Ugêring Palakrama, Bratakesawa, 1927, #1308

JudulCitra
Terakhir diubah: 09-06-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Serie O. No. ... OEGERING PALAKRAMA Harga f 0,75.

Sêrat Ugêring Palakrama.

Amarsitakakên prêlunipun palakrama sarta paugêranipun, sambekala warni-warni sarta pambengkasipun, tuwin pamilihipun wanita ingkang prayogi kagarwa, punapadene ngêwrat ngèlmi pirasat utawi katurangganing wanita.

Ingkang anggubah: Radèn Bratakesawa, jurnalis ing Ngayogyakarta.

CETAKAN PERTAMA.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi, ing Kadhiri. 1927.

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Sêrat Ugêring Palakrama.

Amarsitakakên prêlunipun palakrama sarta paugêranipun, sambekala warni-warni sarta pambengkasipun, tuwin pamilihipun wanita ingkang prayogi kagarwa, punapadene ngêwrat ngèlmi pirasat utawi katurangganing wanita.

Ingkang anggubah: Radèn Bratakesawa, jurnalis ing Ngayogyakarta.

CETAKAN PERTAMA.

Kawêdalakên sarta kasade dening: Tan Gun Swi, ing Kadhiri. 1927.

--- [2] ---

Diperlindungi hak karang-karangan menurut Stsbl, tahun 1912 No. 600 fatsal 11.

Kitab yang syah, mesti ada tanda tangannya si penerbit seperti di bawah ini.

[Tanda tangan]

--- 3 ---

Prasabênipun ingkang Anggubah.

Wiyosipun, ingkang sayogi maos sêrat punika pancènipun namung para priyantun kakung kemawon. Ewadene manawi wontên priyantun putri ingkang karsa maos, inggih botên dados punapa, namung kemawon manawi nrênjuhi suraos ingkang kagalih botên condhong utawi kirang prayogi, mugi sampun kasêsa duka, kaparênga anggalih ingkang panjang, mawi panggalih ingkang asrêp sarta adil.

Kawuningana, ingkang anggubah sêrat punika umuripun sampun cêkapan, tur sampun ngalami lêlampahan warni-warni, sadhèrèk èstri gadhah, anak èstri inggih gadhah. Dados anggènipun ngarang sêrat punika botên ta yèn namung anggêga kajêngipun piyambak kemawon, ing sayêktosipun inggih mawi têpa-têpa ingkang sangêt.

Wusana namung aksamanipun para maos kemawon ingkang tansah kula suwun.

Rampunging pangarangipun wontên ing kitha Magêlang, kaping 2 Januari 1927, utawi 27 Jumadilakir 1857, tinêngêran: Pandhita misik murtining wanita.

--- [4] ---

[...]

--- 5 ---

I. Prêlunipun Palakrama.

Tiyang gêsang ingkang limrah, punika sami jêjodhoan utawi palakrama, prêlunipun minăngka sarana anggènipun nurunakên wiji, sarta kangge kănca têmbayatan anggènipun rumêksa ing gêsangipun.

Nurunakên wiji, punika kacariyos pancèn sampun dipun dhawuhakên dening Ingkang Maha Kawasa kawrat wontên ing Kuran: supados tangkar-tumangkar minăngka isèn-isènipun jagad raya. Saksinipun: manungsa jalêr èstri sami kadunungan raos kapengin sahwat. Malah sato kewan ingkang botên gadhah budi kemawon, inggih sami kadunungan raos makatên. Punika saksinipun manawi saking karsanipun Pangeran Ingkang Maha Agung.

Sarèhning prakawis nurunakên wiji sarta rumêksa ing gêsang punika babagan ingkang prêlu sangêt, dados angudi widadaning palakrama punika inggih langkung dening prêlu. Awit palakrama ingkang kirang kalêrêsan punika mahanani kirang têntrêmipun bale griya, sarta kirang prayogi tumraping putra, satêmah botên widada.

Jalaran saking punika, kula lajêng nêmpuh byat ngarang Sêrat Ugêring [U...]

--- 6 ---

[...gêring] Palakrama punika, sinartan ing pamuji mugi-mugi sagêda maedahi ing saprêlunipun.

__________

II. Palakrama ingkang Kalêrêsan.

Palakrama punika manawi sagêd kalêrêsan, menginakên. Atut rukun, mong-ingêmong, sih-sinihan, botên nate tukar pabên.

Jêjodhoan makatên punika, manawi taksih enggal, asihipun wau saperangan agêng bab asihing jalêr kalihan èstri (= sêngsêm), dene manawi sampun dangu, asihipun wau kados asihing sadherekan (= trêsna). Asih ingkang sagêd langgêng makatên wau, ingkang tamtu amargi tunggil bêbudènipun.

Jêjodhoan ingkang sagêd makatên punika, adatipun rijêkinipun inggih sagêd sêmpulur, sanajan ing mosakala[1] kacingkrangan, inggih botên patosa ngrêkaos ing panampinipun. Anak-anakipun inggih sagêd dados lare ingkang lurus budinipun sarta ambangun turut.

Palakrama ingkang makatên wau kenging kabasakakên manggih suwarga donya, manahipun ayêm têntrêm, sagêd èngêt dhatêng kasucian sarta pangabêkti. Pantês sinudarsana.

__________

--- 7 ---

III. Palakrama ingkang Botên Kalêrêsan.

Dene palakrama ingkang botên kalêrêsan punika kosokwangsulipun ing nginggil punika. Ing bale griyanipun namung tansah botên têntrêm kemawon. Pêpindhanipun ratu botên cocog kalihan pêpatihipun. Kêrêp tukar pabên, apês-apêsipun nêng-nêngan. Sampun tamtu kawulanipun, inggih punika tiyang sagriya, tumut susah sadaya.

Anakipun tiyang ingkang makatên wau ingkang kathah inggih kirang prayogi kadadosanipun. Amargi ing sadintên-dintên namung tansah nyipati kawontênan ingkang saru, awon, prasasat dipun tuntun.

Tiyang ingkang jêjodhoan botên kalêrêsan punika ingkang tamtu rijêkinipun inggih barabas, boros. Awit kirang têntrêmipun wau anjalari anggènipun pados pangupajiwa kirang pikantuk, kados ta lajêng mutung botên purun nyambutdamêl. Saya manawi tukar pabênipun wau asring mawi damêl risaking barang-barang, punika sampun cêtha manawi cêpak dhumawahipun ing kamlaratan.

Tiyang sêsimahan ingkang makatên wau, waunipun gadhah pangintên, manawi sampun anak-anak sagêd anjalari ing rukunipun, [ruku...]

--- 8 ---

[...nipun,] bêbudènipun ingkang botên cocog sagêd ewah dados cocog, dening ningali anakipun. Milanipun botên enggal-enggal pêgatan, awit pêgatan punika mênggahing tiyang ingkang ambêk susila kalêbêt saru dinulu, (Zie Căndrarini), dados dipun srantosakên. Wusana pangintênipun wau klintu, awit wontênipun anak wau malah mêwahi ing karibêdanipun. Liripun, samangke badhe pêgatan, saya awrat, jalaran nolèh anak-anakipun. Măngka dipun lajêngakên sampun tita botên cocogipun, prasasat kiyamat ing sadintên-dintên. Kenging sangêt jêjodhoan ingkang makatên wau kabasakakên kacêmplung ing naraka donya.

Jêjodhoan ingkang botên cocog, sagêd anjalari salah satunggal utawi sakalihipun nindakakên pandamêlan ingkang kirang prayogi, kados ta: rêmên sănja, plêsir-plêsir, ngabotohan, jina. Amargi rumaos botên kraos wontên ing griya, rekanipun pados kasênêngan kangge panglipur. Ingkang adhakan makatên punika tiyang jalêr, amargi tiyang jalêr makatên wiyar jangkahipun, makatên-makatêna sakêdhik sarunipup.[2] Dene tiyang èstri adhakanipun namung

--- 9 ---

rêmên sănja, nyantên awoning tiyang, dangu-dangu nyantên awoning sadhèrèking laki, sarta lakinipun piyambak.

__________

IV. Pawèstri Andayani dhatêng Lakinipun.

Sampun botên sagêd pinaibên malih, bilih pawèstri punika andayani agêng sangêt dhatêng lakinipun, para maos tamtu sampun sami nyipati piyambak.

Botên kirang-kirang tiyang jalêr ingkang wêwatêkanipun kasar, sagêd malih dados alus, amargi simahipun jatmika alus ing budi, sagêd ngêmong lakinipun. Ingkang makatên wau bokmanawi kenging dipun upamèkakên kadosdene tiyang dipun sadhiyani pangangge ingkang suci rêsik sêdhêp gandanipun, utawi pasarean ingkang tinata rêsik gumrining gănda arum ngambar. Ingkang tamtu inggih botên mêntala grusa-grusu mangangge utawi sare, manawi dèrèng sêsuci rumiyin.

Kosokwangsulipun, kathah kemawon tiyang jalêr ingkang waunipun bêcik apik, inggih sagêd malih ical bêcik apikipun, jalaran kenging dayaning rabinipun.

Jêjodhoan makatên wau tarkadhang sakawitipun malah karaos kirang cocog, sarêng dangu-dangu kêtularan, punika sawêg [sa...]

--- 10 ---

[...wêg] dados ing cocogipun. Wontên ugi ingkang sampun kêlajêng kêtularan mêksa taksih botên cocog, inggih punika manawi kêtularan awon, lajêng dados awon sami awon. Mênggahing bêbudèn: awon kêmpal kalihan awon punika botên sagêd rukun, amargi budi sagêd rukun punika kalêbêt budi sae.

Ingkang sagêd tumular makatên punika ingkang tamtu tiyang têngahan mangandhap, dede priyantun agêng, amargi tiyang têngahan punika sasrawunganipun sêsimahan langkung rakêt ing sadintên-dintênipun.

Pralampita ing jaman kina, bab pawèstri punika têrang sagêd andayani lakinipun makatên: Bambang Kumbayana inggih Dhanghyang Durna, punika ngrabi widadari Dèwi Wilutama, ingkang kala rinabi wau sawêg awarni kapal. Ing wusana pêjahipun Pandhita Durna wau salah kêdadèn: manjalma ing kapalipun ratu ing Malawa, lajêng dados kapal pandhita, sampurnaning pêjahipun dening pitulunganipun Radèn Arjuna. (Zie Kalimataya).

Èstri ingkang utami: sagêd ambiyantu sêdyaning kakung dhatêng panêmbah kadosdene bapa. Manawi lakinipun nandhang sakit, dados sêsulihing biyung. Ing salêbêtipun kakung kasangsaran, [kasang...]

--- 11 ---

[...saran,] dados panglipur. Dene ing salêbêtipun manggih suka wirya dados mitra sinarawèdi. (Zie Sakuntala).

Èstri utami sagêd anglêrêsakên lakinipun ingkang pinuju lêpat, ngèngêtakên lakinipun ingkang pinuju kêsupèn, asarana têmbung ingkang pratitis, kêdaling wicara ingkang manis manuhara, kados aturipun Dèwi Citrawati dhatêng Sri Arjunasasra, nalika duka ing bab dora caranipun wil Sukrasana. Dèwi Citrawati matur: Prayogi botên anggalih buta palawija ingkang namung amrih pakandêlaning pasuwitanipun, nistha mênggahing narendra agung. Tinimbang pun buta awon-awon, dene punika ratunipun: Sang Rahwana, malah sampun kapikut. Wusana Sri Arjunasasra lilih dukanipun, sarta rumaos kaluhuran sabdaning garwa.

Èstri ingkang candhala ing budi: badanipun sakojur apangawak godha, sadintên-dintênipun namung tansah ngiris-iris manahipun ingkang jalêr, nênarik dhatêng kawirangan tuwin kasangsaran, nêbihakên dhatêng panêmbah, awit èstri ingkang makatên wau manisipun namung manawi pinuju mangun karasikan. Dados bêbasan tiyang èstri punika suwarga nunut naraka katut, punika kêdah mawi katrangan: bilih tiyang èstri inggih sagêd narik dhatêng suwarga

--- 12 ---

utawi naraka wau. Ingkang sagêd narik dhatêng suwarga, pralampitanipun ing kina: Prabu Watu Gunung, minggahipun ing swarga amargi pamothahing garwa Dèwi Sinta nyuwun kamaru widadari, mila sang prabu lajêng lumurug dhatêng Suralaya, nêmahi seda minggah ing swarga. Sarêng sang prabu kadhawuhan wangsul dhatêng marcapada malih, amargi Dèwi Sinta muwun têmahan andhatêngakên gara-gara, sang prabu botên karsa, nyuwun ingkang garwa Dèwi Sinta sarta putra-putranipun kasusulakên dhatêng swarga, (swarga nunut). Dados Dèwi Sinta wau kenging kabasakakên narik kakungipun dhatêng swarga, lajêng katut dêdunung ing swarga. (Zie Babad Tanah Jawi door Meinsma).

Dene têpa palupinipun èstri ingkang apangawak godha makatên: nalika Bathara Guru nitih lêmbu andini kalihan ingkang garwa Dèwi Uma, Dèwi Uma anggodha, Sang Hyang Jagadnata keguh, ingkang garwa lajêng rinêsmi, nanging Dèwi Uma nginggati, satêmah kamanipun Hyang Guru dhawah têngahing samodra, Hyang Girinata kacuwan ing galih. Wasananipun sangsara sadaya, bêbasanipun wirang ambêbarang. Hyang Guru nêmahi asêsiyung kados rasêksa, Dèwi Uma ingupatan dados rasêksi Bathari Durga, pun kama dados rasêksa botên limrah: Bathara Kala.

Manawi ingkang kocap ing Paramayoga, Sang Hyang Jagadnata

--- 13 ---

ingkang adrêng badhe angrêsmi. Punika namung kangge ngalingi sampun ngantos saru, têmênipun Dèwi Uma ingkang inggodha minta rinêsmi. Awit manawi Bathara Guru ingkang adrêng, kadadosanipun putra botên jalêr, ingkang tamtu èstri. Makatên ingkang kasêbut ing dalêm Weda.

__________

V. Pawèstri Andayani dhatêng Anakipun.

Biyung andayani dhatêng anakipun, punika inggih botên kenging pinaibên, amargi:

Sapisan: biyung dados lantaran wijining manungsa dumados jabang bayi. Tanpa biyung, wiji botên sagêd dados, kajawi satunggal Sang Hyang Sita inggih Nabi Sis, putranipun Sang Hyang Adama inggih Nabi Adam, kabaripun.

Botên namung dados sarana utawi wadhahing wiji kemawon, ing sayêktosipun biyung ugi ambumboni wiji wau, awit ciptaning biyung salêbêtipun cumbana, sarta pakartining biyung nalika wawrat, inggih anumusi dhatêng anak. Milanipun manawi sarêsmi prêlu sangêt bapa biyung sami angrêsikakên ciptanipun. Katranganipun ingkang panjang kaêwrat ing sêrat: Kawruh Sanggama.[3]

--- 14 ---

Têpa palupi duk jaman kina: nalika Dèwi Ambalika pinurwa ing rêsmi Radèn Abiyasa, kacariyos saking gilanipun Dèwi Ambalika dhatêng Radèn Abiyasa, amargi Radèn Abiyasa wau cêmêng sarta brewok, mila sang dèwi angêrêmakên netra. Wusana dadosipun putra: Radèn Drêstharastra punika wuta.

Dene saksi pakartining biyung nalika wawrat, ingkang sagêd amahanani dhatêng kandhutanipun, para maos tamtu sampun sami priksa, awit bab punika kêrêp sangêt kêpirêng, băngsa alit, têngahan, luhur, sami kemawon wontênipun kadadosan makatên.

Kaping kalih: bab panggulawênthahing putra, sampun têtela biyung ingkang dados baku, amargi biyung ingkang langkung kulina ing sadintên-dintênipun. Mênggah awon saening panggulawênthah sagêd andadosakên awon saening tindak-tanduk tuwin wêwatêkan, punika inggih sampun nyata.

Ing jaman kina sami kasêbut, para pandhita ingkang asimah widadari, patutan putri ingkang pinunjul, wêkasan dados sorining nata. Kados ta: Dèwi Citraswara yoganipun Bagawan Citradana, dados sorinipun Sang Prabu Jayamisena ing Kadhiri.

--- 15 ---

Dèwi Sukandi, punika atmajaning pandhita rasêksa: Ajar Sukanda, nanging ibunipun widadari, wêkasan dados sorinipun Prabu Parikêsit ing Ngastina.

Tuladha ing nginggil punika, kajawi minăngka saksi bab adon-adoning wiji kasêbut ing ngajêng, inggih anêdahakên bilih saening panggulawênthah punika sagêd andadosakên saening warni, tindak-tanduk, wêwatêkan, tuwin kadadosanipun. Sampun tamtu kemawon panggulawênthahipun inggih ingkang cocog kalihan jamanipun kala samantên.

Mila layak kemawon, tata caranipun tiyang wetanan, èstri punika dipun pingit, punika têgêsipun dipun aji-aji, supados suci, amargi èstri punika dados biyung kula sadaya, tumut angwontênakên kula, juru anggulawênthah ingkang prêmati, milanipun kêdah suci rêsik.

Tata cara pingitan punika tumrap jaman samangke sampun kathah ingkang botên nyondhongi, punika saking dayaning pangajaran kilenan sarta sêsrawunganipun.

VI. Ugêring Palakrama.

Miturut ingkang sampun kula andharakên ing nginggil, dados, priya punika prêlu sangêt kagungan garwa ingkang utami. Inggih

--- 16 ---

garwa ingkang utami wau ingkang badhe narik dhatêng kawilujêngan sarta katêntrêmaning bale griya, punapadene badhe sagêd mahanani putra ingkang utami kadadosanipun, amargi saking dhasar sarta panggulawênthahipun.

Ukara ingkang mungêl: badhe narik dhatêng kawilujêngan, punika sayêktosipun kenging dipun santuni: botên dados godha sêdyaning priya ingkang utami.

Para priyantun putri ingkang maos sêrat punika mugi sampun kasêsa duka, sampun maibên, botên kirang-kirang pawèstri ingkang sadintên-dintênipun tansah angrêncana sêdyaning priya ingkang bêcik apik.

Ingkang kabasakakên wanita utami, sarta paugêranipun ngupados garwa, kapratelakakên ing wingking kemawon. Dene ingkang prêlu dipun upadosi, murih widadaning palakrama, punika sayêktosipun namung warni satunggal: condhonging manah. Manawi sampun condhong yêktos, sanajan ing ngakathah mastani botên utami pisan, inggih mêksa dados.

Dados, condhonging manah punika ingkang minăngka pusaraning akrama. Dene condhongipun wau atarik saking warni sarta tindak-tanduk. Mênggah warni sarta tindak-tanduk wau panganggêpipun [anganggêpipu...]

--- 17 ---

[...n] satunggal-tunggaling tiyang botên sami, botên kenging dipun êbabi, namung gumantung ing raosipun piyambak-piyambak. Raos wau ingkang limrah miturut kabangsanipun: yogaswara,[4] dewa-dèwi, apsara-apsari, putra-putri, rasêksa-rasêksi. Kados ta: băngsa Walandi, ingkang dados condhonging manahipun manawi wontên nonah kulitipun pêthak sêmu abrit, mripat siwêr, rambut jêne, sarta ngêndonakên gujêng. Nanging tiyang Jawi botên makatên, băngsa Tiyonghwa inggih beda malih.

Makatên ugi tiyang èstri, inggih botên sagêd condhong manahipun: manawi botên tunggil raos. Bab punika priya kêdah ngawekani, sampun namung nolèh sariranipun piyambak kemawon. Awit raos condhonging manahipun wanita wau agêng sangêt paedahipun, tumrap pangudi widadaning palakrama. Têrangipun manawi dipun gambar mawi ringgit purwa makatên:

Dèwi Siti Sundari kipa-kipa rinungrum Lêksmana Măndrakumara, mbèk meyong wok kêthêkur, tur mawi bêdhigasan, awit ingkang cocog kalihan raosing manahipun: yam-yam tilam pajimatan pagulingan, sarta tandang tandukipun ingkang alus, inggih punika Radèn Ăngkawijaya.

--- 18 ---

Dene Dèwi Prêgiwa, sajakipun rêmên cêkak aos botên kêkathahên têmbung. Radèn Gathutkaca nyawat sêkar kalihan andhawah saking nagasantun, sarwi wicantên: Aku dhêmên marang kowe, yèn kowe ora gêlêm nimbangi, aku patènana. Ngatên kemawon sampun kêpranan.

Wontên ugi pawèstri ingkang botên kêraos manahipun dipun rumpaka makatên.

[Mijil]

Dhuh dhuh adhuh woding driya mami | juwita winongwong | glis sapanên intên gêgêbale | aywa mèndêl tanpa ngandika ris | paran dosa mami | de prapta tumambuh || (Zie Manuhara). Dene sagêdipun kêpranan manahipun manawi dipun uran-urani makatên: dhasar ayu kuning tur mêthingthing | manuta sun pondhong | ... || Ingkang tiyang èstri sanèsipun bokmanawi malah mlengos, dening isin mirêngakên. Samantên beda-bedaning bêbudèn, ingkang kêdah sami dipun kawekani.

Sarèhning sampun têtela, bilih bakuning palakrama punika cocoging manah, mila ngupados garwa punika ingkang prêlu inggih kêdah nyumêrêpi sayêktos bêbudènipun. Utaminipun pisan, botên ngêmungakên cocog kalihan bêbudèning calon garwa, inggih ugi cocog kalihan calon marasêpuhipun, punika badhe langkung prayogi kadadosanipun.

--- 19 ---

Samangke angrêmbag kadospundi sagêdipun nyumêrêpi bêbudènipun wau? Punika angèl sangêt.

Kala wulan Dhesèmbêr taun 1923 Pakêmpalan Mardibasa ing Surakarta sampun nate ngrêmbag bab punika. Uwosing pangrêmbag makatên: pundi ingkang prayogi katindakakên, tataning palakrama cara lami punapa cara enggal? Katranganipun:

Cara lami: tiyang sêpuh ingkang madosakên jodho, ngêdom-êdom, mratitisakên kalakuanipun lare èstri, ingkang sakintên cocog kalihan anakipun jalêr, dene kalakuane anakipun piyambak, punika tiyang sêpuh ingkang tamtu sampun sumêrêp têrang. Manawi sampun, lajêng anak jalêr dipun ajak nontoni mênggahing warninipun, rêmên utawi botênipun. Dados bab pamilihing kalakuan tuwin sanès-sanèsipun, wontên ing tiyang sêpuh, bab pamilihing warni wontên ing larenipun piyambak. Ingkang makatên wau jalaran tiyang sêpuh botên tega ngêculakên anakipun, kapurih milih piyambak bab kalakuan, punika pandamêlan ingkang botên gampil. Dene bab pamilihing warni punika kenging dipun culakên. Wondene pun lare èstri prasasat botên dipun tantun purun utawi botênipun dening tiyang sêpuhipun.

--- 20 ---

Cara enggal: lare jalêr pados jodho piyambak, amargi wontên sakit utawi sakecanipun dede tiyang sêpuh ingkang ngraosakên, sayêktosipun larenipun ingkang nglampahi. Patrapipun mawi pêpacangan kados satataning tiyang kilenan. Mênggah prêlunipun mawi pêpacangan wau botên liya supados lare jalêr èstri sami nyumêrêpi kalakuane calon simahipun, sarta sagêda andhêdhêr katrêsnan.

Pinanggihing rêmbag: kathah ingkang taksih ngajêngi cara lami, nanging ingkang badhe nglampahi kêdah dipun ajak rêmbagan saprêlunipun, sampun ngantos tiyang sêpuh miyagah kemawon. Manawi prêlu, lare jalêr èstri kenging dipun wanuhakên, nanging kêdah tansah wontên ngajênge tiyang sêpuhipun. Cara enggal wau kamanah kirang prayogi ing atasipun tiyang Jawi, amargi:

I. Sêdya nyumêrêpi kalakuan mawi cara pêpacangan makatên punika botên sagêd, awit sakalih-kalihipun sami ngangge kalakuan ingkang dipun damêl-damêl (botên pasaja sawantahipun).

II. Katrêsnanipun wau ingkang kathah dede katrêsnan ingkang sayêktos, têmênipun: sêngsêm.

III. Pêpacangan punika dèrèng mêsthi dados. Măngka manawi

--- 21 ---

wiji palakrama wau sampun tuwuh ing manahipun lare èstri, kadadosanipun botên prayogi sangêt.

IV. Pêpindhanipun êduk cêlak kalihan latu, kathah kuwatosipun.

Nitik andharan ing nginggil punika pancèn angèl. Cara kina: tiyang sêpuhipun lare jalêr ingkang mratitisakên kalakuanipun lare èstri calon mantunipun, punika inggih dèrèng tamtu sagêd pratitis yêktos, awit tiyang sêpuh wau ingkang tamtu inggih namung utusan duta, botên nyipati piyambak, dados pratitis utawi botênipun gumantung kawicaksananipun juru sandi utawi duta. Udhang-udhêng, ingkang nama cocog wau sayêktosipun kadosdene lotre, manawi kalêrêsan sagêd cocog, punika nama jodho. Ingkang botên kalêrêsan: inggih botên cocog, nama botên jodho. Ewadene manawi pamilihipun wau sayêktos têmênan, pangêdom-êdomipun ingkang sabar, tlatos, botên kasêsa, botên kaling-kalingan melik, inggih mêksa kaot sangêt tinimbang ingkang ngawur, botên sabaran, ambujêng melik. Wondene sampun ngatos-atos, ing wusananipun mêksa botên jodho, nama botên kainan.

--- 22 ---

Dene sababipun rabi awur-awuran, botên mawi mratitisakên kalakuane calon rabinipun, punika miturut pangandika dalêm M.N.IV. makatên:

[Dhandhanggula]

Kawruhana kaduwunging ati | jalarane mung patang prakara | wong anom dadi brangtane | dhingin myat warna ayu | kapindhone melik wong sugih | kaping tri kawibawan | lan kaping patipun | kêna sambang sarawungan | rokok kinang winèhkên lan ujar manis | rinukêt mrih asmara || (Zie Warayagnya).

Sarèhning sampun têtela manawi sabab kawan prakawis wau tundonipun manggih piduwung, pramila ingkang ngudi widadaning palakrama inggih kêdah nyingkiri.

Aliya saking punika, wontên malih paugêran murih widadaning palakrama kados ing ngandhap punika:

I. Jalêr kalihan èstri kêdah nunggil kapitadosan, punapa Islam, punapa Kristên, punapa Prèdhèngkêr, sasaminipun. Dados sagêd rukun.

II. Èstri sampun ngantos kaot kathah sangêt kasagêdanipun tinimbang ingkang jalêr, supados sagêd dipun ajak rêmbagan, têmah mêwahi raos: srêg, rêsêp, sarta ngènthèngakên ing karibêdan. Dene manawi èstrinipun ingkang langkung sagêd, punika [pu...]

--- 23 ---

[...nika] inggih kirang prayogi, amargi pawèstri punika ingkang kathah kirang jêmbar sagantênipun.

III. Jalêr kalihan èstri kêdah babag umur-umuranipun, prêlunipun sagêd tunggil jagad. Awit jagadipun tiyang ingkang sampun umur 40 taun, upaminipun, punika botên sami kalihan ingkang sawêg umur 25 taun. Jagad wau manawi tunggil, sagêd mahanani tunggil rasa, tunggil karsa, tunggil tanaga, inggih andadosakên rukun.

__________

VII. Ugêring Ngupados Garwa.

Miturut piwulang kina-kina, paugêranipun ngupados garwa punika wontên tigang prakawis (= tri upaya), kados ing ngandhap punika:

1. Bibit, têgêsipun wiji, dumunungipun wontên ing lare èstri, inggih punika sae warni sarta pambêkanipun, botên gadhah sêsakit.

2. Bèbèt, têgêsipun turun, dumunungipun wontên ing tiyang sêpuh sarta lêluhuripun, inggih punika turunipun tiyang sae-sae.

3. Bobot, têgêsipun wawrat, dumunungipun ugi wontên ing tiyang sêpuh, punapa wiryawan, punapa hartawan,

--- 24 ---

punapa gunawan (= wirya, arta, winasis, drajat, sêmat, kramat), kêdah kanggenan salah satunggalipun, sukur warni kalih utawi sadaya.

Wontên malih inggih tri upaya:

1. Ayu, têgêsipun: lare èstri sae warni sarta bêbudènipun.

2. Ayêm, têgêsipun: tiyang sêpuhipun sugih rajabrana = băndha.

3. Ayom, têgêsipun: tiyang sêpuhipun mêngku drajat sarta sugih sanak sadhèrèk rosa-rosa = bandhu.

Wontên malih catur upaya:

1. Warna, têgêsipun: lare èstri sae warninipun.

2. Utama, têgêsipun: lare èstri sae pambêkanipun.

3. Brana, têgêsipun: tiyang sêpuhipun sugih donya.

4. Wibawa, têgêsipun: tiyang sêpuhipun mêngku drajat.

Taksih kathah panunggilanipun, kados kirang prêlu kula aturakên sadaya. Dene sadaya wau manawi karingkês namung dados warni kalih, inggih punika:

Sapisan: ningali dhatêng larenipun èstri, ing bab: warni,

--- 25 ---

kalakuan, kasarasan, utaminipun malih kasagêdan.

Kaping kalih: ningali tiyang sêpuhipun, inggih punika: wiryawan, hartawan, gunawan wau. Utaminipun malih nalurinipun tuwin sanak sadhèrèkipun.

Bab pamilihing larenipun, punika sampun samêsthinipun. Namung bab pamilihing tiyang sêpuhipun, punika saking pamanggih kula: sae-saenipun nyêngka, taksih sae papak pundhak, liripun: sasami-sami, kaota inggih sakêdhik kemawon. Upami bab sugih, inggih kasugihanipun, bab drajat, inggih drajatipun. Sami-sami utawi timbang, punika watakipun sakeca dipun lampahi. Nyêngka: punika adatipun kirang sae ing kadadosanipun. Upami kawon drajat nanging mênang băndha, punika kenging kaanggêp timbang, botên nyêngka.

Kaping kalihipun, prayogi ingkang tunggil golongan pakaryan, sudagar sami sudagar, tani sami tani, sasaminipun. Watêkipun sagêd rukun, sagêd rêmbagan, sagêd sami tumandang. Ewadene manawi wontên putri putraning priyantun krama sudagar, lajêng purun sarta inggih lajêng sagêd nindakakên dagang ngrencangi lakinipun, punika ingkang têtêp nama jodho yêktos, [yêkto...]

--- 26 ---

[...s.] Manawi nalaripun tamtu botên sagêd nindakakên, amargi pancèn dede gêgulanganipun. Kosok wangsulipun, kakung priyantun mundhut garwa èstri sudagar utawi tani: dumèh sugih, ingkang tamtu manawi wontên ing pasamuaning para priyantun inggih nglêlingsêmi, bêbasanipun: kuciwa ing sêmu.

Ewadene sadaya wau namung gumantung ing ancasipun ingkang nglampahi piyambak-piyambak, awit manawi pancèn sampun dados ancasipun, sadaya wau dede barang-barang.

VIII. Ugêring Wanita ingkang Sinêbut Utami.

Mênggah ambêking wanita ingkang kawastanan utami punika miturut sêrat kina-kina, kapratelakakên kados ing ngandhap punika:

I. Gêmi, nastiti, ngati-ati.

Gêmi = botên purun ngêdalakên wragad ingkang kirang prêlu.

Nastiti = sumêrêp ing petang, botên kenging kablithuk.

Ngati-ati = sagêd angrimati guna kayaning laki, sarta tansah ngangkah-angkah sampun ngantos manggih kalêpatan saking lakinipun.

II. Rigên, têgên, mugên.

--- 27 ---

Rigên = sagêd tata-tata murih prayogi.

Têgên = jênak, tuwêkal ing manah, botên salewengan.

Mugên = manut sapakèn, botên rongèh, têbih tindak dursila.

III. Ririh, ruruh, rèrèh.

Ririh = sarwa sarèh ing sasolah bawanipun.

Ruruh = jatmika, antêng pasêmonipun.

Rèrèh = sabar manahipun.

IV. Gumati, mangrêti, miranti.

Gumati = tumêmêning manah angopèni kuwajibanipun.

Mangrêti = sagêd anuju prana, tansah angèn ing măngsakala.

Miranti = tansah cumadhang ing kapti, botên anglirwakakên parentah.

V. Bisu, lumpuh, wuta, tuli.

Bisu = cêgah pangandika ingkang kirang prêlu.

Lumpuh = cêgah kêkesahan, sănja, nanonton.

Wuta = botên gadhah paningal sanès kajawi namung dhatêng kakungipun.

--- 28 ---

Tuli = cêgah mêmirêngakên ingkang nênangi tindak kirang prayogi = panggasah, pangojok, sasaminipun.

Samantên kemawon kados sampun nyêkapi. Manawi priya sagêd mêngku garwa ingkang makatên ambêkipun wau, kados kenging kawastanan nugraha agêng. Milanipun para maos ingkang taksih jêjaka kemawon kêdah ngatos-atos ing pamilihipun. Dene pawèstri ingkang nyulayani kalihan paugêran ing nginggil punika, kenging kabasakakên kuciwa, saya kathah gothangipun, inggih saya agêng kuciwanipun.

Tumrap tiyang têngahan mangandhap, kathah tiyang èstri ingkang botên rêna dhatêng santananing lakinipun, kados ta: marasêpuh, ipe, sapanunggilanipun. Amargi tiyang têngahan punika sêsrawunganipun kalihan santana langkung kulina, tarkadhang malah dados tanggêlanipun. Punika asring andadosakên pasulayaning palakrama.

Mênggah èstri ingkang makatên wau inggih kalêbêt cacad, amargi botên ngênggèni ambêk gumati = tumêmêning manah angopèni kuwajibanipun (paugêran ăngka IV). Ing jaman purwa inggih kasêbut, manawi Dèwi Wara Srikandhi punika gumatos dhatêng Dèwi Kunthi, mila Radèn Arjuna kasok sihipun dhatêng Kusuma Wara Srikandhi wau.

--- 29 ---

IX. Pawèstri Suthik Dipun Maru.

Bab ing nginggil punika prêlu kula rêmbag ing ngriki amargi asring andadosakên sambekalaning palakrama.

Ingkang kathah-kathah, tiyang èstri punika suthik katilar ngiwa lakinipun, agêngipun malih dipun wayuh. Milanipun manawi tiyang jêjodhoan măngka jalêripun tumindak makatên, ingkang kathah inggih andadosakên pasulayan utawi kirang têntrêming bale griya. Manawi sami adrêngipun, wontên ingkang nêmahi natas têtangsuling palakrama inggih punika pêgatan.

Cêkakipun tiyang èstri ing jaman samangke punika botên lila sangêt lakinipun lêlangên èstri sanèse badanipun piyambak, cêthanipun: botên angsal kasrêmpil.

Lêkas ingkang makatên wau sayêktosipun nyulayani kalihan ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat kina, ingkang kadhapur cariyos marsitakakên ambêking èstri utami tuwin ingkang mêlok awujud wulang èstri.

Mênggah ingkang ngarang sêrat-sêrat wau sami pujăngga jalêr sadaya, punapa tiyang èstri jaman pangarangipun pujăngga-pujăngga wau inggih nyondhongi pamanggihipun sang pujăngga, botên sagêd kasumêrêpan, amargi ing jaman samantên dèrèng wontên tiyang [ti...]

--- 30 ---

[...yang] èstri ngarang sêrat: anggêlarakên pamanggihipun.

Dene ing jaman sapunika, sampun sawatawis kathah para pawèstri ingkang sagêd ngarang wontên ing kalawarti, pustakawarti, utawi sêrat-sêrat, tumrap bab punika, wosing pamanggih: suthik dipun maru. Sanajan èstri Jawi Islam ingkang pranataning agamanipun ngengingikên[5] tiyang jalêr wayuh sakawan, inggih mêksa suthik, sinartan katrangan warni-warni.

Anggènipun pawèstri ing jaman samangke gadhah wêwatêkan makatên wau, bokmanawi saking dayaning pangajaran sarta sêsrawunganipun kalihan băngsa kilenan. Ing jaman sapunika tiyang èstri gadhah anggêp sami-sami kalihan tiyang jalêr, (= jodho of timbangan) botên nganggêp: guru, gusti, dewa, kados ingkang kasêbut ing sêrat-sêrat piwulang èstri. Punapa dangu-dangu nêmahi sungsang buwana balik, punika măngsa borong.

Upami wontên ingkang ngandika, manawi cariyos-cariyos punika namung pangathik-athikipun pujăngga jalêr wau kemawon, sarta têtiyang èstri ing jaman samantên yêktosipun inggih botên nyondhongi dhatêng damêlanipun sang pujăngga, inggih kenging. Nanging wontênipun sêrat-sêrat wau, saking pamanggih [pamang...]

--- 31 ---

[...gih] kula, nandhakakên manawi bapa ing jaman samantên punika sami gadhah pangudang makatên dhatêng anak-anakipun èstri. Awit pangarangipun sêrat-sêrat wau inggih sami gadhah anak èstri, tur inggih dede jêjaka ingkang sawêg tumambirang, yêktosipun sampun sami dawêg ing umuripun.

Mênggah sêrat-sêrat kina ingkang isi piwulang èstri punika, saking panyuraos kula amurih supados para èstri anggadhahana panganggêp makatên:

Lakinipun lêlangên pawèstri sanès, punika dede barang-barang. Pawèstri sanès wau kaanggêp kadosdene pangangge utawi dhaharan. Èstri ingkang gumati sarta ajrih asih ing laki, tansah ngatos-atos anggènipun angladosi pangangge tuwin dhaharan, murih rênane kakungipun. Dipun pinta-pinta, dipun kêni-kêni, dipun atos-atos ing panggarapipun. Sarèhning pawèstri sanès wau kaanggêp kadosdene pangangge utawi dhaharan, milanipun èstri ingkang gumati sarta ajrih asih ing laki, inggih botên awrat dipun maru, malah mulang muruk dhatêng maru sor-soranipun, bab patrapipun angladosi kakung tuwin ngadi sarira, supados amêwahi rêsêpe kakungipun.

--- 32 ---

Dene gêgayuhanipun ingkang dados garwa pangajêng wau, namung sagêda pêputra ingkang utami, milanipun malah botên nêngênakên prakawis sarêsmi. Sarêsminipun mawi măngsakala.

Kajawi punika, garwa pangajêng wau anggadhahi ambêk makatên: lakiku asih lan ngêmong marang aku iku, ora marga tansah tak kungkung ana ing pasarean, sanyatane marga saka bêktiku, manut miturutku, lan luhuring bêbudènku. Malah kêna diarani marga tak uja sakarsane, ora tak kungkung.

Cêkakipun: sadaya èstri ingkang kagarwa ing kakung punika kêdah anekadakên sariranipun anglampahi: tarak brata. Ingkang dipun ajap ganjaran tumraping putra wau sarta kamulyane ing dêlahan. Makatên suraosipun sêrat piwulang kina wau.

Wondene anggènipun para pangarang ing jaman kina damêl piwulang kados ingkang kapratelakakên ing nginggil punika wau, bokmanawi ingkang dipun kawekani makatên:

I. Tiyang èstri punika anggotaning badanipun sarwa ringkih, botên kuwawi ngêmbari kakiyatanipun tiyang jalêr ingkang agêng napsunipun bab sarêsmi. Tur tiyang èstri kathah alanganipun, inggih punika: sabên wulan, bobot sêpuh, sarta kagungan putra enggal.

--- 33 ---

II. Tiyang jalêr punika kuwajibanipun langkung awrat tinimbang tiyang èstri, inggih punika: nyambutdamêl pados pangupajiwa, ngrêmbag băngsa sarta siti wutah rahipun, nanggulangi parangmuka, toh pêjah, sapanunggilanipun, ingkang awrat-awrat sarta gawat-gawat. Dados sampun sapantêsipun manawi kasukanan kamardikan ing bab punika, sampun ngantos kacuwan ing manah dening garwanipun pinuju alangan punika wau.

III. Tiyang èstri punika cacahipun langkung kathah tinimbang tiyang jalêr. Milanipun tiyang èstri langkunganipun wau prêlu nampèni nipkah sarta sih saking tiyang jalêr ingkang sampun kagungan garwa.

Jalaran saking punika, mila pranatan agama Islam inggih ngengingakên tiyang jalêr wayuh ngantos sakawan. Punapa dumèh gusti kangjêng nabi rasul punika kakung? Nyumanggakakên.

Dene sawênèhing ahli pikiran ingkang dede Islam, wontên ingkang gadhah pamanggih: pasundêlan punika botên prayogi kasirnakakên, namung dipun jagia kasusilanipun sarta kasarasanipun. Awit manawi kasirnakakên, kajawi sabab sanès-sanèsipun, uwohipun badhe kathah tiyang èstri bêcik apik ingkang nêmahi risak badanipun sarta pêjah ênèm, amargi botên kiyat nyêmbadani napsuning lakinipun bab sarêsmi wau (sampun gumujêng).

--- 34 ---

Nuwun, para maos, atur kula sadaya punika wau namung minăngka lêlimbangan. Wondene manawi para wanita ing jaman samangke kagungan panganggêp sami-sami kalihan tiyang jalêr, makatên ugi bab anggènipun palakrama inggih kêdah mundhut: satu sama satu, punika manawi sampun dados kajênging jaman, manungsa botên sagêd malangi. Sintên ingkang sumêrêp, manawi dangu-dangu malah dados sungsang buwana balik yêktos. Para kakung kemawon ingkang ngatos-atos.

Dene ingkang prêlu kêdah dipun èngêti: badhea kadospundi-kadospundi, tiyang jalêr punika kuwajiban ngayani rabinipun, punika ingkang kêdah sami dipun parsudi. Awit băngsa têngahan mangandhap, sayêktosipun beda kalihan băngsa luhur ingkang sarwa botên kêkirangan, kados ingkang kasêbut ing cariyos-cariyos kina wau. Sanajan agamaa Islam pisan, bab ngayani rabi wau inggih dipun rumiyinakên, kasêbut ing prajanjian wêkdal ningkah.

Aliya saking punika, sarèhning bab ngiwa lan wayuh wau ing samangke ingkang kathah-kathah andadosakên sambekalaning palakrama, mila manawi sagêd: para kakung inggih prayogi botên ngiwa lan botên wayuh kemawon, supados widada anggènipun [ang...]

--- 35 ---

[...gènipun] palakrama. Ing batos anekadna: cêgah sarêsmi. Dene cêgah sarêsmi wau kacariyos pakantukipun badhe amêwahi muncaring pangèksi. Manawi para maos karsa ngayoni, kados langkung prayogi, malah wontên jarwa suta: sapa kang nglakoni tapa wadat iku bakal sumurup wadining dat.

__________

X. Palakrama ingkang Tansah Sulaya, Kadospundi Pambengkasipun.

Palakrama ingkang botên kalêrêsan, botên cocog bêbudènipun, punika nama botên jodho. Dipun punapak-punapakna inggih sulaya. Sagêdipun dados cocog namung manawi salah satunggal utawi sakalih-kalihipun purun ngewahi kalakuanipun.

Ing ngajêng sampun kacariyosakên, kadospundi susah sarta ribêding manahipun tiyang ingkang kataman lêlampahan makatên punika, ngantos dipun upamèkakên kacêmplung ing naraka donya. Ingkang kataman lêlampahan makatên, prayoginipun kêdah ingkang sabar, akanthi pambudi kadospundi sagêdipun cocog. Kados ta: dipun sêrêp-sêrêpna ingkang sarèh, polatan ingkang sumèh, prakawis ingkang pundi ingkang anjalari

--- 36 ---

botên cocogipun wau. Ingkang awon sami dipun bucal, ingkang sae sami dipun lampahi.

Dene manawi dipun êjum makatên sapisan, kaping kalih, kaping tiga botên kenging, nama sampun tita, kalih-kalihipun ngêncêngi tekadipun piyambak-piyambak, punika botên wontên pambudi liyanipun malih, kajawi namung pêgatan: rampung.

Ananging makatên punika inggih botên gampil kalampahanipun, eklasipun punika ingkang angèl. Wontên ingkang kogêl kasaenanipun, wontên ingkang taksih rêmên ningali warninipun, wontên ingkang kataman ing raos wêlas, langkung-langkung manawi sampun anak-anak, punika saya awrat raosipun. Sadaya wau kêdah botên dipun manah, tiwas mêwah-mêwahi ribêd, awit raos kogêl sapanunggilanipun wau botên badhe sagêd ambèngkas pasulayanipun wau, ingkang sakêdhap-sakêdhap tansah thukul kemawon.

Ingkang sampun kêlajêng anak-anak inggih kêdah dipun eklasakên, kaanggêpa lare tinilar pêjah ing tiyang sêpuhipun: sayêkti botên sagêd nyelaki. Kapasrahna kemawon ing Gusti Allah. Saasih-asihipun tiyang sêpuh dhatêng

--- 37 ---

anakipun, taksih langkung asih Gusti Allah dhatêng titahipun, inggih Pangeran wau ingkang badhe tansah rumêksa ing sarintên dalunipun.

Pêgatan punika mênggahing kasusilan pancèn ragi saru, ingkang nglampahi inggih rumaos rikuh, ananging badhe kadospundi malih, manawi pambudidaya sanèsipun sampun botên sagêd? Milanipun raos rikuh, sêdhih, susah, ngênês, sapanunggilanipun, punika kêdah dipun sirnakakên. Awit saawrat-awratipun sadaya wau, taksih kawon awrat tinimbang kalihan ribêding manahipun tiyang sêsimahan ingkang tansah sulaya kemawon.

Sarèhning sampun têtela têrang, manawi pêgatan punika awrat, botên pêgatan nanging tansah sulaya, inggih langkung awrat, milanipun para jêjaka, pamilihing wanita calon garwa ingkang ngatos-atos sayêktos têmênan. Sampun namung anjurungi sêngsêming manah ingkang dangunipun namung sagêbyaring kilat.

__________

XI. Pirasat utawi Katurangganing Wanita.

Ing ngandhap punika pirasating wanita, ingkang limrahipun kawastanan katurangganing wanita. Anyariyosakên candraning wanita ingkang sae utawi awon wêwatêkanipun, tuwin wahananipun tumrap [tu...]

--- 38 ---

[...mrap] ingkang anggarwa. Punapadene ing bab ulahing sarêsmi.

Katuranggan punika kalêbêt sêrat kina, dene prêlunipun bab sarêsmi kapratelakakên dening pangarangipun, awit ing sayêktosipun, botên kirang-kirang priya ingkang nêngênakên prakawis punika. Milanipun kula wêwahakên ing ngriki, ing pangangkah namung sagêda amêwahi kawruh, sarta bokmanawi ugi wontên paedahipun tumrap ingkang karsa ngagêm. Kula urutakên dêntaywanjananipun, babaranipun kados ing ngandhap punika:

1. Căndrawela, pakulitan jêne, pasuryan anyrêmimih, lathi ngintip, payudara sumăngga waru. Sae, sêtya tuhu ing laki.

2. Rasêksi Durga, pakulitan jêne, sarira alit, rema lêmês, payudara agêng. Awon, tega mêjahi lakinipun.

3. Rêtna kancana, pakulitan jêne, rema kathah akas sarta panjang, suku alit. Sae.

4. Kancana utawi koncang lêpasan, pakulitan cêmêng, sarira agêng, rema lêmês. Sae.

5. Kunci kancana, pakulitan cêmêng, sarira agêng panjang, suku ragi cêlak. Sae.

--- 39 ---

6. Kusumastuti, pakulitan pêthak, rema akas, sugih wicara. Sae sangêt, nyugihi, karêm dhatêng agami.

7. Durga sari, pasuryan sêmu abrit, rema akas, dêdêg lêncir. Cêkapan sarêsminipun, wahananipun botên kasêbut.

8. Durga sora, pasuryan lonjong abrit, jăngga panjang. Awon sangêt.

9. Durga mangsah, pasuryan luncup, sarira kêra panjang, suku panjang. Awon, boros, sèdhèng.

10. Durga ngêrik, pakulitan jêne, rema akas panjang sêmu abrit ing pucuk. Awon, candhala ing budi tur tarabas.

11. Tarabas, pakulitan jêne, rema abrit dumugi ing pucuk pisan, talingan wontên andhêng-andhêngipun. Awon, bêntèr, boros.

12. Tasikmadu utawi tumabisika, pundhak andhèthèng, suku alit mêrit. Mikantuki sarêsminipun, pantêsipun namung kangge klangênan.

13. Surya surup, pakulitan abrit, pasuryan sêmu biru, sinom ngarêmpêl, sarira alit. Pinunjul ing rêsmi.

14. Sri tumurun, sarira panjang sêmbada, rema cêmêng sarta lêmês, pasuryan lonjong, suku alit, wangunipun kuku panjang sarta alit. Sae, nyugihi, nanging sok purikan.

--- 40 ---

15. Wulan andhadhari, pakulitan ambênglê keris, dêdêg sarêntêg pangawak dara, rema brintik, tingal anjait, wicara sarèh. Sarêsminipun dawêg, wahananipun botên kasêbut.

16. Lintang karainan, pakulitan cêmêng manis, rema lêmês ngandhan-andhan, polatan riyêp-riyêp. Awon, rongèh ing kakung.

17. Pandam kanginan, dêdêg inggil, tingal anjait, wicara gandês. Sae.

18. Padmanagara, pakulitan abrit, sarira alit cèkli, rema atap panjang sarta cêmêng. Sae, lantip ing panggraita.

19. Padmasari lêledhang, pakulitan jêne, sarira dhenok, polatan nêlulèk. Dawêg sarêsminipun.

20. Madu pinasthika, pakulitan sêmu ijêm, sarira alit, pasuryan sumilak, sinom ngarêmpêl. Tumrap ingkang nêngênakên sarêsmi: botên kêcuwan.

21. Madu guntur, pakulitan jêne, bêbayu katingal ijêm, sinom pating cangkênuk, tingal liyêp alindri, wicara lêlah. Sae sangêt, sugih bêgja daulat, bêkti nastiti, bêtah kinamaru.

--- 41 ---

22. Mênyan cinandhi, pakulitan lumêr alus, rema atap cêmêng, pasuryan sêmu kumêtèp, bangkekan alit. Sae, sangêt asih ing kakungipun.

23. Mênjangan kêtawan, jăngga manglung, suku mêrit. Sae: tumrap ingkang nêngênakên sarêsmi.

24. Mutyara, pakulitan cêmêng, rema lêmês, suku alit, dariji alit. Sae.

25. Mrica pêcah, dêdêg andhap alit, polatan sumringah. Awon, andhatêngakên pakèwêd.

26. Gêdhah seta, pakulitan bambang awak, pasuryan sêmu ijêm, polatan manis. Sae, agêng sihe dhatêng kakungipun.

27. Gêdhang suluh, pakulitan bambang awak, pasuryan jêne, rema akas, dêdêg lêncir. Tumrap ingkang nêngênakên sarêsmi: kadumugèn.

28. Guntur madu, pakulitan jêne, dêdêg lênjang, tingal anjait, galak ulat. Sae wahananipun, tur mikantuki sarêsminipun.

29. Ngêmbat lawung, pakulitan jêne, pasuryan sêmu ijêm, dêdêg lêncir, lampahipun nyinga lupa. Sae, sugih dugi-dugi.

Mênggah ngèlmi pirasating wanita ingkang kapratelakakên ing

--- 42 ---

nginggil punika wau, sêmunipun kados ngèlmi saking Arab, dipun wêwahi nama-nama mawi têmbung Jawi dening pangarangipun, panunggilanipun ngèlmi pirasat tumraping priya[6] pêthikan saking sêrat Tajusalatin.

Dene ngèlmi pirasat ingkang saking kajawèn, sayêktosipun sampun wontên, tur sabên tiyang Jawi tamtu sami priksa, inggih punika: wayang. Wayang sakothak punika sampun sagêd mratelakakên piyambak-piyambak kadospundi bêbudènipun.

Mênggah pirasating wanita saking kajawèn, inggih punika ingkang adhêdhasar wayang, sampun kaêwrat ing sêrat Căndrarini jilid I lan II.[7]

Aliya ingkang sampun kapratelakakên ing nginggil, wontên malih panêngêran badhe nyumêrêpi wêwatêkanipun pawèstri, kados ing ngandhap punika:

Manawi wontên pawèstri dhatêng sasamining èstri: gêthing, mèri, ewa, panas, nyênyamah, ngêsor-êsorakên, ngawon-awon, anjalomprongakên, sapiturutipun, cêkakipun botên trêsna dhatêng sasamining èstri, punika mratandhani [mra...]

--- 43 ---

[...tandhani] pawèstri candhala ing budi, ratu-ratuning awon. Manawi watakipun gêthing wau namung tipis, awonipun inggih tipis, manawi kandêl, inggih kandêl.

Pawèstri makatên wau ingkang sampun-sampun tamtu kadunungan watak-watak kados ing ngandhap punika:

1. Butajêngan.

2. Dhatêng tăngga, mitra karuh: botên rukun.

3. Dhatêng laki: botên ngajèni, rêmên nyatur awon. Manawi wontên jalaranipun: gampil anglampahi sèdhèng.

4. Dhatêng anak: botên gumati, kirang trêsna.

5. Dhatêng sadhèrèkipun piyambak: kalis.

6. Dhatêng sadhèrèkipun laki: gêthing.

7. Panyêpêngipun arta: boros, tarabas.

8. Panggarapipun barang pangangge: botên dumuwe.

9. Lan sanès-sanèsipun, ingkang kawical wêwatêkan botên sae. Ing sêrat Panitisastra[8] ugi nyêbutakên awonipun tiyang èstri ingkang gêthing dhatêng sasamining èstri punika.

Dumugi samantên, pangraos kula sampun cêkap pangimpun kula Sêrat Ugêring Palakrama punika. Ing wusana manawi wontên [wontê...]

--- 44 ---

[...n] galap gangsuling têmbung tuwin saru sirunging ukara, kula nyuwun lubèring samodra pangaksama.

Tamat.

Isinipun sêrat punika:

Prasabênipun ingkang anggubah.

I. Prêlunipun palakrama.

II. Palakrama ingkang kalêrêsan.

III. Palakrama ingkang botên kalêrêsan.

IV. Pawèstri andayani dhatêng lakinipun.

V. Pawèstri andayani dhatêng anakipun.

VI. Ugêring palakrama.

VII. Ugêring ngupados garwa.

VIII. Ugêring wanita ingkang sinêbut utami.

IX. Pawèstri suthik dipun maru.

X. Palakrama ingkang tansah sulaya, kadospundi pambengkasipun.

XI. Pirasat utawi katurangganing wanita.

__________

--- [0] ---

[Iklan]

--- [0] ---

[Iklan]

 


măngsakala. (kembali)
sarunipun. (kembali)
§ Diterbitkan oleh Boekhandel Tan Khoen Swie di Kediri. (kembali)
yogyaswara. (kembali)
ngengingakên. (kembali)
§ Diterbitkan oleh Boekhandel Tan Khoen Swie di Kediri. (kembali)
§ Diterbitkan oleh Boekhandel Tan Khoen Swie di Kediri. (kembali)
§ Diterbitkan oleh Boekhandel Tan Khoen Swie di Kediri. (kembali)