujaring jăngka | panduka kang mêjahi ||
44. dèn prayêtna yèn eyang panduka prapta | pasthi amêngarahi | dhumatêng panduka | antawisnya punika | yèn prapta kalangkung asih | eyang panduka | yèn jêng gusti tinari ||
45. dipun kuris punika antawisira | nulya kinèn karyapi | kèn jênang sandinya | yèn sampun gêng dahana | nulya jinarogkên aglis | daging tolangnya | samya misah mariki ||
46. kulit daging awor lan jênang sadaya | yèn botên dèn dhingini | atiwas têmahnya | kadospundi ing karsa | rahadèn ngandika aris | yèn sun dikèna[66] | iya akarya gêni ||
47. ora bisa dimon dadèkkên priyăngga | yèn wis dadi kang api | si kaki Mituna | yèn nyata nêdya
--- [f. 27v] ---
ala | sun pêdhange saking wuri | pasthi palastra | detya matur prayagi ||
48. wis karia sira detya Singgunkara | mênawa sêlak prapti | rahadyan wisata | wangsul pratapanira | tan dangu kang eyang prapti | gora sêbdanya | dhuh mas putu sun prapti ||
49. amapaga kangên têmên ingsun nyawa | radèn mêthuk ing kaki | nulya ngêmban sigra | radèn kinosya-kosya | pacarabakan alinggih | raja pinutra | pinangku sang tapa ngling ||
50. ingsun iki kangên têmên marang sira | sira nora nimbangi | sun kaliwat trêsna | sira apa mêngkona | animbangi trêsna mami | radèn graita | bênêr wartane uni ||
51. anauri ya kaki ingsun kaliwat | sih onêng mring sirèki | tan bêtah apisah | cêcêngklungên sun adhang | ya mas putuningsun[67] gusti | bagus
--- [f. 28r] ---
anawang | wong jêlanthir[68] jakithit ||
52. ingsun iki kaya kêna ing supata | mamăngsa ora olih | sarira alupa | lir kêna sinampirna | jênangêna ingsun gusti | kaliwat karsa | dimon sêgêr wak mami ||
53. mara radèn sira dadèkna dahana | Baron Kasèndhèr angling | kaki nora bisa | ingsun nêdha apura | sang pandhita ngandika ris | wayah manira | gusti wong tate mukti ||
54. iya uwis ingsun dadèkkên priyăngga | tirunên sun warahi | nulya sang pandhita | andadèkkên dahana | wus dadi jênang tumuli | ubob jênangnya | kalangkung gêng kang jadhi ||
55. Radèn Baron Kasèndhèr arsa cinandhak | anulya dèn dhingini | pinêdhang sing wuntat | palih pandhita pêjah | kuwăndha kalêbèng gêni | wus sirna gêmpang | datan wantên kaèksi ||
--- [f. 28v] ---
56. rajaputra wangsul mring gêdhong prênahnya | kang binalgu[69] kêpanggih | lan putra Kêmboja | radèn aris ngandika | si kaki uwis ngêmasi | detya asuka | dhuh sokur têmên gusti ||
57. sintên-sintên tan kuwawi mêjahona | eyang tuwan asêkti | rahadèn ngandika | kaki priye karêpnya | Singgunkara matur aris | ulun sumăngga | ing karsa kanjêng gusti ||
58. kagêsangan sakêlangkung nuhun amba | gusti arsa mêjahi | kawula sumăngga | tan ngraos darbe yusya | Radèn Kasèndhèr lingya ris | yèn sira trima | sira êmunga mami ||
59. Kala Singgunkara sampun inguculan | nulya matur wotsari | sakathahing tholang[70] | dèn gêsangna pangeran | lumayan dadosa abdi | wus tinetesan | wêradin purna jati ||
60. balung tungtum kapala
--- [f. 29r] ---
ngumpul priyăngga | andhèr sohan nèng ngapti | rahadyan ngandika | hèh kaki Singgunkara | sira karia gêntèni | dhepok manira | sun jurungên pratapi ||
61. Singgunkara umatur gusti sandika | kawula utang urip | punapa wangsulnya | nging sêtya tuhu amba | nanging atur kula gusti | lamun ta arsa | tindak tapa prajèki ||
62. anjujuga gusti Sapanyol nêgara | benjang dados prajurit | anung tur sudigbya | kinarya senapatya | ingambil mantu ing benjing | Sapanyol Raja | putrinipun kabini ||
63. ing wêsona gusti benjang dados raja | nging dipun ngati-ati | ja kirang prayitna | kathah satru panduka | eyang tuwan ingkang lalis | catur putrinya | sami jumênêng
--- [f. 29v] ---
aji ||
64. pasthi punika gusti ingkang botên lila |[71] pêjahe kang sudarmi | arsa amalêsa | sakit pêjah panduka | sanggène gusti tut wingking | radèn ngandika | sun jurungên ing brangti ||
65. dèn agêntur awêning tingal waspada | jurungên ati suci | dèn eklas tekadnya | dèn pêsua ing tapa | kênaa sun jujug kaki | detya turira | gèr sampun walanggalih ||
66. wis karia Singgunkara nèng pratapan | pra putra tur bêkti ngling | gusti amba tuwan | saya turut majalan | radyan angling trimakasih | baik lu pulang | lu besuk beta panggil ||
67. kalu beta besuk dhapêt pakrêjan brat | pasti lu beta panggil | rahadyan wus mintar | Kasèbêr ris angucap | kakèk gandruwo dha baik | salamêt tinggal | sun mentak sangu kikil ||
68. lah timbulên darapon [dara...]
--- [f. 29~r][72] ---
[...pon] ingsun wêntala | sinêmbur dèn parêngi | dèn êmpok cangkêmya | ngling Kala Singgunkara | Si Kasèbêr edan baring | lumajêng sigra | anututi mring gusti ||
69. kakèk buta ijo lah mara nusula | kunêng radèn wus têbih | kapungkur ing arga | narajang wonawasa | pidikan tanêman asri | asri wuryannya | kawuryan yèn kaèsksi ||
70. kacang kacipir kara cina krêrandhang | gêdhang gadhung gaga sri | gundêm gandum lawyan | otèk jêwawut jawan | jagung canthèl lawyan jali | lan jagung antang | pala kapêndhêm uwi ||
71. uwi alas wilus wirêng uwi sundha | wi randhu lan wi lêgi | wi linjik katela | gandhurak lan sêmbawa | katak kênthang lan gêmbili | gêmbolo abra | bêtèn lan gêlo pari ||
72. kimpul cina kimpul banthèng tênggulunan | lawaran [lawara...]
--- [f. 29~v] ---
[...n] kimpul wangi | mangol lan bantênan | gadhingan lêmbayungan | kimpul jae talês linjik | suwêg bawangan | bêntul senthenya inggil ||
73. anêrasah kêncur sunthi brambang bawang | lêmpuyang jae manis | pagut krêsna jajar | bêngle lêmpuyang gajah | kunir kunci angidêri | lan jae gêtar | bisusu kacang siti ||
74. pajakira widoro sandhi kêkara | kawak angrêgu dadi | dêdalan arata | bênêr langkung jêmbarnya | ing tirah abra kêmangi | lan kapulaga | karayana lan pungging ||
75. Radèn Banon Kasèndhèr lan panakawan | Kasèbêr anèng wuri | lampahnya wus lêpas | kawingking ing pidikan | ngambah lêbak iring-iring | jog pasabinan | gumyah samya ni-ani ||
76. sampun kontap têpis wiring padêdesan [padêde...]
--- [f. 30r] ---
[...san] | ing Sapanyol nêgari | pasabinan amyang | pantun sêpuh sarêngan | gumêrah wong ani-ani | răndha wulanjar | mundrèng parawan sunthi ||
4. Sinom
1. kawarna ingkang lumampah | Baron Kasèndhèr ing nguni | Kasèbêr kang panakawan | tansah lumampah nèng wuri | kathah pidulur jalmi | dhatêng pêkên sami nêmpur | wênèh arsa anguyang | răndha wlanjar prawan sunthi | arantaban ingkang sami piduluran ||
2. sakathahe kang lumampah | samarga anguncang liring | sami mangangge sadaya | sêkar palyas alêlathi | awra gambir malathi | ulêng-ulêng campur bawur | lubèng kaot samirnya | sawêne[73] gadhung rinukmi | agêganda jênar samarga angambar ||
3. nayana angganda prana | wêdhan[74] tasiknya rinadin | jasana mêngko pêrawan | amadanani adisi | angudasmara [angudasma...]
--- [f. 30v] ---
[...ra] bêlik | gandanya marêbuk arum | tan linyok ujar iwang | lamun kesah ambarêngi | ya bok uga kesah ngantèni manira ||
4. ingkang sawênèh angucap | arinira atut wuri | baya arsa kesah midhang | ni wulanjar anauri | kakang êmbok sirèki | anjêjawat arinipun | mendah si wonga liyan | kadang dhewe anêlani | sarwya gusthi sinamur ngusapi kesya ||
5. sumaur răndha tilarsa | kakangira iku yayi | nusul baya na dhatêngan | nini tuwa milu angling | kakimu ika wingi | sore purik lunganipun | ngajak pulang asmara | naning sun nora ngladèni | angrêrêpa sadalu tan angsal nendra ||
6. pangrêngie[75] lir bramara | ingsun kang dèn arih-arih | anuli tangi mêmaca | kang winaca Bimasuci | ora lêga kang ati | saya ewa manah ingsun | kakung kurang srênggara |
--- [f. 31r] ---
yèn lunga sun laki buri | wong kang bagus wicaksana ing asmara ||
7. Ki Kasèbêr nolih mojar | milu jêjawat si nini | mendahane yèn anoma | mincar-mincur lakunèki | gigi tinggal gêgusi | sudhah putih punya rambut | mata trak bole liyat | sudhah bêngkak punya kuping | lu binatang urang kring saparti gila ||
8. turut-turut orang mudha | tra bole rasa nak anjing | itu samoa prakata | nyang mana êlu sukaki | sama nyang unya[76] ini | apa ekor apa hidhung | ni wulanjar angucap | nyang dhi muka punya bini | êlu budhak saya orang tidhak sukak ||
9. gumuyu ngling kang tumingal | dhi bêlakang punya bini | nyang dhi muka karja apa | kêrja buwang berak baik | Kasèbêr ngucap runtik | tu marlêkas lalu asu | lu tidhak liyat arang[77] | urang prampuan tayoli [tayo...]
--- [f. 31v] ---
[...li] | radèn angling Kasèbrê jangan bicara ||
10. baik sama-sama jalan | Baron Kasèndhèr lumaris | narajang ing pasabinan | wong ni-ani aningali | sawênèh ingkang angling | anjêjawat wuwusipun | pak thole ona apa | wong ni-ani dèn kon mulih | wis manira apa na dhêdhayoh prapta ||
11. kang darbe sabin angucap | têmbene ingsun ningali | wong nèng sawah tinontonan | bok dhatêng wisma abêcik | kang sawiji nambungi | kakangira ika nusul | adad têmên si dhongkah | anèng wisma sun saosi | langkung kathah dhêdharan lan dêm-êndêman ||
12. manggis kapundhung pijêtan | pêlêm lan bawang kuwèni | jambu dhuku lan rambutan | matat lan gênje sumandhing | unjukan sun saosi | apyun pêthak candunipun | anggur arak wêragang | janèwêr api branduwin | arak êmas
--- [f. 32r] ---
pêngantèn anis lan adas ||
13. kathah sandine wong brăngta | kang takèn samargi-margi | kêbak satirahing marga | anonton kang lagi prapti | radèn lampahnya ngancik | nêgari Sapanyol wau | jêjêl wong kang nêningal | agêng alit jalu èstri | Radèn Baron Kasèndhèr micarèng nala ||
14. lamun ingsun mangkenea | dadi wong manasbarani | akèh bekaning sarira | sapiraa yèn nèng jawi | benjang jro kitha masthi | dadi bilaèni laku | tan dhatêng kang sun sêdya | wong akèh kang jêjodhèri | radèn mêsu salira anêdha lara ||
15. Ki Kasèbêr langkung suka | dening kathah wong ningali | pantèn padha nênontona | ana wulanjar nauri | tapane dèn tingali | mojar nontona rupaku | ngling rupamu lir onta |
--- [f. 32v] ---
remane tontonên nyai | anauri rambutmu lir kêlud kapal ||
16. tongtonên laku manira | lakumu ngunyur lir babi | babi-babi ujar lanang | mara cobak sun anaki | angling baya wong baring | si dikparag[78] ngantu laut | Radèn Baron ngandika | Kasèbêr asalah kardi | radyan nêdha katarima sinung lara ||
17. lumampah mèh dungkap kitha | tan wontên kang wong ningali | warnane tan jamak jalma | barah busik gudhig wêsi | ing Sapanyol nêgari | anglangkungi agêngipun | jroning kitha lan jaba | nênggih lampahan sasasi | ingkang lêbêt lampahan samadya căndra ||
18. Radèn Kasèndhèr lampahnya | pun Kasèbêr anèng wuri | wontên syara jumêntara | pêrnahnya ragi kawingking | radèn mandhêga dhingin [dhingi...]
--- [f. 33r] ---
[...n] | sakêdhap kawula matur | radèn nolèh ngandika | sapa wonge kon ngandhêgi | gih kawula tiningalan warna kuda ||
19. Baron Kasèndhèr ngandika | jaran apa sira dening | nyêluk bisa tata jalma | apa arsa amèt kardi | angling kuda sêmbrani | ing mangke kawula matur | wartine yayah rena | ulun darbe kadang jalmi | inggih Radèn Baron Kasèndhèr kang nama ||
20. punapa inggih panduka | Radèn Kasèndhèr nauri | sun tan darbe kadang jaran | sêmbrani umatur aris | inggih lêrês ta nanging | wêlingipun bapa babu | kadang sarêng lairnya | mila ulun kinèn ngabdi | yèn sêmbada kawula angèstupada ||
21. Dyan Baron Kasèndhèr thustha | angraos yèn angsal kanthi | ngandika yèn sira trima | kuda sêmbrani turnèki | kawula sêdya sakit |
--- [f. 33v] ---
ingusapan toya sampun | saking yang Singgunkara | turăngga sêmbrani malih | nuntên warni kuda sêmbrani kêncana ||
22. mancur soroting ujyala | nulya wontên prapta malih | lir grêrah paniyupira | radyan kagyat syara muni | pêrnahira wiyati | lir pendah kang grah kapitu | tiningalan garudha | nulya anjog praptèng ngarsi | radyan angling sira iku manuk apa ||
23. umatur ulun garudha | mila sohan arsa ngabdi | wêwêlingipun pun bapa | panduka sadhèrèk mami | sadhèrèk sarêng lair | dene sira wruh maringsun | garudha aturira | wêlingipun yayah bibi | lamun ana satriya brăngta lêlana ||
24. siji ponakawanira | lan nitih jaran sêmbrani | turăngga awak kêncana | lan malih ingkang wêwangi | Baron Kasèndhèr sêkti | yaiku [ya...]
--- [f. 34r] ---
[...iku] sadulurmu |[79] sira sawitanana[80] | ing mangke kawula gusti | arsa ngabdi radèn ngandika tarima ||
25. nulya ingusapan taya[81] | malih kang garudha rukmi | Radèn Kasèndhèr ngandika | garudha jaran sêmbrani | aja milu ing kami | jangkungên bae sing luhur | ingsun namur kawula | Jaka Wadaka ing jalmi | sang garudha turăngga matur sandika ||
26. anjangkung saking awiyat | garudha jaran sêmbrani | Baron Kasèndhèr lumakya | pinayungan grudha rukmi | lawyan kuda sêmbrani | sapurugira tut pungkur | radèn lan panakawan | kalunta-lunta atêbih | pan samarga tan wontên kang munasika ||
27. dening kathah sakitira | kang tinêdha siyang latri | muga aja na kang beka | marang awak ingsun iki | kathah kang wong ningali | pan sami riyak aidu |
--- [f. 34v] ---
ajur ingkang sarira | tan wontên wêtah sênyari | pan lêstari rahadèn salampahira ||
28. yèn sipêng sinikang-sikang[82] | mênawa anênulari | sampun prapta jroning kitha | akathah kang datan sudi | wong Sapanyol nêgari | ingkang sami kapidulur | tan sudi sêsarêngan | tan antawis wontên mijil | saking bumi jumêgur syara kumrangsang ||
29. awor kalawan maruta | têksaka gêng praptèng ngarsi | Kasèbêr lumajar niba | rahadyan kèndêl tan angling | pujăngga tata jalmi | kèndêla gusti sun matur | Baron Kasèndhèr mojar | ula pa sira mèt kardi | nulya matur kawula anggèr têtanya ||
30. punapa gusti panduka | nênggih ingkang awêwangi | Baron Kasèndhèr panduka | rahadyan angandika ris | iya sun kang wêwangi | Baron Kasèndhèr jêjuluk | sira arsa punapa | têksaka ngling
--- [f. 35r] ---
bapa mami | apitutur panduka kadang kawula ||
31. kadang tunggil kalairan | kawula arsa angabdi | rahadyan angling tarima | taksaka dipun usapi | toya amalih warni | dados têksaka mas murub | radèn aris ngandika | aja sira atut wuri | benjang sira sun undang yèn ana karya ||
32. radèn tan dhahar anendra | dèn ujubakên pratapi | nanging ingkang ponakawan | Kasèbêr tansah anangis | tan bêtah nora bukti | sabên dina nguntal watu | rahadyan angandika | tinggalên ja milu kami | bangêt têmên Kasèbêr sira sok beka ||
33. Kasèbêr sugal turira | ajêlèh têmên kang ati | wong ngêlèh cok dèn kan[83] lunga | arêp sun tinggal kuwatir | tan ana kang tut wuri | ingsun katon kang sêsunu | radèn aris ngandika | Kasèbrê payo [pa...]
--- [f. 35v] ---
[...yo] lumaris | ingsun arsa wruh kitha intên pêrnahnya ||
5. Asmaradana
1. radyan kasmaran samargi | kawarnaa sri narendra | ing Sapanyol nêgarane | raja besar gung wisesa | abala sami nata | kalangkung murka sang prabu | pra raja suyud sadaya ||
2. sami atur bulupêkti | nanging mangke sri narendra | langkung sungkawa manahe | adhatêngan parangmuka | nata sasranêgara | anglamar dhatêng sang ayu | nanging tinampik sadaya ||
3. dados sayabara pilih | pra nata sasranêgara | sampun prapta sakathahe | datan wontê[84] kinarsakna | rêmbagnya para nata | arsa rinêbat ing pupuh | binêdhah ingkang nêgara ||
4. pinaksa arsa ginitik | nging maksih sinăngga krama | kunêng winarna Sang Katong | Sapanyol mangun turida | pinarêk anèng
--- [f. 36r] ---
pura | angandika sang aprabu | nini putri timbalana ||
5. wus lèngsèr ingkang tinuding | sang putri ingkang winarna | dinama-dama ngramane | dening putri ming sajuga | langkung indah citranya | apangawak ruming santun | asor Dèwi Wilotoma ||
6. Dèwi Ratih pantês ngabdi | sarira gilig ajênar | lir mas sinangling citrane | maya-maya tiningalan | liringnya lir lêlidhah | sami èstri brăngta wuyung | ingkang mulat dhatêng sandyah[85] ||
7. datan wontên dèn wancèni | tansah dados gêguritan | yèn cinandraa citrane | wontêna kartas sakêndhang | punika maksih kirang | wau dutanya sang prabu | prapta ngarsa atur sêmbah ||
8. kawula ngutus sang aji | gusti panduka ngandikan | dhatêng rama jêng sang katong | sang rêtna sigra lumampah | wus prapta awotsêkar | angandika sang aprabu [apra...]
--- [f. 36v] ---
[...bu] | nini mulane sun undang ||
9. akramaa sira nini | pung mêksih jênang[86] manira | êndi sira karsakake | nini sira pilihona | sakèhe para nata | aja dadi susah ingsun | rêksanên nêgaranira ||
10. yèn sira tan arsa krami | pasthi rusak prajanira | rinêbasèng para katong | iba-iba nata sasra | sun tan kawawa năngga | mulane kramaa masku | kênaa sun arsa-arsa ||
11. sang rêtna matur wotsari | rama ji ulun lênggana | tan arsa krama ing mangke | lan raja sasranêgara | kawula nuhun duka | inggih kula krama ayun | yèn kapanggih kang supêna ||
12. satriya moyang kang kèmpi | Baron Kasèndhèr kang nama | nging kalih panakawane | tur kawula kawrêraga | mila ulun lênggona | sampun prasêtya wak ingsun | kang cidra kêni supata ||
13. punika prajurit [praju...]
--- [f. 37r] ---
[...rit] sêkti | kang ngarjakakên nêgara | rama ji Sapanyol têmbe | mila kawula lênggona | kantun gagra kusika | tan arsa krama wak ingsun | angantos mantu panduka ||
14. sang nata karna lir sêbit | idêpnya mangada-ada | pracina sangêt dukane | jaja brit mawinga-winga | kumêjot lathinira[87] | pasuryan lir raup marus | abra rêpta[88] kang ujala ||
15. angandika sri bupati | sira tan ngangge prayoga | tan kêna pinrih bêcike | apa dumèh sun la-êla | atmaja mung sajuga | yèn tan ngidhêp ujar ingsun | ora sudi wis lungaa ||
16. ingsun tan arsa ningali | aja ngambah jroning praja | dadya anyangari prajèng | dèn enggal sira lungaa | sang dyah ayu karuna | locana drês tibèng bau | ingusapan lawyan rema ||
17. syara srêt matur sang dèwi | rama tan arsa [ar...]
--- [f. 37v] ---
[...sa] pêputra | anuhun pamit wak ingong | sang nata sangêt ngandika | yèn sira nora arsa | akrama sun durung nêmu | wong angantèni supêna ||
18. têka impèn dèn gugoni | ingsun tan sudi pêputra | sang rêtna ngujung karsane | dèn inggati mring kang rama | nuhun idin kawula | sangêt ngandika sang prabu | aja kakehan wicara ||
19. sang dyah tur bêkti mring sori | jêng ibu pamit kawula | wêkasan panggih lan ingong | kula nuhun pangaksama | ibu-ibu sadaya | dèn agêng apuntênipun | bilih kawula palastra ||
20. èwêd aya wong lumaris | bilih pambêngan palastra | ibu pintên banggi têmbe | angsal barkah ibu rama | kapanggih kang supêna | sang dyah ayu awotsantun | kang ibu ngaras karuna ||
21. adhuh anak ingsun gusti | kaya pa polah manira | yèn sira tilara [ti...]
--- [f. 38r] ---
[...lara] anggèr | nini sun pêputra pira | ingsun muktèkkên sapa | kaniaya kakang prabu | nora ngeman mring atmaja ||
22. kang para ibu anangis | sêsambate amlasarsa | pawongan anangis kabèh | dhuh anggèr gusti kawula | sintên sun ladènana | pan sarwi anglulur suku | sawênèh amala jaja ||
23. duka ngandika sang aji | pawongan padha mênênga | nganti sun pêdhangi kabèh | garwaningsun ja karuna | wong ala gawe apa | ni ratu uculna iku | aja katon dimèn lunga ||
24. tan pinirsa pramèsyari | gènnya kruna tanpa syara | sang nata sangêt dukane | pa nganti sun pêdhang sira | dèn inggal uculêna | sadaya jrih sang dyah matur | ibu uculna kawula ||
25. sangêt dukane rama ji | bêbêk ta sakyèhing jalma | saking kula kawitane | wus bênggang sari kantaka | sang dyah [dya...]
--- [f. 38v] ---
[...h] atur pranata | anuhun pamit sang prabu | sang rêtna lèngsèr wisata ||
26. ni pramèsyari jrit nangis | tan emut purwa duksina | ginungsongan pawongane | pra ibu sami karuna | wontên angrontok rema | sawênèh anampèl pupu | sawênèh nibèng pratala ||
27. sangêt dukanira aji | bêdhamanira dèn liga | samya jrih wus kèndêl kabèh | amingsêk-mingsêk kewala | sarwi ngusapi waspa | kawarnaa sang dyah ayu | samarga tansah karuna ||
28. sang dyah waspanya drês mijil | abalut èrêk kang syara | ingusap padon kampuhe | kudhung wastra lumêksona | sampun mijil sing pura | namur lampah tan wantên wruh | lampahnya kalunta-lunta ||
29. sang dyah lampahnya lêstari | anut sakarsaning nala | amlasarsa saparane [sapa...]
--- [f. 39r] ---
[...rane] | kunêng gênti kawarnaa | raja sasranêgara | apan sami gunêm catur | wontên pasangrahanira ||
30. gêgununganing para ji | ing Ngabêsah Sri Narendra | kalangkung kathah balane | aparentah sami nata | sura nung tur sudebya | kinajrihan sami ratu | atur putri kumawula ||
31. samya pêpêkan para ji | atap kubêng kang palăngka | awarna-warna kursine | wênèh akursi kêncana | pinatik ing sêsotya | sawênèh salaka mênur | wênèh akursi suwasa ||
32. tinatrap nila widuri | abra muncar ujalanya | miwah kang raja pêngangge | rasukan raki sadaya | pasmèn wênèh rinenda | Prabu Ngabêsah alungguh | munggèng ing krusi kêncona[89] ||
33. Raja Ngabsah sigra angling | sanak ingsun para nata | kayaparan ing
--- [f. 39v] ---
rêmbuge | tansah sinangga ing kroma | lan ingsun mirsa warta | sang putri lunga tinundhung | sawab tan arsa akrama ||
34. impène kang dèn ulati | mulane lunga sang rêtna | wis pratela ing wartane | kayaparan karsanira | para raja aturnya | wênèh rêmbag arsa nusul | wênèh rêmbag ngadhang marga ||
35. wênèh rêmbagnya para ji | èstri cinêpêng sadaya | bok namur wor kawulane | Raja Ngabêsah ngandika | yèn sêmbada ing karsa | sanak ingsun para ratu | sinăngga krama wis tita ||
36. alingan saya kadêling | mêdhak ing padhang anglela | ing Sapanyol paman rajèng | saya katingal cidranya | putri kinarya loka | loka bae yèn tinundhung | mohal putri mung sajuga ||
37. kaliwat dèn aji-aji | ewa mêngkona ja lena | manawa tênêm[90] wartane | padha
--- [f. 40r] ---
tugura nèng marga | bok kaparêng sang rêtna | cêkêlên bae sang ayu | lan sakèhe para nata ||
38. padha mataha prajurit | uruna nuguri marga | sakathahe sanak ingong | jangji sun singa oliha | pasthi kang duwe krama | nêgara Sapanyol iku | arsa sun gêmpur wis tita ||
39. rêmbag sadaya para ji | Prabu Ngabêsah ngandika | payo bubarna dèn age | kêpungên Sapanyol praja | têpis wiring bongona[91] | dinèm giris lamun mêtu | wong Sapanyol tadhahona ||
40. yèn muwêr payo ginitik | kadar pira sanêgara | dening nagri rerehane | kadhonên lan wayangana | adhêpana kewala | ingsun prih ja bisa tulung | kang ngêpung ja lali yêtna ||
41. dèn
--- [f. 40v] ---
padha samêkta sami | limang atus para raja | mayangona rerehane | kang limang atus narendra | kang de tan dèn gonana | ingkang limang atus kidul | kang êlor kulon manira ||
42. angêpung ditêmu kikis | pra nata sadaya rêmbag | nulya bubar gêgamane | mênggala Prabu Ngabêsah | nêmbang têngara gumrah | salomprèt suling lan tambur | nèng prênahnya sewang-sewang ||
43. pra nata sasranêgari | sampun tata Kumpêninya | tinindhihan mring rajane | kadya sêkar ing udyana | dinulu kang busona | nulya ingobongan sampun | Sapanyol jawining kitha ||
44. wadya lit samya angungsi | dhatêng salêbêting kitha | ingkang têbih pangungsène | ngarga miwah wonapringga | atêr wong kitha [ki...]
--- [f. 41r] ---
[...tha] desa | Patih Sapanyol umatur | wau dhatêng sri narendra ||
45. ki patih matur wotsari | kawula atur uninga | nagri Sapanyol ing mangke | kinêpang mring para nata | sasranagri sadaya | kang dados pugêranipun | ing Ngabêsah Sri Narendra ||
46. angandika sri bupati | apatih sira dèn yêtna | sakèhe dangdanan ingong | mriyêm kang gêdhe unggahna | baluwarti sadaya | tiktak gurnada lan êbum | mataha Kumpêninira ||
47. ajagaa balowarti | kêstabêle kathahana | ngadhêpana mariyême | miwah tiktak bum gurnada | nadyan sun mêtonana | kênaa ngungsi prang layu | ki patih matur sandika ||
48. ki patih natang[92] Kumpêni | mariyêm minggah sadaya | madhêp
--- [f. 41v] ---
ngidul ngetan ngalor | Kumpêni sami prayitna | pirang-pirang bragada | sabên dintên gènnya campuh | long-linongan ingkang yuda ||
49. singa nglanggar dèn wêdali | yèn kabujêng manjing kitha | amuwêr sajro bitinge | kang yunti kathah palastra | dening gurnat gurnada | nanging sêdhih manahipun | wadya lit kirangan têdha ||
50. sigêgên ingkang ajurit | sang putri ingkang kawarna | kawlasarsa ing lampahe | andhepok-dhepok samarga | sang dyah mănca udrasa | sukunya pating palêpuh | wong tate mukti wibawa ||
51. samarga sang dyah anangis | kang sinambat ing karuna | kang katon jro supênane | Baron Kasèndhèr kang nama | kakang mas kaniaya | tingalona abdinipun[93] | kapati ngulari dika ||
52. nora sande pêjah brangti | yèn tan [ta...]
--- [f. 42r] ---
[...n] kapanggih lan dika | baya nora tukup rungon | ingkang abdi kawlasarsa | atilar yayah rena | amung panduka kadulu | siyang latri anèng netra ||
53. baya kangmas ana ngêndi | si dibadhoga ing buta | ilanga bajang sawane | dèn tubruka ing wanodya | wêlanjar rara kênya | dèn kêraha ing dyah ayu | si dipangan awibawa ||
54. apanjang lamun winarni | kathah sambate kasmaran | kalunta-lunta lampahe | sampun karsaning Pangeran | pinasthi datan owah | karona murah Wyang[94] Agung | sapa têmên-tinêmênan ||
55. pinasthi tan kêna gingsir | kadya pitêdah Pangeran | sang rêtna wau lampahe | Radèn Kasèndhèr kapêdhak | dèn iring panakawan | sarêng kapêthuk ing ênu | kadyinya sarêng tumingal ||
56. rajaputra [rajapu...]
--- [f. 42v] ---
[...tra] lan sang putri | pyuh lir panjangputra tiba | ing sela sarêng rêmpune | sang dyah karaos ing nala | kang katon jro supêna | kabênthuk sang rêtna rêngu | tan tate panggih lan priya ||
57. sasotipun[95] lir gulamit | apa wong edan kabongan[96] | si diparag lara gêdhe | dikêthok wêdhung sawêlas | si dipangana macan | dèn têluha ngantu laut | Baron Kasèndhèr ris mojar ||
58. durung wanuh lagi panggih | dukane kagila-gila | tan ngrasa dosa abdine | punapa kang dados nala | andukani kawula | sang rêtna ngandika asru | dene ku jêmbar kang marga ||
59. bok anyimpang nora bêcik | têka bênthuk ing manira | sun kêkudhung tan wruh mring wong | Baron Kasèndhèr saurnya | gih mêngkatên kawula | sariramba basah ajur | tan pae ningali jalma ||
--- [f. 43r] ---
60. dèn agêng apuntên gusti | sang dyah ngling dene ku waras | nora ngeling-ngelingake | si dirampoga dêdalan | Kasèbêr sru angucap | iki priye adhuh biyung | ngilokake daging waras ||
61. Baron Kasèndhèr nglingnya ris | kawula gusti atanya | dhumatêng sang liring sinom | sampun anggèr salah tămpa | ing pundi kang sêsona[97] | dening sangêt kawlasayun | nèng margi lampah priyăngga ||
62. sang dyah ngartika ing galih | ya uga kang kasupêna | solah sengoh lêlewane | sun mangmang aduwe lara | sang rêtna ris ngandika | kula putrane Sang Prabu | Sapanyol radèn ngandika ||
63. mila lêlampah pribadi | dene tan bêkta kawula | kados punapa purwane | sang rêtna aris ngandika | ulun tinari krama | lan pra raja ngong tan ayun | sangêt duka rama nata [na...]
--- [f. 43v] ---
[...ta] ||
64. sinangarkên awak mami | tinundhung mring rama nata | tan suka ngambah prajane | marmi ta kesah manira | ngulari kang supêna | sampun prasêtya wak isun | kang cidra kêni supata ||
65. pangangkêne saking ardi | amoyang saparanira | cinêtha prajurit kaot | Baron Kasèndhèr kang nama | ponakawan sajuga | Ki Kasèbrê wastanipun | rahadyan angling jro nala ||
66. wong iki impène sami | tan ana siwah sarema | padha sêtya jro paturon | kaya iki iya uga | kang katon jro supêna | Baron Kasèndhèr amuwus | datan supe yèn wontêna ||
67. asêmu merang sang putri | wontên karaos ing nala | Baron Kasèndhèr dêlinge | mênawi mêmadha rupa | inggih gusti kawula | Baron Kasèndhèr jêjuluk [jê...]
--- [f. 44r] ---
[...juluk] | saking Wukir Lêburgăngsa ||
68. tan etang wirang sang putri | sang dyah anungkêmi pada | tan wigih ing lara gêdhe | atur bakti angandika | kula nêdha apura | dene kula kamipurun | asung basa tanpa ngrasa ||
69. dèn agêng apuntênnèki | kawula canthula sabda | Baron Kasèndhèr dêlinge | inggih gusti sun apura | sakèhe sisip dika | Kasèbêr nambungi wuwus | rahadèn atur kawula ||
70. apênêd sinapulari | wong nyanyah-nyunyah basanya | putri kurang ajar bae | apa tidhak tahu basa | dibilang anak raja | baik pukul ing sêmambu | jangan kasih ampun tuwan ||
71. asru ngandika sang dèwi | si dipongkrang milu ngucap | ngadon-adoni gustine | Kasèbêr acêcebolan [acêce...]
--- [f. 44v] ---
[...bolan] | ngucap acecingkrongan | nyipro saya mentak ampun | jangan gusar banyak-banyak ||
72. sang rêtna matur wotsari | kawula tan etang lena | angulari ing ragane | tinundhung ing yayah rena | anglampahi kawula | labête sangêt tan ayun | pinêksa apalakrama ||
73. inggih panduk kang kèmpi |[98] sun ngulari ngendra lena | tan etang pringgabayane | sang dyah drês mijil kang waspa | alantaran ing jaja | ngusapan padoning kampuh | Baron Kasèndhèr lingira ||
74. iya padha lawan mami | ingsun ngulari ing sira | mêngko paran ing karsane | ingsun anyarah mring sira | sang dyah aris ngandika | kangmas kula bêkta kondur | katura ing rama nata ||
75. lan malih ingkang nêgari | Sapanyol kangmas kinêpang | mring sakathah [sa...]
--- [f. 45r] ---
[...kathah] para katong | jawi kitha ingobongan | wadya lit ngungsi jurang | kantun saaubing payung | kang ngungsi kitha tan mangan ||
76. yèn tan katulungan nuli | Sapanyol amasthi risak | mila kula turi age | Baron Kasèndhèr angucap | yayi payo lumampah | nulya mangkat wong têtêlu | sang dyah gupita nèng awan ||
77. sakyèh margi dèn tuguri | kadospundi ingkang karsa | mring para raja balane | gènnya panggih rama nata | kangmas kados punapa | asilumona ing laku | radèn ling karsa manira ||
78. pra raja kang tugur margi | karsaningsun sun tarajang | sun langènane ganjure | mêngko benjang yuntiningwang | sang dyah ayu sru mojar | adhuh lae kangmas sampun | balung pinên[99] wong satunggal ||
79. măngsa wandeya ngêmasi |
--- [f. 45v] ---
balunga wêsi tot kawat | asungsuma gêgalane | wong siji kinrubut kathah | mangsa ngambaha lêmah | kangmas lawan malihipun | kang sarira maksih gêrah ||
80. Baron Kasèndhèr lingnya ris | yayi mas kirang pitaya | amaido maring ingong | sang dyah ayu angandika | eman yèn palastraa | măngsa sala krama ingsun | kangmas wong raga kêrona ||
81. padha raga krana kari | rangkung-rangkunge tan padha | padha arangkung-rangkunge | ja kari bagus jatmika | akèha wong jêtmika | parêk atine tan nusul | eman dhatênga palastra ||
82. dene yèn sampun asakit | măngsa andika rosaa | wong arsa pêjah ukume | Baron Kasèndhèr ngandika | yayi kirang pracaya | nulya nênêdha Yyang Agung | sakitnya sampun [sampu...]
--- [f. 46r] ---
[...n] waluya ||
83. mulya kadi wingi uni | datan gèthèk datan bêlang | tan wontên pisan labête | sang rêtna kagèt tumingal | yèn ingkang raka saras | langkung tustha sang rêtna yu | angartika jroning manah ||
84. nyata kakang mas asêkti | umatur suwawi kakang | sampun nrajang gama[100] gêdhe | pênêd sami sinimpangan | kang rêpit sampun wikan | manawi pêjah wong bagus | lan rama dèrèng kapêdhak ||
85. Baron Kasèndhèr lingnya ris | nadyan akèh para nata | sun tan ulap sagêndhinge[101] | ingkang nuguri ing marga | ratu sasranêgara | sun arsa gêntia lawung | awirang sun ngoncatana ||
86. mêngko wani besuk wani | yayi yuntiningsun yuda | apa dumèh dening akèh | sisih tangkêpa sayuta | ingsun măngsa wêdia |
--- [f. 46v] ---
sang rêtna sangêt turipun | lir bibis anèng samodra ||
6. Durma
1. sampun mangkat wong têtiga sang dyah têngah | Baron Kasèndhèr ngarsi | Kasèbrê nèng wuntat | pinayungan grudha mas | kalihan kuda sêmbrani | pêngawak êmas | mancur kasongan rawi ||
2. sang rêtna yu aris matur mring kang raka | paran mancur nèng nginggil | rahadyan ngandika | iya iku garudha | lan yayi jaran sêmbrani | awak kêncona | kadang sun barêng lair ||
3. sakarone yayi mringsun angawula | sang dyah asrêp ing galih | mirsa andikanya | nyata prajurit mukya | tan kandhêg dènnya lumaris | gênti kawarna | ingkang atugur margi ||
4. sukan-sukan sakancanira drawina | anulya aningali | jalma lumaksana | mancur kabêntèr surya | batur [ba...]
--- [f. 47r] ---
[...tur] kănca apa iki | katingal abra | baya dewa nuruni ||
5. yèn jawata sun kêdhèpakên ping tiga | masthi datan kaèksi | ki baya manungsa | lakunya ngeca-eca | kang saya parêk lumaris | saya waspada | nyata iki yèn jalmi ||
6. ingkang ngarsa wong lanang bagus citranya | ingkang têngah pawèstri | kalangkung ayunya | ingkang wuri maesa | baya mulang wong agrami | gawa rabinya | Kasèbrê sigra angling ||
7. orang gila si binatang mata buta | saya dhisangkan kobis | wus parêk lampahnya | dèn cêgati ing ngarsa | sarya sru gènira angling | sira mandhêga | yèn sira arêp urip ||
8. apa ora tuku prungon adol warta | yèn marga dèn larangi | tan kêna ngambaha | angur sira [si...]
--- [f. 47v] ---
[...ra] balia | yèn arsa banjur lumaris | sira tilara | busana lan pawèstri ||
9. yèn tan awèh pasthi sira nandhang lara | luput lakumu mati | ngur sira balia | tinggalên rabinira | mênawa iku sang putri | kang sira gawa | kandhêg radyan nauri ||
10. iya mănga ora uga lumayua | asrah busana mami | lan asrah wanodya | garwaningsun mring sira | yèn ingsun ajrih ing pati | durung supêna | yèn tinggala pawèstri ||
11. garwaningwang ingsun rewangi palastra | marga sira larangi | gêgawar tan ana | wong bêbegal ukumnya | singa tiwas angêmasi | kinêpang sigra | radèn ngarsa ing wuri ||
12. asru mojar hèh wong ngêndi wismanira | lawan iku pawèstri | pantèn apanira | sun pèt sun karya garwa | radèn ngling sira
--- [f. 48r] ---
wong ngêndi | ngadhangi marga | arsa begal ing kami ||
13. asru mojar sira iku ardalepa | Baron Kasèndhèr angling | ora ardalepa | sira ingkang têtanya | ingsun malês anakoni | asru lingira | iya bênêr sirèki ||
14. iya ingsun yèn sira tanbuh tênaya | raja sasranêgari | kinèn tugur marga | pra raja catur dasa | yèn wong agawa pawèstri | kinèn nyêkêla | bok marêngi sang putri ||
15. iya pante[102] sira ngêndi wismanira | radèn sigra nauri | sun tan duwe wisma | wong tanpa yayah rena | kêmul mega kandhang langit | iya manira | aruna kang nusoni ||
16. asru mojar kêna ing larangan sira | karêpira mring ngêndi | lah sira balia | Baron Kasèndhèr lingnya | baya sun palaur mati |
--- [f. 48v] ---
yèn bali marga | wirang ngong sun ponjèni ||
17. wontên raja prapta mojar goragadha | ja kakehan kastari | iku găndra pira | wong sawiji brukana | cêkêlên turna sang aji | lanang wadonnya | manawa ku sang putri ||
18. nulya mara radèn arsa ingêbyukan | miwah sang rajaputri | pan arsa cinandhak | dhumatêng wadya kathah | kêbat garudha sêmbrani | saking awiyat | syara lir gêlap katri ||
19. sang rêtna yu sampun binêkta garudha | lawyan kuda sêmbrani | anèng jumêntara | anjangkung ingkang raka | Baron Kasèndhèr dèn byuki | anulya musna | lan panakawannèki ||
20. kang ngêbyuki agêlut sami rewangnya | bănda-binonda gênti | rahadyan tan kêna | Kasèbêr ujarira | mata buta si tayoli |
--- [f. 49r] ---
bănda-binănda | sama têmên kêndhiri[103] ||
21. mari lêkas kalu êlu sukak pegang | saya tradha malari | wong tuwa satunggal | cinêpêng tinabokan | mintak ampun jêlah-jêlih | tan ingagopan | dèn pala têngah mati ||
22. sarêng wikan wau dhumatêng rahadyan | nulya tinubruk malih | dèn byuk ing ngakathah | ing ngarsa saking wuntat | miwah kanan lawyan kering | lir wêwayangan | pinêdhang datan kêni ||
23. kang sawênèh agênti pêdhang-pinêdhang | sami rawang[104] pribadi | na dugang-dinugang | wênèh jambak-jinambak | kathah prajurit ngêmasi | pating sulayah | rahadèn datan kêni ||
24. sirna gêmpang sakarine ingkang pêjah | datan nêdya mapulih | lumajêng sasaran [sasar...]
--- [f. 49v] ---
[...an] | dhatêng jro pabarisan | atur uninga mring gusti | sewang-sewangan | ulubalang kang urip ||
25. kadya paksi andon wohan aturira | langkung duka para ji | kèn nêmbang têngara | gumêrah lir udaya | salomprèt tambur lan suling | barung syaranya | lir udan sinêmèni ||
26. angrok lawan pangriking liman turăngga | lir ombaking jêladri | wus bubar sadaya | ngandika para raja | mara byukên wang[105] sawiji | agăndra pira | cêkêlên ja patèni ||
27. nulya majêng para raja kawan dasa | sawadyanya tan kari | ingkang saking kiwa | sadasa para raja | saking têngên sadasa ji | kang saking ngarsa | nyadasa saking wuri ||
28. sarêng nêmpuh para nata kawan dasa | tan kewran anadhahi | sang raja pinutra | amanggang jaga-jaga | ajaga [aja...]
--- [f. 50r] ---
[...ga] yunti galak lir | singa amăngsa | jalma kang kasuliring ||
29. karsanira pra raja arsa nyêpênga | sawadyanya ngêbyuki | kadya singa lodra | sakyèhing wadyabala | awor pangrik turanggèsthi | yèn piniyarsa | lir udan sinêmèni ||
30. yèn kajêmur ngrok krak pêl asuri wantah | anduk parênga miling | ngrajèng manub mêdhang | samya rewangnya dhawak | rêrêg kandhêg mamêluki | kapyalik lawyan | krura dugang maduging ||
31. datan kewran rahadyan sigra rumumpak | mring yunti tan gumingsir | kang lawan wus gêmpang | kang katêpak mucithat | rung pisêk mata kapêncil | kapêdhang sigar | suh sirna yunti rujit ||
32. katawuran marona sinambêr grudha | lan turăngga sêmbrani | kabyukan [ka...]
--- [f. 50v] ---
[...byukan] kyèh lena | kabarasat kabănda | kasurung sorak kacarik | takut pra raja | sawadya samya wingwirn ||
33. kaesisan tandang awake piyambak | sadasa saking ngapti | sikêp gada pêdhang | pilih dhêndha tumandang | nêrajang pêdhang tinangkis | ngasta kasingsal | Kasèbrê analèni ||
34. sarêng majêng raja sadasa kabasta | narajang saking kering | katampan ing yuda | sadaya wus kabasta | saking kanan nrajang malih | cinandhak sigra | mring Kasèbêr tarampil ||
35. saking wuri nêrajang sampun kabasta | wênèh griwa manguwir | sinambêr garudha | suh sirna basmi buta | kang urip mawur angungsi | matur sang nata | Raja Bêsah tinangkil ||
36. samya pêpak sakathahe para raja | kagyat kang duta prapti |
--- [f. 51r] ---
matur mring sang nata | purwa praptèng wêsana | yèn kawon amangun jurit | kapita Nata | Bêsah yayah sinipi ||
37. kinèn nusul nata ingkang kawan dasa | wong kang gawa sang putri | poma patènana | putri turna manira | lan sakyèhe sanak mami | padha dangdana | gêmpur Sapanyol nagri ||
38. găndra pira mung kari sajroning kitha | wis katara yèn junti[106] | sang putri kesahnya | iku aminta sraya | wus rêmbag kang para aji | bubar sadaya | têngara munya atri ||
39. tambur suling salomprèt munya sauran | lir obah kang pratiwi | datanpa parungyan | Kumpêninya malatar | atata sumrêg kang baris | lir wukir sêkar | yèn tinon angajrihi ||
40. tanpa wilangan wadyabala ing Ngabêsah [Nga...]
--- [f. 51v] ---
[...bêsah] |[107] sawêdhining jêladri | ambubul kang lampah | para nata akathah | samêkta sikêping jurit | ngèbêki papan | kadya sela bakithi[108] ||
41. tigang atus ujana bêk dening jalma | wiyar papannya radin | pinirsa syaranya | kadya gêrah kasapta | pangriking turăngga èsthi | awor bradăngga | kadya warsa kintèki ||
42. ingkang nitih sênuk singa blêgêdaba | wau kang para aji | miwah nitih onta | sawênèh nitih rata | wontên ingkang nitih èsthi | ngèbêki marga | saking gêngnya kang baris ||
43. ya ta ganti sang rêtna wus praptèng pura | Dyan Kasèndhèr tut wuri | sohan mring sang nata | Kasèndhèr apranata | gumanti wau sang putri | pinêngkul ngrama | sang nata ngandika ris ||
44. tan supêna sira kapanggih waluya | dening pêpêt kang baris | paran gèn lumakya |
--- [f. 52r] ---
sang dyah bêkti mring rama | miwah ibu pramèsyari | ngrangkul sang rêtna | para ibu rudatin ||
45. ciptanira lir wong pêjah palipurna | angandika sang aji | wis padha mênênga | ingsun arsa atanya | tutugêna nini putri | lan iku sapa | wong lanang kang tut wuri ||
46. sang dyah matur watsêkar[109] inggih punika | ingkang kula ulari | dhatêng endralena | kang katingal supêna | Baron Kasèndhèr kang nami | rama sampuna | wontên putra nrêpati ||
47. pasthi kula tan panggih malih sang nata | yèn sampuna wak mami | rinêbat ing yuda | dhatêng putra panduka | pra raja kang tugur margi | sampun kabasta | katura ing rama ji ||
48. sri narendra kèndêl tan kêna ngandika | kagagas dukanèki | nora kaya sira | linamar para raja | tan arsa têmah alaki | olih wong papa |
--- [f. 52v] ---
tanbuh pinăngkanèki ||
49. ingsun pupus nini uwis bêgjanira | gonira palakrami | sun karya sêmbara | arsa ingsun pêputra | yèn ngundurkên mêngsah mami | nyata pènira | yèn prajurit sinêkti ||
50. kayaparan ingsun tari kaki sira | ilangna klilip mami | nuli jumênênga | Raja Sapanyol sira | Baron Kasèndhèr tur bakti | yèn wontên karsa | ulun darmi nglampahi ||
51. pan kawula patikbra upami ănda | sakarsa panduka ji | yèn angsal pêngaja | nadyan dhatêng palastra | kawula darmi nglampahi | sakarsa nata | kapranan sri bupati ||
52. amiyarsa aturipun ingkang putra | ya sun tarima kaki | mara mêtonana | adunên baturira | sandika turnya sang putri | dhuh rama nata | kula tumut putra ji ||
53. sang
--- [f. 53r] ---
nata ngling aja angrubêdi sira | mila kêdah tut wuri | sapindhahe rama | nadyan pêjah gêsanga | kawula arsa udani | kaping kalihnya | wong Sapanyol tan uni[110] ||
54. dhatêng putra panduka yèn tan botêna | kawula marentahi | sang nata ngandika | pintêr putra manira | ya nini milua mijil | nuwun sang rêtna | lèngsèr siyagèng jurit ||
55. ingkang raka pinantês panganggenira | makutha binuka sri | mubyar ujalanya | surêm yyang giwangkara | murub kabêntèr ing rawi | jamang mas jingga | pinatik sêsotya di ||
56. asulendhang akêkalung susun sapta | pasmèn mas ingkang raki[111] | barci kamejanya | rêspati introkasa | kamsalnya[112] baludru wilis | kancing kêncona | panunggul intên adi ||
57. kaos sutra sêpatu mas katimangnya [kati...]
--- [f. 53v] ---
[...mangnya] | dasi renda mas adi | baludru êbruknya | kincingan mas jingga |[113] katimang rinaja wrêdi | tinatrap rêtna | rinenda mas kang tapi ||
58. ngangge pêdhang wasiyat sarêng lairnya | anggarenda surati | katimang mas jingga | asarung tangan sutra | pêdhang balongsong mas adi | kadya lêngkawa | yèn kabêntèr ing rawi ||
59. sang dyah ayu amêngangge cara priya | lir jambe nom pinalih | kalihan kang raka | kêmbar panganggenira | tan mirib lamun pawèstri | kyèh kilap jalma | ingkang sami ningali ||
60. sampun miyos ginarêbêg dening bala | jawi tata kang baris | sagung para raja | prajurit myang satriya | gêgaman awarni-warni | raja pinutra | lênggah jajar sang putri ||
61. angandika sang rêtna hèh para raja | satriya lan prajurit | padha pirsakêna | kangmas karsaning [karsa...]
--- [f. 54r] ---
[...ning] nata | kang kinarya senapati | sêsilih raja | angrèhna para aji ||
62. sinung nama Prabu Anom Senapatya | Sapanyol nata jurit | ngistokkên sadaya | samya saur kukila | Prabu Anom ngandika ris | sira nêmbanga | têngara mangsah jurit ||
63. yèn dilanggar pasthi rusak tatanira | ingsun arsa prang biting | nadyan rampak prangnya | sok wis ngati-atia | ingsun arsa aprang tandhing | lan ratu sasra | ingsun dhewe ngawaki ||
64. para raja prajurit lawan satriya | sakèhe sanak mami | panjaluk manira | asuraka kewala | aja na kang milu jurit | saur kukila | sadaya para aji ||
65. atêngara mariyêm gêng sarêng munya | ping tiga wêlas muni | bubar para raja | sawadyanya sadaya | anglir pendah wukir sari | gênti kawarna | raja sasranêgari ||
--- [f. 54v] ---
66. Raja Bêsah sakalangkung sukanira | ningali mêngsah kêdhik | angling găndra pira | pasthi bêdhah kang praja | Raja Ngabêsah anuli | amêpêk bala | sadaya sampun prapti ||
67. bala Ngijam wong Parasi Masrik lawan | wong Dustam sampun prapti | wong Turki Kuresan | wong Cina lan wong Bulgan | wong Mahrib sadaya prapti | raja kang bêsar | ingkang sami katawis ||
68. tan winical para raja ingkang kathah | raja sasranêgari | wus prapta ing papan | Kupêninya[114] malatar | usar andêlnya ing jurit | mung sapta nambang | samya nitih turanggi ||
69. taksih bubul balanya para narendra | kang sura nung ing jurit | myang para satriya | samakta gêgamannya | ing ara-ara ngèbêki | para satriya | miwah wadya Kumpêni ||
70. ingkang nitih turăngga sami turangga | liman jajar lan [la...]
--- [f. 55r] ---
[...n] èsthi | lir gêrah syaranya | pangrik ngèsthi turăngga | sumahab lampahing baris | maksih gêng prapta | kadya sela bakithi ||
71. sapolahnya kadya singa karti lodra | sakathahing para ji | myang sawadyanira | asêlur lir salaba | têngaranira mêlingi | yèn piniyarsa | kadya warsa kintaki ||
72. ênêngêna ganti ingkang winurcita | Prabu Anom mêdali | dèn iring ing bala | nèng sura madyalaga | anitih kuda sêmbrani | paksi garudha | êmas ingkang mayungi ||
73. samya eram pra nata sasranêgara | gènira aningali | sêmbrani kêncana | payung garudha rukma | nulya angangsahkên baris | campuh ing yuda | drèl narêngi munya tri ||
74. lir angrugna maendra prang samya sura | kathah sênjata muni | kadya madya latra | limut kokap kacika | sampun pêjah kang prang bêdhil | kuwêl kang yuda | samya asilih [asili...]
--- [f. 55v] ---
[...h] ukih ||
75. curnan bêknang kyèhnya lir tasik rah abra | karang wangke kudasthi | lir sarah gandera | pêdhang lawan sanjata | salomprèt tambur lan suling | pindha têpasnya | wangke susun atindhih ||
76. samya makral mapuliran ingkang yuda | caruk kuwêl samya mrih | wong sasranêgara | yudanira kuciwa | sasisane ingkang mati | sami lumayya | mangungsi gustinèki ||
77. wong Sapanyol kadya gêrah surakira | ambujung bêbandhangi | sapih ingkang yuda | kang prang mundur sadaya | dukanya yayah sinipi | Ngabêsah Raja | duta amawi tulis ||
78. sampun katur Prabu Anom Senapatya | winaos ingkang tulis | yèn nantanga yuda | ing Ngabêsah sang nata | saèstunya aprang tandhing | ngangsulan sigra | sakarsanya dèn iring ||
79. enjingira mangsah sura madyalaga | anganjurkên prajurit | kalawan [kala...]
--- [f. 56r] ---
[...wan] satriya | wong Ngabêsah punika | sadasa katawan kêni | tinêbus samya | enjingnya aprang malih ||
80. aprang jitus Ngabêsah maksa katawan | tandhing jiwu kalindhih | salêksa tandhing prang | prandene mêksa kalah | pirang-pirang ingkang dasih | dados têbusan | langkung duka sang aji ||
81. wong Ngabêsah dhêdhêp wang Sapanyol surak | lir udan sinêmèni | Sang Raja Ngabêsah | ngajak aprang tandhingan | kirang prang pindho yèn kokih | masthi sun kalah | ora wani prang maning ||
82. sun ngawula lan raja sasranêgara | Kasèndhèr mring sirèki | kang enjang mêtua | aja angadu bala | payo tandhing lawan mami | singa mênanga | pasthi amondhong putri ||
83. wus ngangsulan surat apa karsanira | ingsun têka ngladèni | injang wus siyaga | ngangge rukuhing yuda | pra raja miwah prajurit [praju...]
--- [f. 56v] ---
[...rit] | tan lali yêtna | samya rumêksèng gusti ||
84. sampun mêdal baris Bêsah Natasastra | wong Sapanyol mêdali | atap barisira | ing Ngabêsah Sang Nata | miyos ingiring prajurit | miwah satriya | lênggah dhêdhampar rukmi ||
85. Prabu Anom miyos ingiring punggawa | para raja prajurit | nèng dhêdhampar dênta | binalongsong kêncana | wong Bêsah surak ramya tri | anantang yuda | mêtua yèn ko wani ||
86. datan bêtah Prabu Anom amiyarsa | sigra wau mêdali | pra raja satriya | prajurit aturira | kawula amit ngêmasi | radèn ngandika | ingsun arsa ngawaki ||
87. ingsun iki katêmpuh boting nêgara | jurungên surak mami | yèn sun wis palastra | apa sakarsanira | wus nitih kuda sêmbrani | awak kêncona | songsong garudha rukmi [ru...]
--- [f. 57r] ---
[...kmi] ||
88. asêsirig anèng sura madyalaga | sikêp pêdhang ngajrihi | Ngabêsah Sang Nata | mêtonana ayuda | kêmbulana sun ajurit | barênga mara | ingsun nora gumingsir ||
89. dèn rêbuta ingsun dipun kaya boja | kêkudangên lir èstri | Sang Prabu Taruna | măngsa nêdya mundura | emane anglaya bumi | putra ngaldaka | yèn ajriha ing pati ||
90. datan bêtah Prabu Ngèbêsah miyarsa | miwah ingkang para ji | Prabu Jam lumakya | asru pangucapira | sun cêkêle padha siji | kang paksa sura | sumbar-sumbar ngajrihi ||
91. lah majua yèn sira prajurit nyata | aja ngadu wong cilik | Prabu Jam siyaga | nganggo rukuhing yuda | ngagêm pêdhang gendhong karbin | ngangge kêmita | rinajutan mas adi ||
92. sri narendra munggèng rêngganing [rêngga...]
--- [f. 57v] ---
[...ning] dirada | sumbar-sumbar ngajrihi | Kasèndhèr majua | yèn sira rêp palastra | Prabu Anom asêsirig | nèng madyalaga | raja ing Jam sigra ngling ||
93. payo Baron Kasèndhèr pa ana sira | tamakna sun tadhahi | rahadyan lingira | tan watêk dhinginana | payo amupuha dhingin | ya dèn prayêtna | aja sira ngoncati ||
94. dipun gada Prabu Anom tangkis asta | ping tiga tan gumingsir | Raja Jam gadanya | rinêbat sampun kêna | binucal pinupu dening | Kasèbêr suka | ambapang sarwi angling ||
95. bêgja têmên ingsun nêmu gada raja | ing Jam ku tan dhêp ngisin | sang nata bramatya | Kasèndhêr lah malêsa | wus majêng kuda sêmbrani | krah lan dipăngga | kuda garot ginadhing ||
96. surak awor lir grah kapat tanpa
--- [f. 58r] ---
rungyan | dêdêl-dinêdêl sami | dirada sinepak | malêsat dyan tinujah | galimpangan ngolang-aling | kumba binuntar | pêcah dirada mati ||
97. Raja Ngijam burangkangan narik pêdhang | arsa mêdhang turanggi | Prabu Anom têdhak | nrêrajang raja ing Jam | pêdhangira dèn sarêngi | asta cinadhak[115] | pêdhangnya sampun kêni ||
98. dipun bucal tiba Kasèbrê kang nyandhak | Prabu Jam dèn wi-iwi | sira ora wirang | dhibilang raja bêsar | tidhak bole bêngkalahi | tradha gunanya | tidhak laku sadhuwit ||
99. kurda nêdhak Kasèbrê binêdhil indha | kang saya dèn sin-isin | Prabu Jam nyanjata | Prabu Anom sinêdya | mimis mas wrat kalih tail | tiba ing jaja | lir pendah burat rukmi ||
100. mindhak asri jajanya anglir rinêngga | arsa amêdhang malih | cinandhak astanya | kalih sampun [sa...]
--- [f. 58v] ---
[...mpun] binasta | Kasèbêr ingkang nalèni | Sapanyol wadya | suraknya wanti-wanti ||
101. majêng rona Raja Parasi glis mara | ngagêm watang ngajrihi | anitih turăngga | nandêr lajêng marjaya | ginêbang watangnya palih | anyandhak gada | sangêt mupuh nêrpati ||
102. sinarêngan kang asta kalih cinandhak | sinêndhal tiba aji | kudanya lumajar | mubêng ngingêr nèng papan | Kasèbrê sigra nututi | sampun kacandhak | lajêng dipun tunggangi ||
103. manggut-manggut pacak gulu obah dhadha | gumujêng kang ningali | surak wadyabala | wong Sapanyol sadaya | gustinya mênang ajurit | langkung bramatya | Raja Dustam lan Masrik ||
104. Prabu Anom kinalihan ingkang yuda | sang raja ing Masêrik | anitih dirada | rêspati ngagêm gada | Dustam anitih turanggi | ngagêm watangnya | sarêng sah anuligi ||
--- [f. 59r] ---
105. Raja Dustam maos pinêdhang watangnya | lawungnya tigas pancing | Raja Masrik gada | tinangkis ngasta kiwa | gada malih dèn sarêngi | pinêdhang sigra | malêsat gada palih ||
106. ingabên krah sêmbrani kalih dirada | liman pinêdhang mati | Raja Masrik tiba | anarik pêdhang sigra | cinandhak astanya kalih | lajêng binasta | Raja Dustam kaguling ||
107. anêrajang tinadhahan ing turăngga | rêbah tinujah wani | Raja Dustam niba | rinêjahakên kuda | wus kacandhak dèn talèni | Kasèbêr suka | suraknya cêrik-cêrik ||
108. wus kasaput ing latri sapih kang yuda | ing Ngabêsah Sang Aji | kalangkung dukanya | wus duta ngajak yuda | ngantêp prang karsanira ji | mangka byuha |[116] ngabên bala prajurit ||
109. aprang iki kari sapisan wêkasan | sampun [sampu...]
--- [f. 59v] ---
[...n] dipun wangsuli | iya Raja Bêsah | sakarêpmu sun tadhah | kunêng tan kawarna latri | têngara injang | lir bêntar kang pratiwi ||
110. Raja Bêsah tanpa wilangan balanya | lir wêdhining jêladri | kang sami prawira | tate bêdhah nêgara | pêpêk samêtaning[117] jurit | syaraning bala | lir udan sinêmèni ||
111. warna-warna para nata kang syandona | Natèng Jam lan Parasi | Masrik Dustam Raja | malês wirang karsanya | dene gustinya kajadhi[118] | Kurès Turkinya | Bulgan lan Mahrêribi ||
112. balanira kêthèn yutan lêksan baran | datan kêni winilis | prajurit awêndran | kadya sêkar sataman | wong Sapanyol kathah malih | mêksa karoban | jitus tandhinging jurit ||
113. sigra mangsah prapta sura madyalaga | rame campuhing jurit | ngling Ngabêsah Raja | iya
--- [f. 60r] ---
si kadar pira | ingkang dadi senapati | Kasèndhèr juga | rosa pira wong siji ||
114. nulya ngrasuk Ngabêsah rukuhing yuda | sarta ngagêm jêmparing | pêdhang lawan capa | duduk kantar samoga | kănta cakra lan suligi | dhêndha tumara | bramatya gadhing piling ||
115. kawarnaa Sang Prabu Anom siyaga | sakapraboning jurit | angagêm warastra | tomara cakra dhêndha | indhongnya kêncana adi | pêdhang nyuriga | munggèng anggar renda di ||
116. sampun nitih kuda sêmbrani kencona | asongsong grudha rukmi | sagung para raja | angagêm bindi gada | ing ênu kapêthuk têlik | angur pra nata | yunti lir wêdhi tasik ||
117. para raja datan kêni ingetanga | wong Sapanyol miyarsi | aturnya kang duta | samya eram ing nala | Prabu Anom ngandika ris | èh sira duta | wangsula [wang...]
--- [f. 60v] ---
[...sula] dipun aglis ||
118. sun tan arsa mundur sun plaur palastra | nulya lumakya aglis | panganjuring yuda | wong Ngabêsah kang bala | Raja Prasman lawan Nganggris | Ngalman Maldewa | sadaya angajoni ||
119. nulya campuh sakathahe para raja | sawadyanya ajurit | sarêng panêmpuhnya | tan kewran kang prawira | agênti ukih-ingukih | datan kuciwa | sami kyat surèng jurit ||
120. kadya guntur imawan têmpuhing yuda | syaranya turanggèsthi | gong maguru găngsa | awor tambur syaranya | kadya udan sinêmèni | kriciking wrastra | awor lan bêdhil muni ||
121. Raja Nganggris Prasman amarakkên bala- | nira samya ngêbyuki | karoban ing yuda | kalimput tuwin bala | Baron Kasèndhèr mamuki | tulung mring bala | tandangnya mobat-mabit ||
--- [f. 61r] ---
122. atêngara pra raja sasranêgara | sarêng mangsah ing jurit | Prabu Nom uninga | nulya ngangsahkên bala | pun Kasèbêr datan kari | asuka-suka | pêdhangnya ngobat-abit ||
123. Raja Cina anêmpuh sabalanira | sura panggah ing jurit | sawadya kotbuta | nèng sura madyalaga | sarêng manub mamulihi | lir singa lodra | yèn tinon angajrihi ||
124. dadya pagut ingkang para raja sasra | lan wong Sapanyal[119] angling | guntur ing prawata | saking samya suranya | anduk dinuk samya amrih | kiwul ing yuda | maksih knat ing ajurit ||
125. gropak tikêl ing watang cang-cinging pêdhang | dhug gor syaraning bêdhil | thong-thong jyèng gumêmbyang | dhung-dhèng syaraning kanjar | prok-kêprok syaraning kangsi | nong-nèng ku mênang | bêgor karêngèng langit [langi...]
--- [f. 61v] ---
[...t] ||
126. byar-byor parêng mawantah anjatra panah | katanya mamuragi | anggada amêdhang | datan ngucap jrih nglawan | angrok anggêlut ambithi | dhupak-dhinupak | manaut mamêluki ||
127. yèn kajêmur pasaluring yodha aprang | sêsêk mapan nusuli | kyèhing bala Bêsah | Sêpanyol kalimputan | sigra mangsah amamuki | kasurannya knat | Kasèndhèr ngosak-asik ||
128. sing kaparag rug daut wus padha ruwag | kang panggah angêmasi | kang kapêdhang sigar | kang katêmpak mucithat | bujanya manguwir-uwir | êntyanya rantas | muka rêmpu kapusthi ||
129. parêng lena lyèn pêjah ingkang dirada | sadasa rênyuh sami | dèn sang para nata | manub anyakra padha | wênèh andhêndha amiling | amêluk padha | anulam anuligi ||
130. anta sêdhêngira [sêdhêngi...]
--- [f. 62r] ---
[...ra] rinêbat ing yuda | Sang Prabu Anom uni | de sang para nata | angrug amrang angănta | mring Prabu Nom Senapati | nêpak mrajaya | mêdhang anduk amusthi ||
131. Prabu Anom tan surud amunah yuda | ngamuk angobat-abit | de sang para nata | lir rinujak wus brastha | dening Prabu Anom uni | kang sarira bra | narawata bêk gêtih ||
132. raja sasra na pêjah gêsang kabasta | kaprawasèng sêmbrani | lan sinambêr grudha | kathah ingkang palastra | sirna gêmpang samya wingwrin | sami lumayya | wong Cina kang manggoni ||
133. Raja Cina manguwuh angajak yuda | Prabu Anom mêdali | mangagêm samaga[120] | nandhing duduk lan capa | trisula lawan suligi | saha sênjata | ligrana ing tapiling[121] ||
134. Raja Cina madyaja santining [santi...]
--- [f. 62v] ---
[...ning] bala | sampun munggèng waniti | angrapakên kuda | Prabu Nom tandya prapta | nulya saut kuda mangrik | papagan padha | alaga silih ukih ||
135. anduk-dinuk parêng anyakra anggada | kapyangrok silih ukih | midêr parêng sigra | kadyi samya lêgawa | samya widagdyèng prang amrih | cidra-cinidra | Raja Cina sèp lagi ||
136. wus katitih anèng sura madyalaga | glona gênjor sira ngling | pinêdhêki naknya | cinandhak Raja Cina | kang kêt pinggang wus binanti[122] | tigas tandyanya | kang murda wus kêcangking ||
137. Raja Cina palastra kang bala sirna | rêmpu tan măngga pulih | Prabu Anom wignya | sura prawirèng rona[123] | sampun kaloka ing bumi | prajurit mukya | alit mila linuwih ||
138. wong Sapanyol sami angucap sadaya | miwah sagung para ji | sêsêliranira | saptèng nambang kathahnya [ka...]
--- [f. 63r] ---
[...thahnya] | angucap mring bala sami | anjêjaraha | Kasèbrê nulya angling ||
139. sampun kesah sawadyanira punika | wau radèn kang yunti | maksih gêng kang bala | Prabu Anom angandika |[124] padha diangati-ati | mênawa ana | mungsuh anglambung kering ||
140. wênèh ngucap wong Sapanyol ing rewangnya | lungaa ta kariyin | padha jêjaraha | sakèhe bantur[125] kănca | kunêng ya ta kang winarni | Ngabêsah Raja | duka yayah sinipi ||
141. nênggih wontên êmbanira Raja Cina | Kang Kong Hi kang wêwangi | pêpatihing Cina | prajurit kinawasa | tunggul jinênêngkên malih | wong kang lumawya | Cina angumpul malih ||
142. dèn jênêngkên tunggulnya Ngabêsah Raja | dadya sakyèhing dasih | tumingal sadaya | mring tunggulnya sang nata | jumênang[126] ana ing nginggil | sakyèhing bala | sadaya bali malih [ma...]
--- [f. 63v] ---
[...lih] ||
143. sami galong sakancanipun sadaya | sasikêping ajurit | gumuruh syaranya | lir ombaking udaya | bawanya wadya Ngabêsi | lir yaksa lodra | anon mring jalma sêngit ||
144. wong Sapanyol prajuritira atata | anjagani mring yunti | tan lali ing yêtna | sadaya pra prawira | marêngi wor sindhung riris | kadya kotbuta | braja paka anitir ||
145. pracalita madhangi bumi sadonya | obah angidik-idik | wilêtan thathitnya | obah saka mêndhala | gêtêr patêr asênggani | sol kang maindra | madyanya jalanidi ||
146. sigra mangsah wong saptèng nambang malaga | wadya Sapanyol tuwin | Nganggris Prasman Raja | Ngalman Eglan Sang Nata | tandang tinub wang Ngabêsi | mêdhang mrajaya | rok-rinrok silih ukih ||
147. aprang jêmur datan wontên kang kuciwa |
--- [f. 64r] ---
sami rukêt kang jurit | nyandhak kêt pinggangnya | kadyi samya lêgawa | angrok midêr angulingling | kuwêl kang yuda | samya kyat surèng jurit ||
148. anduk-dinuk parêng anyakra anggada | wênèh mêdhang nyuligi | tan nêdya mundura | sami sudiranira | kalimput Sapanyal dening | ngrob ing lawannya | kathah ingkang ngêmasi ||
149. ingkang wau prajurit kang pêpilihan | kang kathah tan kawilis | Prabu Anom mangsah | manglaga ngrurah mêngsah | manub mêdhang ngosak-asik | kapêdhang sayat | kyèh pêjah kasuligi ||
150. kang kapêdhang sigar rantas astanira | griwa pêgat kapalih | tan mangga puliha | bramatya para nata | sigra anub angêmbuli | lan bala kosya | datan kêni winilis ||
151. tinub tinarumbul Sapanyol karoban | Prabu Anom tan kèksi | mangamuk [manga...]
--- [f. 64v] ---
[...muk] manêngah | tan surud munah lawan | pra raja samya kapusthi | dening grudha mas | sinambêr si[127] wiyati ||
152. kathah lena prajurit wingwrin lumayya | wangke susun atindhih | basmi buta sirna | Ngabêsah Sri Narendra | dukanya yayah sinipi | ngangsahkên bala | arsa ngawaki jurit ||
153. nulya mangsah dhatêng sura madyalaga | sang nata nitih èsthi | ginarêbêg bala | anglir wahing kang toya | bayu bajra anglimputi | kilating wrastra | lir kilat barung thathit ||
154. sampun kumpul wong Sapanyol asiyaga | sakapraboning jurit | lir ombak samodra | syaraning wadyabala | ayun-ayunan ing jurit | nèng madyalaga | kalih wadya Ngabêsi ||
155. tandya pagut Sapanyol lawan Ngabêsah | manganduk manrêg ngukih | anggada [ang...]
--- [f. 65r] ---
[...gada] amêdhang | anuligi amanah | anyakra ngantar anggadhi | nyawat nyarampang | jirêt badhama bindi ||
156. Gênjor kroda rêg-rêg kandhêg cumaracap | cèk-cèk pruka syalasih | amagut apapan | byar-byur rêg silih dugang | dyaning alaga samya mrih | ngulêng andhupak | murêk angigit-igit ||
157. wadyabala Sapanyol samya ngrês kepyan | yunti samya mênuhi | saking kering kanan | srêg sêsêk kang palagan | sigra mangsah Prabu Nom glis | tulung malawan | têka angorak-arik ||
158. kang kaparag yunti makral mapuliran | ngrês datan wani pulih | sing kapêdhang sigar | kang katêpak mucithat | rung pisêk mata kapêncil | untunya rampal | griwa kèngêl ngulingling ||
159. Prabu Anom [Ano...]
--- [f. 65v] ---
[...m] tan surud amunah mêngsah | ngêbrak angobrak-abrik | yunti masasaran | matakut wingwrin ingkang | prawira mêngsah ngêmasi | antaraning kang | kyèhning kang para aji ||
160. sigra mangsah ngêmbuli anulya nyakra | Raja Bsah angawaki | angrug maèsyara | angănta pilih gada | mangris matang manuligi | pinarbat nata | tan kondur dèn kathahi ||
161. dening nata pra raja-raja wus sirna | lir rinujak arujit | sinambêr garudha | tinujah ing turăngga | sêmbrani akras nauti | Ngabêsah Raja | kesisan wadya gusis ||
162. Raja Bêsah angling nèng rêngganing liman | tan kewran manyêluki | nguwuh ngajak lawan | Kasèndhèr payo aprang | aja na ngadu wong cilik | angajak pirang | dina ngadu kasêktin ||
163. Prabu [Pra...]
--- [f. 66r] ---
[...bu] Anom angêrapakên turăngga | ngabên krah lawan èsthi | dêl-dinêdêl samya | nèng sura madyalaga | Prabu Anom lan sang aji | arêbat wignya | nèng sarêngga waniti ||
164. Raja Bêsah madyaja santining bala | kuda tarung lan èsthi | ut-sinaut samya | mangrik papagan padha | gêng kuda sami lan èsthi | akrah aramya | kang laga kih-ingukih ||
165. anduk-dinuk sarêng anyakra anggada | kapyangrok silih ukih | anèng madyalaga | kadyi samya lêgawa | samya prawira prang amrih | cidra-cinidra | Raja Bêsah sèp lagi ||
166. wus katitih anèng sura madyalaga | glana gênjor sira glis | dyan malumpat sigra | saking luhur turăngga | dhak kêt pinggang wus binanting | nigas tandyanya | murdanira cinangking ||
--- [f. 66v] ---
167. Raja Bêsah palastra kang bala sirna | rêmpu tan măngga pulih | Prabu Anom wignya | prawira nung sudigbya | wadya bandhang bêbayongi | nungkul sadaya | pra raja atur putri ||
168. ri sampunnya tata ingkang para raja | kondur prabu taruni | ngiringkên tawannya | tuwin kang para nata | urmat drèl samargi-margi | sinrang bradăngga | mêthuk sang rajaputri ||
169. Sri Narendra Sapanyèl[128] mêthuk kang putra | gumrah urmating baris | mariyêm gêng munya | ping gangsal wêlas ika | sampun kapêthuk nèng margi | têdhak sing kuda | wotsêkar mring sang aji ||
170. putranira pinêngkul angling sang nata | dhuh putraning sun kaki | ingsun nora nyana | sira ngaèksi karya | mêngsahira para aji | sasra kathahnya | tur prawira ing jurit ||
171. nini putri wis bêgjane awakira | krama prajurit [prajuri...]
--- [f. 67r] ---
[...t] sêkti | sang rêtna lumawya | sumungkêm padanira | sang rêtna ngandika aris | kangmas andika | sun sidhêp pêjah jurit ||
172. yèn palastra pasthi ingsun tuwêk raga | ambelani mring gusti | rinangkul sang rêtna | ingaras julukira | sang rêtna ngandika malih | kangmas panduka | karya rêntênging ati ||
173. sang nata ngling kaki wis manjinga pura | aja kandhêg nèng margi | rahadyan turira | inggih dhatêng sandika | wus kinèn bubar kang baris | dyan lumêksana | tan kawarna ing margi ||
174. sampun prapta Prabu Anom jroning kitha | miwah sang rajaputri | lan sri naranata | pinêthuk para garwa | gênti sami awotsari | Prabu Taruna | anulya atur bakti ||
175. kaatura kang para nata sadaya | sarta ingkang nêgari | miwah putri sasra | katura
--- [f. 67v] ---
sri narendra | kawula darmi nglampahi | ayahan nata | langkung thustha sang aji ||
176. angandika sang nata wis jumênanga | Prabu Sapanyol nagri | bêgawan manira | Prabu Anom aturnya | nuhun lênggona wak mami | datan supêna | yèn nêdyaa dadya ji ||
177. lêga ulun yèn mrajurit anyatriya | atadhah karsa aji | sang nata ngandika | angur dadia nata | Prabu Anom anuhun sih | angling sang nata | iya kaki sun iring ||
178. tulusêna kaki prabu mukti syara | Prabu Anom wotsari | anuhun aturnya | wus lami kang winarna | Prabu Anom gêng prihatin | dening miyarsa | wartine tanah Jawi ||
179. loh jinawi mirah sandhang lawan baga[129] | dagangan kyèh nglangkungi | ku kang dadi brăngta | nêngna kang mukti syara | gênti winurcitèng kawi | wontên wandoya | wijil
--- [f. 68r] ---
putra sang tapi ||
1 | cumênthaka. (kembali) |
2 | wontên (dan di tempat lain). (kembali) |
3 | Terdapat sekitar 30 contoh dalam naskah ini di mana aksara "nga" ditulis dengan cara yang tidak biasa. Dengan hanya dua pengecualian—sarêng + nge [sarênge] dan ang + ngandika [angandika]—aksara ini tampaknya berfungsi sebagai aksara murda untuk menyampaikan rasa hormat. Contohnya meliputi penggunaannya dalam sastra laku, seperti pada kasus di atas: sang + ngaji [sang aji], sang ngrajèng [sang rajèng], atau dalam kata seperti pangeran. Variasi ini tidak dicatat dalam catatan kaki. (kembali) |
4 | kawradinan. (kembali) |
5 | wontên (dan di tempat lain). (kembali) |
6 | Mintuna (dan di tempat lain). (kembali) |
7 | Terdapat sekitar 98 contoh dalam naskah ini di mana penulis menggabungkan aksara "nga" dengan pasangan "tha" ( |
8 | bambing. (kembali) |
9 | samirana (dan di tempat lain). (kembali) |
10 | anèng. (kembali) |
11 | kongkang. (kembali) |
12 | acêrik-cêrik. (kembali) |
13 | pratapannya. (kembali) |
14 | Terdapat dobel sandangan: dening atau dene. (kembali) |
15 | kapawanan. (kembali) |
16 | enggar. (kembali) |
17 | Terdapat beberapa contoh dalam naskah ini di mana penulis menggunakan aksara "la" diikuti pasangan "nga-lelet," ( |
18 | Kurang satu suku kata: sadaya jinêmbangan. (kembali) |
19 | korinya. (kembali) |
20 | Lebih satu suku kata: kathah têlukane para aji. (kembali) |
21 | nêgarinya. (kembali) |
22 | mangke. (kembali) |
23 | wignya. (kembali) |
24 | moncol. (kembali) |
25 | yogi (dan di tempat lain). (kembali) |
26 | supata. (kembali) |
27 | minăngka. (kembali) |
28 | kêlangkung. (kembali) |
29 | lèngsèr. (kembali) |
30 | lungguh. (kembali) |
31 | olèh. (kembali) |
32 | dhinahar (kembali) |
33 | Lebih satu suku kata: puluh biyang wis bêgjane awak mami. (kembali) |
34 | bok. (kembali) |
35 | inya. (kembali) |
36 | dhinêdhêr. (kembali) |
37 | awawrat. (kembali) |
38 | Terdapat dobel sandangan: Israk atau Esrak. (kembali) |
39 | dimèn (dan di tempat lain). (kembali) |
40 | pupus. (kembali) |
41 | kluwar. (kembali) |
42 | Biasanya guru lagu e/o: kuwèh. (kembali) |
43 | pangan. (kembali) |
44 | Terdapat dobel sandangan: anendra atau anindra. (kembali) |
45 | pathola. (kembali) |
46 | kadwinya. (kembali) |
47 | Terdapat dobel sandangan: inggal atau enggal. (kembali) |
48 | sukur. (kembali) |
49 | kalihe. (kembali) |
50 | dinama-dama. (kembali) |
51 | Terdapat beberapa contoh dalam naskah ini di mana penulis menggunakan kombinasi "cakra" dan "pepet," yang tidak lazim, mengingat biasanya keret ( |
52 | buntoni. (kembali) |
53 | kêthap-kêthap. (kembali) |
54 | êmban. (kembali) |
55 | bandhêm. (kembali) |
56 | kadwi (dan di tempat lain). (kembali) |
57 | soroge. (kembali) |
58 | sorog (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
59 | alama. (kembali) |
60 | Biasanya guru lagu i: mulaning. (kembali) |
61 | pênêdi. (kembali) |
62 | jinorogkên (dan di tempat lain). (kembali) |
63 | kêpasangyogi. (kembali) |
64 | dora. (kembali) |
65 | sisip. (kembali) |
66 | Terdapat dobel sandangan: dikèna atau dikuna. (kembali) |
67 | Terdapat dobel sandangan: putuningsun atau putèningsun. (kembali) |
68 | Terdapat dobel sandangan: jêlanthir atau jêlanther. (kembali) |
69 | binalnggu. (kembali) |
70 | tolang. (kembali) |
71 | Lebih satu suku kata: pasthi punika gusti kang botên lila. (kembali) |
72 | Halaman f. 29~r dan f. 29~v berikutnya salah urutan dalam faksimili digital, dan seharusnya muncul sesudah halaman f. 29r dan f. 29v dan bukan sebelumnya. (kembali) |
73 | sawênèh. (kembali) |
74 | wêdhak. (kembali) |
75 | pangrêngihe (kembali) |
76 | punya. (kembali) |
77 | orang. (kembali) |
78 | diparag. (kembali) |
79 | Kurang satu suku kata: iya iku sadulurmu. (kembali) |
80 | suwitanana. (kembali) |
81 | toya. (kembali) |
82 | siningkang-singkang. (kembali) |
83 | kon. (kembali) |
84 | wontên. (kembali) |
85 | sang dyah (kembali) |
86 | jênêng. (kembali) |
87 | Terdapat dobel sandangan: lathinira atau lathinera. (kembali) |
88 | rêkta. (kembali) |
89 | kêncana (dan di tempat lain). (kembali) |
90 | têmên. (kembali) |
91 | bongana. (kembali) |
92 | nantang. (kembali) |
93 | Terdapat dobel sandangan: abdinipun atau abdènipun. (kembali) |
94 | Yyang (dan di tempat lain). (kembali) |
95 | sosotipun. (kembali) |
96 | kobongan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
97 | sêsana. (kembali) |
98 | Kurang satu suku kata: inggih panduka kang kèmpi. (kembali) |
99 | pintên. (kembali) |
100 | gaman. (kembali) |
101 | Terdapat dobel sandangan: sagêndhinge atau sagêndhènge. (kembali) |
102 | pantèn. (kembali) |
103 | sêndhiri. (kembali) |
104 | rewang. (kembali) |
105 | wong (dan di tempat lain). (kembali) |
106 | yunti. (kembali) |
107 | Lebih satu suku kata: tanpa wilangan wadyabala Ngabêsah. (kembali) |
108 | blakithi (dan di tempat lain). (kembali) |
109 | wotsêkar. (kembali) |
110 | uning. (kembali) |
111 | roki. (kembali) |
112 | kamsolnya. (kembali) |
113 | Kurang satu suku kata: kinancingan mas jingga. (kembali) |
114 | Kumpêninya. (kembali) |
115 | cinandhak. (kembali) |
116 | kurang satu suku kata: mangkara byuha. (kembali) |
117 | samêktaning. (kembali) |
118 | kajodhi. (kembali) |
119 | Sapanyol (dan di tempat lain). (kembali) |
120 | samoga. (kembali) |
121 | tampiling. (kembali) |
122 | binanting. (kembali) |
123 | rana. (kembali) |
124 | Lebih satu suku kata: Prabu Anom ngandika. (kembali) |
125 | batur. (kembali) |
126 | jumênêng (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali) |
127 | sing. (kembali) |
128 | Sapanyol. (kembali) |
129 | boga. (kembali) |