Falsafah Sitijenar, Bratakesawa, 1953/54, #81


FALSAFAH SITI DJENAR

NGÊWRAT PANGRÊMBAG PAHAM WAHDATUL-WUJUD (PANTHÈISME) ING TANAH JAWI, INGKANG MENGGOK DADOS PAHAM NGAKÊN ALLAH TUWIN NGORAKAKÊN WONTÊNIPUN INGKANG NITAHAKÊN (ATHÈISME)

Dening: BRATAKESAWA (Pêngarang sêrat: "Kunci Swarga")

SANGKALA "MARGANING BASUKI ANGÈSTHI TUDUH"Sengkalan: marganing basuki angèsti tuduh (1885 A.J./1954 A.D.).

--- [1] ---

FALSAFAH SITIDJENAR

NGÊWRAT PANGRÊMBAG PAHAM WAHDATUL-WUJUD (PANTHÈISME) ING TANAH JAWI, INGKANG MENGGOK DADOS PAHAM NGAKÊN ALLAH TUWIN NGORAKAKÊN WONTÊNIPUN INGKANG NITAHAKÊN (ATHÈISME)

Dening: BRATAKESAWA (Pêngarang sêrat: "Kunci Swarga")

Cap-capan kaping VI

Pênêrbit: YAYASAN PÊNÊRBITAN "JOYOBOYO" Surabaya

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

Laisa albarra an tuwalluu wujuuhakum qibala almasyriqi wa almaghribi

__________

Kabêcikan iku dudu kang ngadhêpake raine mangetan lan mangulon (Al-Baqarah: 177)

--- [4] ---

[...]

--- 5 ---

BISMILLAHI'RRAHMANI'RRAHIEM

Atas Asma Dalêm Gusti Allah ingkang Maha Mirah Maha Asih.

PRAWACANA

Tuwuhipun sêdya kula ngoncèki paham Sitijênar (= wahdatul wujud ing tanah Jawi) ingkang kula namani sêrat "Falsafah Sitidjenar" punika sasampunipun sêrat "Kunci Swarga" (Miftahul Jannati) jilid I-II-III mêdal, sarta kabuktèn angsal kawigatosan agêng wontên ing madyaning masyarakat kita saking aliran paham warni-warni. Botên sakêdhik para maosipun Kunci Swarga wau ingkang sami nglairakên marêming panggalihipun, langkung-langkung ingkang sami kaparêng rawuh mundhut sarasehan, kawistara ing sêmu sami suka pirêna ingkang pinanggih.

Ingkang makatên wau kula ngucap suka sukur ing Pangeran, dene nur (pêpadhang) ingkang namung saplêtiking latu manawi katimbang kalihan pêpadhanging agama ingkang apindha surya, ingkang sampun kula siyarakên dêmi kêpêntinganing bôngsa ing salêbêtipun môngsa ambangun akhlaq samangke punika: botên ical muspra kemawon.

Têrangipun: wêdharan bab ngèlmi ka-Allahan punika kêdah mawi paugêran dalil naqli (kitabing Pangeran ingkang rinêksa saking ewah gingsir) akalihan dalil 'aqli (akal pikiran ingkang bebas saking gugon tuhon, fanatisme lan dogmatisme). Paugêran wau têtela botên namung kula piyambak ingkang ngrungkêbi, manawi kula botên klintu, para maosipun sêrat Kunci Swarga ugi makatên gêgêbênganipun.

Dene sêdya kula anggubah sêrat Falsafah Sitijênar punika, botên gadhah maksud anacad utawi anglêpatakên pahaming liyan, dêstun namung nêdya sarasehan kalihan para sadhèrèk ingkang nunggil paham: angoncèki adhêdhasar dalil kalih warni kasêbut nginggil (naqli lan 'aqli):

a. Punapa paham Sitijênar punika sagêd kawastanan satunggaling ngèlmu utawi kawruh?

b. Manawi kawastanan kawruh, punapa paedahipun tumrap ingkang kadunungan?

Jawabanipun pitakèn punika makatên:

Têmbung kawruh punika têgêsipun angsal-angsalanipun anggènipun wêruh, Arabipun: 'ilmu punika angsal-angsalanipun anggènipun 'alama. Wêruh ing ngriki beda kalihan andulu ingkang mawi

--- 6 ---

pirantos pandulu (mripat); 'alama punika beda kalihan 'ajanah utawi ta'ajjanah ingkang mawi pirantos 'ain (mripat). Wêruh ing ngriki punika mèh sami kalihan ngêrti, 'alama mèh sami kalihan 'arafa. Amila kawruh punika têgêsipun mèh sami kalihan pangêrti.

Wondene pathokanipun ingkang nama kawruh punika mêsthi andadosakên kamajêngan: awon utawi sae, lair utawi batos, têrkadhang lair-batos, tumrap ingkang kadunungan kawruh wau.

Manawi makatên, paham Sitijênar punika inggih sagêd kawastanan satunggaling ngèlmu utawi kawruh. Dene bab paedahipun tumrap ingkang kadunungan, badhe karêmbag sajêlas-jêlasipun wontên ing sêrat punika.

Tinêngêran: marganing basuki angèsthi tuduh (1885 J.=1954 M.).

PANGRIPTA.

--- 7 ---

I. SAREKAT ABANGAN.

Nalika taun 1920-1921 Masèhi, kula manggèn wontên ing kitha kadhistrikan Dêlanggu, kabupatèn Klathèn, karesidhenan Surakarta. Kaparênging lêlampahan, kula srawung supêkêt ngantos botên basan-binasanan, kalihan satunggaling kulawarga (jalêr kakang adhi) ingkang ngakênipun sami ngrungkêbi paham Sarekat Abangan.

Salajêngipun kula ugi dipun têpangakên kalihan panuntun utawi gurunipun, inggih punika sadhèrèk ingkang mêmêjang sarta nyiyarakên paham wau. Nanging têpang kula kalihan guru wau dèrèng nama supêkêt, bokmanawi jalaran awis-awis pinanggih, jêr griyanipun radi têbih, sarta bokmênawi jalaran botên babag umur-umuranipun kalihan kula. Kala samantên umur kula sawêg 23 taun, pun guru sampun 40 taunan.

Miturut kaèngêtan kula, sabên kula pêpanggihan kalihan piyambakipun, ingkang karêmbag inggih namung prakawis ingkang umumipun kawastanan "politik" botên nate ngrêmbag ngèlmon. Dados angsal kula katrangan bab paham Sarekat Abangan sarta riwayatipun punika inggih namung saking kulawarga ingkang kula supêkêti wau, sarta ing sêmu kula pancèn dipun tarik-tarik sagêda nunggil paham.

Sanajan têpang kula kalihan pun guru wau kula rumaos dèrèng supêkêt, ewadene sasampunipun kula pindhah saking Dêlanggu, manggèn ing kitha Ngayogyakarta, ing taun 1922 Masèhi, èngêt kula: kula dipun tuwèni kaping kalih utawi kaping tiga dening guru wau.

Ingkang têrang kaèngêtan kula: kula dipun pasrahi buku naskah karangan sêkar warni-warni, sêratanipun piyambak, supados kula wrat wontên ing kalawarti, awit kala samantên kula nyambut damêl wontên ing salah satunggaling kalawarti basa Jawi "Panggugah" ingkang katuntun dening R.M. Suwardi-Suryaningrat (Ki Hajar Dewantara). Suraosipun karangan-karangan wau namung bangsaning "kritik", sarta èngêt kula botên wontên ingkang kula wrat. Ngantos lami buku naskah wau kula simpêni, icalipun saking simpênan kula sawêg watawis 10 taunan sapriki (± taun 1947 M).

Wontên malih ingkang kula kèngêtan têrang, ingkang punika kula nate kapurih ngèstrèni anggènipun mêjang kawruh wontên ing kampung Gôndalayu salêbêtipun kitha Ngayogyakarta, ing griyanipun sadhèrèk punggawa I.S.P. Pêrnahing griya sarta warninipun ingkang gadhah griya, sapriki taksih kèngêtan cêtha, dene ingkang dipun wêjang watawis sadhèrèk 25, kawêjang sêsarêngan. Kadospundi pamêjangipun, mangke badhe kula aturakên sasampunipun dumugi uruting cariyos.

Sarêkat Abangan punika sayêktosipun namaning paham utawi gêgêbêngan babagan ngèlmu ka-Allahan: Kacariyos anggènipun migunakakên têmbung "Abangan" punika jalaran ingkang dipun rungkêbi punika pahamipun Sèh Lêmah-abang inggih Sèh Sitijênar.

--- 8 ---

Dene anggènipun migunakakên têmbung "Sarekat" punika jalaran wontên ing wilayah ngriku lajêng mujudakên satunggaling paguyuban utawi grombolan, sanajan botên mawi pêngurus ingkang rêsmi kapilih dening para warganipun. Nama Sarekat Abangan punika kaangge ambedakakên kalihan sarekat-sarekat ingkang sampun wontên inggih punika Sarekat Islam (kala samantên dèrèng nama P.S.I.I.) kalihan Sarekat Hindhia (N.I.P.). Ingkang kasêbut kantun punika wontên ing wilayah ngriku sangêt agêng daya prabawanipun, katuntun dening Dr. Cipta Mangunkusuma sarta H.M. Misbach. (Sadhèrèk H.M. Misbach dèrèng mlêbêt P.K.I., awit P.K.I. dèrèng lair, taksih nama I.S.D.V.).

Panuntunipun Sarekat Abangan punika tilas lurah dhusun ing Karangwungu, ondêr dhistrik Polanharja, kadhistrikan Dêlanggu kasêbut nginggil, ingkang lèrèhipun botên margi saking panyuwunipun piyambak.

Nitik saking sêratanipun sarta ginêmipun ingkang kula pirêng tuwin kula sumêrêpi, piyambakipun pancèn kalêbêt tiyang ingkang landhêp pikiranipun, micara, tuwin gadhah dhasar ngarang sinawung sêkar. Dene bundhêlanipun politik: Nasionalis Jawi, pro raja (feodalistis) nanging ultra revolusionèr. Anggènipun ultra revolusionèr punika bokmênawi kabêkta saking lèrèhipun saking pandamêlan botên karana panyuwunipun piyambak punika wau. Dados upami mlêbêt parte politik ingkang sampun wontên, ingkang ragi cêlak punika: Budi Utama, nanging dhatêng Budi Utama botên rêmên amargi botên revolusionèr. Amila piyambakipun botên lumêbêt salah satunggal parte politik.

Kêbêkta saking sêmangatipun revolusionèr ingkang makantar-kantar punika wau, ing sadèrèngipun taun 1920 Masèhi, nalika Sarekat Hindhia nutunnuntut pogokan-pogokan kaum tani kabudidayan ing wilayah Klathèn (ingkang kasuwur agêng-agêngan, pogokan ing dhusun Nglungge), para warganipun Sarekat Abangan ugi katuntun tumut mogok. Kadadosanipun H.M. Misbach katahan sarta kasêrêg ing pangadilan, kadhawahan pidana kunjara. Makatên ugi panuntunipun Sarekat Abangan wau. Dene Dr. Cipta Mangunkusuma lajêng katundhung botên kenging ngidak wilayah Surakarta.

Enggaling cariyos, Sarekat Hindhia N.I.P. (partenipun tri tunggal: Douwes Dekker, Cipta, Suwardi) sa-Indhonesia lajêng dipun bibarakên piyambak dening pêngurusipun. Dene H.M. Misbach samêdalipun saking kinunjara prakawis Nglungge, kantun aktif wontên ing paguyuban Islam S.A.T.V. ingkang ngêdalakên kalawarti nama "Medan Muslimin" lan "Islam Bergerak", tuwin aktif wontên ing ... P.K.I., sabab kala samantên I.S.D.V. sampun ambabar êlar dados P.K.I. Wasana sasampunipun ngalami kinunjara malih marambah-rambah, H.M. Misbah lajêng kasingkirakên dhatêng Manukwari, sarta tilar dunya wontên ing ngrika. Innaa Iillahi wainnaa ilaihi raji'uun.

--- 9 ---

Dene pênuntunipun Sarekat Abangan, samêdalipun saking kinunjara prakawis Nglungge, sanajan taksih rêmên rêrêmbagan babagan politik, nanging sampun botên nama aktif dhatêng politik. Paguronipun ngèlmu kê-Allahan ingkang kaanggêp miturut pahamipun Sèh Sitijênar, wontên ing wilayah ngrika ugi sampun sirêp. Srawungipun kalihan warganipun namung manawi dipun têdhani iguh bab anggènipun manggih rêribêt prakawisan.

Ewadene, sarêng wontên gègèran komunis, piyambakipun katut kasingkirakên dhatêng Digul, ingkang wasananipun ugi tilar dunya wontên ngrika. Innaa lillahi wainnaa ilaihi raji'uun.

Para nupiksa bokmanawi kathah ingkang sampun nate maos utawi mirêng, sêrat ingkang namanipun "Kalabrastha". Sêrat wau kintên-kintên kala taun 1910 Masèhi kaêwrat wontên ing ariwarti "Darmakôndha", kintên-kintên kala taun 1920 Masèhi kaêwrat ing ariwarti "Sêdya Tama" sarta salêbêtipun jaman mardika punika nate kawêdalakên nunggil sêrat jangka warni-warni dening salah satunggaling sadhèrèk. Kawuningana, inggih panuntunipun Sarekat Abangan wau punika ingkang ngarang sêrat Kalabrastha. Dene suraosipun angosok wangsul sêrat "Kalatidha" karangan Ranggawarsitan. Sêkaripun ugi Sinom kados Kalatidha, kathahipun ugi namung 12 pada kados Kalatidha.

Kados ta: ing wiwitaning Kalatidha mungêl: Mangkya darajating praja, kawuryan wus sunya ruri ..., ing wiwitaning Kalabrastha mungêl: Mangkya darajating praja, ing tanah Jawa wus kèksi ... makatên salajêngipun. Ing pungkasaning Kalatidha mungêl: borong angga suwarga mèsi martaya. Punika isi sandi asma Rônggawarsitan. Ing pungkasanipun Kalabrastha mungêl: kang amangun dwijaning atmaja tama. Punika ugi isi sandi asmaning pangarangipun, inggih panuntun Sarekat Abangan wau.

Têrangipun: sêrat Kalabrastha punika botên isi pahamipun panuntun Sarekat Abangan ing babagan kê-Allahan, suraosipun namung nyariyosakên satunggaling jaman, ingkang sêmunipun dipun ajêng-ajêng dhatêngipun dening pangarangipun. Dados kenging dipun wastani isi gagasan ingkang mêngku pangajêng-ajêng utawi jangka babagan politik.

Mênggah pahamipun sadaya tiyang punika, ing babagan punapa kemawon, sakêdhik utawi kathah mêsthi dipun pêrbawani dening kawontênaning dhiri tuwin kawontênan ing sakiwa têngênipun. Makatên ugi pahamipun panuntun Sarêkat Abangan ing babagan ka-Allahan punika, ingkang tamtu inggih dipun pêrbawani dening lêlampahanipun ingkang sampun kula aturakên sadaya wau.

Miturut criyosipun kulawarga ingkang kula supêkêti kasêbut nginggil, pahamipun warga Sarekatan Abangan babagan kabatosan punika ringkêsipun makatên:

--- 10 ---

a. Gusti Allah punika: êmbuh. Nanging êmbuhipun punika botên atêgês: ora wêruh, kathah lèrègipun dhatêng ora ana.

b. Kitab-kitab suci punika namung isi apus-apusan, supados tiyang gampil dipun prentah lan dipun tindhês.

c. Tiyang punika samangsa sampun pêjah, inggih sampun bar, botên wontên lêlampahan malih: nabi, wali, ratu, bajingan, sami kemawon.

d. Pangadilan gaib punika botên wontên. Ingkang mastani dosa lan ingkang ngadili dosa wau: sasamining tiyang. Amila pandamêl ingkang botên kasumêrêpan ing tiyang sanès, inggih botên wontên ingkang badhe ngadili.

Makatên ringkêsipun paham Sarekat Abangan, ingkang pangakênipun miturut pahamipun Sèh Sitijênar. Dene nalika kula ngèstrèni pamêjangipun panuntun Sarekat Abangan wontên ing Gandalayu, wêjanganipun makatên:

"Para sadhèrèk sadaya, kula aturi mirsani" wicantênipun guru, kalihan ngêjrèsakên dimik rèk ing klonthonganipun, sasampunipun murub lajêng dipun damu: pêt.

"Cobi para sadhèrèk kula aturi manggalih, urubipun rèk sadèrèngipun dipun jrèsakên wau: wontên pundi, sasampunipun dipun damu wau: wontên pundi?"

"Sampun uwas sumêlang malih, sampun gêgan-gêganên cariyos ingkang anèh-anèh, inggih kados urubing rèk wau kawontênanipun gêsang kita manungsa."

"Ing nalika dèrèng tumitah: kados urubing rèk nalika dèrèng dipun jrèsakên. Sasampunipun tumitah: kados urubing rèk sasampunipun dipun jrèsakên. Sarêng dumugi ing pêjah: kados urubing rèk sasampunipun dipun damu" ... Sampun.

Inggih namung kados makatên punika pamêjangipun. Ewadene ingkang tampi wêjangan têka inggih katingal sami marêm. Lajêng sasarêngan ngunjuk wêdang sarta dhahar nyamikan, sinambi ngandikan warni-warni ingkang sanès bangsa ngèlmon, wasana bibaran.

Bokmanawi kabêkta saking kêthul kula, utawi jirih kula, utawi gugon-tuhon kula, dene kula wiwit manggèn wontên ing Dêlanggu: dipun lêbêti paham wau dening kulawarga ingkang sangêt supêkêt têpangipun, dumugi kula manggèn wontên ing Ngayogyakarta: nyipati piyambak pamêjangipun pun guru dhatêng sadhèrèk kathah, ananging paham wau têka botên sagêd dados piyandêl kula lan botên sagêd damêl pamarêming manah kula.

Kala samantên (taun 1920-1921-1922 Masèhi) kula dèrèng sagêd pitakèn utawi mitêrang jêlasipun paham wau, jêr kula taksih suwung blung. Lêrês kala samantên kula sampun nate maguru kaping kalih, sampun kathah anggèn kula maos buku kabatosan, malah sampun lumêbêt pakêmpalan Theosofie tuwin mirêngakên sêsorahipun para gembong Theosoof, ananging dèrèng wontên ingkang srêg dados piyandêl kula, ingkang minangka dhasar anggèn kula badhe pitakèn.

--- 11 ---

Dados anggènipun paham Sarekat Abangan botên sagêd lumêbêt ing ati sanubari kula punika, botên jalaran kula sampun gadhah gêgembolan sanès, saèstunipun namung jalaran panimbanging akal pikiran kula ingkang cêthèk sangêt: Apa iya para sarjana sujana kang padha ulah ngèlmu lan nyingkiri pênggawe dosa iku bodho-bodho kabèh? Mangka mitra kula wau botên sagêd nêdahakên conto kalairan utawi kabatosan ingkang menginakên, saking dayaning paham ingkang dipun rungkêbi wau.

Mitra kula punika ingkang sêpuh umur 30 taunan, dhudha, kurban mogokan pabrik gêndhis, lajêng nganggur botên purun istiyar nyambutdamêl malih, piyambakipun punika kêpalanipun tiyang sagriya. Ingkang ênèm sababag kalihan umur kula, dèrèng nate mêngku simah, tansah rêmên nganggur kemawon, tunggil sagriya wontên ing ngriku. Batih sanèsipun: ibu sarta bapa kuwalon, ingkang ugi botên nyambutdamêl.

Dados kawontênaning kêlairanipun, mitra kula wau inggih nalangsa sangêt. panggêsanganipun kintên-kintên namung saking pitulunganipun pamili, tuwin pawèwèhipun sadhèrèk ingkang dipun iguhakên anggènipun prakawisan. Bokmanawi saking mlaratipun wau kawêwahan tumindakipun ingkang botên ambedakakên kalal kalihan karam punika, anjalari kulawarga wau kasingkur wontên madyaning masyarakat wilayah ngriku.

Dene kawontênaning kabatosanipun, ingkang katitik saking solahbawa, muna kalawan muni, tumrap dhatêng sasami tuwin dhatêng tiyang tunggil sagriya, inggih katawis kisruhipun.

Jalaran saking punika, amila pahamipun ingkang tansah dipun iming-imingakên dhatêng kula wau, pêpuntoning pamanah kula kala samantên, namung kula lêbêtakên ing "lêmantun ès" rumiyin. Sawêg sapunika kula bikak, sasampunipun sumimpên ... 32 taun!

Miturut pamanggih kula sapunika, inggih lêrês paham Sarêkat Abangan punika ugi kenging kawastanan satunggiling kawruh, ingkang lèrègipun tumuju dhatêng kamajêngan, ananging kamajênganipun, dhatêng sae namung sakêdhik, kamajênganipun dhatêng awon mênang kathah. Dene ingkang nama sae tumrap kawruh kabatosan punika, botên sanès kajawi ingkang murugakên têntrêm dhatêng ingkang kadunungan, tuwin murugakên sakeca wontên ing pasrawungan.

Saenipun paham wau: botên gugon tuhon, botên ngêsorakên dhiri, pitados dhatêng pribadinipun, dene awonipun dados ... liar (wild) ingkang ngebat-ebati. Mangka têntrêmipun satunggal-tunggaling tiyang sarta sakecanipun pasrawungan punika, têrang botên badhe pinanggih mênawi sarana liar-liaran.

Ingkang dados soal sapunika: Punapa nyata pahamipun Sarekat Abangan punika sami kalihan pahamipun Sèh Sitijênar? Punika badhe kula oncèki wontên ing bab II salajêngipun.

--- 12 ---

Wêwahan: Sanajan pahamipun Sarekat Abangan punika kados ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, ananging panuntunipun Sarekat Abangan punika inggih pitados wontênipun daya kêkiyatan gaib, ingkang dumados saking gumolonging ciptanipun manungsa. Amila piyambakipun ugi kalêbêt tiyang ingkang ahli nglampahi (tirakat). Kacariyos sadèrèngipun piyambakipun ngêdêgakên paguron Sarekat Abangan ingkang ewon muridipun punika, mêntas nglampahi tapa kungkum ing lèpèn sawatawis wulan laminipun.

KabaripanKabaripun lêkas makatên wau dipun ambali malih wontên ing Digul. Ananging nyarêngi kalihan apêsing badan: manggih bêbaya kasarap ing baya, andadosakên lan tiwasipun. Mêmêlas!

Kula nuwun, para maos mugi sampun klintu tampi, pun pangripta botên gadhah pamanggih, bilih lêlampahanipun sdr. panuntun Sarekat Abangan sadaya wau kabêkta saking akibatipun paham ingkang dipun rungkêbi, punika botên.

Saking kayakinan kula: kawruh kabatosan punika kotênbotên wontên ingkang anjalari sangsara, ingkang katêmbungakên kuwalat. Kasangsaran punika tuwuhipun botên sanès kajawi namung saking tumindakipun kalairan, ingkang nyulayani hukum alam tuwin hukum masyarakat (kalêbêt hukum praja). Hukum warni kalih wau asring botên dipun gatosakên dening para ahli kabatosan ingkang sampun kasinungan iktikat santosa. Amila sanajan ngalami sangsara ingkang kados punapa kemawon wujudipun, inggih ayêm kemawon, kados ingkang badhe kacariyosakên wontên ing bêbukaning bab IV ing wingking.

Wondene sdr. panuntun Sarekat Abangan wau, manawi kula kaparêng matur barès, anggènipun rêmên ambanting raga punika dados pratandha bilih piyambakipun dèrèng angsal katêntrêman lan botên nêdya anggayuh katêntrêman. Ambanting raga punika lampahipun tiyang anggayuh drajat, sêmat, kramat. Manawi anggayuh katêntrêman punika lampah ingkang prayogi piyambak namung anyêmbêlèh ... napsu.

II. SÈH SITIJÊNAR PUNIKA SINTÊN?

Sampun kalimrah ing basa Jawi, nama (eigennaam) tiyang utawi panggenan punika asring dipun ewahi pakêcapanipun, têrkadhang dipun santuni têmbung sanès ingkang sami utawi mèh sami têgêsipun. Langkung-langkung tumrap ing sêkar (agêng, têngahan, macapat), ingkang dhapukanipun larikan kawêngku ing ugêr wicalaning wanda, ugêr antêb ènthènging swara tuwin ugêr dhong-dhing.

Wujuding ewah-ewahan wau, wontên nama ingkang adhapur têmbung ngoko: dipun kramakakên, kados ta: Rangga Lawe dados Ranggi Wênang, Tuban dados Tubin, Banyuwangi dados Toya-arum l.s.s. Wondene ingkang adhapur têmbang jarwa, dipun kawèkakên,

--- 13 ---

kados ta: Damarwulan dados Damarsasangka, Surabaya dados Surèngkewuh, Mataram dados Ngèksiganda l.s.s.

Kosokwangsulipun ugi wontên nama ingkang adhapur têmbung krama: dipun ngokokakên, ingkang adhapur têmbung Kawi: dipun jarwakakên. Malah wontên ingkang têmbung Arab: dipun jawèkakên (Mubtadarawi dados Purwakandha) wontên ingkang têmbung Jawi (kina) dipun Sanskritakên (Airlangga dados Jalalangga).

Ingkang makatên wau, sanajan sagêd ugi mêwahi èdi, ananging asring ngodhêngakên. Kados ta namanipun rajaputra ing Kêdhiri, ingkang asli: R. Gunungsari punapa R. Malayakusuma? (kalih-kalihipun sami atêgês rêdi sêkar). Tuwin nama-nama ingkang wiwitanipun mawi têmbung ingkang atêgês kapal, punika sajatosipun: Kuda punapa Undhakan? (kalih-kalihipun sami atêgês kapal).

Makatên ugi ingkang kasêbut nama Sitijênar, Sitibrit, Sitiabrit, Sitirêkta, Lêmahbang, Lêmahabang, punika aslining nama ingkang pundi, saèstu angèl anggèn kula ngêcupi. Wêwah angèlipun malih, dene têmbung Kawi jênar punika têgêsipun jêne, botên abrit. Bokmanawi pamanahipun ingkang yasa nama wau: tumrapipun siti, jêne kalihan abrit punika sami kêmawon. Punapa makatên?

Salajêngipun wontên pamanahan malih: nama-nama wau namaning tiyangipuu,tiyangipun punapa padununganipun?

Punika lajêng nuwuhakên pamanggih warni-warni, ananging kula botên sagêd ngrujuki pamanggih ingkang mastani namaning tiyangipun; amargi nama ingkang mawi têmbung "Siti" (Arab: Sitti) punika limrahipun wanita. Pamanggih kula nama wau têrang namaning panggenan, dados nama Sèh Sitijênar sami kemawon kalihan: Sèh Majaagung, Sunan Kalijaga, Pangeran Karanggayam, l.s.s. Dene ing sêrat-sêrat kacariyosakên bilih namaning padhepokanipun Sèh Sitijênar punika ing Krêndhasawa, punika namung nama susulan, yasanipun ingkang ngênggèni utawi yasanipunpangarangipun sêrat kemawon.

Kula ugi botên sagêd ngrujuki dhatêng pangintên-intên, bilih padununganipun Sèh Sitijênar punika wontên ing panggenan (dhusun) ingkang sapunikanipun nama Jênar utawi Kajênar (ing tanah Jawi kathah nama makatên punika), amargi nama Sitijênar lami-lami ewah dados jênar utawi Kajênar punika langka kalampahanipun.

Gaduging pamanggih kula, namaning padunungan wau têrang Lêmahbang (Lêmahabang), dene dadosipun nama Sitijênar lan sanès-sanèsipun punika namung yasanipun pujangga ingkang nyariyosakên lêlampahanipun sang sèh punika kemawon. Wontên ugi ingkang gadhah pamanggih, kawrat ing sêrat nama "Sandijênar", angintên namaning panggenan wau sayêktosipun Tanahabang (Jakarta), punika kula ugi botên sagêd ngrujuki.

--- 14 ---

Dene dhusun ingkang nama Lêmahbang, Lêmabang utawi Lêmahabang punika ing tanah Jawi kathah. Nanging Lêmahbang ing pundi, punika kula botên sagêd ngaturakên; awit manawi tanpa yakti: kirang prayogi.

Mangka tandha yakti wau kintên kula botên badhe pinanggih ing salami-laminipun. Awit tiyangipun ingkang kasêbut ing babad nama Sèh Sitijênar punika kemawon wontênipun sayêktos utawi botênipun: taksih dèrèng sagêd katêtêpakên. Punika kula sumanggakakên para ahli sajarah (babad). Ing sêrat punika sêdya kula namung badhe ngoncèki kawruhipun.

Ing sêrat babad namung kacariyosakên: nalika Sunan Benang mêjang iktikad dhatêng Sunan Kalijaga wontên satêngahing baita, baitanipun rêmbês.Baita wau lajêng dipun popok mawi êndhut, dilalah êndhutipun katutan êlur (cacing alit). Amila pun êlur sagêd mirêng wêjangan wau sadaya, lajêng nguwuh satataning jalma. Wusana dipun sabda dening Sunan Benang: dados jalma, sarta kasukanan nama Sèh Sitijênar, tuwin sinêngkakakên saking ngandhap ing ngaluhur: dados wali.

Lamining lami Sèh Sitijênar mirong lampah kampuh jingga, ngadêgakên paguron wêjangan ngakên Allah, lajêng kapatrapan ukum pêjah. Makatên ugi Ki Agêng Pêngging Handayaningrat (ingkang rama Jaka Tingkir ingkang akhiripun jumênêng Sultan Pajang), inggih kapatrapan ukum pêjah, amargi maguru utawi guru-ginuru kalihan Sèh Sitijênar, sarta ugi ambalela.

Namung makatên ingkang kasêbut wontên ing babad. Kadospundi andharanipun anggènipun "ngakên Allah" punika botên kapratelakakên.

Para nupiksa botên kêkilapan, bilih cariyos bab êlur dados manungsa punika namung pasêmon kemawon (upaminipun pasêmon: asalipun saking sudra papa), utawi namung fantasinipun ingkang ngarang (gagasan kawêdhar kangge anèh-anèhan). Ingkang dados soal punika: Punapa lêrês kala jaman karaton Dêmak aal,awal wontên lêlampahan salah satunggaling wali utawi guru agêng ingkang kapatrapan ukum pêjah jalaran nyiyarakên iktikad ngakên Allah?

Hla punika ingkang mastani wontên sayêktos kalihan ingkang mastani botên wontên, sami dene tanpa bukti. Ananging kula golongan ingkang mastani bilih lêlampahan wau wontên sayêktos, amargi:

I. Sanajan juru ngarang babad punika asring ngirangi, mêwahi, utawi ngewahi, ananging bakuning lêlampahan ingkang dipun kirangi, dipun wêwahi, tuwin dipun ewahi punika: wontên. Sanajan juru ngarang babad punika ugi purun nyêrat fantasi, ananging lêlampahan ingkang gawat lan pênting kados lêlampahanipun Sèh Sitijênar punika, mokal sangêt upami namung fantasi.

--- 15 ---

II. Lampahan kados ingkang dipun alami Sèh Sitijênar punika sampun wontên têpa palupinipun, dados sagêd nuwuhakên pangintên: kathah lêrêsipun. Langkung-langkung angèngêti kawontênan kala samantên: nagari Dêmak ingkang adhêdhasar agama Islam, sawêg ngadêg anyar-anyaran. Tamtu kemawon pêrlu tumindak kêras ambrastha sadaya anasir ingkang sagêd ngringkihakên adêging praja.

Dene têpa palupi wau makatên:

Kala jamanipun karajan Bani Abbas ing nagari Baghdad, ingkang jumênêng khalifah: Al-Muktadir-billah, ing nagari ngriku wontên satunggaling pujangga shufi nama Husin bin Mansur Al-Hallaj. Punika wutah rahipun ing Baidhaa wilayah Pèrsi, lair kala taun 244 Hijrah (858 Masèhi), wiwit ngancik diwasa lajêng manggèn wontên ing Wasith sacêlaking kitha Baghdad.

Al-Hallaj punika wiwit taksih mudha sampun marsudi kawruh tashawwuf, para shufi ingkang kasuwur ing nagari pundi kemawon sampun nate dipun guroni. Amila akiripun Al-Hallaj dados pujangga shufi ingkang linangkung ing nalika samantên.

Kawruhipun Al-Hallaj punika adamêl gègèripun golongan fuqaha (para faqih = para ahli kawruh fiqhi) dening agênging daya prabawanipun dhatêng masyarakat. Mangka golongan fuqaha punika ingkang dados adpisuripun nagari. Amila Al-Hallaj lajêng katêtêpakên dados mêngsahing nagari: sasampunipun kinunjara 8 taun, lajêng kapatrapan ukum pêjah kanthi panganiaya ingkang anggêgirisi (ing taun 309 H = 221 M.).

Para nupiksa botên kêkilapan, bilih pidana ingkang kapatrapakên dhatêng Al-Hallaj punika sayêktosipun botên saking kawruhipun (pahamipun), ananging saking agênging pêngaruhipun kawruh wau, ingkang kakintên dening golongan fuqaha sagêd anggêmpalakên tata raharjaning nagari. Dados pidana wau têrang adhêdhasar politik: karana kapêntinganing nagari utawi karana anjagi santosaning kursi palênggahanipun para manggalaning praja.

Hla pidana ingkang kapatrapakên dhatêng Sèh ing Lêmahbang punika botên beda inggih kados lêlampahanipun Al-Hallaj wau. Amargi kala samantên nagari Dêmak sawêg ngadêg anyar-anyaran, pindha gêdhong ingkang kaadêgakên wontên sanginggiling jugrugan bêbatur Hindhu lan animismê, mawi pondamèn sarengatipun agama Islam. Dados manawi wontên kawruh ingkang nyapèlèkakên dhatêng sarengat, inggih atêgês ngringkihakên adêging praja kala samantên. Langkung-langkung dene sang sèh wau têka sêsambêtan kalihan Ki Agêng ing Pêngging, ingkang tumut gadhah waris karaton Majapait.

Dados sami-sami kapatrapan ukum pêjah karana politik, Sèh Sitijênar langkung nyêlaki adhêdhasar panimbang tumrap kapêntinganing praja, dene Al-Hallaj kathah lèrêgipun saking kuwatosipun para fuqaha suda prabawanipun utawi kagêntosan kursinipun. Manawi kawruhipun, sayêktos botên wontên bêbayanipun. Ingkang

--- 16 ---

ambêbayani tumrap ingkang anyiyarakên punika: êmpan papanipun, mangsa kalanipun, tuwin caranipun nyiyarakên. Buktinipun makatên:

Sapêngkêripun Al-Hallaj watawis tigang abad malih, wontên pujangga shufi nama Muhyiddin Ibnu Arabiy, wutah rahipun iangtiyang Mèrcia (Andaluzie) lair kala taun 598 H (1202 M). Sasampunipun maguru dhatêng nagari pundi-pundi ing bab kawruh fiqhi, falsafah tuwin tashawwuf, akiripun manggèn wontên ing Dhamaskus (Syam) dumugi seda ing taun 638 H (1240 M).

Agênging daya prabawanipun kawruhipun Ibnu Arabiy ingkang kasiyarakên dhatêng masyarakat punika botên kawon kalihan kala jamanipun Al-Hallaj. Para fuqaha ugi nglawan kêras paham wau, ananging pangalamanipun panyiaran namung sarana panyiaran ugi, botên migunakakên panguwaosing nagari. Amila Ibnu Arabiy botên ngalami lêlampahan kados Al-Hallaj.

Pahamipun Al-Hallaj kalihan Ibnu Arabiy punika sayêktosipun sami kemawon, namung bêda anggènipun nêrangakên lan nêmbungakên. Wosipun: kawruh iktikad bab dating Pangeran, ingkang tumrap ahli fiqhi lan ahli sunnah kaanggêp sasar. Ananging wêdharanipun Ibnu Arabiy punika tashawwufipun mawi falsafah, ingkang sagêd tinampi dening akal pikiran, amila ingkang nyarujuki ugi botên sakêdhik.

Inggih bedaning êmpan papan, mangsa kala, tuwin caranipun nyiyarakên punika, ingkang anjalari bedaning lêlampahanipun Al-Hallaj kalihan Ibnu Arabiy. Makatên ugi Sèh Sitijênar ingkang manggih lêlampahan kados Al-Hallaj, botên sanès inggih saking êmpanipun ingkang botên mapan, tuwin mangsa-kalanipun ingkang "tidak mengijinkan" punika wau, sagêd ugi kawêwahan: caranipun nyiyarakên ingkang kirang prigêl, gampil nuwuhakên klintu tampi, tuwin asipat mêmêngsahan.

Manawi kawruhipun ingkang kasiyarakên dening Sèh Sitijênar punika kenging katamtokakên tularan saking Ibnu Arabiy, botên saking Al-Hallaj. Amargi jamanipun langkung cêlak kalihan Ibnu Arabiy (adêgipun kraton Dêmak awal ing taun 1478-1518 Masèhi) punapadene sumêbaring pun kawruh dhatêng jagad wetanan, ugi langkung jêmbar kawruhipun Ibnu Arabiy.

Ananging prakawis "nandhing kawruhipun" punika botên wontên tandha yaktinipun, amargi Sèh Sitijênar botên têtilar sêrat-sêrat karangan kados pujangga shufi kêkalih kasêbut nginggil. Malah wontênipun tiyang nama Sèh Sitijênar kemawon taksih dados cangkriman.

Dados: pitakenan ingkang kasêbut ing pungkasaning bab I, ingkang ungêlipun "punapa nyata pahamipun Sarekat Abangan punika sami kalihan pahamipun Sèh Sitijênar" ... têtela botên sagêd kajawab, amargi Sèh Sitijênar botên têtilar sêrat-sêrat ingkang nêrangakên pahamipun.

--- 17 ---

Dene pangakênipun panuntunipun Sarekat Abangan ngrungkêbi pahamipun Sèh Sitijênar, punika bokmanawi lêrêsipun: ngrungkêbi pahamipun salah satunggaling pêngarang sêrat Sitijênar kemawon.

III. PÊNGARANGIPUN SÊRAT SITIJÊNAR.

Cariyosipun Sèh Sitijênar ingkang kasêbut ing babad Dêmak: namung cêkak, kados ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng. Dene ingkang nama sêrat Sitijênar punika karangan kantun, sasampunipun sêrat babad wontên.

Saèstunipun sêrat Sitijênar punika botên namung sawarni kemawon, nanging ingkang badhe kula oncèki wontên ing ngriki punika namung sêrat Sitijênar ingkang sampun nate kaêwrat minangka lampiranipun almênak H. Buning Ngayogyakarta kintên-kintên ing taun 1913-1914 Masèhi, ingkang ngalamatipun mungêl makatên:

"Sêrat Sèh Sitijênar" pêthikan saking babad Dêmak, mêndhêt cariyosipun nalika Sèh Sitijênar sarasehan ngèlmi kalihan Kyai Agêng Handayaningrat ing Pêngging, mawi rinêngga pocapanipun dening Radèn Panji Natarata, ing ngajêng panji dhistrik Ngijon Ngayogyakarta, lajêng pindhah nama Radèn Sasrawijaya.

Pramila makatên, amargi isinipun sêrat Sitijênar wêdalan Buning punika ingkang moncèr piyambak wêdharanipun iktikad, tuwin isinipun sêrat wau ingkang populer piyambak wontên ing madyaning masyarakat. Populeripun kawruh Sitijênar (lêrêsipun: kawruh Nataratan) punika ing sadèrèngipun sêrat wau kaêcap sumiyar ing ngakathah. Awit nalika R.P. Natarata taksih sugêng, sampun mataun-taun anggènipun jumênêng guru kabatosan, sarta botên sakêdhik siswanipun. Sadèrèngipun panjênênganipun seda, para siswanipun wontên ingkang sampun kalilan nyiarakên kawruh wau. Langkung-langkung sarêng panjênênganipun sampun seda, prasasat ing sabên nagari wontên tilas murid Nataratan ingkang jumênêng guru nyiyarakên kawruh wau.

Dene mêdalipun sêrat Sitijênar wêdalan Buning punika sasampunipun R.P. Natarata seda watawis kalih dasanan taun. Wêdalipun sêrat punika amêwahi saya populeripun kawruh wau. Wondene redhakturipun almênak Buning kala samantên: R. Wignyaharja, asli saking Surakarta, punika muridipun M.Ng. Prajapustaka (Ki Padmasusastra) ingkang asmanipun misuwur wontên ing jagading Kasusastran Jawi punika. dene Prajapustakan punika murid Nataratan ingkang kacêlak sangêt.

Para nupiksa ingkang yuswa 50 taunan langkung, ingkang tamtu taksih kèngêtan dhatêng asmanipun swargi R. Martadarsana pêmimpin rêdhaksi ariwarti "Jawi Kandha" lan "Jawi Iswara" ing Surakarta, ingkang ugi misuwur jêmênêngjumênêng guru kabatosan "icip

--- 18 ---

pati". Punika murid Prajapustakan, dados ugi kailèn kawruh Natarata lumantar Prajapustakan.

Makatên ugi swargi R. Harjasumitra pêmimpin rêdhaksi ariwarti "Sêdya Tama" ing Ngayogyakarta, priyantun asli saking Surakarta, punika ugi kailèn kawruh Nataratan lumantar Prajapustakan. Ngêrtos kula sadaya wau saking panjênênganipun punika, nalika kula nyambutdamêl wontên ing "Sêdya Tama".

Prajapustakan punika nalika taksih nèm-nèman nate maguru kawruh kabatosan dhatêng R.Ng. Ranggawarsita, pujangga. Sarêng sampun satêngah sêpuh lajêng puruhita dhatêng R.P. Natarata kasêbut nginggil. Nanging sajakipun ingkang dipun antêpi iktikad Nataratan, sarta iktikad Nataratan punika ingkang kawêjangakên dhatêng para siswanipun.

Dene iktikadipun panuntun Sarekat Abangan ingkang sampun karêmbag panjang wontên ing bab I, punika punapa saking wohipun anggènipun maguru dhatêng murid Nataratan, punapa saking anggènipun maguru dhatêng muriding murid Nataratan, punapa namung saking anggènipun maos sêrat Sitijênar karangan Nataratan, kula botên sumêrêp.

Ingkang pêrlu dipun kawuningani punika: kawruhing guru ingkang katêtêsakên dhatêng murid punika dèrèng kantênan taksih murni wontên ing pun murid. Saya timbal-tumimbal, saya kenging katamtokakên ewahipun. Langkung-langkung manawi tumimbalipun punika namung asarana maos sêrat karanganing guru, ingkang kathah basanipun sinandi.

Ewahing kawruh ingkang timbal-tumimbal punika, pêpindhanipun kadosdene toya ingkang kasiling dhatêng wadhah sanès. Manawi wadhah wau wontên punapa-punapanipun, amêsthi ngewahakên sipating toya katularan punapa-punapa. Dene manawi wadhah wau pangawak saringan, ewahing sipating toya dados saya bêning.

R.P. Natarata punika priyantun ingkang jajah sangêt anggènipun maguru. Kasêbut ing karanganipun ingkang kanamakakên sêrat "Bayanullah" (ugi kawêdalakên minangka lampiranipun almanak H. Buning): guru pintên-pintên punika wêjanganipun ngayawara, ingkang marêmakên namung satunggal: Sayid Odrus. Makatên pêthikanipun (Dhandhanggula):

Nuli ingsun saking Serang bali | mring Batawi nêdya muruhita | ngèlmu kasidan patrape | antuk warta saèstu | kampung Krukut jêjuluk Sayit | Odrus putrèng Ajêmam | kramat ingkang kasub | tumulyèngsun puruhita | tan alami nênuwun lumunturing sih | sampurnaning kasidan ||

Sidaning wong tumitah nèng bumi | urip iku jodhone palastra | ... slj.

Wusnya sun matur mring tuwan Sayid | gya winêjang wijanging sasmita | kang nyamut mêmêt umête | ing kene tan

--- 19 ---

kasêbut | awit walèh mêlèhkên kidhip | manawa kawadaka | wêwijanganipun | salah tampane kang tampa | tan prayoga nguculi ngèlmu ingkang wis | manawa kathetheran ||

Kang wus klantur ngèlmu nguni-uni | yèn kawiyak kawruh kang sanyata | ... slj.

Makatên pêthikan sêrat Bayanullah, ananging botên sagêd katêtêpakên: bilih iktikad Nataratan ingkang kasiyarakên dhatêng para siswanipun punika plêg kalihan wêjanganipun Sayid Odrus. Ingkang tamtu inggih wontên ewahipun kados ingkang mêntas kula aturakên punika wau.

Hla iktikadipun Sayid Odrus punika angsalipun saking pundi? Manawi wijinipun saking Al-Hallaj punapa Ibnu Arabiy, sampun tumimbal kaping pintên? Tumimbalipun mawi nglangkungi salah satunggaling wali utawi guru agêng ing tanah Jawi ingkang nama Sèh Lêmahbang punapa botên? Sadaya wau namung mujudakên pitakenan-pitakenan ingkang botên sagêd kajawab.

Jalaran saking punika, amila paham ingkang badhe dipun oncèki wontên ing sêrat punika (wahdatul wujudiyah ing tanah Jawi) sêyêktosipun inggih namung badhe ngoncèki pahamipun R.P. Natarata pêngarang sêrat Sitijênar. Dene andharan ingkang sampun-sampun sadaya wau, namung minangka ubarampening pangrêmbag lan panimbang kemawon.

Jangkêpipun tiyang ngoncèki salah satunggaling paham punika umumipun nêrangakên riwayat gêsangipun ingkang gadhah paham wau. Ananging cuwaning manah kula, dene riwayat sugêngipun R.P. Natarata punika pun pangripta botên patos cêtha sumêrêpipun sarta sadaya angkaning taun punika namung adhapur kintên-kintên. Amila manawi wontên ingkang kaparêng mêwahi utawi nglêrêsakên: saiba bingahing manah kula.

Swargi R.P. Natarata punika priyantun asli Ngayogyakarta dêlês, kintên-kintên sugêngipun ing taun 1810-1890 Masèhi. Panjênênganipun puniki santana dalêm Nata Sri Sultan H.B. kaping pintên, tuwin graad pintên: botên têrang. Ingkang kenging katamtokakên panjênênganipun punika mêsthi turun abdi dalêm. Awit kala jaman sêmantên, ingkang sami kaabdèkakên ing panjênêngan dalêm nata punika mêsthi warisipun tiyang ingkang sampun kacihna sêtya pangabdinipun dhatêng nagari.§ Cethangan[centhangan] cap-capan ingkang kaping gangsal: miturut centhangan angka 4, (mirsani wingking) kintên-kintên sugêngipun R.P. Natarata punika ing taun 1820 – 1890 Masèhi (botên 1810 – 1890 M).

Nitik angkaning taun nginggil, dados nalika pêrang Dipanagara (1825 – 1830 M), panjênênganipun mêsthi sampun suwita ing nagari,

--- 20 ---

nanging nyêpêng ayahan punapa, sarta kala samantên namanipun sintên, ugi botên têrang,§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: miturut centhangan angka 1, kala pêrang Dipanagara (1825 – 1830 M), R.P. Natarata taksih lare, dèrèng suwita nagari.

Nalika panjênênganipun yuswa kawan dasanan taun, dados kintên-kintên kala taun 1850 M. Kaparêngipun nagari, panjênênganipun saking pangkat mantri pulisi ing Gandawulung bawah kabupatèn Kalasan, kawisudha dados panji kêpala dhistrik ing Ngijon bawah kabupatèn Suleman (Sleman), sarta kapatêdhan nama Radèn Panji Natarata. Nama ingkang namung kawan wanda tur nglêgananglêgêna sadaya (manawi kasêrat aksara Jawi) punika ingkang akiripun kasuwur sarta tansah kacangking-cangking wontên ing masyarakat Jawi, samangsa rêrêmbagan prakawis ngèlmon.§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: miturut centhangan angka 1, kala mantri polisi ing Gandawulung kawisudha dados panji kêpala dhistrik ing Ngijon sarta kapatêdhan nama Radèn Panji Natarata punika kintên-kintên ing taun 1860 M., yuswa 40 taun (botên 1850 M).

Nalika R.P. Natarata jumênêng panji kêpala dhistrik punika kenging kawastanan panji ingkang punjul ing ngapapak, mrojol ing ngakêrêp. Botên wontên panji ingkang nyamèni, punapa malih ngungkuli kasagêdanipun. Sanajan para bupati pisan, punapadene pêpatih dalêm, inggih botên wontên ingkang nyamèni kasagêdanipun R.P. Natarata.

Kala jaman samantên, ingkang kathah-kathah para panji punika taksih sami wuta sastra, namung sagêd tandha asta mawi aksara Jawi, nanging dèrèng iamtutamtu sagêd maos lan nyêrat aksara Jawi. Malah wontên ugi ingkang tandha astanipun punika namung cap dumuk utawi awujud garis prapatan kemawon. Dene para bupati tuwin pêpatih dalêm, sami sagêd maos lan nyêrat aksara Jawi, nanging dhatêng aksara Latin inggih botên têpang, amila inggih botên sagêd maos sêrat-sêrat basa Mlayu aksara latin. Manawi ngandikan kalihan bangsa manca, mawi basa Mlayu ingkang kathah campuranipun Jawi.

Wondene R.P. Natarata sagêdipun maos lan nyêrat aksara Jawi botên namung sagêd-sagêdan kemawon, malah kapetang ahli basa Jawi. Kajawi punika ugi sagêd maos lan nyêrat aksara Latin,sagêd ngandikan mawi basa Mlayu kanthi botên nguciwani, lan sagêd ngêrtos maos sêrat-sêrat basa Mlayu aksara Latin. Punapadene panjênênganipun punika ugi sagêd maos lan nyêrat aksara Arab, tuwin ngêrtos maos sêrat basa Arab.

--- 21 ---

Jalaran kasagêdanipun dhatêng basa dalah aksaranipun punika wau, amila R.P. Natarata ingkang dhasaripun pancèn rêmên marsudi kawruh, asarana mêmaos lajêng sagêd ing bab kawruh etang, 'alam, palintangan, palakiyah, biologi, anatomi lss.

Ananging wontên ing jagad pasuwitan ing jaman punapa kemawon, tiyang suwita ingkang kasagêdanipun ngungkuli sasami tuwin ngungkuli panginggilanipun punika umumipun malah manggih cuwa. Makatên ugi kawontênanipun R.P. Natarata kala samantên, kajawi sadintên-dintên rumaos kirang srêg anggènipun ngladosi karsanipun para pangagêng Jawi sarta para pangagêng Wlandi, tuwin kajêngipun para tuwan kabudidayan, ugi rumaos botên badhe sagêd minggah pangkatipun malih, jalaran anggènipun asring tumindak "berani karena benar".

Bêgjanipun, dene kawontênan ing dunya ingkang namung tansah adamêl cuwa punika botên patos anabêti dhatêng R.P. Natarata, amargi panjênênganipun punika kajawi rêmên marsudi kawruh-kawruh kasêbut nginggil, ugi rêmên ngudi kawruh kasuksman: rêmên maguru-maguru, tuwin rêmên maos sêrat-sêrat basa Jawi tuwin basa Arab ingkang ngêwrat babagan punika. Sanajan iktikadipun bab Pangeran waunipun dèrèng gumathok, ananging panjênênganipun sampun insyaf, bilih kawontênan ing dunya punika botên langgêng botên urup dipun kurêbi.

Kêinsyafan ingkang makatên wau tumrap R.P. Natarata sampun kajiwa karaga. Punika ingkang anjalari panjênênganipun ngidak garis lêlampahan enggal, mawi lantaran kaelokan makatên:

Ing dhistrik Godhean, tôngga dhistrik kalihan Ngijon, punika wontên pêkênipun. Salah satunggaling bango ing pêkên ngriku dipun tilêmi tiyang jalêr sampun sêpuh, ingkang umumipun kawastanan "kere" limrah kemawon.

Anuju satunggaling dintên, kere sêpuh wau rumaos badhe dumugi ing janji, têka kengkenan tiyang: ngaturi rawuh panji dhistrik Ngijon R.P. Natarata, botên panji dhistrik Godhean, ingkang langkung cêlak tur ingkang ambawahakên.

Têpangipun utawi sambêtipun kere sêpuh kalihan R.P. Natarata punika kadospundi, botên kasumêrêpan. Cêkaking cariyos R.P. Natarata botên sagêd rawuh, amargi sawêg wiwit napukakên konprènsi. Dipun ping kalihi mêksa botên sagêd rawuh, amargi konprènsi dèrèng rampung.

Kocapa sarêng konpêrènsi sampun bibar, R.P. Natarata enggal-enggal rawuh dhatêng bango ing pêkên Godhean, pinanggih pun kere sêpuh wau sampun ... ngajal. Enggaling cariyos, R.P. Natarata lajêng mrayogakakên dhatêng para kawogan ing ngriku, supados jinazahing kere punika kakubur wontên satêngahing pêkên kemawon. Pamrayogi wau dipun èstokakên, lêstantun dumugi sapriki: ing satêngahing pêkên Godhean wontên kuburanipun sabadan, inggih pun kere sêpuh wau.

--- 22 ---

Elokipun, sadumugining dalêm, R.P. Natarata tansah rumaos gêtun anggènipun botên sagêd minangkani panêdhanipun pun kere sêpuh wau, saengga pinanggihipun kalihan ingkang gadhah panêdha sampun kêlajêng ngajal. Sababipun botên sagêd minangkani panêdhanipun sasamining titah ingkang badhe dumugi ing janji punika, botên sanès jalaran sawêg nindakakên ayahaning padamêlanipun.

Gêtunipun makatên wau rinaos saya kraos, ginagas saya kagagas. Pêpuntoning tekad, R.P. Natarata lajêng nyèlèhakên pandamêlanipun. Botên mawi ngêntosi dhawuhipun nagari ing bab lèrèhipun wau, R.P. Natarata lajêng nilar ... dalêm, garwa, putra, pangkat lan drajatipun, ... ngulandara sapurug-purug.

Cêkakipun R.P. Natarata sampun yakin bilih dunya punika sipatipun batênbotên langgêng lan botên nyata, amila sêdyanipun ngupadosi ingkang langgêng lan ingkang nyata, sarana pitêdahing para guru. Wiwit kala samantên lajêng pindhah nama: Radèn Sasrawidjaja.

Lampahipun saking Ngayogyakarta mangetan ngantos dumugi Banyuwangi tuwin Bali, mangilèn ngantos dumugi Serang, dados satanah Jawi sampun dipun ambah, sarta sabên wontên guru kabatosan, dipun ampiri pêrlu dipun puruhitani.

Pangalamanipun nalika lêlana mangetan dumugi ing Bali punika dipun andharakên dados sêrat kanamakakên "Purwacarita Bali", naskahipun kapisungsungakên dhatêng Gupêrmèn, sarta kaêcap ing gêdhong pangêcapan Gupêrmèn ('s Lands Drukkerij). Inggih sêrat Purwacarita Bali punika, karanganipun R. Sasrawidjaja (R.P. Natarata) ingkang kawitan, sarta ingkang dipun cap sêlêbêtipun panjênênganipun taksih sugêng. Punika sêrat gancaran, bêbukanipun èngêt kula mungêl makatên: "kula Radèn Sasrawidjaja, tiyang asli saking Ngayogyakarta ..." Ing pungkasanipun wontên piwulangipun ing basa Mlayu sinawung sêkar macapat, èngêt kula wiwitanipun mungêl: "Sungguh-sungguh anak cucu kami ...".§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: Salêbêtipun wulan Oktobêr 1962 kula angsal sêrat "Purwacarita Bali" ingkang kula sampun nate maos kala ± taun 1912. Sêrat wau nyariyosakên lampahipun R. Sasrawidjaja (R.P. Natarata) sakônca, lêlana dhatêng pulo Bali ing taun 1871, wiwit tanggal 31 Januari dumugi tanggal 19 Marêt. Miturut centhangan ôngka 1, kintên-kintên R.P. Natarata sawêg yuswa 51 taun, mêntas nyuwun lèrèh saking kalênggahanipun panji kêpala dhistrik.

Kala samantên tiyang sagêd nyêrat jangkêp kemawon taksih awis-awis, langkung-langkung ingkang sagêd ngarang, saya awis sangêt. Jalaran saking karanganipun sêrat Purwacarita Bali wau, amila sarêng pamulangan calon guru (kweekschool) ing Surakarta,

--- 23 ---

gurunipun basa Jawi lowong, R. Sasrawidjaja katantun dados guru basa Jawi, sarta inggih purun anglampahi. Kintên-kintên ing taun 1860 M.§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: Miturut centhangan ôngka 4, kawisudhanipun R.P. Natarata dados guru basa Jawi wontên ing pamulangan calon guru ing Surakarta punika kintên-kintên ing taun 1872-1873 M. (botên 1860 M).

Kweekschool ing Surakarta punika pamulangan calon guru ingkang kawitan ing Indhonesia, adêgipun kala taun 1848 M. Gurunipun basa Jawi kawitan nama Radèn Panji Puspawilaga, punika wayahipun R.T. Sastranagara (Yasadipura II) pujangga, dados tunggil êmbah kalihan R.Ng. Ranggawarsita pujangga. Sadèrèngipun dados guru basa Jawi, panjênênganipun dipun kanthi tuwan T. Roorda dhatêng nagari Wlandi dados juru sêrat ngrencangi pandamêlipun bausastra Jawi – Wlandi. Aksara Jawi cap-capan ingkang kawitan, punika polanipun ingkang damêl R.P. Puspawilaga nalika wontên ing nagari Wlandi wau. Inggih punika aksara Jawi modhèl jêjêg, sukon lancip, ingkang taksih kêlimrah dumugi samangke punika.

Dados R. Sasrawidjaja punika guru basa Jawi ing pamulangan ngriku ingkang kaping kalihipun. Anggènipun dados guru basa Jawi, kintên-kintên botên ngantos 10 taun lajêng nyuwun kandêl,kèndêl dipun gêntosi R. Surana putra Patih Purwadadi (Madiun), murid tamatan saking pamulangan ngriku.

Nalika R. Sasrawidjaja wontên ing Surakarta, panjênênganipun wiwit karsa nyiyarakên iktikadipun babagan kabatosan sarta botên sakêdhik ingkang sami puruhita, kalêbêt Ki Padmasusastra ingkang kula aturakên ing ngajêng.

Kajawi sêrat Purwacarita Bali, R. Sasrawidjaja ugi ngarang sêrat warni-warni, sami sinawung sêkar macapat. Miturut pangênyam kula, panjênênganipun pancèn kagungan dhasar sagêd ngarang. Ikêtanipun sêkar mujudakên corak piyambak: luwêsipun kados ikêtan carakcorak Surakarta, nanging têmbung-têmbungipun sarta pangrakitipun: corak Ngayogyakarta. Ingkang maos sêrat karanganipun, sanajan sampun rambah-rambah: botên bosên, sarta kumêdah maos satamatipun. Amila kula piyambak mastani bilih R. Sasrawidjaja punika pancèn pujangga.

Anggènipun ngarang sêrat-sêrat wau, kintên kula nalika panjênênganipun wontên ing Surakarta punika. Naskahipun lajêng namung kapasrahakên dhatêng siswanipun ingkang kacêlak sarta ingkang marsudi kasusastran, inggih punika Ki Padmasusastra, jêr kala samantên dèrèng cara wontên badan pênêrbit partikêlir kados sapunika. Upami naskah-naskah wau kapasrahakên dhatêng pangêcapan lan badan pênêrbit nagari, mêsthi botên katampèn, awit karangan-karanganipun [kara...]

--- 24 ---

[...ngan-karanganipun] wau sadaya (kajawi sêrat Purwacarita Bali) sami babagan ngèlmon. Amila wêdalipun sêrat karanganipun wau, sasampunipun panjênênganipun seda, ingkang ngêdalakên muridipun, inggih punika:

1. Bayanullah ingkang sampun kula aturakên ing ngajêng, nyariyosakên wêjanganipun para guru nalika panjênênganipun lêlana pados guru.

2. Sitijênar ingkang badhe kula sarasèhakên kalihan para maos wontên ing sêrat punika.

3. Musawaratanipun para wali, nyariyosakên iktikadipun para wali satunggal-satunggal, sabakdanipun Sèh Sitijênar kapidana.

4. Kancil Kridhamartana, dongèng kancil, nanging isi kawruh kawicaksanan tuwin ngèlmon.

5. Wontên sadhèrèk ingkang cariyos, panjênênganipun ugi ngarang sêsatsêrat Bayan Maot, nanging kula dèrèng nate maos.

6. Miturut sêrat "Burat Wangi" (Ki Padmasusastra), purwaka mawi sandi asma ingkang kangge murwakani sêrat Kancil kasêbut nginggil, ugi kangge murwakani sêrat sanèsipun, sêrat punapa: kula kasupèn, sarta inggih dèrèng nate maos.

7. Lan sanès-sanèsipun malih, ingkang kula dèrèng nate maos, utawi dèrèng kawêdalakên.§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: Sêrat "Driya Brata" ingkang kaêwrat wontên ing almênak Bale Pustaka taun 1937 kaanggêp sampun tamat, punika ugi karanganipun R.P. Natarata, sarta taksih wontên sambêtipun: panjang sangêt.

Para nupiksa botên kêkilapan, samantên kamoncèraning kasagêdanipun R. Sasrawidjaja, lair batos, samantên santosaning têkadipun tuwin luhuring bêbudènipun, samantên anggènipun botên maèlu dhatêng dunya. Ananging kawuningana, pun dunya ingkang botên dipun paèlu punika pamalêsipun mêntala sangêt.

Sanajan pamalêsipun dunya wau mêsthi botên nabêti dhatêng panjênênganipun, kados limrahipun para shufi ingkang linangkung, ananging tumrap ingkang nyawang, nuwun inggih ... mêmêlas sangêt.

R. Sasrawidjaja (R.P. Natarata) pinaringan yuswa panjang, salira sampun ringkih, botên kagungan pamêdal. Manawi pêrlu inggih taksih karsa mêmêjang dhatêng siswa, ananging tanpa sarat kados guru sanès-sanèsipun. Amila kawontênanipun kalairan sakonduripun dhatêng Ngayogyakarta, inggih nalangsa sangêt. Salajêngipun: garwa seda ngrumiyini, putra èstri kêkalih botên kantênan kabaripun, panjênênganipun botên kagungan padunungan ingkang têtêp.

--- 25 ---

Akiripun seda wontên ing ... bambon (wande pamadatan), jinazah kaurus pamong praja, kasarèkakên wontên ing pundi: botên têrang. Innaa lillahi wainnaa ilaihi raji'uun.

***

Wêwahan cap-capan ingkang kaping kalih:

Sedanipun R.P. Natarata wontên ing bambon, punika bambonipun babah Nie Loeng, ingkang sapunika wujud Toko Buku "Ekonomi" Jl. Tanjung, Ngayogyakarta. Dene sumarenipun, pêngintênipun salah satunggaling mitra kula: wontên ing Sonyaragi (Gêndhèng).

Sadèrèngipun seda, R.P. Natarata punika kêrêp sowan K.P.H. Natasaputra, putra dalêm P.A. III, punapa taksih gêgayutan sêntana, botên têrang.

Kere ing pêkên Godhean ingkang pêjah punika wontên kaelokanipun: jinazahipun saya mimpês, dangu-dangu kantun wujud kados toya rasa (kwikzilver) satètès, nuntên ical. Nalika R.P. Natarata rawuh ing ngriku, sampun botên nyipati jinazah wau.

IV. GANCARING CARIYOSIPUN SÊRAT SITIJÊNAR.

Sadèrèngipun kula ngaturakên gancaring cariyos ingkang kasêbut ing sêrat Sitijênar karanganipun R.P. Natarata, pun pangripta kaparênga nyambêti rumiyin andharan ingkang kawrat ing pungkasaning bab III, inggih punika bab lêlampahanipun R.P. Natarata ingkang wêkasan punika.

Kula nuwun para nupiksa, lêlampahanipun R.P. Natarata ingkang mêmêlas tuwin ngêrês-êrêsi miturut sawangan lair punika, saèstunipun botên nyudakakên kaluhuranipun ingatasipun pujangga ahli tashawwuf (shufi). Tamtu kemawon beda kalihan lêlampahanipun tiyang ngudi kabatosan ingkang botên maèlu dhatêng drajat lan sêmat, ananging taksih kêpengin angsal kramat. Balik R.P. Natarata: sampun sagêd uwal saking bêbandaning dunya ingkang awujud pêpenginan dhatêng drajat, sêmat, kramat. Amila manawi akiring lêlampahanipun kados ingkang kawursita ing ngajêng, punika nama sampun trêp, botên madal sumbi, têtêp ing sampurnanipun.

Wondene manawi kula tuwin umumipun para maos, taksih gadhah pamilih: "Ngudi kasunyatan, ya ngudi. Nanging wong kuwi kêpenake nèk duwe padunungan sing têtêp, sokur omahe dhewe. Lan manèh sing dipangan lan disandhang: ya kudu ana, sanajan ora mewah-mewahan. Hla yèn: mati kêpenake ya ora saênggon-ênggon, sokur akèh sing ngêtêrake mênyang kubur. Kubure ya aja nganti kapiran. Dene yèn duwe anak: kêpenake ya sing bisa nyawang kaslamêtane, sokur dadi wong mulya". ... Pamilih ingkang makatên wau inggih kenging (wênang). Ananging kita kêdah ngrumaosi: bilih wontênipun pamilih makatên punika jalaran kita punika namung

--- 26 ---

mu'min 'am (limrah) kemawon. Dene R.P. Natarata punika mu'min khas (cerdas), malah sampun kalêbêt 'arif (ahli makripat), dados sanginggil kita têbih.

Lêlampahan ingkang kasawang mêmêlas tuwin ngêrês-êrêsi punika sampun limrah kasandhang dening para shufi ingkang linangkung, sarta botên nabêti punapa-punapa. Pujangga shufi Al-Hallaj ingkang kasêbut ing bab II punika lêlampahanipun botên namung mêmêlas lan ngêrês-êrêsi kemawon, ugi ... anggêgirisi. Ewadene ingkang kataman ayêm kemawon.

Al-Hallaj rumiyinipun katahan wontên ing kunjara, sawêg angsal sataun sagêd miruda amargi saking pitulunganing sipir kunjara ingkang katarik dhatêng kawruhipun. Wusana kacêpêng malih, sarta katahan ing kunjara ngantos 8 taun laminipun. Sasampunipun pêrkawisipun kapriksa ing pangadilan, putusanipun kaanggêp têrang dosanipun, sarta kêdah nampèni pidana.

Al-Hallaj lajêng dipun bêkta dening Singanagara dhatêng papan pamidana, ingkang ningali ewon, kalêbêt para muridipun. Sarèhning para murid anyuwun wêjangan ingkang wêkasan, amila sasampunipun salat kalih rêkangat, Al-Hallaj lajêng ngucapakên wêjangan sinawung ing kidung.

Ningali daya pêrbawanipun ingkang samantên wau, pun Singanagara botên sabar, Al-Hallaj dipun thuthuk pasuryanipun mawi garaning pêdhang, kenging grananipun: mlêsêg, ludira muncar. Ewadene Al-Hallaj mèsêm sarta ngandika: "Wis samêsthine sliramu tumindak mangkono, sumitra!"

Singanagara tumuntên nindakakên kuwajibanipun: astanipun Al-Hallaj kalih pisan dipun kêthoki, lajêng sampeyanipun kalih pisan ugi dipun kêthoki. Ewadene inggih botên sambat, botên ngadhuh. Salêbêtipun kantaka tumuntên dipun inggahakên dhatêng kajêng pamênthangan: dipun paku.

Sasampunipun èngêt saking kantaka, Al-Hallaj taksih sagêd maringi wêjangan kalih kêcap dhatêng para siswa ingkang taksih sami ngêntosi. Wusana lajêng katigas murdanipun, nêmahi seda. Jinazah ingkang kantun gêmbung punika lêstantun kapênthang wontên ing ngriku, mustaka sarta perang-peranganing anggota gumlethak wontên sacêlakipun, kangge pangewan-ewan ngantos sawatawis lami. Akiripun lajêng dipun bêsmi, awunipun kabucal dhatêng lèpèn Dajlah ... Innaa lillahi wainnaa ilaihi raji'uun.

Dados mênggahing pangrêtos kula, lêlampahanipun Al-Hallaj akalihan R.P. Natarata punika sami garisipun. Inggih punika sami dene tampi pamisesaning dunya ingkang watêkipun bêngis lan mêntalan punika. Amargi pun dunya botên dipun rèwès hukum-hukumipun. Pamisesaning dunya dhatêng Al-Hallajawujud panyamah lan panganingayaning tiyang ingkang kaserenan pangwaos, dene pamisesaning dunya dhatêng R.P. Natarata awujud papa cintraka.

--- 27 ---

Salajêngipun, sanajan botên kajlèntrèhakên panjang, sok ugi purun manah kanthi netral kemawon, amêsthi ngakêni bilih lêlampahanipun Al-Hallaj punika botên nyudakakên kaluhuranipun. Saèstu beda kalihan tiyang ingkang tampi panyamah lan panganiaya ingkang jalaran kamurkanipun dhatêng dunya, upaminipun durjana kacêpêng. Makatên ugi papacintrakanipun R.P. Natarata wau ugi botên nyudakakên kaluhuranipun. Saèstu beda kalihan papacintrakanipun tiyang ingkang ngangsa-angsa dhatêng dunya, ananging bodho sarta kêsèd nyambutdamêl, kados ta ingkang umumipun kasêbut kere.

Dene ingkang botên netral pamanahipun, kalayan kasêsa lajêng mastani bilih pujangga shufi kêkalih wau sami tampi bêbênduning Pangeran, jalaran saking sasaripun ngèlmunipun. Pamanggih makatên punika kula botên sagêd nyuwawèni, amargi miturut dhawuhing Al-Quran: "Allah ora nganiaya kawulane nanging para kawula kang nganiaya awake dhewe" (XI: 101, XXIX: 40).

Ingkang punika amila pun pangripta têtêp ngaosi dhatêng Al-Hallaj lan R.P. Natarata. Panganji-ajiPangaji-aji kula punika têbih saking panganggêp: bilih ahli shufi ingkang botên kataman pamisesaning dunya punika tandha kirang luhuripun, punika botên.

Dados: manawi ing perangan wingking mangke kula angrêmbag, angoncèki, lan kamipurun ambantah isinipun sêrat Sitijênar karangan Nataratan, punika botên katarik saking kirang pangaji-aji lan pamundhi kula dhatêng panjênênganipun swargi sang pangarang. Sayêktosipun namung kados ingkang sampun kula aturakên wontên ing "Prawacana", bilih sêrat punika awujud sarasehan pamanggih antawisipun kula kalihan para maos. Dene ugêring sarasehan punika kêdah blaka suta, botên èwêd pakèwêd nglairakên pamanggih. Amila kula inggih botên badhe èwêd pakèwêd nglairakên kritik sawantahipun.

Supados para nupiksa sagêd nguningani têrang pangrêmbag ing wingking mangke, pêrlu kula aturakên rumiyin gancaring cariyos ingkang kasêbut ing sêrat Sitijênar karangan Nataratan, ingkang sampun nate kawrat wontên ing almênak H. Buning punika.

Sêrat wau wontên 15 pupuh, urut-urutanipun kados ing ngandhap punika:

Pupuh I: sêkar Sinom 21 pada. Pada ingkang wiwitan titimôngsa anggènipun nurun. Salajêngipun isi cariyos bab Ki Agêng Pêngging sêdya ambalela ing nata, tuwin nyariyosakên kadospundi iktikadipun Ki Agêng wau. Sèh Sitijênar rumaos kathah cocogipun kalihan Ki Agêng,lajêng mara tamu dhatêng ing Pêngging.

Pupuh II: sêkar Asmaradana 45 pada. Sitijênar kalihan Ki Agêng Pêngging sarasehan: guru ginuru. Sultan Bintara utusan mantri kêkalih nimbali Ki Agêng Pêngging: mopo botên purun sowan. Sultan Bintara lajêng utusan ki patih, namung kanthi punakawan kemawon, kadhawuhan nimbali Ki Agêng Pêngging ingkang kaping kalihipun.

--- 28 ---

Pupuh III: sêkar Dhandhanggula 57 pada. Patih Bintara kêpanggih Ki Agêng Pêngging, maringakên soalipun Sultan Bintara tigang pasal, kadhawuhan anjawab. Soalipun kajawab, ananging bab katimbalan mêksa mopo. Salajêngipun nyariyosakên pambalelanipun Sèh Sitijênar sarta nyariyosakên kadospundi iktikadipun sang sèh wau.

Pupuh IV: sêkar Sinom 30 pada. Lajêngipun bab iktikadipun Sitijênar, kathah para muridipun ingkang sami salah kadadèn, dene ingkang linangkung wontên sakawan. Patih Bintara nglampahakên têlik sandi upaya maguru dhatêng Sitijênar. Sasampunipun têrang kadospundi kawontênanipun, Sultan Bintara lajêng ngrêmbag bab Sitijênar kalihan para wali.

Pupuh V: sêkar Dhandhanggula 34 pada. Para wali ngutus Pangeran Têmbayat lan Sèh Domba: nimbali Sitijênar: mopo, wontên ing ngriku mawi bêbantahan kawruh.

Pupuh VI: sêkar Pangkur 45 pada. Murid ingkang nama Pringgabaya tumut bantah. Pangeran Têmbayat lajêng maringakên sasmita 4 pasal wêlinganipun Sunan Kalidjaga, supados kajawab. Muridipun Sitijênar ingkang nama Bisana makili gurunipun anjawab sasmita kanthi patitis.

Pupuh VII: sêkar Asmaradana 60 pada. Pangeran Têmbayat lan Sèh Domba mantuk, Sèh Domba badhe kapencut ngèlmunipun Sitijênar, nanging dipun dukani Pangeran Têmbayat. Sadhatênging utusan, putusanipun para wali lan Sultan Bintara: angutus malih Sunan Benang, Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Pangeran Modang, Pangeran Gêsêng, sami ambêkta sakabat: nimbali malih Sèh Sitijênar, kanthi nawala wasesa, pêrlu kaajak sarasehan kawruh. Sitijênar sarasehan purun, nanging tinimbalan mopo.

Pupuh VIII: sêkar Dhandhanggula 35 pada. Sitijênar bantah kawruh kalihan para wali duta, botên kengguh dening nawala wasesa. Wusana Sitijênar milih pêjah piyambak, sarta nêrangakên caranipun pêjah piyambak punika. Pangeran Gêsêng badhe kapencut dhatêng kawruhipun Sitijênar, ananging tampi sasmita dêduka saking Sunan Kalijaga.

Pupuh IX: sêkar Sinom 37 pada. Sitijênar sampun dumugi pati patitis, sinêksèn para wali duta. Muridipun sakawan sami bela ing guru, jinazahipun kapasrahakên dhatêng para waris. Dene jinazahipun Sitijênar kabêkta dhatêng masjid Bintara, kakubur dhêdhêmitan. Ingkang kapitontonakên dhatêng umum kasantunan kirik gudhigên: kagantung, sinartan sêrat undhang-undhang.

Pupuh X: sêkar Asmaradana 38 pada. Bathang sêgawon wusana kakubur. Lonthang Sêmarang, muridipun Sitijênar, nêdya ambelani gurunipun, dhatêng masjid Bintara: nguwus-uwus para wali.

--- 29 ---

Pupuh XI: sêkar Pangkur 33 pada. Lajêngipun panguwus-uwusipun Lonthang Samarang lajêng pêjah piyambak, jinazah kakubur ing daganing gurunipun (bathang sêgawon).

Pupuh XII: sêkar Asmaradana 34 pada. Ki Agêng Tingkir tuwi dhatêng Pêngging: mituturi, nanging Ki Agêng Pêngging têtêp nêdya ambalela. Kala samantên Nyi Agêng Pêngging babaran, kanamakakên Mas Karèbèt, bayi kabêkta dhatêng Tingkir. Antawis lami Ki Agêng Pêngging tuwi dhatêng Tingkir, Ki Agêng Tingkir pamit seda.

Pupuh XIII: sêkar Sinom 38 pada. Ki Agêng kêkalih sarasehan bab pangèsthining pati patitis. Ki Agêng Tingkir seda kasêksèn Ki Agêng Pêngging, jinazah kakubur sacara Islam, Ki Agêng Pêngging lajêng kondur. Sultan Bintara kalihan para wali andhawahakên putusan: ngutus Sunan Kudus kadhèrèkakên sakabat, nimbali Ki Agêng Pêngging kanthi nawala wasesa.

Pupuh XIV: sêkar Maskumambang 66 pada. Ki Agêng Pêngging nyukani soal kawan pasal, Sunan Kudus botên sagêd anjawab, lajêng amaguru. Wusana Ki Agêng Pêngging têtêp mopo botên purun sowan dhatêng Bintara, milih seda piyambak: kasaksèn Sunan Kudus. Sunan Kudus lajêng nilar Pêngging. Para siswanipun Ki Agêng Pêngging kathah ingkang bela, jinazah sampun sami kaupakara.

Pupuh XV: sêkar Dhandhanggula 8 pada. Sunan Kudus dumugi ing Bintara, nglapurakên sarèhing dinuta. Praja Bintara sirna klilipipun.

Makatên urut-urutaning cariyos ingkang kawrat ing sêrat Sitijênar karangan Natarata. Dene wêdharaning iktikad-iktikad, badhe kapratelakakên ing bab V salajêngipun. Pamêthik kula mawi nyêbutakên angkaning pupuh lan angkaning pada, supados gampil kacocogakên kalihan pratelan ing nginggil cakêt punika wau.

***

Wêwahan cap-capan ingkang kaping gangsal:

Samêdalipun sêrat "Falsafah Sitijênar" punika, kathah para mitra ingkang mrayogakakên supados Pênêrbit ugi ngêdalakên sêrat "Sitijênar-Têmbang" karanganipun swargi R.P. Natarata, ingkang dipun rêmbag lan dipun oncèki pangripta wontên ing sêrat punika.

Pamrayogi wau kula manah sampun salêrêsipun, amargi para migatosakên lajêng sagêd nguningani piyambak aslinipun ingkang karêmbag, botên namung nyêmak pêthikanipun kemawon. Sêrat wau sampun saèstu kawêdalakên kala wulan Oktobêr 1958.

Ananging kawuningana, ingkang kawêdalakên punika naskahipun awujud sêratan tangan, taksih asli, sanès awujud lampiran almênak H. Buning: ingkang kacihna sampun kathah ewahipun. Sumêrêp kula mênawi sampun kathah ewahipun, inggih sasampunipun kula angsal ingkang taksih asli punika.

Sakawit sêdya kula inggih badhe ngêdalakên plêg lampiranipun almênak H. Buning wau, nanging sêrat wau ical, kula sêtiyar botên sagêd angsal malih.

--- 30 ---

Wêdalan H. Buning kalihan ingkang kula wêdalakên punika, mênawi katandhing: ungêl-ungêlipun wontên ingkang botên sami. Têrkadhang cacahing pada ing satunggal-tunggalipun pupuh ugi botên sami.

Ananging pinanggihing beda punika botên ngewahakên sarining pamanggihipun pangriptanipun sêrat "Falsafah Sitijênar" punika. Namung kemawon, mênawi nocogakên kalihan pêthikan ingkang kawrat wontên ing sêrat punika: kêdah sêtiti, jêr angkaning pada wontên ingkang mingsêd.

Bedanipun cacahing pada ing satunggal-tunggalipun pupuh kados ing ngandhap punika:

Pupuh I ... Buning 21 pada,Kulawarga BK 16 pada.

Pupuh II ... Buning 45 pada,Kulawarga BK 47 pada.

Pupuh IIII ... Buning 57 pada,Kulawarga BK 57 pada.

Pupuh IV ... Buning 30 pada,Kulawarga BK 30 pada.

Pupuh V ... Buning 34 pada,Kulawarga BK 37 pada.

Pupuh VI ... Buning 45 pada,Kulawarga BK 46 pada.

Pupuh VII ... Buning 60 pada,Kulawarga BK 55 pada.

Pupuh VIII ... Buning 35 pada,Kulawarga BK 33 pada.

Pupuh IX ... Buning 37 pada,Kulawarga BK 37 pada.

Pupuh X ... Buning 38 pada,Kulawarga BK 39 pada.

Pupuh XI ... Buning 33 pada,Kulawarga BK 39 pada.

Pupuh XII ... Buning 34 pada,Kulawarga BK 35 pada.

Pupuh XIII ... Buning 38 pada,Kulawarga BK 40 pada.

Pupuh XIV ... Buning 66 pada,Kulawarga BK 66 pada.

Pupuh XV ... Buning 8 pada,Kulawarga BK 8 pada.

V. BAB ALLAH TUWIN INGKANG SINÊBUT BUDI.

Kayakinan tumrap ingkang sinêbut Allah, inggih punika bab wontên lan botên wontênipun, bab dat sipat tuwin apngalipun, punika pêrlu sangêt ingatasipun manungsa umumipun, langkung-langkung tiyang ingkang sampun wiwit ngudi kasunyatan. Amargi iktikad wau ingkang dados pandom tumindakipun manungsa: lair batos.

Ing ngandhap punika pêthikan sêrat Sitijênar ingkang mêdharakên bab ingkang sinêbut Allah tuwin ingkang sinêbut budi.

I. 5: Dhasar maksih gama Brama (Ki Agêng Pêngging), kalakuan Wisnumurti, mrih sêdhakêp suku tunggal, ngukut panca driya pati, jro budi nora kalih, pangeraning dhèwèkipun, saking adrênging karsa, suksma sarupa jêng kyai, kasat mata wus yayah mayangga seta.

II. 1: Sasampunnya Kyagêng Pêngging, tampi sasmitèng oliya, Pangeran Lêmahbang jarwane,Lebih satu suku kata: Pangran Lêmahbang jarwane sêtyambêk tyas martotama, kawruh muksyaning angga, bangkit njèrèng bangkit ngêjum, têmah sirna marang iya.

--- 31 ---

Id. 2: Iya janma kang kakiki, wujud kak kiyamul kodrat, jumênêng anane dhewe, Suksma manuksmèng kawula, kawula nuksmèng Suksma, napas sirna manjing suwung, badan lêbur wor bantala.

Id. 3: Ananing Allah wit dhikir, dhikir pana ing dat sipat, asma apngaling Hyang Manon, gumulung dadya antaya, rahsa ing dhèwèkira, iya sira iya ingsun, mosik jumênêng dat mulya.

Id. 4: Jroning ngalam kabir sahir, kene kana nora beda, amung manungsa anane. Kyagêng Pêngging nDayaningrat, wani nglairkên tekad, Allah majas wujud palsu, kakikine saking asma.

Id. 5: Asma manungsa sajati, mêngku sipat kalih dasa, Buda Islam sampun awor, wujud juga loro asma, angèle wus waskitha, gampang kasampar kasandhung, Kyagêng Pêngging wus pranawa.

II. 42: Mung kanthi punakawan tri (Patih Bintara), wus lêpas tantara lama, praptèng Pêngging têtanya lon, mring wong macul anèng latar, tur wruh Kyagêng nèng langgar, èwêd lagya imbal wuwus, lan kang murbèng dhèwèkira.

III. 27: Mila mangkya tyasnyarda kalair (Sèh Sitijênar), umahya têkad ro jabariyah, kadariyah mangsuk tyase, andhaku datullahu, budi eling dèn anggêp gusti, pangeraning manungsa, sinipat rong puluh, maujud kidam lan baka, mukalafah lilkawadis nyulayani, gumlarnya barang anyar.

Id. 28: Kodrat iradat jumênêng ngèlmi, kayat samak basar lan kadiran, muridan ngaliman kèhe, kalih dasa ginulung, rumakêt ing budi lêstari, têgêse wujud mutlak, dadya dat ranipun, tan wiwitan tan wêkasan, nora sangkan nora paran ngenal yakin, ing tekad sipatullah.

Id. 29: Sèh Sitibang manganggêp Hyang Widi, wujud kang nora katon satmata, sarupa kadya dhèwèke, ingkang sipat maujud, lir wêwujud blêgêr tan kalih, warnarja tanpa ceda, mulus alus lurus, kang nyata tan wujud dora, lirnya kidam dhihin jumênêng tan kèri, saking pribadinira.

Id. 30: Bôngsa baka langgêng tan antawis, nora rumakêt lara kapenak, jumênêng nèng kana-kene, tan ika datan iku, mukalafah lilkawadisi, pradikane prabeda, lan sakèhing wujud, barang anyar gumlaring rat, nyulayani sipat antero dumadi, jroning bumi akasa.

Id. 31: Têmbung kodrat kuwasa pribadi, nora ana kang mirib kang mada, tanpa prabot kuwasane, ngadam praptaning wujud, njaba njêro sebak sawiji, iradat têgêsira, karsa tanpa ngrêmbug, ngèlmu ngawruhi kaanan, ingkang pisah saking panca driya têbih, ngungkuli punglu tinggar.

Id. 32: Kayat urip sarana pribadi, tinêtêpkên kayunnya sanyata, nora nganggo roh uripe, tan mèlu lara lêsu, sirna bungah miwah prihatin, jumnêng sakarsa-karsa, yeka kayat kayun. Sèh Sitijênar waskitha, waskitha trang têtela janma linuwih, marma ngaku Pangeran.

--- 32 ---

Id. 33: Salat limang wêktu puji dikir, prastawèng tyas karsanya pribadya, bênêr luput tampa dhewe, sadarpa gung têrtamtu, badan alus kang munah karti, ngêndi ana Hyang Suksma, kêjaba mung ingsun, midêr dunya cakrawala, luhur langit sapta bumi durung manggih, wujudnya dat kang mulya.

Id. 34: Ngêndi-êndi kabèh sêpa-sêpi, ngalor ngidul ngulon ngetan têngah, kana-kana mung nèng kene, kene wujudku dudu, nanging jroku awang-wung sunyi, isi daging jêroan, rêrêgêd dalêmku, dudu jantung dudu utak, ingsun ingkang pisah lir culing jêmparing, Mêkah Madinah ngambah.

Id. 35: Dudu budi angên-angên ati, dudu eling pikir dudu niyat, hawa napas paran dede, suwung lan wang-wung dudu, wandaningsun jisim kawadis, tan wun dadya gusthika, bosok mawur lêbu, napasku midrawèng jagad, bumi gêni banyu angin mulih asli, yeka anyar sadaya.

Id. 36: Wangsul ingsun dat kang nuksmèng wadi, pangeranku sipat jalal kamal, nora karsa salat dhewe, nora karsa dhêdhawuh, de wong salat pakoning budi, budi lanat musibat, tan kêna ginugu, salin-salin parentahnya, mencla-mencle tak têmêni nora dadi, tansah ngajak durjana.

Id. 37: Jroning salat budiku mêmaling, jroning dikir budi nyidrasmara, kadhang melik amal akèh, seje datul guyubu, ingsun iki Hyang Maha Sukci, dat maulana nyata, kang layu kayapu, tan kêna kinaya ngapa, mila Sitijênar budi nuksmèng Widi, ngrusak gama mustapa.

Id. 38: Sadat salat puwasa tan apti, sêdene jakat kaji mring Mêkah, iku wuwus palson kabèh, nora kêna ginugu, sadayèku durjanèng bumi, ngapusi liyan titah, sinung swarga besuk, wong bodho anut oliya, tur nyatane padha bae durung uning, seje ingsun Lêmahbang.

Id. 39: Datan nggugu prentah osik budi, jêngkang-jêngking nèng masjid ting krêmbyah, ganjarane mbesuk bae, yèn wus ngapal bathukmu, sajatine nora pinanggih, nèng dunya bae padha, susah samya mikul, lara sangsara tan beda, marma Sitijênar mung ngantêpi siji, Gusti Dat Maulana.

Id. 40: Kang sudibya gunardikèng budi, tur kang mêngku sipat kalih dasa, atas sabarang karsane, kawasa murwèng kawruh, jalal jamal kamal kahari, nirmala muka warna, yayah kwulanipun, wahyèng angga tan katara, sakti murti mumpuni liring dumadi, mindrawa mindra loka.

Id. 41: Yeka ingkang dèn anggêp Hyang Widi, Sèh Lêmahbang darmastutèng karsa, sumarah ing hyang dhawuhe, tekad jabriyah kaglung, kadarijah wimbaning lair, madhêp mantêp tur panggah,

--- 33 ---

kuwat ing pangangkuh, kukuh kasmala nirmala, angantêpi urip praptèng laju yakin, tan mangran budi cipta.

Id. 42: Ciptaning tyas Sitijênar maksih, wujudira inganggêp Mukamad, mêngku rasul sanyatane, Mukamad sipat kudus, anyar urip padha nganyari, rumakêt panca driya, sajatine nggadhuh, yèn wus pinundhut kang gadhah, dadi lêmah bosok mumur dadi najis, paran dadya gandhulan.

Id. 43: Budi pikir angên-angên eling, tunggal wujud ngakal kênèng edan, susah bingung lali sare, budi kèh nora jujur, rina wêngi mangayuh drêngki, mrih arjane pribadya, rusaking lyan sukur, srèi paksa nrak durjana, tur gumunggung umuk têmah tibèng nisthip, ngalani wandanira.

Id. 44: Gêtun yèn wus tumibèng ing dhiri, seje dat wajibul mulyaning rat, mukaning budyayu kabèh, wardaning janma muhung, ana wujud karsa sawiji, iku bae tan bisa, nglakoni sadhawuh, loro manèh kuwawaa, lah ta êndi pisahe dat lawan budi, supaya janma nrima.

Id. 45: Sèh Lêmahbang lumêkêt jatining, êndi sirnaning antaya mulya, dat kadimah budayane, dalilnya ramaitu, sahmanganil kaos lirnèki, uculing jêmparing plas, gandhewane êmbuh, srengat tarekat kakekat, myang makripat palastha datan kabudi, datu jatining wanda.

Id. 46: Rapal Allah tanpa wrana kèksi, sajatine bingung êmbuh nyata, tan wun jumênêng sun wite, dadya musamanipun, jati asma nèng jalitani, taju min kaulina, cukul rèh pamuwus, Mukamadan Rasulullah, wujud kapir sipat daging bosok mimir, mumur dadya bantala.

Id. 47: Dene kita nuksmèng dat linuwih, kang sadarpa sakti dibyèng laya, mendraning rat pangerane, murba misesa ulun, sipat wahdaniyat sawiji, bisa langgêng ngambara, angungkuli punglu, dudu budi dudu nyawa, dudu urip tanpa sangkan saking pundi, tanpa paraning sêdya.

Id. 48: Dat sajati yayah wujud mami, tan rêkasa kodrat karsanira, mlaya saparan-parane, nora nglak nora lêsu, tanpa lara kalawan ngêlih, gunardikarjèng kara, tan drêng cipta luluh, lêbdane saking jiwangga, tan katara wahyanya nora nglakoni, panggya wus anèng kana.

XI. 10: Yèn jarwane Sèh Lêmahbang (wicantênipun Lonthang Sêmarang dhatêng Sunan Benang), wong sêmbahyang tan antuk ngrika-ngriki, yèn katêkan lara bingung, yèn turu yayah bujang, lamun mlarat njaluk sugih nora antuk, luwih manèh lamun sêkarat,Lebih satu suku kata: lwih manèh lamun sêkarat jlalatan kadhang mêcicil.

Id. 11: Saking sungkan ninggal dunya, kang mangkono dubilah wong trayoli, prandene santri kêpaung, dikir pan napi isbat, nganggit-anggit narupakkên datullahu, nuli ana rupanira, iku dèn anggêp Hyang Widi.

--- 34 ---

Id. 12: Apa iku dudu sasar, pratandhane njaluk sugih tan olih, prandene sun kinèn makbud, salat karya sarengat, yèn Jumungah marang masjid pating kranthuk, mêmuji Pangeran sunya, dede ngrika dede ngriki.

XII. 11: wikan cocog wikan sisip (aturipun Ki Agêng Pêngging dhatêng Ki Agêng Tingkir), wusnyamba mêcah pralambang, kya patih pangandikane, kula kaparingan inah, ing dalêm tigang warsa, mangke sampun wancinipun, nanging pamanah kawula.

Id. 12: Maksih dèrèng anyondhongi, kêkah ngrasa tan kabawah, jêr bumi langit salire, sadaya darbèk manira, kula kang suka nama, pratandhane duk pukulun, dèrèng tumitah tan ana.

Id. 13: Nadyan Allah sêpa sêpi, jiwangga kita pulastha, sampun malih sang akatong, sami titah sipat anyar, pratandha taksih samar, ratu tan uning Hyang Agung, kula tan wêruh Hyang Suksma.

Id. 14. Jumênêng ngong rèh pribadi, urip sakarsa manira, dawa cêndhak sakarêpe, boga busana ngupaya, kodrat kula pribadya, budayèng ciptamba turut, angên-angên Gusti kita.

Id. 15: Ingkang kawula ngèngèri, mituhu ratri myang rina, kang kula nut sapakone, botên mèstu Pangran liya, jaba mituhu cipta, mobah molah mosik muwus, atas karsane datullah.

Id. 16: Nulya nêbut Maha Sukci, lailaha hailullah, punika asma kemawon, musamine wujud kula, njawi punika rangka, ing njro curiga Hyang Agung, kang tan pae lan warangka.

XIII. 28. Nyai wêrda (nini-nini wilayah Pêngging) nambung sabda (dhatêng Sunan Kudus), Kyagêng nora nampik wanci, nèng krobongan imbal sabda, lan dat kang murwèng njêng kyai, kang têbih kang tanpa wis, parêk tan kêna dinumuk, purbaning dhèwèkira, tunggal ingkang ngajak urip, ngajak nendra ngajak seda wus kadriya.

Id. 29: Lamun sira yun kapanggya, sun pêsthèkkên nora olih, rèhning lagya badan Suksma, mangêningkên puja gaib, kang pinaji amuji, kang dinulu lagyandulu, ngandika lagya ngucap, mosik mênêng kumpul siji, hèh ta anak tamu balia kewala.

Id. 30: Lakunira tanpa guna, Njêng Sunan Kudus mangsuli, nyai sun iki utusan-, ing Hyang kang murwèng dumadi, sun malaekat nglangit, maringkên kamulyan agung, nyai sira tutura, mring gustimu Kyai Pêngging, aturana mêtu sadhela kewala.

Id. 31: Nyi tuwa sumaur sugal, sirèku janma tan bêcik, tandhane patrap tan tata, mêsthi gawene ngapusi, apês ngupaya ringgit, katara wuwusmu palsu, sêngadi dutaning hyang, malaekat saka nglangit, yèn wong Pêngging satus yuta tan pracaya.

--- 35 ---

Id. 32: Ing kene akèh bijaksa, kang tyas nirmala dimurti, caturmu kabèh katara, wong durjana ngrusak yukti, ngêndi ana Hyang Widi, kongkongankongkonan kaya sliramu, Allah cêdhak lan ingwang, sasolahku ngudanèni, malah lamun Ki Agêng kiyas tan ana.

***

Kula nuwun para nupiksa, manawi kula kaparêng matur têrus têrang, wêdharan bab Allah pêthikan saking sêrat Sitijênar ing nginggil wau sadaya, saèstu ambingungakên ingkang maos, ingkang akibatipun sagêd anjalari lajêng gagap-gagap sakêcêpêngipun. Sababipun ambingungakên amargi caranipun nêrangakên pancèn ruwêd, têrkadhang katrangan ing ngajêng kalihan ing wingking pinanggih akosokwangsul.

Wêdharan wau panyuraos kula makatên:

Miturut pahamipun R.P. Natarata: Allah ingkang kasêbut nitahakên bumi langit dalah saisinipun, inggih ingkang kasêbut bapa-babu, ingkang angratoni lan anglimputi sadaya gumlaring alam punika: botên wontên, amargi botên wontên tiyang ingkang sagêd pêpanggihan kalihan Allah. Dene kita manungsa anggènipun nyipati gumêlaring alam punika: sampun awujud kados wontênipun samangke punika. Dados "Allah" punika têtêp namung asma kemawon, tur ingkang nyukani nama inggih pun manungsa piyambak (Pupuh II: 3-4, III: 46, XII: 12-13, XIII: 32).

Ananging panjênênganipun yakin, bilih kita manungsa punika kalimputan, kapurba tuwin kawasesa dening ... ingsun. Suksma-sinuksmanipun ingsun dhatêng manungsa punika ing dalêm kawontênanipun ingkang winados sangêt. Inggih "ingsun" punika sajatos-jatosipun pangeraning manungsa, ingkang kagungan sipat kalih dasa, tuwin ingkang kita juluki Hyang Suksma, Hyang Widi lss., ugi ingkang kita juluki ... Allah (Pupuh II: 2-5-42, III: 27-33-36-41-47, XII: 14-15, XIII: 28-29-32).

Namung kemawon, pandumukipun ingkang sinêbut "ingsun" punika ... ruwêd.

Ing pupuh I: 5 kasêbut sarupa kalihan pun kawula, sarta ingkang yayah mayangga seta; III: 29 sarupa kalihan pun kawula sarta ingkang tanpa ceda: III: 48 lan XII: 16 ugi kados pun kawula. Nanging ing pupuh XI: 11-12 paham makatên wau kaanggêp ... sasar. Sarèhning sang pangarang piyambak ugi sampun mastani sasar, amila botên pêrlu karêmbag.

Satêrusipun ing pupuh XII: 14-15 kasêbutakên bilih ingkang dipun anggêp gusti lan dipun pangeran punika ... angên-angên utawi cipta. Ananging ing pupuh III: 35-41-43 kasêbutakên bilih angên-angên kalihan cipta punika kalêbêt pirantos ingkang ewah gingsir, amila yèn dipun pangeran: sasar. Sarèhning sang pangarang piyambak ugi sampun mastani sasar, amila ugi botên pêrlu dipun oncèki.

--- 36 ---

Wontên malih ingkang karaos ruwêd, inggih punika sang pangarang anggènipun migunakakên têmbung ... budi.

Ing III: 27 kasêbut budi eling punika kaanggêp gusti, pangeraning manungsa, manawi ing III: 28 kasêbut budi lêstari, ing III: 37 kasêbut budi nuksmèng Widi, ing III: 40 kasêbut kang sudibya gunardikèng budi, ing III: 44 kasêbut mukaning budyayu kabèh.

Ananging ing III: 35-43-47 kasêbutakên bilih budi punika sanès pangeran, makatên ugi osik budi (III: 39) tuwin budi cipta (III: 41) ugi sanès pangeran. Malah ing III: 36-37-43 kasêbutakên budi punika mencla-mencle lan ngajak dhatêng pandamêl awon. Dene eling (III: 35-43) ugi sanès pangeran.

Sayêktosipun têmbung "budi" punika pancèn têgêsipun warni-warni, amila langkung prayogi umpami sang pangarang botên migunakakên têmbung wau, ingkang wohipun namung ambingungakên. Dhasar sang pangarang piyambak ugi sampun ngrumaosi pakèwêd badhe misahakên antawisipun dat (ingsun) kalihan budi (Pupuh III: 44).

Têgêsipun têmbung budi ingkang kêsampar kêsandhung inggih punika: a. kalakuan (luhur budine), b. reka daya (ngêtog budine), c. rèwèl (budi tak sêmbadani) lss.

Têgês ingkang mawi katrangan inggih punika:

a. Kêmpaling karsa, cipta, rasa, ingkang wohipun lajêng anama kêbudayan tuwin kabudidayan.

b. Namaning wit-witan (buddi) ingkang ngandhapipun kaangge lênggah nalika Sang Sidharta angsal pêpadhang, amila lajêng ajêjuluk Sang Buddha.

c. Namaning alam tataran 4 saking alam pêpitu:

1. maha pari nirwana (ahadiyat), 2. pari nirwana (wahidiyat), 3. nirwana (wahdat), 4. budi (arwah), 5. pikiran (mitsal), 6. pangraos (ajsam), 7. wadhag (insan kamil).

Ananging budi ingkang kapratelakakên sadaya wau têrang sanès pangeran. Makatên ugi rupane dhewe utawi mayangga seta (wêwajangan putih), angên-angên utawi cipta ingkang kasêbut ing nginggil wau sadaya: ugi sanès pangeran. Amila botên pêrlu dados panggalihan malih.

Ingkang pêrlu dados panggalihan, kantun katrangan bab ingsun utawi gusti pangeraning manungsa, ingkang ungêlipun: dudu wujudku (wadhag), dudu jantung, dudu utak, inggih punika: ingsun ingkang pisah lir culing jêmparing (III: 34), uculing jêmparing plas, gandhewane êmbuh (III: 45) dudu nyawa, dudu urip (III: 47). Dene pamanggih kula makatên:

--- 37 ---

Katrangan ingkang mungêl dudu iki, dudu iku ... punika sampun samêsthinipun, amargi iki iku punika sadaya namung pirantosing gêsang utawi pratandhaning gêsang, dene gêsang punika namung salah satunggaling sipatipun ingsun saking sipat ingkang kalih dasa punika.

Wondene manawi ingsun dipun gambarakên kados jêmparing lumêpas, punika miturut pamanggih kula sagêd anjalari sasar. Môngka pangintên kula sang pangarang botên makatên karsanipun.

Jêmparing lumêpas punika atêgês uwal saking gandhewa: pindhah saking papan satunggal dhatêng papan sanès, tuwin asipat ijèn-ijèn (induvidualistis). Mangka ingsun punika sipatipun têtêp ing salami-laminipun. Ing dalêm kawontênan mêlèk, tilêm, pêjah, punika namung soal makartining pirantos kemawon, ananging têtêp kalimputan dening ingsun. Kajawi punika ingsun punika asipat sawiji gêmblêng (universil), manawi ijèn-ijèn: sanès ingsun, namung pirantos kemawon.

Supados botên sagêd anjalari sasar, pramila wontên ing sêrat "Kunci Suwarga" lss. anggèn kula nêrangakên Pangeran punika: Ingsun kang tan kêna kinaya ngapa, tuwin: Ingsun kang iya sira, iya dhèwèke.

Salajêngipun kula yakin, bilih manungsa ingkang dumugi tataran makripat, inggil-inggilipun inggih namung dumugi makripat dhatêng ingsun punika wau. Ananging kula botên sagêd andhèrèk dhatêng paham ingkang mastani bilih ingkang nitahakên bumi langit saisinipun punika botên wontên.

Mila lêrês pun manungsa sampun manggih gumêlaring alam punika, mila lêrês asma Allah punika pun manungsa ingkang yasa. Ananging manawi taksih purun migunakakên dhatêng akal pikiran, amêsthi ngakêni bilih bumi langit saisinipun punika sanès damêlanipun manungsa.

Hla damêlanipun sintên? Manawi dipun urut-urut amêsthi tanpa wusana utawi êmbuh ora wêruh. Sarèhning tanpa wusana punika mokal mênggahing akal, sarta "êmbuh ora wêruh" punika sagêd anjalari sasar dhatêng "êmbuh ana êmbuh ora", amila kitab-kitab suci lajêng yasa asma ingkang katekadakên: jumênêng kalawan pribadi, dhisik ora ana kang andhisiki, lss. inggih Panjênênganipun ingkang katekadakên: nitahakên bumi langit saisinipun punika. Anggènipun nitahakên namung sarana sabda, komplitipun salêbêtipun nêm dintên (Qur'an XXXII: 4, LVII: 4, Genesis I: 1 – 31).

Ingkang nitahakên (khaliq) punika, tiyang Arab anggènipun nêngêri asma: Allah, tiyang Jawi nyêbut: Pangeran, Hyang Suksma, Hyang Widi, lss. sarta wontên ing wirid-wirid ugi sinêbut ... Ingsun. Sadaya asmanipun sami kalihan asmanipun ingkang angliputi titah (makhluq) kasêbut nginggil.

--- 38 ---

Murih botên klintu tampi, wontên ing sêrat "Kunci Swarga" lss. anggèn kula nêrangakên: Ingsun – makhluq punika namung wêwayanganipun Ingsun – khaliq kemawon. Upami Ingsun – khaliq punika surya ing wanci têngange, sarta makhluq punika jêmbangan 1000 isi toya, ing satêngahing alun-alun, Ingsun – makhluq punika wêwayanganing surya ing satunggal-tunggaling jêmbangan wau.

Dados ingkang nama makripat ing Pangeran punika botên sanès kêjawi kados makripatipun pun jêmbangan isi toya dhatêng wêwayanganing surya punika. Makripatipun Ibnu Arabij lss. ingkang ngrungkêbi paham wahdatul wujud (pantheisme) ugi kados makatên punika, botên mawi wêwahan panganggêp: bilih surya ingkang gadhah wêwayangan punika botên wontên (atheisme). Miturut hukum agami, atheisme punika kalêbêt kupur (kufrun).

Sarèhning pangarangipun sêrat Sitijênar punika kathah menggokipun dhatêng kafir atheist (pênganut atheisme), botên anèh manawi wêdharanipun ingkang kadhapur ginêmipun Sitijênar utawi muridipun: anênacad tiyang nindakake sêmbahyang sarengat. Mangka manawi para pantheist (penganut pantheisme), para ahli shufi tuwin para arifin, umumipun botên sami nilar sêmbahyang sarengat. Samantên bedanipun!

Kajawi punika pangarang sêrat Sitijênar wau manawi mêthik dalil utawi lapal (III: 45 – 48) kêrêp-kêrêpipun namung mêthik ungêling kitab karanganipun salah satunggaling ngulama kemawon. Punika kirang prayogi kaangge gondhelan. Ingkang prayogi punika mêsthinipun namung nukil Qur'an tuwin Hadits ingkang shahih, sarta kêdah ngèngêti ingkang kasêbut ing lapal ngriku punika bab punapa, tuwin tuwuhipun (= nuzulipun) lapal wau karana punapa, supados botên nama "dudu bêrase ditêmpurake".

VI. BAB 'ALAM KUBUR, SWARGA – NRAKA LAN PATI PATITIS.

Saèstu dèrèng nama jangkêp, manawi pun pangripta namung mêthik lan ngoncèki iktikadipun pangarang sêrat Sitijênar bab Allah kemawon, kados ingkang sampun kawrat ing bab V. Mila ing ngriki badhe kula lajêngakên pamêthik kula: Kadospundi iktikadipun sang pangarang wau tumrap bab-bab ingkang kasêbut ing ngalamatipun bab VI punika.

Ing ngandhap punika pêthikan wêdharanipun sêrat Sitijênar ingkang nyariyosakên bab 'alam kubur lan swarga – nraka.

III. 21: sêjatine kawula wong mati (wicantênipun Ki Agêng Pêngging dhatêng Ki Patih), sabên rintên ratri pati suda, nèng dunya pira lawase, dangu manira idhup, mantuk malih mring asal urip

--- 39 ---

dunya pira lawase, dangu manira idhup, mantuk malih mring asal urip,Baris ke 3, 4, 5 dobel. pati sugih duraka, siksa nraka agung, wangsul benjang yèn wus gêsang, tanpa petang langgêng ing salami-lami ...

Id. 49: Sitijênar pamêngkuning urip (têmbungipun pangarang sêrat), anèng dunya puniku pralaya, ri ratri layon ciptane, purwaning kuna idhup, ngunandika Pangran Sitibrit, ngungun rumakêt pêjah, kèh nraka karasuk, lara lapa adhêm panas, bunêg bingung risi susah jroning pati, seje urip kang mulya.

Id. 50: Idhup mulya jumênêng pribadi, nora lêlantaran babu bapa, sabarang karsane dhewe, tan asal saking banyu, bumi gêni kabèh kawadis, ngalap mring karusakan, kèh siksa tinêmu, malah jumnêng sipat anyar, ngothak-athik ngêthukkên panggawe silip, durjananing agama.

Id. 51: Punggung mudha wong kadhadhung budi, cipta eblis lanat pikir setan, angên-angên coba gêdhe, nênuntun marang dudu, wong kang tiba naraka api, saking panggèndèng driya, ngrakêt catur napsu, irêng abang kuning seta, pira-pira malêksa makêthi-kêthi, rumasuk mring jiwangga.

Id. 52: Gêtun têmên uripku ing nguni, têtêp suci tan kacakrabawa, tan arah tanpa ênggone, irêng bang putih êmbuh, ijo dudu biru lan kuning, kapan sun bali marang, uripku rumuhun, wahyèng ati madyapada, kok mangkene rasane wong darbe ati, wong mêngku kayat anyar.

Id. 53: kayun anyar kodrat iradati, ngèlmu samak basar lan ngaliman, ngrêkasa timên rasane, panca pranawa kudus, kabèh wandaningsun sakalir,njro njaba nora ana, kang ginawa mantuk, kanggo uripku nèng kana, datan kêkah kabèh iki wujud najis, jêmbêr tur dadya wisa.

Id. 54: Warna-warna gumlar jroning pati, pati dunya ngrakêt panca driya, nganggo kayat kayun kiye, cacah sipat rong puluh, mèh kapencut dèrèng sun mati, panasaran mayuta, ing swarga nraka gung, kabèh iku kêna rusak, wujud bathang rêgêd arus amis bacin, cocog daliling Qur'an.

Id. 55: Wa'ama ngalamu jewatuni, gumlaring ngalam dunya gusthika, lah bênêr têmên maknane, mayit pating bilulung, ngulon ngetan ngupaya dhuwit, busana wastra mulya, sêsotya mas mancur, datan wruh kabèh gusthika, ...

Id. 56: ... nora wêruh ciri yèn wandane mayit, de arda kumawawa.

Id. 57: ... rajabrana dadi panggodhaning pati, marma têkad pulastha.

IV. 1: ... gunardika ngatas kawrin, kang cinipta dunya ingaranan laya.

--- 40 ---

Id. 2: Jroning pati swarga nraka, bêgja cilaka kapanggih, yèku gumêlaring dunya, cocog dalil Smarakandhi, analmayiti kubri, wayajidu kalibahu, satuhune wong pêjah, rumakêt jiwangga manggih, gêganjaran suwarga lawan naraka.

Id. 3: iya iku sapunika, wis pira-pira nandhani, suprandene wali sanga, kabèh kaliru nampani, mangkya ingaran urip, besuk ingaranan lampus, mangkya Pangran Lêmahbang, rintên dalu mardi budi, guna dibya ing kawruh mukswaning angga.

V. 13: ... anane jênêng manira (wicantênipun Sitijênar dhatêng Pangeran Têmbayat) mangke kêna ngarani kawula gusti, rèh anèng jaman pêjah.

Id. 14. Besuk yèn wus ngong urip pribadi, tamtu tan ana gusti kawula, mung kang urip salawase, langgêng tan ana layu, judhêg nikmat nèng têpêt suci, marma sun arda susah, sêdhêng mêngku layu, rumakêt swarga naraka, panasaran pira-pira jaman pati, yèki dunya punika.

Id. 15:Nora bêtah sun nèng ngriki mati, kapengin mulih mring jaman gêsang, ....

Id. 27:Rungokêna lapale kang muni, kayun daim walamut abadan, kang mangkono pardikane, basa urip tan layu, langgêng salaminira ngaurip,Lebih satu suku kata: langgêng slaminira ngaurip mila dunya punika, dudu aran idhup, pratandhane sira pêjah, anèng dunya dunya ingaranan pati, lah mara rasakêna.

Id. 28:Walmayitu filngalamul kubri,yujidu kalibahu têgêsnya, wong nèng kubur bakal olèh, awak-awakan nêmu, marma tampa ing swarga adi, wruhanamu samangkya, Pangeran Bayat muwus,Lebih satu suku kata: Pangran Bayat muwus lah êndi swarga naraka, ngong yun wêruh tuduhna ingsun cathêti, katur ing wali sanga.

Id. 29: Pangran Jênar angandika aris, mring kang paman Pangeran Têmbayat, mangkana pangandikane, hèh paman wruhanamu, swarga nraka wujud kêkalih, tur saking kadadeyan, kitabmu wis nyêbut, analjannatu wanara, wujudanimakluk kahanani liring, alanasa punika.

Id. 30: Swarga nraka kabèh wujud kèksi, tur dinadèkakên saking iya, ingsun kiyas planggêrane, kabèh wujud linêbur, tandhanira suwarga mangkin, ngong bengkas babar pisan, suwarga kang luhung, sênêng lan condhonging manah, nora kurang wong nèng kreta mrêbês mili, ojogan ura-ura.

Id. 31:... ojogan mring Samarang, ana swarganipun, rèh sênêng parênging prana, turu bambon bantal dhumpal ênggon tinggi, jro jiwa suka wirya.

Id. 32: ... nunggang kreta gledhag-glèdhèg, yèn narakane rawuh, mrêbês mili saanak rabi, ...

Id. 33: Marma wus têtela dunya iki, jênêng mati nêmu swarga nraka, ...

VII. 59: Pangran Lêmahbang mangsuli (dhatêng Pangeran Modang), hèh Modang prastawakêna, tanjaning urip rapale, kayu

--- 41 ---

daim layamuta, abadan têgêsira, urip jumênêng tan layu, abadan salaminira.

Id. 60: Dene mangke jênêng mati, jarwane kitab Talngisan, hèh rungokêna rapale, walmayit ngalamul kubra, yajidu kalibaha, mayit anèng ngalam kubur, nêmu wak-awak sarkara.

VIII. 1. Mila kubur sun nggonkên samangkin, awit urip ingsun nêmu wanda, wujud kawadis mangkene, dene planggêranipun, alngalamu kulu mujudin, sabên ngalam kuwanda, ...

Id. 2: Boya samar bêsuk ingsun urip, nora ngawur sapunika pêjah, uripku cangkramèng kene, anêmu jisim wujud, balung sungsum otot lan daging, gêtun kasasar pêjah, panasaran agung, godha rêncana blis setan, pira-pira naraka rumakêt jisim, balênggu rante wedang.

XI. 14: Bok aja mangkono Benang (wicantênipun Lonthang Samarang dhatêng Sunan Benang), wruhanamu dunya iki pan pati, ing ngakerat jênêng idhup, langgêng tantara mangsa, kêna godha sing sapa kang jênêng layu, rumakêt swarga naraka, panas pêrih ngêlak ngêlih.

Makatên pahamipun pangarang sêrat Sitijênar tumrap alam kubur lan swarga nraka, ingkang kacariyosakên awêwaton dalil. Kula matur barès: pahamipun bab swarga nraka punika cocog kalihan paham kula ingkang kawrat ing sêrat "Kunci Swarga" lss, ingkang wosipun: swarga nraka punika sanès bangsaning papan panggenan, sayêktosipun raosing manah sakeca utawi botên sakeca ingkang kita alami salêbêtipun gêsang wontên ing dunya punika.

Ananging pahamipun pangarang sêrat Sitijênar ingkang nganggêp dunya punika alam kubur, papanipun tiyang pêjah, kula botên sagêd andhèrèk, amargi nyulayani dalil naqli lan dalil 'aqli. Ing Qur'an lan ing Hadits wontên pintên-pintên ayat ingkang nyariyosakên bilih alam kubur punika alamipun tiyang ingkang sampun nilar dunya punika. Dados manawi sang pangarang botên namung awêwaton dalil 'aqli kemawon, amêsthi botên kalampahan gadhah paham ingkang makatên wau. Salah satunggaling ayatipun Qur'an nyariyosakên sambatipun roh ingkang nandhang botên sakeca wontên ing alam kubur makatên: "Dhuh Pangeran mugi kula kawangsulna (dhatêng dunya), supados kula têtilar pandamêl sae", mangka Pangeran lajêng dhawuh: "Ora bisa, ucapira iku tanpa guna, jêr sira kaling-kalingan barzach (alam kubur), nganti têkan mangsane ditangèkake" (XXIII: 99 – 100).

Panandhang botên sakeca wontên ing alam kubur punika dèrèng nama nraka, namanipun siksa kubur. Makatên ugi panandhang sakeca wontên ing alam kubur: dèrèng nama swarga, namanipun nikmat kubur. Pinanggihipun swarga nraka (sakeca lan botên sakecaning manah) punika sasampunipun dipun tangèkakên [tangèka...]

--- 42 ---

[...kên] saking kubur ing dintên kiyamat (qiyamat têgêsipun anjênggèlèk), ngangge awak-awakan anyar, inggih ingkang kita sandhang wontên ing dunya punika.

Dados tumrap tiyang ingkang dèrèng sampurna, purun botên puruna: kapêksa wongsal-wangsul dhatêng dunya malih, ngundhuh wohing pandamêlipun. Inggih punika sababipun wontên qadar (pêpasthèn) awon lan sae. Têrangipun: dunya punika ngakeratipun gêsang kita ingkang rumiyin, ugi pasawahanipun ngakerat ingkang dèrèng kalampahan.

Wondene pêthikan dalil "urip iku ora mati, langgêng salawase" (Pupuh V: 27 VII: 59) punika mila lêrês, amargi urip punika salah satunggal saking sipatipun Pangeran. Ananging botên sagêd dipun têgêsi dunya punika alam pati, sêbab botên langgêng. Miturut daliling Qur'an lan Hadits ingkang cocog kalihan dalil 'aqli: manungsa wontên ing donya punika urip mawi badan alus lan badan wadhag, wontên ing kubur kantun urip mawi badan alus thok, satanginipun saking kubur inggih urip mawi badan alus lan awak-awakan anyar.

Dene tiyang ingkang sampun sampurna, nalika nilar dunya punika: wangsul dhatêng urip kang agung, ingkang botên kenging kinaya ngapa. Inggih punika inggil-inggilipun gêgayuhan.

Isinipun sêrat Sitijênar ingkang pêrlu karêmbag kantun saprakawis: bab patraping pati patitis, makatên pêthikanipun:

VIII. 19: Yèn Si Jênar (wicantênipun Sitijênar dhatêng Sunan Benang) nutup banyu urip, basa Budha ran tirta nirmaya, banyu kayat cara Rabe, sajratul marifatu, cacah têlu ping têlu iji, gunggung sanga nirmaya, mratani sakojur, kang têlu mumpuni karsa, nomêr juga kang pêrlu wêruh pêrmati, têlu purbaning kodrat.

Id. 20: Nomêr loro kodrat dayèng urip, yèn tinutup budayèng suh brastha, nomêr têlu ing cacahe, pandulu myarsa ambu, dayèng tirta kayat murbani, panca driya sumamar, kumpulnya katutup, uning nganong uning ngana, pitu têlu kagulung dadi sawiji, jumênêng Suksmantaya.§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: "Pitu têlu" ing sêrat Sitijênar wêdalan Buning punika lêpat, lêrêsipun "pintu têlu" (kori tiga).

Id. 21: Warnanira ijo biru kuning, maya-maya lir bun têmpuh surya, yèku para wong purbane, bangsat bajingan kècu, kere ngêmis nglompra ing margi, padha lawan narendra, wali nabi jamhur, tan siwah yayah kalpika, kodrat purwa madya wusananing urip, ingkang murba masesa.

Id. 29. Hèh kabèh kang nèng kene pra wali, prastawakna pangracuting uswa, kodrat lawan iradate, aja nganti tumpangsuh, hakul mukmin saru yèn mulih, tan wun dadya pocapan, yèn klèru

--- 43 ---

pamugut, marma akèh wong sêkarat, kodrat durung sirna angên-angên mênit, purwane jêmpalikan.

IX. 1: Warnanên kang lagya layar, Sèh Sitijênar amusthi, nutup nupus anpas napas, panggulung sarèh rèh muksis, ngukut munggèng dimbagi, gya kayat kayun munpakun, mêsat yayah cancala, plêng pulastha Njêng Sitibrit, wus tan kêna kinira cinakrabawa.

Id. 2: Têtêp pratelaning Qur'an, idajaha ajalihim, layaktakiru sangatan, têgêse lapal puniki, tatkala praptèng pati, tan darbe karsa samênut, mangkono kodratullah, kang muktas bila alatin, tan katara Ngijrail derambil nyawa. (Para murid ingkang bela ugi kacariyosakên makatên).

Kula nuwun para nupiksa, wêdharan bab pati patitis ingkang mêntas kula pêthik punika wau, saklebatan: kula cocog.Ananging pêrlu kajlèntrèhakên makatên:

a. Manawi pati patitis punika sagêd kagayuh sarana iklasipun nilar dunya, punapa tiyang nglalu punika inggih patitis? Manawi titikanipun namung katingalipun anglêr, punapa obat "adalin" utawi "morphine" punika sagêd kaangge sarana murih patitis? Kalih pisan kula jawab: botên.

b. Manawi sang pangarang nganggêp bilih pati punika bar, botên wontên lêlampahan malih, tuwin sintên kemawon sami, punika kula botên sagêd nampi, amargi nyulayani dalil naqli lan dalil 'aqli. Upami kawruh kados makatên wau dipun siyarakên dhatêng umum, ingkang tuna ing budi lajêng dados liar, tangèh manggih katêntrêman, lan inggih mokal sagêd anggayuh pati patitis.

c. Manawi ingkang kaanggêp Pangeran punika toya gêsang utawi ma'ul hayat, kula inggih botên sagêd andhèrèk, amargi wetenschap (anatomi) sampun nyumêrêpi bab punika, kanamakakên aquae – ductus Sylvii, ingkang murba saranduning badan 12 warni, botên namung "têlu ping têlu" (VIII: 19) utawi "pitu têlu" (VIII: 20).§ Centhangan cap-capan ingkang kaping gangsal: Mirsani centhangan ôngka 7. Punika namung pirantos kemawon saminipun êrah lan napas.

d. Botên kèrêm dhatêng dunya punika pancèn minangka panumbasing pati patitis, ananging botên kenging takabur, kêdah sumarah dhatêng taqdir. Dene tiyang ingkang sêngit dhatêng dunya kados kocapipun Sitijênar (ing sêrat ngriku kathah têmbungipun makatên, botên kula pêthik) punika saèstunipun sami kalihan ... rêmên. Dados alangan.

Wusana, ingkang pêrlu kawigatosakên: sênajan kadospundi kemawon pahamipun, botên sagêd namung dados pangêrti, tanpa latihan. Sitijênar piyambak kocapipun inggih kulina latihan.

Nyumanggakakên.

--- 44 ---

ISINIPUN SÊRAT PUNIKA

... Kaca:

Prawacana. ... 5 - 6

BAB I Sarekat Abangan ing wilayah Surakarta kala jaman Hindia Bêlanda. ... 7 - 12

BAB II Sèh Sitijênar ingkang kasêbut wontên ing babad Dêmak punika sayêktosipun sintên? ... 12 - 17

BAB III Pangarangipun sêrat "Sitijênar" (Radèn Panji Natarata inggih: Radèn Sasrawidjaja). ... 17 – 25

BAB IV Gancaring cariyosipun sêrat "Sitijênar" (Sèh Sitijênar guru-ginuru kalihan Ki Agêng Pêngging, sami ambalela, dumugi sami kapidana pejah) .... 25 – 30

BAB V Bab Allah tuwin ingkang sinêbut "budi" (Iktikadipun pangarang sêrat "Sitijênar" dipun sisihi iktikadipun pangriptanipun sêrat punika). ... 30 – 38

BAB VI Bab 'alam kubur swarga-nraka, tuwin pati patitis (Iktikadipun pangarang sêrat "Sitijênar" dipun sisihi iktikadipun pangriptaning sêrat punika). ... 38 – 43

Isinipun sêrat punika. ... 44

__________

--- [0] ---

[4 halaman kosong]