Wulang Wanita, Padmasusastra, 1898, #218

JudulCitra
Terakhir diubah: 16-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Wanita

1. Dhandhanggula

1. murwèng sarkara nata sung wangsit | mring sagunging wanita kang samya | winêngku marang priyane | kudu manut sakayun | ngayam-ayam karsaning laki | lêlèjêma mrih rêna | karanane iku | dadi jalaraning trêsna- | ning wong priya yayah guna lawan dhêsthi | pasthine mung elingan ||

2. aywa linglung lênglêng nora eling | lalu lina lêlabaning lara | badan tumêkèng atine | titi tan mikir wuruk | angrêrusak budi tan wêning | sangsaya mring sarira | ras-arasên nurut | wulanging bapa lan biyang | yêkti pantês tinurut jêr iku dadi | jalaraning tumitah ||

3. têtêpana tartamtuning èstri | pan pinêtri wêwadining badan | dadi tartip iku rane | tartip têgêse urut | runtut titis wajibing èstri | titis bênêr têgêsnya | nêring driya iku | ywa liya mring lakinira | rah-arahên [rah-arah...]

--- 192 ---

[...ên] ywa arda driya dèn manis | ulat wijiling sabda ||

4. dadi kanggo tinuruting laki | jêr ta sira miturut tur awas | marang karsaning lakine | nuraga dadi iku | marmaning Hyang asih mring dasih | sumingkir duka cipta | iku adatipun | labêt labuhaning kuna | kang kasusra wanita kanggo ing laki | yogya linaluria ||

5. myating solah myang karsaning laki | kira-kira mrih rêsêping karsa | dadi timbang mrih pêrlune | laki kongasing kalbu | bungah lengah-lèngèh kang èstri | tinurut kasêmbadan | tan cuwa tyasipun | lir taru katiban warsa | ngrêmbaka ron kêmbang pêntile andadi | têntrêm tan walang-driya ||

6. driyanira dèn têntrêm ywa gingsir | sarwa bisa wajibing wanita | mirantèni busanane | priya myang dhaharipun | ingkang dadi karêming laki | pinatut wayahira | sarapane esuk | têngange lan lingsir surya | têngah wêngi byar esuk sayoga salin | tan bosên mamrih lêjar ||

--- 193 ---

7. jêr ta iku dudutaning pikir | dadi sumèh sêmune tan giras | têntrêm krasan nèng wismane | yêkti sira kang untung | tinunggonan nora ngêmbani | lamun sira sêmbada | sariranta iku | bêbrêsih wida myang sêkar | sawatara dadi panggugahing ati | lakinta nora kêmba ||

8. bisikane sang raja ing Dêmis (Prabu Umum) | pan wus umum sakèhing wanita | gung nêpsu cupêt budine | lalèn dhêmên ginunggung | nora ketung bayar rong ringgit | janjine ana ujar | ngrika wontên dhukun | bisa nyarati wanita | jambe suruh saranane kanggwèng laki | ginugu tan tinimbang ||

9. mula akèh wanita yèn laki | pitung dina branane wus bebas | pinunjungkên mring dhukune | tombok darbèking kakung | busanadi prabot anangkil | konangan jinêmalan | tur sudasihipun | awak lêsah ati susah | tan tinulung mring lakine muring-muring | gêring cêkèk dadakan ||

10. ngagak-agak sêbute dharindhil |

--- 194 ---

iya talah nora kaya ingwang | têka dadine mangkene | parikan pantèk kayu (paju) | ulêr siti kang măngsa sikil (rang) | majwèwuh mundur wirang- | nging wus watakipun | wanodya yèn lagi susah | tansah katon bapa biyung dèn aturi | pae yèn kanggwèng krama ||

11. lali lamun jalaraning urip | pijêr mikir sukane don karsa | ingundang kèh sêmayane | nanging kalamun padu | jaranthalan prapta pribadi | dhuh adhuh wong wanita | sun puji tyasipun | mituruta sakèh wulang | lêrêpêna driyanta supaya dadi | tuladan marang putra ||

12. jêr ta lumrah wong iku sêsiwi | yèn alaa nênulari putra | dadi tan ana ajine | tininggal bapa biyung | ngayang-ayang tanna ngajèni | sama-samèng tumitah | uripe ngalincut | cinacat turuning sudra | midêr-midêr mring lyan praja samya uning | yèn iku trahing kompra ||

13. angalompra tangèh wruhing bêcik | goroh

--- 195 ---

umuk tur sugih carita | yaiku dadi gêlare | mrih kandêl mring lyanipun | pakantuka gone ngapusi | sire lir pokrul jendral | bisane calathu | iku wong durjana sabda | dipun eling sakèhing manungsa sami | ywa kongsi nandhang brănta ||

2. Asmaradana

1. ywa lalu mandayèng laki | lali pijêr don asmara | kalimput mung suka bae | yogya sira mêmujia | sakadaring wanita | titise dadi tan cubluk | sudibya ngungkuli bapa ||

2. pan mangkono wong aurip | jangkane kudu jinangkah | kang ririh amrih ywa cèwèt | katêkan sakarsanira | lumintu tan rêkasa | pae karsa kang kasusu | suh sirna tanpa karana ||

3. sumaraha mring Hyang Widhi | kang asung urip mring sira | dèn rapêt ngadu pasêmon | sêmuning Gusti kawula | dèn jumbuh ywa bêncorah | ngarah lêstarining kusuk | pasêmone pinrih jomblah ||

4. jomblah wanuh ingkang wrêdhi | mangkene upamanira |

--- 196 ---

pawèstri iku wajibe | dèn wêruh budining priya | dimèn tuk sih tan kêndhat | bokmanawa wuwuh-wuwuh | wahanèng tyas marang sira ||

5. ruwiyaning para putri | ing kuna wus cinarita | ing Ngarab myang Jawa kene | kang utama piniliha | sakadaring sarira | linaras lan jamanipun | mrih tumrah tinoning kathah ||

6. pathining we jalanidhi (uyah) | ron lêmpuyang misih mudha (lirih) | wus sayah kang ngripta mangke | aririh dera mangarah | runtute kang wiyata | tarlèn mung dadya pangemut | tyasing wanita mrih arja ||

7. kasmaran ngungune guling | angripta kadi supêna | sêdya andugèkkên manèh | pitutur mring pra wanita | yogyane barêsiha | jro wisma myang badanipun | mrih rahabing kadang mitra ||

8. ingkang sêdya amartuwi | pirangbara lamun bisa | nyugata amrih sukane | kadang mitra ingkang samya | tuwi krasan rêrasan | saking bisa tindak-tanduk | ingaranan bojakrama ||

9. boja [bo...]

--- 197 ---

[...ja] suguh ranirèki | krama têmbung kang mrih lêjar | tyasing tamu mrih jênake | tan age mulih dumadya | pratandhane yèn sira | sinihan sêsaminipun | janma yogya linuria ||

10. karanane wong antuk sih | ing manungsa iku tăndha | Hyang Manon kang ngosikake | dèn agung sukuring Suksma | muga ta lêstaria | sihing Hyang turun-tumurun | tumêkèng dina kiyamat ||

11. mufangati lair batin | wong sinihan samèng titah | tumruntun prapta drajate | sasêdyane pan tinêkan | mangkana adatira | manungsa kang arsa luhung | sumingkir marang kanisthan ||

3. Kinanthi

1. nganthia wulanging ratu | kang wus mashur nguni-uni | budwèslam samya têtilar | nalar kang amrih nulari | mring budi dadine jêmbar | brêkahi mring anak rabi ||

2. pirabara lamun sarju | liyaning ahli kapengin | miturut wiyata arja | ujêr iku mufangati | mring badan lan ahlinira | rêsêp [rêsê...]

--- 198 ---

[...p] antuk kojah bêcik ||

3. cobanên kalamun ngrungu | ujaring kang dadi wiji | wijining utamèng karsa | yêkti têntrêm tyas kang gingsir | lan sire dhewe sulaya | janma lèn yêkti tan sudi ||

4. darbe mitra kang kadyèku | tan wande andarawasi | nulari sakèhing nalar | milar milalu mêdèni | wis aja sinruwe padha | wong ingkang pangawak dhêmit ||

5. dhêmên wadul lir wong nglindur | dora ragane mrih bêcik | cilakaning lyan sinêdya | kadya setan nunggang ilir | sabên nglilir angupaya | luputing tăngga pinikir ||

6. kêri gatêl lambenipun | kalamun nora ngrasani | mring kănca mitra kêkadang | iku têtela yèn dadi | awak uwong ati setan | tan kêna dipun lambani[1] ||

7. pantês ngalap opah iku | sabên sasi sing pulisi | cukup digo tuku madat | lan pacitan sawatawis | yèn wus sêgêr nuli lunga | golèk warta mrih bilai- ||

8. ning wong kang

--- 199 ---

nora tartamtu | mung tamtu antuk pawarti | tinata dènira dora | supadya kandêling wingking | wuwuh blănja wuwuh madat | awak kuru gêlis mati ||

9. patine akèh kang sukur | saksat kelangan kalilip | nora gêdhe nanging lara | marang mata brêbês mili | mulane para sujanma | aja kadi dhuwur iki ||

10. pikirên utamanipun | solah muna lawan muni | ron roda kinarya ajang (takir) | gong alit munggêl irami (ganjur) | pikirên dhingin supaya | tan kabanjur tindak nisthip ||

11. buring carma aranipun (èlês) | ibu Sang Duryudanaji (Gêndari) | lêstarining barang karsa | angèl lamun tan ngawruhi | sasmitaning măngsakala | lalu luluh tan pakolih ||

12. pilihên wong urip iku | utama kalawan nisthip | bêgja kalawan cilaka | andhap luhur iku sami | wus ginêlar anèng wulang | ywa lalu gone nglaluri ||

13. jaman katon jroning turu (ngimpi) | marga we kang munggèng tritis [tri...]

--- 200 ---

[...tis] (talang) | dèn kaèpi sakèh wulang | tinimbang mrih babar budi | budiman baboning gêsang | sarana parêk mring Gusti ||

14. gusti iku kèh liripun | gusti lair gusti batin | laire sri naranata | ing batin kang maha suci | karone kudu sinêmbah | mrih utamèng dunya ngakir ||

15. mapan pae patrapipun | sêmbah lair sêmbah batin | laire sarana tangan | batine dumunwèng ati | tinata dipun têtela | laraping don pinrih titi ||

16. tartip têtêp titis têguh | ginodha gunging pangèksi | tan rinungu tan rinasa | mung ngrasa nikmating ati | ati runtut wus tinata | tataning tindak utami ||

17. rinambah liring pitutur | marang samoaning èstri | dèn alus jatmikèng tingkah | lire sabdanira manis | supadya dadya nang-onang | sêngsêming driya mimbuhi ||

18. dèn awas sasmitèng dunung | dununge karsaning laki | dhuh babo babo wanodya | yèn tan wruh karsaning laki |

--- 201 ---

rudah ing cipta tur dadya | kuwur ngawur kowar-kawir ||

19. kawêran ing gênging napsu | kêsusu tan antuk kasil | kêsliyo tyas têmah ngrêdha | kêna karêncanèng eblis | lah ta mulane wanita | dèn samya amêrak ati ||

20. titikane duk ing dangu | wanita ingkang utami | tuladan ing kuna-kuna | caritaning [...]t[2] singgih |[3] supadya antuk utama | utamèng [...][4] dumadi |[5]|

21. dhuh babo babo wong ayu | [...] apasihaning Widhi |[6] dimèn tulus ayunira | [...] pasihan lêstari |[7] tan pêgat sinung darajat | [...]n[8] sira wruh ing wangsit |[9]|

22. sêsiku kang mrih [...]smu |[10] poma-poma dèn kaèsthi | supaya antuk sihira | ing lakinta awal akir | dadi awak tanpa [...] |[11] nèng dunya wimbuh kamuktin ||

23. gampang wong [...]tèng[12] kakung |[13] mung miturut ing sakapti | nastiti sawu[...]ra |[14] aywa wani nyênyampahi | nadyan karyaa le[...]wa |[15] dèn bisa manuju kapti ||

24. kancana kang mung[...]

--- 202 ---

bau (gêlang) |[16] ayam kang kêkuncung Gusti (mêrak) | gêgulangên sabên dina | mrak ati muna lan muni | tur dadi sukaning driya | lumunturing sih kawijil ||

4. Mijil

1. darunanirèng Hyang Maha Suci | nganakkên punang wong | jalu èstri pan padha pêrlune | wujud priya lantaraning wiji | èstri kang madhahi | kumpul dadi wujud ||

2. yèn wus wujud obah aran urip | wajibe têtakon | sajarahe ingkang nganakake | kang asarèh pitakone titi | patitising wiwit | pungkasaning mantuk ||

3. supayantuk marga ingkang sidik | dadi mulih mring gon | gone lawas tan uwas wus wèntèh | wus tan was-was wanuhe wus lami | mêmitran wit eling | winulang mring guru ||

4. guru iku lantarane yun wrin | wajibing tumuwoh | wohing kamal (asêm) dununge sang rajèng (kitha) | dèn waskitha sêmune Hyang Widhi | mandhiri sajati | jatine mung iku ||

5. kang sinêbut pinuja-pinuji | yêkti

--- 203 ---

mung Hyang Manon | nabi wali oliya myang rajèng | apan pantês pinuji mring janmi | sabab iku sami | kêkasih Hyang Agung ||

6. yèn manungsa liya sri bupati | Ngabdul araning wong | apan jêmak lan manungsa kabèh | mung pinurih aywa srik ing galih | lumintu mrih puji | ing manungsa iku ||

7. kudu-kudu tinarimèng ati | manawa kapêrgok | nabi Allah kang mindha druwise | jabat akèh tuladhane nguni | malekat pi-api | namur anjêjaluk ||

8. mung carita dudu zaman mangkin | samêngko tan kanggo | mung pinirit jumbuhing mangsane | dadi nora kaelangan lari | nglêluri utami | mamrih sugih kang wruh ||

9. wruha ing ala kalawan bêcik | saking wulang ing wong | ingkang wasis waskitha budine | pan ingêtrap nèng dluwang lan mangsi | sinimpên mring ahli | kitab aranipun ||

10. kitab saking Kuran asalnèki | Kuran sing Hyang Manon | ya ta măngsa Allah nulis dhewe | pasthi

--- 204 ---

nyambat manungsa kêkasih | tinrap nèng jro ngati- | ning manungsa iku ||

11. jêr ta ana kang muni jro dalil | rapale mangkono | kalbu mukmin ya betolahine | ing têgêse ati ingkang mukmin | ingakên sayêkti | unggyaning Hyang Agung ||

12. basa mukmin manungsa wus napi | liyane Hyang Manon | dadi kayun pidarèni rane | wong kang manuh manggone kêkalih | dunya dèn dunungi | ing akerat jumbuh ||

13. wus pinunggêl pitutur mring èstri | sêdhênge sêmono | pan kasêlan lagi mikir ponès | Rêbo Kliwon ping têlu kang sasi | ing Rabingulakir | Galungan kang wuku ||

14. kang măngsastha Kunthara warsa Lip | sangkala rinaos | kawilêting kawi wangsalane | yitmèng praja cipta kang kawijil |[17][18] kangjêng sri bupati | karsa amanawung ||

15. drênging driya tansah amêmuji | kalipahing Manon | yun mangèsthi sang prabu ing mangke | wulang tumrap marang para èstri | mrih ayu pinanggih | wit wêkasanipun ||

 


tambani. (kembali)
umat. (kembali)
Kurang dua suku kata: caritaning umat singgih. (kembali)
sagung. (kembali)
Kurang dua suku kata: utamèng sagung dumadi. (kembali)
Kurang satu suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
Kurang dua suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
apan. (kembali)
Kurang dua suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
10 Kurang dua suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
11 Kurang dua suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
12 suwitèng. (kembali)
13 Kurang dua suku kata: gampang wong suwitèng kakung. (kembali)
14 Kurang dua suku kata: nastiti sawuwusira. (kembali)
15 Kurang satu suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
16 Kurang satu suku kata (tulisan terpotong). (kembali)
17 § = 1811. (kembali)
18 Tanggal: Rêbo Kliwon têlu (3) Rabingulakir Lip (Alip): yitmèng praja cipta kang kawijil (AJ 1811). Tanggal Masehi: Rabu 22 Februari 1882. (kembali)