Manuhara, Pigeaud, 1953, #1408

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Manuhara

1. Dhandhanggula

1. putêking tyas daruna gêng kingkin | kagunturan ing krama sarkara | kelut kalimput angêne | nir kabudayanipun | lir kataman ing astra bahni | brastha tanpa upaya | puwaragung wuyung | wahya wiyadining driya | driyasmara maripih marêk ngênèni | nangsaya mawèh brăngta ||

2. ingimur-imur mara mrêpêki |

--- 4: 30 ---

linali-lali saya ngalela | lênge ing tyase ngalèlèh | parang wusanèng gandrung | de kadêrêng darung kapati | kapatuh ing pantaka | pan têka kadurus | kadrawasaning kung rimang | rêming netya satata kang mikatoni | kontraning dyah kotama ||

3. tam-tam tuman tumontoning rêsmi | rêsêping tyas ing rêspatinira | nirnakkên langên rêsmine | sor kang angsana tunjung | tunjung merang marang maskwari | rêkasa lumawana | kucêm warnanipun | sari-sari sabuwana | kasangsara lan sira rêbut mêmanis | manungsung asung gănda ||

4. gănda arum tinumrapkên maring |

--- 4: 31 ---

wandanira sumrambah warata | sumrik-sumrik sarandune | kongas mangêkêsing kung | madu-madu pathi sabumi | bubar padha tumiba | tumpêg tumpuk sungsun | sêsêg anèng sariranta | kumarane kumêrab amêrak ati | marwasa wèh wiyoga ||

5. miwah lidhah lawan kilat thathit | apêpanthan lawêne anuksma | kanèng[1] liring karêmêne | marma lamun tumanduk | lir anggane sara sangkali | lumarap ngalap jiwa | nir jiwatanipun | sumawana surya căndra | myang kartika prabane amrabawani | marang wadananira ||

6. sotya-sotyu[2] musthika di-adi |

--- 4: 32 ---

jagad traya wus ngumpul sadaya | dumunung tyasira anggèr | kontap ngumala mêrdu | kasusilan silaning èstri | sutrêptining akrama | teja lan kêkuwung | kawangwang nèng imbanira | mêmanone nênangi ana ing ati | onêng anon mring sira ||

7. pradapane ingkang taru rêsmi | raras rume rumarap ing sira | wus surêm ngalih sunare | sumirat maring tutuk | tungtung rêta ngrêrontog ati | brêmara lan mutyara | cahyane cumundhuk | cumandhi ring wajanira | narawungi wangun lir tètèsing warih | kengis ngasmarèng cipta ||

8. lung-êlungan kalangêning langit |

--- 4: 33 ---

anganglangi lumêngênging kisma | tumungkul ngukêl sinome | sinatmata wèh trênyuh | anyuhing tyas rudita gati | swara samarcapada | kang mardăngga arum | rumakêt kêkêt lan sira | srining swara lir rindinging pra apsari | kumênyut nganyut jiwa ||

9. têmah tumpêg pêpêg saananing | tri buwana kumarane mara | mêrak marang sira kabèh | kambuh-kambuh bêburu | mring kusuma kudu andasih | asih angèstupada | ajrih bok sinartu | sinadarga lamun sira | musthikèngrat nadyan Supraba lan Ratih | mung dadi kanthinira ||

--- 4: 34 ---

2. Kinanthi

1. midêr ing rat angalangut | lêlana jajah nagari | mubêng têpining samodra | sumêngka anggraning wukir | anêlasak wana wasa | tumurun mring jurang trêbis ||

2. sayêkti kalamun suwung | tangèh miriba kang warni | lan sira pêpujaningwang | manawa dhasaring bumi | miwah luhuring akasa | tuwin jroning jalanidhi ||

3. iku ta sapa kang wêruh | nanging kiraning tyas mami | sanadyan ing tri buwana | anaa kang madha warni | maksih sumèh sêmu sira | lurus larasing rêspati ||

4. myang dêdêg pangadêgipun |

--- 4: 35 ---

sêdhêng sèdhêt amantêsi | sêmbada gênging sarira | lêlewane milangoni | wiraga-raga karana | murwèng dyah yang-yanging bumi ||

5. manis gapyak lukita rum | dhèmês luwês mêrak ati | susila tyase ngumala | solahe nyudara wêrti | juwawut gêng kang salaga | pari kudu sun ngèngèri ||

6. kadêrêng kudu andarung | kumêdah dadia abdi- | nira sang kalêngkaning dyah | kang mardu martaning dasih | asih mring kwula wiyoga | yogane kang ngusadani ||

7. sada kalaning lara kung | kinungkunga ing pangègsi[3] | ingupakarèng wêwida |

--- 4: 36 ---

widagdaa ing pangrêmih | rêsêping tyas manuhara | larasing rèh nèng jinêm-mrik ||

8. baskara mijil kalalun | janma prinayitnèng wèsthi | sirna tyas mring kasujanan | araning jati ngêmasi | gung rimang brăngta mangarang | rangu-rangu angranuhi ||

9. sayakanira Hyang Wisnu | sarana giyota milir | gung kacakra solahira | mangimur-imur ngrêrêpi | we mijil ing antariksa | pama edan andalêming ||

10. Sang Wrêsni Kesawa Prabu | brêmara kang talèng siti | sêtyanana tur kawula | paron pamunduling rugmi[4] | ngendraloka janaloka |

--- 4: 37 ---

satata ulun sumiwi ||

11. sastra pangandhêging kidung | sudarma Basudewaji | ngèstupada mring kusuma | majanmaa[5] ping sakêthi | pusara pangikêt găngsa | tumutur tan sêdya kari ||

12. upama sira mas ingsun | manuksma mring taru rêsmi | ingsun manuksma ring sêkar | gadhung rumambat ing uwit | lumalat mulêt pradapa | tumali tangkil kumantil ||

13. yèn sira nuksma riningsun | marang ingkang sarwa sari | ingsun kang dadya sadpada | rumarah mara mangungsir | ngingsêp maduning kusuma | sanetyasa lêliron sih ||

14. aywana sawalèng kayun |

--- 4: 38 ---

kewala kadya angganing | mimi kalawan mintuna | supêkêting siyang ratri | lusi gung kang sabèng rawa | mung sira kalulut mami ||

15. kambing wana kang sêsiyung | iswara nagri Biraji | pangudang-kudanging driya | yèn kalakon dadi gusti | kawis pita mawa gănda | amung aja manggung runtik ||

16. manawa netyanta sirung | ilang tejaning mêmanis | sirna tyas mring kasusilan | kusut raras ruming èstri | kang carma tumraping pada | owêlku kapati-pati ||

17. dhukut têgal pindha pantun | pamintèngwang kusumadi | wangkawa manawêng surya |

--- 4: 39 ---

yèn bêndu marang kang abdi | ngisma sasanèng kawaca | gêdhongên nèng jinêmwangi ||

18. gêpyokên wudharing gêlung | sudukên ing sadak rawis | gablogana buratwida | pandukên kanaka lungit | kalesa kentar ing toya | sumarah karsanta gusti ||

19. carma wrêgsa[6] kang wus luru | nalikanira samangkin | kalpika tumraping braja | yèn kapêthuk lan sira ri | laraping kang riris madya | kumêpyuring tyas tan sipi ||

20. dhèngkèlên kongsi samênut | têrataban têlung ari | gumêtêr luwih rong dina | gragapan saari-ari | woh gêbang kang rinumpaka |

--- 4: 40 ---

kaya ta ana sumandhing ||

21. sotya kêkawin ranipun | mulat nganan mulat ngering | puspita rinawis rêngga | gêgubah den wolak-walik | garwa Sang Rêsi Wisrawa | dupi tan ana kaèksi ||

22. abjêgrêg[7] jêngêr anjêtung | jinjang jêjantunge rujit | cipta murca ring tyasira | gumulung ngrangkul gêguling | rinasa-rasa udrasa | drawaya waspa drês mijil ||

3. Mijil

1. wastra ngangrang tèbènging patani | panggagasing batos | atma dwija sampani wastane | gung karănta ing siyang myang ratri | ingkang sarpa langking | mung sira riningsun ||

--- 4: 41 ---

2. patarendra parabing pawèstri | paran wêkasing don | kang toh pita sumrambah nganggane | lagya ana panujuning ati | ron lêsah ing siti | ewuh marganipun ||

3. waeladi tanayèng Kadhiri | kiraning tyas ingong | yêgsa[8] Prabu Gorangsa kadange | datan măntra sira animbangi | janmagung kajodhi | wit asor kalangkung ||

4. tawing wastra ron kamal kang kuning | nadyan sang lir sinom | kukilagung sabawèng ratrine | datan suda anganggêp kêkasih | andêl Ngalêngkaji | mêgsa[9] raganingsun ||

5. pasir krêsna ngujwala kaègsi[10] | lila trusing batos |

--- 4: 42 ---

gothakalit kawistara lênge | suka dadya panongsong pakathik | roning tangkil kawis | sokur raganingsun ||

6. satriyadi purèng Glagahwangi | patahên wak ingong | pragosalit janjan ing warnane | dadya tukang panêbah jinêm-mrik | jêjangganèng wukir | wasis nora kidhung ||

7. gudhe pandhak kang apatra ruwit | kapriye riningong | suwati kang ngrabosèng tirise | yèn manggunga mung srawungan angling | atmajèng Kekayi | brăngtèngsun kadurus ||

8. wanaragung kramaning pangaksi | tan kuwawa anon | Sri Narendra Manggada parabe | mring citranta ingkang pindha sasi |

--- 4: 43 ---

tungguling absari[11] | prabane ngênguwung ||

9. sadpadalit ulêng anèng panti | cêngêng yèn tumonton | turăngga bang rêkta sakiswane | napas sêsêg kêkêtêg kumitir | we mijil ing dhiri | kang karingêt kumyus ||

10. kampuh nendra raning wana basmi | sumingêp kang panon | dewatangin sira palênggahe | tanpa bayu yayah angêmasi | srayaning pakarti | sambat jroning kalbu ||

11. patra wisa yoganing maharsi | dhuh pêpujaningong | basu wiring andanu wismane | têtulunga babo ing kaswasih | pundhèn Pandhusiwi | usadèng lara kung ||

--- 4: 44 ---

12. puspa kiswa kang winudhar enjing | sajroning mèh layon | kang kintèki pakirim cirine | lamat-lamat ing swara tan pangling | Risang Nangkulari | yèn sira dewayu ||

13. tambang pisah nandukkên jêmparing | kang manah sumêdhot | kêpêt dangan drananing panggawe | lir ginugah gumregah alinggih | lung măngka usadi | lênglêng lênguk-lênguk ||

14. ciptamaya rukên[12] kang tanpari | ngangên-angên batos | sotya rêta Gulangge prajane | mirah ingsun sira anèng êndi | diwasaning ari | têka tan kadulu ||

15. gudhe pandhak unggyaning piranti | apa anèng gêdhong |

--- 4: 45 ---

taru arga lir kiswa rondhone | dyan umadêg mara marêpêgki[13] | pasewakèng tami | mangu manguk-manguk ||

16. paksi toya kulawu kang warni | ingungak tan pandon | raning janma pangrêsik tilame | têbah jaja cangkelak abali | sela cala radin | nèng latar pitêkur ||

17. duk samana wayah madya ratri | Hyang Căndra katonton | maratani udara lawêne | tinawênging Imalaya nipis | rumamyang kaèksi | lir pupur rinêmbug ||

18. nèng wadananira sang mawèh gring | amêlok sumorot | kapitèng tyas winudhar astane | manêmbrama ing têmbung mêmanis |

--- 4: 46 ---

dhuh hyang-hyanging bumi | têtinjo maringsun ||

19. apa sira kang paring usadi | mring dasih kang nglamong | asih têmên marang gêgêbale | dupi kăntra kang ima lumindhih | wantah sitarêsmi | tumungkul agandrung ||

20. nênggak waspa tumingal manginggil | kartika mancorong | nèng pracima kumêdhap cahyane | lir kincanging alis kang mawèh gring | adhuh sambat mati | kapêtêgking[14] gandrung ||

21. tan antara ingkang lintang ngalih | gumêbyar cumlorot | ingsun sidhêp liringira anggèr | adêduka mring kang lagya agring | puwara asêpi | aliwung mangun kung ||

--- 4: 47 ---

22. titi sonya ngrancaka ngranuhi | sasăngka wus ngayom | angênèni laleyan sunare | wêwayanganing angga dumêling | tinubruk liniling | ngênglêng gandrung-gandrung ||

23. dhuh-dhuh adhuh woding driya mami | juwita winongwong | glis sapanên intên gêgêbale | aywa mèndêl tanpa ngandika ris | paran dosa mami | de prapta tumambuh ||

24. lamun ana sisipe kang abdi | saking tan rumaos | anglirwakkên marang sarirane | tarlèn muhung agsamanta[15] gusti | upamèngsun kadi | mas kentar ing ranu ||

4. Maskumambang

1. ing sakarsa tan nêdya sawalèng galih |

--- 4: 48 ---

têmpuhna asmara | bengkas puspitanèng wèni | duka palastra ing tilam ||

2. sadangune nèng latar gung salah kapti | wus bangun raina | sumirat sunaring rawi | sumuluh ing antarigsa ||[16]

3. têmah kucêm kusut sasăngka kalindhih | nir ujwalanira | kang dinalih kusumadi | puwara tanpa karana ||

4. kagyat kanggêg kagugu solahing nguni | tansah sayut driya | mimba sing wisma angalih | tumama maring udyana ||

5. ngenggar-enggar mrih purna pranawèng kapti | birating turida | dupi prapta samapaning[17] | wêdari mulat puspita ||

6. lagya nêdhêng kongas gandanya mrik minging |

--- 4: 49 ---

tumujwèng nasika | èngêt mring sang wèh wiyadi | anglês anglosod ing kisma ||

7. amiyarsa swarane brêmara ngrêngih | angrêrubung sêkar | kang mèdêm madune pinrih | wèh yatna nyana sasmita ||

8. dyan umadêg alon dènira lumaris | mring taman mèt sêkar | cinangking nèng asta kering | satata kinuswa-kuswa ||

9. asta kanan tumumpang nèng pundhak kering | midêr-midêr miyat | panjrahe kang sarwa sari | uninga tyas kaonêngan ||

10. sambat-sambat dhuh babo sang kadi Ratih | baya tan supêna | tangèh tukua pawarti | dasihe anandhang brăngta ||

11. pisang lêsah patih nagri Maèspati |

--- 4: 50 ---

sadalu wandèngwang | pagsi[18] krêsna raning aji | ngagak-agak datan nendra ||

12. gadarbagêng narmada katunan warih | singa kasat mata | pandakwa mring wong ajuti | panarkèngsun yayi sira ||

13. garwa wipra wogan alit tumbal panti | angendhangi karsa | matswagêng mugèng[19] jahnawi | pêparing pituwas brăngta ||

14. kelor wana ubaya kang tanpa warni | wusana tan nyata | carême sasanèng têgil | katuwone raganingwang ||

15. sotaning tyas kadya tangwe[20] măngsa katri | jênar tanpa teja | lir cintaka minta riris | angajap tibaning warsa ||

16. kang minăngka warsane sira maskwari |

--- 4: 51 ---

rarap wèh martana | taru lata tur andadi | cintakane tan sangsara ||

17. yèn tan kadya mangkana paran ta gusti | sayêgti[21] kadawan | drawayane tyas naputi | dumadi dêdalan lena ||

18. tămbra mimba kramane pangamèt kapti | angur sinruweya | wilada kang patra lêmpit | lowung dadi êmbanira ||

19. têpi dwaja piji gêng kang munggèng kawis | pirangbara benjang | satriya Singgêla nagri | bisa malês ing sihira ||

20. kawi papa mantasa nagri Kubarsi | sakadaring sudra | kalabang markatèng latri | akarya rênaning driya ||

21. sarpa krêsna têtula munggèng turanggi |

--- 4: 52 ---

amung timbangana | prajane Sang Wisnusiwi | dhuh mirah trêsna kawula ||

(Tamat)

 


anèng. (kembali)
sotya-sotya. (kembali)
pangèksi. (kembali)
rukmi. (kembali)
manjanmaa. (kembali)
wrêksa. (kembali)
anjêgrêg. (kembali)
yêksa. (kembali)
mêksa. (kembali)
10 kaèksi. (kembali)
11 apsari. (kembali)
12 rukêm. (kembali)
13 marêpêki. (kembali)
14 kapêtêging. (kembali)
15 aksamanta. (kembali)
16 antariksa. (kembali)
17 samipaning. (kembali)
18 paksi. (kembali)
19 munggèng. (kembali)
20 tarwèng. (kembali)
21 sayêkti. (kembali)