Ngèlmu Kadhoktêran, Padmasusastra, 1898, #1353

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-06-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Anggitan Dalêm Sampeyan Dalêm kaping IX.

Ngèlmu Kadhoktêran

1. Sinom

1. sinêkaran roning kamal | ing karsa dalêm sang aji | Pakubuwana ping sanga | mangripta kidung sêsingir | karya sênênging galih | sêlaning pêrlu prajagung | gunêm dununging badan | kalawan dhoktêr Kornèlis | asarana arca kang pinindha janma ||

2. cacahing badan sadaya | sabên enjing dèn pirsani | wulu kulit daging darah | balung sungsum otot sami | myang ati kapat tuwin | parincine jroning wadhuk | lakuning otot marang | kang lumêbèng sanubari | lan kang manjing betal makmur dunungira ||

3. myang lakuning angin tirta | lan darah rasaning dhiri | urusing badan sadaya | pinardi kalayan trêtip | lair kalawan batin | rinujukkên patrapipun | ngèlmu Rab Lănda Jawa | rinujukkên dimèn sidhi | winisudha ing kawruh utamaning rat ||

4. ngrat makirtya mamrih [ma...]

--- 240 ---

[...mrih] dadya | dadining kawruh utami | tumanêming driyanira | nak putu kang nêdya mamrih | kawruh utamèng dhiri | wirayate ngèlmu tuhu | utama dunya kerat | myang mashuring liyan nagri | kang pinardi lêstarining kawistara ||

5. barêsihing kawruh mapan | pinintokkên liyan janmi | kang putus utamèng sastra | lan kang tapa sawatawis | waskitha lêlèjêming | ing tuwan rabil rahmanu | nuraga manis netya | susêtya utamèng nagri | nagri lair nagri batin tan bêncorah ||