Rêrêpèn, Padmasusastra, 1898, #6

JudulCitra

Sêrat Rêrêpèn

--- [0] ---

RÊRÊPÈN.

Sêrat Rêrêpèn

Anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV

Kawêdalakên dening Ki Padmasusastra tiyang mardika ingkang amarsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

SURAKARTA

ALBERT RUSCHE & Co.

1898

--- 18 ---

1. Pangkur

1. jirak pindha munggwing wana (kusambi) | sayèng kaga: (kala) we rêkta kang muroni (anggur) | nyênyambi kalane nganggur | wastra tumrap mastaka (ikêt) | pangikête wangsalan kang sêkar pangkur | baon sabin ing nawala (karya) | kinarya langên pribadi ||

2. senthe lit sasanèng arga (kajar) | lênging roga: (talanjêr) mina kinarya dhêsthi (dhuyung iwak tèmpèl) | nglêlêjar lajêring wuyung | sikatan bang ngrêmbaka (kêmbang soka) | pinisuka kasukan saananipun | wimbaning kang căndrawela (rêmbalan purnama)[1] | mrih purna pranawèng kapti ||

3. sarkara drawa linama (kelang) | gêlang sweda: (ali-ali) kramane marah siwi (mulang) | ilang laliyèng wulangun | mundhu lit dhaonira (kilayu) | lumêkêting kayuwananirèng kayun | parab madyaning pandhawa (Arjuna) | sarjua arjaning dhiri ||

4. ginggang[2] gung kang piniyara (winih) | mardi siswa: (mulang) kakawinirèng èstri (wadu) | winèh winulangkên wadu | pêputhut mong Pêrgiwa (Janaloka) | kang sumewa [su...]

--- 19 ---

[...mewa] pasewakaning kalangun | pangrantamirèng pradăngga (sêndhon) | sasêndhona[3] gênti-gênti ||

5. wicara tanpa karana (ngayawara) | bêbasane janma nunggal sapanti (dunung) | ngayawara tanpa dunung | sampang panggilap wrêksa (prênis) | pêprênesan linaras rêsmining kayun | narmadalit ngalang marga (kali) | tan liya amung ngrêrêpi ||

6. ron dêling têngêring marga (sapi)[4] | barat wetan: (timur) mina lêmbat jaladri (têri) | sun sawèni timuripun | wantya sang nari brăngta (Abiyasa) | mangke sampun diwasa warnane punjul | krama sêngsêming sasana (krasan) | têka ana kang ngrasani ||

7. jambe gêng wijiling arga (dhawe) | sarpa warna: (ula wêlang) kisma mawur kapidih (lêbu) | gawe sumêlanging kalbu | satriyadi Singgêla (Bisawarna) | datan bisa nendra kalanirèng dalu | pamèt brana jro pratala (malik) | netra tansah mêrêm mêlik ||

8. sumêndhi putrèng Ngalêngka (Trikaya) | bale nata: (dhampar) Sang Indrakila resi (Mentaraga) |

--- 20 ---

kayaparan raganingsun | dhandhang lit mitra dhustha (manuk tuhu) | yèn tuhua lir pawarta kang sun rungu | kucumbining dwijawara (endhang) | sêdhêng sun kendhang sing ngriki ||

9. paningsêt sampur wanita (udhêt) | natèng angga: (ati) rangkêp tundhaning sari (sungsun) | kacandhêt ing manah ingsun | kadang têpung ing basa (aruh-aruh) | dene durung kinaruh ing sidanipun | taru wilis tanpa patra (kayu urip) | jroning urip sun antèni ||

10. wrêksa angkur ing suyasa (tadha) | kang toh kuda: (tapak iyang) sêndhang lubèr kang warih (agung) | sun têtêdha ring Hyang Agung | tirta mijil ing angga (kringêt) | mung èngêta bae marang dasihipun | palwa kandhêg ing muara (labuh) | sun labuh dhêpani nagri ||

11. katga pangruwat durmala? | sindu raga (kringêt) pasang ilining tasik (arus) | pakaryan kringêta marus | surya lalu diwasa (lingsir) | datan nêdya gumingsiring tyas sarambut | sela curnaring pawaka (luluh) | lêbur luluh sun andhêmi ||

12. saron gêng măngka manggala (dêmung) |

--- 21 ---

pêcuk seta: (kontul) kawuk kang madha warni (manyawak) | mung tolèhên awak ingsun | kuji gêng tasik waja (kasange Umarmaya) | kasangsaya kadarpaning tyas kadurus | bantuning janma baksana (imbuh) | wimbuh yèn mulat maskwari ||

13. pathini[5] we jaladhiyan (uyah) | winda madya (sêmaput)[6] rangkêp têmbunging aksi (andulu) | yayah samputing pandulu | wastra tawing wiwara (kêlir) | lir kataman gêbyaring kilat narawung | jawatagêng salah warna (Bathara Kala) | sakala datanpa budi ||

14. saksi sabda mring pradata (saidwara) | apuwara saya ngrêbda kang brangti | papan wiyar tanpa taru (ara-ara) | ruarane kalintang | timun wana: (papasan) pinapasa pinrih mupus | wulu bauning kukila (êlar) | kêlar ingsun mung sawêngi ||

15. satpada bubar sing tala (tawon kambu) | esuk kambuh brangtaning tyas tan sipi | wilangan kinarya urup (ngèlmu etungan)[7] | ketang laraning driya | pagêr kuda: (palang) dêling malang

--- 22 ---

kang binêkuk (pêlak) | gung kapêlak kapalangan | saking kèh sikarèng budi ||

16. tilam wamtra[8] ring kêkapa (kasuran) | raning prana: (tyas) ron lêsah anèng siti (uwuh) | kasuraning tyas kang rawuh | têmu bang andemarna (kunir) | sanalika nir kadarman yun manêmpuh | bubuk lit ngrabasèng wastra (rêngêt) | èngêt pasuwitan mami ||

17. wiwaradi dhatulaya (srimanganti) | jangkah madya (tindak) niskara kang ngewani (saru) | yèn ngantia tindak saru | pêparab sang mahdwija (mahayêkti) | sayêktine ginuyu mring kang tan sarju | siwaling wrêksa dinanda (tatal) | ilang tatal ingsun nguni ||

18. tămbralit kulinèng arga (mangur) | jayèng toya (baya) janma manandi warni (nylamur) | angurbaya sun salimur | majasta tungtu seta (majasta = kawis) | dimèn aja kawistara brataningsun | puja panulaking wisa (tinawa) | manawa têmbe pinanggih ||

19. parabe Hyang Nilakontha (Hyang Pramèsthi) | lamun pasthi sira jodho lan mami | godhag antaraning [antara...]

--- 23 ---

[...ning] laku (lêt) | lêta wukir samodra | pêkên alit urut marga (warung) nora wurung | pamoring èstri lan priya (dhaup) | dhaup lawan sira gusti ||

20. titi pracihnaning kata (tăndha) | pratandhane kang lagya andon wingit | baya nora antuk têlu | kang kaya raganingwang | aywa mamak amitambuh marang ingsun | pikukuh isining praja (manggala) | măngka manggala linêwih ||

21. titi purnaning panitra | Prangwadanan ing ari Wrahaspati | Bêsar tanggal kaping pitu | nuju măngsa katiga | ing taun Je ăngka sèwu pitung atus | wolung dasa kalih enjang | pangriptaning kang ngrêrêpi ||

2. Dhandhanggula

1. rêngating tyas rinapih ngrêrêpi | rinumpaka sinawung sarkara | wêwangsalan karêmêne | dhuh babo roning pantun (dami) | ancur pêthak tumraping carmin (rasa) | saya lami karasa | kalabang sumunu (rêna) | nora rêna ing tyas ingwang | bênthik wrêksa: (janak) atmajèng Santanu Rêsi (Bisma) | tan jênak anèng wisma ||

--- 24 ---

2. pakis mudha (lung) sêkar awoh tasik (noja) | alêlungan tan ana sinêja | jalidri ămba godhonge (kangkung) | mung ketang kang mawèh kung | katu alit wungu kang warni (cungcung bêlut) | abalut tur jatmika | bajuning dyah tanggung (entrok) | kuning bentrok maya-maya | sêkar pisang (tuntut) basa kawining nagari (praja) | patut musthikèng praja ||

3. sutèng Endra (Dèwi Tara) watês ingkang tulis (pada) | sun watara janma madyapada | putêr gêng tutul murdane (dêrkuku) | tan ana kang kadyèku | tapas arèn (duk) kang senthe wukir (kajar) | duk kuna jare ana | sanjata pamupuh (gada) | putri adi ing Manggada | watang criga (ukiran) têpi wastra kang cinawi (kêmadha) | kiraku durung padha ||

4. mênyan seta: (tawas) pangabaring paksi (jajah) | salawase sun anjajah praja | pagêr pura (pagêr bata) pulas jêne (dus) | Batawi praptèng Kudus | kakawine kang sêsotyadi (mulat) | durung tau umulat |

--- 25 ---

ăndakara surup (mahrib) | mèmpêr mirip warnanira | lambang brana (urup) pêlêm alit gănda wangi (pêlêm dodol) | urup dèn doli karya ||

5. bale nata (amparan) murwèng darbe siwi (têmbean) | kayaparan têmbe dadinira | gancar wayang upamine (lakon) | lakone raganingsun | pacêt agung (lintah) kang suling paksi (sawangan) | tan bêtah anyawanga | putusing pangawruh (sampurna) | kang kadya wulan purnama | kêndhal jêram (sêrêng) pungkasing kang bangun enjing (saput namah)[9] | kasêrêng saput driya ||

6. sipat krêsna (cêlak mripat) ron lêsah nèng siti (uwuh) | sun cêlaki wuwuh tejanira | ancur sotya: (dhasar) tanuning we (bajul) | dhasare nyata punjul | jambe arga (dhawe) Natèng Biraji (Aspandriya) | gawe kisruh ing driya | gêgêlang panuduh (ali-ali) | kongsi lali nèng paseban | bikang rêkta (carabikang) kang wastra ngiras bêbênting (cotha = latha Zie Mas Ngantèn) | micara nora cêtha ||

7. kramèng [kra...]

--- 26 ---

[...mèng] boja: (nêdha) praja Sang Sumali (Ngalêngka) | sun têtêdha: sangkalêngkaning rat | taru kang nêdhêng rumêmbe (ijo) | dadia jodhoningsun | kancuh ingkang duta narpati (kanthi) | măngka kanthining gêsang | tyas sangsam binumbu (ayêm) | saiba ayêming driya | nulad sastra: (nurun) jintên langking madha warni (wiji sawi) | nurunkên wiji priya ||

8. sarah tala (malam) sang narendra kapi (Sugriwa) | lamun benjang têmbe dadi garwa | bidho gêng pingul warnane (jakawuru) | sun reka-reka wuru | Natèng Kebar (Yusupadi) kang dindang kuning (kintêl) | supadi anjintêla | pangabaran pandung (sirêp) | tumuli ingsun ngrêrêpa | lagu sastra: (têmbang N sêkar K) sirating brêmara gusti | ing sêkar madurêtna ||

9. kirab wastra: (kêbut) kadang Kartapati (Andaga) | ingsun kêbat anèng daganira | kêpêt dangan(ilir) lamèng[10] wade? | yèn nglilir mirah ingsun | pêparabe Hyang Surapati (Endra) | sun dhrêsêl milu nendra | dityalit kagundhul (wilwa) | sun wêdèni ana wilwa | ron usada: (lampês) [(...]

--- 27 ---

[...lampês)] rowang têmah dadi wèri (ambalik) | pêsthi balik maringwang ||

10. gudhe pandhak (apa-apa) sêndhang gêng ing wukir (tlaga) | kaya ngapa lêganing tyas ingwang | taru di swarga ênggone (dewandaru) | saksat katiban daru | pisang panjang kang tanpa sari (gêdhang êbyar) | gapyak gêbyare ana | wisayaning manuk (kala) | sakala datan panon rat | ganggêng wrêksa (rasukangin) prajane sang Suryasiwi (Ngawăngga) | rumasuk malbèng angga ||

11. têkên palwa: (satang) sela kang rininjing (guling) | satangine saking pagulingan | kalampis wungu kêmbange (bung) | pantêse pungun-pungun | rajèng praja ing Ngambarkawit (Unuk Marjaban) | sun ajak marang jamban | prasidaning laku (banjur) | banjur malbèng patamanan | sêpat panjang: (wadêr) kukila kang măngsa paksi (alap-alap) | midêr angalap sêkar ||

3. Sinom

1. panêdhaking purwa madya | lumuntur ing tyas kaswasih | pêparikan rema seta (uwan) | unthuking nila upami ? | sapa wani mêngkoni | mring

--- 28 ---

rêtna dyah kang pinunjul | narpati ing Sindhula (Galuh) | wrêksa minăngsa ing siking (arêng) | mêsthi barêng lêbur luluh lan wak ingwang ||

2. sanadyan kang măncapraja | nagri kang urut pasisir | carita piningit sêrat (buk) | kêndhang gêng têngarèng jurit (têtêg) | tan wurung sun têkani | sun ajak gondhelan sabuk | kusuma mênyan seta (tawas) | sarati dyah èsthi putih (Murdani) | singa tiwas murdane dadi sasrahan ||

3. gusti kang pindha musthika | pasewakan Hyang Pramèsthi[11] ? | ombak gêng mawa maruta (arus) | sulendra buwana rêsi ? | sun têmah tanpa dadi | yèn ora samodra marus | rondhon kentar ing toya (sarah) | balumbang alit pasagi (tambak) | tyas sumarah jiwa raga dadya tambak ||

4. lêgawane tyas sambada ? | walang panjang măngsa pari (walang sangit) | kaleca kang rasa kamla (mundhu) | sêsotya munggèng wiyati (lintang) | mêmundhuta wong kuning | lintang munggèng langit biru | iku yogya [yo...]

--- 29 ---

[...gya] kinarya | lumayanira maskwari | susuk kondhe sinêling rêtna mutyara ||

5. lan ing swarga iku ana | aran tirta mausadi | karyanên panacap rema | dimèn mêmak andrawilis | walêsan songsong kuning (dhandhan) | dhuh anggèr panêdhaningsun | pasiran ing bangawan (bulus) | paksi sasmitaning lalis (kudhasih) | mung tulusa sihira andasihêna ||

6. saengga jro pagulingan | tan nêdya sawalèng kapti | kang gănda tumrap ing angga (borèh) | ing Indarba narapati (Darmawisesa) | darma ulun nglampahi | punapa rèh ta wong ayu | narpati ing Ayudya (Dhasarata) | wong agung kang andon jurit ? | tyas kang dhadha dhadhap sakarsaning puja ||

7. laos wohe pindha wrêksa (kapulaga) | cabe lit ronnya malintir (mêgatsih) | cacade karêm nglêlaga | mêgat trêsna wong lagya sih | kadêrêng ulun iki | amrih kapadhan ing ngayun | cumbananing manyura (ngigêl) | kang tambang pangêncêng kêlir (paluntur) |

--- 30 ---

wong parigêl tangèh luntura sihira ||

8. baya sida matingarang | yèn gusti tan luntur kang sih | kalabang mawa panjuta (rêna) | gêgêlang munggèng dariji (ali-ali) | tan rêna laliningsih | dhuh dayita pêpujanku | kusuma menda wana (kidang) | siti rêngka ing têtêgil (tela) | kalilana kawula ngudang bandara ||

9. wadèr gung kang pindha pada (wagal) | kêkayangan suranadi ? | patrajana saupama (sarah) | gagala pangarah mami | puput jiwa ngong gusti (seda) | kabanjur sida kêlantur | dhuh anggèr wêlasana | sapa yoga mring wak mami | nora liyan mung sang rêtnaning buwana ||

10. karoya kang pindha warna (prèh) | kusumèng dyah Kaelani (Kelaswara) | yayi wêlasa maringwang | aywagung manggung prihatin | lalu măngsa wong kuning (kasèp) | pêparikan jayèngranu (baya) | sudanên wèh wiyoga | yèn kasèp ambêbayani | gudhe rambat (kara) yayi laraku kêsandhang ||

11. paran wusananing brăngta |

--- 31 ---

suwadi[12] lipuring agring | ywa manggung tyas duka cipta | banthèng bang wisma nagari (sapi) | dadia gêtih daging | aja pijêr kapirangu | bale kuda bandara (trataban) | janma kang kentar ing warih ? | tyas naratab yèn èngêt mring warnanira ||

12. sêsawi kang munggèng wisma (aling-aling) | wringin seta madha warni ? | yèn lagya eling mring sira | kadya wong kêna ing dêsthi | tan wrin sêsami-sami | tangèh karêm ing tumuwuh | pêpaèsaning netra (rik = larik) | mungsuh kang angajak lalis (nglalu) | lalu aja myat bantala ngantariksa ||

13. dhuh-adhuh raga manira | têka sae sira urip | duwe pêpujan yu endah | mêndhang sêsotyaning bumi | têka tan anêmahi | sèwu tandrêman wak ingsun | momong kalulutira | ywa pijêr nandhang prihatin | parandene dêlap kumudu tunggalan ||

4. Pocung

1. sêkar pucung ing tyas supadi mangun kung | anandhang wigêna | kalantur lumuntur ing gring | sinalimur nganggit têmbung

--- 32 ---

wêwangsalan ||

2. kang tinêmbung ing pangriptanirèng têmbung | dêdimène aja | kalantur nandhang prihatin | kêtungkula nglukita lali wigêna ||

3. sotya rêkta (mirah) garwa Kumbakarna Prabu (Kiswani) | dhuh anggèr mas mirah | dêdukèng dasih kaswasih | grahanarda (bêgowong) niaya wong tanpa dosa ||

4. kadhal gogo (baya) kayu alit malèng ranu (wod) | dhuh woding tyas ingwang | paran têmbayan ta gusti | suka jurên dasih ta atadhah duka ||

5. kajang tawang (langitan) kalpika rêktèng panuduh (mirah) | acandhènga mirah | mundhuta lintang ing langit | lan karyanên panyangganing gêlungira ||

6. jayèngranu (baya) pasewakan jro tumênggung (srimanganti) | sajroning wigêna | ubayane sun antèni | wêwindăna kawulane ngarsa-arsa ||

7. bêras pulut: (kêtan) ing Yujana sang aprabu (Kewusnendar) | anggèr wuwusira | tan darbe paningal kalih | mung abdine

--- 33 ---

katon jroning karasikan ||

8. dhandhang alit among dhustha paminipun (tuhu) | sun têtêdha mirah | sira dèn tuhu ing jangji | eman lamun yèn oncata ing prasêtya ||

9. widhêng galêng (yuyu) putri adi ing Madayun (Muninggar) | sapa duwe garwa | ayu tur tuhu ing jangji | sasolahe jatmika bisa wèh rimang ||

10. jamang wakul (wêngku) satriya kumêndha tunggul (wong bandera) | eman dara eman | kawêngku wong naliyaning | bokmanawa ing karsa kurang waspada ||

11. sotya karna (intên) wrêksa lina rone trubus (sêmi) | intêne pun kakang | bêgjane kang duwe krami | baya mirah kang pinuja dadi sira ||

12. sarah madu (malam) kunir pita (têmu) jangkrik gunung (gangsir) | lam-lamên tyas ingwang | yèn tan têmu sira gusti | sawêr ponthang (wêlang) ing tyas anggung mêlang-mêlang ||

13. siti rêngka (têla) badan pisah wrêdinipun (jiwa) | kadi tanpa jiwa | lamun tan mulat sirèki | kunta [ku...]

--- 34 ---

[...nta] Krêsna (cakra) ing tyas anggung nyakrabawa ||

14. mirah ingsun surya diwasaning laku (lingsir) | sajroning anendra | mung sira bae kaèksi | kukus gantung (sawang) ngalilir katon gumawang ||

15. saron bumbung (angklung) terong alit ing bêbatur (ranti) | kang kula wibawa ? | bandara pêpatih Bali (Jayaasmara) | cêcêngklungên nganti pagut ing asmara ||

16. gurda pingul (kroya) kang jae munggèng wanagung (lêmpuyang) | yèn wong kaya ngapa | awèta tyas poyang-paying | sèwu wuyung miyat ing tyas gêramèhan ||

17. yam-yam tilam prajiwatan ing jinêmrum | adhine pun kakang | nila pakaja hèr thathit | baya sira kumalaning pagulingan ||

18. lêpning sêkar rêtna sêsotyaning ayu | kumalaning jagad | baya kartika ingukir | sun watara musthika ingkang pinudya ||

19. sawi janur (gawar) putri Kelan (Kelaswara) puspa lulut (tlasih) | anggèr wartakêna | dasihmu kawêlas asih | gilang-gilang [gilang-gi...]

--- 35 ---

[...lang] gumuling datanpa rowang ||

20. garwa Karna (Surtikanthi) palwa kandhêg samodra gung (labuh) | sun labuhi sira | abanjur kabyatan ing sih | sun têtêdha dadia kanthi manira ||


(rêmbulan purnama). (kembali)
(rêmbulan purnama).
singgang. (kembali)
singgang.
sêsêndhonan. (kembali)
sêsêndhonan.
sawe. (kembali)
sawe.
pathining. (kembali)
pathining.
§ (winda = wisa, madya = satêngah). (kembali)
§ (winda = wisa, madya = satêngah).
(ngèlmu etangan). (kembali)
(ngèlmu etangan).
Di atas aksara ma terdapat tambahan aksara sa, maka maksudnya dibaca: wastra. (kembali)
Di atas aksara ma terdapat tambahan aksara sa, maka maksudnya dibaca: wastra.
(saput lêmah). (kembali)
(saput lêmah).
10 Terdapat tambahan taling tarung pada suku kata la. (kembali)
Terdapat tambahan taling tarung pada suku kata la.
11 (Ngendrabawana). (kembali)
(Ngendrabawana).
12 supadi. (kembali)
supadi.