Wulang Dalêm P.B. IX, Angabèi IV, c. 1900, #1318

JudulCitra
Terakhir diubah: 02-12-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Wulang Dalêm Ingkang Sinuhun Kangjêng Susuhunan Pakubuwana Kaping Sanga[1]

1. Mijil

1. wijiling rèh Sri Surakarta di | mangun sukèng batos | duk wiyose putra têtunggule | kang amijil saking pramèswari | jalu tur apêkik | sinungan jêjuluk ||

2. Gusti Sayidin Malikul singgih | Kusna raning mangko | nuli ana ari miyos manèh | Dyan Mas Sunata ingkang wêwangi | nanging banjur lalis | pramila sang prabu ||

3. rudahing driya sukur ring Widhi | prihatin katongton | nanging nora pêpeka galihe | jroning susah sinrahkên Hyang Widhi | sakathahing sisip | aparinga maklum ||

4. saking dene kajat kita iki | upamane dhaon | ingkang kentar ing tirta kentire | ana maning upamane ringgit | pinolah nèng kêlir | dhalang karsanipun ||

5. kang ananggap nèng sajroning kêlir | yaiku Hyang Manon | tunggal abad tunggal ajaline | lan ki dhalang loro ning asiji | jatine mung siji | sirnaning kang makluk ||

6. nanging ki dhalang asring praduli | unine kang nonton | dadi nora turut lêlakone | saking kèhnya swara kang kapyarsi | keron dènnya ngringgit | byar

--- 214 ---

wayange kantun ||

7. blencong wutah kècèr turut margi | tur kêlire amoh | wiyagane bubar boya dhèrèk | tan patêmon lan kang nanggap singgih | opah nora tampi | ulihe barundhul ||

8. lamun dadi tuladhaning urip | ywa kongsi mangkono | dipun tartip rumêksa dhirine | supayane katêmua ugi | lan kang nanggap singgih | jêr iku kang kayun ||

9. yèn katêmu lan kang nanggap yêkti | ingaranan jumboh | sirna dhalang wayang sakêlire | blencong yaga ngumpul dadi siji | kothake tan kari | kalimput kawêngku ||

10. iku pantês lamun pinarsudi | kawruh kang mangkono | marga kanggo ing awal akire | nora wurung anêmahi pati | sajroning ngaurip | ywa pêgat tuwajuh ||

2. Mêgatruh

1. nora wurung wong urip atinggal sunu | garwa kadang myang wadyèki | kaluhuran branartèku | pasênêngan ingkang kèksi | rasa-rasa kang binadhog ||

2. kabèh iku dadi dhêg-andhêging kondur | martabate sanga cicir | siji boya bisa mantuk | tandhaning pêpekèng margi | tan wande jisime bosok ||

3. balarongan [ba...]

--- 215 ---

[...larongan] bangêr kadi bathang asu | jêr uripe nora sukci | pama wastra tan winasuh | baya tumane angintip | inganggo gatêle ngradon ||

4. dêdalane kinawruhan mupung durung | marpêk gonirarsa mulih | yogya ngupaya pituduh | mintaa kang tèki-tèki | ngulama kang wruh ing raos ||

5. kang rinasa jasat kumpuling roh kudus | kapriye patrapirèki | ing êndi sasananipun | paran tundhuk anèng êndi | ing wujud apa karongron ||

6. iku kudu ngawruhi kitap kang agung | tuwajuh lawan tabêri | antêng narima ing kalbu | bêtah nglapa arang guling | waspada tingal tan keron ||

7. rangu-rangu angarang kang nora tamtu | aywa iku tanpa kardi | kalingan ing tingal muhung | upama surya têngah ri | katon sidhi mêlok-mêlok ||

8. wayanganing surya dumunung nèng ranu | yèn toyane dahat wêning | tan owah citraning tèngsu | yèn buthêk wadhahing warih | sirna toyane bagowong ||

9. yèn kalakon bagowong tan wruh marga | paran gonirarsa mulih | katumbuk kabêntus-bêntus |

--- 216 ---

nuli ana tuduh margi | tinuntun mring jati growong ||

10. yèku rane ran-uran panglipur giyuh | supaya ywa dadra kingkin | waluya suka sumungku | maring Hyang Kang Murbèng Dhiri | tata trus sabdaning katong |[2]|

 


Judul berdasarkan daftar isinya. (kembali)
Tanggal: tata trus sabdaning katong (AJ 1795). Tahun AJ 1795 jatuh antara tanggal Masehi: 16 Mei 1866 sampai dengan 4 Mei 1867. (kembali)