Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922

Judul
Sambungan
1. Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922. Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922 (Pendahuluan: Indonesia). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
» Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922 (Pendahuluan: Inggris). Kategori: Agama dan Kepercayaan > Wulang.
Citra
Terakhir diubah: 29-01-2024

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Pranatan Islam[1]

--- [1] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 1 dari 90

[sampul depan luar]

--- [2] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 2 dari 90

[sampul depan dalam]

--- [3–36] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 3.1 dari 90
Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 3.2 dari 90

[...][2]

--- [37] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 4 dari 90

[sampul depan luar]

--- [38] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 5 dari 90

[sampul depan dalam]

--- [39] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 6 dari 90

Bismillahirrahmanirrahim, sakèhing puji ing Allah, Pangeraning alam kabèh, ikang[3] anuduhakên mar[...] abênêr lan nurgrahaning[4] Pangeran, tumêka ring nabi kita ring Bagindha Muhammad, kang sinalamêtakên, utawi sakathahing kulawarganira, myang sahabatira kabèh, sawusing amuji ing Allah, amuji ring utusan, kang linêwih saking para nabi kabèh. Nyan ukum saking fèk, sinêmpil masalahe kang kalampah kentasa. Nyan ukuming banyu saking kitab Muharar[5] myang saki[6] kitab Ilah,[7] muwah saki kitab Suja'ngi,[8][9] miwah tikahing[10] banyu sakathahi[11] banyu kang tumurun saking langit, muwah kang mêtu saking bumi, suci anucèkên,[12] sarunpane[13] yadyan arupaa gêtih pon, toya iku lamon mêtu saking bumi, suci anucèkên, lyiring toya kang saking langit, udan, bun, kang saking [sa...]

--- [40] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 7 dari 90

[...king] bumi, toya sumbêr, toya mamata, toya sunge, toya talaga, toya sagara, anapon toya suci, tan anucèkên, banyu kêkuluh ingamèt farlhu taharat, kaya kêkuluhing wudlu,[14] kaya kêkuluhing janabat, lamon kirang rong kulah,[15] musta'ngamal, banyu masta'ngamal, iku wênang sagawehane, anging lamon goning asêsuci tan wênang, kaya banyuning kalapa, atawa kang pinuh saking kêkayu, atawa saking gêgodhongan, iku kabèh suci tan anucèkên, nyadyan sakèhane lan sakèhing banyu kang kalêbon dening ganda owah ta gandaning[16] toya iku pon suci, tan anucèkên, lamon posih owah ring dhèwèke kang wus ing

--- [41] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 8 dari 90

banyu gène kaya awi-awi, gagêng, lumut, kayu apu êndhut, nora sakaning angapa, lamon ginutukakên lêbur, gêlêpung, owah ta rupane, atawa gandane pon musta'ngamal, muwah toya kalêbon najis, yadyan owaha, tan owaha gandane rupane, lamon kirang rong kuluh najis, lamun gênêp rong kulah nadyan kuranga saratal rong ratal, lamon tan owah nora najis, lamon posih owah sakèhane najis, lamun kang lyan saking banyu, kalêbon najis, kaya lênga, madu sapêpadhane iku kang dudu banyu, lamun si kengang awor najis, nadyan akèha akêdhika, owaha tan owaha, najis, lamon posih najis tumiba ing kênthêl kaya bubur gudir kewala cinangkowak ingidêran, sawangêning kang najis, muwah lamon banyu kalêbon wangke kang

--- [42] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 9 dari 90

tan mili gêtihe, kaya kalabang, kalajêngking walang, wila lan sapêpadhane, iku lamon ora owah nora najis, kèhing banyu rong kulah, limang atus ratal, saratal wêrat satus salawe, lan cinêgah isti'ngamal, warnaning toya isti'ngamal, kaya toya kapanasan, ing wêwadhah tapak paluning apandhe, lan ora rus awêwadhah mas salaka, ana kaul angucap, agawe awon tan arus, karana andika nabiyullah, kang sinalamatakên dening Allah, sing sapa anginum toya wêwadhah mas salaka, dadi api naraka ing wêtênge, wênang gawenên wêwadhah, salyiring nawa ratna, kang sarwa mukya, wênang lamun wêwadhah sigar tinambêl ing mas salaka, lamun sakira-kira bêdhahe liwat saking sigare, [si...]

--- [43] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 10 dari 90

[...gare,] kawilang wêwadhah mas salaka.

Punika tingkahing amasuhi dodot kênang najis, atawa pinêlêtikakên ing jawuh atawa ingadhangakên ing toya mili, kang asêru, atawa kinobokakên ing toya agêgêng,[17] lamun ilang gandane, rupane, suci ukume, lamun ing toya akêdhêk tinuruh pinuh, lamun wus aêning turuhe suci.

Punika tikahing wêwadhah kang kadilat ing asu, cèlèng, ingalapan isine, winasuhan wêwadhahe mali ping pitu i[18] lêbu kang suci sapisan karihin lan banyu.

Punika ukuming banyu mili padha lan mênêng, lamun akêdhêk, ukumi[19] kaul la'ngif, banyu mili suci tandhaning banyu kang wngowah[20] suci owah rupane, gandane rasane, lamun banyu owah ing dhèwèke, sabab owah lawasing pasêsimpênan, lamun owah sadhidhik, nora sangkaning apa

--- [44] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 11 dari 90

lamun banyu owah dening najis, gandane rupane, dèn lêbonana wêwangi, mari aprandene nora suci.

Lamun ana wong apakeling ing kana ana banyu têlung wêwadhah, kang sawêwadhah uyuh, sawêwadhah banyuning gogongan, sawêwadhah banyu têmên, dèn parani, ya ta dèn têmu kaya pawarahe winutahakên uyuhe, tumuli atayamuma, sawusing atayamum, awudlua ring wêwadhah sawiji, ring wêwadhah sawiji-sawiji sapisan, atawa si sawuse winutahakên uyuh ika, sak ingkang karihin, arus amiliha kewala tayamum.

Muwah lamun ana wong awêtra, ing kana ana banyu rong wêwadhah, sawêwadhah suci, sawêwadhah najis, arus amiliha punang winêtran, sabote manahe punang winêtran,[21] dèn anggoa, lamon wong roro winêtran, padha amiliha sabote manahe [mana...]

--- [45] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 12 dari 90

[...he] anging tan kawasa, angikut-ingikut, asambahyanga sowang-sowang, sami lan ukuming wong pangling adudon kibêlat, tan arus angikut-ingikut. Muwah wong sak ing wudlune arus, dèn nyatakêna, ring sabote manahe, lamun awrat maring ana, tan ilang ukume, lamun awêrat maring ilang, awudlua malih, sunat awudlua malih.

Punika ukuming banyu rong wêwadhah, sami najis, awyatyara sakulah sewang, tinunggal ing wêwadhah sawiji, dadi gênêp rong kulah, suci ukume nadyan pindhah-pindhahên malih suci uga.

Punika kuliting-kuliting[22] bêbathang, suci lamun pinamak, anging kuliting asu lan cèlèng tan arus pinamak. Nadyan ana kanaka ewan, arupaa ewan kang halal, prandene tan arus pinamak kulite, maksi[23] naji.[24]

--- [46] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 13 dari 90

Muwah witing najis sajêng, lan sakèhing kang amuroni, panging najis asu, cèlèng lan sakèhing bêbathang, anging bêbathanging anak Adam, lan bêbathang ingwak, walang, kang tan najis.

Anapon gêtih lan utah lan nanah, lan wadi, madi, mani, kalyan sakinga anak Adam najis, muwah sakèhing lar, wulu, lamon règèl saking uripe kawilang bêbathang, anging rambuting ewan, kang halal suci.

Punika tingkahing angalapi najising sajêng, maka ginawe wêrak, ajawi wênoworan saasême dhèwèk, lamon dèn wori atawa uyah apu, yadyan salawasane maksi haram, yadyan ping dèn worêna tan arus, lamon si dèn pe atawa dèn aubakên, nora sakaning apaa, lamun kêna ing uyuhi rare cili, lanang wadon, kang durung amangan sêga, sugri ingusapan

--- [47] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 14 dari 90

lan banyu.

Nyan sakèhing najis kang nora katon, rupane nyata, nora winasuhan, lamun sarwya kêna ing najis, pinaksa tan ilang, suci ukume.

Punika karaning ilang wudlu patang frakara.[25] 1. barang mêtu saking dêdalan roro, têgêse nadyan mêtua sêsotya yan saking dubur lan khalam, atawa uyuh, wadi, madi, atawa êntuk,[26] kang tan angilangakên wudlu mani, anging parlu adus, lamun ana soring wudêl, tatu mêtu saking tatu kaya kang kawatêk, iku kang mêtu saking mêmarga roro iku yan amuntoni ing marga roro ika, dadi ilang wudlune, 2. ilang budine, sabab edan, atawa kalêngêr, atawa aturu, atawa angantuk, rênggang bêbokonge saking bumi, 3. anggêpok wong wadon, kang alal kinawin, karone ilang wudlune, kang anggêpok-ginêpok, saking ukum roro, nora sangkaning angapaa, anggêpoka [anggêpo...]

--- [48] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 15 dari 90

[...ka] kuku rambute, untune, lan rare cili, nora sakaning angapa, 4. kang anggêpok kalayan angandhèwèk atawa parjining wong lyan, lan atining tangan, atawa wêtênging jariji, mangkana ing wong wadon, sami lan ukuming wong lanang, mangkana malih agêpoka saidêring dubur, ujari[27] kaul jadid, nora ilang anggêpoka parjining sato, muwah nora ilang anggêpoka farjinène dhèwèk lan sêlaning jariji, atawa tungtungkunging[28] jariji, nora sangkaning angapa, nyata ing wajah roro, parjining mayid, lan parjini[29] rare, karone iku ta angilangakên wudlu, makangna[30] malih parjining kuming lan tanganing jimpe sami lan waras, makana pon ringgêpi, saparti maksih angilangakên wudlu. Nora rus ing nora na wudlune yan asambahyanga, yan atawafa, anggarapa musahaf, sakalyiring musahaf, atawa kêkandhine, pêthine, têtaline, lamun durung apisah lan [la...]

--- [49] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 16 dari 90

[...n] musahafe, atawa kang sinuratakên, loh winaca nora rus, atawa si cinukit lawan kayu nora rus,[31] beda lan kang sinuratakên ing dinar, atawa ing tapsir, ing fèk, arus anggawaa musahaf, wong tanpa wudlu, lamun wor lan sasêsimpênan, atawa rare amacaa, anulisa wênêng.[32] Punikan[33] tikahing arêp atêtoya, ayun andhihinakên suku kiwa kalaning dhatêng jamban, tikahing mêndhên suku kiwa, dèn katindhihan, lan aja angarêpakên sangenge wulan, lawan sampun angungkurakên karone, lan dèn adoh saking madahab, lan pabêbanyon, arêp tinebengan, lan aja anguyuh ing banyu mênêng, lan sampuning sarwya lèng, lan sun angayunakên angin, sampun têngahing marga, soring kayu kang pinangan wohe, lan aja angayunakên kibêlat, lan aja wêwasuh êgoning[34] angising, lan arêp angrak, lamun anguyuh, lan amaca tatkalaning majing[35] ing jaban,[36] bismillah Allahumma inni a'ngudubika minal kubatsi[37] wal habaitsi manasyetannirajim. [mana...]

--- [50] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 17 dari 90

[...syetannirajim.]. Tatkalaning mêtu saking jamban, amacaa ghafranaka alhamdulillahi laah raja'ngani adza wa'ngafani.

Nyan farluning angawêwasuh arus lan banyu lamun cinêndhêk, sabarang kang angilangakên najis wênang, anging sakèhing najis kang haram, tan yogya nggèning asêsuci, atawa sakèhing kang pinangan, atawa si kaca kang akuli mas, atawa balung, atawa untu, rambut, wowohan, tan arus gèning apèpèr. Tan arus ta wêdaling najis iku, lamun ajur, apêpèlèt, liwat saking dubur, nora kawasa nora lan banyu, lamun posih wêtune tan apêpèlèt, lan watu balaka, pon arus, tatapi ta lan anganggo sala[38] sawiji banyu uga utama, kaliwat utama, lan asêsuci watu, lamun posing mêtu lyan saking tai, atawa sêsotya, sapartine nora wajib winasuhan, muwah lamun anguyuh, liwat saking kasapah ora kawasa ora winasuhan, lan bêbanyu. Punika farluning amèt wudlu nêm parkara. [par...]

--- [51] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 18 dari 90

[...kara.] Niyat, rafaal adas, atawa niyat istibaatis salat. Lamun wong anadhang[39] lara, atawa tan pêgat amêdalakên marus, atawa bèsèr, nora rus asaniyata[40] rafa'ngal adas, kewala aniyata, kewala aniyata istibaatis salat, 2. amasuhi rêrai, sawêwangêning rêrai, ujuring rêrai, sapingdhuhure, sawangêning kuping sore ingêting janggut, alange wangêning kuping, salan-salini, tingkahing rêrai, lamun alis akandêl, atawa idêp, athi-athi, tali rukuh, salyiring wudlu, kang muguh[41] ring rêrai, akêtêla, aranga ingasuhan, dèn têka ing kulite. Lamon ing jêjegot,[42] lamun arang, dèn têka ing kulite, lamun kandêl jaba kewala, 3. amasuhi lêngên karo, wangên ing sikut, yadyan tugêla sakarine winasuhan, 4. Amasuhi

--- [52] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 19 dari 90

kapala sanggone wasuhana wênang, lamun katêrikan, rambut, 4.[43] amasuhi suku karo, sawangêning wêwanglu, 6. tartib, dèn turut-turut tataning wudlu, aja balêjatan.

Anapon sunate, arêp asusur malang, iya iku sunat kêkasih, tatkalaning awudlu, tatkalaning asalat, tatkalaning owah ambuning cangkêm, makêruh ta ing wong asusur, lamun lingsir kulon, ing waktuning apuwasa, lan amaca bismillah tatkalaning amèt wudlu, lamon lali tan amaca ring wiwitan, ika pindho, pan arus amacaa, lan arêp amasuhi tangan karo, sadurunging anyawuk tyaya ing dalêm wêwadhah, lan makêruh amanjingakên tangan ing jro wêwadhah, lamun sak ring sucine, sadurunging winasuhan, lan akêkêmua, anêkakên toya ing êlak-êlakan, anging ring apuwasa, cinêgah, lan amasuhi cungur

--- [53] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 20 dari 90

ing jro lan amasuhi ing sakèhe iku, ping tiga ping tiga, lan amasuhi sirah, lamon ewuh dening makutha, ingusap jabaning makutha, lan arêp angurut jêjenggot, saking dhuhur mingsor, lan amasuhi kuping kalih lan arêp andhihinakên têngên saki kingwa,[44] lan arêp andawakakên cahya, lan arêp turut-turut, lan dajari[45] nowanga natkalaning amèt wudlu, lan arêp amaca do'nga, natkalaning amasuhi rêrai, Allahumma bayidl wajhi binurika yoma tabyadlu wujuhu oliyaiyka wala tusawwid wajhi a'ngdaika.

Punika lamun adus sarwi amèt wudlu, asilurup, suwene sakira-kira tutug tartibing wudlu, lawan arêp angusap saking luhur mingsor, punika marganing fardlu adus, wong mati, wong cêmêr, wong hèdl, wong nifas, wong wiladah, lamun nora sarwa gêtih, wong asagama[46]

--- [54] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 21 dari 90

atawa mêdal mani, saking angimpi, atawa mêdal bae tandhaning mani amawa rahasya, tuwin kênthêl, kaya pêputihing antiga, gandane kaya mayanging korma, wajib dinusan, lamun wadi madi, nora dinusan, kewala ingasuhan, padha dusing wong wadon, lan wong lanang, anging bedane wong wadon iku cêmêr, haram ing wong durung adus janabat, nora rus mênêng masjigit,[47] atawa asambahyang, anggarap musahaf, amaca Khoran, lamon amaca kadar sakalimah wênang, lamon dèn maksudakên puji, atawa du'nga wênang.

Punika fardluning junub, têlung parkara, kang rimihin niyat, 2. amaratakakên banyu, dèn warata ing awak wulu kabèh, 3. angalapi najis, kang mujud ring awak. Sunate nêm parkara, amaca bismillah, 2. amasuhi tangan karo, sadurunging [sa...]

--- [55] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 22 dari 90

[...durunging] anyawuk banyung[48] wêwadhah, 3. lan amèt wudlu, sadurunging ngaaniyat,[49] 4. lan angosoki awak, 5. lan dèn turut-turut, 6. lan andhihinakên tangan têngên saking kiwa, lan dèn turut-turut.

Punika tikahing adus sunat, pituwlas farkara, dhumihin, adus jama'ngat,[50] adus ariraya kalih, adus andhê udan, adus grahana kalih, adus sawusing ngandusi mayit, dusing kapir manjing Islam, dusing rare cili klane[51] diwasa, dusing edan kalane waras, dusing kalêngêr kalane eling, dusing eraming wong mugah[52] haji, dusing kalaning manjing Mêkah, lan dusing manjing Madinah, lan adus wêngi ing Muzlipah, dusing mênêng ing Gunung Harfat, lan dusing anggutukakên watu têtêlu, lan dusing atawaf, lan dusing lumaku maring Safa, lawan Marwata.

Punika isarating tayamum, limang farkara, lamun ana kasêsukêraning papa lêlungan, atawa lara, tan kêna gêpok [gêpo...]

--- [56] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 23 dari 90

[...k] banyu, kabêlêt manjing ing waktuning asalat, angulati banyu tanpolih, atawa ing wong alara ika, tan kêna kagêpok dening banyu, atawa sangkaning alawas larane, atawa dadi cacade, yogya ta tayamuma, têgêsing tayamum amèt wudlu lan lêbu kang suci, suwening wudlu kanggo sawaktu, lamun wus waktu, angulatana banyu malih, lamon nora olih, tur kabêlêt waktu, atayamuma malih, mangkana ing wong junub, padha lan wudlu ukume.

Pardluning tayamum patang parkara, niyat, istibaati salat, lan sarldu[53] angusap rai lan angusap lêngên karo wangêning siku, lan tartib. Sunate têtêlu, amaca bismillah, andhihinakên kang têngên, saking kingwa, lawan dèn turut-turut.

Kang ambatalakên tayamum, têlung parkara, barang ambatalakên wudluning tayamum, lamun anêmu banyu, sadurunging asambahyang, lan [la...]

--- [57] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 24 dari 90

[...n] murtad, atayamuma, sakèhi[54] waktu, kaya wong tikêl sinalundhing, ingusap ing jabane kawasa ing wong tayamum, yan asambahyang asunat, saka arêpe kawasa.

Punika tingkahing gêtih kang mêdal saking parji, tigang warna gêtihi[55] cêmêr, gêtih samsuning[56] awêwêka, lan gêtih lara, anapon gêtih cêmêr mêdal saking waras, nora sababing awêwêka, gêtih kang ingaranan istihadlat, gêtih ingkang mêdal liwat saking dinaning arêsêb, liwat saking dinaning nifas, sagêlis-gêlising cêmêr sadina sawêngi, kang kaprah nêm dina nêm wêngi, atawa pitung dina pitung wêngi, salawas-lawase satêngah sasi, liwata uga saking iku, gêtih istihadlat arane, têgase[57] gêtih lara, yadyan tan liwata saking satêngah wulan, lamun beda rupane saking sabran, gêtêh[58] lara uga arane, wênang asêsucia lan asambahyanga, asanggamaa, anging wudlune kanggo sawaktu, lamun arêp asambahyang

--- [58] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 25 dari 90

asêsucia karihin, anganyarana pipih kang suci, mangkana uga sabran asambahyang mokono malih, sagêlis-gêlising nifas, sadhawuh kaprahing wong akèh patang puluh dina, patang puluh wêngi, salawas-lawase sawidak dina, mangkana malih sakirang-kirangi[59] wong asuci, ing wangêning arêsêb, satêngah wulan, lawas-lawase tan kêna winangênan, mapan akèh tan arisêb pisan, sagêlis-gêlising rare cili arisêb, sangang taun, lawase tan kawangênan. Gêlising wong amêtêng nêm wulan, kaprah ta sangang wulan, salawas-lawase patang taun. Harami[60] wong arêsêb, wolung parkara, asambahyang, 2. ngapuwasa,[61] 3. amaca Khuran, 4. anggarap musahaf, 4.[62] manjing ing masjid, 6. atawaf, 7. asanggama, 8. asêsiwo lan laki kagêpoka soring wudêl ruhuring jêjêku,[63] haram.

--- [59] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 26 dari 90

Haraming wong anandhang junub, limang farkara, asambahyang, amaca Khuran, anggarap musahaf, atawaf, alungguh i masjid. Harami wong norana wudlune tigang parkara, asambahyang, anggarap musahaf, amaca Khuran, wênang amacaa lamun sakalimah, lamun dèn maksudakên puji. Punika tikahing asambahyang, sakèhing pardlu limang waktu, awaling waktu luhur, lingsir kulon, ahire dawaning wêwayangan padha lan kang aduwe wêwayangan, lamun lêwih wêwayangan, waktu 'ngasar, iku awaling waktu asar. Ahire surup sangenge, waktu maghrib. 2. Waktu sawiji, awale surup sangenge, ujaring wong satêngah ilanging waktu magêrib, ilangi[64] gême[65] abang kulon, tumuli waktu isa lanjute têka ing fajar, waktu subuh, utamaning waktu subuh, kuning mega wetan, lanjute têka ing wêtuning sangenge. Punika isarating kang fardlu

--- [60] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 27 dari 90

asambahyang têtêlu, Islam diwasa, abudi, ing salat sunat, limang parkara, asambahyang ariraya, kalih grahana kalih anêdha udan, asambahyang sunat, anut fardlu pitu wêlas rakaat, sadurunging pardlu subuh, patang rakaat, sadurunging pardlu dlohor sawuse rong rakaat, patang rakaat, sadurunging asar rong rakaat, sawusing pardlu magrib, limang rakaat, sawusing pardlu isa têkaning witri, sarakaat. Anapon sunat muhakadah, salating wêngi, salat dluha, salat witri, salat tarawih. Punika pardlu jabaning waktu, limang parkara, anucèkên anggauta saking najis, atawa tanpa wudlu, anutupi orat lan dodot, kang suci lan alinggih ring gon kang suci, lan angawruhi panjinging waktu, lawan madhêp ing kibêlat. Arun[66] atinggal kibêlat, lamun ana dèn kawêdèn-kawêdèni [kawê...]

--- [61] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 28 dari 90

[...dèn-kawêdèni] lan sambahyang sunat, lan wong asambahyang dhuhur ing têtugangan.[67]

Punika pardluning salat, sangawlas parkara, niyat, lan angadêg takbiratal iram, fatèh, sarta bismillah, lan arukuh tumaninah, lan atangi saking rukuh tumaninah, asujud tumaninah, lan alungguh antaraning sujud roro lan tumaninah, sujud kapindho, tumaninah lan luguh kang kari, lan tashud salawat, salam kang anêngên, tartib, jroning sawiji[68] parkara ro, niyat mêtu saking salat, lan aniyat asung salam, i jin i malaikat, ing imam, aniyat asung salam ing mahmum kabèh. Anapon sunat sadurunging asambahyang, ana rong parkara, abang akamat, sunat abang hal, jroning sambahyang rong warna, sadat kang awal, lan kunuting waktu subuh, lan jroning witri, satêngêhing[69] [satêngêh...]

--- [62] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 29 dari 90

[...ing] wulan Ramlan. Kèhi sunat hehat, têgêse pêpaès, limawlês[70] parkara, angangkat tangan karo tatkalaning takbir, lan tatkalaning tangi saking rukuh lan asidhakêp, anumpangakên tangan têngên ing dhuhuring tangan kiwa, lan amaca wajahtu, lan ambangêtakên syara ing panujune, lan amaca amin, i panujune, tutuging patehah, lan amaca takbir, tatkalane sujud, rukuh, lan amaca sami'ngallah huliman hamidahu rabbanalakalhamdu, tatkalaning rukuh amaca tasbih, subhana rabbiyal 'ngadlim wabihamdihi, lan jroning sujud amaca tasbih subhana rabbiyal a'ngla wabihamdihi, lan anjujurakên jarijining tangan kiwa ing pupu kiwa, jariji têngên kinêpêl, anging panuduh dèn abênêr yan angucap nafi lan isbat, dèn abênêr yan alungguh, lungguh kang awal alungguh ing luhur wêntis, lungguh ahir, suku kiwa dèn katindhihan dening wêntis têngên, êmpo-êmpolaning[71] suku têngên,

--- [63] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 30 dari 90

dèn angadêg, lan awèh salam kang angiwa. Muwah bedaning wong wadon, lan wong lanang, jroning sambahyang patang parkara. Ing wong lanang andohakên sikut karo saking lambung, lan angêmpèsakên wêtêng saking pupu, ing jroning sujud, lan ananêru syara, lamun ing panujune. Lamun wong lanang amangsiti ing imame lamon kalalèn, winangsitan lan tasbih, muwah orating wong lanang soring wudêl, sadhuhuring jêjêku, miwah ing wong wadon, orate angumpulakên anggautane kabèh, anging kang dudu orate rêraine, lan èpèk-èpèke, lan anglonakên syara, yèn ambawa salat, tan wênang karungua dening wong lanang. Lamon ana imam wadon ambawa salat padhane wadon, kalalèn ta imame ika, lamun apakeling ing imame, anyêblèka awak, sapanujune êgène tumrap

--- [64] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 31 dari 90

lan orate wong wadon, kang amardika sakèhe anggautane, anging atining tangan, lan rêrai dudu orate. Orating wo[72] wadon abdi, kaya orating wong lanang. Anapon kang ambatalakên sambahyang sawlas parkara, kaya arêrasan dèn sadya akèh gawene, ilang wudlune, katiban najis, kabuka orate, barubah niyat, salah kibêlate, amangan anginum, gumuyu muni, murtat.

Punika kèhing rakaating salat, limang atus, ing sadina sawêngê,[73] pituwlas rakaat, pituwlas rukuh, lan têlung puluh papat kèhing sujud, lan sangang puluh papat kèhing takbir, lan tashud sasanga, lan kèhing salam sapuluh, lawan kèhing pardlu jroning sambahyang limang waktu, rongatus nêmlikur. Fardlu jroning waktu subuh tigang puluh tunggal. Fardlune ing waktu

--- [65] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 32 dari 90

magêrib, patang puluh têtiga. Fardluning waktu kang patang rakaat, kaya asar, dlohor, isa, sèkêt lima. Sing sapa nora kawasa sambahyang angadêg, jroning pardlu, sambahyanga sambi ligih,[74] lamun nora kawasa sambi aligih sambahyanga sambi gumuling, lamun si nora kawasa pisan, kewala lan isarating netra, lan niyat ing jro ati. Lamun katingalan salat têlung parkara, atawa pardlu, atawa sunat, atawa hehat, anapon kang fardlu, lamun kaliwatan, nora rus yan ilènana, lan sujud sawi kewala, wajib angilènana ing sakurange. Lamun wong asambahyang saking gênêpe pangrasane atine atawa kurang atawa lêwih, ing parasane[75] dèn antêpaknê[76] kurang, agawea sakurange, ing sapangrasane atine. Sawuse tutug ing rakaate, sasampuning atahyat, sadurunging asung salam [sala...]

--- [66] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 33 dari 90

[...m] maka sujuda sahwi. Lamun wong asambahyang pêtang rakaat kurang ta sakèhe rakaat, sasujud-sasujud, dèn tambêlana[77] rong rakaat tumuli agawea rong rakaat malih, lan asujuda sahwi, lamun si kurang limang sujud ata[78] nêm sujud, atawa pitung sujud, atawa wolung sujud, maka anaura tigang rakaat, lan ana sujuda sawi, anapon sakèhing rakaat, lamon kaliwatan, nora yèn amalènana, nora yan asujuda sawi, anapon sunat abahadl, lamun kaliwatan, nora yogya amalèni, tatapi asujuda sahwi, anapon prênahe sujud sahwi iku, satutuging amaca kama saleta, sadurunging salam kalih. Punika kang wica[79] jroning sujud, subhanaman la yashu wala yarghu.

Punika kèhing waktu lima,

--- [67] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 34 dari 90

nora yogya asambahyanga, anging lamon ana karaning asambahyang saturuning waktu subuh, nora wênang asambahyanga, aingan lamun mêldal[80] sangenge, sakira-kira sakujur lan ing têngange bênêr, aingan lamun uwus lisir, lan ora yogya sambahyanga, i turun[81] asar aingan lamun wus surup sangenge. Punika tikahing salat jamaat, sunat muakadah, têgêse asambahyanga lan wong akèh, nora kawasa tigalaknê[82] aingan wênang atigala, lamun sukêr atawa dening lara, atawa dening udan, atawa ana sangsaya. Pardluning ma'amum, aniyata lan wong akèh, têgase aniyata mahmuman, nora pardlu ring imam, yan aniyata lan wong akèh, lan arus wong amardika, yan angikuta ring wong 'ngabdi, wong balègh, arus angikuta ring wong murahèk, nora rus wong lanang yan angikuta ring wong wadon,

--- [68] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 35 dari 90

karana dene durung balèg, lan nora rus ing wong isa ngaji, yan dèn ikuta dening wong tan bisa ngaji, barang goning asambahyang jrohaning masjid, arus lamun wêruh salating imam, têgêse imam, atawa katon, atawa karungu, nora yan andhihinana imame. Makana malih, wong asambahyang jabaning masjid, arus lamun kawasa anut ing imam, têgêse lamun karungu barang dèn waca dening imam, atawa tanpa têtèbèng. Muwah arusing wong alêlungan, anyêndhêka salat patang rakaat, ana papat isarate, iyaiku panglungane nora sadya ma'ngsiyat, lan dohe panglungane awatara nêmbêlas yojana, lan arêp anaur sambahyang lan arêp aniyat kasran sarta ihram, arus i wong alêlunga angumpulakêna antarani dluhur lan asar, magêrib

--- [69] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 36 dari 90

lan isya, sabaline pan arus, wong ana ring umahe pan arus angumpulakna waktu isya maring magêrib, lamun udur dening udan, punika masalahing wong asambahyang kasran, atawa si dluhur maring 'ngasyar, atawa si asyar maring dluhur, i wajibe ta magêrib maring isa, ora arug isa maring magêrib, sunat i dlohor lan asyar wolung rakaat, patang salam, kinumpulakên dadi patang rakaat, rong salam, pardlune pon mongkono uga tingkahe kang wolung rakaat, dadi patang rakaat, kang pitung rakaat, dadi patang rakaat, i niyate pukika,[83] usalli fardla dluhri maal asri majmu'ngan ma'ngal dluhri. Mokono malih[84] ing magêrib lan isa, pan mangkana ugi tingkahe.

Punika isarating pardlu juma'ngah, pêpitu, Islam kang balègh, kang abudi, kang amardika, kang norana

--- [70] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 37 dari 90

sêsukêre, lan desa kang anjênêngakên jama'ngat, lan isarating anjênêngakên jama'ngat, têtiga wong desa, wong mumin, lamun gênêp patang puluh maka wajib jamaat. Muwah i jroning waktu lamun liwat waktu luhur, pardlune têtêlu, hutbah roro, niyating akotbah sambi angadêg, aluguh antaraning kotbah roro, sawusing kotbah asambahyang rong rakaat, aniyat Jumaat, sunate papat, adus anucèkên badan, lan angago dodot putih, lan anganggo wêwangi, lan sunat kêkasih, ayun mênêng kalaning kotbah, sing sapa têka sambahyang sêdhênge imam ahutbah, asambahyanga rong rakaat sasalam, dèn aglis, dèn alon [...]li alungguha.

Punika tikaha[85] sambahyang ariraya kalih ingaran sunat muakadah, têgêse sambahyanga [sambah...]

--- [71] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 38 dari 90

[...yanga] lan wong akèh, arus asambahyang ariraya wong sawiji, atawa anjênêngakna i palêlungan pan arus, atawa si wong wadon kawasa uga waktuning asalat wêtuning sangenge, lanjut i waktu wangên lingsir kulon, kang utama, kira-kira sangenge sawawata, iyaiku rong rakaat sasalam, sawusing takbiratul ihram, amaca wajahtu ing karone pon mongkono, sawusing takbiratul ihram, rakaat kang karihin, takbira ping pitu, antaraning takbir sawiji, tumulia maca puhniki,[86] subhanallahi walhamdulillahi lailahailallah huwallahu akbar, takbir, amacaa a'ngudzubillah, sawusing tutug atakbir, amaca Fateyah,[87] maca ayat sabih, raka’ngat kang kapindho takbir ping lima, ayate alhata, lan angangkat ing sakèhing takbir, ayating kang dhumihin surat kaf, rakangat kang pindho, [pi...]

--- [72] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 39 dari 90

[...ndho,] surat iktaraba, lamun nora bisa, sabarang ayat pan arus, anapon sakèhi takbir lamon kalalèn, nora yèn amalènana, ujaring kaul kadim, amalèni lamun durung rukuh, maka wusing asambahyang kotbah roro pardlune kaya kotbah Jumaat, lan imam, amêmarahana ing sakèhing mahmum, ukumi wong awèh pitrah, lan ariraya Bêsar, amêmarahana tikahing anabêlèh korban, natkalaning angmimiti kotbah, atakbir pisan, wiwitaning kotbah kapindho, atakbir ping pitu [...]nat kêkasih. Adus ing ariraya kalih, lan sah[...] ro. Pratamaning adus, adusa sadurung[...] waktu subuh, atawa ring têngah wêngi, aparêk esuk, lan [...] ngangge wêwangi, [...] tingkahing [...] Jumaat, utama anjênênga[...] ring masjid, [...]

--- [73] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 40 dari 90

[...] anganggea [...]la rus ing [...] ing sa[...] lan dèn aglis imam asambahyang, lamun ariraya Bêsar sunat atakbira wê[...]ning ariraya [...] jroning sakèhing êgèn [...] i masjid, sarta [...] ujaring kaul [...] atakbira dèn têka waktuning asambahyang [...]ra sunat ing ariraya kêcil, atakbira sawusing [...] magêrib, isa, malêming ariraya, [...] sunat atakbira i sambahyang magêrib, isa, subuh, a[...]lane i mugah haji, amimiti atakbir, i waktu dluhur, ariraya dèn [...] i subuh ing têlung dinaning tasrik olih limawlas waktu [...] saking ka[...] mimitana takbir, ing waktu magêrib, malê[...] mimitana ing waktu subuh [...] ing waktu asar, i têlung

--- [74] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 41 dari 90

dinaning tasrik.

Nyan lamun ana aningali wulan, ring malêm têlung puluh dina, ring wulan Ramlan, awêtra kang alningali[88] wulan ika, i dina têlung puluh, lamun kandêl punang aningali, abukaa, lamun si durung lingsir kulon, arus asambahyanga ariraya, lamun posih wu[89] surup sangenge, nora rus anggêpên punang awêtra, lamon posih awêtra, wusing lingsir kulon, sadurunge surup sangenge, arus abukaa, anging nora rus asambahyanga ariraya, nyata i madahab, satuhune sambahyang ariraya iku wênang liniwatakên, aja jinênêngakên esuking dina, ring kaul asah, satuhune anaur sambahyang ing dina kang kari, i waktu Allah.

Punika tikahing anyatakên asambahyang grahana, iyaiku ta sunat, tikahing sambahyang, kalani ihram, aniyata sambahyang grahana, wusing takbir, Fatehah[90] sawusing Fatehah,

--- [75] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 42 dari 90

amaca ayat Surat Bakarah, lamon tan bisa, sabarang ayat, tumuli arukuh, amaca tasbih ping satus, tumuli angadêga malih, amaca fatèhyah, wusing Fateyah, amacaa Surat Ali 'Ngimran, tumuli arukuha, amaca tasbih, ping wolung puluh, tumuli asujud, sawusing asujud pindho, angadêg malih, amaca Fateyah, amaca ayat Surat Maidah, lamon tan bisa, sabarang ayat, tumuli arukuh, amaca tasbih, kira-kira pitung puluh, tumuli angadêg malih, amaca Fateyah, ayat Surat Nisa, tumuli arukuh amaca tasbih ping sèkêt, sunat asambahyanga lan wong akèh, lan arêp asêrua mêmaca, lamun grahana wulan, lamun grahana sangenge, arêp amaca dèn alon, mangka akotbah sawusing asambahyang, kadi

--- [76] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 43 dari 90

Juma'ngat, lan imam akona ing wong akèh, akèh-akèha dening atobat.

Punika ukumi wong atinggal salat, lamun wong iku, kinon asambahyang ahsa,[91] anglawan, murtad, ukume wong tiku[92] pinatèn, kaya ukumi wong kapir, hartane jinarah, lamon wong iku kinon asambahyang ing waktu sawiji, asangketa, sambahyang ring waktu sawiji malih, têka ing waktune nora sambahyang iku pon wênang pinatèn, lamon maksih apasangketa, liwata i waktu têtêlu, wênang pinatèn uga, anging ingukumakên Islam, sinambahyangakên, pinêndhêm, anging kubure rinata bae, dèn sadalu kak, tikahing amatèni tinugêl lan pêdhang, ukum sawiji sinulah.

Punika tikahing wong anjênêngi wong arêp mati, arêp amelingi lan akon asadya amati, lan atobata, ing wong kang dèn aniaya, utama [uta...]

--- [77] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 44 dari 90

[...ma] ring wong agêring, payah, lan ingadhêpakên maring kibêlat, sadina, parkarane roro, tikahing angadhêpakên ing kiblat, ingingêrakên anêngên, madhêp maring kiblat, lamon posih asukêr yèn iringêna awake kabèh, atawa dening gon, atawa dening lara sakawasane, atawa rêraine balaka, atawa sukune, ingadhêpakên ing kiblat, lan winarahan sadat, lan winacakên Surat Yasin, dèn abênêr i tekade, i Allah, lamon wus mati ingêrêmakên matane, rinapêtakên janggute lawan sèmpèt kang alus, lan ingêmbatakên sakèhe pagêgêlitane awake, lan kêkinukuban dodot kang alus, sawuse i dinusan, sakèhe kulawargane, kang aparêk andusana kang aram dèn kawina, dèn alon-alon dening angusuki dèn agêlis-gêlis, deningra andusi, sawuse nyata mati, iyaiku [iyai...]

--- [78] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 45 dari 90

[...ku] fardlu kifayah. Muwah angafani, anambahyangakên amêndhêm, sakira-kira glising andusi, sawaratane awake, tuwin sailange najise lan ora isa ngisaratakên, niyating ngandusi mayid, sah i parkara roro, tatapi arus andusi wong kapir, i wong Islam, lawan nora parlu dinusan, wong mati i jro banyu, lan goning andusi banyu kang anyar, ing wêwadhah kang agung, muwah lyiring mayit kang tanin[93] pinambahyangakên,[94] tan dinusan, wong mati apêrang sabil, lan rare cili mêdal kang dèrèng asyara, muwah andusi mayit gasal dhumihin, winêdhakan godhong widara, sawusing dinus lan binorehan kapur lan kafani wong lanang têlung lirang, dodot sutih,[95] lan kinalambèn cinalanan, sawuse paragat kinafanan, sinambahyangakên, parkaraning anambahyangakên [anambahyangakê...]

--- [79] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 46 dari 90

[...n] atakbir mali ping pat, amaca Fateyah, sawusi[96] takbir kapindho, amaca salawat dawa, sawusing takbir kaping tiga, amaca du'nga iki, lamun mayit lanang, Allahuma inna adza 'ngabduka wabna 'ngabdeka. Lamun mayit wadon, Allahumma hadaamatika wabna 'ngabdaka ahrajamin rohiddunya wasa'ngatiha wamahbubiha waa abjabihi fihaladlu lumatil khabri mawahuwa dlakhahi wakanayastadu anla ilahailla anta muhammadan 'ngabduka warasuluka waanta a'ngla mubihi allahumma nazalabika waantaherummanzulibihi waasbaha fakiranbillarahmatika wa anta ghaniyyun 'ngan 'ngadagihina wakadjihnaka ileka raghibina sufa'ngalahu allahumma ingkana muhsinanfazidzpihi sanihi waingkana musihan fatajawaza'nganhu walikkhihi birahmatika ridlakal aamana [a...]

--- [80] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 47 dari 90

[...amana] min 'ngadabika wafihi fitnatalkabbirin waadzabahu wajafal ardla 'nganjanbèhi walakkihi birahmatikal amana minwa'ngadabika anta ta'ngathahu inna jannatika yaarhamarrahamin. Sawusing takbir kaping pat, amaca du'nga iki, allahumma ya tuharrimna ajrahu walatsaptina ba’ngdahu waghfirla wala birahmatika ya arrahamarrahimin, tumuli awèh salam, sawusing anambahyangakên tinanêm i kubur, ingarêpakên maring kiblat, sinungan dhingdhing ari, tumuli ingurugan dèn aglis, lan aja suwe ana i jarat, i lanjute ta, kira-kira suwening akamat, lan nora sangkaning apaa, anangisi mayit, lamun nora jêrit-jêrit, lan nora rus anarik dodoti mayti,[97] lan nora kira-kira mayit dèn tangisi dening saisine umahe

--- [81] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 48 dari 90

lan winèhana mangan, anêlung dina, dèn têkaa matang puluh dina.

Punika tikahing apuwasa pardlu ing wulan Ramlan, pardlu ing wong Islam, kang rawuh ing diwasa, iyaiku fardlu 'ngèni, andikaning Allahu Ta'ngala, wus lah tinulisakên ing sira kabèh apuwasaa, andika nabiyullah, ing wong apuwasa ring wulan Ramlan iku fardlu anggênêpana, dinaning wulan Sa'ngban, tigang puluh dina, atawa si aningali wulan, yadyan kiranga dinaning wulan Sa'ngban, arus apuwasaa uga lan saksining aningali wulan, wong roro kang padha bênêr, wong sawiji pon arus lamun abênêr, inganggêp sah ring kaul rlroroi[98] ngisaratakên kang pardlu apuwasa, papat parkarane wong Islam, kang abudi, kang diwasa, kawasa apuwasa, kang norana sukêre, nora pardlu apuwasa

--- [82] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 49 dari 90

wong wadon, i nalikane rêsêb, atawa nifas, wiladah atawa wong alara, atawa wong alêlunga, sakèhe iku ta naura kadla lan farlu ing apuwasa, aniyata sabran wêngi, sawusing surup sangenge, sadurungi fajar, puniyka[99] niyating apuwasa, nawètu aso mughadan min sahri ramlan adzi asunati fardlan 'ngalayya lilla 'ngazawaljalla.

Sunating apusa[100] têtêlu, dèn agêlisa buka, lamun surup sangenge, sunat abuka lan wowohan, lan arêp amaca sêdhênging abuka, do'nga iki, Allahumma lakasamtu wabikaamantu wa'ngalarijkika aptartu wa'ngaleka tawakkaltu yawasi'ngalmaghfirah birahmatika yaarhamarrahamin, ahira mangan sahur, sapatigani[101] wêngi, kang parêk esuk, kaping tiga, atinggal pangucap kang ala, kang linyok, angumpêt, angadu-angadu, anyêgah [a...]

--- [83] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 50 dari 90

[...nyêgah] nafsu saking sahwat, lan angarêmakên anggauta, saking agawe ala, lan arêp adhihinakên adus janabat, sadurunging fajar, lan angraksa saking acandhuk lan angraksa angrasanana sakathahing kang pangan, kang angrusak puwasa, sapuluh parkara, amangan anginum, mutah dèn sadya, lan asanggama raina, ical manine, sawabe dene angambung, atawa wong duhul, nyata liwat saking kasapah, nadyan tan icala, batal, wong edan, wong rêsêb, wong nifas, wong wiladah. Muwah kang nora rus goning apuwasa, ing limang dina, ing ariraya karo, lan tigang dina sawusing haji, lan makêruh apuwasa ing dina sak. Sing sapa asahwat i rainaning wulan Ramlan, dèn sadya wajib akadla nêhêr akafarat, anglêbarêna wăngsa kurên kang purna, lamon nora aduwe, apuwasaa rong wulan, dèn anuli

--- [84] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 51 dari 90

turu-turut,[102] lamon nora kawasa, apuasa dening apês, awèha amangan ing wong miskin sawidak, awrat satus sawidak, ing wong sawiji, pangan kang kaprah i desa, lamun ana wong mati ing jroning wulan puwasa, sinidêkahan awrat samud, sabran dinaning apuwasa kang durung kalakon, lan wong tuwa kang nora kawasa apuwasa, asidêkaha saban abuka samud, atawa si wong amêtêng, wong anusoni abukaa, karana saking wêdine lara anèn anake nora kafarat, kewala akadla balaka, lamun posih akarana wêdi alara anake akalaa,[103] anapon wong akafarat, wong sanunggal, amarêgi wong sanunggal awrat samud.

Punika tingkahing abêburu, tatkalane angêrihakên asu kang ngidhêp janma, patang parkara, tatkalane angêrihakên [angê...]

--- [85] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 52 dari 90

[...rihakên] asu dene gustine akon anyokota, lamon dèn ayon ora matia buron ika, saking panyokote, sarta pakone gustine, mubah ukume, mokono ukumi manuk alap-alap, atawa maca[104] nakar, lamun ginawa abêburu, lamun buron iku katêmu lagi aurip, nora ta dèn sambêlèha, atawa akarana dene norana ladinge atawa dene taksire, kabêlêt mati haram ukume, sunat amaca bismillah natkalaning angêrihakên asu, mualam atawa tatkalaning amanah, atawa salyiring lêlandhêp, kêna aburon ika anuli amati halal, atawa si amukul manuk ing awang-awang, anuli mati halal, atawa lan sanjata, tiba ing lêmah mati nora katututan, yèn sambêlèhên halal uga ukume, lamun tibang[105] ing api atawa ing banyu

--- [86] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 53 dari 90

mati ya nora halal, aingan lamun sampun parna tatune, atawa amêdhang buron cak pisan apalih, halal karo, sing sapa abêburu, amanah buron, angawur nora karuan, kang dèn bênêri, angênanana buron, mati ya halal, anapon tikahing anambêlèh, ana patang parkara, pardlune papat, kang dhumihin êgèning sinambêlèh, soring mêmanik. 2. amêgatakên kulkum. 3. amêgatakên mêmêri. 4. amaca bismillah. Anapon sunate nêm parkara, ingadhapakên[106] maring kibêlat, anambêlèh lan lading kang alandhêp, atawa golok, 3. arêp lan wudlu, kapi[107] pat atakbir, 5. awudlu, amaca salawat, 6. kang anambêlèh wong lanang kang diwasa, kang abudi. Kang kacêgah ing wong anênambêlèh nêm parkara, aja binububutan wulune dhihin, goning sinambêlèh, lan aja tinibakakên asêru, wusi sinambêlèh

--- [87] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 54 dari 90

lan aja binantingakên, 4. lan aja age binunubutan sadurunge mati, 5. lan aja ingusapakên gêtihe ring kulite atawa ring êlare sawuse sinambêlèh, iyaiku makêruh, satêngah riwayat angaramakên arus, 6. goning anênambêlèh salyiring kang alandhêp, atawa kaca, salyiring kang anugêlakên, kang nora rus gèning anênambêlèh, untu kuku[108] balung sungu, arus wong wadon anênambêlèh atawa rare cili lanang kang wêruh tikahing anênambêlèh.

Punika anyatakên tingkahing ewan kang kapangan, kang halal, ewan kang muguh i sagara, kang mati lamun ana i dharatan, sarupanane halal, masih ewan kang muguh ing sagara, kang tan mati lamun têka i dharatan, saparti ulêr, kodhok, kapithing, sapartine iku haram, ingkang nuli mati lamun têka ing dharatan, sarupane halal

--- [88] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 55 dari 90

ewan i dharatan kang halal, kuda, manjangan, manyawak, palandhok, landhak, kancil, tanggiling, sawari, bèbèk, ayam, dara, sapartine iku halal, sapi, wêdhus, kêbo, onta, malih manuk kapudhang, pêpiku, halal, ngingis, jalak urèn, kêkêruk, galathik, pêkthing, manyar, prit bondhol, caruk cukan, manuk kang muguh ing banyu, dhangdhang pari, bêbêlung, pêcuk, bêlêkok, kuntul, cangak, tarabayak, sandhanglawe, waluwo, waliwis, punika ta sapêpadhane halal, malih manuk kang anang dharatan, kalinglingan halal. Anapon anaking ewan kang ana ing jro wêtêng, kasambêlèh wong atuwane, lamun katêmu mati, atawa angêrêjêt, halal, nora sinambêlèh malih, lamun katêmu bisa ngadêg, sinambêlèh malih.

Lan haram sakèhing buron kang amangsa sasama buron, utawi ingkang akuku, utawi manuk kang amangan padhane manuk, kaya alap-alap, gagak, ulung

--- [89] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 56 dari 90

bêbidho, bêbahak, bango, sapêpadhane uga, utawi kang amangan saking sukune utawi kang amangan wangke mêrak, kang nora wênang sinambêlèh, tikus saparti layang-layang, jalak pênyu, lan platuk sri lak-lak, ulêr ka rumambat ing bumi, ula haram bango, samut,[109] tawon, lalêr lan sato kang amangan tai, tatkalane nyata ambune abacin, yan sangunga pon aja age sinambêlèh, ingênêngakên tigang dina pinakan kang suci, ujaring kaul sawiji pitung dina, miwah kang haram ing jroning ewan kang halal, kaya gêtih, balung, untu, kuku, sungu, wulu, lan mêmarasing ayam, lamun ewan modar, sakalyire nêjis, anging iwak lan walang, suci lan wênang têka panganên, wan wênang wong amangan haram lamun kasêsukêran, utawi ana kalane yogya amangana haram, lamun pinaka[110] têtamba,

--- [90] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 57 dari 90

yadyan sakèhi cêmêr wênang, yèn panganan, anging sajêng nora wênang pinaka têtamba.

Punika tikahing wong ajêjamah, kang dadi amardaka, si sapa nêbus kawula istri, nora rus, yan jamahên tumuli, aingan lamun wus arêsêb sapisan, lamon wo[111] tan arêsêb, wangêne sawulan, lamun kalane tinêbus amêtêng, inganti wêtune anake, lamun si wong anjêjamah, amêtêng mêdal arupa anak Adam, atawa runtuh, wus ta rupa rare, jumênêng babuning anak, nora yogya dolên, tinunggokên, winèwèhakên, nora wênang, arus gusti maksiha anjamah, lan maksi kumawulaa, lan maksi wênang winehan gawe, lan wênang pinalakèkên, lêbar pisan, lamon mati kang anjamah, mongkono tingkahing wong winasiyatan, winewehan, lastari lamun uwus mati kang amêmêkas, mongkono uga jroning kitab agung-agung, andikaning Pangeran

--- [91] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 58 dari 90

padha raksanên parjinira, anging wênang sira iku kabèh, arabia, anjêjamaha, nora dosa.

Punika kang wênang winehan jêkat, wolung parkara, kang dhumin[112] fakir, kang norana upayane, 2. wong miskin kang nora andungkap sataun pangane, 3. amil kang ngalampahi angumpulakên jakat, 4. wong manjing Islam anyar, saking ridlane winehan dum-duman, sapalihing jêkat, supaya têguha agamane, 5. kawula têtulisan, winehan sakira-kira jung kang i pangguruning wong, 6. wong autang, tan ana panaure, 7. wong aniyat aprang sabil, karana Allah, 8. anaking wong aprang sabil, lan wong asadya mugah haji nora duwe sangu. Pupunika[113] tikahing awèh patrah,[114] iyaiku jakat, ruhus, wajib wus i surup sangenge, malêm ariraya i sarate têtiga, dhumihin Islam, amardika, lan [la...]

--- [92] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 59 dari 90

[...n] salêwihing pinangan, lan raayat ing sadina iku, lamun cukup kang dèn pangan sadina iku, nora wajib apitraha, dene miskin, lamun aduwe salêwihe kang dèn pangan sadina, maka dèn pitrahakna awake dhèwèk dhihin, lamun si akèh duwene, tumuli rabine, anake utawi kang sakèhe pardlu dèn ingoni, anging rabining bapa kang nora yogya pinitrahan, wajib ing wong apitrah suku lak awrat tigang atak, lan ta kang ginawe pitrah, pangan kang kalampah ing desa iku, lan sunat awèh pitrah ing tatkala sambahyang ariraya, nora rus ing lingsiring ariraya, kalaning asung pitrah turuning subuh ing dinaning ariraya, yèn asunga i jroning wulan Puwasa pon arus, nora rus ta yan asunga rêrêgan kewala, mongkono malih ring jakat, nora [no...]

--- [93] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 60 dari 90

[...ra] rus, yan asunga rêrêgan kewala.

Punika tikahing angawinakên, apan ing arabi sunat, lamun akarêp lan arus wong amardika, arabia papat, kang padha mardika, anjêjamaha sakathahe wong 'ngabdi ta, aja lêwih saking roro rabine, lan nora rus abdi, anjêjamaha, lan nora yogya wong amardika yèn arabia abdi, utawi wong 'ngabdi nora yogya rabia mardika, anging kawasa lamun ana isarat papat kang rimihih[115] bêtêh tan aduwe srikawining amardika, 2. awêdi jinaa, 3. nora duwe rabi amardika, norana wong mardika kang dèn siliha, 4. lan aja kawulaning wong Yahudi Nasarani, tatapi ta kawulani wong Islam, muga muwah tan arus ring wong lanang, aningalana ing wong wadon, wêwanèh angi[116] wênang lamun ana isarat pêpitu dhumihin, lamun ana gawene sawiji-waji[117]

--- [94] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 61 dari 90

atawa adagang, atawa anglêlamar, punika rêke wênang kapi kalih, aningali ing rabine, atawa ing kawulane, nadyan parjiane pon, arus aningali lyan saking parjine, orate, arus ring rabi jêjamahan, kapi tiga, aningali ingkang haram kinawin, atawa ing kinawulane kang wus dèn palakèkakên, arus aningali sasore jêjêngkune, sadhuhure wudêle, kapi pat wênang aningali maring kang arêp dèn lamar, ing rêraine lan atine tangane, kaping lima, wong anênambani, arus aningalana sawangêne kang dèn tambani, kaping ênêm, aningali ing wong wadon kang rowanging adagang, atawa ing wong asaksi, arus aningali amaspadakêna rêraine, kaping pingtu, aningali kawula têtêbusan, i nalikane anêbus, arus aningalana sakarêpe, mapan manawa ana cacade. Nyan tingkahing akawin, nonora[118] [no...]

--- [95] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 62 dari 90

[...nora] sah ring kawine ika, lamun waline fasèk, anging sah lamun waline fakir, lan arêp asahid roro, kang padha adil, lan kang pêkir lan jumênêng waline, lan sahid roro lan isarat nênêm, Islam, têka ing diwasa, 2. abudi, 3. amardika, 4. wong lanang, 5. wong kang adil, 6. lawan nora sah yan angawinêna wong Yahudi atawa Nasarani, ana wali Islam. Umaning maka wali bapa, noraning bapa kaki, noraning kaki sanak, sabapa saibu, sanorane iku, sanak sabapa balaka, norane iku, anaking sanak sabapa, kayataning awarith, lamon norana anaking sanak iku kabèh, paman maka wali, norananing paman, anaking paman, lamun norana para sanake amisan amindho, kang yogya maka wali, kang turun saking lanang, kang amardika, utawi ingkang amardikakakên, [amardi...]

--- [96] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 63 dari 90

[...kakakên,] anak putuning kang amardikakên, kang pinaka wali, lamon norana i karone iku, maka hakim maka waline. Muwah nora rus anglêlamar i wong durung kaidahe, arus mangko yan atêtêmua kewala, nora rus yan kawinên, anging wênang yan pêgat idahe, muwah i wong wadon iku ana rong bagi, warnane, wulanjar, parawan, ing wong parawan ika arus bapa yan wisesaa, atawa kaki sami lan bapa yan angawinêna ing wulanjar, lamun durung diwasa, nora wênang alaki, anging wênang lamun wus diwasa, nora wênang bapa lan kaki, yan anêrênga, anging lamun karêp dhèwèk. Nyan tikahing wong wadon, kang tan wênang ingalap, saking andikaning Allah, wong padbêlas, bagi kang pêpitu sabangsane, iya iku ta babu, lan nini, punika sapingndhuhure, anak putu sapingsore,

--- [97] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 64 dari 90

sanan[119] wadon bibi saking babu, kaponakan saking sanak lanang, atawa kaponakan saking wadon, lan wong wadon roro babu ngandhampuli, kang gênêping lima, anusoni warêg, lan sanak sasusu, muwah wong wadon papat, iyaiku maratuwa kawalon, lan kaponakaning rabi, lamon wus sajodho lawan wong atuwane, lan nora rus angalapa dho lyan tunggal sanake, adulur, atawa bibine têmên, atawa alapên dho lan kaponakane, atawa sanake sasusu, nora wênang kabèh iku. Lan haram ing wong sasusu, yan angalapa yèn dèn alapa, kaya haraming sanak sadulur.

Nyan lafaling angawinakên sabarang sawênang, yan basa Aparasi,[120] atawa basa Malayu, basa Jawia, ing purbane basa Arab, kang tan wênang, kadi pangucaping [pangu...]

--- [98] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 65 dari 90

[...caping] adol awèwèh. Muwah iki winaca natkalane ajawat kabul, maka angucap wali, bismillahi walhamdulillahi wassalatu'ngala rasulillahi muhammadin salallahu 'ngalèhi wasallam, tumuli ki pangantèn angucap puji mongkono, tumuli wali angucap, lamun wali bapa, ujare sun palakèkakên ing sira anak isun Ni Anu, halal, dene srikawine sanu-sanu,[121] pinaka utangingra Ki Anu, tumuli pangantèn angucap manira anarima anak pakanira Ni Anu, pinaka istri manira, halal, anadene srikawine sanu-sanu, pinaka utang manira. Wali kaki mongkono uga sêbute, bedane angucap putuningsun, wali sanak, mongkono uga kewala angucap, sun palakèkakên i sira sanak isun, Ni Anu, halal, dene srikawane[122] sanu-sanu. Lamon wali kaponakan, ujare, sun palakèkakên [palakè...]

--- [99] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 66 dari 90

[...kakên] i sira bibinisun, Ni Anu, atawa uwanisun, lamun wali paman, ujare sun palakèkakên ing sira kaponakan isun Ni Anu, anake sanak isun Ki Anu, halal pinaka istrianira, dene srikawine sanu-sanu, lamun wali sanak amisan, amindho, nora beda sêbute mongkono uga, lamun wali kang amardikakên, sêbute sun palakèkakên ing sira, pêpardikanisun Ni Anu, anake Ni Anu, lamun tan karuhan arane bapane, sêbutên anak kawulaning Allah, halal pinaka istriane Ki Anu, dene srikawine sanu-sanu, pinaka utangira, lamun wali pangulu, sêbute sun palakèkên ing sira Ni Anu, anake Ki Anu, pinaka istrinira, halal dene srikawine sanu-sanu, lamun si sinalahan dening wong angawinakên, sêbute sun palakèkakên [pa...]

--- [100] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 67 dari 90

[...lakèkakên] ing sira, Ni Anu, anaking kawulaning Allah, saking pasalahe Ki Anu ing isun, saking isun pinaka istrianira Ki Anu, halal, dene sikawine[123] sanu-sanu, kabèh ta amacaa uga puji dhumihin, kang angawinakên, lan kang kinawinakên panarimaning pangantèn, padha sêbute, anambadani ing pangucape kang angawinakên, lamun kaki angawinakên, manira anarima putu pakanira Ni Anu. Lamun sanak manira anarima sanak pakanira Ni Anu, mangkana uga sambate kabèh, lan aja anênuwe pangucaping kang winakên,[124] dhêmi tutug pangucape tumuli tinarima dening pangantèn, lamun wali sanak, nora kêna yan apurbaa amasesaa, asalaha ring wong wêwanèh angawinakên, sadurunging atari ing ni pangantèn. Muwah lamun wali lyan saking bapa lan kaki,

--- [101] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 68 dari 90

arus anowèk saha sukane ni pangantèn, pangucaping wulanjar lan pangucape pangucaping paran lan [...] yadyan bapa, kakia, waliane ni wulanjar arus anyatakêna pangucape, apan tan kêna amisesa [...] wulanjar iku, nora sabab sajodho dening laki, halal, bapa atawa saking jinah, atawa kasumbat ing kêkayu, sabarang kang angilangakên kararan, iku ukume wulanjar tan kêna winisesa bapa lan kaki. Nyan lyiring wong wadon kang wênang winalèkakên limang parkara, kang dhuminhin,[125] slane edan, nora tutut rinowang aturu, lan wuntu tan kêna sinanggama, lan asungu kawêwadonane. Muwah lyiring wong lanang kang anandhang cêla, wênang tininggal ing wadon, limang bagi, dhumihin wudhukag[126] edan, tan kêna pinarêkan ing wadon, wong kabiri, wong lumpuh. Lan sunat kêkasihing wong akawin, angucapakên srikawin ing dalêming

--- [102] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 69 dari 90

nikah, lamun tan dan ucapakêna pon sah uga, lan pardluning srikawin sabab têlung parkara, ka dèn pardlokakên dening pangulu, lan kang dèn takonakên dening alaki arabi, atawa kang wus duhul, lan wajib srikawin anganggea sapêpadhane srikawine sanake, wong wadon iku aja angurangi aja anglêwihi kèhing srikawin, nora winangênan, lan arus wong wadon iku ananggapana srikawin[127] kang aguna, tuwin kang arêga, dèn karuhwan kèhe lan durus ing srikawin iku sapalih, lamun atêlak sadurunging duhul, lamun sampun duhul, wajab[128] katagih kabèh, lamun salah tunggal[129] mati, têtêp katagih kabèh, srikawin, nadyan durung aduhul pon kagih[130] uga kabèh. Muwah abawah lan akawin sunat, ing kaul asah, ujaring kaul laif pardlu, muwah ing ijab kabul, pardlu, anging nora pardlu lamun ana sêsukêre. [sêsukê...]

--- [103] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 70 dari 90

[...re]. Muwah i wong wayuh, dèn sami pasusunge, ing gêmahane, utawi i gilire, tan yogya anaa dèn kaota, muwah tan yogya dhatênga gilyaning rabi kang dudu gilirane, anging wênang, lamun ana karyane, sadaprana, muwah mulaning giliran angênakêna undhi, sing kêna ngundhi, kagilirana karihin, utawi lamun arêp alêlunga anggawaa rabi salah sawiji, maka angênakêna undhi, si[131] kêna undhi kabaktaa. Muwah lamun arabi anyar, atawa parawan, arus tinunggu pingtung[132] dina kewala, lamun arabi wulanjar, tinunggu têlung dina, lamun wong iku canggih pinamalêran tan aidhêp, yogya yèn kêrasana pamalêr. Lamun si amalês atawa amukuli laki, yogya yan tinggalên tan sinung pangan, pangangge, turon.

Punika tikahing upah têlak, arus dèn bata upahe, lamun wong wadon iku amaksakên [amaksa...]

--- [104] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 71 dari 90

[...kên] arêpah, wênang angupah lan nora kawasa awalia malih, yadyan têlak karo pon ing jroni idah, wênang walia malih, lamun sarta kawin, arus angupaha talak, jroning sucia, lan jroning arêsêba, wênang uga ukume, ana wali sarta nikah. Muwah ingkang talak iku, ana rong bagi, nyata lan tan nyata, ingkang nyata ana têlung warna, ujare ing rabine, sun têlak sira, lan apisah isun lan sira, lan pêgat isun lan sira, dèn niyatakna, tan dèn niyatakna, apasah uga ukume, anapon talak kang samar, ujare ing rabine, lungaa sira saking isun, sêpi sira ing isun, adoh sira ing isun, angrasanana sira wong lanang kang lyan saking isun, sapartine ujare ihi[133] wajibe nora pasah, lamun nora de[134] niyatakên, nora pêgat, anapon kang talak iku, ana ingaran sunat, ana bidahah, a[...]pun[135] kang ingaran bidahah iku

--- [105] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 72 dari 90

dèn têlak, sêdhênge arêsêb, kang ingaran talak sunat, dèn talak sêdhênge suci, nêhêr sadurunging sajodho, nyan malih ingaran bidahah, lamun dèn talak sajroning pati, sabage malih, kang talk[136] iku, nora ingaranan bidahah, nora ingaran sunat, iyaiku limang bagi, rare cili, wong wus pêgat ing gêtih, wong amêtêng, wong angunus ing awake dhèwèk, n[137] wong kang nora sajodho. Muwah talaking wong amardika, kang nora kawasa têmua malih, talak têlu, i wong 'ngabdi wênang talak ro, sami lan talak têlu, lan arus wong anggantung talak, ing sajroning nikah, nora lastari, lamun jabaning nikah, lastari, talak kang tan durus, talaking rare cili, lan talaking wong edan, talaking wong winidilan pati, ingkang tan bisa ing sastra, utawi kang tan wruh ing têgêsing basa, talaking wong atangi aturu, talaking wong wruh ing sastra, ingkang winarah-warahan, nora wruh têgêsing talak. Warnaning talak sawiji, roro, [ro...]

--- [106] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 73 dari 90

[...ro,] têtêlu, anapon talak sawiji, atawa roro, wênang maliha malih, sadalêming idah, tan awan[138] kawin malih, lamun atêmu jabaning idah, nora kawasa nora kawin malih, dene talake maksi ketung, lamon si talak tiga, nora kawasa atêmua malih, angi wênang atêmu, lamun ana isarat lêlima,[139] sawuse pêgat, idahe, alakia ring wêwanèh, nêhêr sajodho, tumuli pêgata, a'ngidaha sawuse pêgat idahe, wênang yèn awalia maring lakine dhihin. Nyan iki anyatakakên pangucaping alaki arabi, kang tan arus, angucap ing rabine, sira ing isun iki, kaya babunisun, wong iku nora wênang akumpula, lan rabine kang dèn ucap mangkana ika, lamun posih arêp akumpula malih, asunga dhandha, anglêbarêna 'ngabdi sawiji, kang norana sêlane, lamun posih nora olih, kawula mangkana, apuasaa rong wulan, dèn turut-turut,

--- [107] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 74 dari 90

lamun nora kawasa apuhwasa,[140] maka awèha mangan ing wong miskin sawidak piduni[141] kulak ing wong sawiji-wiji, nora halal dèn rowanga sasara, lamon durung asrah dhandha. Punika tingkahing anyatakakên ing wong wadon i idah, rong parkara, idahing wong tininggal ing mati, atawa pêpêgatan, lamon katinggal abobot sawêtune wêwêtêngane, lamon posih nora mêtêng, ing tininggal ing mati, idahe patang wulan, lan sapuluh ngwêngi. Idahing apêpêgatan tigang rêsêb, lamun amêtêng, sawêtune wêtune wêwêtêngane, lamun tan arêsêb, atawa rare cili, idahe, têlung wulan, lamun wong atalak durunging sajodho, norana idahe, idahing kawula wadon, lamun amêtêng kaya idahing amardika, lamun si tan amêtêng, amalihi lan idahing amardika.

Punika tikahing anêbus kawula wadon anyar, haram yèn dèn anggea tumuli, ynadyan[142] dèn [dè...]

--- [108] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 75 dari 90

[...n] sêsiwoa sadurunge gênêp istibêrane, wangêning istibêra, sarêsêb, lamon nora rêsêb, atawa rare cili, maka istibêrane sawulan, lamun tinêbusa mêtêng, sawêtune wêwêtêngane. Nyan idahing wong têlak sawiji, atawa roro, maksi uga laki awèh pangan, lamun amêtêng, yadyan têlak têlua, maksi laki awèh pangan, ing sajrone idahe. Miwah wong idah tininggal ing mati, nora rus aès, angangge wêwangi, idahing wong apêpêgatan, kang nyata nora rus sah saking umah, anging wênang lamun tidha upayane, atawa tuku kapas, adol lawe.

Nyan tingkahing angingon ing rabi, pardlu, lamun kang ngidhêp ing laki, nora langgana ing laki, lamun laki sugih, rong mud sadina, pangan kang kalampah ing desa, panumbase, panganggene, kêmbang suwênge, lamun laki nistha, awèha pangan samud, amalihi lan laki sugih. Lamun wong lanang iku panêngah, karo

--- [109] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 76 dari 90

têngah mud, walandane mokono uga, mapan wong wadon kang bakti, tan dèn wèhana walanda, rusak kawine. Nyan lyiring kang wênang ingingon, isining umah, bapa, babu, kang nora duwe pangawasa, uutawi[143] anak, kang nora duwe pangawasa. Muwah sakèhing abdi lanang, wadon, yogya ingingon, tuwin winewehan, dèn kapêpêkan pangane.

Punika tikahi[144] apêpêgatan,[145] lamun ana anak, yogya kagadhuhana dening babu, lamun durung lêwih pingtung taun, lamun wus lêwih pitung taun, sakarêpe rare iku tinurutan.

Wallahu a'lam bi ash-shawab.[146]

Nyan punika kawikanana, tikahing grahana srangenge, atawa wulan, karone iku amawa tandha saking Pangeran, ana lah pangucaping mubarak, angrungu carita saking Aburerah, kang kinatujon [kinatu...]

--- [110] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 77 dari 90

[...jon] dening Pangeran, tatkalaning grahana wulan, sangenge, maka angucap anaking Abas, apa alamate karone iku, maka angucap akèh dosane wong iku, yogya padha tobata, adusa, asambahyanga. He anaking Abas, lamon sira ningali grahana ing wulan Moharam, alamate balahi, pitênah akèh, wong sugih rusak, wong miskin waras, lamun ningali grahana ing wulan Safar, atawa grahana sangenge, alamat akêdhik udan, sagara agung ombake, ka ring wuri dadi angin, akèh udan, lamun sira ningali grahana ing wulan Rabi'ngulawal, alamate ing taun iku akèh wong aluwe wong mati, akèh udan angin, lamun sira ningali grahana ing wulan Rabi'ngulahir, alamate akèh wong agung angalih, wong miskin kangelan, lamun sira aningali grahana i wulan Jamadilawal,

--- [111] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 78 dari 90

lamun sira ningali grahana ing wulan Jamadilahir, alamating dadi sarwa tinanêm, akèh wong adêdagang têka, akèh pakenak, lamun sira aningali grahana i wulan Rêjêb, i malêm Jumangat, tandhane akèh lêluwe, akèh balahi [...]

Bismillahirahmanirrahimi, iki kitab Usul Agama, tinulis panangkanipun kewala, dopon agêlisa katarimaa dening wong bodho. Iki kitab kang sinidhik ing dalêm anyatakên, wiwitani kitab Suni, iyaiku giniwe[147] atas dêdalan sual kalawan jawab. Utatawi[148] lamon sira tinakonan, apa wiwitaning agama, sauranira, amngawruhi[149] 'Ngallah Ta'ngala, karana satuhune si sapa ora na wong iku angawruhi [anga...]

--- [112] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 79 dari 90

[...wruhi] ing Allah Ta'ngala, muhal saking wong ingku[150] tohide, lan imane, lan Isêlame, lan sihe, lan pangabaktine, lan wêdine lan pangarêp-arêpe, lyan saking iku saking sakèhi kabêcikan, karana satuhune sing sapa ora wêruh ing Allah, mangka kaya pa dene anugalakên ing sawiji-wiji ing Allah, lan kaya pa dene angandêl ing Allah, lan kaya pa dene asrah ing Allah, lan kaya apa dene angasihi ing Allah, lan kaya pa dene angatbakti[151] lan dene awêdi, lan angarêp-arêp, lan karana iki lah ingucapakên, wiwitaning agama iku angawruhi ing Allah. Lamun sira tinakonan, apa têgêsing ma'ngarifat, jawabira wêruh ing dzati sawiji-wiji kalawan sakèhe sifate. Lamun sira tinakonan apa têgêsing 'ngilmi, jawabênira wêruh ing itikhad kang kinawruhan, sarta amêgatakên, lan têguh lan patut, kaya etekhadira, satuhune gajah

--- [113] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 80 dari 90

iku sato kang lumaku ata[152] sikil papat, ora mibêr, poma aja sak, karana têgêsing sak iku amênangakên panggawe roro, atas padha kaya ujare bênêr ta, ora, ana ta ora tah iku sak arane, lamun êsak ing imane, dadi kafir. Lamun sira tinakonan, apa ma'ngarifat kang fardlu, ing syara'ng, sauranira angawruhi i dzating Allah Ta'ngala, kalawan sampurnana[153] sakèhe sifate, lan angawruhi ing sakèhe utusane, lan wêruh yèn bênêr, wong iku kabèh. Lamon sira tinakonan, apa sifating ma'ngarifat, sauranira, wêruh ing 'ngananing dzating Allah, yèn ana sadwa, maha suci, sabênêre têguh sampurna kalawan sakèhe sifate, kaya urip, wêruh, kawasa, akaarêp, amiarsa, aningali, angandika, langgêng, kêkêl, lan kaya andadèkên, awèh rêjêki, anguripakên, amatèni amimiti, amalês, awèh ganjaran, aniksa, agawe i barang

--- [114] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 81 dari 90

kang dèn kaarêpakên, dèn gawe lan sing sêkang ora dèn kaarêpakên, ora dèn gawe, lan ora fardlu ing Allah iku sawiji-wiji, lan ora amrêdia ing Allah iku sawiji-wiji saking aran lyane. Lamun ana atakon ing sira, apa têgêsing tohid, sauranira, wêruh ing kaêsaning dzating sawiji-wiji. Lamun sira tinakonan, apa tohid kang fardlu ing syara'ng, sauraningra[154] wêruh ing kaêsaaning dzating Allah Ta'ngala, sarta sakèhe sifate. Lamun sira tinakonan apa sifating tohid, sauranira, angaku ing kapangerane lan anêguhakên ing kaêsaan dzating Allah Ta'ngala, angaku ika Pangeran, ora sak, lan ora lêlawanan, lan ora sabage, lan ora sarupa, lan ora sabangsa. Utawi lamun sira tinakonan apa têgêsing iman, sauranira, anêguhakên i barang kang dèn ucap, dene wo sawiji. Utawi lamun sira tinakonan dening wong apa [a...]

--- [115] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 82 dari 90

[...pa] iman kang fardlu i syara'ng, jawabanira angandêl ing Allah, lan ing barang kang dèn ucap, lan pracaya ing sakèhing utusan, lan ika dèn ucap. Utawi lamun sira tinakonan apa sifating iman, angaku lan anêguhakên ing Allah, lan ing sakèhing malaikate, lan ing sakèhe kitabe, lan ing sakèhe utusane, lan ing dina kang karing[155] buri, lan ing untung bêcike lan ing alane, saking Allah Ta'ngala. Lamun sira tinakonan apa têgêsing Islam, sauranira, anut i pakoning wong sawiji, lan andohi sakèhe larangane. Utawi lamun sira tinakonan apa Islam kang fardlu ing syara'ng, jawabanira Islam iku anut i pakoning Allah Ta'ngala, lan andohi saking sakèhe larangane. Utawi lamun sira tinakonan apa têgêsing agama, sauranira angabakti ing wong sawiji, maka ing agama iku, roro ma'nganane, kang karuhun, angabakti, kang pindho

--- [116] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 83 dari 90

winalês, kadi andikaning Allah Ta'ngala, innadina'ngindallahil Islam, têgêse satuhune kang pangabakti kang tinarima ing Allah Ta'ngala, Islam lan pangandikaning Allah Tangala malikiyomiddin, têgêse ratu ing dina amalês. Utawi lamun sira tinakonan apa agama kang fardlu i syara'ng, sauranira agama ing Allah. Lamun sira tinakonan apa sifating agama, sauraningra,[156] kêkumpuling ma'ngana papat, ang iyaiku ma'ngarifat,[157] kapindho tohid, kaping tiga iman, kaping pat Islam, utawi têgêsing ma'ngana papat, iki lamun wus akumpul, mangka ingaranan agama. Lamun ana wong atakon ing sira, wong Islam ta sira, sauranira Alhamdulillah, isun wong Islam. Lamun sira tinakonan karana apa sira sartakakên jawabira kalawan Alhamdu, lamun sira tinakonan saking Islamira, sauranira, karana satutuhune[158] [satu...]

--- [117] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 84 dari 90

[...tuhune] Islam iku sawiji ni'ngmat, kang lêwih agung saking sakèhing ni'ngmating Allah Ta'ngala, ing kita kabèh lan satuhune wus kita rungu sêbute, maka ing kita kabèh amuji ing Allah Ta'ngala, minaka sukur ing[159] ni'ngmate. Lamun sira tinakonan apa bedaning Islam kalawan iman, sauranira, karone iku ing dalêm ukume tunggal, karana satuhune sakèhing wong Islam iku mu'amin, lan sakèhing wong mu'amin iku Islam, ora na bedane karone, anging beda ing ma'ngana lughate, karana satuhunê têgêsing Islam iku, anut ing pakoning wong sawiji, lan aninggai ing barang panyêgahe, utawi têgêsing iman iku, angèstokakên sapangandikaning Allah, lan pangandikane utusane, iyaiku pasthi ing ati balaka, lan kang Islam iku panggawening anggota kang lair. Lamun sira tinakonan apa bedaning ma'ngarifat kalawan iman, sauranira karone iku tunggal sarta ma'ngana papat, kang wus sinêbut, iyaiku ma'ngarifat, lan tohid, lan iman, lan Isêlam, iku tunggal, saking 'ngarah ukum, karana satuhune sakèhing wong

--- [118] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 85 dari 90

wêruh ora kawasa ora anohidakên ma'ngarifat, Islam, iman, lan sakèhing wong Islam iku, ora kawasa ora, wêruh anunggalakên parcaya lan sakèhing wong mu'amin, iku ora kawasa ora wêruh, angêsakakên, têgêse anunggalakên, asrah karana satuhune lamun ilang sawiji pon saking papat iku, ilang lah sakabèhe lan lamun akumpul sakèhe sah lah sakèhe, karana satuhune saking arah ma'ngana sakèhe iku sèjèn-sèjèn, lyan-lyan, karana satuhune têgêsing ma'ngarifat iku, wêruh ing kaananing sawiji-wiji, kalawan sakèhe sifate lan têgêsing tohid iku, anunggalakên ing kaananing sawiji-wiji, kalawan sakèhe sifate lan têgêsing iman iku pracaya ing sawiji, lan ing sakèhe sifate, lan têgêsing Islam iku, asrah ing wong sawiji, lan ing barang pakone, maka ana lah kaya wong sawiji, ing wong iku pira-pira anggotane, kaya sirahe lan tangane, lan sikile, tunggal sakèhe iku sawiji kalawan wong iku, lan beda kalawan sakèhe sifate lan sakèhe arane. Lamun sira tinakonan, sira

--- [119] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 86 dari 90

nwan[160] punika sayogwane[161] sami angawruhana[162] yèn tanakonan,[163] apa têgêsing isan,[164] sauranira ihsan iku ambêciki agama, lan ing kasampurnanane. Lamun sira tinakonan apa sifating ihsan, sauranira, anêmbah kawula iku ing Pangerane, kaya dèn tingali Pangerane iku, iyaiku kasampunan kang kaliwat adoh, lan kasampunan sakèhing ing gon agama.

--- [120] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 87 dari 90

[sampul belakang luar]

--- [121–130] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 88.1 dari 90
Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 88.2 dari 90

[...]

--- [131] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 89 dari 90

[sampul belakang dalam]

--- [132] ---

Pranatan Islam, Cambridge University Library (Gg.5.22), sebelum 1609, #922: Citra 90 dari 90

[sampul belakang luar]

 


Naskah ini tidak memiliki judul, dan berdasarkan konten keseluruhan naskah ini, Yasri menetapkan judul: "Pranatan Islam". (kembali)
Simbol [...] di sini dan di tempat lain digunakan untuk menunjukkan halaman kosong, atau sebagai pengganti bagian-bagian yang tidak terbaca dalam naskah. (kembali)
ingkang (dan di tempat lain). (kembali)
nugrahaning. (kembali)
Muharrar. (kembali)
saking (dan di tempat lain). (kembali)
Iḍāḥ fī l-Fiqh. (kembali)
Merujuk pada Abu Shuja' al-Isfahani. Karya-karyanya telah beberapa kali diterjemahkan di Jawa. Lihat Ms Or_15 di Perpustakaan Universitas Marburg, Jerman. (kembali)
Huruf z+ (nga + rekan) di sini dan di tempat lain, ditranskripsi menjadi huruf 'ng, merujuk pada lafal 'ain dalam bahasa Arab. (kembali)
10 tingkahing (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
11 sakathahing. (kembali)
12 anucèkkên (dan di tempat lain). (kembali)
13 sarupane. (kembali)
14 Kata wulu+ [wu + lu + rekan] di sini dan di tempat lain ditranskripsi menjadi wudlu, dianggap sama dengan wudu dalam bahasa Jawa. (kembali)
15 Terdapat tulisan ku di margin kiri halaman, dianggap sebagai pembetulan untuk ku yang tulisannya kurang jelas pada kata kulah. (kembali)
16 Tulisan Jawa kurang tepat: terdapat taling dan wulu pada huruf na ke-dua. (kembali)
17 agêng. (kembali)
18 ing (dan ditempat lain). (kembali)
19 ukuming. (kembali)
20 owah. (kembali)
21 Teks asli kurang jelas. (kembali)
22 Terdapat tulisan kuli di margin kanan halaman, sebagai pembetulan untuk ting-kuliting sesuai dengan tanda sisipannya, sehingga menjadi kuliting-kuliting. (kembali)
23 maksih (dan di tempat lain). (kembali)
24 najis. (kembali)
25 prakara. (kembali)
26 entut. (kembali)
27 ujaring. (kembali)
28 tungtunging. (kembali)
29 parjining. (kembali)
30 mangkana. (kembali)
31 Terdapat tulisan atawa si cinukit lawan kayu nora rus di margin kanan halaman, sebagai tambahan yang diletakkan sesuai dengan tanda sisipannya. (kembali)
32 wênang. (kembali)
33 Punika. (kembali)
34 ênggoning. (kembali)
35 manjing. (kembali)
36 jamban. (kembali)
37 Huruf tìi [ti + rekan] di sini dan di tempat lain (misal. habaitsi) ditranskripsi menjadi tsi. (kembali)
38 salah. (kembali)
39 anandhang. (kembali)
40 aniyata. (kembali)
41 mungguh. (kembali)
42 jêjenggot. (kembali)
43 5. (kembali)
44 kiwa (dan di tempat lain). (kembali)
45 dariji. (kembali)
46 asanggama. (kembali)
47 masjit. (kembali)
48 banyu. (kembali)
49 aniyat. (kembali)
50 Terdapat tulisan ja di margin kanan halaman, dianggap sebagai pembetulan untuk ma'ngat sehingga menjadi jama'ngat. (kembali)
51 kalane. (kembali)
52 munggah. (kembali)
53 fardlu. (kembali)
54 sakèhing (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
55 gêtihing. (kembali)
56 sampuning. (kembali)
57 têgêse (dan di tempat lain). (kembali)
58 gêtih. (kembali)
59 sakirang-kiranging. (kembali)
60 Haraming (dan di tempat lain). (kembali)
61 apuwasa. (kembali)
62 5. (kembali)
63 jêjêngku (dan di tempat lain). (kembali)
64 ilanging. (kembali)
65 mega. (kembali)
66 arus. (kembali)
67 têtunggangan. (kembali)
68 Terdapat tulisan ning sa di margin kanan halaman, sebagai pembetulan untuk jroning sawiji. (kembali)
69 satêngahing. (kembali)
70 limawlas. (kembali)
71 êmpol-êmpolaning. (kembali)
72 wong (dan di tempat lain). (kembali)
73 sawêngi. (kembali)
74 linggih (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
75 pangrasane. (kembali)
76 antêpakên. (kembali)
77 Terdapat tulisan tambêlana di margin kiri halaman, sebagai pembetulan untuk bêlana sehingga menjadi tambêlana. (kembali)
78 atawa. (kembali)
79 winaca. (kembali)
80 mêdal. (kembali)
81 Terdapat tulisan i turu di margin kanan halaman, sebagai pembetulan untuk ing turun yang tulisannya kurang jelas, sehingga menjadi i turun. (kembali)
82 tinggalakên (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
83 punika. (kembali)
84 Terdapat tulisan no ma di margin kanan halaman, sebagai pembetulan dari moko mêlih sehingga menjadi mokono malih. (kembali)
85 tingkahing. (kembali)
86 puniki. (kembali)
87 Fatekah (Ar. Fatihah) (dan di tempat lain). (kembali)
88 aningali. (kembali)
89 wus. (kembali)
90 Fatekah (Ar. Fatihah) (dan di tempat lain). (kembali)
91 Kata "ahsa" tidak jelas. (kembali)
92 iku. (kembali)
93 tan. (kembali)
94 sinambahyangakên. (kembali)
95 putih. (kembali)
96 sawusing (dan di tempat dan bentukan lain). (kembali)
97 mayit. (kembali)
98 Kata "rhroroi" tidak jelas. (kembali)
99 punika. (kembali)
100 apuwasa. (kembali)
101 sapêrtiganing. (kembali)
102 turut-turut. (kembali)
103 akadlaa. (kembali)
104 macan. (kembali)
105 tiba. (kembali)
106 ingadhêpakên. (kembali)
107 kaping (dan di tempat lain). (kembali)
108 Terdapat tulisan kuku di margin kanan halaman, sebagai tambahan yang diletakkan sesuai dengan tanda sisipannya. (kembali)
109 sêmut. (kembali)
110 pinangka (dan di tempat lain). (kembali)
111 wong. (kembali)
112 dhumihin. (kembali)
113 punika. (kembali)
114 pitrah. (kembali)
115 rimihin. (kembali)
116 anging (dan di tempat lain). (kembali)
117 sawiji-wiji. (kembali)
118 nora. (kembali)
119 sanak. (kembali)
120 Kata "Aparasi" tidak jelas: Persia/Farsi. (kembali)
121 Terdapat tulisan halal, dene srikawine sanu-sanu di margin kiri halaman, sebagai tambahan yang diletakkan sesuai dengan sisipannya. (kembali)
122 srikawine. (kembali)
123 srikawine. (kembali)
124 angawinakên. (kembali)
125 dhumihin. (kembali)
126 wudhug. (kembali)
127 Terdapat tulisan kawin di margin kiri halaman, sebagai pembetulan untuk sri sesuai dengan tanda sisipannya, sehingga menjadi srikawin. (kembali)
128 wajib. (kembali)
129 satunggal. (kembali)
130 katagih. (kembali)
131 sing. (kembali)
132 pitung (dan di tempat lain). (kembali)
133 iki. (kembali)
134 dèn. (kembali)
135 anapon. (kembali)
136 talak. (kembali)
137 lan. (kembali)
138 lawan. (kembali)
139 Terdapat tulisan lamun ana isarat lêlima di margin kiri halaman, sebagai tambahan yang diletakkan sesuai dengan tanda sisipannya. (kembali)
140 apuwasa. (kembali)
141 Kata "piduni" tidak jelas. (kembali)
142 nadyan. (kembali)
143 utawi. (kembali)
144 tingkahing. (kembali)
145 Terdapat tulisan i apêpêgatan di margin kanan halaman, dianggap sebagai pembetulan untuk tikahing apêpêga, sehingga menjadi tikahi [tingkahing] apêpêgatan. (kembali)
146 Ditulis dengan huruf Arab: hrase والله اعلم بالصواب. (kembali)
147 ginawe. (kembali)
148 utawi. (kembali)
149 angawruhi. (kembali)
150 iku. (kembali)
151 angabakti. (kembali)
152 atas. (kembali)
153 sampurnakna. (kembali)
154 sauranira. (kembali)
155 kari. (kembali)
156 sauranira. (kembali)
157 Terdapat tulisan ang iyaiku ma'ngarifat di margin kiri halaman, sebagai tambahan yang diletakkan sesuai dengan tanda sisipannya. (kembali)
158 satuhune. (kembali)
159 Terdapat tulisan sukur ing di margin kanan halaman, sebagai tambahan yang diletakkan sesuai dengan tanda sisipannya. (kembali)
160 nyan. (kembali)
161 sayogyane. (kembali)
162 Tulisan Jawa kurang tepat. (kembali)
163 tinakonan. (kembali)
164 ihsan. (kembali)