Manuhara, Dirjaatmaja, 1924, #166

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

MANOEHORO

Sêrat Manuhara

Anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kawêdalakên dening Ki Patmasusastra, tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

Ing mangke kasusastranipun karuntutakên kaliyan paramabasa dhatêng Radèn Dirjaatmaja, up rêdhakturing Jawi Kandha.

VIJFDE DRUK.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N. V. Albert Rusche & Co. Surakarta, 1924.

--- [0] ---

MANOEHORO

Sêrat Manuhara

Anggitan dalêm suwargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV.

Kawêdalakên dening Ki Patmasusastra, tiyang mardika ingkang marsudi kasusastran Jawi ing Surakarta.

Ing mangke kasusastranipun karuntutakên kaliyan paramabasa dhatêng Radèn Dirjaatmaja, up rêdhakturing Jawi Kandha.

VIJFDE DRUK.

Kaêcap ing pangêcapanipun Tuwan N. V. Albert Rusche & Co. Surakarta, 1924.

--- [0] ---

[...]

--- 1 ---

Manoehara

1. Dhandhanggula

1. putêking tyas daruna gêng kingkin | kagunturan ing krama sarkara | kelut kalimput angêne | nir kabudayanipun | lir kataman ing astra bahni | brastha tanpa upaya | puwara gung wuyung | wahya wiyadining driya | driyasmara maripih marêk ngênèni | nangsaya mawèh brăngta ||

2. ingimur-imur mara mrêpêki | linali-lali saya ngalela | lênge ing tyase ngalèlèh | paran wusanèng gandrung | de kadêrêng darung kapati |

--- 2 ---

kapatuh ing pantaka | pan têka kadurus | kadrawasaning kung rimang | rêming netra satata kang mikatoni | kontraning dyah kotama ||

3. tamtam tuman tumonton ing rêsmi | rêsêping tyas ing rêspatinira | nirnakkên langên rêsmine | sor kang angsana tunjung | tunjung merang marang maskwari | rêkasa lumawana | kucêm warnanipun | sari-sari sabuwana | kasangsara lan sira rêbut mêmanis | manungsung asung gănda ||

4. gănda arum tinumrapkên maring | wandanira sumrambah warata | sumrik-sumrik sarandune | kongas mangêkês ing kung | madu-madu pathi sabumi | bubar padha tumiba | tumpêk tumpuk sungsun | sêsêg anèng sariranta | kumarane kumêrab amêrakati | marwasa wèh wiyoga ||

5. miwah lidhah lawan kilat [ki...]

--- 3 ---

[...lat] thathit | apêpanthan lawêne anuksma | anèng liring karêmêne | marma lamun tumanduk | lir anggane sara sangkali | lumarap ngalap jiwa | nir jiwitanipun | sumawana surya căndra | myang kartika prabane amrabawani | marang wadananira ||

6. sotya-sotya musthika di-adi | jagad traya wus ngumpul sadaya | dumunung tyasira anggèr | kontab ngumala mêrdu | kasusilan silaning èstri | sutrêptining akrama | teja lan kêkuwung | kawangwang nèng imbanira | mêmanone nênangi ana ing ati | onêng anon mring sira ||

7. pradapane ingkang taru rêsmi | raras rume rumarap ing sira | wus surêm ngalih sunare | sumirat maring tutuk | tungtung rêkta ngrêrontog ati | brêmara lan mutyara | cahyane cumundhuk | cumandhi [cu...]

--- 4 ---

[...mandhi] ring wajanira | narawungi wangun lir tètèsing warih | kengis ngasmarèng cipta ||

8. lung-êlungan kalangêning langit | anganglangi lumêngênging kisma | tumangkul ngukêl sinome | sinatmata wèh trênyuh | anyuhing tyas rudita gati | swara samarcapada | kang mardăngga arum | rumakêt kêkêt lan sira | srining swara lir rindinging pra apsari | kumênyut nganyut jiwa ||

9. têmah tumpêk pêpêk saananing | tri buwana kumarane mara | mêrak marang sira kabèh | kambuh-kambuh bêburu | mring kusuma kudu andasih | asih angèstupada | ajrih bok sinartu | sinadarga lamun sira | musthikèng rat nadyan Supraba lan Ratih | mung dadi kanthinira ||

2. Kinanthi

1. midêr ing rat angalangut | lêlana jajah nagari | mubêng têpining samodra | sumêngka

--- 5 ---

anggraning wukir | anêlasak wanawasa | tumurun mring jurang trêbis ||

2. sayêkti kalamun suwung | tangèh miriba kang warni | lan sira pêpujaningwang | manawa dhasaring bumi | miwah luhuring akasa | tuwin jroning jalanidhi ||

3. iku sapa ta kang wêruh | nanging kiraning tyas mami | sanadyan ing tri buwana | anaa kang madha warni | maksih sumèh sêmunira | lurus larasing rêspati ||

4. myang dêdêg pangadêgipun | sêdhêng sèdhêt amantêsi | sêmbada gênging sarira | lêlewani milangoni | wiraga raga karana | murwèng dyah yangyanging bumi ||

5. manis gapyak lukita rum | dhèmês luwês mêrakati | susila tyase ngumala | solahe nyudara wêrti | juwawut gêng kang salaga | parikudu sun ngèngèri ||

6. kadêrêng kudu andarung | kumêdah [ku...]

--- 6 ---

[...mêdah] dadia abdi- | nira sang kalêngkaning dyah | kang mardu martaning dasih | asih mring kwula wiyoga | yoganing kang ngusadani ||

7. sada kalaning lara kung | kinungkunga ing pangaksi | ingupakarèng wêwida | widagdaa ing pangrêmih | rêsêping tyas manuhara | larasing rèh nèng jinêm mrik ||

8. baskara mijil kalalun (lingsir) | janma pinrayitnèng wèsthi (disujanani) | sirna tyas mring kasujanan | araning jati ngêmasi (kayu jati mati ngarang) | gung rimang brăngta mangarang | rangu-rangu angranuhi ||

9. sayakanira Hyang Wisnu (cakra) | sarana giyota milir (wêlah) | gung kacakra solahira | mangimur-imur ngrêrêpi | we mijil ing antariksa (udan) | pama edan andalêming ||

10. Sang Wrêsni Kesawa Prabu (Sêtyaki) | brêmara kang talèng siti (tawon tutur) | sêtyanana tur kawula | paron [pa...]

--- 7 ---

[...ron] pamunduling rukmi (Endra) | Ngendraloka Janaloka | satata ulun sumiwi ||

11. sastra pangandhêging kidung (pada) | sudarma Basudewa Ji (Basukêthi) | ngèstupada mring kusuma | manjanmaa ping sakêthi | pusara pangikêt găngsa (palutur) | tumutur tan sêdya kari ||

12. upama sira mas ingsun | manuksma mring tarurêsmi | ingsun manuksma ring sêkar | gadhung rumambat ing uwit | lumalat mulêt pradapa | tumali kantil-kumantil ||

13. yèn sira nuksma riningsun | marang ingkang sarwa sari | ingsun kang dadya sadpada | rumarah mara mangungsir | ngisêp maduning kusuma | sanetyasa lêliron sih ||

14. aywa na sawalèng kayun | kewala kadya angganing | mimi lawan kang mintuna | supêkêting siyang ratri | lusi gung kang sabèng rawa (wêlut) | mung sira kalulut [kalu...]

--- 8 ---

[...lut] mami ||

15. kambing wana kang sêsiyung (kidang) | iswara nagri Biraji (Aspadriya) | pangudang-udanging driya | yèn kalakon dadi gusti | kawis pita mawa gănda (maja) | amung aja manggung runtik ||

16. manawa netyanta sirung | ilang tejaning mêmanis | sirna tyas mring kasusilan | kusut raras ruming èstri | kang carma tumraping pada (sêtiwêl) | owêle kapati-pati ||

17. dhukut têgal pindha pantun (sukêt kalamênta) | pamintèngwang kusuma di | wangkawa manawêng surya (bêndu) | yèn bêndu marang kang abdi | wisma sasanèng kawaca (gêdhong) | gêdhongên nèng jinêmwangi ||

18. gêpyokên wêdharing gêlung | sudukên ing sadak rawis | gablogana burat wida | pandunkên kanaka lungit | kalesa kentar ing toya (sarah) | sumarah karsanta gusti ||

19. carma wrêksa kang wus luru

--- 9 ---

(klika) | nalikanira samangkin | kalpika tumraping braja (pêthuk) | yèn kêpêthuk lan sira ri | laraping kang riris madya (nêrpya) | kumêpyur ingsung tan sipi ||

20. dhèngkèlên kongsi samênut | têrataban têlung ari | gumêtêr luwih rong dina | gragapan saari-ari | woh gêbang kang rinumpaka (krandhing) | kaya ta ana sumandhing ||

21. sotya kêkawin ranipun (mulat) | mulat nganan mulat ngering | puspita rinawis rêngga (gubah) | gêgubah dèn wolak-walik | garwa Sang Rêsi Wisrawa (Sukèksi) | dupi tan ana kaèksi ||

22. anjêgrêg jêjêr anjêtung | jinjang jêjantunge rujit | cipta murca ring tyasira | gumulung ngrangkul gêguling | rinasa-rasa udrasa | drawaya waspa drês mijil ||

3. Mijil

1. wastra ngangrang tèbènging patani (gas) | panggagasing batos [ba...]

--- 10 ---

[...tos] | atma Dwija Sampani wastane (Jayadrata) | gung karănta ing siyang myang ratri | ingkang sarpa langking (dumung) | mung sira riningsun ||

2. patarendra (dhampar) parabing pawèstri (wadon) | paran wêkasing don | kang toh pita sumrambah nganggane (panu) | lagya ana panujuning ati | ron lêsah ing siti (uwuh) | ewuh marganipun ||

3. waeladi (ati= tyas wadon) tanayèng Kadhiri (Căndrakirana) | kiraning tyas ingong | yêksa Prabu Gorangsa kadange (Suratimăntra) | datan măntra sira animbangi | janma gung kajodhi (asor) | wit asor kalangkung ||

4. tawing wastra (kêlir) ron kamal kang kuning (sinom) | nadyan sang lir sinom | kukila gung sabawèng ratrine (kudhasih) | datan suda anganggêp kêkasih | andêl Ngalêngka Ji (Dumrêksa) | mêksa raganingsun ||

--- 11 ---

5. pasir krêsna ngujwala kaèksi (wêdhi malela) | lila trusing batos | gothaka lit kawistara lênge (song) | suka dadya panongsong pakathik | roning tangkil kawis (so) | sokur raganingsun ||

6. satriya di purèng Glagahwangi (Radèn Patah) | patahên wak ingong | pragosa lit janjan ing warnane (tukang) | dadya tukang panêbah jinêm mrik | jêjanggan nèng wukir (wasi) | wasis nora kidhung ||

7. gudhe rambat kang pêpatra ruwit (kapri) | kapriye riningong | suwati kang ngrabasèng tirise (wangwung) | yèn manggunga mung srawungan angling | atmajèng Kekayi (Radèn Brata) | brăngtèngsun kadurus ||

8. wanara gung (wawa) kramaning pangaksi (anon) | tan kuwawa anon | Sri Narendra Manggada parabe (Citragada) | mring citranta ingkang pindha sasi | tungguling apsari [apsa...]

--- 12 ---

[...ri] (Supraba) | prabane ngênguwung ||

9. sadpada lit ulêng anèng panti (lancêng) | cêngêng yèn tumonton | turăngga kang rêkta sakiswane (napas) | napas sêsêk kêkêtêk kumitir | we mijil ing dhiri (kringêt) | kang karingêt kumyus ||

10. kampuh nendra (singêp) raning wana basmi (tunon) | sumingab kang panon | dewatangin sira palênggahe (bayu) | tanpa bayu yayah angêmasi | srayaning pakarti (nyambat) | sambat jroning kalbu ||

11. patra wisa (kêmadhuh) yoganing maharsi (anak pujan) | dhuh pêpujan ingong | basu wiring (wolung) andanu wismane (kêbo) | têtulunga babo ing kaswasih | pundhèn Pandhusiwi (kalima usada) | usadèng lara kung ||

12. puspa kisma kang winudhar enjing (layon) | sajroning mèh layon | kang kintèki pakirim cirine (ngalamat) | lamat-lamat ing

--- 13 ---

swara tan pangling | Risang Nangkula ri (Sadewa) | yèn sira dewa yu ||

13. tambang pisah (pêdhot) nandukkên jêmparing (manah) | kang manah sumêdhot | kêpêt dangan (ilir) drananing panggawe (wêgah) | lir ginugah gumregah alinggih | lung măngka usadi (lênglêngan) | lênglêng lênguk-lênguk ||

14. cipta maya (angên-angên) rukêm kang tan pari (kêtos) | ngangên-angên batos | sotya rêkta (mirah) Gulangge prajane (Ngindi) | mirah ingsun sira anèng ngêndi | diwasaning ari (dalu) | têka tan kadulu ||

15. gudhe pandhak (apa-apa) unggyaning piranti (gêdhong) | apa anèng gêdhong | taru arga lir kiswa rondhone (cêmara) | dyan umadêg mara marêpêki | pasewakèng tami (bale mangu) | mangu manguk-manguk ||

16. paksi toya kulawu kang warni (cangak) | ingungak tanpandon | raning janma

--- 14 ---

pangrêsik tilame (panêbah) | têbah jaja cangkelak abali | sela cala radin (lètèr) | nèng latar pitêkur ||

17. duk samana wayah madya ratri | hyang căndra katonton | maratani udara lawêne | tinawêng ing imalaya nipis | rumamyang kaèksi | lir pupur rinêmbug ||

18. nèng wadananira sang mawèh gring | amêlok sumorot | kapitèng tyas winudhar astane | manêmbrama ing têmbung mêmanis | dhuh hyang-hyanging bumi | têtinjo maring sun ||

19. apa sira kang paring usadi | mring dasih kang nglamong | asih têmên marang gêgêbale | dupi kontra kang ima lumindhih | wantah sitarêsmi | tumungkul anggandrung ||

20. nênggak waspa tumingal manginggil | kartika mancorong | nèng pracima kumêdhap cahyane | lir kincanging [kincang...]

--- 15 ---

[...ing] alis kang mawèh gring | adhuh sambat mati | kapêtêk ing gandrung ||

21. tan antara ingkang lintang ngalih | gumêbyar cumlorot | ingsun sidhêp liringira anggèr | adêduka mring kang lagya agring | puwara asêpi | aliwung mangun kung ||

22. titi sonya ngrancaka ngranuhi | sasăngka wus ngayom | angênèni laleyan sunare | wêwayanganing angga dumêling | tinubruk liniling | ngênglêng gandrung-gandrung ||

23. dhuh-dhuh adhuh woding driya mami | juwita winongwong | glis sapanên intên gêgêbale | aywa mèndêl tanpa ngandika ris | paran dosa mami | de prapta tumambuh ||

24. lamun ana sisipe kang abdi | saking tan rumaos | anglirwakkên marang sarirane | tarlèn muhung aksamanta gusti | upamèng sun kadi | mas kentar ing ranu ||

--- 16 ---

4. Maskumambang

1. ing sakarsa tan nêdya sawalèng galih | têmpuhna asmara | bengkas puspitanèng wèni | suka palastra ing tilam ||

2. sadangune nèng latar gung salah kapti | wus bangun raina | sumirat sunaring rawi | sumuluh ing antariksa ||

3. têmah kucêm kusut sasăngka kêlindhih | nir ujwalanira | kang dinalih kusuma di | puwara tanpa karana ||

4. kagyat kanggêg kagugu solahing nguni | tansah sayut driya | mimba sing wisma angalih | tumama maring udyana ||

5. ngenggar-enggar mrih purna pranawèng kawi[1] | birating turida | dupi prapta samipaning | wêdari mulat puspita ||

6. lagya nêdhêng kongas kang gănda mrik minging | tumujwèng nasika [na...]

--- 17 ---

[...sika] | èngêt mring sang wèh wiyadi | anglês anglosod ing kisma ||

7. amiyarsa swarane brêmara ngrêngih | angrêrubung sêkar | kang mèdêm madune pinrih | wèh yatna nyana sasmita ||

8. dyan umadêg alon dènira lumaris | mring taman mèt sêkar | cinangking nèng asta kering | satata kinuswa-kuswa ||

9. asta kanan tumumpang nèng pundhak kering | midêr-midêr miyat | panjrahe kang sarwa sari | uninga tyas kaonêngan ||

10. sambat-sambat dhuh babo sang kadi Ratih | baya tan supêna | tangèh tukua pawarti | dasihe anandhang brăngta ||

11. pisang lêsah (dalu) patih nagri Maèspati (Suwănda) | sadalu wandèngwang | paksi krêsna (gagak) raning aji (narendra) | ngagak-agak datan nendra ||

12. gadarba gêng (singa) narmada

--- 18 ---

katunan warih (asat) | singa kasatmata | pandakwa mring wong ajuti (tarka) | panarkèngsun yayi sira ||

13. garwa wipra (endhang) wogan alit tumbal panti (akar) | angendhangi karsa | matswa gêng munggèng jahnawi (papar) | pêparing pituwas brăngta ||

14. kelor wana (sana) ubaya kang tanpa warni (tan nyata) | wusana tan nyata | carême sasanèng têgil (katu) | katuwone raganingwang ||

15. sotaning tyas kadya tarwe măngsa katri | jênar tanpa teja | lir cintaka minta riris | angajap tibaning warsa ||

16. kang minăngka warsane sira maskwari | rarab wèh martana | tarulata tur andadi | cintakane tan sangsara ||

17. yèn tan kadya mangkana paranta gusti | sayêkti kadawan | drawayane tyas naputi | dumadi dêdalan lina ||

18. tămbra mimba

--- 19 ---

(iwak mangur) kramane pangamèt kapti (disruwe) | angur sinruwea | wilada kang patra lêmpit (èlo) | lowung dadi êmbanira ||

19. têpi dwaja (bara) piji gêng kang munggèng kawis (girang) | pirangbara benjang | satriya Singgêla nagri (Bisawarna) | bisa malês ing sihira ||

20. kawi papa (sudra) mantasa nagri Kubarsi (Kadarwati) | sakadaring sudra | kalabang markatèng ratri (rêna) | akarya rênaning driya ||

21. sarpa krêsna (ula dumung) têtula munggèng turanggi (timbangan) | amung timbangana | prajane Sang Wisnusiwi (Trajutrisna) | dhuh mirah trêsna kawula ||

Tamat

--- [20] ---

[Iklan]

--- [21] ---

[Iklan]

--- [22] ---

[Iklan]

 


§ mirid saking uruting suraos bokmanawi: kapti botên kawi. (Red J.K.). (kembali)