Gandrung Turida, Padmasusastra, 1898, #210

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Gandrung Turida

1. Dhandhanggula

1. mêgap-mêgap kapêgataning sih | mêmanise wong nèng ngalam dunya | dinadak tanpa tinarèn | niayane Hyang Luhur | têka nora bêbeja dhihin | upama amangsita | bokmênawa ingsun | bisa barêng sanalika | dadi nora nana kang kari mlas-asih | nèng jagad tanpa timbang ||

2. mabisana basukining lalis | lêstarine sampurnèng kamuksan | mimbuhana darajate | si kulup ingkang kantun | lêstaria mêngku prajadi | muga aywa kacuwan | kadi awak ingsun | subkanahu wa tangala | aparinga rahmat marang anak mami | kulup pangran dipatya ||

3. dhuh woding tyas ingsun wong akuning | ingsun ora nusul mring dêlahan | nèng jagad akèh pêrlune | rumêksa anak putu | lan manungsa isining nagri | kabèh

--- 22 ---

tan ana rila | mungguh awak ingsun | yèn sumusula mring sira | apan lagi nglakoni karsaning Widhi | payo padha sewangan ||

4. apan tansah kawangwang nawêngi | adhuh gêndhuk salulut lan sira | paranbaya têtumbale | mari katonton iku | kulhu balik winaca kaping | satus mêksa katingal | mêmanis sirèku | dhuh Hyang Kang Murbèng Buwana | aparinga usadaning kawlas-asih | lêstarine mong praja ||

5. aywa mamang tyasira ta yayi | lamun ingsun tan èngêt mring sira | ananging mêngko kêpriye | dhawuhe Kangjêng Rasul | sarupane ulul amrihi | kudu têtêp ing iman | marmane riningsun | pakewuh têmên wak ingwang | ninggal sira tan bêtah manawung kingkin | tan arsa dhahar nendra ||

6. yèn katlanjur gon ingsun mong kingkin | lêsu lupa rasaning sarira | tan bisa manglawaning rèh | ing praja têmah kusut | kasatmata nora prayogi | tis-tis atining wadya | yèn mulat sun gandrung |

--- 23 ---

adrênging tyas ingsun iya | nambadani karêping wong sanagari | ri ari misih brănta ||

7. tistis atis sapraja prihatin | gêtêring tyas trêsnane mring sira | kalaban kasusilane | pantês patut dinulu | lêlayanan lan ingsun yayi | kayungyun wong sapraja | pantêse riningsun | dadi sorining narendra | ya pagene biyangne si kulup iki | têka aninggal garwa ||

8. ingsun tuhu asih dunyèng akir | têka kolu aninggal maringwang | kari nèng dunya kapriye | rabi wis nora payu | narimaa wak ingsun iki | ewuh lamun narendra | tanpa timbang iku | dhuh gusti sira mangsita | sapa ingkang winahyu sagung pawèstri | dadi timbangan ingwang ||

9. wus prajanji lamun sira yayi | besuk ngumpul praptaning kamuksan | nanging ta ngantia mangke | nèng bukit betal makmur | iya iku sasanèng urip | kang langgêng nora owah | besuk ingsun nusul | angumpul dadi sajuga | dadi [da...]

--- 24 ---

[...di] purna mulih rahsanirèng Widhi | tata asmarèng nata ||

10. kadi madu luluh mulêt ati | lêlakone gon ingsun mong rimang | tansah kacuwan kêpriye | lêhêning tyas margiyuh | yayah ngayuh milya kang lalis | lês-lêsan driya lêsah | susah sungsun timbun | sambekala kèh anggodha | mêdhar kata lir kataman hru kang lungit | kongkale ciptamaya ||

11. majampuwa Hyang Kang Murbèng Bumi | mêmalêsa susahing kawula | kang miturut ing sapangrèh | mimbuhana rahayu- | ning karajan têntrêm lêstari | turun-turun ywa owah | wahyuning kaprabun | budiman pinaringêna | marang turun ingsun kang gumantya aji | jêjêge adilira ||

12. sumrambaha mring isining bumi | manut miturut parentahira | dadi sênêng ingsun kiye | yèn kalakona iku | sira kulup bisa nglakoni | pakartining narendra | darajate thukul | kalabaning sipat rahmad | mulur-mulur dumulur nora ngêndhati | muji mring wong taruna ||

--- 25 ---

2. Sinom

1. yèn ta misiha taruna | iya awak ingsun iki | gampang pamudharing rimang | ing mêngko wus kaki-kaki | kangelan lamun murih | udhare duhkitaningsun | susahe tumpa-tumpa | jalarane kèh pinikir | karkating tyas mrih lêstari aywa cuwa ||

2. cuwa lamun durung ana | sasmitane Hyang Linuwih | kang dadi gêgêntinira | rumêksa puranta yayi | siniwi para putri | têntrêming tyas ngayun-ayun | sumrambah ing kabêgjan | jro pura para pawèstri | tinrimaa lêstarining suka wirya ||

3. mrih kawuryaning sapraja | jêjêre timbangan mami | musthikaning dhatulaya | kang ingayap para putri | kêkêmbanging puradi | dadia pandam pangaub- | baning para wanita | têtêpa pinuji-puji | lêstarine jro pura ywana sangsara ||

4. lir nalika sira oncat | jroning pura kadi gonjing | jinjanging tyas wong sapraja | gêtêr patêr liman anjrit | mar maras kang miyarsi | krodhaning liman sadalu | bêlêg [bêlê...]

--- 26 ---

[...g] mangampak-ampak | ing gêgana sêmu riris | karya maras ngêrêsing tyas wong sapraja ||

5. jêr sira nora wêwarah | mulih marang jaman akir | cuwa tyase kawulanta | klowang-klawung tanpa gusti | pantês lamun nisihi | cumanthèl nèng astaningsun | kulingling jroning praja | kèhing băngsa aningali | suka sukur manjurung muji mring sira ||

6. dene ta nora kêtrima | tandhane sira ngoncati | tan tahan nèng ngalam dunya | sirna kumalaning puri | riris gănda mrik minging | ing mêngko jro pura samun | sapa ingkang kelangan | mung ingsun kawêlas-asih | asihana asunga timbangan ingwang ||

7. pralambange timbangana | rasaning tyas ingsun iki | kakikine mrih kadriya | iya ta wasanèng branti | têntrêming driya pinrih | ywa rêkasa wong wis sêpuh | mapas ardaning driya | supaya tulus ngayomi | anak putu sakadare anèng dunya ||

8. nyênyadhang karsaning Suksma | sinuksmaa ingsun [ingsu...]

--- 27 ---

[...n] iki | mring Sang Kang Amurbèng Titah | tinitah dadi narpati | krêtarta mêngku bumi | bumi arja mamrih tulus | wêwêngkon aywa kongkang | kaluhuran mrih lêstari | marang ahli kalunturana nugraha ||

9. hêm hêm ta dhuh nora kaya | kang kahyangan suranadi | kapriye karsane baya | dêduka mring ingsun iki | apa mamrih nglandhêpi | mring atiningsun kang kêthul | tangèh wruha Pangeran | kadidene para khaji | wruhing Mêkah langkah Pangerane sirna ||

3. Mijil

1. wijiling tyas wong pêpraja gusti | ingsun ing samêngko | kinèn krama mrih sirna gandrunge | putri ayu kang misih kênyadi | dadi tanpa kardi | amuwuhi wuyung ||

2. anggurayang anglir wong angimpi | satêmêne goroh | rumasane kadi satêmêne | dadi gandrung adrêng mring pawèstri | ingkang durung asih | pagene wak ingsun ||

3. mar gumêtêr ing tyas kêtir-kêtir | têntrême jêjodhon | dhuh dhuh adhuh kêpriye sun kiye |

--- 28 ---

mamrih sirna pakewuhing ati | têtumbaling brangti | tatanên Hyang Agung ||

4. kang kagungan ing dunya puniki | aminta lêlakon | atulunga lêjaring tyas kiye | ywa kasuwèn wimbuh mêlas-asih | sihana sun iki | dimèn mari gandrung ||

5. ênênging tyas amung kang pinurih | runtute jêjodhon | adhêming tyas iku paedahe | bokmênawa bisa mitulungi | marang awak mami | slamêt nyambung umur ||

6. ya marmane para anak mami | ywa nyampahi mring ngong | durung bae sira iku thole | nahên brănta kadya ingsun iki | sun puji ywa kongsi | kadi raganingsun ||

7. ya Ilahi uhu ingkang urip | marêpa maringong | dimèn pajar ujar padha ijèn | jêr ta nora nana ingkang pasthi | kênane pinusthi | mung wacananing hu ||

8. hu ta muga ginampangna maring | cêre driyaningong | ngumpulana ing sêdya ywa cèwèt | liwat ewuh anata

--- 29 ---

jro puri | ri ari pinikir | lêstarining kayun ||

9. aywa ana kang ngalang-alangi | iya sêdyaningong | manut mituruta ing sapangrèh | rèh rahayu ayême jro puri | rêsmining pawèstri | suka marbug arum ||

4. Kinanthi

1. nganthia ruwiyanipun | para narendra ing nguni | ingkang kapêgatan trêsna | linalar linuri-luri | sakuwate linakonan | mrih sênêng kang samya uning ||

2. nahên ta ya wong wis sêpuh | mupus ya wis nora rabi | bakale ingaran nistha | narendra datanpa swami | mêmpis-mêmpis napas singlar | nglalar dadining kadadin ||

3. yèn dinadak dadi rusuh | wuwuh susah bosah-basih | yèn sabar dadi ngalênthar | bokmênawa pothar-pathir | thêring karsa yèn wus nyata | sayêkti ingsun lakoni ||

4. yèn ta ngantia wak ingsun | wanita kang nyamlêng kadi | biyangne si kulup ika | kang gawe cuwaning ati | tita tan bali mring dunya | nyênyêt nganyutake ati ||

--- 30 ---

5. tinata winoran sêbut | suprandene nyulayani | sêbut bubar ting balêsar | kêsasar napase gingsir | sirna pathokaning tekad | karakat agênging kang sih ||

6. subkanahu kang satuhu | aparinga tyas kang wêning | mrih sênêng rumêksèng praja | jatmikane ywa ngoncati | têntrêm têrus dating Suksma | sumrambah mring wong sanagri ||

7. ginubah kanthi rawat luh | suprandene dèn lakoni | amung dadia lupiya | ing têmbe nak putu mami | mikira ingkang prayoga | aja kaya wong abaring ||

8. dhêmêne arang kêtêmu | mring wong tuwa amung mêdi | cinêgah karsane ingkang | nalisir rèh ing sudarmi | jêr ta wong durung linalar | lêstari dèn lakoni |[1]|

9. niyate mung salang surup | arêp nutuh yayah bibi | budine durung tinata | suthik maca suthik ngaji | jêjêre pitutur nora | rinasa dimèn basuki ||

10. kawêng kang tyas nganggit kidung | adrêng supayane lali | lêlakone among [a...]

--- 31 ---

[...mong] rimang | mung pasrah karsaning Gusti | kang dat sipat asma apngal | anglimputana mring mami ||

11. min amin iya alkamdu | lilahi rabil ngalamin | sakèhing puji kagunga- | nira Hyang Kang Maha Sukci | muga ta miturutana | karsaning sun mrih lêstari ||

 


Kurang satu suku kata: lêstari dèn lêlakoni. (kembali)