Paliwara, Padmasusastra, 1898, #152

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Paliwara

1. Dhandhanggula

1. jênu tawa (tungkul) pisang gănda wangi (garahita) | aja tungkul kulup dèn grahita | Ragusuta (Rama) mardi jêne (sêpuh) | ramanta pan wus sêpuh | wisma aglar ing păncaniti (paseban) | dèn kêrêp sebanana |

--- 77 ---

prabatanging pantun (dami) | dimèn paring wulang sira | patri wastra (ular-ular) garinging mina jaladri (gêrèh) | nalar pangrèhing praja ||

2. carang wrêksa (pang) ingkang jamang tambir (wêngku) | wit tan gampang wong mêngku nagara | baligo ămba godhonge (labu) | kudu santosèng kalbu | têngarèng prang (têtêg) andhêging riris (têrang) | dèn têtêg tranging cipta | sêndhang nir ing ranu (asat) | saksat ana ing palagan | kasang toya (impês) mênyan seta munggèng ardi (lirang) | yèn apês kawirangan ||

3. kampuh nendra (singêb) ron lêsah binukti (kulub) | mula kulup bangêt wêkas ingwang | sarpalit ponthang warnane (ula wêlang) | saking sumêlang ingsun | brama arda (mulat-mulat) kang mrica putih (sulah) | mulat mring solahira | bêngkik gêng ing kêdhung (tagèh) | igèh bocah manahira | bèbèk rawa (maliwis) wastra pêthak ciri èsthi (mori) | wis sêdhêng marenana ||

4. burat pada (bobok) [(bobo...]

--- 78 ---

[...k)] raning sato bukti (măngsa) | bokmanawa katrucuting măngsa | banthèng bang (sapi) jarwa sonyane (suwung) | sapira kaduwungmu | kandhêlalit kang sabèng kali (kinjêng) | lir kinjêng tanpa soca | pangiriding satu (nuntun) | nora ana kang nuntuna | perak krêsna (timah) wastra laranganing Gusti (parangrusak) | têmah rusak kang tata ||

5. gancar wayang (lakon) kamulwijo[1] sisik (srikaya) | yèn kalakon kang kaya mangkana | kara kang remit godhonge (kapri) | kapriye solah ingsun | sobrah wrêksa tumamèng siti (sulur) | myang sadulurmu padha | lêmbing sabèng ranu (bibis) | nora bisa dulu sira | paku wrêksa (tadha) bêbantu sipating pati (suksma) | sun têdha mring Hyang Suksma ||

6. astra dibya (samoga) Risang Ragusiwi (Rama) | muga-muga kulup ramanira | piring gêng beda tulise (panjang) | panjanga yuswanipun | sudarmane Sang Hyang Pramèsthi (Sang Hyang Wênang) | mênangana rabinta | tangkil gêng ing dhusun (so) | sukur nganti mênangana |

--- 79 ---

cawang wrêksa (canggah) widara kang pindha warni (wohing wit warèng) | ing canggah warèngira ||

2. Sinom

1. parangmuka asrah jiwa (nungkul) | aruna alpa sapalih (grahana) | aja tungkul dèn grahita | atmaja Sri Dasarati (Rama) | pulas pambabar rukmi (sêpuh) | ramanta gèr pan wus sêpuh | pita bênting turăngga (ambèn) | bangsal gêng angapit kori (paseban) | sabên dina kulup bêcik sebanana ||

2. Êmpu Astra Wilatikta (Supa) | baskara lumèngsèr wukir (surup) | supaya sira surupa | lata krêsna ing jaladri (akar bakar)[2] | lêbat sinandi lami (lênga tuwa) | karsane wong atuwamu | wipradi Sapta Rêngga (Abiyasa) | wuku dewa Hyang Pramoni (wuku Bala) | dènya yasa pranatan tumraping bala ||

3. Majasta ruwit kang patra (kawis) | watês caritaning ringgit (lakon(N), lampahan(K)) | ing mêngko wus kalampahan | kukila sabawèng latri (kadasih) | toya mambêg kinardi (agung) | tumraping dasih

--- 80 ---

sawêgung | suluh tejaning warna (cahya) | jawata kang sirah èsthi (Bathara Gana) | wus pracaya mring prentah datan lênggana ||

4. wastra rimonging subêkta (kêmul) | taru linih saking siti (pinutêr) | mulane gèr putraningwang | walang gêng lir patra wilis (walang gambuh) | brêmara talèng siti (tawon tutur) | aja tambuh ing pitutur | kukilarda rinaja (manuk bêri) | ron buntal sasanèng ardi (walikadhêp) | dèn tabêri ngadhêp marang ramakira ||

5. rêndhi bang sring piniyara (kidang) | lung-lungan lêsah pinardi (kinulup) | sun kêkudang kulup sira | satriya Singgêla nagri (Bisawarna) | parab Sang Pandhawaji (Darmaputra) | bisaa lir sudarmamu | kasang toya ing raga (impês) | lukita kawining janmi (jana) | pês-apêse ing budi tiba mêjana ||

6. wrêksa caranging mandera (pang) | jamang rotan munggèng tambirsir[3] (wêngku) | tan gampang mêngku nagara | wahyaning janma garbini (lair) | pandaya ulah siti (waluku) | lair batin kudu laku | kadang Sri Duryudana [Duryuda...]

--- 81 ---

[...na] (Kartawarma) | tarub gêng jawining panti (tratag) | marma ingsun juwêt ngatag marang sira ||

7. titi purnaning wiyata | dina Sênèn kaping kalih | tanggale ing sasi Sapar | kasapuluh ing Jimakir | sangkala mulat siwi | èsthining sang maha prabu |[4][5] kang mangikêt pustaka | ramanta Pangran Dipati | Arya Mangkunagara ingkang kaping pat ||

 


kang mulwijo. (kembali)
(akar bahar). (kembali)
tambir sir, tetapi lebih satu suku kata, sir diberi garis atau dicoret, jadi harus dibaca tambir. (kembali)
§ = 1812. (kembali)
Tanggal: Sênèn kalih (2) Sapar Jimakir: mulat siwi èsthining sang maha prabu (AJ 1812). Tanggal Masehi: Rabu 13 Desember 1882. Tahun AJ 1812 adalah tahun Ehe dan bukan Jimakir, dan pada bulan Sapar tahun AJ 1812, hari Sênèn jatuh pada tanggal: 7 (Sênèn Wage), 14 (Sênèn Lêgi), 21 (Sênèn Pon), dan 28 (Sênèn Kliwon), maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Sênèn 7, 14, 21, atau 28 Sapar Ehe AJ 1812 (Senin 18, 25 Desember, 1, atau 8 Januari 1883. Menurut Pigeaud (Paliwara 1953, Jilid 4, hlm. 21) sangkala ini salah dan sebaiknya dibaca: mulat widik èsthining sang maha prabu (AJ 1802) yakni tahun Jimakir dan sesuai dengan surud Mangkunagara; maka tanggal yang dimaksud adalah Sênèn 2 Sapar Jimakir AJ 1802 (Senin 31 Maret 1873). (kembali)