Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-04-2025

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Kerajaan Ngurawan[1]

--- [f. 18r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 1 dari 17

Raja Sri Naradipa Ing Urawan

The History of the Rajah Shreenaradipah N.L.

Punika sarêng Panji [...]

--- [f. 18v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 2 dari 17

Hong ilahèng awignamastu unamasidhêm, hana ta ratu sudibya, paradya ing nusa Jawa, panastrèngrat pramudita lila sêkaring buwana, tumiyèng Sang Yyang Wasesa, brăngtanadi sinagya ing nirangcana, lalata sutijèngkara, karana dyah kawêrdèng Sang Yyang Wasesa, linanggyana cana masutijèng wargya, satumiyèng jawara Sang Yyang Wasesa, nênggih nêgari Ngurawan, ikang kaeka adi dasa purwa, basa eka marang sawiji, adi luwih dasa sapuluh purwa wiwitan. Sanadyan akathaha rat jagat pramudita, ikang kasoga[2] ing pratiwi, kang kaukulan[3] ing akasa, kang kasiwêran ing samodra, kang kagêbêng dening mahara, kang kasênênan Sang Yyang pratănggapati, botên wontên kados nêgari Ngurawan. Nêgari pasir awukir loh jinawi, apa binasakakên pasir awukir angukurakên[4] gunung angarêpakên sêgara, loh jinawi banyu tumumpang tulus kang sarwa tinadur,[5] murah kang sarwa tinumbas, pranyata Wong Agung Ngurawan, yèn anyakrawati ambaudhêndha, apa têgêse anyakra midêr, bau sêntana dhêndha kuwawa, midêra sèwu nêgara botên asal[6] ngupadosa kados panjênênganira Wong Agung Ngurawan. Wong agung agêdhe dangnane,[7] [dang...]

--- [f. 19r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 3 dari 17

[...nane,] awèh pangan wong kaluwèn, awèh sandhang wong kawudan, awèh payung wong kapanasan, awèh têkên wong kalunyon. Mila ajêjuluk Sri Naradipa, sri ratu dipa padhang, pranyata Wong Agung Ngurawan, agêng obore atêbih kuncarane, kasusra kajana priya saking nêgari sabrang yèn ratu pinujul[8] atut gènira kêkadang, mila ajêjuluk sri narapati sring[9] ratu dipati wus ngarani, pranyata Wong Agung Ngurawan wirange dèn pojèni,[10] patine dèn godhongakên. Ratu kinasihan ing juwata[11], kinamulèn ing widadari, kinacèk sapêpadhane, antarane kinasihan, yèn pinarak kaukulan Sang Yyang Naga Buwana, yèn jumênêng kaukulan Sang Yyang Girinata sênênira Sang Yyang Kamajaya, tri pamangsah tri têtiga pamasah[12] sampun amêstani, ikang adoh manglung ikang cêlak tumiyung, ing sabrang Lumayu Siyak Lampung Lombok Prêtani Sokadana, sami asrah bulupêti[13] glondhong pêngarêng dhatê[14] Wong Agung Ngurawan, mitir[15] sabên warsa, sinigêg pangrêganing[16] nata, karantên kinarya kadangu, kocapa Wong Agung Ngurawan, yèn mêntas ambojawiwaha, apa binasakakên ambojawiwaha, boja pangan, wiwaha gawe, yèn mênggaha kawula alit mêntas gadhah damêl. Sitên[17] ikang dipun kramèkakên [kra...]

--- [f. 19v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 4 dari 17

[...mèkakên] dhatêng Wong Agung Ngurawan, anênggih ikang putra Dèwi Rêtna Cindhaga, asal Kya Dipati Cakranêgara, wondening Kya Dipati Cakranêgara punika, satriya dhatêng anyar kagêp[18] pangawulanira, dhatêng Wong Agung Ngurawan. Mila pinutra-putra danu kinarya bupati wontên ing Pranaraga, sarta katriman putri nanging samake Wong Agung Ngurawan, dawêg kèmêngan badra irawan, badra marang mêndhung irawan sêrngenge, lir pendah sêrngenge kalingan mêndhung, saklangkung èmêngira Wong Agung Ngurawan, punapa ikang dados èmêngira Wong Agung Ngurawan. Dening kadhatêngan parangmuka saking tanah sabrang, angage[19] gêlar suwawa ambêk agul agora gadha, wau ta ikang wontên pasowan paglaran, ikang têngah punika Kya Patih Jêksanêgara, wondening ikang kidul punika ikang putra Wong Agung Ngurawan, sintên ta dasanamane, akêkasih Radèn Arya Sinjanglaga, ikang lèr punika Radèn Brajanata, mila Radèn Brajanata wontên nêgari Ngurawan, dening amirsa warti yèn ikang paman atamuwan parangmuka saking tanah sabrang, wondening bupati mantri Ngurawan, pêpak sadaya, wondening prênataning lêlênggahan, kyana patih mugèng[20] têngah wetanira wêdaning[21] para sêntana, nuntên wêdana kaliwoning pêpatih, nuntên para [pa...]

--- [f. 20r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 5 dari 17

[...ra] sêntana kiwa têngên, nutên[22] wêdana pasisir sinambungan wêdana măncanêgari kang nêpangi para bupati Ngurawan, prayayi agêng namanira, nuntên prayayi maosanyar, nuntên prayayi sèwu, kang nêpangi bupati pasisir măncanêgari sapanêngên. Para mantri wontên wiking,[23] megok[24] ngidul kang nêpangi wêdana lêbêt, gêdhong kaparak têngên, mya[25] kaliwonira sakancanira sadaya, kados ta niyaga gamêl Singanêgara, Martalulut, Priyataka, lan Mantri Margăngsa Gowong, lan Mantri Juru Sabin, wondèni[26] ikang wontên kilènira kya patih wêdana kaliwoning pêpatih, prayayi Panumping namanira, nuntên wêdana pasisir sinambungan wadana măncanêgari sapêngiwa kang nêpangi Bupati Ngurawan, awasta prayayi Panumping, sinambungan prayayi Bumi, lan prayayi Bumija, kang nêpangi bupati pasisir măncanêgari sapêngiwa, kancanira mantri wontên wiking megok ngidul kang nêpangi wêdana lêbêt, gêdhong kaparak kiwa, myang kaliwonira sakancanira sadaya, carik jêksa mantri sêbandaran, undhagi suging[27] pandhe kêmasan, gandhèk mantri anpe[28] sohanira malih, pêpak sadaya kang sewaka, para nararyya dipati tumêgung[29] kêndhuruan dêmang ngabèi, pandêlêgan, [pandêlê...]

--- [f. 20v][30] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 6 dari 17

[...gan] pêcattăndha waduaji ăndhamoi, pangalasan, myang pangagening[31] wadyabala awarna-warna, kaya ta kêmbang sataman, myang wana karêmbun măngsa, kang ngage sêlaka suwasa kêncana, sêsotya, pating karênyêp pating galêbyar, sangsaya minuni sari kang panakilan,[32] saking èbêk lungiding pasêmon. Kang manuhara raharja datanpa wikara, karya kridani[33] tyas. Wau ta saking gungira kang sewaka, abêlabar kaya ta sêgara tanpa têpi, kang wetan dumugi pagongan, kang kilèn anglangkunga[34] ing wantilan, kang lèr dumugi pangurakan, kaya rubuha wancak suji kayu arêng bauwarna, saking kathahe wadyabala, wau ta sawiyosira Wong Agung Ngurawan, punapa antawisira yèn miyos, sênjata agêng mungêl, ambal ping tiga, grê, grê, grê. Hèh wong batur calik padha sumigah[35] kangjêng sinuwun miyos.

Rêp.

Wau ta Wong Agung Ngurawan. Sarêng miyos watên[36] sitigil[37] binaturana[38], kasongan witana di rinukmi, abdi dalêm prajurit ikang jajari, ing ngarsa prayayi Wirabraja Brajanala, kathahira sèwu sisih, ing kanan wadya kêtanggung, wura[39] prajurit, mandhung maodara, kanoman jayataka, tanusêtra jagabaya

--- [f. 21r][40] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 7 dari 17

Jagasura Nirbaya, ing kanan kering prayayi Nyutra Adisura Tarunajaya, Sarawisa Wisapracăndha, Nyakragnyana, pasikêpanira warna-warna, kang wontên ngarsa dalêm kajinêman, lan prayayi pranakan Kartiyasa, sikêp pêdhang tamèng, panakawan ngarsa kapering kanan.

Rêp.

Wau ta Wong Agung Ngurawan, pantês tan ana iwang[41] yèn pinarak won[42] ing dhêdhampar dênta, ginontrang kêncana, pinatik nawarêtna alèmèk baludru wungu sulam rinenda adi aisi sari, sri nalendra pratistha yèn akampuh parangrusak, apanisêt[43] pita surati, kang lêbêt mawi panisêt cindhe jalamprang ijêm, sinampirakên ing dhuwungira kaprabon. Alancingan cindhe bêbuton rinenda adi, abigêl[44] natasmara, kilatbau sarparaja, ulur-ulur dèn reka nagendrasmara, mêgêp[45] kuluk dèn reka ukêl kêkêlingan. Ajamang susun tiga, kinancing garudha mukur,[46] asangsangan mas căndra wirama, asêkar kêncana dèn reka agrèk[47] sitèngsu, arumbing kinalacakra apanugul[48] itên[49] bumi soroting rêtna pagut lan liringing tingal, kaya ta kilat barung lan thathit, wibuh[50] akarya wirarong[51] sri nalendra agêgănda jêbad kêsturi gandane anrus sapaglaran. Sarta ingayap [inga...]

--- [f. 21v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 8 dari 17

[...yap] para biyada pinisêpuh wontên kilèn, ikang wetan baning para putra dalêm, pêpingitan magung[52] kang abêkta upacara, plara-rara kanan kering kathahira kalih lajur sisih, tur padha ayu linuwih sêdhêng nome, apêngadêg lidhu[53] sêkar, abusana raras, aragi nata asurya biseka, kaya ta murca kêdhèpêna[54], sirna kamanusane Wong Agung Ngurawan, kaya ta Bathara Endra pinarak watên Sulendrabuwana, sarta ingayap sakathahing widadari, wau ta sakathahe ikang anakil,[55] upamine kados lintang abyor kalaning dalu, sarêng kawijilan ing surya nalendra, sudama nir ujyalanira, kaluhuran ing Sang Yyang pratogapati,[56] sadangunira pinarak sri nalendra sadèrènge ngandika, sirêp sadaya ing panakilan, nadyan taru tan mosik. Amung syaraning gêndhing pandhe kêmasan, ikang taksih mungêl, lan paksi êngkuk angukung[57] ing tawang.

Wau ta dèrèng dumugi gènira imbalan wêcana Wong Agung Ngurawan, akalihan pun Apatih Jêksanêgara, kasaru dhatênge utusan saking tanah sabrang gègèr ing jawi kaya gabah dèn itêri[58].

Rêp.

Wau ta pun Maesanabrang sarêng katimbalan dhatêng Wong Agung Ngurawan,

--- [f. 22r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 9 dari 17

alon tinêtêpakên udhê[59] gilige, kinancing lan kesyane, ingèglèngakên dhuwunge, linosorakên koncane polahe kaya ta mênjangan ragah[60].

Rêp.

Wau ta sadhatêngira pun Maesanabrang, ikang sami asewaka sami cingak sadaya, sami gupita-ginupita ikang wontên ngajêng jawil kang watên wiking, kang wontên wiki[61] jawil ikang wontên ngajêng, ya makana[62] yitnanira pun Maesanabrang, I I gêdhe nêgara Ngurawan, layak kasusra kajana priya têka nêgara sabrang, tan prabeda karo panjênêngane gustiku ing Maguwa, malah wingit iki muguh[63] pasêmoning nata, wau ta Wong Agung Ngurawan, sarêng aningali dhatêng pun Maesanabrang, ya makana yitnanira Wong Agung Ngurawan. Baya dikokon[64] apa marang Si Klana, dene bupati kang dikokon.

Wau ta Wong Agung Ngurawan sarêng mirsa ature pun Maesanabrang, sêkala amaku[65] duka.

Apa prataning[66] duka, kumêdut padoning lathi, jaja bang mawinga-winga mangutar-utaring[67] manah mangrêda ing pêpusuh, kaya ta bêdhaha ing lambung yèn sinabêta mêrang sagèdhèng bêl ya mêtua dahanane, nulya ngandika.

Wau ta sarêng sampun dhawah timbalan dalêm, angragoni[68] tuhu sabda

--- [f. 22v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 10 dari 17

pandhita ratu, ngandika sapisan rampung, lir upamane mangsi tumiba dêlancang tan kêna lumèbèk, lah i[69] kono nulya kondur angêdhaton. Têdhak saking dhêdhampar gadhing.

Pantês tan ana iwang ye[70] kondur angêdhaton, ginêrbêg sakathahe para biyada, magung muwah atênapi badhaya, udakawis kalih lajur sisih ikang ngampil upacara, ikang ijo pêpilingane kang rompyoh-rompyoh sinome, kang sapêkak têngahe, kang sajari miring tapake, kang ketol-ketol bêrotole, kang mandul-mandul payudarane, kang mungal pênggalake kang gampang pêlatukane.

Mara-mara dêg rêgêdêg-rêgêdêg.

Wau ta Radèn Brajanata sarêng mirsa ature pun Maesanabrang kaya pinêtik talinganira.

Wau ta ikang tămpa sêmu dalêm, Nyai Angsoka kalih Nyai Angsana, palajênge kaya ta mênjangan katawang.

Rêp.

Wau ta sakondurira Wong Agung Ngurawan, ing kamandhungan botên pinarak, ing srimênganti botên pinarak, kèndêl wontên danapratapa, apa binasakakên danapratapa gapura, mulane gapura ingaran danapratapa danane yèn kalakahan[71] kawula jalêr lan èstri, tapane yèn kala kodanan [koda...]

--- [f. 23r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 11 dari 17

[...nan] kapanasên, wau ta Wong Agung Ngurawan, aningali pêthetan sêsêkaran. Lah i kono nulya watên brêmara angosya sari, sari maksih kudhup akarsa dèn isêp,[72] têka akèh polahe kang brêmara, têka mèsêm sajroning galihira Wong Agung Ngurawan.

Puh Mêgatruh.

Lumiyat ing kawiryan kangjêng sang prabu | kadhaton saniskarèki | lir pendah syarga ya nurun | gapura gêng adi rukmi | cinitrèng rêtna sumarot[73]||

Lumiyat aningali kawiryawan kasigihan,[74] kadhaton wus ngarani, saniskara sadaya, lir pendah têtodhene,[75] syarga ya nurun pranyata kadhaton ing Bauwarna punika èmpêre kaya ta ing syarga, gapura korining kadhaton ing Bauwarna kang wijil pisan punika gapura namane, gêng gêdhe, adi luwih baguse, rukmi kêncana, tuhu gapura kêncana, rênggannya Patrakusuma, rinaja mulya lising gapura sinerang wardi[76] ijêm wungu biru, bêbulêtira lulusan kimawon. Gulu mêlêd rinêgèng[77] sêsaton, mawi kaca ing têngah cawiri[78] ingapip[79] pêksi, supiturang mawi manyura ngigêl, sêmune kaya ta asmara ing jalma kang lumaku, sêlaning candhiraras. Mawi kêkuwung tumêlung ing baturawi sêmune kaya ta arsa nginum ranu, cinitrèng rêtna

--- [f. 23v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 12 dari 17

sadaya, sami mawi pinatik ing itên, mirah jumêrut, sumorot tejane pating palancur.

Mèru tulya prabanya rêtna sumunu, pagut lan kênyaring rawi, sumirat lir surya sèwu, gupalanira mangapit, inêb-inêb gêdhah ijo.

Mèru tulya upane gapura ing Bauwarna, kaya ta Gunung Mahamèru, gêdhene dhuwure, mila sapunika dening angukuli[80] pucang tirisan. Praba pucaki[81] gapura tinugu[82] lan itên bumi, botên agêng alit, udakawis sagêndhuri, apa têgêse gêndhuri sapêntiling waluh gerong, sumunu cahyane pagut lan kênyaring rawi, sorot-sinorotan lan Sa[83] Yyang pratogapati, sumirat lir surya sèwu wus angarani, gupalanira mangapit, têgêse rêca buta angapit ing kori, sêmune kaya ta ajaga ing lawang, saliring reka lir tan rêca, saking istijrade sang prabu, kaya ta buta satuhu kang atugu lawang sela matakêb,[84] sarta dèn cêpêngi bêdhama, yèn wontên jalma lumêbêt, kaya amêdhanga gapyuk, irunge jinara trêrus, dèn isèni kombang

--- [f. 24r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 13 dari 17

kêbo yèn wontên tiyang langkung brêngêngêng kaya nauta ing lambung dhêl, inêb-inêb gêdhah ijo wus ngarani.

Yayanging[85] reka satriya asmarèng rum, palataran binotrawi, nagendra tambanging ranu tinurut sêkar kumuning kamarutan gandanya ngrok.

Yangyanging reka satriya asmarèng rum, inêb-inêbing kori, sinurat rigit[86] kêkalih, dèn reka putra lan putri yèn têtkalanira mênga kaya wong sêsêmayan, yèn minêb kaya wong pêpasihan. Palataran binotrawi wus ngarani, toya nurut banon cêpuri myang wêrana, tinurut sêkar kumuning kamarutan gandanya ngrok. Wus ngarani, sêkar kajêne kang tumiba wontên ing toya, sinaraban ing mina, polahe[87] mina kaya ta jalma drawina, tămbra agêng yèn ngambang awor lan tămbra alit, sêmune kaya ta satriya pinarak, ginêrbêg ing para biyada magung plara-rara, urang ucêng kaya ta parêkan. Wadêr lyannya punika bayak-bayak, sêmune kaya ta bêdhaya kinidungan. Wadrê[88] pari ya nglêngladosi,[89] kutuk lele sapêpadhane, sêmune kakaya[90] [ka...]

--- [f. 24v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 14 dari 17

[...kaya] ambadhudi, sarwi angêploki, wus tan kocap pracekaning ulam, nagendra tambanging ranu, ilèn-ilèning toya kilèn, pêrnahira, mijil saking tutuking naga suwasa, makutha mas panugulira mawi rêtna, awak sapratigan katidhihan[91] wêrana, batut[92] malêngkuk mangigil,[93] kaya ta pêpêcut, sêmune kaya asung parentah saniskaranira kang ana sajroning toya, sangigiling[94] garojogan, kadamêl siram ing para garwa, para priyayi, pêpingitan, sadaya, mila ilèning toya atanjrak găndawida, asarah campur bawur mênur gambir mêlathi, awor lan sêkar kajêne kang tumiba wontên ing toya, mila kongas gandanira kang baturawi[95], kaya ta hèr mawar, mila yèn wontên prayayi jalêr langkung kang ragi gêloco sami mêdhêt[96] layoni[97] kang wontên toya, sêmbrananira kadamêl jimat darapon awèta anèm, toya punika yèn kadamêl kêmu lêpat ing ompong, yèn kadamêl raup, lêpat ing lamur.

Rêganirèng[98] lêbu pakaja sotyèku, tan kasawur rina latri paksi jiwata sètèku karongron wus tan winarni lyannya rêganing

--- [f. 25r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 15 dari 17

kadhaton.

Lêbu pakaja, palataran kasêbaran wêdhi malela, akarikil itên mirah jumêrut. Sorote pating karênyêp, pating pêncarong,[99] para gusti kang sami asimbar itên, acanthèng mirah sêmune kaya ta widadari dolan lintang, tan kasawur rina latri, têgêse kadhaton ing Bauwarna tan katênan[100] dalu lan siyange, sawab kaujyalan ing kêncana sêsotya myang kaca, panêngranira dalu lan siyang, paksi jiwata seta karongron. Pêksi manuk, jiwata maliwis, seta pêthak, karongron sajodho, yèn raina pisah maliwis punika, yèn dalu kumpul.

Wau ta salêbêtira Wong Agung Ngurawan, kaya ta bramara angosya sari.

Anêgih[101] punika ikang wontên salêbêting kadhaton, gupit mănda kinira kang musthika, garwanira sri nalendra ing Ngurawan, salamine ikang raka atamuwan parangmuka, ing tana[102] sabrang, sandyah[103] pramèsyari tansah asêdhih kikin,[104] ambratana wuyung, yèn siyang tan asal[105] dhahar, yèn dalu tan asal [a...]

--- [f. 25v] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 16 dari 17

[...sal] sare, wau ta sadangunira tinilar miyos sinewaka dhatêng ikang raka, tansah angarsa-arsa, ya mangkana yitnanira sandyah pramèsyari, kadingarène kaka prabu olèhe miyos sinewaka têka suwe, beda lawan saban-soban, baya akarsane apa.

Wau ta sinigêg ikang kêrsa dhatêng taman, kocapa kang wontên pasohan paglaran, ikang wêg[106] tata dêdamêl, kaya ta brêmara umung.

Rêp.

Anêgih punika Kya Patih Jaksanêgara, ikang dawêg atata-tata dêdamêl, kalihan ikang putra Radèn Arya Sinjanglaga, katiga Radèn Brajanata, pêpak sadaya wadyabala Ngurawan. Punapa dening wadya Jêgala[107] kaya ta sêgara rob ambêlabar, pangagening wadyabala kaya ta sêkar sataman.

Wau ta pun Gunapamukul ikang kinon anêmbang têngara, lah i ko[108] nyat nulya ambêndhe, kung, kung, kung.

Rêp.

Lah i kono bodhol sadaya, dêdamêl Ngurawan, tandanging wadyabala kaya wêrdu ăngga sasra, wêrdu lintah ăngga banyu sasra sèwu lir pendah lintah sèwu barê[109] kumêlab. Syaraning wadyabala kaya wêrsa kintaki, wêrsa udan, kintaki pajatèn, kaya ta udan sajroning pajatèn,

--- [f. 26r] ---

Wayang Gêdhog, British Library (MSS Jav 62), akhir abad ke-18, #940: Citra 17 dari 17

lampahing wadyabala kaya ta sela blakiti, sela watu blakiti sêmut, lir pendah sêmut adulur, dhatêng aneka-neka pangagening wadyabala, ikang rasukan cêmêng kumpul sami cêmêng, yèn sinawang lir pendah mêndhung, ikang rasukan abrit kumpul sami abrit, yèn sinawang lir pendah sêkar plasa nêdhêng, ika[110] rasukan putih kumpul sami putih, yèn sinawang lir pendah kutul[111] sarawa, ikang rasukan kuning kumpul sami kuning, lir pendah kapodhang angisêp sari, ikang rasukan biru kumpul sami biru yèn sinawang lir pendah sêgara tanpa têpi, ikang rasukan ijêm kumpul sami ijêm. Yèn sinawang lir pendah bèthèt sèwu sarêng anêba, ikang rasukan wungu kumpul sami wungu, yèn siwang[112] lir pendah mêdhung[113] ngêmu ludira, ikang rasuka[114] sora-sari kumpul sami sora-sari, yèn sinawang lir pendah sêkar sataman. Kunang pracekaning bêdhil, tibatangira[115] kang adoh katon lela, duwèk ilang katêmu udêrbus. Jalma wawuh sunapan. Jalma karongron bêdhil pêngantèn, prawan tanpa sinjang bêdhil lara kawudan, kawining wanodya wawrat kêrbin. Bulus alit pêstul. Lalêr gêdhe tiktak, kawokan bum, balang wongwa gutuk api, jalma kapidhara kalataka[116], satriya wibawa gurnada, suka ing manah gurnat. Mega malang sasi sumurup mariyêm.

 


Judul ini ditambahkan oleh Yayasan Sastra Lestari. (kembali)
kasangga (kembali)
kaungkulan (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
angungkurakên. (kembali)
tinandur. (kembali)
angsal (dan di tempat lain). (kembali)
danane. (kembali)
pinunjul. (kembali)
sri. (kembali)
10 ponjèni. (kembali)
11 jawata (kembali)
12 pamangsah. (kembali)
13 bulupêkti. (kembali)
14 dhatêng. (kembali)
15 mintir (kembali)
16 pangrêngganing. (kembali)
17 sintên. (kembali)
18 kanggêp. (kembali)
19 angangge (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
20 munggèng. (kembali)
21 wêdananing. (kembali)
22 nuntên. (kembali)
23 wingking (dan di tempat lain) (kembali)
24 menggok (dan di tempat lain). (kembali)
25 myang. (kembali)
26 wondening. (kembali)
27 sungging. (kembali)
28 Teks asli kurang jelas. (kembali)
29 tumênggung. (kembali)
30 Terdapat salinan digital kedua dari halaman ini yang merupakan sisi balik dari sisipan yang disebutkan dalam catatan kaki untuk halaman berikutnya (f. 21r). (kembali)
31 panganggening (dan di tempat lain). (kembali)
32 panangkilan (dan di tempat lain). (kembali)
33 kridaning. (kembali)
34 anglangkungi. (kembali)
35 suminggah. (kembali)
36 wontên (dan di tempat lain). (kembali)
37 sitinggil. (kembali)
38 binaturata (kembali)
39 wira (kembali)
40 Terdapat salinan digital kedua dari halaman ini yang tampaknya salah diberi nomor "f. 20ar" dan seharusnya "f. 21ar". Versi kedua ini memuat sisipan (berupa secarik kertas) yang kemungkinan ditempelkan pada tepi kanan halaman. Sisipan tersebut tampaknya menawarkan alternatif redaksi untuk beberapa baris, namun belum ditranskripsikan. (kembali)
41 ingwang (dan di tempat lain). (kembali)
42 wontên. (kembali)
43 apaningsêt (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
44 abinggêl. (kembali)
45 mênggêp. (kembali)
46 mungkur. (kembali)
47 anggrèk. (kembali)
48 apanunggul (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
49 intên (dan di tempat lain). (kembali)
50 wimbuh (kembali)
51 wirangrong. (kembali)
52 manggung (dan di tempat lain). (kembali)
53 lindhu. (kembali)
54 kinêdhèpêna (kembali)
55 anangkil. (kembali)
56 pratănggapati (dan di tempat lain). (kembali)
57 angungkung. (kembali)
58 intêri. (kembali)
59 udhêng. (kembali)
60 ranggah. (kembali)
61 wingking. (kembali)
62 mangkana (dan di tempat lain). (kembali)
63 mungguh. (kembali)
64 dikongkon (dan di tempat lain). (kembali)
65 amangku. (kembali)
66 pratandhaning. (kembali)
67 manguntar-untar. (kembali)
68 angranggoni. (kembali)
69 ing (dan di tempat lain). (kembali)
70 ya. (kembali)
71 kalangkahan. (kembali)
72 ingsêp (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
73 sumorot. (kembali)
74 kasinggihan. (kembali)
75 têtondhene. (kembali)
76 warni (kembali)
77 rinênggèng. (kembali)
78 cuwiri (kembali)
79 ingapit. (kembali)
80 angungkuli (kembali)
81 pucaking. (kembali)
82 tinunggu (di tempat dan bentukan lain). (kembali)
83 sang. (kembali)
84 matangkêb. (kembali)
85 Yangyanging. (kembali)
86 ringgit. (kembali)
87 Terdapat dobel sandangan: polahe atau polahing. (kembali)
88 Wadêr (kembali)
89 nglêladosi. (kembali)
90 kaya. (kembali)
91 katindhihan. (kembali)
92 Teks asli kurang jelas. (kembali)
93 manginggil. (kembali)
94 sanginggiling. (kembali)
95 botrawi (kembali)
96 mêndhêt. (kembali)
97 layoning. (kembali)
98 Rêngganirèng (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
99 pêncorong. (kembali)
100 kantênan. (kembali)
101 Anênggih. (kembali)
102 tanah. (kembali)
103 sang dyah (dan di tempat lain) (kembali)
104 kingkin. (kembali)
105 angsal (dan di tempat lain). (kembali)
106 sawêg. (kembali)
107 Jênggala. (kembali)
108 kono. (kembali)
109 barêng. (kembali)
110 ikang. (kembali)
111 kuntul. (kembali)
112 sinawang. (kembali)
113 mêndhung. (kembali)
114 rasukan. (kembali)
115 Teks asli kurang jelas. (kembali)
116 kalantaka (kembali)