Wedhabrata (Panuntun II), Sajimin Prawiraatmaja, 1855, #1108

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wedhabrata (Panuntun II)

Anyariyosakên kawruh upakartining budi utawi kawontênan ing dalêm batin saha babaraning lampahing kalairan, tatacara ingkang anjalari jêjêg adiling praja, luhur mulya santosaning praja kamayaraning kawula, saha ingkang anjalari tata têntrêm karta raharjaning jagad sadaya, wêkasan anggampilakên lampahing panggayuh kasampurnaning lair tuwin batin. Karanganipun Mas Sajimin Prawiraatmaja, tiyang mardika ingkang amarsudi kawruh kasunyatan saha kawruh tatacara sae (kasudarman), pangarangipun anuju ing taun 1855. Tinêngêran: Pandhawa lima brahmananing bumi.

Cap-capan ingkang sapisan, kawêdalakên dening Toko Buku Kalimasada, taun 1855.

TYP "THAHAJA SOERAKARTA" Solo.

--- [0] ---

Pêrlu Kawaos Rumiyin.

Kita kêdah pracaya, sabarang sêdya ingkang nama lêrês lan sae, punika tamtu wontên marginipun kangge anyambadani sêdya wau ingkang kalayan mêdal margi ingkang rahayu, têgêsipun: sêla, rêsik, padhang, botên wontên tatapanipun, dados sagêd kasambadan kalayan tanpa kara-kara. Sok ugi kita budi kalayan sayêktos, kita pikir kalayan sayêktos, kalayan sarèh, talatos, lan wêninging cipta, tamtu badhe sagêd kêbuka utawi angsal wêwênganing budi. Amargi manusa gadhah pambudi lan pamikiring pancèn landhêp.

Mila sadaya pambudi punika kêdah namung kaangkah sagêda kasambadan sarana mêdal margi ingkang rahayu. Sadaya tiyang punika gadhah wijining piawon lan wijining kasaenan, dumunung ing dalêm batin. Mila manawi badhe nyêgah piawon, anuntun dhatêng kasaenan, prayogi kagarap ing dalêm batinipun: dipun têtilêm kabatinanipun ingkang kajêng dhatêng awon, dipun têtangi kabatinanipun ingkang kajêng dhatêng sae. Sadaya punika sagêd rampung saking ginulawênthah watak budi lan pikiranipun, sarana mawi pêpadhanging kawruh, mila ingkang sangêt wigatos punika panuntun supados gadhah dhêdhasar majêng dhatêng kasusilan.

Sampun gêthing dhatêng tiyang awon, amargi ingkang awon punika sanès manusanipun ingkang sajati, nanging ingkang awon punika muhung rêrêgêd ing kabatosanipun. Mugi dipun trêsna wêlas dhatêng manusanipun, nanging sampun rêmên dhatêng kaawonanipun. Upami têmbaga mugi kabêsuta: têmbaganipun kapêndhêta, timbrahipun kabucala.

--- [1] ---

Wedhabrata (Panuntun II)

Anyariyosakên kawruh upakartining budi utawi kawontênan ing dalêm batin saha babaraning lampahing kalairan, tatacara ingkang anjalari jêjêg adiling praja, kamayaraning kawula, saha ingkang anjalari tata têntrêm karta raharjaning jagad sadaya, wêkasan anggampilakên lampahing panggayuh kasampurnaning lair tuwin batin. Karanganipun Mas Sajimin Prawiraatmaja, tiyang mardika ingkang amarsudi kawruh kasunyatan saha kawruh tatacara sae (kasudarman). Pangarangipun anuju ing taun 1855. Tinêngêran: Pandhawa lima brahmananing bumi.

Cap-capan ingkang sapisan, kawêdalakên dening Toko Buku Kalimasada, kacithak ing pangêcapan Cahya Surakarta, taun 1855.

Drukkerij "THAHAJA SOERAKARTA" Solo.

--- [2] ---

[Grafik]

Prabu Yudhisthira, utawi Prabu Darmawăngsa, inggih Prabu Darmaputra, titising Dewa Bathara Darma, narendra ing nagari Ngendraparastha, misuwur ing jagad sakalangkung sudibya rêngên, têgêsipun pinunjul ing ulah bawa, inggih punika winasis dhatêng kridhaning pangulah ngasta pusaraning praja.

--- [3] ---

Bêbuka.

Mugi dipun apuntêna dening sagung para ingkang sami sudi karsa anguningani wêdharing wêwarahipun sêrat punika, witipun anggèn kula kadugi ngarang sêrat punika: botên yèn ta katênta saking rêmên tumindak diksura ambêk kumalangkung, nanging namung katarik saking bawanipun ngaliliring budi kagigah dening raos, kados botên kuwawi aningali kasusahaning jagad, punika ingkang tansah anênêksa ing manah kados angarih-arih dhatêng kapurunan, têmah cumanthaka anulad lampahing pujăngga, sampun saèstu tangèh sagêda ngiribi. Mila nalika badhe murwani tansah malang tumolih kandhêg-kandhêg kacandhêt dening mangu-mangu, raosing manah upami kados kasilêp ing sagantên latu, tangèh sagêda tumimbul, inggih punika bawanipun tiyang bodho pêksa amarsudi budi, sêdya mêmangun karaharjaning jagad, ewadene kalampahan kula laksanani. Amargi sanadyan punika satunggaling pandamêl ingkang dahat linangkung, ananging pancèn sampun dados kuwajiban kita sadaya para ingkang sampun sami purun angangge lênggah kamanusan, langkung-langkung ingatasipun para ingkang botên kawasa dêdana, sarta sagêdipun namung anyêpêng kalam. Mila sanadyan kasagêdan kula kenging kaupamèkakên sawêg sagêd anyêrat mawi kalam jariji, ewadene inggih tumandang, saha lumampah kumêdah dipun gatosna ing ngakathah, sanadyan têmahanipun namung badhe sagêd suka gujêng, sampun sêngaja kula têmpuh, pintên banggi manawi sagêd dados pêpadhanging bumi, botênipun namung dadosa panggigahing galih karsa ulah [u...]

--- 4 ---

[...lah] karahayoning buwana, kula sampun rumaos kasambadan sangêt.

Sêrat punika dipun wastani: Wedhabrata, têgêsipun pêpakêming lampah, dados ingkang badhe kawahya bakunipun prakawis lampah, nanging ing ngriki badhe mawi mahyakakên wêwarah prakawis budi sapanunggilanipun, amargi wontênipun lampah punika kalêbêt pakartining budi, dening lampah punika saking ulah bawaning budi, sarta wontên ingkang dados ênêring sêdya, têgêsipun wontên ingkang binudi.

Mênggah pangarang kula sêrat punika mawi mêndhêt saking suraosing wêwarahipun para linangkung ing jaman kina, dados sajatosipun kula namung sadarmi angringkês sarta ambabarakên, tuwin sasagêd-sagêd mawi kula tata saprayoginipun. Pangarang kula anuju jaman antara, badhe musnanipun jaman kalabêndu, ngajêngakên dhawuhing pangapura, jaman kaliyoga badhe murut, sampun angancik ing jaman kêrtayoga, inggih punika jaman badhe tata têntrêm karta raharjaning jagad sadaya, tiyang sajagad waradin sami angsal kamulyan, sadaya băngsa sami sampurna ing kawruhipun lair batos. Candra sangkalaning warsa kula têngêri: Pandhawa lima brahmananing bumi.

Wasana atur kula punapa ingkang dados kêkiranganipun tuwin kuciwanipun, kula amung pitados dhatêng jêmbaripun pamêngkuning galih para manungkara, saèstu botên badhe kirang anyagantên.

Atur urmat kula ingkang ngarang

Sajimin Prawiraatmaja.

--- 5 ---

Budi Minăngka Pandomaning Dumadi. (Tilêm tuwin Tangining Budi).

Gêsanging manusa punika kanthi kasinungan budi, ananging botên sadaya manusa sagêd sampurna anggèning migunakakên budinipun, amargi budi punika asring mawi tilêm, mawi tangi, mawi lumpuh, lêsah utawi lêsu, lêmpêr utawi kêndho, mawi bantêr utawi kêras. Manusa punika pêrlu sangêt kêdah tangi budinipun sarta tansah tumandang anggarap punapa ingkang kêdah dipun tandangi. Amargi pandomaning manusa punika muhung gumantung wontên ing budinipun. Majêng munduripun kaananing manusa, mulya sangsaraning manusa, namung kabêkta saking kaananing budinipun. Manusa tangèh sagêd mêntas saking papa sangsara utawi sagêd manggih kamulyan ingkang linangkung manawi botên saking migunakakên budinipun. Sintên ingkang sampun botêd[1] migunakakên budinipun punika dipun wastani sirna budinipun, sintên ingkang sirna budinipun punika botên sagêd majêng ing kawontênanipun, cêpak dhumawah ing papa sangsara. Tiyang ingkang tilêm budinipun, lêsu budinipun, utawi lumpuh budinipun, punika mèh sami kemawon kalihan ingkang sirna budinipun. Punika kêdah dipun têtangi utawi dipun gêgêsang budinipun, dipun sêsaras utawi dipun sêsêgêr, supados tangi rumagang ing damêl sarta birai ing karsa kalayan garêngsêng ingkang kiyat. Witipun ingkang anjalari tilêming budi punika saking kalimput ing kabodhoan utawi kirang kawruh, botên sumêrêp ing wiweka, miwah gêgayuhan ingkang lakung mulya ingkang pancèn wênang ginayuh. Witipun [Wi...]

--- 6 ---

[...tipun] ingkang anjalari lêsu lumpuhing budi punika saking sampun kêsayahan ing pambudi, utawi saking sampun sangêt nandhang karisakan lan sangsara, utawi inggih saking kalimput ing kabodhoan kêkirangan kawruh (botên sumêrêp ing margi ingkang anjog dumugi ing don ingkang sinêdya), rumaos kapêpêtan budi (kapêpêtan margi), dening kasêpênan sarana utawi kalangan ing pakèwêd. Dados saking sampun molah-molah tan polih, ngantos rumaos sampun botên sagêd ebah. Mênggah panênangining budi punika kêdah dipun sumêrêpakên dhatêng wiweka, punapa ingkang kêdah dipun kawekani (pakèwêd), inggih punika pakèwêd ingkang badhe dhatêng kêdah dipun budi sagêdipun botên andhatêngi. Sarta dipun têdahakên dhatêng gêgayuhan-gêgayuhan ingkang wênang ginayuh sarta pancèn wajib kêdah ginayuh. Dene panggulawênthahing budi murih sagêd sêgêr saras akas dhangan ing damêl gadhah grêngsêng ingkang kiyat birai ing karsa punika kêdah dipun sukani pambombonging budi, langkung prayogi manawi tinêdahakên dhatêng kawruh margi-marginipun kasambadaning sêdya tumrap punapa ingkang kêdah dados pikiranipun, utawi tinêdahakên dhatêng kawruh kadibyaning ulah hawa, têgêsipun kaluwihaning budi marginipun sagêd kasambadaning sêdya. Ingkang dipun wastani kawruh pambombonging budi punika upaminipun makatên: manusa punika dêdamêlipun ingkang tamtu botên nate pisah namung budi, dados sabarang sêdya inggih namung kêdah ngêmpakakên budinipun, sanadyan kalêbêt ing pakèwêd ingkang kados punapa, kêdah botên pêdhot ing pambudi, amargi sadaya pakèwêd punika

--- 7 ---

sajatosipun taksih wênang dipun oncati, sok ugi patitis marginipun inggih tamtu sagêd angoncati. Sadaya gêgayuhan ingkang sagêd kacêpêng dening sanès, sanadyan ingkang tuladhanipun namung sawêg kacêpêng ing tiyang-tiyang jaman kina, punika têmtu inggih wênang ginayuh ing tiyang sanèsipun utawi tiyang ing jaman sapunika (sadhengah tiyang), sok ugi anggènipun minangkani kados lampahipun ingkang sampun sagêd anyêpêng gêgayuhan wau, inggih sampun tamtu sagêd kacêpêng ugi. Inggih awit saking punika, mila para linangkung ing jaman kina sangêt pamardinipun dhatêng sadaya manusa supados sami wantêr amarsudi ulah budi. Băngsa Jawi ing jaman kina sagêd mulya luhur darajatipun inggih saking sami sangêt pamarsudinipun ulah budi. Punapa ingkang badhe pinanggih ing manusa utawi băngsa, punika panitikipun kenging kawawas saking bêbudènipun, pundi ingkang langkung wantêr pamarsudinipun ulah budi, langkung luhur, utama lan lêpas bêbudènipun, inggih punika pratăndha sêkaring kamulyan ingka[2] linangkung.

Pakartining Budi.

Pakartining budi punika tigang prakawis: 1. Ulah kawiwekan, inggih punika rumêksa pakèwêd ing wingking, 2. Ambudi sagêdipun oncat saking sipat asor nistha papa sangsara sasaminipun, inggih punika kasusahan ingkang sampun kasandhang, 3. Ambudi sabarang gêgayuhan ingkang pancèn wênang ginayuh ing manusa. Manusa utawi băngsa ingkang tanpa ulah [u...]

--- 8 ---

[...lah] wiweka, tanpa manah murih sagêdipun oncat saking sipat asor nistha papa sangsara sasaminipun, tanpa gêgayuhan ingkang langkung mulya, utawi tanpa manah kamajêngan utawi kaindhakaning kawontênanipun, punika dipun wastani tanpa budi. Ananging manusa ingkang sampun dumugi ing wêkas-wêkasaning gêgayuhan, punika sampun botên wontên ingkang kêdah binudi malih, sanadyan sampun botên angêmpakakên pakartining budi, sampun bètên[3] kenging dipun wastani: tanpa budi, amargi sampun mumpuni ing saniskara, saliring gêgayuhan sampun kawêngku, saliring ulah budi sampun kapungkur, dening sampun kandhêg dumunung ing katêntrêman ingkang langgêng, inggih punika panggenan jêdhuging pambudi.

Kridhaning budi punika, ingkang rumiyin karkating budi angêmpakakên pamawasan utawi pangraos, inggih punika pamawasan utawi pangraosing budi, lajêng angêmpakakên panimbang, inggih punika panimbanging budi. Lajêng anuwuhakên sêdya utawi karsa punapa ingkang sêdya dipun kawekani, dipun oncati, utawi dipun karsakakên. Lajêng karkating budi angêmpakakên pamikir ngupados marginipun kasambadaning sêdya, wasana angwontênakên tandang utawi tênaga miturut sapamanggihing pamikir ingkang kinintên sagêd dados marginipun kasambadaning sêdya.

Mênggah pakartining budi punika ingkang pêrlu sangêt dipun sumêrêpi gêgayuhan punapa ingkang kêdah dipun gayuh, lan margi ingkang kadospundi ingkang sagêd anjalari kasambadaning sêdya sarta prayogi, têgêsipun kasambadan kalayan tanpa kara-kara sarta mêdal margi ingkang utami.

--- 9 ---

Pamilih Margining Pambudi (Lampahing Cipta).

Wêwarahipun para sujana sarjana: ulahing pambudi punika kêdah milih margi ingkang utama, sanadyan kapanduk ing pakarti awon, kabudia sagêdipun malês kasaenan, kados lampahing para pandhita ingkang angangge wataking kajêng candhana, sanadyan pinêcok tinêgor, ewadene malês gănda arum angambar, mila kêdah anjêmbarakên kawruh, supados botên kewran dhatêng pangulahing kautaman. Sanadyan ing galih sêdya anyirêp sakathahing piawon, sarta sêdya anyirêp sakathahing darêdah, kêdah botên pêgat paramarta sagêd suka pangapuntên dhatêng kalêpatan, sagêd suka pamomong dhatêng sasamining dumadi, ing pambudi kêdah kalayan sarèh kanthi katlatosan, dipun angkah sakaning aris, kalayan ngarah-arah ngirih-irih, sampun pêgat ing pambudi sêdya anênuntun dhatêng kautaman, amargi sadayaning piawon punika namung kabêkta saking kawontênaning watak lan bêbudèn, măngka watak lan bêbudèn punika kenging dipun rèh sarana piwulang lan panggulawênthah, mila sakathahing piawon punika tamtu kenging dipun undurakên utawi dipun sirnakakên sarana dayaning piwulang lan panggulawênthah. Ing panggalih sampun pêgat sêdya suka pêpadhang lan pangauban ing sabuwana sarana pigunaning kawruh ingkang utama, utawi pigunaning piwulang lan panggulawênthah ingkang sampurna. Lampahing piawon punika manawi dipun undurakên sarana dipun pêthukakên saking Jawi ingkang tamtu malah mubal, [muba...]

--- 10 ---

[...l,] anjalari karisakan salah satunggal utawi sadayanipun, langkung prayogi kagarap saking lêbêt dipun tuntun dhatêng kautaman, supados mundur saking kajêngipun piyambak kalayan sênênging manah, saha kalayan botên ngrumaosi manawi dipun êndhak piawonipun. Amila katimbang sagêdipun mundur mawi anjalari wontên karisakan, langkung prayogi ingkang kenging dipun undurakên kalayan sami manggih raharja. Sabarang tindak-tanduk kêdah sagêd sarwa manis arum, sagêda angecani manahing sasami, sagêda angasrêpi ing sabuwana saha amrayogi jagad. Lampah ingkang makatên punika tamtu rahayu, têbih saking sambekala, linulutan lan sinuyutan ing ngakathah, karêksa ing samukawisipun.

Sintên ingkang nêdya ngangge bêbudèn utama, sabarang pêpikiranipun anggènipun sêdya minangkani ingkang dados kêkajênganipun tansah ngupados margi ingkang utama, tamtu sabarang wênganing budinipun utawi pamanggihipun inggih kawruh-kawruh (margi-margi) ingkang utama, punapadene mêmpaning bêbudènipun saha pêpikiranipun utawi landhêping bêbudènipun tuwin pêpikiranipun inggih namung manawi angangkah dhatêng kautaman, wêkasan watak kalakuanipun inggih lajêng dados utama. Amargi manusa punika punapa kulinanipun, lami-lami matuh (manggèn) manjing dados watak tuwin bêbudèn. Makatên ugi kosokwangsulipun, sintên ingkang bêbudènipun carobo, tanpa mikir nistha madya utama: wênganing bêbudèn utawi thukuling pamanggihipun ingkang cêpak inggih dhatêng kanisthan, amargi punika pamanggih ingkang adhakan sangêt pinanggih [pinang...]

--- 11 ---

[...gih] rumiyin. Langkung-langkung tiyang ingkang pancèn sêdya damêl piawon, ingkang thukul inggih akal ingkang botên sae, upami tiyang gadhah sêdya badhe lampah cidra, thukuling pamanggihipun inggih pratikêl anggèning badhe nindakakên panyidra, amargi kawontênaning pamanggih punika namung manut kawontênaning pikir, kawontênaning pikir manut kawontênaning sêdya. Pikir punika kenging dipun wastani juru nyitra, utawi juru mêmangun pratikêl, sarta ugi kenging dipun wastani juru patanya, ing ngriku wontên praboting budi ingkang kenging sinêbut dados juru suka pitêdah ingkang minăngka wangsulan pitakenaning pamikir, wangsulan punika tamtu manut punapa kawontênaning pitakenan, kaupamèkakên guru lan siswa, gurunipun namung mêmulang kawruh punapa ingkang sinuwun dening para siswa, dados para siswa kêdah gadhah pangrêtos piyambak bab kawruh punapa ingkang prayogi sinuwun. Saupami manusa anglampahi puja brata, ngupados nugrahaning jawata, dewa namung angidèni saèsthining manah. Ingkang badhe dados awon ingkang badhe dados sae ing kawêkasanipun, wontên tuladhanipun, inggih punika lêlampahanipun Sang Prabu Dasamuka, kalihan Risang Arya Kănta Wibisana: sadaya sami kaidèn ing dewa punapa ingkang dados sapanuwunipun piyambak-piyambak. Prabu Dasamuka nyuwun sagêda mênangan ing jagad, awit ngangkah sagêda anêksa ing sabumi kangge anuwuki kamurkanipun, nanging Arya Wibisana nyuwun sagêda angecani manahing sasami, awit ingkang kaangkah sagêda amêmayu ing sabuwana. Wêkasanipun ingkang pinanggih prayogi [pra...]

--- 12 ---

[...yogi] Sang Arya Wibisana, amargi manusa punika langkung prayogi dipun rèh sarana katrêsnan tinimbang kalihan dipun rèh sarana dipun ajrihakên, awit sagêd miturut kalihan dhangan sênênging manah, dadosipun langkung santosa. Sintên-sintêna ingkang ambujêng pikangsal sarananipun mawi damêl kasusahaning sanès sampun tamtu kirang prayogi ing kadadosanipun, beda kalihan ingkang mêdal margi sarana damêl kabingahaning sanès punika têmtu langkung prayogi.

Sarèhning thukuling pamanggih punika namung miturut pêlênging pangèsthi, landhêpaning pamikir punika namung miturut kulinaning cipta, saking matuh badhe lajêng dados watak, inggih punika kados ingkang kasbut ing nginggil wau, amila tinimbang manusa punika rêmên mêmikir sêdya nindakakên pandamêl ingkang nistha utawi duraka, langkung prayogi mêmikir sêdya nindakakên pandamêl ingkang utama, amargi kangelanipun (kangelaning pikir) sami kemawon, uwohipun badhe sagêd langkung prayogi. Inggih punika: kajawi ba-[...]wêngan[4] ing budi dhatêng kawruh ingkang utama, utawi badhe kasambadaning sêdyanipun ingkang asarana mêdal margi ingkang utama, inggih badhe dados panggulawênthahing pikir lan watak bêbudènipun: pikiranipun badhe landhêp manawi kaêmpakakên dhatêng kautaman, tancêbing budi lan tancêbing ciptanipun inggih dados manggèn dhatêng kautaman, makatên ugi wêwatakanipun inggih badhe manggèn dados utama.

Sintên ingkang sampun sagêd utama bêbudènipun, utama tancêbing ciptanipun, utama lumintunipun thukuling kawruh wênganing pêpikiranipun, [pêpikiranipu...]

--- 13 ---

[...n,] utama wêwatakanipun, lan utama tindakipun: punika tamtu badhe kawêngan ing kawruh ingkang alus-alus, kawruh ingkang samar-samar (baib-gaib),(gaib-gaib) têgêsipun kawruh ingkang linangkung, punapadene ingkang kados makatên wau dados prabot tumrap pangulahing kasarasan, inggih punika suda ingkang dados pangrancana kasarasaning sarira, amargi budinipun santosa, manahipun jêjêg, botên kagêngên latu kanapson, dados ilining rahipun tansah bêning utawi rêsik, dening adon-adonipun tansah sêdhêng, botên nate gosong dening uruping hawa napsu. Kaping kalihipun sagêd sae sarawunganipun kalihan tiyang kathah, karêksa ing gêsangipun, têbih ingkang băngsa sambekala, cêpak ingkang băngsa pitulungan, sakeca lampahing budidayanipun, adhakan sarwa kalêstarèn ing sabarang karsa, sinung mulya raosing manah. Mila piwulang lampahing manah utawi piwulang lampahing cipta punika dipun wastani piwulang bab marga (tarekat = sopana = marga), inggih awit saking jalaranipun sagêd kasambadaning sêdya lan botênipun sagêd kasambadaning sêdya ingatasipun gêgayuhan lair punapadene gêgayuhan batin, tuwin jalaranipun mulya sangsaraning manusa, punika sababipun ingkang prêmati dumunung wontên ing lampahing manah lan lampahing cipta (cipta = pikir). Awit saking punika parlu sangêt manusa kêdah ulah kautaman.

Ing Sêrat Nitisastra, suka pralambang, suraosipun makatên: lalêr punika kawasa mabur ing awang-awang, ananging anggènipun sagêd mabur

--- 14 ---

punika têka botên kangge ngupados ingkang wangi-wangi, têka namung kangge ngupados mêmala, manawi paksi ingkang kados makatên punika paksi bango, sagêd mabur muluk ing dirgantara, ananging têka botên kangge minta kaluwihan dhatêng jawata, têka namung kangge miling-miling ngupados bêbathang. Sapunika manusa: kasinungan budi ingkang linangkung, kasinungan cipta kenging kangge mêmikir ngupados kawruh ingkang linangkung sarta ingkang utama, lêrêsipun kêdah kangge ambudi karaharjaning buwana, kangge mêmanah ingkang sae-sae, owêl sangêt manawi namung kangge ambudi tuwuking hawa angkara kamurkanipun, kangge ngupados akal ingkang rèmèh-rèmèh, nistha, sarta duraka, botên prêduli kasusahaning tiyang. Upaminipun dêdamêl ingkang linangkung, têka dipun êmpakakên dhatêng ingkang sanès lêrêsipun utawi dhatêng barang ingkang botên mèmpêr, punika pancènipun eman sangêt. Saminipun tiyang tinitah dados agêng, luhur, gagah prakosa, sarta santosa, eman sangêt manawi namung kangge ambêk gumêdhe, kumalungkung, sawênang-wênang. Lêrêsipun sarta prayoginipun kêdah kangge pêpancadan anindakakên kautaman, angaubi ingkang ringkih, nyakecakakên manahipun ingkang tinitah alit, amargi sanadyan anglampahana andhap asor, rumakêt dhatêng ngandhap, tamtu botên badhe suda kaluhuranipun, ananging saya utama, ingkang rinakêt saya ajrih kamoran trêsna, wêkasan malah dados wêwahing kaluhuran lan kasantosanipun. Saminipun malih tiyang sugih băndha, eman sangêt manawi namung kangge dêdamêl amêrês karingêtipun tiyang

--- 15 ---

miskin, prayoginipun kangge pêpancadan ulah kaluhuraning bêbudèn, angaubi dhatêng ingkang miskin, supados karêksa kasugihanipun, sarta sagêd nama utama. Saminipun malih tiyang pintêr, eman sangêt manawi namung kangge amintêri dhatêng ingkang bodho, prayogining sugih guna pangawikan punika dipun pigunakna kangge dêdamaring ngakathah, sagêda anênuntun dhatêng karaharjaning buwana, saèstu badhe utama namanipun. Kaluhuran punika kenging ical, arta punika kenging têlas, gêsang punika kenging pêjah, nanging kautaman punika botên sagêd sirna lêlabêtipun, ngantos sampun dumugi pêjah taksih asring dipun ucapakên, ngantos manusa manjan[5] malih, taksih badhe pinanggih uwohipun.

Ulah Bawaning Budi.

Manusa punika sampun ngantos tanpa nêdya gadhah saraya, têgêsipun mitra darma ingkang rukun sayuk sabiyantu ing karsa, mila kêdah anjêmbarakên pasanakan, utawi kêdah gadhah pakêmpalan ingkang sampurna, kajêngipun sampurna anyêkapi kangge kasayukan anggarap sabarang bêbudènipun, sarana damêl utawi tumut pakêmpalan ingkang sampurna.

Paedahipun saraya punika agêng sangêt, awit sagêd adamêl mayar utawi gampil ing sabarang damêl, utawi sagêd angrampungi pandamêl ingkang pancèn botên sagêd rampung manawi kagarap piyambak, dening saraya punika sagêd adamêl wêwahing karosan lan kasantosan ing

--- 16 ---

lair batin. Dados sanadyan pandamêl ingkang lêrêsipun sagêd rampung kagarap piyambak punika inggih langkung prayogi manawi kagarap kanthi saraya, amargi badhe langkung sae babaranipun. Utawi sanadyan pandamêl prakawis batin punika inggih langkung prayogi kagarap kanthi saraya. Têrangipun makatên: sabarang prakawis ingkang namung dipun êmbat piyambak punika kawon prayogi tinimbang kalihan ingkang manawi pangêmbatipun mawi wontên rencangipun rêrêmbagan. Sabarang kêkajêngan ingkang sanadyan kalampahanipun tamtu namung dipun tindaki piyambak, kados upaminipun nêdya nglampahi ngluwe, nêdya ulah kautaman, nêdya sinau mêsu budi, angêningakên cipta, saha sapanunggilanipun pandamêl ulah batin, punika mênawi anggènipun anglampahi kathah sêsarênganipun sampun tamtu sagêd langkung kêncêng ing sêdya tinimbang kalihan manawi botên wontên sêsarênganipun.

Ingatasipun pandamêlan ingkang pancèn botên sagêd rampung manawi kagarap piyambak, utawi pancèn botên sagêd anggarap, utawi saking kêkirangan sarana, sampun tamtu kemawon saya kêdah kagarap kanthi saraya ingkang anyêkapi.

Manusa wajib ambudi sagêdipun anyamêktani sabarang kabêtahan ing sadèrèngipun, supados sagêd kasamêktan samasa-masa ambêtahakên. Nadyan ingkang kados makatên punika angèl kalampahanipun, ananging wontên rekadaya ingkang sagêd kadosdene sampun sagêd makatên, inggih punika manawi sampun sagêd anjêmbarakên pasanakan [pasanaka...]

--- 17 ---

[...n] ingkang ngantos anyêkapi, utawi gadhah pakêmpalan ingkang sampurna, punika sampun kenging minăngka dados gêgêntosipun pasudhiyan ingkang sarwa samêkta.

Pakêmpalan ingkang langkung sampurna punika ingkang langkung agêng, langkung pêpak warni-warnining golonganipun, langkung sae tatananipun. Ingkang dipun wastani langkung sae, tatananipun punika wontên tatananipun ingkang anyêkapi kangge pangrêksa kawidadaning pakêmpalan, supados sagêd sarwa lêstari lampahipun sarta botên sagêd pêjah (sirna) sanadyan pêjah nanging sagêd gêsang malih utawi thukul malih, kadosdene gadhah aji păncasona, lan panitisan, sagêd damêl rakêting karukunan ingkang ngantos sagêd damêl trêsna sayuk sagolong pikir sayêktos, bantu-binantu ulah karaharjan mêdal margi ingkang rahayu, adhêdhasar ulah kawruh lan kautaman. Punapadene ingkang sagêd anyêkapi kangge amanah sabarang prakawis ingkang wigati, utawi angrampungi kangge manah karaharjaning warganipun utawi karahayoning buwana, nyêkapi kangge rumêksa tata têntrêm karta raharjaning jagad. Pakêmpalan punika sabên saya agêng saya rosa, sabên saya pêpak warni-warnining golonganipun saya samêkta. Sabên adhêdhasar ulah kautaman utawi adhêdhasar rahayu budi, sagêd sarwa widada, utawi kalêstarèn ing sabarang karsa. Sabên ulah kasusastran, mawi tansah anukulakên piwulang warni-warni prakawis lair lan prakawis batin, ingkang dados kabêtahaning jagad, lan anyêkapi kangge amrayogi jagad, sarta inggih

--- 18 ---

kados makatên punika ingkang dados garapaning pakêmpalanipun, punika tamtu badhe anglabêt botên sagêd sirna tilasipun, wêkasan dados păncasonaning pakêmpalanipun, sanadyan upami sirna, badhe sagêd gêsang malih utawi thukul malih. Mila pakêmpalan ingkang langkung sampurna piyambak punika pakêmpalan umum, kangge sadaya manusa ing sakubênging bumi, ingkang mawi dhêdhasar ulah pangastuti. Inggih punika pakêmpalan ingkang agêng piyambak sarta pêpak piyambak golonganipun, adhêdhasar marsudi sampurnaning kawruh lan sampurnaning kautaman.

Mênggah gunaning saraya punika upaminipun makatên, gadhah sêdya lampah dagang, sampun apawitan kawruh kasagêdanipun, nanging botên gadhah pawitan arta, punika kêdah gadhah saraya tiyang ingkang sugih arta, supados mragadi adêging dagangipun, makatên ugi kosok wangsulipun, sêdya dagang sampun gadhah pawitan arta, nanging botên sagêd nindakakên, kêdah ngupados saraya ingkang kapurih nindakakên utawi namung nuntun kemawon. Tiyang badhe dêdamêlan barang, gadhah wragad nanging botên sagêd tumandang piyambak, inggih kêdah nyraya dhatêng tukang. Ingkang sagêd tumandang nanging botên gadhah băndha inggih kêdah ngupados ingkang ambandhani. Tiyang badhe paring piwulang lan panggulawênthah dhatêng putra nanging botên sagêd mardi piyambak, inggih kêdah minta sraya dhatêng guru utawi pandhita ingkang sudibya. Upaminipun tiyang badhe anjunjung satunggiling barang ingkang sakalangkung awrat, botên kuwawi anjunjung piyambak, punika inggih kêdah ngupados sraya ingkang anyêkapi (nguwawèni) kangge rencang

--- 19 ---

anjunjung wau, sampun ngantos kirang kănca, dipun kapara langkung, supados botên ngaping kalih damêl. Makatên ugi manawi badhe tumandang anindakakên ing sabarang damêl, sadaya pangrancang kêdah dipun tata ingkang ngantos sampurna rumiyin, sampun ngantos angowani. Upaminipun tiyang badhe yasa griya inggih kêdah sudhiya băndha ingkang anyêkapi dipun kapara tirah, manawi dèrèng makatên sampun kasêsa anglaksanani, makatên punika supados ing sabarang karsa sagêd kalaksanan.

Manawi pakêmpalan ingkang sampurna sampun ambabar, ing ngriku kawontênan ing dalêm pakêmpalan badhe kenging kaupamèkakên kadosdene taman agêng ingkang isèn-isènipun amêpêki, manusa badhe ngupados punapa, sampun kantun mundhut kemawon, badhe damêl punapa, sampun botên badhe mawi kewran, awit sampun botên badhe kêkirangan ing sabarang.

Mênggah sagêdipun kalampahan wontên pakêmpalan ingkang makatên punika, kêdah wontên pakêmpalan ingkang ênêripun sêdya nyadhèrèkakên sadaya manusa ing marcapada, ing dalêm pakêmpalan kêdah wontên pangulah ingkang sagêd angrukunakên manusa, nuntun utamaning watak lan bêbudèn, punika pêrlu sangêt. Dene sambènipun marsudi kawruh, lan manah karaharjaning jagad, sagêda sampurna kawruhipun lair batin. Mila pamanah karaharjaning jagad katêmbungakên namung dados sambèn, kajêngipun: sok ugi prakawis utamaning watak bêbudèn sampun sagêd majêng waradin ing sabuwana, bab tata têntrêm karta raharjaning jagad [ja...]

--- 20 ---

[...gad] sampun sagêd kacêpêng, bab ajênging kawruh kasagêdan sapanunggilanipun punika sampun badhe katut majêng. Têrangipun kados ing ngandhap punika.

Upami ing bawana punika bab kawruh kasagêdan ingkang langkung kaparlokakên dipun ajêngakên rumiyin, ngantos sampun kalampahan waradin pinunjul ing kawruh kasagêdanipun sadaya, nanging watak bêbudèning manusa taksih asor, nistha, lan awon, punika tamtu dèrèng sagêd tata têntrêm karta raharja, amargi dèrèng sagêd rukun sae, nanging taksih sami tatapan angabên kasagêdan, arêbat julig, dados taksih kathah kasusahan. Sarèhning kasagêdan punika tamtu botên sagêd rampak sadaya, dados pundi ingkang kawon sagêd punika ingkang katiwasan. Beda kalihan manawi watak bêbudèn utama ingkang sampun sagêd majêng rumiyin, punika sanadyan upami kawruh kasagêdan dèrèng sagêd patos majêng, nanging tamtu sampun sagêd prayogi ing kawontênanipun, amargi ingkang langkung sagêd botên badhe anyagêdi dhatêng ingkang bodho, ingkang sugih purun angêbèri dana dhatêng ingkang miskin, ingkang kawasa angaubi dhatêng ingkang ringkih, makatên salajêngipun, dados botên wontên tatapan, sadaya sagêd rukun sae, atut aruntut pawong sanak, trêsna lair batinan. Wasana ingkang sampun mulya sagêd santosa ing kamulyanipun, ingkang bodho malarat sarta ringkih sagêd manggih kamayaran dening angsal pangayoman. Inggih manawi sampun sagêd dados kados makatên punika, punika tiyang sabuwana

--- 21 ---

nama sampun sagêd dados saraya kita sadaya. Kita sêdya punapa-punapa sampun sarwa gampil.

Kalêpasaning Budi.

Marginipun manusa sagêd rikat ajênging kautamanipun lan kawruhipun, punika kêdah ulah kalêpasaning budi. Lampah kalêpasaning budi punika dados sêsêkaring kamulyan, saha sêsêkaring drajat ingkang agêng sarta luhur. Wondene ingkang dipun wastani kalêpasaning budi punika: lampahing pambudi ingatasipun ulah satunggil-tunggiling kasaenan dipun budi ngantos nêlas, jêdhug, kêmput, sampurna, ngrampungi, ngantos dumugi mumpuni ing saniskara, angranggoni saliring kasugihan. Upaminipun kados ing ngandhap punika:

Manawi manah kawiwekan ambudi badhe lêlampahaning gêsangipun, botên namung kandhêg manah ingkang badhe pinanggih ing gêsangipun ing têmbe manawi sampun sêpuh kemawon, ananging binudi ngantos sagêdipun manggih kamulyan ingkang langgêng. Inggih punika kandhêging lêlampahan, sampun botên anyakra panggilingan lair rambah-rambah (tumimbal lair).

Manawi manah karaharjanipun sasamining manusa, botên namung kandhêg manah karaharjaning kadang warga, mitra wadu wandawa, utawi băngsa, ananging ngantos dumugi manah karaharjaning sabawana sadaya.

Manawi manah karaharjaning turas, botên namung kandhêg manah dhatêng putra, ananging ngantos dumugi manah ingkang badhe pinanggih para putra wayah turun-tumurun ing wingking-wingking.

--- 22 ---

Manawi anggayuh kautaman inggih ngangkah sagêda sakalangkung agêng kautamanipun, ngantos sagêd sarwa utama sarta sarwa amimbuhi dhatêng sagung dumadi.

Manawi manah kawruh kasagêdan inggih ngangkah sagêda ngantos linangkung, punjul ing apak[6] mrojol ing akêrêp, mumpuni ing saniskara.

Makatên sasaminipun.

Dene ringkêsipun, ingkang nama ulah kalêpasaning budi punika sêdya anênuntun sampurnaning saniskara (kamulyaning sagung dumadi).

Mila kalêpasaning budi dipun wastani sagêd anênuntun lan angrancagakên ajênging kautaman, amargi marginipun manusa sagêd sampurna bêbudènipun punika têmtu kêdah mêdal margi utama kanthi nyampurnakakên kautamanipun. Sarta têtêpipun nama gadhah lampah ulah kalêpasaning budi punika kêdah gadhah pamanah murih karaharjanipun sagung tumuwuh, dados sampun tamtu kemawon têbih saking lampah kanisthan.

Mila kalêpasaning budi dipun wastani sagêd angrancagakên ajênging kawruh kasagêdan, amargi marginipun manusa sagêd sampurna bêbudènipun punika sampun tamtu kêdah mêdal margi winasis, kanthi nyampurnakakên kawruh kasagêdanipun. Saha malih tiyang ingkang narimah sarwa garoboh samukawis pêpikiranipun punika tamtu dadosipun kawon sagêd kalihan tiyang ingkang rêmên ambêsusakên samukawis gêgarapanipun, tiyang ingkang narimah cebol bêbudènipun tamtu dadosipun kawon kalihan ingkang anjangkah langkung lêpas bêbudènipun, tiyang ingkang namung kulina [ku...]

--- 23 ---

[...lina] manah dhatêng karaharjaning badanipun piyambak (egonismê) punika tamtu kawon jêmbar kawruh kasagêdanipun tinimbang kalihan tiyang ingkang kulina mêmanah dhatêng karaharjaning ngakathah. Tiyang ingkang namung kulina mêmanah karaharjaning băngsa punika tamtu kawon jêmbar kawruh kasagêdanipun tinimbang kalihan tiyang ingkang kulina mêmanah karaharjaning jagad. Têgêsipun: tiyang ingkang namung kulina manah gêsangipun piyambak punika têmtu botên gadhah kacakêpaning ulah pikiran kangge ambudi karaharjaning ngakathah, nanging manawi tiyang ingkang sampun kulina manah karaharjaning ngakathah, tamtu sampun angranggoni kacakêpaning pamikir tumrap manah badanipun piyambak. Tiyang ingkang namung kulina manah karaharjaning bangsanipun piyambak, punika tamtu botên gadhah kacakêpaning ulah pêpikiran pambudi dhatêng karaharjaning jagad, nanging tiyang ingkang sampun sampurna dhatêng kawruh lampahing pambudi karaharjaning jagad punika tamtu sampun angranggoni kawruh kacakêpan tumrap kangge manah dhatêng karaharjaning băngsa. Cêkakipun pundi ingkang langkung lêpas utawi langkung jêmbar têbaning bêbudènipun utawi jangkahipun, inggih sampun tamtu langkung jêmbar kawruhipun, langkung sumrambah kautamanipun. Mila inggih dados sêsêkaring drajat ingkang agêng sarta luhur. Amargi sintên ingkang luhur bêbudènipun agêng kautamanipun sampun tamtu inggih agêng bêbudènipun sarta linuhurakên ing ngakathah. Sintên ingkang tansah ambudi sagêdipun kalampahan amadhangi inggih badhe dados pêpadhang, sintên ingkang tansah ambudi sagêdipun kalampahan angayomi inggih badhe dados pangayoman. Makatên [Ma...]

--- 24 ---

[...katên] punika sanadyan botên sagêd pinanggih ing dalêm gêsangipun ananging tamtu inggih badhe pinanggih ing têdhak turunipun ingkang andumugèkakên lêlabêtanipun utawi pinanggih ing panjanmanipun piyambak ing têmbe, sabab sintên ingkang nanêm sampun tamtu badhe angundhuh wohipun, punika sampun dados lampahing pangadilan.

Awit saking punika mila lajêng anuwuhakên pamanggih makatên: sabêcik-bêcikane mung amburu uripe dhewe, luwih bêcik amburu uripe wong akèh. Sabêcik-bêcikane mung amburu uripe kulawangsane dhewe bae, luwih bêcik amburu uripe wong sanagara. Sabêcik-bêcikane mung amburu uripe wong sapraja bae, luwih bêcik amburu uripe wong sabăngsa. Sabêcik-bêcikane mung amburu uripe wong bangsane dhewe bae, luwih bêcik amburu uripe wong sajagad kabèh.

Mênggah marginipun manusa purun tumindak ulah kalêpasaning budi, punika manawi sampun sami kadunungan kawruh kamanusan.

Kamanusan.

Ingkang dipun wastani kawruh kamanusan punika kawruh anyumêrêpi dhatêng sajatining gêsangipun manusa, inggih punika ingkang dipun wastani sajatining manusa utawi manusa sajati, ugi kasbut pribadining manusa. Lan kawruh kuwajibanipun tindaking manusa. Tuwin kawruh kautamanipun tindaking manusa. Lampahipun anggèning manusa sumingkir saking kanisthan, anêtêpi kuwajiban lan kautaman, punika ingkang nama lampah kamanusan.

--- 25 ---

Manawi manusa sampun anyumêrêpi dhatêng sajatining gêsanipun, inggih punika ingkang sinêbut pribadining manusa, ingkang ugi dipun wastani: nyawa, jiwa, utawi suksma, tamtu lajêng sumêrêp bilih gêsang punika sajatosipun namung satunggal, sarta inggih punika gêsangipun Pangeran Ingkang Maha Agung, ingkang anggêsangi ingkang sipat gêsang sadaya, dados sadaya gêsang punika sajatosipun satunggal, ingkang pilah-pilah punika muhung kuwadhaganipun, alusipun sarira tunggal, awit saking punika manusa wajib trêsna dhatêng sasamining dumadi, awit ingkang dumunung ing dalêm sadaya dumadi punika inggih gêsangipun: piyambakipun dumunung ing sadaya, sadaya inggih dumunung ing piyambakipun. Mila sintên manusa ingkang botên gadhah trêsna dhatêng sasamining dumadi punika binasakakên pangling dhatêng gêsangipun piyambak utawi kasupèn dhatêng Pangeranipun. Dados: ingsun (aku, ego), Pangeran (iku), sira kabèh (sadaya ingkang sarwa gêsang), punika satunggal. Awit saking punika mila wontên pariwara darma ungêlipun makatên: sintên ingkang sumêrêp dhatêng gêsangipun piyambak punika tunggil raos kalihan sumêrêp dhatêng Pangeranipun, sintên ingkang trêsna dhatêng sasamining dumadi punika tunggil raos kalihan trêsna dhatêng gêsangipun piyambak.

Nyawa punika gêsang langgêng, sagêd gêsang tanpa raga, samasa pêcat saking raga. Wangsul maligining gêsang, inggih punika ingkang anggadhahi raos-pangraos karaos: a, i, u, (alip ingkang ajabar, jèr, pès), kajêngipun: aku iki urip. Mila punika ingkang sinêbut sajatining

--- 26 ---

gêsang, sarta ingkang sinêbut sajatining pribadinipun manusa. Dene raga punika samasa sampun tinilar ing nyawa, lajêng lulus pêjah, tanpa gadhah raos-rumaos, mila sinêbut sanès sajatining gêsang, lan sanès pribadining manusa, utawi sanès sajatining manusanipun.

Kanyataaning trêsna dhatêng sasamining agêsang punika kêdah gadhah pangrêksa, pamomong, pangapuntên, lan nêdya sagêd suka pitulungan ing sakawasanipun, têbih saking pandamêl niaya, mêntalan, siya, nyawiyah, ngrèmèhakên, ngidak, ngilês, sawênang-wênang, utawi sawarnining miawon. Inggih makatên punika ingkang kalêbêt lampah kamanusan.

Sato punika sagêd gêsang mêntas saking tênaganipun piyambak-piyambak, dening botên bêtah (butuh) sandhang pangangge, pirantos sapanunggilanipun, ingkang dipun têdha namung sakêpanggihipun, botên mawi mêmanah ambumboni lan angrêratêngi, mila sato botên gêsang bêbrayan, botên bêtah sangêt gêsang sêsarêngan. Nanging manawi manusa botên, bêtah sangêt gêsang sêsarêngan kalihan tiyang kathah, saha bêtah sangêt dhatêng gêsang sagêd bêbrayan, amargi gêsanging manusa botên sagêd mêntas saking tênaganipun piyambak-piyambak, dening kabêtahanipun kathah warni-warni sangêt, dados manusa botên sagêd angwontênakên sacêkapipun sarana dipun rampungi kagarap piyambak. Saupami tiyang punika têtanèn kagarap piyambak, pandhe inggih mandhe piyambak, sêmbêt anênun piyambak, bakakas kajêng damêl piyambak, cêkakipun sadaya sarwa kagarap piyambak, saiba ribêtipun, tamtu botên sagêd kacêkap [kacêka...]

--- 27 ---

[...p] baunipun, saha botên sagêd sae kawontênanipun, amargi sagêdipun manusa linangkung ing kawruh kasagêdanipun, lan sae gêgarapanipun, punika muhung manawi sagêd mêlêng salah satunggal ingkang dipun ulah.

Sarèhning manusa sampun gêsang sêsarêngan lan tiyang kathah, saha sajatosipun sampun gêsang bêbrayan, dados manggih sakeca lampahing gêsangipun, ing ngriku asring ngantos botên kraos bilih anggènipun sagêd manggih sakeca lampahing gêsangipun punika saking sagêd gêsang sêsarêngan kalihan tiyang kathah saha sagêd gêsang bêbrayan, dados botên rumaos bilih gêsang punika bêtah sêsarêngan lan bêbrayan kalihan tiyang kathah. Kraosipun bilih nuju dumunung ing panggenan ingkang botên rêja, ing ngriku sawêg rumaos kidhungipun, kraos ambêtahakên gêsang sêsarêngan kalihan tiyang kathah.

Ingkang dipun wastani manusa sampus[7] gêsang bêbrayan punika anggènipun manusa sampun sagêd linton tênaga utawi urup-urupan pandamêl, têmah satunggal-tunggaling manusa dados andayani sae utawi anyamêktani kabêtahaning ngakathah, sanadyan bakuning sêdya namung ambujêng kabêtahanipun piyambak. Kados upaminipun sadhèrèk tani anggènipun têtanèn, punika bakuning sêdya namung kangge ambujêng kabêtahanipun piyambak, nanging wusananipun dados pasudhiyan têdhanipun tiyang kathah. Makatên ugi sadhèrèk tukang anggènipun anênukang punika bakuning sêdyanipun inggih namung kangge sarananing pangupayanipun piyambak, ananging [ana...]

--- 28 ---

[...nging] wusananipun dados anyamêktani pirantos ingkang dados kabêtahaning ngakathah, dados gêsangipun manusa ingkang nama bêbrayan punika dene samêkta-sinamêktan utawi tulung-tinulungan kalihan tiyang kathah, satunggal-tunggalipun dados suka pitulungan dhatêng tiyang kathah, lan satunggal-tunggalipun tansah angsal pitulungan saking warni-warninipun pandamêling tiyang kathah.

Sarèhning manusa bêtah sêsarêngan gêsang kalihan tiyang kathah, sarta bêtah sagêd gêsang bêbrayan, amargi sagêd anjalari kamayaran, kasamêktan, lan sae ing kawontênanipun, amila manusa wajib trêsna dhatêng sasamining manusa, lan wajib tumindak gêsang bêbrayan, saha nyaèkakên utawi nyampurnakakên lampahing gêsang bêbrayan, inggih punika mawi tatanan ingkang supados mêwahi langkung prayogi. Inggih lampah anêtêpi kuwajiban makatên punika ingkang kalêbêt lampah kamanusan.

Ingkang dipun wastani tatanan gêsang bêbrayan, punika tatananing andum damêl, paminta-mintaning kuwajiban, panggarapipun satunggil-tunggiling pandamêlan miturut kuwajibanipun piyambak-piyambak kêdah dipun dhasari sêdya katujokakên kangge kapêrluwaning ngakathah, sarta dipun dhasari kautaman, pinarsudi murih sagêdipun nama sae, jangkêp anêtêpi kuwajiban, lan rampung. Upaminipun makatên, manusa kaperang dados kalih: golongan praja, lan golongan kawula, praja kawajiban dados pandam pangaubaning kawula, wajib suka piwulang lan panggulawênthah,

--- 29 ---

murih majênging kawruh kasagêdan, saening watak kalakuanipun manusa, anêbihi lampah kanisthan, lan wajib suka pêpayung, anamèngi sagung pakèwêd, rumêksa kawilujêngan, wêwênang, kamardikaning kawula, sampun ngantos kenging piniawon ing satru salah. Kawula kuwajiban angladosi bau suku utawi arta, kangge băndha baunipun pradangdan praja utawi wragad adêging praja, makatên sasaminipun. Gêsang bêbrayan ingkang makatên punika nama gêsang bêbrayan ingkang sampun mawi dipun sêngaja utawi dipun tata, inggih tumindak gêsang bêbrayan, anggarap kuwajiban, lan anggarap pandamêlan ingkang katujokakên kangge kapêrluwaning ngakathah, kanthi dipun dhasari kautaman, mêdal saking katrêsnaning manah dhatêng sasamining agêsang, lan saking sêdya mêmanah karaharjaning jagad, punika ingkang nama lampah kamanusan, tiyang anindakakên pandamêlan ingkang namung angèsthi kangge ambujêng melikipun piyambak, sarta botên prêduli damêl kasusahaning sanès, punika ingkang nama tanpa kamanusan.

Sato ingkang agêng-agêng punika kathah ingkang sami măngsa dhatêng ingkang alit-alit, dene ingkang alit-alit sami măngsa ingkang langkung alit-alit malih, cêkakipun pundi ingkang mênang inggih sawênang-wênang, makatên ingkang dados ngadating sato, nanging gêsangipun manusa ingkang sampun angangge tataning kamanusan botên makatên, pundi ingkang santosa malah angayomi ingkang ringkih, anamèngi tindak sawênang-wênang, pundi ingkang dhamang ing kawruh malah amadhangakên manahipun ingkang kapêtêngan pikir, anularakên [a...]

--- 30 ---

[...nularakên] kawruhipun, pundi ingkang sawêg kasinungan sugih arta malah angêrobi dhatêng ingkang miskin, anglubèrakên bandhanipun. Awit saking anêtêpi ingkang makatên wau amila bangsawan têtiga (wiryawan, hartawan, gunawan) inggih sami linuhurakên ing ngakathah, ananging manawi bangsawan têtiga punika sampun sirna kautamanipun ingkang makatên wau, lami-lami asring botên patos linuhurakên ing ngakathah, awit witipun sami linuhurakên punika saking budinipun ingkang luhur, inggih punika kautamanipun.

Angluhurakên dhatêng bangsawan têtiga (saktyawan, hartawan, gunawan), ingkang sami utama luhur bêbudènipun, punika kalêbêt kapêrluwaning ngakathah, amargi kamajênganing tindak dhatêng kautaman luhuring budi punika dados kabêtahaning ngakathah, dados sanadyan kautamanipun botên angênani badanipun inggih wajib linuhurakên, supados para bangsawan sami majêng dhatêng kautaman. Tindak angluhurakên para bangsawan ingkang makatên punika kalêbêt tata lampahing gêsang bêbrayan, utawi lampah kamanusan.

Têgal tanpa sukêt punika botên sinaba dening sato ingkang sami nêdha rumput, rawa ingkang sampun asat punika inggih botên sinaba dening pêksi ingkang sabèng rawa, makatên ugi bangsawan ingkang sampun sirna kautamanipun utawi tilar tataning kamanusan, inggih asring lajêng botên pinundhi-pundhi botên kaanggêp pangayomaning ngakathah.

Dados tataning kamanusan punika pundi ingkang pantêsipun dipun têlungakên [têlungakê...]

--- 31 ---

[...n] kêdah tinêlungakên, sarta kêdah purun dipun têlungakên, botên ingkang ngandhap dipun têlungakên supados ngawon dhatêng nginggil.

Miturut pinta-pintaning pandamêlan, manusa punika wontên kawan golongan: brahmana, satriya, waisiya, sudra. Para bangsawan têtiga (brahmana, satriya, waisiya), punika wajib dados pangayomaning golongan sudra.

1. Brahmana punika băngsa sastrawan lan gunawan, ingkang dhamang ing kawruh tata-tatanipun ulah kridhaning dumadi, kuwajibanipun damêl piwulang, mêmulang, suka piwulang lan panggulawênthah, mêncarakên kawruh kagunanipun, ngajêngakên kautaman lan kawruh kasagêdan, nênuntun kamajênganing manusa, madhangakên kapêtênganing manah, anglipur ing sungkawa, anggulawênthah anênuntun kasantosaning budi, têtulung kasusahan kasangsaran karisakaning jagad, ambangun karaharjaning jaman, anêdahakên margi-margining kamulyan sadaya. Sadaya punika namung sarana kawruh utawi pitutur, dados kawruhipun wajib kêdah dipun pigunakakên kangge kapêrluwaning ngakathah, mila kuwajibanipun angêgungakên watak sih sarta talatos amêmulang.

2. Băngsa satriya, inggih punika băngsa saktyawan, têgêsipun manusa ingkang anggadhahi kasaktèn utawi kadikdayan, utawi băngsa wira, têgêsipun prajurit, tiyang ingkang gadhah kasuran, têgêsipun kakêndêlan, inggih punika manusa ingkang minăngka lêlananging jagad, kuwajibanipun rumêksa têtêping adil, rumêksa jêjêging lêlêrêsan, dados pêpagêr utawi pêpayung pangrêksaning kawilujêngan, anamèngi [ana...]

--- 32 ---

[...mèngi] baya pakèwêd pakartining satru salah, rumêksa rajadarbe, wêwênang, kamardikaning manusa sampun ngantos rinisak ing dursila, rumêksa têtêping anggêr ingkang jêjêg saha prajangjiyan ingkang sah pantês kêdah tumindak, angayomi golongan ingkang ringkih, lêrês, lan rahayu, dados kêkiyatanipun lan kapurunanipun nama dipun pigunakakên kangge kapêrluwaning ngakathah, ingkang awit kuwajiban angêgungakên watak adil. Kuwajiban santosaning manah, sugih wirang, purun ing kèwêd.

3. Băngsa waisiya, inggih punika băngsa hartawan, têgêsipun băngsa sugih arta utawi sugih rajadarbe, kuwajibanipun angêdêgakên panggaotan, kangge papan panggêsanganipun tiyang bêbêrah, arta utawi rajadarbèkipun botên kenging dipun tilêmakên, nanging kêdah kalampahakên kangge manggaota, sanadyan kaontunganipun kirang murwat utawi prasaksat botên angsal kaontungan, sok ugi taksih kenging kangge anggêsangi punggawanipun, waton botên rugi kêdah taksih katindakakên, amargi piyambakipun kuwajiban rumêksa panggêsanganipun manusa, sasagêd-sagêd sampun ngantos wontên tiyang ingkang botên angsal pandamêlan utawi pangupajiwa (têdha), saha rumêksa sampun ngantos wontên tiyang kasarakat, tuwin kuwajiban sami urun wragad (mragadi) kangge kapêrluwaning ngakathah, inggih punika urun wragad adêging praja utawi pradangdan praja, urun wragad kangge têdhaning para brahmana ingkang sami nglimrahakên kasudarman utawi maradinakên kawruh, utawi wragad mêncarakên piwulang, ngajêngakên pasinaon, ngopèni tiyang papa [pa...]

--- 33 ---

[...pa] cintraka, miyara lare kapiran, têtulung ing kasangsaran sasaminipun, mila kêdah adêdana saking kaontunganipun utawi kasugihanipun, dados kasugihanipun kêdah dipun pigunakakên kangge kapêrluwaning ngakathah, ingkang awit kuwajiban angêgungakên ambêk loma sarta sagêd ulah arta, têgêsipun sagêd damêl panggaotan ingkang agêng kaontunganipun, ngantos sagêd suka têdha cêkap dhatêng punggawanipun, sarta sagêd angêbèrakên kaontungan kadanakakên kangge kapêrluwaning ngakathah wau.

4. Băngsa sudra, inggih punika băngsa narakarya, têgêsipun băngsa kriya, tani, lan bêbêrah, kuwajibanipun angrampungakên pandamêlanipun, awit punika dados kasamêktan kabêtahaning tiyang kathah, dados bau sukunipun kêdah dipun èsthi kangge piguna kapêrluwaning ngakathah, ingkang awit kuwajiban angêgungakên watak tumêmên ing damêl, têgêsipun têmên lan tabêri.

Băngsa kawan golongan punika wajib amêmitran, sarta têtêp-tinêtêpan kuwajiban, têgêsipun kêdah sami anêtêpi kuwajiban. Têtêping kuwajiban sadaya punika dados têtangsuling katrêsnan utawi têtangsuling pamitran, upami sapu dados suhipun, saèstu dados ing kasantosanipun, lan dados rakiting kamajênganipun, wêkasan enggal sagêd dumugi dununging don ingkang ginayuh, inggih punika margining kamulyan. Adêging băngsa punika, kêdah jangkêp wontên tiyang kawan golongan punika, sarta sami nêtêpi kuwajibanipun. Manawi [Mana...]

--- 34 ---

[...wi] ngantos gothang salah satunggal, utawi sanadyan jangkêp nanging manawi sami tilar kuwajiban: tamtu ringkih, wêkasan cêpak dhumawah ing papa sangsara lan asor.

Andum damêl dados kawan golongan, lan têtêp-tinêtêpan kuwajiban, punika dados tatananing gêsang bêbrayan ingkang dahat wigatos, ugi dados kuwajibaning kamanusan, mila kêdah rukun andum damêl.

Trêsna, rukun, sayuk, saeka praya, guyub sabiyantu ing karsa, punika kaparluwan agêng, inggih punika margining kawasa anggayuh sadaya gêgayuhan ingkang kêdah ginayuh sêsarêngan kalihan tiyang kathah. Amargi manawi rukun punika sampun sagêd kacêpêng, tamtu manggih karosan, kasantosan, lan lêmês, kenging kangge anggarap punapa-punapa sakajêngipun manusa. Mila kêdah dipun wiwiti saking sagêda rukun saking sagolongan alit, kaparsudi supados lami-lami ngantos sagêd waradin sanusapada pisan. Rukun punika minăngka pamancat untuning ăndha ingkang kawitan badhe anjangkah dhatêng tataran ingkang inggil, ing dalêm karukunan kêdah sinau rêrêmbagan angêmbat prakawis kapêrluwaning ngakathah, wiwit saking sagêd manah prakawis ingkang rèmèh lami-lami tamtu badhe sagêd manah prakawis ingkang wigati, wiwit saking kawasa ngrampungi pandamêl ingkang gampil ngantos kawasa angrampungi pandamêl ingkang linangkung, manawi sanusapada sampun kapanggih rukunipun, tamtu jagad sagêd tata têntrêm karta raharja, santosa, rikat ajêngipun, sabarang ingkang sinêdya angsal margi gampil.

--- 35 ---

Marginipun manusa sagêd kalampahan rukun punika kêdah gadhah dhêdhasar utama, sarta angênggèni ingkang nama lêrês lan sae.

Beka rancananing lampah nêdya ngambah margi ingkang lêrês sae, minggahipun dhatêng kautaman, punika ingkang gawat sangêt prakawis karoban limrahing ngakathah, lan prakawis kalimput dhatêng kasênêngan, utawi katarik dening kamelikan, upaminipun arta, èstri sasaminipun, punika manawi kirang-kirang wiweka, awas, èngêt, sarta santosa: cêpak kadrawasanipun, amila kêdah prayitna, amargi rubeda sadaya wau adhakan sangêt angadhang ing margi sami ambegal ing lampah anênuntun dhatêng kanisthan. Sanadyan sampun dados limrah, nanging manawi têrang awon lan lêpat, punika inggih kêdah dipun singkiri, sanadyan angsal kamelikan, nanging manawi mawi awon lan lêpat, punika inggih kêdah dipun singkiri.

Upami manusa têtunggilan kalihan tiyang awon, utawi tunggil sapandamêlan kalihan tiyang awon, utawi têtunggilanipun sami nindakakên pandamêl awon, utawi rencangipun sapandamêlan sami awon panindaking pandamêlanipun: punika kêdah prayitna, sampun ngantos katut awon utawi katut anindakakên pandamêl awon, ananging malah kêdah marsudi sagêda angatutakên dhatêng kasaenan. Mila salêbêtipun manusa anindakakên pandamêlanipun kêdah tansah karêksa, sampun ngantos pandamêlanipun dados wisa tumrap tiyang kathah, ananging malah kêdah kabudi sagêda pandamêlanipun dados suka marta dhatêng

--- 36 ---

tiyang kathah, utawi kabudi supados wohipun sagêd maedahi ing ngakathah, utawi angsal-angsalanipun katujokakên kangge ing ngakathah. Manusa ingkang makatên punika gêsangipun maedahi ing ngakathah, inggih punika tiyang utama, saèstu manggih kasantosan lan kaluhuran, gêsangipun karêksa lan dipun trêsnani ing ngakathah.

Sagêdipun manusa majêng dhatêng tindak kautaman ingkang makatên wau kêdah tansah anggêgulang manahipun piyambak, anancêbakên cipta marta wêlas asih dhatêng sagung dumadi, têgêsipun angèsthi katrêsnan lan angangkah sagêda sarwa amimbuhi dhatêng kamartaning rat sadaya, inggih punika ambudi sagêda damêl ingkang sarwa băngsa pitulungan.

Manawi watak kalakuan utama ingkang makatên wau sampun sagêd angrêbda, têgêsipun manusa sampun racak-racak sami purun angangge ingkang makatên wau, tamtu sawarnining piawon botên sagêd gampil tumindakipun, tiyang awon kapêpêtan margi anindakakên piawonipun, sami kasompok ing papan sarta kalangan ing margi kinêpung ing pakèwêd, punapadene tansah kapajaran dening sorotipun cahyaning kautaman, têmah sakathahing dursila sami giris miris sirna basmi, kêpêksa tumindak raharja, ing ngriku sirnanipun sakathahing piawon, ginantos ingkang sarwa băngsa pitulungan, amargi sababipun piawon tansah sagêd tumindak punika saking tansah manggih kasayukan saking sakubêngipun utawi manggih pitulungan saking pundi-pundi panggenan, anjalari tansah angsal pirantos lan angsal margi tuwin angsal papan ingkang kobèt, [kobè...]

--- 37 ---

[...t,] angsal kêkiyatan ingkang santosa. Dados sajatosipun pêjah utawi cilakanipun manusa punika botên sanès inggih namung saking sami manusa piyambak, inggih punika saking tega-tinegakakên, sarta malah badhog-binadhog kalihan golonganipun piyambak utawi bangsanipun piyambak. Katarik dening kamelikan sakêdhik kemawon sampun sagêd kasupèn dhatêng sasamining manusa, kadugi ambadhog bangsanipun utawi golonganipun piyambak, raosipun sampun misah, lajêng kados sanès băngsa utawi golongan, kasupèn bilih kawontênan ing nusapada punika botên langgêng, sarta kasupèn bilih manusa punika badhe pêncar dados kathah, turunipun botên masthi sagêd milulu dados satunggaling golongan, têgêsipun inggih tamtu badhe gadhah turun ingkang kalêbêt satunggal-tunggaling golongan, malah manusa punika gêsangipun piyambak kemawon sakêdhap dados golongan ngriki, sakêdhap dados golongan ngrika, mangke sakêdhap malih wangsul dados golongan ngriki malih, suprandosipun têka asring kasupèn dhatêng golonganipun piyambak, saha têka asring botên trêsna dhatêng golongan sanès, punika pancèn kalintu sangêt. Manusa wajib sumêrêp dhatêng badanipun punika sajatinipun golongan punapa, wajib trêsna dhatêng golonganipun, sumrambah dhatêng sasamining agêsang sadaya. Sarta wajib santosa dhatêng kautaman, sampun ngantos kawon dening kamelikan.

Sagêdipun manusa santosa anglênggahi kautaman punika kêdah anggêgulang [anggê...]

--- 38 ---

[...gulang] kasantosaning budi, adhêdhasar kawruh kawicaksanan.

Kasantosaning Budi.

Manawi manusa sampun sagêd anyilahakên ingkang nama sajatining gêsangipun kalihan badanipun, inggih punika nyilahakên nyawa kalihan raga, sarta lajêng gêsang angangge pêpathokan bab ananing nyawa, tamtu lajêng kasinungan santosa ing budi, têgêsipun botên gampil kêtaman sangsaraning manah, kêkah samukawis bêbudènipun, botên gampil dipun salèwèngakên dening kamelikan utawi samukawis ingkang ambêbayani, dados sagêd santosa kautamanipun, amargi sampun sumêrêp bilih maligining nyawa inggih punika sajatining gêsangipun punika langgêng gêsang waluya maha mulya, botên kenging sakit tuwin pêjah, botên mawi sêdhih tuwin prihatin, botên ambêtahakên punapa-punapa. Wontênipun ing agêsang mawi sakit sakeca, bingah susah, mulya sangrasa, gêthing trêsna, saha mawi ambêtahakên punapa-punapa, punika amargi jiwa gêsang dados satunggal kalihan raga sarta rumaos satunggal botên silah. Dene ingkang wontên pêjah punika namung gêsanging kuwadhagan, inggih punika raga koncatan nyawa, mila tiyang ingkang sampun sampurna kawaspadanipun dhatêng silahing nyawa kalihan raganipun punika sampun sagêd anyirnakakên pêpenginanipun dhatêng warni-warnining kabêgjan, sarta sagêd anyirnakakên girising manahipun dhatêng warni-warnining bilai, dados sagêd kalis saking ing rèh aru-ara. Inggih tiyang ingkang sampun makatên punika ingkang sinêbut: muni (tiyang sukci) ingkang

--- 39 ---

santosa ing cipta. Têrangipun kados ing ngandhap punika:

Sarèhning sababipun wontên mulya sangsara bingah susah sakit sakeca sasaminipun punika witipun saking jiwa gêsang dados satunggal kalihan raga, dados marginipun manusa sagêd oncat saking susah lan sangsara punika inggih manawi jiwa oncat saking raga, têgêsipun manusa gêsang tanpa kuwadhagan, inggih punika asipat maligining gêsang araga bathara. Ananging mênggahing tiyang ingkang sampun sagêd angangge kawruh kawicaksanan, sagêd oncat saking susah sangsaraning manah ingkang botên susah kalayan oncat saking raga, utawi sagêd oncat saking susah sangsaraning manah ing sadèrèngipun jiwa oncat saking raga. Amargi oreyanipun sababing wontên susah lan sangsara punika têranging nalaripun makatên: sasampunipun jiwa gêsang dados satunggal kalihan raga, lajêng rumaos muhung satunggal, inggih gêsanging raga punika dipun rumaosi (dipun akên) sampun sajatining gêsangipun, têmah mahanani trêsna raga, têgêsipun inggih asih dhatêng raga, anjalari manut punapa ingkang dados wêwatakaning raga, inggih punika gadhah pakarêman, kasênêngan, kasêngitan, sasaminipun. Sabab saking gadhah watak karêm, rêmên, lan gêthing, punika ingkang anjalari wontên susah lan sangsaraning manah. Sabên dipun têbihi punapa ingkang dipun karêmêni rumaos sangsara, sabên dipun rakêti punapa ingkang dipun gêthingi inggih rumaos sangsara, dados wosipun ingkang anjalari wontên raos sangsara punika saking anggadhahi manah rêmên lan gêthing, manawi manusa manahipun [manah...]

--- 40 ---

[...ipun] sagêd timbang (ngadil), têgêsipun botên gadhah rêmên botên gadhah gêthing, botên rêmên punapa-punapa, botên gêthing punapa-punapa, dados sampun botên anggadhahi karêm, botên rumaos andarbèni, botên gadhah kapengin andarbèni punapa-punapa, kajawi muhung marêm narimah andarbèni dat (jiwa, gêsang ingkang langgêng), punika tamtu sampun sagêd anglêpasakên sangsara, kalis saking sêdhih lan prihatin ing sadèrèngipun jiwa oncat saking raga, inggih manusa ingkang makatên punika ingkang dipun wastani sampun sagêd pêjah salêbêting gêsang, gêsang salêbêting pêjah, utawi pêjah ing sadèrèngipun pêjah, gêsang sabakdaning gêsang, ingkang pêjah wau napsunipun, jumênêng sajatining gêsang, pamoring sawujud, botên wontên punapa-punapa, bingah susah sakit sakeca sampun kapêngkêr, ingkang wontên namung nirmala waluya jati wisesa maha mulya têntrêm langgêng. Inggih ing ngriku dununging katêntrêman ingkang santosa, marginipun manusa sagêd makatên wau kêdah matitisakên kawruhipun dhatêng sajatining gêsangipun, ngantos sirna sêmang-sêmanging manah dhatêng bab ananing nyawa, têranging kawruhipun dhatêng bab silahing nyawa lan raganipun, sarta salajêngipun marêm gêsang angangge pêpathokan bab ananing nyawa, têgêsipun raga punika lajêng kaanggêp namung kadosdene sandhang pangangge kemawon, ngantos sirna panganggêpipun dhatêng wontênipun bêgja cilaka mulya sangsara, ing kalairan, awit sampun botên rumaos wajib kumêdah-kêdah anggondhèli dhatêng raganipun, cêkakipun sampun tega ing pati, rila ing donya, raga awon sae,

--- 41 ---

sakit sakeca, mawi raga tanpa raga sampun dipun raos sami kemawon, dados wontênipun sarwa gêlêm, awit sampun botên wontên ingkang kaanggêp sagêd dados kabingahan lan dados pakèwêd, kasugihan kamlaratan kaanggêp dede barang-barang, dening ingkang kaanggêp piyambakipun (aku) muhung nyawa, ingkang gêsang langgêng, botên kenging ewah gingsir, botên kenging sakit pêjah, botên bêtah punapa-punapa. Awit saking rumaos gêsang langgêng botên kenging ewah gingsir botên kenging sakit pêjah dados botên ajrih dhatêng baya pakèwêd, awit saking botên ambêtahakên punapa-punapa dados botên gadhah rêmên utawi melik dhatêng samubarang, dados sampun botên wontên barang kalairan ingkang kaanggêp sagêd andayani awon utawi sae tumrap piyambakipun, mila manahipun sampun sagêd timbang, kêncana kalihan wingka sampun sami kemawon. Manawi manusa sampun makatên sagêd santosa ing budi santosa ing manah, kalis saking susah sangsaraning manah, sagêd santosa kautamanipun, botên kenging dipun salèwèngakên sarana dipun pancing kamelikan utawi sarana dipun alang-alangi prakawis ingkang limrahipun sagêd damêl girising manah. Inggih makatên punika manusa ingkang sampun sagêd oncat saking sangsara ing sadèrèngipun oncat saking raga, utawi sagêd oncat saking sangsara sarana kawruh kawicaksanan, sagêd santosa ing budi sarana kawruh kawicaksanan, sagêd santosa kautamanipun sarana kawruh kawicaksanan.

--- 42 ---

Tiyang ingkang sagêd angangge kawruh ingkang makatên wau sampun sagêd anilar kamelikan lair (donya), sagêd anilar pandamêlan lair (panggarap pandamêl ngalam donya), inggih punika sèlèh pandamêl. Ananging kawruh wau inggih kenging dipun angge ing tiyang ingkang taksih ajêng dhatêng kasênênganing gêsang ing nusapada, sarta kenging dipun angge ing tiyang ingkang taksih anindakakên kuwajiban anggarap pandamêlan nusapada ingkang taksih melik dhatêng angsal-angsalanipun, utawi ingkang sampun botên melik dhatêng wohipun. Tiyang ingkang taksih anindakakên kuwajiban anggarap nusapada nanging sampun sêpên hawa napsu, tanpa melik lan sêngit, botên saking karêm, punika ingkang dipun wastani: nyambut damêl tan anyambut damêl, sèlèh pandamêl sadèrèngipun sèlèh pandamêl, utawi sèlèh pandamêl ingkang taksih nindakakên pandamêl, ingkang ugi sinêbut, sèlèh pandamêl sarana kawicaksanan. Milanipun sampun tanpa kamelikan mêksa taksih nindakakên pandamêl amargi kangge kapêrluwaning ngakathah, dumunung anêtêpi kuwajiban anglampahi pangastuti, dados kalêbêt pandamêl bêkti, inggih punika kautaman ingkang luhur piyambak, inggih tiyang ingkang makatên ingkang sinêbut janma utama. Ugi kados makatên punika Pangeran anggènipun anggarap sagung dumadi, botên saking katarik dening melikakên woh kangge panjênênganipun, nanging namung mêdal saking sihing galih dhatêng sagunging tumitah.

Ingatasipun tiyang ingkang taksih trêsna raga, inggih punika taksih

--- 43 ---

gadhah melik dhatêng kamulyan lair, panganggenipun kawruh purun gêsang ngangge pêpathokan bab ananing nyawa, tega pati rila rukmi, punika muhung kalamasa manawi wontên parlu, inggih punika kangge mapan sèlèhing galih bilih pinuju kêsompok ing baya pakèwêd, paedahipun lajêng sagêd têtêk sarta santosa, sirna giris bingunging manah. Utawi kangge mapan sèlèhing galih bilih pinuju kêtaman sangsara bilai ing kalairan. Supados kuwawi nahan sangsaraning nusapada, utawi kuwawi nandhang bilai ing kalairan. Inggih punika ingkang nama sampun sagêd anglêpasakên sangsara salêbêtipun taksih wontên ing dalêm sangsara. Saha inggih kados makatên punika ingkang sinêbut gêsang ing dalêm kaanan kalih, gêsang toya kalih, utawi gêsang ing dalêm desa kalih: wontên ing nusapada gêsang angangge pêpathokan ananing raga, cangkrama lêlangên mangun asmara ngulati saliring raras. Nanging manawi katêmpuh ing sangsara bilai baya pakèwêd lajêng oncat mapan gêsang angangge pêpathokan ananing nyawa dumunung ing dalêm dat. Tiyang ingkang sagêd makatên punika tamtu sagêd anglampahi sabar santosa, utawi sabar bilai. Inggih kawruh lan tekad ingkang makatên punika ingkang kenging kangge panglipuring sagung prihatin. Makatên ugi bilih rinubeda ing kamelikan ingkang badhe dados beka rêncananing tindak utama, parlu lajêng mapan gêsang ngangge pêpathokan bab ananing nyawa, supados botên kengguh dening godha rêncana.

Tumraping tiyang ingkang sampun botên trêsna raga, inggih punika sampun [sampu...]

--- 44 ---

[...n] botên melikakên dhatêng kamulyan lair, nanging taksih sumêdya anggarap karahayoning jagad, mêdal saking sukcining manah utami wêlas asihipun dhatêng sagung dumadi, utawi katarik saking anglampahi pangastuti, punika taksih kuwajiban amiyara dhatêng badanipun. Mila badan dipun piyara supados kenging kangge anindakakên pandamêl anggarap karahayoning buwana, utawi kangge nglampahi pangastuti, dados anggènipun amiyara punika botên saking trêsna raga ingkang amargi anggadhahi karêm, ananging muhung kadosdene satunggiling prajurit kêkapalan ingkang angopèni kapalipun, piyambakipun wajib rumêksa kasarasanipun, ewadene upami sakit utawi pêjah botên wajib anggêtuni. Dados anggènipun amiyara badanipun wau parlu kangge ing ngakathah, botên parlu kangge kasênênganing manah utawi makani hawa napsunipun. Ingkang kados makatên punika botên dados badaning panandhang utawi badaning sangsara, botên angebahakên anggèning manahipun sampun sagêd timbang.

Mila ingkang makatên wau dipun wastani nyambut damêl tan anyambut damêl, sèlèh pandamêl sadèrèngipun sèlèh pandamêl, sèlèh pandamêl nanging taksih nindakakên pandamêl, sèlèh pandamêl sarana kawicaksanan, têrangipun kados ing ngandhap punika:

Nyambut damêl tan anyambut damêl. Wujudipun taksih nindakakên pandamêl, ananging botên melikakên dhatêng angsal-angsalanipun kangge makani pakarêmanipun piyambak, măngka limrahipun nyambut damêl punika [puni...]

--- 45 ---

[...ka] tamtu melik dhatêng wohipun kangge pakarêmanipun, mila ingkang botên melik nadha[8] wohipun lajêng sinêbut: tan anyambut damêl.

Sèlèh pandamêl sadèrèngipun sèlèh pandamêl (sèlèh pandamêl nanging taksih nindakakên pandamêl) sarèhning sampun botên gadhah pakarêman, dados lêrêsipun sampun botên pêrlu nyambut damêl, kêdah sèlèh pandamêl. Ananging sarèhning katarik badhe ulah karahayoning jagad utawi kabêkta saking anglampahi pangastuti dados kêdah nindakakên pandamêl. Anggènipun sampun botên gadhah melik dhatêng woh dipun wastani sampun sèlèh pandamêl.

Sèlèh pandamêl sarana kawicaksanan, sarèhning ingkang pêrlu kêdah dipun sirnakakên punika: wosipun. Anggènipun anggadhahi: karêm, rêmên, gêthing, lan melik woh, dados sabên sampun botên melik dhatêng woh, amargi sampun tanpa karêm, rêmên, lan gêthing, sanadyan taksih nindakakên pandamêl, dipun wastani sampun sèlèh pandamêl. Ingkang nama kawicaksanan punika sumêrêpipun dhatêng wosipun wau.

Manawi manusa sampun sagêd angoncati sangsara ing sadèrèngipun jiwa oncat saking raga, utawi sagêd ruwat saking sangsara ing sadèrèngipun nyawa pêthal saking raga, punika manusa botên parlu ajrih gêsang kanthi raga, botên parlu kêraya-raya anggondhèli gêsanging raga, botên parlu kêdara-dara sagêda tumuntên atilar raganipun, sanadyan ing têmbe sasampuning pêthal saking raga wangsul dhatêng asal kamulanipun, [kamulanipu...]

--- 46 ---

[...n,] dumunung ing dalêm dat, jumênêng sajatining gêsang, inggih botên badhe awrat utawi ajrih tumurun manjanma ing nusapada ngrasuk kuwadhagan malih, amargi sanadyan tumurun ing nusapada inggih taksih sagêd ruwat saking sangsara ing dalêm gêsangipun kanthi raga. Pêrlunipun tumurun namung badhe têtulung ing sagung dumadi, inggih punika rumêksa karahayoning jagad. Amargi manusa ingkang sampun makatên punika tamtu sampun tansah kadunungan sipat maha mêlas lan maha asih dhatêng sadaya tumitah.

Kosokwangsulipun, manusa ingkang sampun makatên wau, sasampuning oncat saking raga dumunung ing kaanan tunggal, inggih sampun sagêd sirna kêpenginipun tumurun dhatêng ing nusapada, awit sampun sagêd anyirnakakên pêpenginanipun dhatêng kamulyan lair. Dados sampun sagêd kandhêg wontên ing dalêm katêntrêman ingkang langgêng, dumunung ing dat.

Dados tumurunipun manusa ingkang sampun makatên wau, beda kalihan ingkang kawasita ing wêwarah bab sababing tumimbal lair. Sababing manusa tumimbal lair punika amargi kêtarik dening nalika gêsangipun ing nusapada taksih gadhah: karêm, rêmên, melik utawi pêpenginan dhatêng kamulyan lair utawi kamulyan ingkang kenging ginagas utawi pinêtha kados kamulyan ing kalairan, punika ingkang anarik (mêksa, ngêrèh) wangsul dhatêng nusapada malih. Inggih karêm, rêmên, melik utawi pêpenginan wau ingkang dipun wastani bêbandan, ingkang tansah ambănda manusa dados tansah lair rambah-rambah. Inggih punika bêbandaning panandhang utawi bêbandaning sangsara. Mila manusa ingkang sampun sagêd anyirnakakên karêm, [ka...]

--- 47 ---

[...rêm,] rêmên, melik, utawi pêpenginanipun wau, dipun wastani sampun sagêd anatasi bêbandaning nusapada, bêbandaning panandhang, tuwin bêbandaning sangsara. Wontênipun taksih asring tumurun ing nusapada botên saking katarik, kêpêksa, utawi kêrèh dening pêpenginan utawi bêbandan, ananging saking sih wêlasipun dhatêng sagung dumadi sumêdya têtulung ing nusapada mêdal saking kotamaning galih ingkang mardika. Têgêsipun mardika: manasuka, karsa tumurun inggih sagêd, karsa kandhêg inggih sagêd.

Salêbêtipun manusa ingkang sampun makatên wau tumurun ing nusapada angrasuk kuwadhagan, punika sajatosipun inggih kenging dipun wastani botên tumurun ing nusapada, amargi sanadyan tumurun, nanging kaananing gêsangipun botên sah dumunung ing dat, botên kalimput ing kalairan, langgêng asarira Pangeran, kukuh kasmala nir daya, têgêsipun sampun botên wontên bêbandan ingkang kawasa ambănda, botên wontên kasmala ingkang kawasa anangsaya, panggêng datan obah adêging trimurti. Mila sanadyan taksih asring tumurun ananging inggih sampun wênang dipun wastani sampun kandhêg saking nyakra panggilinganing lair rambah-rambah. Inggih makatên punika ingkang sampun sinêbut: dwijatama, têgêsipun manusa ingkang sampun linairakên kaping kalih, sapisan linairakên ing nusapada, kaping kalih linairakên ing dêlahan, inggih punika ingkang sinêbut: sampun botên nate linairakên, ugi sinêbut, tansah lair kemawon ing salami-laminipun. Inggih punika manusa

--- 48 ---

ingkang sampun sagêd kandhêg dumunung wontên ing katêntrêman ingkang langgêng sarana kawruh kawicaksanan. Sampun botên sagêd gêsêng dening latuning naraka. Naraka dipun ambah atêmah asrêp datan pae we marta kados asipat sawarga. Wujudipun: inggih anggènipun wontên ing nusapada sampun botên kasangsaya dening panangsayaning nusapada, dening sampun sagêd anyirêp latuning hawa napsu. Manusa ingkang sampun makatên sampun tamtu sagêd têtêp santosa kautamanipun.

Mênggah manusa ingkang taksih tansah karakêt ing nusapada, têgêsipun taksih anggadhahi sêngsêm dhatêng langêning nusapada, dèrèng sagêd ambengkas susah sangsaraning galih nandhang awrating nusapada, supados sagêd anggadhahi kasantosaning budi santosa dhatêng kautaman, namung kêdah anyumêrêpi dhatêng sajatining gêsangipun, ngantos sagêd dhamang ing sêsêrêpanipun bilih jiwanipun punika gêsang langgêng botên kenging risak, ngantos sagêd têtêp apiyandêlipun bilih ing têmbe sabakdanipun gêsang ing nusapada punika taksih gêsang utawi taksih badhe manggih lêlampahan, manggih mulya utawi manggih sangsara, manggih bingah susah, sasaminipun. Amargi jagad punika kawêngku ing anggêr utawi kaadilan ingkang tamtu dhumawah, ingkang lampah nistha utawi druhaka badhe manggih susah utawi sangsara minăngka dhêndha utawi pidananipun, ingkang lampah utama badhe manggih mulya utawi suka minăngka wohing kautamanipun. Sarèhning ingkang gadhah tindak nistha madya utama punika gêsang kanthi raga, dados ingkang badhe ngundhuh woh utawi tampi dana utawi pidana, inggih [ing...]

--- 49 ---

[...gih] gêsang kanthi raga, punika dados têtêping nama ngadil, saha nama mantuk kalihan êmpan papanipun, anggèning nindakakên pandamêl wontên ing manusapada, anggènipun nampèni piwalês inggih wontên ing manusapada. Sawênèhing manusa gadhah pangintên bilih anggènipun manusa badhe tampi wêwalêsing pandamêlipun nalika wontên ing manusapada punika ing têmbe sabakdanipun gêsang ing manusapada punika katampi wontên ing jagad sanès, ingkang tampi piwalês muhung suksmanipun, punika nama botên mantuk kalihan ingkang nama ngadil lan botên nama mantuk kalihan êmpan papanipun. Ing pundi panggenanipun ananêm, inggih ing ngriku panggenaning thukulipun, panggenaning awohipun, panggenaning pangundhuh wohipun. Sintên ingkang nanêm inggih punika ingkang angundhuh. Sarèhning raga tumut nindakakên pandamêl inggih sampun tamtu wajib tumut nampèni piwalês. Sarèhning sabakdaning gêsang ing manusapada badhe nampèni piwalêsing pandamêlipun ingkang sampun-sampun, ingkang nampèni inggih gêsangipun kanthi raga, anggènipun nampèni inggih wontên ing manusapada, dados manusa sampun tamtu inggih badhe linairakên ing manusapada malih. Mila manusa punika sampun tamtu lair rambah-rambah. Saha malih sabên manusa punika gêsang kanthi raga kuwadhagan inggih sampun tamtu dumunung ing manusa pada. Dados sabên anggèning tampi piwalês punika gêsang kanthi raga, inggih sampun tamtu linairakên ing manusapada malih. Punapa malih suksma punika manawi sampun pêthal saking kuwadhagan wangsul dhatêng sajatining gêsang nunggil uwiting gêsang,

--- 50 ---

punika sampun botên mawi sakit sakeca, suka sungkawa, amargi asipat gêsang langgêng santosa waluya maha mulya botên kenging ewah gingsir, botên gêsêng dening latu, botên têlês dening toya, botên pasah dening dêdamêl landhêp, botên luluh dening wisa mandi, dados botên wontên bêbaya ingkang ambêbayani, tanpa mawi dhahar tanpa mawi sare, tanpa nyandhang tanpa wisma, botên ika iki, botên butuh punapa-punapa, dados kadospundi anggènipun tampi piwalês sakit utawi sakeca, manawi tanpa raga, awit ingkang mawi sakit sakeca suka sungkawa punika gêsang kanthi raga. Mila sabên kawontênaning piwalês punika badhe mawi rinaos sakit utawi sakeca, mawi damêl suka utawi sungkawa, inggih sampun tamtu piwalês punika sinandhang ing gêsang kanthi raga dumunung wontên ing manusapada. Langkung saya cêtha malih manawi wujuding piwalês punika kenging ginambar (pinêtha, cinakra, kinira-kira) kados kamulyan utawi kasangsaran miwah kabingahan utawi kasusahan ing manusapada, sampun tamtu punika kamulyan kasangsaran utawi kabingahan kasusahan ingkang pinanggih ing manusapada ngriki. Awit ing jagading suksma (uwiting gêsang) punika botên wontên kamulyan ingkang kenging pinêtha kados kamulyan ing manusapada ngriki. Ing jagading suksma ingkang nama kamulyan punika tanpa karana punapa-punapa, nanging ing manusapada ngriki ingkang nama kamulyan punika, kasambadanipun pakarêmaning raga tuwin hawa napsu, utawi sêsambêtaning hawa napsu lan badan tuwin barang kalairan, dados mawi sabab utawi sarana. Ing jagading suksma

--- 51 ---

botên wontên kasangsaran, dene ingkang nama sangsaraning suksma (sangsaraning jiwa) punika tumuruning jiwa ngrasuk raga dumunung ing manusapada (manjanma). Mila dipun wastani sangsaraning suksma: amargi manawi lajêng katut dhatêng wataking raga utawi hawa napsu lajêng gadhah pakarêman, rêmên gêthing sasaminipun lajêng nama sirna kamardikanipun, dening nama kêrèh ing barang kalairan (dene yèn botên lajêng katut wataking raga inggih botên nama sangsara) nêmbah dhatêng sawiji-wiji, mila jagading suksma dipun wastani jagading kamulyan (swarga ingkang sajati-jatining swarga), dene ing manusapada dipun wastani jagading sangsara (naraka). Dados ingkang nama sangsara punika kenging kawijang dados kalih, inggih punika sirnaning kamardikanipun jiwa, wujudipun anggèning manusa kêrèh dening dayaning kalairan, kados ta: sakit, sakeca, bingah, susah, rêmên, gêthing, sadaya punika nama sangsara. Kaping kalihipun sangsara ingkang limrah dipun anggêp sangsara ing ngakathah, kados ta: sakit, sungkawa, sasaminipun. Manawi sajatosipun ingkang nama sangsara punika wijangipun wontên tigang warni: 1. Sangsaraning jiwa (adi admika), 2. Sangsaraning manah (adi dewika), 3. Sangsaraning raga (adi botika). Kamulyan wijangipun inggih wontên tigang warni: 1. Kamulyaning jiwa, 2. Kamulyaning manah, 3. Kamulyaning raga. Awit saking punika manusa kêdah waspada, bilih manusa punika wontên ingkang sangsara raganipun ananging mulya manahipun, wontên ingkang mulya raganipun ananging sangsara manahipun. Wujudipun botên kirang-kirang tiyang ingkang tinitah papa nanging sagêd manggih ayêm têmtrêm sênêng ing manah, lan tiyang ingkang tinitah wirya wibawa mukti

--- 52 ---

nanging tansah linut ing duhkita. Mênggah wajibing manusa manawi manggih sangsaraning raga kêdah rumêksa ing galih sampun ngantos katut sangsara, sarana sagêd anglênggahakên panggalih dumunung ing kasantosan.

Sampun kacariyosakên ing ngajêng, bilih ing jagading suksma punika panggenan mulya, ing manusapada punika panggenan sangsara, ewadene nyawa punika tumurun saking jagadipun ingkang Maha Mulya dhatêng jagad sangsara, kacariyos wigatos badhe ngajêngakên kawruh lan kautamanipun sarana ngraosakên sangsara. Amargi sarana ngraosakên sangsara sagêd dados pangajaran utawi panggulawênthah, badhe sagêd majêng dhatêng kawruh lan kautamanipun. Manawi sampun sagêd sampurna kawruh lan kautamanipun lajêng badhe wangsul dhatêng asal kamulanipun anunggil uwiting gêsang. Kandhêg ing ngriku, inggih punika kandhêgipun lêlampahaning agêsang, kandhêg wontên ing katêntrêman ingkang langgêng, kandhêg saking nyakra panggilinganing lair rambah-rambah. Dene ing sadèrèngipun sampurna kawruh lan kautamanipun taksih lair ing marcapada malih wongsal-wangsul, parlu andumugèkakên pados kawruh lan panggulawênthah malih. Mênggah ing sadèrèngipun manusa sagêd sampurna ing kawruh lan kautamanipun, punika manawi tilar donya dèrèng sagêd nunggil uwiting gêsang, ananging taksih gadhah badan ingkang rinasuk, amargi manusa punika badanipun botên namung satunggal badan wadhag kemawon, ananging sap-sapan, kadosdene tiyang ingkang angangge sandhangan rangkêp-rangkêp, nalikanipun tiyang ngrucat sandhangan ingkang jawi piyambak taksih angangge sandhangan ingkang [ing...]

--- 53 ---

[...kang] nglêbêt. Mênggah badan punika wontên sap gangsal kalêbêt maligining jiwa: têrangipun kados ing ngandhap punika:

1. Badan ingkang kasar piyambak, kaupamèkakên sandhangan ingkang jawi piyambak, dipun wastani: sêtula buta, punika badan ingkang enggal piyambak risakipun, inggih punika: raga kuwadhagan, manawi manusa ngrasuk badan sêtula buta gêsangipun nama dumunung ing marcapada.

2. Badan ingkang langkung alus, kaupamèkakên sandhangan ingkang sap ăngka kalih saking jawi, dipun wastani sêtula sarira utawi lingga sarira, punika langkung kuwawi tinimbang badan sêtula buta, dados risakipun kantun, sasampuning manusa tilar badan sêtula buta, utawi pêjah ingkang sapisan, taksih gêsang ngrasuk badan sêtula sarira (lingga sarira) wêwanguning manusa taksih kados nalika wontên ing manusapada ngriki, amargi badan sêtula sarira punika kêmbar kalihan badan sêtula buta, mila ugi dipun wastani badan kêmbaran, inggih punika kêmbaraning badan sêtula buta, dados taksih mawi wêwangunan sirah, badan, tadan,[9] suku, sangkêp palawanganing pănca indriya, utawi anggaotaning badan sadaya. Tiyang ingkang angangge badan sêtula sarira taksih sagêd sapatêmon sapocapan kalihan golonganipun tiyang ingkang sami abadan sêtula sarira utawi tunggil alam, botên pae ing manusapada, inggih punika ingkang limrahipun dipun wastani: dhêmit, jim, utawi gandarwa, sajatosipun punika sami kemawon. Mênggah ing ngriku punika ugi wontên tataning agami, rêraton, pakêmpalan, [pakêmpala...]

--- 54 ---

[...n,] paguron, sapanunggilanipun.

3. Sasampunipun manusa tilar badan sêtula sarira, taksih gêsang ngrasuk badan ingkang ăngka tiga, kaupamèkakên sandhangan ingkang sap tiga saking jawi, bab punika langkung alus lan langkung kuwawi tinimbang badan sêtula sarira, mila risakipun kantun. Badan wau kadadosan saking hawa napsu, panjang cêlaking umuripun miturut agêng aliting hawa napsu, tiyang ingkang agêng hawa napsunipun wontên ing ngriku umuripun ngantos panjang sangêt, amargi badanipun santosa, kadosdene pagêr banoning pakunjaran ingkang kandêl. Nanging tiyang ingkang sampun sagêd tipis hawa napsunipun wontênipun ing ngriku botên ngantos lami. Tumrapipun tiyang ingkang sampun sagêd amêjahi hawa napsu utawi sampun sirêp hawa napsunipun, wontênipun ing ngriku prasaksat namung sagêbyaring kilat, utawi ngantos botên angambah ing jagadipun ngriku, lajêng têrus minggah ing jagad sanginggilipun utawi ing jagad ingkang langkung alus, inggih punika têrus ngrasuk badan ingkang langkung alus malih, utawi badan ingkang ăngka sakawan. Ing jagad ăngka tiga, inggih punika dêdununganing manusa ngrasuk badan ingkang kadadosan saking hawa napsu, punika dipun wastani: kamaloka, têgêsipun jagading napsu, amargi kama punika têgêsipun napsu utawi kajêng. Sawênèhing golongan anganggêp ing kamaloka punika naraka. Amargi ing ngriku punika panggenan sangsara. Mênggah ingkang pinanggih wontên ing ngriku, punika kadosdene alaming pangimpèn, sawarnining wujud wêwangunan utawi swara [swa...]

--- 55 ---

[...ra] gănda raos sapanunggilanipun ingkang pinanggih namung kadadosan saking pangukiring ciptanipun piyambak, punapa ingkang dados karêntêging manah, pêpenginaning manah, uwas kuwatiring manah ing nalika punika utawi lêlabêtanipun nalika gêsang ing jagad sanès ingkang rumiyin-rumiyin sami dumados maujud pinanggih. Upaminipun tiyang ingkang rêmên anggagas kapengin manggih arta, wontên ing jagad ngriku saênggèn-ênggèn rumaos manggih arta. Upaminipun tiyang nalika wontên ing marcapada kêrêp anglampahi durjana, wontên ing jagad ngriku tansah rumaos kinuya-kuya ing ngakathah, saênggèn-ênggèn tansah kêpanggih kalihan ingkang sumêdya nandukakên piwalês. Sajatosipun sadaya ingkang pinanggih wau namung wujun[10] raosing wêwayangan saking pamanguning cipta: dados sadaya punika isèn-isèning badanipun piyambak. Mênggah enggal lamining wêktu wontên ing ngriku punika ukuranipun botên miturut lampah cakraning surya kados ing manusapada ngriki, nanging muhung dipun ukur kalihan pangraos, botên beda kalihan wontên ing pangimpèn, ing dalêm sakêclapan kemawon sampun sagêd manggih lêlampahan ingkang angêlangut sangêt, saminipun ing marcapada lêlampahan ingkang sampun mataun-taun, dados para durjana wontênipun ing ngriku punika sangsara sangêt, prasaksat kasurang-surang tanpa wangênan, amargi ing dalêm sataun sagêd ugi dipun rumaosi sami kalihan sayuta taun. Badan ingkang kadadosan saking hawa napsu punika sampun botên gadhah wêwangunan kadosdene badan wadhag tuwin badan lingga sarira, têgêsipun [têgê...]

--- 56 ---

[...sipun] sampun tanpa bau suku sirah gêmbung tuwin palawanganing pănca indriya sasaminipun, ananging muhung wujun jasad alus ingkang mawa sorot kados cahya utawi urubing latu, wêwangunanipun bundêr lonjong kadosdene impês isi toya ingkang wontên ing toya, samăngsa badan wau kenging bêbaya, upami kenging hawa bêntèr utawi asrêp, kêtatap ing punapa-punapa, punika lajêng mahanani ngraos manggih lêlampahan ingkang botên sae, botên beda kalihan tiyang tilêm, manawi badanipun kasorotan bêntèring surya, asring manggih impèn badanipun kobong. Ananging tiyang ingkang sampun sagêd anyumêrêpi wêwadosipun ing jagad wau, ingkang sarta tansah sagêd santosa samêkta kaèngêtanipun, amargi saking nalika gêsang wontên ing manusapada tansah sagêd awas èngêt, kulina mawas ing dalêm gêsangipun piyambak. Punika wontênipun ing jagad ngriku sagêd ambengkas sadaya kawontênan ingkang dados susah sangsaraning manah, awit sarèhning sadaya wau namung kadadosan saking pangukiring cipta, dados sadaya lêlampahan ingkang botên sae inggih kenging linêbur sarana daya pakartining cipta, utawi winangun dados lêlampahan ingkang sae, kadosdene tiyang ingkang sampun sagêd anyumêrêpi dhatêng wêwadosing impèn sarta sagêd sinung èngêt ing kawruh wontên ing dalêm pangimpèn, nalika piyambakipun ngimpi badhe dipun măngsa ing sima, lajêng sagêd angunandika makatên: satêmêne ing wêktu iki aku pinuju turu ana ing anu, lêlakon iki mung impèn bae, dudu lêlakoning [lê...]

--- 57 ---

[...lakoning] urip ana ing marcapada têmênan, dadi samasa ing mêngko aku wus tangi wus masthi ora apa-apa, têgêse ora ana macan kang măngsa marang awakku, impèn iku mung gêgambaran ing dalêm panyana, satêmêne goroh, mula sanadyan aku mêngko rumasa wus diuntal dening macan, ananging masthi isih duwe rumasa wêruh marang kaananku, iku pratandhane goroh, awit lumrahe wong kang wus diuntal macan masthi banjur wus ora nyawang marang kaanane pamanganing macan marang awake. Lan manèh sarèhning wêwangunan iki mung saka pamangunku dhewe, wus masthi kêna dak sirnakake utawa dak wangun ing sakarêpku. Tiyang ingkang sagêd èngêt dhatêng kawruh wêwadosing gêsang wontên ing kamaloka utawi ing pangimpèn makatên punika wau tamtu lajêng gadhah kasantosan lan kapurunaning galih, sirna uwas-uwas girising manah ajrihipun dhatêng bilai ingkang makatên wau, awit sumêrêp bilih kabilaèn wau botên nyata, wêkasan sirna susah sangsaraning manah, sanadyan lêlampahanipun sangsara ananing manahipun botên katut sangsara. Saha wontên ing ngriku punika manawi sagêd samêkta kaèngêtanipun dhatêng kawruh, inggih taksih sagêd ulah budi, kados ta: ngêningakên cipta, mêmuja, mangsah sêmadi, sasaminipun.

4. Sasampuning manusa tilar badan ingkang ăngka 3, lajêng ngrasuk badan ingkang ăngka 4, kaupamèkakên sandhangan ingkang sap ăngka 4, saking jawi, kawontênanipun langkung alus sarta langkung santosa malih, mila risakipun kantun, gêsangipun manusa wontên ing ngriku sakalangkung [...][11] amargi [a...]

--- 58 ---

[...margi] sampun sagêd oncat saking beka rêncananing hawa napsu, saha sampun badhe andungkap dhatêng dununging katêntrêman ingkang langgêng, mila ingkang sampun sagêd dumugi ing ngriku, punika tinêmbungakên sampun sagêd angancik ing wiwaraning panunggal, sawênèh anggolongan anganggêp ing ngriku punika swarga. Ananging mugi sampun kagalih bilih sadhengah tiyang sagêd dumugi ing ngriku, ingkang sagêd dumugi ing ngriku punika muhung tiyang ingkang sampun majêng kawruh lan kautamanipun, saha nalika gêsangipun wontên ing marcapada pancèn angudi, sampun sagêd anglêlantih ngêrèh hawa napsu, saha sagêd angangkah gêsangipun lumampah angênêr dhatêng gêgayuhaning gêsang ingkang lêrês. Manawi tiyang ingkang taksih walaka limrahipun sawêg dumugi ing kamaloka lajêng sampun kêtarik wangsul tumurun dhatêng marcapada malih, jalaran taksih kêbănda dening pêpenginan utawi sêngsêmipun dhatêng barang kalairan.

5. Sasampuning manusa sagêd atilar badan-badanipun sadaya, inggih punika sampun kapêngkêr saking jamaning jagad ingkang ăngka 4 wau, punika sampun sagêd wangsul maligining jiwa, gêsang langgêng maha mulya tanpa kara-kara, inggih punika sampun asarira bathara, têgêsipun asarira Pangeran, sampun tunggal dat sipat asma apngal kalihan Hyang ingkang asipat êsa, ing ngriku botên wontên panandhang suka duka sakit sakeca sapanunggilanipun, inggih punika wêkas-wêkasing gêgayuhan, gêsangipun kantun uning anong, sampun botên kenging cinakrabawa.

Sarèhning kawontênaning agêsang, wêkasaning agêsang, wêkas-wêkasaning [wêkas-wêkasa...]

--- 59 ---

[...ning] gêgayuhan, kados ingkang sampun kaandharakên ing nginggil wau, manawi sampun sagêd angraosakên ing suraosipun, saèstunipun lajêng sampun sagêd priksa pratikêlipun badhe anggêgulang kasantosaning budi, inggih punika santosaning galih sampun ngantos gampil ginêmpur dening susah lan sangsara, santosaning galih anglênggahi kautaman, santosaning galih kêkah anggarap punapa ingkang dipun garap.

Manawi manusa sampun tangi budinipun, jêmbar sarta lêpas kawruhipun, jêjêg sarta utama manahipun, santosa panggalihipun, ngadêg kamanusanipun, punika kenging katêmbungakên sagêd kêncêng kados tosas[12] galigiran, sagêd lêmês kados tosan jênangan, liripun botên kenging dipun luk kasalèwèngakên dhatêng panasaran, gampil dipun pardi dhatêng kasaenan.

Manawi tiyang marcapada, racak-racakipun sampun makatên, punika gampil dipun ajêngakên dhatêng kasusilan ingkang linangkung, dipun purih angangge sarta angêkahi tatacara ingkang prayogi, wêkasan jagad kenging dipun angkah sagêdipun tata têntrêm karta raharja.

Lampahing Pambudi (Nyaèni Margi-margi).

Baku ingkang kêdah binudi ing manusa tigang prakawis: 1. Majênging jiwa, 2. Saening sarawunganipun kalihan tiyang kathah, 3. Karaharjaning turas, tigang prakawis punika pambudinipun kêdah kagarap kanthi kasayukaning ngakathah.

Witipun sadaya tiyang sami sagêd ngajêngakên jiwanipun: manawi sadaya sagêd [sa...]

--- 60 ---

[...gêd] tata manahipun. Witipun sadaya sagêd tata manahipun manawi sadaya sagêd tata anggènipun gêgriya. Witipun sadaya sagêd tata anggèning gêgriya, manawi ing marcapada tata têntrêm karta raharja. Witipun marcapada sagêd tata têntrêm karta raharja manawi praja-praja ingkang amêngku sami sagêd jêjêg santosa utama winasis ing ulah bawa. Dados manawi ing marcapada dèrèng sagêd tata têntrêm karta raharja, punika tumrapipun ingkang sêdya ulah kamajênganing jiwa utawi ulah sampurnaning agêsang pancèn susah. Amargi kêkathahên rubeda utawi kawratan manahing marcapada, samantên punika kajawi ingkang mêdal margi sarana mungkur dhatêng kadonyan.

Witipun sagêd sae sarawunganipun tiyang kathah, punika manawi sadaya tiyang racak-racakipun sami susila, anglênggahi kamanusanipun, utawi sami utama. Witipun sadaya tiyang sami majêng dhatêng kasusilan, kamanusan, kautaman, punika manawi praja-praja angêncêngakên tata darma, tiyang agêng-agêng sami tumindak susila utama anglênggahi kamanusan. Amargi adat wataking manusa punika limrahipun sami angêtutakên inggil-inggilanipun. Dados manawi praja dèrèng angêncêngakên tata darma, punika sanadyan têtiyang kawula sami sayuk angêncêngakên, kalampahanipun taksih kathah susahipun.

Mênggah pamanah karaharjaning turas, punika kajawi: 1. Pamanah catêng[13] wiji, 2. Pamanah dhatêng lare, ingkang dahat wigati malih pamanah dhatêng tata ngadating marcapada. Inggih puka[14] supados ing marcapada wontên [...], supados para manusa racak-racakipun gadhah adat watak [wa...]

--- 61 ---

[...tak] kalakuan sae, saha sadaya băngsa, golongan, utawi satunggal-tunggaling tiyang tansah angsal pangayomaning kamardikanipun. Sagêdipun kalampahan makatên punika kêdah angsal dayaning praja ingkang tata sae sampurna.

Dados wosipun lampahing pambudi sadaya wau kêdah kanthi ngudi saenipun tataning marcapada. Manawi badhe ngudi saenipun tataning marcapada kêdah ngudi saenipun tataning praja. Manawi dèrèng wontên praja ingkang tata sae sampurna, tamtu jagad botên sagêd tata têntrêm karta raharja, mila sadaya punika pokokipun kêdah ngangkah murih sae tataning praja rumiyin. Manawi sampun wontên praja salah satunggal ingkang tata sae sampurna. Punika tamtu badhe dados tuladaning praja sanès-sanèsipun sadaya. Wêkasan waradin salumahing bumi sagêd tata darma.

Awon saenipun tindak tuwin tataning praja punika manut dhêdhasaripun, inggih punika tiyang ingkang nindakakên padamêlan praja, manawi sadaya sae tamtu praja inggih lajêng sae, manawi sadaya awon tamtu praja inggih lajêng awon.

Supados praja sagêd sae sarta sampurna, punika ingkang nindakakên kêdah kaajêngakên kawruh lan kautamanipun. Dene kawruh ingkang kêdah kaudi punika tigang prakawis: 1. Danurdara, têgêsipun kawruh kasampurnan sapanunggilanipun, 2. Danopaya, têgêsipun kawruh praja, 3. Danurwedha, têgêsipun kawruh agama [...]

--- 62 ---

kangge ngudi danurdara lan danopaya. Kawruh tigang prakawis punika kajawi sagêd anjalari cêkaping kawruh inggih anuntuni dhatêng kautaman.

Lampahipun badhe anata nagari utawi damêl sae tataning praja, punika kêdah pakêmpalan ulah tigang prakawis: 1. Ngudi rukun, 2. Ngudi kawruh, 3. Ngudi kautaman. Kawruh ingkang dipun udi inggih kawruh tigang prakawis kasbut ngajêng wau: 1. Danurdara, 2. Danopaya, 3. Danurwedha. Pakêmpalan punika kêdah dipun angkah supados sagêd lumêbêt dhatêng golongan praja, supados wontên narapraja ingkang ngudi sae sampurnanipun tataning praja kalayan cakêping kawruh adhêdhasar kautaman kanthi angsal kasayukaning ngakathah. Manawi tiyang sampun dhamang dhatêng kawruh tigang prakawis wau, amargi jêmbar sarta lêbêt pangudinipun, tamtu sampun botên kasamaran dhatêng kawruh pratikêlipun badhe damêl sae tataning prajanipun, nagarinipun, utawi tataning bawana.

Asarana kêmpalipun tiyang golongan kawula kalihan tiyang golongan praja ingkang makatên wau sagêd dados têtangsuling katrêsnan gêgandhenganing praja kalihan kawula, gulêt rakêt supêkêting sih-sinihan sami trêsna punika agêng sangêt paedahipun, badhe sagêd sami waspada patitis ing wawasanipun, golongan praja sagêd waspada ingkang dados susah awrat saha pêpikiranipun golongan kawula, wê-[...] amitulungi saprêlunipun saha angèngêtakên utawi [uta...]

--- 63 ---

[...wi] anyêgah manawi wontên pêpikiranipun ingkang kalintu. Makatên ugi kosokwangsulipun: têtiyang golongan kawula inggih sagêd têrang sarta patitis wawasanipun dhatêng pêpikiranipun tiyang golongan praja, wêkasan inggih sagêd angèngêtakên manawi wontên pêpikiranipun ingkang kalintu. Dados nama rêksa-rinêksa tulung-tinulung.

Têtiyang kawula sagêd anggêlarakên kawruh utawi pamanggih ingkang prayogi tumrap anggèn-anggènipun punggawaning praja, utawi sagêd atur pamrayogi tumrap tindaking praja, têtiyang golongan praja sagêd anyulang-nyulangakên dhatêng têtiyang kawula ing bab karsaning praja supados tiyang kawula sampun ngantos kalintu tampi.

Awit saking pakêmpalanipun tiyang golongan kalih warni wau sami ngudi kawruh, kautaman, lan katrêsnan karukunan, sampun tamtu sami botên kenging dipun apusi, saha botên wontên ingkang purun ngapusi, amargi sami gadhah dhêdhasar pangrêtos, sae saha trêsna. Manawi wontên ingkang sêdya lampah cidra tamtu kacurnan.

Manawi têtiyang golongan praja botên wontên ingkang ngudi ajênging kawruh lan kautamanipun, tamtu praja botên sagêd majêng. Măngka têtiyang kawula sami majêng ngudi kawruh lan kautaman, punika têtiyang golongan praja tamtu kawon sagêd saha kawon patitis kalihan tiyang kawula. Dados sungsang buwana ambalik, lêrêsipun anuntun têmah badhe dados tuntunan. Mila manawi têtiyang kawula sami sayuk majêng ngudi kawruh, kautaman, lan karukunan, tampi [...] [...] [...[...]]

--- 64 ---

[...longan] praja botên badhe purun kantun, têmah anututi.

Satunggaling băngsa ingkang sayuk majêng ngudi kawruh, kautaman, lan karukunan, tamtu badhe pinunjul ing kawruh kautaman lan karukunanipun ugi, ingkang kados makatên punika kenging pinitados ngadêg paprentahan piyambak, damêl tata têntrêming nagari wutah rahipun, rumêksa ing sadhengah băngsa ingkang dados momonganipun.

Adil, tumindak sasami-sami, punika dipun kajêngakên ing ngakathah. Pakêmpalanipun tiyang golongan kalih warni kados kasbut ngajêng wau, kenging kangge ngudi kaadilan saha sasami-sami, inggih punika ngudi sakecaning praja lan kawula, manawi sadaya tindaking praja adil utawi sasami-sami, sagêd damêl sakeca sakalih-kalihipun, punika tamtu dados kasantosanipun gêgandhenganing praja kalihan kawula.

Ingkang dipun wastani ngadil punika ugi amêngku kajêng sagêd animbang kêkiyatan lan tindak, sadaya tindak kêdah mawi mawang kêkiyatan, dados kêdah katimbang kalihan kêkiyatanipun ingkang badhe nyanggi awratipun, amargi tiyang anjêjunjung ingkang dede têtakêranipun punika rêkaos utawi botên kuwawi. Dados kawula botên kenging amboboti dhatêng praja ingkang dede takêranipun, makatên ugi kosokwangsulipun, praja kêdah botên amarentah dhatêng kawula ingkang dede ukuranipun.

Ingkang nama amboboti dhatêng praja ingkang dede takêranipun punika [...] pangajêng-ajêng supados praja purun anglawan mêngsah ingkang

--- 65 ---

sakalangkung agêng utawi sakalangkung awrat ingkang sampun têtela dede tandhing utawi timbangipun, utawi upami kalampahan têmpuh pêrang têtela tamtu kawon, risak, gêgêmpuran, kenging binasakakên sulung lumêbu gêni. Dene ingkang dipun wastani amboboti dhatêng kawula ingkang dede ukuraning kêkiyatanipun punika upami sadaya têtiyang kawula katamtokakên mangangge ingkang adi luhung, sêmbêtipun kêdah băngsa sutra-sutra, ingkang sarwa enggal, jangkêp, ingkang sarta kêdah ngangge băngsa kancana pinatik ing sêsotya nawarêtna. Sadaya punika nama kêkajêngan ingkang botên pantês katindakakên, ingkang ajalaran tamtu damêl kawratan.

Lampahipun pakêmpalan rumakêt punggawaning praja utawi rumakêting praja punika kêdah tansah angèngêti bilih sêdyanipun wigatos: ingkang sapisan namung badhe angrakêtakên para punggawaning praja kalihan têtiyang kawula utawi ngrakêtakên praja kalihan kawula. Kaping kalih badhe angajêngakên kawruhipun para punggawaning praja. Kaping tiga badhe ngajêngakên kautamanipun para punggawaning praja. Punika supados sagêd dados dhêdhasaring praja, inggih punika: trêsna dhatêng kawula, sagêd sarta utama, utawi winasis dhatêng ulah bawa tama. Mênggah sagêdipun kalaksanan praja tumindak utama punika kacêkap namung kabudi supados sagêd mulung saking karsanipun para narapraja ingkang sami angulahakên kuwajibaning praja piyambak, utawi mulung saking karsanipun praja piyambak, dados botên susah saking kalayan sangêt-sangêting pa-[...] [...] [...[...]]

--- 66 ---

[...nging] panêdha. Amargi manawi para narapraja utawi para ingkang sami ngulahakên wajibing praja sampun sami dhamang dhatêng kawruh utamanipun angulahakên wajibing narendra utawi utamanipun angulahakên wajibing praja, sarta priksa kalayan têrang ing kawruh dhatêng gawat pakèwêdipun angulahakên lampahing praja ingkang katindakakên nyimpang saking garis ingkang lêrês sae, inggih punika katindakakên nistha utawi awon, sampun tamtu inggih lajêng kagungan karsa piyambak angulahakên utamaning praja, malah lajêng kagungan kêkêncêngan piyambak, botên susah tinêdha kalayan rêkaos utawi kalayan kêkêncêngan. Kosokwangsulipun, manawi para ingkang sami angulahakên wajibing praja taksih sami naracak kirang kawruh utawi bodho, kirang utama utawi nistha, awon watak bêbudèn pikiran lan kalakuanipun, têbih saking kamanusan, botên mangrêtos dhatêng kawruh ingkang utama kangge ngulahakên wajibing narendra utawi praja, botên sumêrêp agênging pigunanipun kautaman, botên sumêrêp agênging pakèwêt lan gawating praja ingkang katindakakên nistha, botên gadhah katrêsnan dhatêng praja punapadene dhatêng tiyang kawula, utawi katrêsnan dhatêng sasamining agêsang, botên sumêrêp dhatêng wajibing praja, narendra, satriya, narapraja, wajibing mantri punggawaning praja agêng alit, ingkang kaèsthi muhung anggènipun badhe nuwuki hawa napsu utawi angkara murkanipun piyambak-piyambak, punika sanadyan dipun têdha ngantos kados punapa anggènipun nêdha su-[...] tindakakên utama, inggih tangèh kalaksananipun. [kalaksananipu...]

--- 67 ---

[...n.] Mila pambudi supados sagêd mulang saking karsanipun piyambak punika langkung prayogi tinimbang kalihan panêdha ingkang kalayan sangêt-sangêt, amargi botên susah mawi anandhang kangelan rêkaos ing manah. Dene pambudinipun inggih namung kados ingkang sampun kasbut ing ngajêng wau: kaajêngakên katrêsnanipun dhatêng sasamining agêsang, kawruhipun, lan kautamanipun, sarana sadherekan ulah katrêsnan, sêsarêngan angudi kawruh tigang prakawis: danurdara, danopaya, danurwedha, saha kaping tiganipun sami marsudi ulah kautaman. Namung punika marginipun ingkang parlu sangêt kêdah kaparsudi sagêda tumindak.

Sarèhning pangangkahipun katrêsnan punika inggih kêdah tinarik sarana katrêsnan, pangangkahipun kasaenan punika inggih kêdah tinarik sarana kasaenan, ingkang măngka sêdya angangkah supados panjênêngan nata samantri punggawanipun agêng alit wiwit ingkang inggil piyambak sapangandhap dumugi pangkat ingkang ngandhap piyambak supados sami gadhah trêsna lan utama, dados têtiyang kawula utawi pakêmpalaning têtiyang kawula, utawi ingkang sampun dados warganipun sadaya, inggih kêdah ngrumiyini ulah katrêsnan lan kautaman: trêsna dhatêng ratu, trêsna dhatêng praja, trêsna dhatêng mantri punggawanipun agêng alit sadaya. Sampun ngantos gadhah gêthing, saha ngandhut saksêrik, sanadyan upami katanduk ing raos gêthing prayogi winalês ing katrêsnan, mila kêdah sagêd anyagantên ing manah, angêgungakên a-[...] [...] [...[...]]

--- 68 ---

[...d] momong, jêmbar ing pamêngku, kêdah angèngêti bilih gêthing punika sagêd ical dening trêsna, tanduk awon punika sagêd gêtun dening tanduk sae, awon punika sagêd malih dados utama dening ajênging kawruh ingkang utama utawi dening angsal pitêdahing piwulang-piwulang sae. Mila pangangkah-pangangkah wau kêdah kalayan sarèh kanthi katlatosan. Asarana rinakêt ing katrêsnan lan kasaenan kanthi pamarsudi tuwin katlatosaning pambudi wau, sadaya ingkang kaangkah botên badhe sagêd marucut. Pangangkah ingkang kados makatên punika langkung pratitis lan langkung rapêt tinimbang kalihan pamulêting naga èstri angalap sih dhatêng naga jalêr ingkang mawi aningsêti kalayan angêtog karosanipun. Ugi kados makatên manawi panjênêngan nata, praja, utawi para narapraja, angangkah dhatêng têtiyang kawula supados sami lampah utama lan trêsna dhatêng panjênêngan nata, trêsna dhatêng praja, trêsna dhatêng para mantri punggawaning praja agêng alit sadaya, punika inggih kêdah rumakêt dhatêng têtiyang kawula, angrumiyini nandukakên katrêsnan, lan nindakakên kautaman. Awit saking rinakêt ing katrêsnan lan ginunturan ing kautaman, sampun tamtu têtiyang kawula konjêm manahipun sumungkêm lair batinan.

Manawi gêgandhenganing praja kalihan kawula sagêd rakêt katrêsnanipun, sami dhêdhasar cêkap kawruh lan kautamanipun. Sampun tamtu sami manggih kasantosan, botên gampil rinisak ing satru sakti, kadosdene prajurit ingkang sagêd rêksa-rinêksa kalihan bètèngipun, utawi [...]-ma ingkang sagêd rêksa-rinêksa kalihan kêkajêngan ing

--- 69 ---

wana. Amargi santosaning praja punika inggih manawi taksih dipun trêsnani dening kawulanipun. Santosaning kawula punika inggih manawi dipun eyubi dening praja pandam pangaubanipun.

Pakêmpalan wau kêdah kangge sadhengah băngsa, botên mawi mawang sugih miskin, asor luhur, bodho pintêr, sasaminipun, saha kêdah kaangkah sagêdipun pêncar sumêbar sakubênging bumi, nanging inggih kêdah namung kangge tiyang ingkang sampun diwasa utawi cêkap umuripun, inggih punika ingkang ukuranipun sampun sagêd momot manahipun lan kuwawi angêmbat pikiranipun ingatasipun kawruh ingkang kaudi saha pandamêl ingkang dipun garap. Punapadene kêdah muhung kangge ingkang pancèn sampun sêdya purun majêng dhatêng karahayon. Ing pundi-pundi panggenan utawi pundi-pundi nagari, pakêmpalan kêdah sami ambudi murih pakêmpalanipun sagêd lumêbêt dhatêng praja utawi sagêd angsal warga para mantri punggawaning praja sapanunggilanipun. Para ingkang ngêmudhèni lampahing pakêmpalan kêdah anjagi dhatêng pakêmpalanipun utawi warganipun sampun ngantos damêl pakèwêd dhatêng tindaking praja utawi sampun ngantos dados wisunaning praja, supados pakêmpalanipun botên dipun pakèwêd dening praja, praja botên pakèwêd anglastantunakên adêgipun pakêmpalan saha angayomi para mantri punggawaning praja inggih botên pakèwêd lumêbêt dados warganipun.

Sarèhning ingkang dipun sêdyakakên namung ambudi supados para narapraja sagolonganipun sagêda majêng kawruhi-[...] [...] [...[...]]

--- 70 ---

[...pun,] saha katrêsnanipun dhatêng têtiyang kawula, dados saupami wontên satunggaling praja, ingkang naraprajanipun utawi mantri punggawanipun sami damêl pakêmpalan piyambak, ingkang larasanipun nunggil kados sêdyanipun punika, sanadyan pakêmpalanipun madêg piyambak botên nunggil kalihan pakêmpalanipun têtiyang kawula, pakêmpalanipun narapraja punika sajatosipun inggih sampun botên beda kalihan ingkang sinêdyakakên punika, dados inggih dipun sayogyakakên sangêt. Mila sanadyan pakêmpalanipun botên sagêd lumêbêt, inggih sampun sagêd kacêkap sok ugi kawruh utawi piwulangipun sagêd sumêbar lumêbêt tumanêm, malah punika ingkang langkung wigatos.

Manawi sampun wontên satunggaling praja, ingkang narapraja utawi mantri punggawanipun sampun wontên sabageyan agêng ingkang sampun sampurna kawruhipun majêng kautamanipun, agêng katrêsnanipun dhatêng têtiyang kawula, praja punika botên lami tamtu lajêng badhe dados praja ingkang utama utawi ingkang agêng kautamanipun, awit golongan ingkang sakêdhik tamtu lajêng badhe katut dhatêng golongan ingkang kathah utawi golongan ingkang langkung rosa. Amargi golongan ingkang langkung kathah sarta ingkang utama, punika kajawi langkung kiyat jalaran langkung kathah, inggih langkung kiyat malih jalaran tamtu langkung dipun guyubi dening têtiyang kawulanipun utawi têtiyang kathah.

[...] praja: para naraprajanipun, utawi para mantri punggawanipun [pung...]

--- 71 ---

[...gawanipun] agêng alit sadaya ingkang sami angulahakên wajibing praja sami cêkap kawruhipun lan kautamanipun: sakathahing pranatanipun praja ingkang kirang prayogi saha tindaking praja utawi tindaking mantri punggawanipun ingkang kirang prayogi tamtu badhe sirna piyambak, botên saking kalayan susah-susah mawi dipun têdha, amargi narapraja ingkang utami, tamtu botên rêmên damêl utawi ngangge pranatan ingkang botên sae, saha botên purun tumindak ingkang botên lêrês. Dados sakathahing pranatan tamtu lajêng kabangun piyambak kasantunan utawi kaewahan murih saenipun. Ing ngriku icalipun tindaking punggawa ingkang nyimpang saking pranatan utawi nyimpang saking lêrês, icalipun tindaking punggawa ingkang ngrêsahi kagunganing praja, tuwin damêl susah utawi damêl pituna dhatêng têtiyang kawula. Kosokwangsulipun manawi para naraprajanipun, utawi mantri punggawanipun agêng alit, racakipun taksih sami awon watak bêbudèn pikiran kalakuanipun. Taksih rêmên damêl utawi ngangge pranatan ingkang botên sae, rêmên tumindak awon lan lêpat, sanadyan têtiyang kawula kêthêkêran dipun kados punapa nêdha ewahipun pranatan sagêdipun dados sae, nêdha icalipun tindak-tindak ingkang botên sae, inggih tangèh kasêmbadaning sêdyanipun, sanadyan pranatan-pranatan dipun ewahi ingkang têmtu inggih namung ewah têtêmbunganipun, raosipun sami kemawon, punggawa ingkang nyimpang saking garis inggih taksih kathah, makatên ugi ingkang ngrêsahi kagunganing praja, nginggatakên [...] [...] [...[...]]

--- 72 ---

[...sah] tiyang kawula, sapanunggilanipun, malah sanadyan upami pranatanipun sampun sae, kabêkta saking tiyangipun dèrèng sae, inggih sagêd ugi pranatanipun lajêng katut ewah dados botên sae, amargi pranatan punika damêlanipun tiyang, dados tamtu manut dhatêng ingkang kuwasa damêl utawi ngewahi. Mila sajatosipun, manawi badhe ambudi murih saening praja, punika langkung prayogi ambudi saening tiyangipun rumiyin tinimbang kalihan nêdha ewahing pranatan, amargi sanadyan upami sagêd kalaksanan sae pranatanipun, nanging dèrèng dipun wontêni pranatan ingkang anjalari saening tiyangipun, utawi botên wontên pambudi murih-murih saening tiyangipun, panêdha ewahing pranatan wau tanpa damêl, têgêsipun botên sagêd angrampungi tumrap pandamêl ingkang sinêdya.

Tiyang ingkang sampun gadhah dhasar cêkap kawruh lan kautamanipun, sadaya ingkang badhe katindakakên, tamtu mawi kawawas utawi katimbang rumiyin, manawi sampun têtela botên badhe damêl kawrataning sanès punika sawêg katindakakên, manawi têtela badhe damêl kawrataning sanès tamtu kandhêg sêdyanipun. Dene manawi pandamêl ingkang badhe katindakakên wau parentahing pangagêngipun utawi inggil-inggilanipun, sêsêpuhipun: manawi sakintên taksih kenging rinêmbag: pandamêl punika botên namung lajêng katindakakên kemawon, ananging lajêng karêmbag utawi suka pamrayogi dhatêng pangagêngipun, manawi sampun botên [...] kêdah katindakakên: anggènipun anindakakên inggih [ing...]

--- 73 ---

[...gih] sagêd angangkah-angkah murih prayoginipun, sagêda nyudakakên raosing kawratan tumrap ingkang kêtaman. Makatên punika nama sagêd rumêksa ngandhap nginggil. Beda kalihan tiyang bodho tur dèrèng sae watak kalakuanipun. Kapurih dados pangrêksa malah dados wisuna, kapurih nindakakên pandamêl lêrês sae botên nêtêpi, langkung-langkung nindakakên pandamêl ingkang sagêd damêl kawratan, ingkang têmtu inggih lajêng saya dipun langkungi antêpipun, makatên punika sampun adat anggènipun tiyang kirang kawruh, mila kawruh lan kautaman alusing bêbudèn punika parlu sangêt dipun ajêngakên. Manawi tiyang bodho kados ingkang kasbut ing nginggil punika kangge punggawaning praja punika mutawatosi sangêt tumrap dhatêng praja punapadene tumrap dhatêng kawula, amargi sagêd ugi anyurêmakên cahyaning praja lan nyudakakên sungkêming kawula dhatêng prajanipun, têmah kirang prayogi.

Sadaya tindaking narendra, utawi tindaking praja, punika kêdah tansah karêksa sampun ngantos tumindak ingkang damêl risaking praja utawi kawula. Sadaya ingkang damêl risaking praja punika inggih sagêd dados jalaran karisakaning kawula, sadaya ingkang damêl risaking kawula punika inggih sagêd dados jalaran karisakaning praja, mila sakalih-kalihipun kêdah karêksa. Pangrêksa dhatêng salah satunggalipun punika dados pangrêksa dhatêng sadayanipun, makatên ugi pangrisak dhatêng salah satunggalipun punika ugi sagêd dados pangrisak dhatêng sadayanipun. Mila lampahipun tiyang suwitèng ratu, sanadyan tampi dhawuhing [...] [...] [...[...]]

--- 74 ---

[...n] kasupèn pamanah ngrêksa dhatêng praja tuwin dhatêng kawula. Manawi tiyang gadhah pangrêtos sarta gadhah kamanusan, tampi dhawuhing narendra măngka kamanah kados-kados badhe sagêd anjalari karisakaning praja utawi kawula, punika botên lajêng dipun lampahi, ananging lajêng karêmbag sakancanipun rumiyin, katêrangakên ingkang dados pakèwêdipun, wasana lajêng atur pamrayogi murih prayogining tindak. Nanging manawi kawawas têtela badhe paedah tumrap praja tuwin kawula kêdah enggal dipun lampahi kalayan giranging manah, makatên lampahing têtiyang gadhah pangrêtos ingkang sêtya ing ratu, trêsna ing praja sarta asih dhatêng kawula utawi sasamining agêsang. Sadaya ingkang badhe katindakakên tamtu mawi kawawas rumiyin, tamtu mawi katimbang. Kanthi awas èngêt, awas ing awon sae, èngêt ing lêrês lêpat. Amargi manusa gadhah pamawasan, sagêd nimbang-nimbang, sumêrêp awon sae lan lêrês lêpat, sagêd angintên-ngintên badhe kadadosaning pandamêl.

Manawi wontên tiyang botên mawi prêduli awon sae, lêrês lêpat, rêmênipun namung ngompak-ompak, lêrês sae awon lêpat sadaya namung sarwa dipun alêmbana kemawon, pandamêl sasar dipun jurungi, pandamêl niaya dipun biyantu, tindak nistha dipun ubungi. Awit ingkang dipun bujêng namung malênthining padharanipun, botên mawi ngetang nistha madya utama, surêmipun cahyaning Gusti botên karêksa, kusuting praja tanpa dipun kawekani, amargi sangêt mata dhuwitên, dados pambujêngipun dhatêng [...] mutatuli, sajatosipun tiyang ingkang kados makatên [maka...]

--- 75 ---

[...tên] punika racuning dumadi, botên pantês cinêlakakên ing ratu utawi kaapdèkakên ing praja, amargi tamtu dados wisuna, punika sanès tiyang sae, patrap makatên punika dene anggèn-anggènipun tiyang ingkang angangge kamanusan.

Sajatosipun: tiyang ingkang rêmên ngompak, pandamêl lêpat dipun wastani lêrês, nanging piyambakipun inggih mangrêtos manawi satêmênipun lêpat, pandamêl awon dipun alêmbana, sanadyan piyambakipun ugi mangrêtos manawi sanyatanipun pancèn awon, budi nistha dipun gunggung, pikir rèmèh dipun gunggung, pamanggih klintu dipun gunggung, sadaya panggunggungipun botên têrus ing manah, patrap ingkang makatên punika nama goroh, anggorohi dhatêng sasamining agêsang, manawi tindak makatên punika katandukakên dhatêng panjênêngan nata utawi băngsa luhur, pangagêng, inggil-inggilan utawi pinisêpuh: punika nama angrèmèhakên, sanadyan patrapipun ing lair mawi tatakrami sangêt angaji-aji, nanging ing batos sangêt ambodhokakên, anyamèkakên kalihan lare alit, gadhah panganggêp manawi rêmên wuru dipun unjuki pangalêmbana, punika sanès tiyang ingkang gadhah katrêsnan lan pangrêksa, candranipun kadosdene tiyang sumêrêp lare badhe kêjongor botên dipun tulungi nanging malah lajêng kajongkongakên pisan. Nanging wontên pangêmbun ingkang parlu namung kangge tatakrami, punika kêdah mawi lajêng dipun tututi pangrêksa, awujud têgês mawali dhatêng kalintunipun ingkang dipun êmbun wau.

--- 76 ---

Manawi wontên tiyang rêmên angêmbun, nanging sajatosipun botên mawi ngêmpakakên pamawasan ing dalêm batos, pangêmbunipun namung katlêtuh ngadat utawi pancèn kangge ngadat. Punika inggih nama angrèmèhakên utawi ambodhokakên, candranipun kadosdene tiyang dipun jak timbangan tinari ing rêmbag, botên purun manah nanging namung lajêng sampun angrujuki kemawon, tarkadhang botên mirêng inggih sagêd angrujuki, kalakuan makatên punika ugi mutawatosi.

Tiyang rêmbagan: nampèni rêmbag punika wajibipun inggih kêdah dipun raosakên sayêktos, saha kêdah anglairakên saraosing manah punapa salêrêsipun, ingkang lêrês utawi sae inggih dipun wastani lêrês utawi sae, ingkang awon utawi lêpat inggih kêdah dipun wastani awon utawi lêpat. Ingkang patut dipun rujuki prayogi dipun rujuki, ingkang botên patut dipun rujuki prayogi dipun cêgah, manawi batos rujuk prayogi cariyos rujuk, manawi batos botên rujuk inggih prayogi cariyos botên rujuk. Manawi sajatosipun ing batos botên rujuk măngka cariyos rujuk, punika nama anjarag ngadhêpakên pakèwêd, amargi manawi sagêd kêlêrês biyantu utawi nindakakên pandamêl ingkang karêmbag, măngka lajêng kapurih biyantu utawi nindakakên, saèstu rêkaos ing manah. Utawi manawi dipun têdhani katrangan nalaripun têka angrujuki tamtu badhe katitik gorohipun. Kasbut cariyos ing jaman kina: wontên sa-[...] sudibya sêdya andadar satunggaling mantrinipun, sarana

--- 77 ---

mundhut panimbang pamanggih dalêm sang prabu, unjukipun mantri namung ngompak-ompak. Mastani sampun lêrês patitis saha utami sangêt, agêng paedahipun tumrap praja sarta kawula, ratunipun sangêt aniti-niti: punapa inggih sampun lêrês sayêktos, sang mantri mêksa têrus anggènipun angompak-ompak, wasana sarêng kadangu nalaripun têka sagêd mastani lêrês lan agêng paedahipun kadospundi, mantri wau botên sagêd matur, dados katitik doranipun, mila lajêng kaukum, amargi kaanggêp dosa goroh, saha ambêbodho dhatêng ratu. Makatên cariyosipun narendra ingkang sudibya kalihan mantri ingkang rêmên angompak. Sajatosipun tiyang ingkang rêmên ambêbodho ing ratu punika botên namung damêl kapitunaning narendra, nanging ugi damêl kapitunaning praja lan kawula utawi tiyang kathah, amargi ratu punika kangge kabêtahaning jagad, dados punika sanès prakawis alit.

Tinantun ing rêmbag utawi nampèni dhawuhing ratu punika botên kenging dipun angge gampil, amargi ratu dados atining jagad, botên kenging tansah lêbur dening tatakrami, utawi lêbur dening kawratan dayaning arta, dados kêdah ngaturakên panimbang ingkang sayêktos, ingkang mêsthinipun kêdah dipun cêgah inggih kêdah dipun cêgah.

Lampahipun sujana sarjana suwitèng ratu: 1. Nalika wontên ing dalêm pandamêlan utawi pasowanan anyatakakên kasêtyaning manahipun, 2. Wontên ing griya manah punapa ingkang [...] [...] [...[...]]

--- 78 ---

[...èkakên,] 3. Ngendahakên dhawuhing ratu ingkang paedah tumrap dhatêng praja tuwin kawula, 4. Nyêgah utawi ambênakakên manawi wontên tindaking narendra ingkang kalintu ingkang sagêd ambêbayani dhatêng praja tuwin kawula, 5. Santosa ing galih anglênggahi ingkang nama lêrês lan sae, sarta sagêd mupakat ing ngakathah, 6. Kêncêng rumêksa kawilujênganing narendra, praja, lan kawula. Awit saking lampah nêm prakawis punika, anjalari katitik kautamanipun, wêkasan sagêd kinasih ing nata.

Sadaya tiyang punika satêmênipun bêtah wontêna ingkang nyêgah manawi gadhah kêkajêngan utawi tindak ingkang kalintu, supados botên kalajêng anjalari manggih kasusahan.

Para narendra punika wontênipun angwontênakên parampara, para nayaka utawi para mantri agêng-agêng, nyêlakakên punggawa ingkang sêpuh-sêpuh, nganthi tiyang sagêd-sagêd ingkang suksci manahipun, tiyang utama ingkang dhêdhasar sampurna ing kawruh, punika paedahipun inggih supados wontêna ingkang atur panyêgah utawi atur pêpèngêt manawi panjênêngan nata kagungan tindak ingkang kalintu, saha atur rêmbag ingkang sae tumrap kagêm ngasta kêmudhining nagari. Manawi panjênêngan nata sagêd angagêm atur panyêgah, pêpèngêt, saha atur pirêmbaging abdi utawi sintên-sintêna ingkang nyata sae-sae: tamtu santosa kaluhuranipun, botên badhe sagêd kecalan nagarinipun. Manawi tiyang [...]-ri sagêd angangge atur panyêgah, pêpèngêt,

--- 79 ---

saha atur pirêmbag ingkang nyata sae-sae: tamtu prajanipun santosa, botên badhe sagêd risak. Manawi para mantri utawi punggawa, gadhah mitra darma ingkang sagêd suka panyêgah utawi pêpèngêt bilih gadhah pikir utawi tindak ingkang kalintu, sagêd angangge pirêmbaging mitra darma ingkang sae-sae, sampun tamtu sagêd sae tindaking pangawulanipun. Cêpak inggahing drajatipun, sagêd santosa panyêpêngipun pandamêlan, botên badhe sagêd ical kalênggahanipun.

Mila manawi panjênêngan nata badhe kagungan tindak ingkang nistha, utawi botên lêrês, ingkang têtela badhe sagêd andhatêngakên bêbaya tumrap panjênêngan nata, praja, kawula utawi tiyang kathah: mantri ingkang mangrêtos wajib enggal angaturakên panyêgah, mawi patrap ingkang susila utawi cara ingkang patut, supados sagêd kadhahar aturipun.

Manawi wontên prakawis ingkang botên ngadil, ingkang pancèn wigatos, parlu kauningan panjênêngan nata, mantri ingkang mangrêtos wajib unjuk wuninga ing panjênêngan nata, supados lajêng katindakakên ngadilipun.

Manawi wontên tiyang gadhah tindak kalintu ingkang têtela badhe anjalari dhumawahing bêbaya utawi badhe ambêbayani, sadhengah tiyang wajib ugi suka panyêgah, pêpèngêt, utawi pirêmbag ingkang sae-sae.

Cêkakipun sadaya ingkang galagatipun badhe sagêd [...] [...] [...[...]]

--- 80 ---

[...cilakan,] punika wajib dipun cêgah.

Panyêgah-panyêgah ingkang kados makatên wau, inggih punika katrêsnan ingkang sajati, saha katrêsnan ingkang utama.

Panyêgah ingkang sagêd damêl wurunging tindak ingkang badhe andhatêngakên bêbaya, punika langkung agêng paedahipun tinimbang kalihan tiyang ingkang purun anadhahi pakèwêd sasampunipun bêbaya kalajêng andhatêngi.

Panyêgah dhatêng tindaking narendra ingkang botên lêrês punika langkung trêsna tinimbang kalihan ingkang namung angubungi. Tiyang ingkang namung angubungi punika sajatosipun botên gadhah pangrêksa, dados sajatosipun inggih nama botên gadhah katrêsnan.

Kapurunan anyêgah tindaking narendra ingkang botên lêrês punika langkung kêndêl sarta langkung sêtya punapadene langkung utama tinimbang kalihan mantri ingkang purun dipun abên pêrang ingkang paprangan punika botên sah. Amargi kapurunan anyêgah punika botên saking mawi kêpêksa. Nanging kapurunan majêng pêrang dhatêng paprangan ingkang botên sah punika purunipun saking ajrih dening kêpêksa.

Anggèn-anggèning mantri ingkang mantêp santosa ing galih anglênggahi kasusilaning mantri ingkang utama, sanadyan atur panyêgah dhatêng tindaking narendra ingkang badhe ambêbayani punika, dipun wawas têtela gawat inggih nama angadhêpakên pakèwêd ingkang sakalangkung agêng, ewasamantên inggih mêksa tinêmpuh, amargi punika dados kanyataanipun ang-[...] anglênggahi wajibing mantri, sarta angênggèni kamanusan. [ka...]

--- 81 ---

[...manusan.] Sanadyan aturipun botên kaagêm, agêngipun malah tampi bêbêndu karucat kalênggahanipun, inggih botên mundur, katrêsnanipun botên surut, kasantosanipun botên ebah, kamanusanipun botên ical, dumugi pêjah dipun têmah. Manawi gustinipun botên angagêm aturipun, măngka ngantos kalajêng kalêbêt ing pakèwêt, sanadyan wontên salêbêting sagantên latu dipun salulupi kaêntas saking bêbaya. Makatên punika kados tindakipun Risang Patih Prahastha patihipun Prabu Dasamuka, kalampahan kala Prabu Dasamuka mangun pêrang mêngsah Prabu Arjuna Sasrabau narendra binathara ing nagari Maèspati: nalika sawêg badhe mangun pêrang sampun sangêt anggènipun atur panyêgah, sasampunipun Prabu Dasamuka kenging kêcêpêng, Patih Prahastha anggêbyur dhatêng kalanganing mêngsah botên ngetang baya pakèwêd parlu ambudi kasugênganing gustinipun, kalaksanan sagêd manggih raharja, kotamanipun Patih Prahastha ngambar-ambar angèbêgi bumi, ngantos dumugi jaman sapunika dèrèng surut.

Sadaya tiyang punika wajib sagêd angangge sadaya rêmbag ingkang sae, mila kêdah sagêd angrèh manahipun, sagêd mêkak kêkajênganipun, manawi gadhah kajêng utawi tindak ingkang kalintu kêdah kenging cinêgah. Langkung-langkung ingatasipun narendra utawi tumrapipun tiyang ingkang ngêmudèni lampahing nagari, kêdah sagêd mangrèh pikiripun, nata manahipun, mêkak kêkajênganipun. Kêdah sagêd angulah manahipun sagêda mêmbat, sagêd angangge rêmbag ingkang sa-[...] [...] [...[...]]

--- 82 ---

[...gah] kêkajênganipun ingkang botên lêrês. Amargi manawi botên makatên: 1. Bilih kagungan karsa utawi tindak ingkang kalintu badhe kalajêng-lajêng, têmah sagêd anjalari manggih karisakan, 2. Botên badhe sagêd manggih bathi saking para sujana. Wontên dêdongengan ing jaman kina kenging kangge têpa darsana, kados ing ngandhap punika:

Kasbut ing dêdongengan, kacariyos, ing jaman kina wontên satunggaling narendra utama, awit saking dhamang ing kawruh, priksa dhatêng agênging pigunanipun kautaman, saha priksa dhatêng agêngipun pakèwêding kanisthan, sang prabu sakalangkung sarosa sêdya angulahakên kautamanipun wajibing praja saha utamanipun wajibing narendra, sêdya angicali sadaya tindak ingkang botên sae, ambudi supados praja saha panjênêngan dalêm têtêp suksci, adil, sarta utama. Panggalih dalêm sang prabu sagêdipun priksa dhatêng cacadipun kawontênaning praja, saha cacadipun tindak dalêm sang prabu piyambak, punapadene supados manggih kawruh ingkang kenging kangge ngulahakên utamaning narendra ngasta pusaraning praja utawi utamaning praja, kêdah sagêd priksa dhatêng wawasaning ngakathah, saha kêdah sagêd angsal pamrayogi saking tiyang kathah, mila sang prabu lajêng andhawuhakê[15] undhang-undhang: sadhengah tiyang kenging caos unjuk dhatêng sang prabu, andumuk cacadipun tindak dalêm sang prabu anggènipun angulahakên praja, saha andumuk lêpatipun tindaking praja, andumuk kalêpatanipun tindaking para mantri punggawa agêng alit sada-[...] atur pamrayogi tumrap tindak dalêm sang prabu saha tindaking [ti...]

--- 83 ---

[...ndaking] praja ingkang sakintên paedah tumrap panjênêngan dalêm sang prabu, praja, para mantri punggawa utawi wadyabala kawula dalêm sadaya, gampilipun ingkang paedah tumraping ngakathah, nanging sadaya wau kêdah kalayan patrap ingkang susila, manawi kapara nyata sarta patitis badhe kaagêm aturipun, saha badhe kaparingan ganjaran sapantêsipun. Sadaya karsa dalêm sang prabu wau inggih sagêd kalaksanan, sang prabu sagêd angicali sadaya tindak ingkang botên prayogi saha sagêd angulahakên kotamaning narendra saha kautamaning praja, saking angagêm aturipun tiyang kathah, wasana kawêntar kautamanipun, sarta sinêbut sudibya ing ulah bawa, saya wimbuh-wimbuh kaluhuranipun, prajanipun santosa, wadyabala tuwin kawulanipun sami sêtya tuhu, botên wontên garundêl, botên wontên ambantah, tiyang ingkang sagêd-sagêd botên wontên ingkang dados wisuna, nanging malah sami maedahi tumrap dhatêng praja, nagarinipun rame sarta wilujêng, mirah sandhang têdha, botên wontên tiyang nandhang kamlaratan saha tiyang lampah durjana. Ngantos sampun botên wontên tiyang sagêd anacad saha atur pamrayogi malih. Ing satunggiling dintên sang prabu miyos sinewaka ing păncaniti, sinewa ing wadyabala, abdi ingkang sumewa amung sawatawis, sang prabu karsa anampèni bokmanawi wontên tiyang ingkang sêdya saos unjuk, ananging botên wontên, sasampunipun lênggah sawatawis, sang prabu badhe jêngkar, dumadakan lajêng wontên lare alit sowan ing ngarsa dalêm, sumalodho amor punggawa ma-[...] [...] [...[...]]

--- 84 ---

[...pun] sangêt urmat, ingkang sami sumewa sami cingak, botên wontên ingkang sumêrêp pinangkanipun, sumêrêp-sumêrêp sampun linggih, pangraosipun kados dhatêng jlêg tanpa sangkan, tinakenan wangsultanipun[16] badhe caos unjuk sang prabu, angèstokakên undhang-undhang, sasampunipun kaunjukakên ing sang prabu, lajêng kadhawuhan umarêk ing ngabyantara nata, sang prabu karsa imbal wawacana[17] pribadi, sasampunipun umarêk ing ngarsa nata, dinangu, aturipun kalihan anêmbah: Pukulun, sowan kawula ing ngarsa dalêm badhe munjuk ing pada dalêm sang prabu angèstokakên suraosing undhang-undhang, ananging sajatosipun kawula sampun botên sagêd anacad sadaya tindak dalêm, dening sadaya sampun sarwa utami, saha kawula sampun botên sagêd atur pamrayogi, dening sadaya sampun sarwa prayogi, sangkêp botên kêkirangan satunggal punapa, namung wontên ingkang taksih dados cuwaning manah kawula, dening padukendra sawêg sagêd damêl tata têntrêm karta raharjaning nagari dalêm piyambak, dèrèng damêl karta raharjaning jagad sadaya, sarèhning ratu punika minăngka gêgêntos pangejawantahing dewa, saking pangraos kawula wajib rumêksa isining jagad sadaya, amargi kalaksananipun karêksaning jagad punika kêdah angsal pêpadhang saking cahyanipun kotamaning narendra sudibya kados padukendra, inggih punika padukendra kêdah anglimrahakên kawruh kotamanipun wajibing narendra angulahakên utamanipun wajibing praja, saha anglimrahakê-[...] praja ingkang utama, ingkang sagêd manggih wêwah kaluhuran kawruh

--- 85 ---

kautamanipun, sagêd damêl bêgja raharjaning kawulanipun kados praja paduka, punika sadaya kalimrahakên dhatêng liyan praja, supados liyan praja sami enggal atulada. Têlas aturipun lare alit lajêng musna ical botên kasatmata, botên wontên ingkang sumêrêp purugipun. Sang prabu tuwin para wadya ingkang sami sumewa dahat sami ngungun, raosing manah kados supêna, wasana sami ngintên bilih jawata, utusaning Sang Hyang Sukma Kawêkas. Aturipun lare alit wau katindakakên dening sang prabu, sang prabu dados saya misuwur kotamanipun, kasusra dumugi liyan praja, aruming asmanipun sang prabu angambar angèbêgi ing jagad traya, puwara kathah para nata ingkang sami puruhita kawruh pangasta pusaraning praja, saha kathah ingkang sami têluk aris botên saking ginêbag ing pêrang, amung saking kèlu kapiluyu kalayu ing kautaman, anggêpipun sami ambathara, sami kusung-kusung ambêkta pisungsung, gurubakal gurudadi, minăngka biwadhaning narendra utama, sadaya sami rinakêt kinadang dados mitra darma, wasana sang prabu sagêd jumênêng nata binathara ing jagad ingkang sakalangkung gagah sarta utama, lampah jantranipun tinulad ing ratu sabuwana, têmah sagêd anjalari karêksakaning rat sadaya.

Mênggah sagêdipun kalampahan sakathahing praja-praja, para nata saha para mantri punggawanipun agêng alit sadaya, malah satêtiyangipun kawula sadaya: sami sampurna ing kawruh saha kautamanipun, sagêd angangge sadaya rêmbag ingkang sae, kenging cinêgah ingkang dados kalêpataning tindakipun: punika inggih manawi ing marcapada pa-[...] [...] [...[...]]

--- 86 ---

[...ntên] pakêmpalan rumakêt praja kados ingkang kasbut ing ngajêng, saha sampun sagêd sumêbar angrêpda ngantos anglimputi bumi, kadosdene naga bumi anglêkêri jagad. Jagad utawi sakathahing praja punika upaminipun tigan, pakêmpalan utawi naga bumi punika upaminipun sang hyang surya ingkang angêngrêmi, sampun tamtu badhe wontên tigan ingkang sagêd nêtês sawung patohan, ingkang ulêsipun cêmêng amubal pêthak, utawi pêthak amubal cêmêng, têgêsipun: badhe wontên praja agêng utawi praja santosa ingkang lajêng ulah kautaman, wêkasan gagah sarta utama, kawasa rumêksa ayuning rat sadaya. Utawi badhe wontên praja utama ingkang lajêng manggih kasantosan: wêkasan gagah sarta utama, kawasa rumêksa ayuning rat sadaya.

Amargi manawi sampun majêng kawruhipun, dhamang dhatêng kawruh ingkang utama, tamtu lajêng nindaki kautaman. Manawi sampun nindaki kautaman tamtu sagêd damêl bêgja raharja suka bingahing ngakathah, têmah muncar cahyanipun dipun suyudi ing ngakathah, dados ing kasantosanipun. Manawi sampun wontên praja satunggal kemawon ingkang sagêd manggih kasantosan saking kautamanipun, tamtu praja sanès-sanèsipun inggih lajêng anututi nulad kautamanipun, wêkasan jor-joran utawi ungkul-ungkulan ulah kautaman, dene manawi sampun sami sampurna kautamanipun, punika sampun botên wontên mêmêngsahan utawi pê-[...], tiyang agêng-agêng sakeca manahipun, dene sampun bo-[...] ingkang awrat, tiyang alit-alit sami têntrêm manahipun, [ma...]

--- 87 ---

[...nahipun,] botên kawratan mikul wragading pradangdan pêrang, botên dados kurbaning paprangan. Ing ngriku para ratu, sakathahing golongan, sadaya tiyang, sampun sami sih-sinihan sami amêmitran, atut aruntut botên wontên kara-kara sajagad tata têntrêm karta raharja.

Awit manawi sampun wontên praja ingkang sudibya ing ulah bawa utama, têgêsipun agêng kautamanipun adhêdhasar kawruh ingkang sampurna: tamtu têtiyang kawulanipun manggih bêgja raharja sênênging manah wêkasan sêtya dhatêng prajanipun. Manawi praja dipun sêtyani dening mantri punggawanipun saha têtiyang kawulanipun tamtu dados kasantosanipun, manawi kasantosanipun sampun katingal saking liyan praja, têtela kasantosanipun saking dayaning kautaman ingkang adhêdhasar kawruh ingkang sampurna, tamtu lajêng tinulad ing liyan praja, amargi kapengin tumut sagêd damêla raharjaning nagarinipun, kapengin sagêd manggih kasantosan, sarta ering dhatêng prabawaning kautamanipun, kadosdene sumêlanging manah sumêrêp praja têtangganipun nyantosani kaprajuritanipun saha anyaèni pirantosing pêrang, lajêng anututi nyantosakakên kaprajuritipun nyaèni dandosanipun pêrang. Ananging kasantosan saking kautaman punika beda kalihan kasantosan saking gagah prakosaning kaprajuritan, sugih wadyabala kêndêl sarta sagêd dhatêng ulahing prang, sugih dêdamêl ingkang anggêgirisi. Amargi kasantosan saking kautaman punika botên damêl kawrataning têtiyang kawula nyanggi wragading [...]-n kaprajuritan, saha tamtu botên badhe kangge damê-[...]

--- 88 ---

têtangganipun. Ingkang dados eringing tăngga namung manawi têtiyang kawulanipun piyambak sami nangis nêdha dipun wêngku kados caranipun praja ingkang utama punika, mila tamtu lajêng enggal-enggal nututi mangun brata anyar ulah kautaman. Nanging manawi kasantosan ingkang saking ngathahi wadyabala tuwin dandosan pêrang sagêd dados wêwahing kawratanipun têtiyang kawula jalaran kêkathahên sêsanggèn kangge wragad pradangdan prajurit. Saha sagêd damêl kagèting praja tăngga tapalih, sami sumêlang. Dados nama ngadhêpakên pakèwêd saking jawi saking lêbêt, langkung-langkung manawi tangganipun sampun sami nututi nyantosakakên kaprajuritanipun. Lajêng jor-joran ngathahakên prajurit nyaèni praboting prang, pakèwêd ingkang dipun adhêpakên saya agêng sarta saya jumanggut, mila kasantosan saking kautaman punika langkung prayogi tinimbang kalihan saking nyaèni dandosaning pêrang sapanunggilanipun.

Dene manawi narendra badhe nindakakên utamaning ngulahakên praja, utawi manawi praja badhe katindakakên utama, ingkang rumiyin kêdah nindakakên uwitipun sagêd tumindak utama, kados ingkang kasbut ing ngandhap punika:

Baku Tataning Praja Witing Utama.

1. Kêdah kabudi (katata) sagêdipun têtiyang kawula sadaya sagêd ang-[...] pangajaran ingkang cêkap, têgêsipun kêdah wontên pamulangan ing [...]-ipun saha pangajaranipun, supados sampun ngantos [nga...]

--- 89 ---

[...ntos] wontên tiyang ingkang botên dhêdhasar angsal pangajaran, utawi supados sampun ngantos wontên lare ingkang botên sagêd angsal papan pangajaran, pangajaranipun kêdah ingkang nyêkapi kangge rumêksa ing gêsangipun: 1. Pangrêtos kangge rumêksa kasarasanipun, 2. Kasagêdan kangge nindakakên pangupajiwanipun, 3. Panggulawênthah saening watak bêbudèn pikir lan kalakuan kangge kamanusanipun utawi kangge rumêksa rahayuning gêsangipun, 4. Kawruh kangge caranipun tiyang gêgriya. Dados sadaya pamulangan kêdah dipun wontêni panggulawênthah alusing bêbudèn, saening wêwatakan, utamaning kalakuan. Amargi manawi lare namung dipun isèni kawruh warni-warni ingkang botên kangge ing damêl tumrap gêsangipun, dipun ajar kasagêdan ingkang botên anyêkapi kangge ambujêng kabêtahanipun, utawi ingkang botên badhe kangge tumrap panggêsanganipun, dipun gêgulang dhatêng kalantipan sarta sugih akal nanging botên dipun dhasari utamaning budi, sadaya punika tanpa guna, malah mutawatosi sangêt, sagêd ambêbayani tiyang kathah utawi niwasi dhatêng badanipun piyambak, kadosdene lare ingkang dèrèng gadhah dugi prayogi dipun cêpêngi pêdhang landhêp, têmah dipun êmpakakên dhatêng ingkang dede mêsthinipun.

2. Sadaya têtiyang kawula kêdah dipun wêngani kontêning pangajaran. Têgêsipun dipun sukani margi angangkah pangajaran sasukaning manah ingkang dipun cocogi kalihan kawontênaning badanipun, wiwit saking pangajaran ingkang ngandhap ngantos dumugi pangajaran ingkang luhur. Kê-[...]

--- 90 ---

(katata) sampun ngantos wontên lare ingkang botên sagêd anglajêngakên pasinaon ingkang ajalaran kapangkalan saking malarat saha asor aslinipun. Sok ugi kuwawi badanipun, sagêd nyandhak kalantipanipun, taksih majêng manahipun, sagêda anglajêngakên pasinaonipun. Sadaya ingkang angalang-alangi kamajêngan dhatêng pasinaon kêdah kaparsudi icaling pakèwêdipun. Malah prayoginipun kêdah dipun wontêni pranatan majibakên sinau, ingkang kêkirangan wragad kabudi (katata) sagêdipun angsal pitulungan. Utawi saupami tatananing pamulangan punika kadosdene pamulangan agami, inggih punika tanpa bayaran utawi namung bayar sasihipun miturut kêkiyatanipun piyambak-piyambak, kados sae sangêt, dados tiyang malarat botên sumêlang bilih botên badhe sagêd ambujêng pangajaran ingkang inggil. Amargi tatanan ingkang pasinaon punika sabên saya inggil saya kathah wragadipun punika damêl kandhêgipun kamajênganing sinau ingkang kacupêtan wragad. Kajawi ingkang lajêng angsal pitulungan.

3. Sadaya murid punika kêdah katitipriksa kapadosan ingkang dados darmanipun (ankèhipun) inggih punika mêmpaning kalantipanipun, supados lajêng nyinau ingkang dados darmanipun. Amargi nyinau ingkang dados darmanipun kalihan ingkang dede darmanipun punika beda sangêt mêmpanipun. Manawi nyinau ingkang darmanipun piyambak punika sagêd gathekan utawi landhêp sangêt, ingkang mula lan ingkang wi-[...] mayaripun, majêng utawi indhaking kawruh kasagêdanipun rancag, [ranca...]

--- 91 ---

[...g,] sinau sagêd lulus ngantos sampurna. Nanging manawi nyinau ingkang dede darmanipun tamtu kirang sagêd gathekan utawi botên sagêd landhêp, ingkang mulang lan ingkang winulang sami rêkaosipun, majênging kawruh kasagêdanipun randhat, sanadyan wontên ingkang sagêd lulus pasinaonipun inggih kirang sagêd sampurna kawruh kasagêdanipun, tarkadhang kasagêdanipun lajêng botên dipun tindakakên, amargi lajêng kraos botên sênêng nindakakên. Utawi sanadyan inggih dipun tindakakên, ananging kalayan kirang sênênging manah, têmah garapanipun inggih kirang sae. Măngka tiyang nyambut damêl punika sagêda inggih kalayan sênênging manah, saha sagêda ingkang sagêd sae garapanipun. Ingkang langkung mêmêlas sangêt punika ingkang lajêng jubêl pasinaonipun, botên sagêd anglajêngakên sinau utawi pindhah pasinaonipun, amargi botên kuwawi badanipun saha botên sagêd anyandhak kalantipanipun angudi kawruh kasagêdan ingkang dipun sinau, sabab dening dede darmanipun wau, dados kawruh kasagêdanipun mogol, botên kenging dipun pigunakakên, têmah lajêng cêpêng damêl nindakakên pandamêlan ingkang botên dipun sinau, sampun tamtu kemawon inggih rêkaos sangêt, saha kirang sagêd sampurna. Inggih makatên punika sababipun wontên murid patukangan dados tukang piyul, murid calon dhoktêr dados bakul sinjang, saha sanès-sanèsipun. Dados murid ingkang botên sagêd lulus pasinaonipun jalaran dede darmanipun punika prayoginipun kêdah sagêd angsal pitulungan sa-[...]

--- 92 ---

pasinaonipun, sagêda lajêng sinau ingkang darmanipun.

4. Têtiyang kawula kêdah dipun wêngani kontên tumrap badhe cêpêng damêl, padamêlan punapa kemawon, wiwit saking pangkat andhap dumugi pangkat inggil, utawi wiwit pandamêlan alit dumugi pandamêlan agêng, kajawi ingkang mêsthinipun kêdah dipun tindakakên têrah, kados ta: ratu, amargi punika sampun wontên mêsthinipun ingkang wajib. Dados anakipun tiyang mardika kêdah kenging suwitèng praja utawi suwitèng ratu, saha sagêd ugi cêpêng pangkat agêng utawi inggil, amargi botên kirang anakipun tiyang tani utawi dagang ingkang darmanipun dhatêng kawruh kaprajuritan utawi dhatêng kawruh praja. Dupi ingkang putraning sinatriya darmanipun dhatêng kawruh dagang. Wêwênang tiyang kawula lumêbêt dados mantri punggawaning praja punika dados pratăndha rakêting katrêsnanipun praja kalihan kawula.

5. Sadaya ingkang kangge mantri punggawaning praja punika kêdah tiyang ingkang sampun angsal pangajaran: 1. Wujudipun patut, inggih punika: saras, kiyat, mulus, 2. Kawruh kasagêdanipun anyêkapi, 3. Sampun angsal panggulawênthah saening watak kalakuan, dèrèng katitik awoning watak kalakuanipun, utawi saminipun punika.

6. Sadaya ingkang cêpêng padamêlan praja utawi mantri punggawaning praja agêng alit sadaya kêdah kawajibakên pakêmpalan ngudi indhaking kawruh lan majênging kautamanipun, supados saya anyêkapi anindakakên kuwajibanipun, saha sagêd utama tindakipun. Kêdah ulah kawruh [...] sarta ulah kawruhipun kapandhitan (ulah panêmbah = anglampahi [angla...]

--- 93 ---

[...mpahi] pangastuti = darmastuti = nglampahakên to = nglampahi kao).

7. Praja kêdah matah juru ngarang utawi para êmpu, manawi wontên mawi dipun pangagêngi pujăngga, mila kêdah angwontênakên pasinaon utawi pakêmpalan ulah kawruh kapujanggan: 1. Paramèng sastra, 2. Paramèng kawi, 3. Mardibasa, 4. Mardawalagu, 5. Awicarita, 6. Măndraguna, 7. Nawungkridha, 8. Sambegana. Para juru ngarang punika kapatah anganggit-anggit piwulang ingkang anênuntun dhatêng ajênging kasusilan, utamaning bêbudèn, jêjêging pikiran, saening watak kalakuan, sumêrap tatacara, majêng dhatêng kapandhitan, cêkakipun piwulang ingkang laras kalihan lampahing praja saha tataning agêsang. Anênuntun dhatêng tindak ingkang damêl karaharjaning praja saha tata têntrêming jagad. Inggih punika angulahakên darmastuti, sarana ulah pandamêl nêm prakawis: 1. Ulah katêmênaning lampah, 2. Ulah pamawasaning sêdya, 3. Ulah pamawasan tindak ingkang badhe dhawah sambawa lan sambada, 4. Ulah pamrayogi, 5. Ulah kapurunan, 6. Ulah katrêsnan: kajawi punika ambangun asthabrata.

8. Praja kêdah matah utusan juru mêmulang kawruh kapandhitan saha kawruh kasusilan sapanunggilanipun, inggih punika kados sacaraning para brahmana. Utusan punika kalih golongan, ingkang sagolongan mêmulang ing dalêm tanah wêwêngkonipun piyambak, ingkang sagolongan sumêbar dhatêng măncapraja. Mênggah wêwulangi-[...] kemawon, saha sagolong-golongani-[...] [...] [...[...]]

--- 94 ---

[...kawan:] 1. Mêmulang kawruh lan kasusilaning băngsa brahmana, 2. Mêmulang kawruh lan kasusilaning băngsa satriya, 3. Mêmulang kawruh lan kasusilaning băngsa waisiya, 4. Mêmulang kawruh lan kasusilaning băngsa sudra.

9. Calon panjênêngan nata utawi panjênêngan nata kêdah sayêktosan angudi: danurdara lan danopaya.

10. Panjênêngan nata, praja, para mantri agêng-agêng, kêdah anêngênakên dhatêng tiyang-tiyang sae ingkang sami dhêdhasar dhamang ing kawruh, nyêlakakên tiyang sagêd-sagêd ingkang rahayu budi, sarta nêbihakên tiyang ingkang awon watak bêbudèn lan kalakuanipun.

Manawi ing marcapada sampun wontên praja satunggal kemawon ingkang nindakakên sadasa prakawis kados ing nginggil punika, tamtu lajêng dados praja ingkang sagêd, gagah, sarta utama, wêkasan tinulad praja-praja sanès samarcapada sadaya, jagad lajêng tata têntrêm karta raharja, sadaya tiyang sagêd lapda jiwa. Punapa ingkang dados indham-indhamaning ngakathah sampun kêcêpêng. Mila sanadyan praja ingkang amêngku utawi praja ing tanah padununganipun dèrèng sagêd tumindak kados pangajêng-ajêngipun, tiyang kêdah srantos santosa ing manah kanthi katlatosan, ambudi supados ing marcapada, tumuntên wontên salah satunggal praja ingkang nindakakên makatên wau, wêkasanipun tamtu tumular waradin sabawana. Dados botên susah sumêlang bilih lêpat ing sêdya, nanging sampun ngantos na-[...]-kakên dayaning liyan praja, kêdah tabêri mulyakakên pra-[...] pun piyambak.

--- 95 ---

Têlas wêwarahipun Sêrat Wedhabrata, ingkang ngarang nyuwun pangapuntên saking sadayaning kalêpatan, namung kados makatên punika wêdharing wêwarahipun, botên sagêd damêl wêwarah ingkang cêtha sarta jangkêp, awit taksih sangêt kacingkrangan ing kawruh ingkang utama, raosing manah sampun dipun kêtog, suprandosipun taksih rumaos tamtu dèrèng paja-paja sagêd damêl pamarêming galih para manungkara, ewasamantên manawi pangrarasipun para ingkang sami sudi karsa ngawikani mawi dipun cakup kalihan kawicaksanan, bokmanawi inggih lajêng sagêd angsal pamarêm utawi anarimahakên ing panggalih. Amargi lajêng sagêd anjajagi manahipun ingkang angarang, manawi pangangkahipun ingkang angarang damêl wêwarah punika sagêda inggih namung ingkang sarwa sae kemawon, ewasamantên manawi wontên kalintunipun, ingatasipun anggèn-anggèn ingkang pantês dipun lampahi punika bobot timbang namung gumantung wontên ingkang karsa ngagêm, dados kêdah kalimbang piyambak, kapêthik ingkang sarwa pantês, amargi ngarang lan maos punika sami botên gampil, botên têmtu sagêd lêrês. Dados kêdah mawi kagalih ingkang panjang, amargi samukawis pandamêl punika manawi sampun mawi dipun ăngka-ăngka rumiyin punika adatipun langkung patitis tinimbang kalihan ingkang botên, punapa ingkang kaudi asring botên gagal.

Panutup.

Minăngka panutuping sêrat punika, amêdharakên sasani-[...]-ti, mugi-mugi sêrat punika sagêd dados sêsuluh-[...] [...] [...[...]]

--- 96 ---

[...king] jaman kaliyoga angancik ing jaman krêtayoga. Inggih punika oncatipun jaman kalabêndu dhatêngipun jaman angsal pangapura, dipun pungkasi wontên ing jaman ratu artati tuwin jaman angkara murka. Dene pangancikipun jaman krêtayoga dipun wiwiti saking jaman ratu pinandhita adil, sarta jaman rahayu budi. Têgêsipun jaman ratu artati: sadaya tiyang ingkang kaèsthi muhung arta, pambujêngipun arta tanpa ngetang nistha madya utama, gêsanging manusa wontên sangandhapipun dayaning arta, kenging dipun rèh sakajêng-kajêng dening arta, sanadyan rinèh nindakakên durhaka sok anggêr karoban arta inggih miturut, mila para pandhita kasiya-siya, tiyang miskin sami papa sangsara kasangsaya, dening pandamêl sawênang-wênang sagêd tumindak pangrêpda. Dene têgêsipun jaman ratu pinandhita ngadil: sadaya tiyang sami majêng dhatêng lampah kapandhitan sarta kêncêng angêkahi manah adil, sanadyan karoban arta botên purun dipun rèh tumindak ingkang botên lêrês, ing ngriku mulyanipun para pandhita, mulyanipun tiyang sudra papa, pandamêl sawênang-wênang botên sagêd tumindak, dursila waluya lana, kêkere têmah sampurna, jagad sagêd krêta tata darma, sadaya tiyang manggih raharja. Minăngka pamêthuking jaman krêtayoga tiyang kêdah lajêng miwiti ulah kapandhitan, rahayu budi, lan puguh anglênggahi ngadil. Awit sirahing jaman krêtayoga punika sêsarêngan kalihan pêthiting jaman kaliyoga. Dados ing wêkdal pu-[...]-gi sajatosipun tiyang sampun sagêd miwiti ngancik ing jaman krê-[...]

Tamat.

--- [0] ---

Pêrlu Kawaos.

Wicantên sora punika sagêd rèrèh dening tinadhahan swara aris, ulat sêrêng punika sagêd ajèr dening tinadhahan ulat sumèh, patrap diksura, kasar murang tata, punika sagêd mundur dening tinadhahan patrap susila anoraga, dyatmika alusing solah bawa, sêrênging kanapson punika sagêd kêndho dening tanduk ingkang arum manis.

Kabodhoan sagêd ical dening pangajaran, kêkajêngan ingkang nasar sagêd ical dening pinadhangan ing kawruh, watak awon sagêd ical dening panggulawênthah, kamurkan sagêd ical dening katuntun dhatêng bêbudèn ingkang utama.

Manawi dipun piawon prayogi kawalês ing kasaenan, patrap lan tanduk ingkang awon prayogi tinadhahan patrap lan tanduk ingkang sae, awon punika sagêd ical sarana dipun soroti cahyaning kautaman, manawi wontên ingkang nyahak dhatêng hak paduka, prayogi dipun wêwahana ganjaran ingkang sangêt mulya, inggih punika kawruh ingkang utama, tiyang ingkang murka, ingkang kaladuk pangangkahipun dhatêng kadonyan, tinêdahna gêgayuhan ingkang langkung mulya, inggih punika kamulyaning kawêkasan.

Mila kêdah santosa anglênggahi kasaenan, supados ingkang awon sagêda katut dados sae.

Sadaya lampah utama, punika botên gampil dipun lampahi [...]-nging ingatasipun ingkang sampun sami ajêng dhatêng karaha-[...]-n sêdya ngangge kamanusan, wajib sami anggayuh [...]

--- [0] ---

[Grafik]

Ilining mangsi ingkang angidêri bumi sagêda damêl rukunipun tiyang sajagad. Wêwarahipun Wedhabrata: botên wontên pamardi ingkang kalayan pamêksa, ananging muhung manawi sami kaparêng dados condhong dhangan sênênging manah, amargi ing pangangkah sampun ngantos wontên mêmêngsahan, kajawi angêmungna sami sadherekan.

Sintên ingkang trêsna dhatêng praja, wajib trêsna dhatêng têtiyang kawula.

[Grafik]

Sintên ingkang trêsna dhatêng têtiyang kawula wajib trêsna dhatêng praja.

Gêthing punika kawon dening trêsna, sintên ingkang gêthing kawalêsa katrêsnan, tamtu mangke dados trêsna.

[Grafik]

Sadaya ingkang dados awisaning praja, sadaya ingkang adamêl botên sênêng manahipun tiyang kathah: sampun ngantos dipun têrak.

 


botên. (kembali)
ingkang. (kembali)
botên. (kembali)
Naskah tidak terbaca. (kembali)
manjanma. (kembali)
apapak. (kembali)
sampun. (kembali)
nêdha. (kembali)
tangan. (kembali)
10 wujud (dan di tempat lain). (kembali)
11 Naskah sobek (dan di tempat lain). (kembali)
12 tosan. (kembali)
13 dhatêng. (kembali)
14 punika. (kembali)
15 andhawuhakên. (kembali)
16 wangsulanipun. (kembali)
17 wacana. (kembali)