Wulang Rèh, Wirjapanitra, c. 1960, #204

JudulCitra
Terakhir diubah: 08-08-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Wulang Rèh

Wulang - Dalêm Sri Susuhunan Pakubuwana IV

Sinawung Kidung Macapat
Sinung Jarwa dening Mas Wirjapanitra
Basa Jawi Ngoko Gancaran

[Grafik]

--- [0] ---

Hak pengarang dilindungi menurut Undang-undang.
Baru sah peredarannya, bila sudah dibubuhi cap tanda tangan penerbit sebagai dibawah ini.
(Penerbit)
Penjualan buku yang tidak ada cap tanda tangan seperti diatas; dapat diajukan kemuka Pengadilan.

--- 1 ---

Wulang Rèh

1. Dhandhanggula

1. pamêdhare wasitaning ati | cumantaka aniru pujangga | dahat mudha ing batine | nanging kêdah ginuggung[1] | datan wêruh yèn kèh ngèsêmi | amêksa angrumpaka | basa kang kalantur | tutur kang katula-tula | tinalatèn rinuruh kalawan ririh | mrih padhanging sasmita ||

Wêtuning piwulang iki, saka mosiking panggalih kang kumintêr, anulad kayadene kapintêraning pujangga, ing mangka satêmêne saka bangêt bodhone. Nanging panggalihe tansah dèn gunggung dhewe, ora wêruh yèn satêmêne akèh kang padha nggêguyu, ewadene kumudu-kudu anganggit piwulang kang wus sumêbar wiwit ing jaman kuna nganti tumêka saiki, lan kang wus lumrah padha dèn anggo ing akèh, banjur dèn cathêt sarta dèn tlatèni kanthi sabaring panggalih, supaya njalari bisa padhang marang sasmita.

2. sasmitane ngaurip puniki | apan ewuh yèn nora wêruha | tan jumênêng ing uripe | akèh kang ngaku-aku | pangrasane sampun udani | tur durung wruh ing rasa | rasa kang satuhu | rasaning rasa punika | upayanên darapon sampurna ugi | ing kauripanira ||

Amarga tumrap wong urip iku, yèn nganti ora mangêrti marang sasmitaning Pangeran, dadine mung sarwa pakewuh, kêna dèn arani ora bisa njumênêngake uripe. Ewadene akèh wong kang ngaku-aku padha rumasa wus mangrêti marang sasmita, ing mangka satêmêne durung ulah rasa kang sajati, dene ing sajroning rasa mau isi surasane sabda kang têmên, iku upayanên bisa uga dadi ing kasampurnane, kang tumrap marang kauripan.

3. jroning Kuran nggonira sayêkti | nanging ta pilih ingkang uninga | kajaba lawan tuduhe | nora kêna dèn awur | ing satêmah nora pinanggih | mundhak katalanjukan | têmah sasar-susur | yèn sira ayun waskitha | sampurnane ing badanira puniki | sira anggêgurua ||

Anadene ing sajroning Kuran iku ênggoning kayêktèn, yaiku dalil: dhawuh pangandikaning Allah kang minangka dadi wêwaton. Nanging iya pilih-pilih kang bisa mangrêti, kajaba yèn dèn tuduhake. Lan ora kêna yèn mung dèn kira-kira ing sajroning ati bae, wêkasane malah kêdaut-daut ora mangrêti, utawa malah

--- 2 ---

saya kisruh. Ewadene yèn padha arêp marsudi putusing uripira, wajibe magurua.

4. nanging yèn sira nggêguru kaki | amiliha manusa kang nyata | ingkang bêcik martabate | sarta kang wruh ing hukum | kang ngibadah lan kang ngirangi | sukur olèh wong tapa | ingkang wus amungkul | tan mikir pawèwèhing liyan[2] | iku pantês sira guronana kaki | sartane kawruhana ||

Nanging yèn padha arêp nggêguru, anggèr, amiliha guru kang wis waskita, kang wis mangrêti lakuning kaalusan, kang utama kalakuwane, kang mangrêti ing sarak (hukum), kang ngêbêkti ing Allah, lan kang isih ahli laku, sukur bage olèh wong tapa, kang wus mêlêng kasutapane, kang ora ngarêp-arêp pawèwèhing liyan, iya mangkono iku kang pantês dèn guroni, nanging wajibe sumurupana.

5. lamun ana wong micarèng ngèlmi | tan mupakat ing patang prakara | aja sira age-age | anganggêp nyatanipun | saringana dipun barêsih | limbangên lan kang patang | prakara rumuhun | dalil khadis lan ijêmak | myang khiyase papat iku salah siji | anaa kang mupakat ||

Dene yèn ana wong ngrêmbug bab ngèlmu, ing mangka ora mupakat karo perangan patang prakara, iku aja kêsusu anganggêp ing nyatane, ing sadurunge larasên kang têmênan sarta limbangên karo perangan kang patang prakara, yaiku: dalil (pangandikaning Allah marang Nabi Muhamad), khadis (piwulange Nabi Muhamad marang para sakabat), ijêmak (piwulange para sakabat marang para santri), khiyas (piwulange para wali marang para pandhita), patang prakara iku salah sawijine anaa kang mupakat.

6. nora kêna lamun dèn antêpi | yèn ucula sing patang prakara | nora enak lêgêtane | tan wurung tinggal wêktu | panganggêpe wus angêngkoki | nora kudu sêmbahyang | wus salat katèngsun | banjure mbuwang sarengat | batal karam nora nganggo dèn singgahi | mbubrah sakèhing tata ||

Dene kang ora kêna dèn anggêp bênêr lan ora kêna dèn antêpi, iku yèn nganti mrojol saka patang prakara mau, bakal ora kapenak saungkure, ora wurung kadadiane ninggal wêwaton, ewadene panganggêpe rumasa wis kumpul dadi sawiji (kumpuling kawula gusti), banjur ora kudu sêmbahhyang (salat limang

--- 3 ---

wêktu) amarga sabên dina wis rumasa salat, iku kêna dèn arani banjur mbubrah sarengating agama, saya manèh banjur ora ngèlingi marang batal karam, saya tambah angrusak lair batine.

7. angèl têmên iya jaman mangkin | ingkang pantês kêna ginuronan | akèh wong njaja ngèlmune | lan arang ingkang manut | yèn wong ngèlmu ingkang nêtêpi | ing panggawene sarak | dèn arani luput | nanging iya sasênêngan | nora kêna dèn uwor karêping janmi | pêpancène priyangga ||

Awit saka iku, tumrape jaman saiki, pancèn angèl ngupaya wong kang pantês kêna dèn guroni, amarga akèh wong kang ora gaduk ngèlmune, lan arang wong kang miturut marang sarengating agama. Dene yèn ana wong ngèlmu kang nglakoni ngibadah (salat limang wêktu), banjur dèn arani kliru, dadine kabèh mau iya mung miturut kasênêngan lan papêsthène dhewe-dhewe, iku wus ora kêna dèn owahi manèh.

8. ingkang lumrah ing masa puniki | apan guru ingkang golèk sabat | tuhu kuwalik tingale | kang wus lumrah karuhun | jaman kuna mapan ki murid | ingkang padha ngupaya | kudu anggêguru | samêngko iki tan ora | kyai guru naruthuk ngupaya murid | dadia kanthinira ||

Anadene lumrahe uwong jaman saiki, tumindaking guru kang padha naruthuk ngupaya murid, mungguh pamadhêp kang mangkono iku, satêmêne kuwalik karêpe. Amarga yèn miturut kang wis kêlakon ing jaman kuna, si murid kang padha nduwèni niyat arêp nggêguru, nanging ing jaman saiki ora mêngkono, malah kyaine guru kang midêr-midêr ngupaya murid, supaya dadi kancane kang mikuwati.

2. Kinanthi

1. padha gulangên ing kalbu | ing sasmita amrih lantip | aja pijêr mangan nendra | kaprawiran dèn kaèsthi | pêsunên sariranira | sudanên dhahar lan guling ||

Awit saka iku, dèn padha marsudi dhewe sinau nglêrêmake ati, supaya bisa mangrêti marang sasmita kalayan pratitis. Aja katungkul tansah mangan warêg lan kakehan turu, elinga marang kaprawiraning budi, pêsunên raganira, ngurang-ngurangi mangan lan turu.

--- 4 ---

2. dadia lakunirèku | cêgah dhahar lawan guling | lan aja asukan-sukan | anganggoa sawatawis | ala watake wong suka | suda prayitnaning batin ||

Tumindak mangkono iku gawenên laku kang ajêg. Aja dhêmên bungah-bungah, iku ora bêcik, anganggoa duga-duga, marga wong dhêmên bungah-bungah iku watake bisa nyudakake kaprayitnaning batin.

3. yèn wus tinitah wong agung | aja sira nggunggung dhiri | aja rakêt lan wong ala | kang ala lakunirèki | nora wurung ngajak-ajak | satêmah anênulari ||

Anadene yèn sira wus tinitah dadi priyayi gêdhe, aja banjur ambêk gumêdhe, lan aja nyêdhakake wong kang watêke ala, ora wurung ngajak-ajak, ing wusana nulari bisa dadi ala kabèh.

4. nadyan asor wijilipun | yèn kalakuwane bêcik | utawa sugih carita | carita kang dadi misil | iku pantês rakêtana | darapon mundhak kang budi ||

Mungguh ingatase manusa iku, sanadyan asline asor, nanging yèn kêlakuwane bêcik, utawa sugih carita kang maedahi, iku pantês dèn cêdhaki, bisa uga muwuhi sêsurupan.

5. yèn wong anom pan wus tamtu | manut marang kang ngadhêpi | yèn kang ngadhêp akèh bangsat | nora wurung bisa juti | yèn kang ngadhêp kèh durjana | nora wurung bisa maling ||

Kang tumrap wong anom iku, lakune wis mêsthi manut marang kang ngadhêpi (pakumpulane), yèn kang ngadhêp akèh wong kang ala, ora wurung bisa dadi ala, dene yèn kang ngadhêpi durjana, ora wurung iya bisa dadi maling.

6. sanadyan ta nora mèlu | pasthi wruh solahing maling | kaya mangkono sabarang | panggawe ala puniki | sok wêruha nuli bisa | iku panuntuning eblis ||

Sanadyan ora mèlu nglakoni maling, nanging mêsthi mangrêti solah-tingkahing maling, kaya mangkono iku samubarang panggawe kang ala, gampang bangêt pangrêtine, ugêr wêruh bae mêsthi tumuli bisa, awit iku dèn tuntun dening eblis.

7. panggawe bêcik puniku | gampang yèn wus dèn lakoni | angèl yèn durung kalakyan | aras-arasên nglakoni | tur iku dèn lakonana | mupangati badannèki ||

--- 5 ---

Mungguh panggawe kang bêcik iku, watone gêlêm nglakoni bae, kêna dèn arani gampang, dene angèle iku, yèn durung dèn lakoni, banjur rumasa wêgah, upamane banjur dèn lakonana bae, bisa uga murakabi ing badane.

8. yèn wong anom-anom iku | kang kanggo ing masa iki | andhap-asor kang dèn simpar | umbag gumunggunging dhiri | obrol umuk kang dèn gulang | kumênthus lawan kumaki ||

Anadene wêwatone wong nonoman ing masa saiki, ora gêlêm nglakoni andhap-asor, dene kang dèn gêgulang mung bangsane ambêg gumêdhe, yaiku: obrol, umuk kumênthus lan kumaki.

9. sapa sira sapa ingsun | angalunyat sarta êdir | iku wêwatone uga | nonoman adoh wong bêcik | êmoh angrungu carita | carita ala lan bêcik ||

Mungguh pambêkane: sapa sira sapa ingsun, patrape tanpa tatakrama, ngêpak marang sapêpadhane, pasêmone ladak, iya mangkono iku pakolèhe wong nonoman kang sungkan ngrungokake carita, iya carita ala lan bêcik.

10. carita pan wus kalaku | panggawe ala lan bêcik | tindak bênêr lan kang ora | kalêbu jro caritèki | mulane aran carita | kabèh-kabèh dèn kawruhi ||

Dene carita iku iya nyaritakake lêlakon kang ala lan kang bêcik, tindak bênêr utawa salah, kabèh wus kalêbu ing carita mau, mulane ana carita, supaya dadia kawruh utawa têtuladan.

11. mulane wong anom iku | bêcik ingkang atabêri | jêjagongan lan wong tuwa | ingkang suguh[3] kojah ugi | kojah iku warna-warna | ana ala ana bêcik ||

Awit saka iku, tumrape wong ênom, bêcike kudu kulina dhêmên jêjagongan karo wong tuwa kang sugih kojah, dene kojah iku rupa-rupa, ana kang nyaritakake lêlakon kang ala, ana kang bêcik.

12. ingkang bêcik kojahipun | sira anggoa kang pasthi | ingkang ala singgahana | aja sira anglakoni | lan dèn awas wong akojah | iya ing masa puniki ||

Tumrap kojahe kang bêcik, wajibe kudu dèn tiru, dene kojahe kang ala, dadia sêsuruban bae, aja pisan-pisan dèn lakoni, sing awas pamawasmu marang wong kang dhêmên kojah tumrape ing jaman saiki.

--- 6 ---

13. akèh wong kang sugih wuwus | nanging dèn sampar pakolih | amung badane priyangga | kang dèn pakolèhakên ugi[4] | panastène kang dèn umbar | nora nganggo sawatawis ||

Akèh wong kang wasis rêmbugan, nanging rêmbuge sinamun ing pamrih kang mikolèhake badane dhewe, yèn ana wong liya kang kojah, ora nganggo wigah-wigih banjur panas atine.

14. aja na wong bisa tutur | amunga ingsun pribadi | aja na ingkang mêmada | angrasa pintêr pribadi | iku setan nunjang-nunjang | datan pantês dèn parêki ||

Saka pangrasane aja ana wong wasis, kajaba mung dhèwèke, aja ana kang mêmadhani kapintêrane, amarga rumasa wis pintêr dhewe, kang mangkono iku prasasat setan kang ora nurut dalan, ora patut dèn cêdhaki.

15. sikakna dikaya asu | yèn wong kang mangkono ugi | dahwèn opèn nora layak | yèn sira sandhinga linggih | nora wurung katularan | bêcik singkirana ugi ||

Malah gusahên kayadene asu, amarga wong kang mangkono iku, watake iya dahwèn, opèn, ora patut dèn cêdhaki jêjagongan, ora wurung nênulari, luwih bêcik singkirana.

16. poma-poma wêkas ingsun | mring kang maca layang iki | lair batin dèn èstokna | saunine layang iki | lan dèn bêkti mring wong tuwa | ing lair praptaning batin ||

Ing wusana mungguh piwulang ingsun marang kang padha maca layang iki, kanthi wanti-wanti padha ngèstokna apa sasurasane, ing lair têrusing batin. Lan manèh kang padha sumungkêm marang wong tuwa, uga ing lair têrusing batin.

3. Gambuh

1. sêkar gambuh ping catur | kang cinatur polah kang kalantur | tanpa tutur katula-tula katali | kadaluwarsa kapatuh | katutuh pan dadi awon ||

Ana kang cinatur manèh, lakune wong kang wis kêbacut ora olèh piwulang, saya suwe saya kêpatuh marang panggawe ala, yèn mangkono jênênge wis kasèp saupama arêp dèn wulang, wêkasane dadi wong ala.

--- 7 ---

2. aja nganti kabanjur | barang polah ingkang nora jujur | yèn kabanjur sayêkti kojur tan bêcik | bêcik ngupayaa iku | pitutur ingkang sayêktos ||

Mulane sabarang tindak kang ala iku aja nganti kêbacut, marga yèn nganti kêbacut dadine ora bêcik kang tinêmu, dene prayogane ngupayaa piwulang kang têmên.

3. tutur bênêr puniku | sayêktine apantês tiniru | nadyan mêtu saking wong sudra papèki | lamun bêcik nggone muruk | iku pantês sira anggo ||

Sakabèhe piwulang kang bênêr iku kang pantês tinulad, sanadyan piwulang mau mêtu saka wong asor lan miskin, yèn bisa bêcik pamuruke, iku uga pantês dèn lakoni.

4. ana pocapanipun | adiguna adigang adigung | pan adigang kidang adigung pan èsthi | adiguna ula iku | têlu pisan mati sampyoh ||

Ana bêbasan têmbung saloka: adiguna, adigang, adigung. Têgêse: adigang iku watêking kidang, adigung iku watêking gajah, adiguna iku watêking ula, katêlune mau padha mati sampyuh.

5. si kidang ambêgipun | ngandêlakên kêbat lumpatipun | pan si gajah ngandêlakên gêng ainggil | ula ngandêlakên iku | mandine kalamun nyakot ||

Jalaran tumrap si kidang sumbare: ngandêlake kêbat lumpate, si gajah ngadêlake gêdhe dhuwure, dene si ula ngandêlake mandine yèn nyokot.

6. iku upamanipun | aja ngandêlakên sira iku | sutèng nata iya sapa kumawani | iku ambêge wong digung | ing wasana dadi asor ||

Iku mau mung kanggo sanepa, dene tumraping sira, aja pisan-pisan dhêmên ngandêlake dupèh putraning nata, banjur darbe pangrasa: iya sapa kang wanuh wani marang aku, kang mangkono iku ambêke wong digung, wêkasane malah dadi asor.

7. adiguna puniku | ngandêlakên kapintêranipun | samubarang kabisan dipun dhèwèki | sapa bisa kaya ingsun | toging prana nora enjoh ||

Yèn adiguna iku kang dhêmên ngandêlake kawasisane, sakabèhing kabisan dhèwèke wus rumasa pintêr dhewe, nganti kawêtu pangrasane: sapa pintêr kaya aku, nanging barêng tumêkaning ana prêlu, kawusanane jêbul ora ngrêti.

--- 8 ---

8. ambêg adigung iku | ngungasakên ing kasuranipun | para tantang candhala anyênyampahi | tinêmênan nora pêcus | satêmah dadi gêguyon ||

Yèn ambêk adigang iku kang ngatokake kakêndêlane, asring nênantang marang sapadha-padha, budine bêngis dhêmên nyênyampahi, nanging barêng nêmu pakewuh kang têmênan, ora mangrêti barang-barang, dadine dèn gêguyu ing wong akèh.

9. ing wong urip puniku | aja nganggo ambêk kang têtêlu | anganggoa rèrèh ririh ngati-ati | dèn kawangwang barang laku | kang waskitha solahing wong ||

Mulane tumrap wong urip iku, aja dhêmên nganggo ambêk kang têtêlu mau, dene prayogane nganggoa: rèrèh ririh lan ngati-ati, sarta mawasa marang solah-bawaning uwong.

10. dene têtêlu iku | si kidang suka ing patinipun | pan si gajah alena patinirèki | si ula ing patinipun | ngandêlkên upase mandos ||

Dene katêlu-têlune iku, tumrap si kidang: kêtarik saka dhêmên bungah-bungah, bisa njalari ing patine, tumrap si gajah: kêtarik saka kurang wêweka ing solah-tingkahe, dadine lena, njalari ing patine, dene tumrap si ula: patine kêtarik ngandêlake mandining upase dhewe.

11. têtêlu nora patut | yèn tiniru mapan dadi luput | titikane wong anom kurang wêwadi | bungah akèh wong kang nggunggung | wêkasane kajêlomprong ||

Mungguh wêwatêkan têtêlu mau, ala bangêt, yèn nganti dèn tulad, kêna dèn arani kalèru, dene kang minangka titikan tumrap wêwatêkaning wong anom iku, ora bisa nyandhêt wadi, bungahe yèn dèn umpak wong akèh, ing wusana banjur kêbacut bodho.

12. yèn wong anom puniku | kakehan panggunggung dadi kumprung | pêngung bingung wêkasane pan angoling | yèn ginunggung muncu-muncu | kaya wudun mèh mêcothot ||

Amarga tumrape wong anom iku, yèn kakehan panggunggung dadine bodho, atine pêtêng banjur bingung, ing wusana ora prayoga kadadiane, dene yèn lagi dèn umpak bae banjur mêcucu, kayadene wudun kang arêp mêcah.

13. dene kang padha nggunggung | pan sapele iku pamrihipun | mung warêge wadhuk kalimising lathi | lan têlêse gondhangipun | rêruba alaning uwong ||

--- 9 ---

Wondene tumrap wong kang padha ngumpak mau, pamrihe mung sapele bangêt, yaiku mung golèk warêging wêtêng, klimising lambe, lan têlêsing gurunge. Pamrih kang kaya mangkono iku, kêna dèn arani wêwatêkan ala-alaning uwong.

14. amrih parêke iku | yèn wus kanggêp nuli gawe umuk | pan wong akèh sayêktine padha wêdi | tan wurung tampa pinungsung | adol sanggup sakèhing wong ||

Ana manèh pamrihe: bisaa kêtêngên karo bandarane, yèn dhèwèke wus dèn anggêp bêcik, banjur gawe umuk marang kanca-kancane, supaya padha ering kabèh, lan dhêmên gumagah nyanggupi bisa ngusil-usilake dadi priyayi sarta unggahing pangkat, kang mangkono iku pamrihe: supaya wong akèh mau padha gêlêm awèha pisungsung (rêruba) saka karêpe dhewe.

15. yèn wong mangkono iku | nora pantês cêdhak lan wong agung | nora wurung anuntun panggawe juti | nanging ana pantêsipun | wong mangkono didhêdhêplok ||

Wong kang duwe wêwatêkan mangkono iku, ora patut dèn cêdhakake priyayi gêdhe, ora wurung muruki panggawe ala, wong mau iya ana pantêse, nanging patute mung didhêdhêplok.

16. aja kakehan sanggup | durung wêruh tuture agupruk | tutur nêmpil panganggêpe wruh pribadi | pangrasane kèh kang nggunggung | kang wus wêruh amalengos ||

Mulane aja sok kakehan sanggup, durung wêruh dhewe bae, banjur wani nyritakake gupruk, ing mangka pangrêtine mau mung saka nêmpil pituturing liyan, ewadene ênggone nyritakake, kaya-kaya wis wêruh dhewe, tumrap kang durung kulina marang lagone wong mau, iya banjur ngalêm, nanging tumrap kang wis mangrêti banjur ngewani.

17. aja nganggo sirèku | kalakuan kang mangkono iku | nora wurung cinirenan dèn titèni | mring pawong sanak sadulur | nora nana kang pitados ||

Dadi aja ndarbèni niyat nulad marang wêwatêkan kang mangkono mau, ora wurung para mitra sarta sanak sadulur kabèh padha nitèni lan nyirèni, ing wusana banjur padha ora ana kang pracaya.

--- 10 ---

4. Pangkur

1. sêkar pangkur kang winarna | lêlabuhan kang kanggo wong ngaurip | ala lan bêcik puniku | prayoga kawruhana | adat waton puniku dipun kadulu | miwah ingkang tatakrama | dèn kaèsthi siyang ratri ||

Ganti kang cinatur, tumrap lêlabêtan kang kanggo ing wong urip, laku kang ala lan bêcik iku, wajibe mangrêtia dêdunungane, nganggoa pathokan miturut adat kang wis kêlakon, lan unggah-ungguhing tatakrama, kaèsthia ing rina lan wêngi aja lali.

2. dêduga lawan prayoga | myang watara rêringa aywa lali | iku parabot satuhu | tan kêna tininggala | tangi lungguh angadêg tuwin lumaku | angucap mênêng anendra | duga-duga nora kari ||

Utawa duga prayoga, êmpan papan, iku dadi prabot kang utama, aja nganti dèn tinggal, dadia: tangi lungguh, ngadêg, lumaku, ngucap, mênêng lan turu, kabèh mau nganggoa duga-duga.

3. miwah ta sabarang karya | ing prakara kang gêdhe lan kang cilik | papat iku aja kantun | kanggo sadina-dina | rina wêngi nagara miwah ing dhusun | kabèh kang padha ambêkan | papat iku datan kari ||

Lan manèh samubarang panggawe, tumraping prakara gêdhe lan cilik, ing rina lan wêngi prabot papat mau iya kanggo, sanadyan tumrap ing kutha lan ing desa, kabèh kang sipat urip, padha nganggo prabot kang patang prakara mau ora kari.

4. kalamun ana manusa | anyinggahi dugi lawan prayogi | iku watake tan patut | amor lawan wong kathah | wong dêgsura ndaludur tan wruh ing êdur | aja sira pêdhak-pêdhak | nora wurung nêniwasi ||

Dene yèn ana wong ora maèlu marang duga prayoga, iku wêwatêkan kang ora patut kumpul karo wong akèh, lan manèh yèn ana wong patrape dêgsura, sarta rêmbuge ndludur, ora mangrêti marang duduk sèlèhing nalar, iku sira aja cêdhak-cêdhak, ora wurung mbilaèni.

5. mapan watake manusa | pan katêmu ing laku lawan linggih | solah muna-muninipun | pan dadi panêngêran | kang apintêr kang bodho miwah kang luhur | kang asor lan kang malarat | tanapi manusa sugih ||

--- 11 ---

Mungguh kang dadi panêngêran tumrap wêwatêkaning manusa, iku titikane bisa katara: yèn lumaku utawa lungguh, solah-bawa, muna-muni, dadia pintêr utawa bodho, dadia luhur utawa asor, dadia miskin utawa sugih.

6. ulama miwah maksiyat | wong kang kêndêl tanapi wong kang jirih | durjana bêbotoh kaum | lanang wadon pan padha | panitike manusa wêwatêkipun | apadene wong kang nyata | ing pangawruh kang wus pasthi ||

Dadia 'ulama utawa wong kang nglakoni maksiyatan, wong kang kêndêl utawa wong kang jirih, dadia maling, dadia botoh, dadia kaum, kabèh mau lanang utawa wadon panitikaning wêwatêkan padha bae, apadene tumrap wong kang wis waskitha marang lakuning pêpêsthèn.

7. tinitik ing solah muna | lawan muni ing laku lawan linggih | iku panêngêran agung | winawas ginraita | pramilane ing wong kuna-kuna iku | yèn amawas ing sujanma | tan kongsi mindho gawèni ||

Iku panitikane iya saka solah bawa, muna-muni, utawa yèn lumaku, lawan lungguh, mangkono iku dadi panêngêran kang gêdhe dhewe, kêna dèn wawas sarana rasa-pangrasa bae. Mulane tumraping wong kuna-kuna, yèn mawas marang kaananing uwong, ora tau madal-sumbi, sapisan mêsthi bisa pratitis.

8. masa mêngko mapan arang | kang katêmu ing basa kang basuki | ingkang lumrah wong puniku | drêngki srèi lan dora | irèn mèrèn dahwèn panastèn kumingsun | opène nora prasaja | jail muthakil bakiwit ||

Nanging ing masa saiki ora mêngkono, arang kang katêmu basane kang rahayu, dene lumrahe: lakuning wong, akèh kang drêngki, srèi, goroh, irèn, mèrèn, dahwèn, panastèn, gumêdhe, opèn marang panggawe ala, jail, muthakil, bêsiwit.

9. alane liyan dèn andhar | ing bêcike liyan dipun simpêni | bêcike dhewe ginunggung | kinarya pasamuwan | ora ngrasa alane dhewe ngêndhukur | wong kang mangkono watêknya | nora kêna dèn pêdhaki ||

Dhêmên nyatur alaning liyan, nanging kabêcikaning wong liya ora dèn kandhak-kandhakake, dene yèn pinuju ana ing pasamuwan, mung tansah ngalêm kabêcikane dhewe ora ngrumangsani yèn alane dhewe akèh bangêt nganti ngêndhukur, wong kang wêwatêkane mangkono iku, ora patut dèn cêdhaki.

--- 12 ---

10. iku wong durjana murka | nora nana marême ing jro ati | sabarang karêpanipun | nadyan wusa katêkan | karêpane nora mari saya banjur | luamah lawan amarah | iku ingkang dèn tut wuri ||

Kang mangkono iku jênênge wong durjana murka, atine mung tansah nggrangsang bae, sanadyan kêkarêpane wus katutugan, iya isih durung marêm, malah saya ndlarung mung nuruti hawane: luamah lan amarah kang dèn turut.

11. ing sabarang tingkah polah | ing pangucap tanapi lamun linggih | sungkan asor ambêkipun | pan lumuh kaungkulan | ing sujanma pangrasane dhèwèkipun | nora nana kang mêmadha | angrasa luhur pribadi ||

Sasolah-tingkahe dadia ngucap, utawa lungguh, pambêke ora gêlêm kasoran marang sapadha-padha, marga pangrasane dhèwèke iku rumasa wis ora ana kang madhani, dadi luhur dhewe.

12. aja nêdya katempelan | ing wêwatêk kang tan pantês ing budi | watak rusuh nora urus | tunggal lawan manusa | dipun sami karya labuhan kang patut | darapon dadi tuladha | tinuta ing wuri-wuri ||

Aja dhêmên kanggonan watêk kang ora bêcik mau, budi rusuh iku ora pantês kumpulan manusa, mulane padha gawea lêlabuhan kang prayoga, supaya dadia tuladha, dèn turuta dening uwong ing saburi-burine.

13. aja lunyu lèmèr genjah | angrong pasanakan nyumur gumuling | ambuntut arit puniku | watêk datan raharja | pan wong lunyu nora pantês dipun ênut | monyar-manyir tan antêpan | dene lèmèrên puniki ||

Aja dhêmên: lunyu, lèmèr, genjah, angrong pasanakan, nyumur gumuling, mbuntut arit, kabèh iku watêk ora bisa slamêt, dene têgêse: lunyu, iku ora kêna dèn ugêmi rêmbuge blendra-blendre ora antêpan; lèmèrên iku têgêse.

14. para penginan têgêsnya | genjah iku cak-cekan barang kardi | angrok pasanak liripun | rêmên ulah miruda | mring rabine sadulur miwah ing batur | mring sanak myang prasanakan | sok sênênga dèn ramuhi ||

Tansah kêpenginan, yèn wêruh samubarang apa bae kudu kêpengin; genjah, iku lècèkan sabarang panggawe: angrong pasanakan, iku kang dhêmên ngajak rangkat marang bojoning

--- 13 ---

sadulur utawa batur, kajaba iku, tumrape marang bojoning sanak lan mitra, êndi kang dèn sênêngi banjur dèn jamah.

15. nyumur gumuling lirira | ambêladhah nora duwe wêwadi | nora kêna rubung-rubung | wêwadine dèn umbar | mbuntut arit puniku pracekanipun | ambênêr ing pangarêpan | nanging nggarèthèl ing wuri ||

Nyumur gumuling, têgêse: mbêladhah ora bisa nyandhêt wadi, ora kêna mèlu rubung-rubung, yèn ngrungu rêmbug sakêcap bae, banjur têrus dèn kandhak-kandhakake; dene mbuntut arit, iku ing sapangarêpan bênêr bêcik utawa lêga lila, wusana ing saungkure nggarêndèl utawa garundêlan.

16. sabarang kang dipun ucap | nora wurung amrih olèh pribadi | iku labuhan tan patut | aja na nêdya mulad | ing watêking nênêm prakara puniku | sayogyane ngupayaa | lir mas tumimbul ing warih ||

5. Maskumambang

1. nadyan silih bapa biyung kaki nini | sadulur myang sanak | kalamun muruk tan bêcik | nora pantês yèn dèn nuta ||

Anadene sanadyan bapa biyung dhewe, kaki-nini, utawa sanak sadulur, yèn pituture kang ora bêcik, iku ora patut dèn turut.

2. apan kaya mangkono karêpannèki | sanadyan wong liya | kalamun watêke bêcik | miwah tindake prayoga ||

Iya kaya mangkono mungguhing tekad, sanadyan wong liya, yèn wêwatêkane bêcik, sarta tindak-tanduke prayoga.

3. iku pantês sira tirua ta kaki | miwah bapa biyang | amuruk watêk kang bêcik | iku kaki èstokêna ||

Iku anggèr kang pantês sira tiru, mangkono uga kang tumrap bapa biyung, manawa mituturi bêcik, iku uga mituhua, anggèr.

4. wong tan manut pitutur wong tuwa ugi | pan nêmu duraka | ing dunya praptaning akir | tan wurung kasurang-surang ||

Marga wong kang ora manut pituturing wong tuwa, iku uga nêmu duraka, ana ing dunya tumêkaning akir, ora wurung tansah kasurang-surang.

5. maratani mring anak putu ing wuri | dèn padha prayitna | aja sira kumawani | mring bapa tanapi biyang ||

--- 14 ---

Bisa tumurun marang anak putune ing buri-buri, mulane kang padha ngati-ati, sira aja wanuh wani marang bapa utawa biyung.

6. ana uga etung-etungane kaki | lêlima sinêmbah | dununge sawiji-wiji | sêmbah lêlima punika ||

Awit iya ana milangane kang dèn arani sêmbah lêlima, anggèr, mungguh dêdunungane sêmbah lêlima mau sawiji-wijine mangkene.

7. ingkang dhingin rama ibu kaping kalih | marang maratuwa | lanang wadon kaping katri | ya marang sadulur tuwa ||

Kang dhingin marang rama ibu, kapindho marang maratuwa lanang wadon, kaping têlu marang sadulur tuwa.

8. kaping pate marang ing guru sayêkti | sêmbah kaping lima | marang ing gustinirèki | parincine kawruhana ||

Kaping papat marang guru kang nuduhake kasampurnaning pati, dene kaping limane marang gustine, mungguh wijang-wijange sumurupana.

9. pramilane rama ibu dèn bêktèni | kinarya jalaran | anane badan puniki | winêruhkên padhang hawa ||

Mulane rama ibu dèn bêktèni, marga ginawe lantaran kang nganakake wujuding raganira iki, dèn wêruhake padhang hawa (gumêlaring dunya).

10. uripira pintêr samubarang kardi | saking ibu rama | ing batin saking Hyang Widhi | mulane wajib sinêmbah ||

Wiwitane sira pintêr ing samubarang panggawe, iku iya saka rama ibu, mungguhing batin mêsthine iya saka Gusti Allah, mulane iya wajib sinêmbah.

11. ya mulane maratuwa jalu èstri | pan wajib sinêmbah | angsung kabungahan tuwin, awèh rasa ingkang nyata ||

Dene anane maratuwa lanang wadon dèn bêktèni, sabab awèh kabungahan, yaiku rasa kang sanyata.

12. karanipun sadulur tuwa puniki | pan wajib sinêmbah | gêgêntining bapa benjing | mulane guru sinêmbah ||

Mulane sadulur tuwa sinêmbah, marga ing besuk bisa dadi gêgêntining bapa; mulane guru sinêmbah.

--- 15 ---

13. kang atuduh marang sampurnaning urip | tumêkèng antaka | madhangkên pêtênging ati | anuduhkên marga mulya ||

Marga kang nuduhake kasampurnaning urip ing dunya tumêkaning akir, lan bisa madhangake pêpêtênging ati, utawa mbênêrake marang dalan kang mulya (langgêng).

14. wong duraka ing guru abot sayêkti | milane dèn padha | mintaa sih wya nganti[5] | suda kang dadi sihira ||

Tumrap wong kang duraka marang guru iku abot dhewe, mulane ing rina lan wêngi padha wajib rumakêta supaya kinasih, aja nganti gawe sudane sihing guru mau.

15. kaping lima dununge sêmbah puniki | mring Gusti kang murba | ing pati kalawan urip | awèh sandhang lawan pangan ||

Dene sêmbah kang kaping lima, iku dununge marang Gusti kang murba ing pati lan urip, lan kang paring sandhang pangan.

16. wong nèng dunya kudu manut marang gusti | lawan dipun awas | sapratingkahe dèn kèsthi | aja dumèh wus awirya ||

Tumrape wong urip ana ing dunya, wajibe kudu manut marang gustine (ratune), lan njagaa kang bênêr bêcik sabarang solah bawaning gusti, aja dupèh yèn sira wus dadi luhur.

17. nora beda putra santana wong cilik | yèn padha ngawula | pan kabèh namaning abdi | yèn dosa ukume padha ||

Sabab ora ana bedane, sanadyan putra santana, lan wong cilik, yèn padha ngawula, kabèh iku jênênge abdi, dene yèn dosa, kabèh mau kukume padha.

18. yèn rumasa putra santana sirèki | dadine tyasira | angêdirakên sayêkti | nora wurung nêmu papa ||

Yèn sira ngrasa putra santananing ratu, dadi jênênge ngêgungake dhiri, ora wurung bakal nêmu papa (karusakan).

19. ngungasakên yèn putra santanèng aji | iku kaki aja | wong suwita nora kêni | kudu wruh ing karyanira ||

Mulane panganggêp kang ngêgungake putra santananing ratu, iku sira aja nduwèni cipta kang kaya mangkono, awit ingatase wong suwita, kudu mangrêti marang kuwajiban apa pagaweane.

20. yèn tinuduh marang sang maha narpati | sabarang tuduhnya | iku èstokêna ugi, karyanira sungkêmana ||

--- 16 ---

Samubarang dhawuh timbalaning narpati, iku wajibe kaèstokêna, lan sumungkêma.

21. aja mèngèng ing parentah sang siniwi | dèn pêthêl aseba | aja malincur ing kardi | aja angêpluk sungkanan ||

Aja mèngèng sabarang prentahing narpati, utawa kang srêgêp seba aja mlincur ing pagawean, aja ngêpluk lan sungkanan.

22. luwih ala alane janma ngaurip | yèn ngêpluk sungkanan | tan pantês ngawulèng aji | angèngèra sapa-sapa ||

Marga wong kang ngêpluk lan sungkanan, iku ala-alaning wong urip, ora patut ngawula ing ratu, sanadyan ngèngèra sapa bae.

23. angèngèra ing bapa biyung pribadi | yèn ngêpluk sungkanan | nora wurung dèn srêngêni | binalang miwah pinala ||

Utawa ngèngèra marang bapa biyunge dhewe, yèn ngêpluk lawan sungkanan, ora wurung dèn srêngêni, dèn balang utawa dèn gitik.

24. apan kaya mangkono ngawulèng aji | yèn ngêpluk sungkanan | tan wurung manggih bilai | ing wuri aja ngrêsula ||

Mangkono uga wong ngawula ing ratu, yèn ngêpluk lawan sungkanan, ora wurung nêmu bilai, dene yèn nganti kêlakon mangkono ing buri (ing têmbe) aja ngrêsula.

25. pan kinarya dhewe bilaine ugi | lamun tinêmênan | sabarang karyaning gusti | lair batin tan suminggah ||

Marga anane nêmu bilai mau saka panggawene dhewe, mulane sabarang pagaweane gusti, wajibe têtêpana, ing lair têrusing batin aja lêleda.

26. mapan ratu tan duwe kadang myang siwi | sanak prasanakan | tanapi garwa kêkasih | amung bênêr agêmira ||

Mungguh panjênêngane ratu iku ora kagungan: sadhèrèk, putra, santana, mitra lan garwa kinasih, dene kang dèn asta mung bêbênêr.

27. kukum adil adat waton kang dèn èsthi | mulane ta padha | dèn rumêksa marang gusti | êndi lire wong rumêksa ||

Kang cinipta mung kukum adil, lan adat waton, mulane kang padha rumêksa marang ing gusti, kapriye lire kang dèn arani rumêksa.

--- 17 ---

28. dipun gêmi nastiti angati-ati | gêmi mring kagungan | ing gusti ywa sira wani | anggêgampang lawan aja ||

Yaiku aja wanuh wani nggêgampang sabarang kagunganing gusti, nanging kang gêmi, nastiti, ngati-ati.

29. wani-wani nuturkên wadining gusti | dèn bisa rêrawat | ing wêwadi sang siniwi | nastiti barang parentah ||

Lan aja wanuh wani ngandhak-ngandhakake wêwadining gusti, dèn bisa nyimpêni wêwadi, kang nastiti marang sabarang parentah.

30. ngati-ati ing rina kalawan wêngi | ing rumêksanira | lan nyadhong karsaning gusti | dudukwuluhe kang tampa ||

Rina wêngi ênggone rumêksa kang ngati-ati, cumadhanga karsaning gusti, iku kawajibane wong ngawula.

6. Dudukwuluh

1. wong ngawula ing ratu luwih pakewuh | nora kêna minggrang-minggring | kudu mantêp sartanipun | sêtya tuhu marang gusti | dipun miturut sapakon ||

Tumraping wong ngawula ing ratu iku luwih dening pakewuh, tekade ora kêna minggrang-minggring, dhêdhasare kudu: mantêp sarta sêtya tuhu marang ing gusti, dèn miturut ing saprentahe.

2. mapan ratu kinarya wakil Hyang Agung | marentahkên kukum adil | pramila wajib dèn ênut | sing sapa tan manut ugi | ing parentahe sang katong ||

Marga ratu iku ginawe wêwakiling Allah, mrentahake kukum lan adil, mulane wajibe mung dèn turut. Dene sing sapa ora manut marang dhawuhing ratu.

3. aprasasat mbadali karsèng Hyang Agung | mulane babo wong urip | saparsa suwitèng ratu | kudu eklas lair batin | aja nganti nêmu ewoh ||

Iku prasasat nulak marang karsaning Allah, mulane mungguhing wong urip, yèn arêp ngawula ing ratu, tekade kudu kang eklas lair batine, aja nganti mung tansah ewuhaya.

4. ing wurine yèn ati durung tuwajuh | angur aja sira ngabdi | bêcik ngindhunga karuhun | aja age nuli ngabdi | yèn durung eklas ing batos ||

--- 18 ---

Ing sadurunge luwih bêcik pikirên dhisik, yèn atine durung têtêp têmênan, aluwung sira aja ngabdi, luwih bêcik dadia wong ngindhung dhisik, mulane aja kêsusu tumuli ngabdi, yèn batine durung eklas têmênan.

5. angur ngindhung bae pan nora pakewuh | lan nora nana kang ngiri | amungkul pakaryanipun | nora susah tungguk kêmit | seba apan nora nganggo ||

Marga tumrape dadi wong ngindhung iku ora ana pakewuhe apa-apa, lan ora ana kang ngêrèh, pagaweane mung mungkul sawiji, ora susah nganggo tungguk kêmit lan ora nganggo mara seba.

6. mung yèn ana tontonan mêtu ing lurung | kêmul bêbêde sasisih | sarwi mbanda tanganipun | glindhang-glindhung tanpa kêris | andhodhok pinggiring bango ||

Mung bae, yèn ana tontonan mapane ana ing pinggir lurung, karo kêmulan bêbêde mung sasisih, kanthi mbanda tangane, glindhang-glindhung (tanpa klambi, tanpa ikêt, tanpa kêris), banjur ndhodhok pinggiring bango.

7. suprandene jroning tyas anglir tumênggung | mêngku bawat Sênèn Kêmis | mangkono iku liripun | nora kaya wong angabdi | wêruh palataran katong ||

Ewadene pambêkane: kayadene tumênggung kang isih têtêp mêngku bawat seba sabên Sênèn lan Kêmis, kaya mangkono iku upamane, mulane wong urip iku ora kaya dadi abdi dalêm, sabên dina bisa wêruh plataraning kraton.

8. lan kèringan sarta ana aranipun | lan ana lungguhe ugi | ing salungguh-lungguhipun | nanging ta dipun pakeling | mulane pinardi kang wong ||

Lan kajèn kèringan, nduwèni sêsêbutan sarta nduwèni pangkat, iya ing sapangkat-pangkate, nanging ngèlingana: sakabèhe wong ngabdi iku mêsti dèn pardi.

9. samubarang karyanira sang aprabu | sayêkti kudu nglakoni | sapalakartine iku | wong kang padha-padha ngabdi | pagaweane pan saos ||

Kudu nglakoni mituruta kawajibane dhewe-dhewe, lan samubarang apa pagaweane sang prabu, marga mungguh jênênge ngabdi iku pagaweane mung mara seba.

--- 19 ---

10. kang nyantana bupati mantri panèwu | kêliwon pênèkêt miji | panalawean panajung | tanapi para prajurit | lan kang nambut karyèng katong ||

Dene kang nyantana, kang dadi abdi dalêm bupati, kliwon, panèwu, mantri, miji, panèkêt, panglawe, panajung lan para prajurit, kabèh kang nyangga gawe-gawening kraton.

11. kabèh iku kawajiban sebanipun | ing dina kang amarêngi | wiyosira sang aprabu | sanadyan tan miyos ugi | pasebane aja towong ||

Iku pasebane padha nduwèni kawajiban yèn marêngi ing dina wiyosaning sang prabu, sanadyana sang prabu ora miyos sinewaka, aja nglowongake paseban.

12. ingkang lumrah yèn kêrêp seba wong iku | nuli ganjaran dèn incih | yèn tan olèh nuli mutung | iku sèwu-sèwu sisip | yèn wus mangrêti ingkang wong ||

Anadene lumrahing wong yèn wis srêgêp seba, adhakane banjur ngetungake olèhe ganjaran, nanging barêng ora diparingi banjur mutung, kang mangkono iku luwih dening luput. Mungguh tumrape wong kang wis mangrêti.

13. tan mangkono etunge kang uwis wêruh | ganjaran datan pinikir | ganjaran pan wus karuhun | amung naur sihing gusti | winalês ing lair batos ||

Ora pisan-pisan melikane marang ganjaran, marga ganjaran iku satêmêne wus dèn tampani luwih dhisik, mulane mung kari malês ing sih marang gusti, lair têrusing batin sumungkêma.

14. sêtya tuhu saparentahe pan manut | ywa lênggana karsèng gusti | wong ngawula paminipun | lir sarah mungging jaladri | darma lumampah sapakon ||

Lan sêtya tuhu ngèstokake apa ing saprentahe mung manut mituruta, aja nganggo subasita nêtêpi karsaning gusti. Dene wong ngawula iku upamane kayadene sarah mungging jaladri, mung sadarma nglakoni ayahaning ratu.

15. dene bêgja cilaka utawa luhur | asor iku pan wus pasthi | ana ing badanirèku | aja sok amurang-muring | marang gusti sang akatong ||

--- 20 ---

Lan manèh mungguh kadadian antuk bêgja utawa nandhang cilaka, dadi luhur utawa asor, kabèh mau wus miturut pêpêsthène dhewe-dhewe, aja pisan-pisan nutuh nguring-uring marang gusti sêsêmbahane.

16. mundhak ngakèhakên ing luputirèku | ing gusti tuwin Hyang Widhi | dene ta sabênêripun | mupusa kalamun pasthi | ing badan tan kêna mogok ||

Kang mangkono iku bisa njalari tambahing dosanira, sapisan dosa marang ing gusti, kapindhone marang Allah. Mungguh satêmêne kabèh tumanduking lêlakon iku wajibe kudu narima marang pêpêsthèn, kang wus mêsthine, banjur dèn lakonana bae, aja nganggo mandhêg mangu.

17. tulisane ing lohkhil makful rumuhun | pêpancèn sawiji-wiji | tan kêna owah sarambut | tulisan badan puniki | aja na mundur ing kewuh ||

Marga lêlakone wong urip iku sadurunge wis tinulis ing lohkhil makful, tumrap pêpêsthèn wis ora kêna owah sarambut, mulane yèn nêmu pakewuhing lêlakon, badanira aja padha mundur.

7. Durma

1. dipun sami ambanting sariranira | cêgah dhahar lan guling | darapon sudaa | nêpsu kang ngambra-ambra | lêrêma ing tyasirèki | dadi sabarang | karsanira lêstari ||

Lan manèh dèn padha sênêng nglakoni nglarani raga, yaiku: ngurang-urangi mangan lan turu, supaya bisa njalari mêndhaning hawa nêsu kang tansah ngambra-ambra, sarta nglêrêmna ati, supaya katêkan apa kêkarêpanira bisa lêstari tumiba ing kabênêran.

2. ing pangawruh lair batin aja mamang | yèn sira wus udani | ing sariranira | yèn ana kang amurba | misesa ing alam kabir | dadi sabarang | pakaryanira dadi ||

Mungguh ingatase kawruh lair lan batin, iku panganggone aja rangu-rangu, dene yèn sira wus mangrêti têmênan kaananing kaalusan iku ana kang murba misesa ing badanira, sawabe: dadi sabarang panggawe bisa katêkan.

3. bênêr luput ala bêcik lawan bêgja | cilaka apan saking | ing badan priyangga | dudu saka wong liya | pramila dèn ngati-ati | sakèh dirgama | singgahana dèn eling ||

--- 21 ---

Anadene tumindak bênêr luput, ala bêcik, bêgja cilaka, iku asale saka panggawene dhewe, dudu saka wong liya, mulane satindak-tanduke kang ngati-ati, elinga marang sakabèhing pakewuh aja dèn lakoni.

4. apan ana sêsiku têlung prakara | nanging gêdhe pribadi | pan iki lirira | ingkang têlung prakara | aja anggunggung sirèki | kalawan aja | nacad kapati-pati ||

Marga ana wilangane sêsiku têlung prakara, iku dosa kang gêdhe dhewe, dene katêrangane mangkene: aja sok dhêmên ngalêm, aja dhêmên nênacad kang nganti kêpati-pati.

5. lawan aja mêmaoni barang karya | thik-ithik mêmaoni | samubarang polah | tan kêna wong kumlebat | ing masa mêngko puniki | apan wus lumrah | padha wasis maoni ||

Lan aja dhêmên mêmaoni panggawening liyan, sabên wêruh samubarang solah tingkah, banjur dèn waoni, nganti ora kêna wong kumlebat. Kaya mangkono iku tumrape masa saiki wis lumrah, akèh wong kang padha wasis maoni.

6. mung tindake dhewe nora winaonan | ngrasa bênêr pribadi | sanadyan bênêra | yèn tindake wong liya | pasthi ingaranan sisip | iku wus lumrah | nganggo bênêr pribadi ||

Nanging tindake dhewe ora tau dèn waoni, malah rumasane wis bênêr lan bêcik dhewe, sanadyan bênêra, yèn tindake wong liya, iya dèn arani luput, kang mangkono iku wis lumrah, nanging mung nganggo bênêre dhewe.

7. nora nana panggawe kang luwih gampang | kaya wong mêmaoni | sira ling-elinga | aja sugih waonan | dèn sami rahajèng budi | ingkang prayoga | lan singa ingkang lali ||

Ora ana panggawe kang luwih gampang kaya wong dhêmên maoni, mulane eling dèn elingna, aja sok dhêmên mêmaoni, marsudia marang alusing bêbudèn, apa kang prayoga wajib dèn lakoni, dene tumrape sanak lan kanca.

8. ingkang eling ngèlingêna iya marang | sanak kanca kang lali | yèn nêdya raharja | mangkono tindakira | yèn datan kaduga uwis | têka mênênga | aja sok angrasani ||

Iku sing sapa kang lali, wajibe dèn elingake, kang mangono iku yèn sumêdya nggayuh ing kautaman, dene yèn ora kaconggah ngelingake, luwih bêcik mênênga bae aja sok nyatur.

--- 22 ---

9. nêmu dosa ngrasani sapadha-padha | dene wong ngalêm ugi | yèn durung pratela | ing bêcike manusa | aja age nggunggung kaki | mênèk tan nyata | dadi cirinirèki ||

Marga wong dhêmên nyatur analing liyan, iku nêmu dosa, apadene ngalêm, yèn durung cêtha ing kabêcikane, aja kêsusu ngalêm, anggèr, marga yèn ora nyata iku sira malah dadi cacad.

10. dene kang wus kaprah ing masa punika | yèn ana dèn sênêngi | ing pangalêmira | pan kongsi pêndirangan | matane kongsi mandêlik | nadyan alaa | ginunggung bêcik ugi ||

Dene kang mupakat masa saiki, yèn dhèwèke lagi sênêng bae pangalême ora uwis-uwis, nganti pêndirangan katon matane kongsi mêcicil, sanadyan wong kang dèn alêm mau lakune ala, iya mêksa dèn alêm bêcik.

11. aja ngalêm aja mada lamun bisa | yèn uga jaman mangkin | iya samubarang | yèn nora sinênêngan | pinoyok kapati-oati | nora pasaja | ing barang kang dèn pikir ||

Mulane ing sabisa-bisa aja ngalêm aja mada, nanging ing jaman saiki, samubarang kang ora dèn sênêngi, banjur tansah dèn poyoki ora nganggo sawatara, lan manèh kang dèn pikir ora pasaja.

12. ngandhut rukun bêcike ngarêp kewala | ing wuri angrasani | ingkang ora-ora | akèh kang rinasanan | ala bêcik dèn rasani | tan parah-parah | wirangronge gumanti ||

Reka-reka ing sapangarêpan gawe bêcik, lan gêlêm rukun, nanging sapungkure banjur nyatur, kang ora-ora kabèh dèn catur, utawa panyature mau ora nganggo mawas: laku kang ala lan laku kang bêcik, kabèh dèn catur.

8. Wirangrong

1. dèn samya marsudèng budi | wêweka dipun waspaos | aja dumèh-dumèh bisa muwus | yèn tan pantês ugi | sanadyan mung sakêcap | yèn tan pantês prênahira ||

Awit saka iku, mulane dèn padha marsudi wêninging pambudi, elinga marang wêweka, aja ngandêlake dupèh sira bisa ngucap, yèn pangucape ora prayoga, sanadyan mung sakêcap yèn ora mapan, iku ora bêcik.

2. kudu golèk masa ugi | panggonan lamun miraos | lawan aja age sira muwun | durunge dèn kèsthi | aja age kawêdal | yèn durung pantês lan rowang ||

--- 23 ---

Dene yèn arêp mêdharake larasan, iku mapane kudu manggon kang prayoga, aja age-age calathu, ing sadurunge kawêtu pikirên dhisik, yèn durung pantês karo rewangmu rêmbugan, aja dèn wêtokake.

3. rowang sapocapan iki | kang pantês kajak calathon | aja sok mêtua wong calathu | ana pantês ugi | rinungu mring wong kathah | ana satêngah micara ||

Lan wawasên rewangmu sapocapan, apa pantês dèn ajak rêmbugan, apa ora, dadi aja anggêr kumêcap bae, marga calathu iku ana kang pantês dèn rungokake wong akèh, ana kang ora pantês dèn rungokake.

4. tan pantês kanggo ngawruhi | milane lamun miraos | dipun ngarah-arah ywa kabanjur | yèn sampun kawijil | tan kêna tinututan | milane dipun prayitna ||

Mulane yèn arêp calathu iku kang ngarah-arah, aja nganti kêbacut, sabab yèn wis kêtrucut, ora kêna dèn balèni manèh, mulane jaganên kang prayitna.

5. lan maninge wong ngaurip | aja ngakèhkên supaos | iku awèh rêgêd badanipun | ing masa samangkin | datan ngetung prakara | supata ginawe dinan ||

Lan manèhe wong urip iku aja sok dhêmên kakehan supata, iku jênênge ngapêsake badane dhewe, nanging ing masa saiki ora ngetungake prakara prêlu lan ora, supatane ginawe mêtu ing sabên dina.

6. dèn gêmi marang ing lathi | aja ngêkèhkên pêpisoh | cacah-cucah nêpsu ngabul-abul | lamun andukani | dèn dumêling dosanya | mring abdi kang manggih duka ||

Prayogane dèn bisa nyandhêt basa kang sirik, aja dhêmên mêmisuh, srêngên kang rèmèh-rèmèh, muring-muring ngowat-awut barang, dene yèn arêp srêngên marang batur kang kaluputan katêrangna lupute kang cêtha.

7. lawan padha dèn pakeling | têguhêna lair batos | aja ngalap randhaning sadulur | sanak miwah abdi | rowang ing sapangandhap | miwah maring prasanakan ||

Lan eling dèn elingna, dèn bakuh ing lair têrusing batin, aja nganti ngalap randhaning sadulur, sanak batur sapêpadhane, kanca lan mitra.

--- 24 ---

8. gawe salah graitaning | liyan ingkang sami anon | nadyan wusa lila lakinipun | kang angrungu elik | ing batin tan pitaya | masa kuranga parawan ||

Iku bisa andadèkake salah surupe kang nyawang, sanadyan kang lanang wus lêga lila, nanging kang padha ngrungu gêla atine, ora pracaya ing batine, dene yèn arêp rabi masa kurangan[6] prawan.

9. tan wurung dipun cirèni | ing batin ingaran rusoh | kabèh jaga jroning kalbunipun | arang ngandêl batin | akèh kang padha suda | pangandêle mring bandara ||

Yèn wong duwe laku mangkono mau ing batin ora wurung dèn cirèni yèn tumindake rusuh, dadi kabèh padha prayitna ing batin ora ana kang ngandêl, banjur padha suda pracayane marang ing bandarane, awit lakune rusuh iku mau.

10. ana cacad agung malih | anglangkungi saking awon | mapan sakawan iku kèhipun | dhingin wong madati | kapindho wong botohan | kaping têlu wong durjana ||

Ana manèh cacad kang gêdhe, ngluwihi dening ala, wilangane patang prakara, kang dhingin madati, kapindho ngabotohan, kaping têlu dadi maling.

11. kaping sakawane ugi | wong ati sudagar awon | mapan suka sugih watêkipun | ing rina lan wêngi | mung batine dèn etang | lumuh kalamun kalonga ||

Dene kaping pate wong budi sudagar, mulane budi sudagar dèn arani ala, marga kang pinikir mung sugih lan singgih, ing rina lan wêngi kang dèn pikir mung bêbathène bae, lumuh kêkalongan dhuwite.

12. iya upamane ugi | duwe dhuwit pitung bagor | mapan nora marêm ing tyasipun | ilanga sadhuwit | gêtune patang warsa | padha lan ilang sanambang ||

Upamane wis duwe dhuwit pitung bagor, atine mêksa durung marêm, yèn nganti ilanga sadhuwit bae, gêtune patang taun durung mari, saka pangrasane prasasat ilang dhuwite saprau.

13. wong ati sudagar ugi | sabarang prakara tamboh | mung yèn ana uwong têka iku | anggêgawa warni | gêgadhèn pan tumranggal | ulate têka sumringah ||

--- 25 ---

Lan manèh budi sudagar iku, marang samubarang prakara kang dudu butuhe, ora gêlêm maèlu, mung yèn ana wong têka mênyang ing omahe prêlu arêp utang dhuwit nanging nggawa gadhèn barang kang mèmpêr pangajine, banjur gapyak-gapyuk nggone nêmoni, kanthi ulate bingar.

14. dene wong durjana ugi | nora nana kang dèn raos | rina wêngi amung kang dèn etung | duwèking lyan nênggih | dahat datan prayoga | kalamun watêk durjana ||

Dene alane wong dadi maling, ing rina lan wêngi ora ana kang dèn gagas kajaba mung mikir duwèking liyan, arêp dèn malingi, wêwatêkan kang mangkono iku ora prayoga.

15. dene bêbotoh puniki | sabarang pakaryan lumoh | lawan kathah linyok parapadu | yèn pawitan ênting | tan wurung anggêgampang | iya mring duwèking sanak ||

Dene alane wong dadi botoh iku lumuh marang pagawean, dhêmên cidra lan parapadu, yèn pawitane wis kalah kabèh, ora wurung banjur ribut dhêmên nggêgampang baranging sanak.

16. nadyan wasiyating kaki | nora wurung dipun êdol | lamun mênang lali gawe angkuh | pan kaya bupati | wèwèh tan ngarah-arah | puniku alaning bangsat ||

Sanadyan wujud barang pusaka tinggalane kakèkne, ora wurung iya dèn êdol, dene yèn pinuju mênang ênggone botohan, pambêkane kaya bupati, ênggone ngujuri marang kanca-kancane ora nganggo dèn petung, kang mangkono iku alane wong dadi botoh.

17. kabutuhe nuli maling | tinitenan saya awon | mapan datan wontên pênêdipun | milane dèn sami | sadaya singgahana | aja nggêgulang botohan ||

Yèn kapèpèt iya wani maling, suwe-suwe dèn titèni alane, wis ora ana bêcike babar pisan, mulane dèn padha bisa ngampah, aja dhêmên ajar-ajar botohan.

18. dene ta wong kang madati | kêsède kaworan lumoh | amung ingkang dadi sênêngipun | ngadhêp diyan sarwi | linggih ngambèn ajegang | sarwi leyangan bêdudan ||

Dene alane wong madati, kêsèd marang samubarang pagaweyan, lan lumuh, mungguh kang dadi kasênêngane: ngadhêp diyan ana ngambèn karo lungguh jegang sinambi nyêkêl bêdudan.

--- 26 ---

19. yèn lèrèn nyêrèt adhidhis | matane amarêm karo | yèn wus ndadi awake akuru | cahya biru putih | njalêbut wêdi toya | lambe biru untu pêthak ||

Yèn pinuju lèrèn ênggone nyêrèt, banjur liyêr-liyêr karo dhidhis, yèn wis ndadi ênggone nyêrèt awake banjur saya kuru, ulate biyas, njlêbut wêdi adus, lambene biru, untune putih.

20. bêtèke sarton lan gambir | jambe suruh arang wawoh | ambêkane sarwi mêlar mingkus | watuke anggigil | jalagra anèng dhadha | tên wurung mêtu bolira ||

Jalaran ora tau nginang, ambêkane mêlar mingkus, watuke anggigil, riyake mandhêg ana ing dhadha, yèn mbêbuwang dêdêlên nganti mêtu êbole.

21. yèn gêring nganggo ndalinding | suprandene nora kapok | iku padha singgahana patut | aja na nglakoni | wong mangan apyun ala | uripe dadi tontonan ||

Yèn pinuju lara nganggo ndlinding, ewadene ora kapok, mulane padha sirikên, aja pisan-pisan nglakoni madat, marga wong mangan apyun iku ala, uripe dadi tontonan.

22. iku kabèh nora bêcik | aja na awani nganggo | panggawe patang prakara iku | dèn padha ta eling | aja na wani nêrak | kang nêrak tan manggih arja ||

Mungguh panggawe patang prakara mau kabèh ora bêcik kadadiane, aja padha wanuh wani nglakoni. Mulane dèn padha eling, aja pisan-pisan nêrak, dene yèn ana kang wani nêrak bakal ora slamêt kang tinêmu.

23. lawan ana walêr malih | aja sok agung kawuron | minum sajêng tanpa masa iku | êndi lire ugi | angombe sabên dina | puniku watêke ala ||

Kajaba iku ana wêwalêr manèh, yaiku: aja sok dhêmên êndêm-êndêman, ngombe arak ora nganggo wanci, ing mangka wong ngombe arak sabên dina iku ora bêcik kadadiane.

24. kalamun wong wuru ugi | ilang prayitnaning batos | nora ajêg barang pikiripun | elinge ing ati | pan baliyar-baliyur | êndi ta ing bêcikira ||

Marga wong kang mêndêm iku, bisa ngilangake prayitnaning ati, pikirane ora ajêg, kaelingane bliyar-bliyar, iku satêmêne ora ana bêcike.

--- 27 ---

25. lan aja karêm sirèki | mring wanodya ingkang awon | lan aja mbuka wadi sirèku | ngarêping pawèstri | tan wurung nuli corah | sampun lumrahing wanita ||

Lan aja karêm marang karoyalan madon, tumrap marang wong wadon kang wus dadi palanyahan, utawa aja sok mêdharake wêwadi ana sangarêping wong wadon, ora wurung bakal kuwanguran, marga wis lumrah watêking wong wadon.

26. tan bisa simpên wêwadi | saking rupake ing batos | baya wus pinanci ring Hyang Agung | nitahkên pawèstri | apan amung kinarya | ganjaran marang wong priya ||

Ora bisa nyimpêni wadi, katarik saka rupak budine, nanging iya pancèn wis tinakdir dening Allah, mungguh ênggone nitahake wong wadon, iku mung minangka ganjaran marang wong lanang.

27. kabèh dèn padha nastiti | mring pitutur kang sayêktos | aja dumèh tutur tanpa dhapur | yèn bakale bêcik | dèn anggo wèh manpangat | ywa kaya pucung kaluwak ||

Mulane kabèh kang padha nastiti marang pitutur kang têmên, sanadyan pitutur mau ora pakra, yèn bakale bêcik, iku ênggonên bisa murakabi, aja kayadene pucung lan kaluwak.

9. Pucung

1. kamulane kaluwak nonomanipun | pan dadi satunggal | pucung aranipun ugi | yèn wus tuwa kaluwake pisah-pisah ||

Mungguh kawitane dèn arani kluwak iku dhèk nalika ênome jênênge pucung, isih grombolan dadi sawiji (sajanjang), nanging barêng tumêkaning tuwa banjur padha pêpisahan.

2. dèn budia kapriye ing bêcikipun | aja kongsi pisah | kumpula kaya duk noming | anom kumpul tuwa kumpul kang prayoga ||

Mulane dèn budia kapriye supayane bisa lêstari bêcik, aja kongsi pêpisahan, bisaa kumpul kaya dhèk nalika padha isih ênome, dadi prayogane: rèhning ênome kumpul, dadining tuwa iya isih lêstari kumpul.

3. aja kaya kaluwak ênome kumpul | basa wis atuwa | pating salêbar pribadi | nora wurung bakal dadi bumbu pindhang ||

Aja kaya kluwak mau dhèk nalika ênome kumpul, barêng wis tuwa banjur padha pating slêbar dhewe-dhewe, kang mangkono iku ora wurung kadadiyane bakal dadi bumbu pindhang.

--- 28 ---

4. wong sadulur nadyan sanak dipun runtut | aja kongsi pisah | ing samubarang pakardi | yèn arukun dinulu têka prayoga ||

Tumrape wong saduluran, sanadyana mung sanak, iku bêcike sing runtut turut-tinurut, aja nganti gesehan samubarang panggawene, dene yèn bisa rukun iku yèn sinawang ing liyan, bisa katon bêcik.

5. abot ènthèng wong sugih sanak sadulur | ènthènge yèn pisah | pikire tan dadi siji | abotipun yèn sabiyantu ing karsa ||

Mungguh wong sugih sanak sadulur iku kêna dèn arani abot ènthèng, ènthènge yèn pikirane pisah dhewe-dhewe, dene abote iku yèn bisa golong sabiyantu ing kêkarêpane.

6. luwih bakuh wong sugih sanak sadulur | jitus tandhingira | yèn golong sabarang pikir | bêcik uga lan wong kang tan duwe sanak ||

Mungguh wong sugih sanak sadulur iku, luwih dening santosa, têtandhingane jitus (siji wus bisa tumandhing karo satus), iku yèn bisa sagolong pikire, mulane uga beda lan wong kang ora duwe sanak.

7. lamun bênêr lan pintêr pamomongipun | kang ginawe tuwa | aja nganggo abot sisih | dipun sami pamêngkune mring santana ||

Mungguh tumrape wong kang ginawe dadi tuwa-tuwa (pinituwa), kang dèn arani bênêr lan pintêr pangêmonge marang sanak sadulur, iku tumindake aja nganggo abot sisih, sanadyan marang santana, pamêngkune kapadhaa karo marang sadulure dhewe.

8. mapan ewuh wong tinitah dadi sêpuh | tan kêna gumampang | iya marang saduluring | tuwa anom aja beda traping karya ||

Yèn pinikir kang têmênan, mung sarwa ewuh wong kang tinitah dadi pinituwa, ora kêna gumampang, pamêngkune marang sadulur tuwa lan ênom, aja dèn beda êtraping pagawean.

9. kang sarêgêp kalawan ingkang malincur | padha kinawruhan | sira alêma kang bêcik | kang malincur age sira bêndonana ||

Êndi kang srêgêp lan mlincur, padha sumurupana kabèh, dene kang srêgêp: alêmên bêcik, kang mlincur tumuli srêngênana.

10. yèn tan mantun binêndonan nggone mlincur | nuli patrapana | sapantêse lan dosaning | kang santosa dimène dadi tuladha ||

Ing mangka dèn srêngêni mêksa durung mari mlincure, tumuli

--- 29 ---

nindakna kukum apa bênêre, mituruta saboboting dosane, supaya dadi tuladha marang para santana.

11. kang wong liya darapon wêdia iku | kang padha ngawula | ing batine wêdi asih | pan mangkonon labuhane dadi tuwa ||

Saya manèh kang tumrap marang wong liya, kang padha ngawula, banjur bisa njalari sumungkême ing batine rumasa wêdi lan asih, iya mangkono iku laku-lakune wong dadi pinituwa kang prayoga.

12. gone mêngku jêmbar amot tur rahayu | dèn karya sagara | tyase ngêmot ala bêcik | mapan ana pêpancène sowang-sowang ||

Dèn bisa momot lan nganggoa budi kang jêmbar, kayadene sagara, ala lan bêcik bisaa kamot kabèh, sabab kabèh mau wus ana pêpancène dhewe-dhewe.

13. jêr sadulur tuwa kang wajib pitutur | marang kang taruna | wong anom wajibe wêdi | sarta manut wulange sadulur tuwa ||

Tumrap sadulur tuwa iku wajibe mituturi marang sadulure kang ênom, dene kang ênom wajibe kudu wêdi, sarta kudu manut marang piwulange sadulur tuwa.

14. kang tinitah dadi anom aja masgul | batin rumasaa | yèn wus tinitah Hyang Widhi | yèn masgula ngowahi kodrating Suksma ||

Kang tinitah dadi ênom aja sêrik atine, ing batin rumasaa yèn wus tinakdir dening Allah, dene yèn nganti rumasa sêrik, iku jênênge arêp ngowahi kodrating Allah.

15. nadyan bênêr yèn wong anom dadi luput | yèn ta anganggoa | ing pikirira pribadi | pramilane wong anom aja ugungan ||

Sanadyan lakune bênêr, yèn wong ênom iku bisa dadi luput, iku yèn mung nurut pikirane dhewe, mulane wong ênom iku aja sok dhêmên munggah ugungan.

16. yèn dadi nom wêruha ing ênomipun | kang ginawe tuwa | dikaya banyu nèng bèji | dèn awêning paningale aja samar ||

Yèn tinitah dadi ênom, mangrêtia kawajibane wong ênom, dene kang ginawe dadi tuwa, dèn kaya upamane banyu kang ana ing blumbang, kang wêning pamawase aja blero.

17. lawan maning ana ing pitutur ingsun | yèn sira amaca | layang sabarang layanging | aja pijêr katungkul ningali sastra ||

Kajaba iku ana manèh piwulangingsun, lamun sira maca samubarang layang, aja tansah kasêngsêm ndêlêng sastrane bae.

--- 30 ---

18. caritane ala bêcik dipun wêruh | nuli rasakêna | layang iku saunining | dèn karasa kang bêcik sira anggoa ||

Critane lêlakon ala lan bêcik iku mangrêtia, tumuli rasakêna kang nganti karasa, kabèh kang kasêbut ing crita mau, kang bêcik sira ênggonên.

19. ingkang ala kawruhana alanipun | dadine tyasira | wêruh ala lawan bêcik | ingkang bêcik wiwitane sira wruha ||

Dene lêlakon kang ala mangrêtia kadadiane ala mau, kang mangkono iku sira banjur ngrêti dêdunungane ala lan bêcik, mungguh kang bisa dadi bêcik iku, mula bukane sumurupana.

20. wong kang laku mangkono wiwitanipun | bêcik wêkasannya | wong laku mangko witing | ing satêmah puniku pan dadi ala ||

Dadi bisa mangrêti têmênan dêdunungane, wong kang laku mangkono wiwitane, bakal bêcik wusanane, dene wong kang laku mangkene wiwitane, bakal dadi ala kang tinêmu.

21. dipun wêruh iya ing kamulanipun | kalawan wêkasan | puniku dipun kalingling | ana ala dadi bêcik wêkasannya ||

Mulane dèn padha ngrêtia marang wiwitaning lêlakon, utawa bakal kadadiane, iku tansah awasna, marga ana lêlakon sêmune ala, wêkasane dadi bêcik.

22. ewuh têmên babo wong urip puniku | mapan nora kêna | kinira-kira ing budi | arang têmên wijile basa raharja ||

Mulane tumrap wong urip iki, ewuh têmên yèn arêp nitik lakuning wong, ora kêna mung kinira-kira ing budi bae, marga arang wong kang têtêp wêtuning basane kang rahayu.

10. Mijil

1. poma kaki padha dipun eling | ing pitutur ingong | sira uga satriya arane | kudu antêng jatmika ing budi | ruruh sarwa wasis | samubarangipun ||

Poma-poma anggèr, elinga marang pitutur ingsun iki, marga sira iku kabèh jênênge satriya, kudu antêng lan jatmika ing budi, sarta ingkang ruruh wasis ing samubarang.

2. sarta nêdya prawira ing batin | nanging aja katon | sasabana yèn durung masane | kêkêndêlan aja wani mingis | wêweka ing batin | dèn samar dèn sêmu ||

--- 31 ---

Sarta ing batin duwea ambêk prawira, nanging aja katara, sasabana kang rapêt yèn durung tumêka ing masakalane ana gawe, tumraping kêkêndêlan aja nganti katon wong akèh, ing batin kang tansah prayitna, kabèh iku samarên ing sêmu bae.

3. lawan dèn sêmu lawan dèn lungit | manèh wêkas ingong | aja kurang iya panrimane | yèn wus tinitah dera Hyang Widhi | ing badan puniki | pan wis pasthinipun ||

Lan manèh sêmuning polatan kang tajêm, nanging kang parasaan, kajaba iku ana manèh piwulang ingsun: wong urip iku aja kurang ing panrimane, yèn wus tinakdir dening Allah, tumrap sakabèhing lêlakon kang tumanduk ing badanira.

4. kang narima satitah Hyang Widhi | têmah dadi awon | lan ana wong tan trima titahe | ing wêkasan iku dadi bêcik | kawruhana ugi | aja sêlang-surup ||

Nanging ana lêlakon kang mung nrima satitahing Allah bae, wêkasane dadi ala, lan ya ana wong kang ora nrima ing satitahe, wêkasane dadi bêcik, kabèh iku sumurupana sababe, aja nganti salah surup.

5. yèn wong bodho tan anêdya ugi | têtakon têtiron | anarima ing titah bodhone | iku wong narima datan bêcik | dene ingkang bêcik | wong narima iku ||

Yèn tumrap wong kang bodho, ing mangka ora gêlêm nganggo têtuladan utawa têtakon, iku jênênge wis narima bodhone mau, mangkono iku wong narima kang ora bêcik, dene tumrap wong narima kang bêcik.

6. kaya upamane wong angabdi | amagang sang katong | lawas-lawas katêkan sêdyane | dadi mantri utawa bupati | miwah saliyaning | ing tyase panuju ||

Iku upamane kayadene wong ngabdi magang ana kraton, saya suwe pamagange banjur bisa katêkan apa sasêdyane, dadi mantri utawa bupati, lan liya-liyane apa kang dèn gayuh.

7. nuli narima têrusing batin | tan mèngèng ing katong | lan rumasa ing kanikmatane | sihing gusti têkèng anak rabi | wong narima bêcik | kang mangkono iku ||

Yèn wus mangkono tumuli narimaa têrusing batin, ora mèngèng ênggone nêtêpi kawajibane, marga wus rumasa ngrasakake ing kamuktène, pasihaning ratu mau bisa murakabi marang anak bojone, ya mangkono iku kang dèn arani wong narima kang bêcik.

--- 32 ---

8. nanging arang iya masa iki | kang kaya mêngkono | kang wus kaprah iya jaman mangke | yèn wus ana lungguhe sathithik | apan nuli lali | ing kawitanipun ||

Nanging tumrape ing masa saiki, arang wong kang bisa tumindak mangkono, dene lumrahe yèn wis duwe pangkat, sanadyan pangkate mung cilik, adhakane banjur lali marang kawitane.

9. pangrasane duwèke pribadi | sabarang kang kanggo | datan eling ing mula bukane | witing sugih lan sangkaning mukti | pangrimaning ati | kaya nggone nêmu ||

Saka pangrasane kamuktène mau, dèn anggêp duwèke dhewe, ora ngèlingi marang wiwitane, wiwitane sugih saka ngêndi pinangkane, lan wiwitane mukti iku sapa kang awèh, ciptaning atine malah kaya nggone nêmu.

10. tan rumasa murahing Hyang Widhi | jalaran sang katong | jaman mêngko iya kamulane | arang turun wong lumakyèng kardi | tyase tan saririh | kasusu ing angkuh ||

Ora ngrumasani yèn saka sih piwêlasing Allah kang jalaran saka sang prabu, mulane ing jaman saiki, wong lumaku ing gawe arang kang bisa tumurun marang anak putu kalungguhane, sabab atine kurang sabar, mung kasusu kagêdhèn pambêk.

11. arang ingkang nêdya malês ing sih | ing gusti sang katong | lawan manèh iku ing batine | nora nêdya narimèng Hyang Widhi | iku wong kang tan wrin | ing nikmat ranipun ||

Lan arang kang sumêdya malês sih marang sang prabu, sarta ing batine ora narimakake ing panduming Allah, mungguh wong kang kaya mangkono iku jênênge wong kang ora wêruh ing nikmat.

12. yèku wong kurang narima ugi | luwih saka awon | barang gawe aja age-age | anganggoa sabar rèrèh ririh | dadi barang kardi | rêsik tur rahayu ||

Utawa wong kang kurang panrimane, dadine luwih dening ala, mulane samubarang panggawe aja sok kêsusu, nganggoa ati sabar, tindak-tanduke kang rèrèh lan ririh, iku bisa njalari dadi sabarang panggawene, bêcik tur kaslamêtan.

13. uwis pintêr nanging iku maksih | nggonira ngupados | undhakira ing kapintêrane | lan undhake kawruh ingkang yêkti | durung marêm batin | lamun durung tutug ||

--- 33 ---

Anadene wong wis pintêr, isih têrus ngupaya kapintêran manèh, utawa undhaking kawruh kabatinan, atine durung marêm yèn durung katutugan apa ing pangawruh kang dèn sênêngi.

14. ing pangawruh ingkang dèn sênêngi | kang wus sêm ing batos | miwah ing kapintêran wusdene | samubarang pakaryan wus ênting | nora nana lali | kabèh wus kawêngku ||

Nanging tumrap wong kang wus têntrêm atine, lan wus wasis marang kapintêran, apadene samubarang kagunan wis ngrêti, kabèh mau pangrakite ora lali wus kacathêt sajroning ati.

15. lan maninge babo dèn pakeling | ing pitutur ingong | sira uga padha ngêmpèk-êmpèk | iya marang kang jumênêng aji | ing lair myang batin | dèn ngrasa ing kalbu ||

Ana manèh poma dèn eling-elinga, ya marang pitutur ingsun iki, sira iku kabèh jênênge padha ngêmpèk-êmpèk ngaub marang kang jumênêng ratu, ing lair batinira rumasaa yèn kawêngku ing ratu.

16. kang jumênêng nata ambawani | wus karsèng Hyang Manon | wajib padha bêkti lan wêdine | aja mampang parentahing aji | nadyan anom ugi | lamun dadi ratu ||

Sabab kang jumênêng nata banjur mbawani nagara, iku wus kinarsakake dening Allah, mulane wajib sumungkêma lan dèn wêdi, aja dhêmên madoni marang dhawuhing ratu, sanadyan isih timur uga, yèn jumênêng ratu iku parentahe ora kêna dèn waoni.

17. nora kêna lamun dèn waoni | parentahing katong | dhasar ratu bênêr parentahe | kaya priye nggonira sumingkir | yèn tan anglakoni | pasthi tan rahayu ||

Marga dhasar jumênêng ratu, tur bênêr parentahe, kaya priye ênggone arêp ngowahi, yèn nganti oraa nglakoni, kadadiane mêsthi ora slamêt.

18. krana ingkang kaprah masa iki | anggone angrêngkoh | tan rumasa lamun ngêmpèk-êmpèk | ing batine datan nêdya eling | kamuktène ugi | ngêndi sangkanipun ||

Dene kang mupakat ing masa saiki, panganggêpe banjur ngrêngkuh, ora ngrumasani yèn satêmêne mung ngêmpèk-êmpèk, ing batine ora niyat eling, mungguh kamuktène mau saka ngêndi asale.

--- 34 ---

19. yèn elinga jalaraning mukti | pasthi nora ngrêngkoh | saka durung bisa ngrasakake | ing pitutur ingkang dhingin-dhingin | sarta tan praduli | wuruke wong sêpuh ||

Yèn mungguh elinga marang jalarane bisa mukti, mêsthine ora banjur nduwèni pangganggêp ngrêngkuh, kang mangkono iku saka durung bisa ngrasakake ing pitutur kang uwis-uwis, sarta ora maèlu marang piwulange wong tuwa.

20. ing dadine barang tindak iki | arang ingkang tanggon | saking durung ana landhêsane | pan anganggo karsane pribadi | ngawag barang kardi | dadi tanpa dhapur ||

Mula sabarang tumindake mau dadine ora bisa têtêp, marga durung nduwèni piyandêl kang pramati, mung miturut karêpe dhewe, dadi sabarang panggawene mau ora pakra.

21. mulane ta wêkas ingsun kaki | dèn kêrêp têtakon | aja isin ngatokkên bodhone | saking bodho witing pintêr kaki | mung nabi kêkasih | pintêr tan winuruk ||

Awit saka iku, mulane anggèr: piwulang ingsun marang sira kang dhêmên têtakon, aja rumasa isin yèn katitik ing bodhone, marga jalaraning pintêr iku, wiwitane saka bodho dhisik, mung Nabi Mukhammad piyambak kang bisa pintêr ora sarana dèn wuruk.

22. sabakdane datan ana maning | pitêre[7] têtakon | pan wus lumrah ing wong urip kiye | mulane wong anom dèn tabêri | angupaya ngèlmi | dadia pikukuh ||

Saungkure iku, wis ora ana manèh, kabèh bisane pintêr mêsthi nganggo têtakon, iku lumrahe, mulane tumraping wong ênom, wajibe ngupaya ngèlmu, supaya dadi piyandêl.

23. driyanira dadia têtali | ing tyas dimèn adoh | akèh ati ingkang ala kiye | nadyan lali pan tumuli eling | yèn wong kang wus ngèlmi | kang bangêt tuwajuh ||

Kêna ginawe pathokaning ati, banjur atine rumasa adoh marang panggawe ala, tumraping wong ngèlmu kang wus bisa têtêp, iku sanadyan katamana lali, nanging mung sadhela, banjur tumuli eling manèh.

24. kacèk uga ingkang tanpa ngèlmi | sabarange kaot | ngèlmu iku dene ingkang kangge | sabên dina gurokêna dhingin | pan sarengat ugi | parabot kang parlu ||

--- 35 ---

Dadi ya ana bedane kang nganggo ngèlmu lan kang ora, sabarang tindak-tanduke ya beda, dene yèn sira ngupaya ngèlmu, kang prêlu iku kang mêsthi kanggo ing sabên dina, wajibe gurokêna luwih dhisik, yaiku tumindaking sarengat.

25. ngèlmu sarengat puniku dadi | wêwadhah kang yêktos | kawruhana kawêngkune kabèh | kang sarengat kang lair myang batin | mulane dèn sami | brangtaa ing ngèlmu ||

Marga ngèlmu sarengat iku kang minangka sajatining wêwadhah, sumurupana laku-lakune kabèh, kang tumrap ing kalairan, sarta ing kabatinan, mulane dèn padha kasêngsêma marang ngèlmu.

11. Asmaradana

1. padha nêtêpana ugi | kabèh parentahing sarak | têrusna lair batine | salat limang wêktu iya | tan kêna tininggala | sapa tinggal dadi kupur | yèn maksih rêmên nèng dunya ||

Lan uga padha nêtêpana apa saprentahing sarak, ing lair têrus ing batin, salat limang wêktu ya lakonana, yèn nganti ora nglakoni salat, iku dadine kupur, mangkono iku yèn isih dhêmên urip ana ing dunya.

2. wiwit ana badan iki | iya têka ing sarengat | anane manusa kiye | rukun Islam kang lêlima | nora kêna tininggal | puniku parabot tuhu | mungguh wong urip nèng dunya ||

Marga wiwite kadadian wujud raga iki, asale ya saka sarengat, dene dumadine manusa iku asale ya saka rukun Islam lêlima, mulane ora kêna dèn tinggal prabot kang satêmêne mau. Tumraping wong urip ana ing dunya.

3. kudu uga anglakoni | rukun lêlima punika | iya ta sakuwasane | nanging aja tan linakyan | sapa tan nglakonana | tan wurung nêmu bêbêndu | sira padha ngèstokêna ||

Uga kudu nglakoni rukun lêlima mau, ya miturut sakuwasane, nanging aja tan ora, mêsthi kudu lakonana, sing sapa ora nglakonana, bakal nandhang duraka, mulane dèn padha ngèstokêna.

4. parentahira Hyang Widhi | kang dhawuh Nabi Mukhammad | ing dalil khadis ênggone | aja na padha sêmbrana | rasakna dèn karasa | dalil khadis rasanipun | dadi padhang ing tyasira ||

Marga iku mau dhawuhing Allah, lumantar Nabi Mukhammad, wus kasêbut ing dalil lan khadis, mulane aja ana kang padha sêmbrana, rasakna kang nganti krasa ing ati, sasurasane dalil lan khadis, mêsthi bisa njalari padhanging atinira.

5. nora gampang wong ngaurip | yèn tan wêruh uripira | uripe padha lan kêbo | angur kêbo dagingira | kalal yèn pinangana | pan manusa dagigipun[8] | yèn pinangan mêsthi karam ||

Mulane ora gampang wong urip ana ing dunya, yèn ora ngrêti marang laku-lakuning uripe, iku uripe kayadene uriping kêbo, luwung kêbo daginge yèn dèn pangan dadi kalal, barêng daginging manusa yèn dèn pangan dadi karam.

6. poma-poma wêkas mami | anak putu aja lena | aja katungkul uripe | lan aja duwe karêman | marang pêpaès donya | siyang dalu emut[9] | yèn urip manggih antaka ||

Poma-poma piwulang ingsun marang putra wayah kabèh, aja nganti lena, aja kêtungkul uripe, lan aja duwe pakarêman samubarang kaanan dunya, ing rina lan wêngi tansah elinga yèn wong urip iku bakal mati.

7. lawan aja angkuh bêngis | lêngus lanas langar lancang | calak ladak sumalonong | aja ladak aja ngêpak | lan aja siya-siya | aja jail parapadu | lan aja para wadulan ||

Lan aja nduwèni watêk: angkuh, bêngis, lêngus, lanas, langar, lancang, calak, ladak, sumalonong, ngêpak siya-siya, jail, parapadu, lan aja dhêmên wêwadul.

8. ingkang kanggo masa mangkin | priyayi nom kang dèn gulang | kaya kang wus muni kuwe | lumaku têmên kajèna | tan nganggo ngetung murwat | lumaku kêkudhung sarung | pamrihe dèn dhodhokana ||

Dene kang tumrap priyayi (bandara) nonoman ing masa iki, kang dèn gêgulang sabên dina kaya kang kasêbut ing dhuwur mau, mlaku-mlakua dèn ajèni, sandhang pangangone ora dèn murwat karo pangkate, yèn lumaku ana ing lurung nganggo kêkudhung sarung parangrusak, pamrihe supaya dèn dhodhoki dening uwong kang kêpêthuk.

9. datanpa kusur sayêkti | satriya tan wruh ing tata | ngêndêlakên satriyane | lamun ngarah dhinodhokan | anganggoa jajaran | yèn niyat lumaku namur | aja ndhodhokkên manusa ||

Kang mangkono iku ora mèmpêr bangêt, kêna dèn arani satriya kang ora ngrêti ing tatakrama, mung ngêgungake satriyane, dene yèn pancèn njaluk dèn dhodhoki dening uwong, iku yèn lumaku prayogane manganggoa kang pantês, lan nganggoa tandha-tandhaning satriya, dene yèn niyat lumaku nylamur, ya aja ngarah dèn dhodhoki iku mau.

--- 37 ---

10. iku poma dipun eling | kaki mring pitutur ingwang | kang wus muni buri kuwe | yèn ana ingkang nganggoa | cawangan wong mbalasar | saking nora ngrungu tutur | lêbur tan dadi dandanan ||

Poma-poma anggèr, aja nganti lali marang pitutur ingsun kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, ewadene yèn ana kang wani nrajang, iku calon wong mbêlasar, katarik saka ora tau krungu pitutur, mulane bisa lêbur ora dadi dandanan.

11. barang gawe dipun eling | nganggoa têpa sarira | aparentah sabênêre | aja ambêk kumawawa | amrih dèn wêdènana | dene ta kang wus linuhung | nggone mêngku marang bala ||

Mulane sabarang panggawe elinga marang têpa sarira, yèn prentah kang sabênêre utawa samêsthine bae, aja ambêk kumawawa, pamrihe supaya dèn wêdènana, dene tumrape kang wus luhur budine, ênggone mêngku marang wadyabala.

12. prih wêdi sarta asih[10] | nggone mêngku maring bala | dèn wêruhana gawene | dèn bisa aminta-minta | karyane wadyanira | ing salungguh-lungguhipun | ana karyane priyangga ||

Supaya duwe ering wêdi lan asih, iku dèn ngrêtèkêna marang pagawean kawajibane dhewe-dhewe, dèn pinta-pinta miturut pangkat sawiji-wijine.

13. sarta wêruhna ing bêcik | gantungana ing patrapan | darapon pêthêl karyane | dimène aja sêmbrana | dènnya nglakoni karya | ywa dumèh asih sirèku | yèn lêleda patrapana ||

Sarta ngrêtèkêna marang panggawe kang bêcik, lan wêdèn-wêdènana ing kukume, supaya njalari pêthêl marang pagawean, banjur ora sêmbrana ênggone nêtêpi kawajibane, sanadyan abdi mau kêkasih, nanging yèn lêleda, ya patrapana kukume.

14. mêsthi sanak-sanak ugi | yèn lêleda patrapana | murwatên lawan dosane | darapon padha wêdia | ing wuri ywa lêleda | ing dana kramanirèku | aja pêgat diwatara ||

Mangkono uga tumrap marang para santana, yèn lêleda uga patrapana kukum, miturut saboboting dosane, supaya njalari padha eringa, ing saburine ora lêleda manèh, dene tumrap têtêmbunganira kang manis, aja kêndhat kang mratani marang sakabèhe.

15. lan maninge suta mami | mungguh anggêp wong ngawula | dèn suka sukur ing batos | aywa pêgat ing panêdha | mring Hyang kang amisesa | ing raina wênginipun | mulyane nagara tata ||

--- 38 ---

Lan manèhe putraningsun, mungguh panganggêpe wong ngawula, iku kang prayoga kudu suka sukur têrusing batin, ing rina lan wêngi aja kêndhat ing panyuwunira marang Pangeran kang maha kuwasa, supaya adêging praja bisaa tata raharja, lan udhaking kaluhurane kang jumênêng nata.

16. iku wêwalêsing batin | mungguh wong suwitèng nata | ing lair sêtya tuhune | kalawan cadhang ing karsa | badane tan lênggana | ing siyang dalu kaatur | pati uriping kawula ||

Mangkono iku pamalêsing batin, têtêpe wong ngawula ing ratu, ing lair katona sêtya tuhune, lan pamadhêping atinira cumadhonga ing sadhawuh, sumarah ing karsa, aja lênggana, ing rina lan wêngi pati uripmu kaaturna.

17. gumantung karsaning gusti | iku trape wadya sêtya | nora kaya jaman mangke | yèn wus antuk kalungguhan | trape kaya wong dagang | ngetung tuna bathinipun | ing tyase datan rumasa ||

Gumantung karsaning gusti, iku têtêpe kang dèn arani wadya sêtya, ora kaya jaman saiki, yèn wis entuk pangkat, patrape banjur kaya wong dagang, ngetungake tuna lan bathi, atine ora rumasa.

18. awite dadi priyayi | sapa gawe marang sira | nora wêruh kawitane | iya wêruh awitira | dadi saking rêruba | mulane ing batinipun | pangetunge lir wong dagang ||

Kapriye wiwitane bisa dadi priyayi, sapa sing ndadèkake priyayi marang sira, ora wêruh kawitane, saka rumasane wiwitane dadi priyayi iku saka ênggone awèh rêriba,[11] mulane ing batin pangetunge kaya wong dagang.

19. pikire gêlisa bathi | rêrubane duk ing dadya | ing rina wêngi ciptane | kapriye lamun bisaa | malês sihing bandara | lungguhe lawan tinuku | tan wurung angrusak desa ||

Kang dèn pikir supaya enggala tumuli bathi karo dhuwit rêruba dhèk nalika têtêpe dadi priyayi, mangkono iku ciptaning atine ing rina lan wêngi. Mulane kapriye ênggone bisa malês asih marang bandarane, jalaran kalungguhane mau dhèk biyèn ênggone tuku, kang mangkono iku ora wurung ngrusakake bêbêkêling desa, yaiku banjur tumindak njaluk rêruba gênti marang bêkêle ing desa.

20. pamrihe gêlisa bathi | nadyan besuk dèn pocota | duwèke sok wis apulèh | kapriye lamun tataa | polahe salang tunjang | padha kaya wong bêbruwud | lan ngetung duga prayoga ||

--- 39 ---

Pamrihe enggala entuk bathi, sanadyan besuk dèn pocota, ênggone dadi priyayi, anggêre dhuwite wis bisa pulih, kang mangkono iku kayapriye bisane tata, marga tumindake ora nurut dalan, banjur kayadene wong nyêbrot, ora nganggo duga lan prayoga.

21. poma padha dipun eling | nganggoa sukur lan rila | narimaa pêpancine | lan aja amrih sarana | mring wadya nambut karya | lan padha amriha iku | arjane kang desa-desa ||

Poma dèn padha eling, nganggoa dhêdhasar sukur lan rila ing ati, narimaa marang sapandum, lan aja melikake rêruba bau sukuning wadya kang padha nyangga gawe, mung bae, padha mbudiya supaya rêjaning kang desa-desa.

22. wong desa pan aja nganti | ewuh nggone nambut karya | têgal sawah atêtanèn | nggaru maluku têtêpa | aja dèn owah-owah | dimène tulus manandur | pari kapas miwah jarak ||

Tumrape wong desa aja nganti pakewuh ênggone padha arêp nyambut gawe: têgal, sawah, têtanèn, nggaru, mluku, bisaa lêstari, aja dèn owah-owah, supaya lêstari ênggone nênandur: pari, kapas, lan jarak.

23. yèn desa akèh wongnèki | ingkang bathi pasthi sira | wêtuning pajêg undhake | dipun ririh pangrèhira | aja gawe rêkasa | dèn wani kalah rumuhun | beya kurang paringana ||

Yèn padesan akèh uwonge, dadine sing untung mêsthi iya sira, yaiku: banjur mundhak pajêge, mulane kang sarèh ênggonira ngêrèh aja nganti gawe rêkasaning wong desa, malah wania ngalah luwih dhisik, yèn pinuju kêkurangan wragad nggone nggarap sawah, iku paringana.

24. kapriye gêmahing bumi | sakèhe kang desa-desa | salih bêkêl pêndhak Êpon | pamêtune jung sacacah | bêktine karobêlah | têmahan desane suwung | priyayi jaga pocotan ||

Nanging kayapriye bisane gêmah ripahing bumi ing desa, sabab sakèhing desa-desa yèn nyalini bêkêle pêndhak Êpon limang dina, ing dalêm sawah sajung bêktine karobêlah (satus sèkêt rupiyah), ing wusana desane dadi suwung, jalaran ora kuwat mbayar bêktine mau, mulane sakabèhing priyayi aja dhêmên pijêr nyopoti bêkêle.

25. poma aja na nglakoni | kaya pikir kang mangkana | tan wurung lingsêm têmahe | dèn padha angèstokêna | mring pitutur kang arja | nora nana alanipun | wong nglakoni kabêcikan ||

--- 40 ---

Poma aja ana kang nglakoni panggawe kang kaya mangkono mau, ora wurung têmahane mung gawe isin bae, mulane dèn padha ngèstokêna marang pitutur kang amrih raharja, ora ana alane wong kang dhêmên nglakoni kabêcikan.

26. nonoman samêngko iki | yèn dèn pituturi arja | arang kang angrungokake | dèn salamur sêsêmbranan | êmoh yèn anirua | malah malês apitutur | pangrasane sampun wignya ||

Tumrape wong nonoman ing saiki, yèn dèn pituturi kang amrih raharja, arang-arang kang gêlêm ngrungokake, banjur nylamur sêmbranan, lan ora gêlêm nganggo, mlah gênti mituturi, saka pangrasane dhèwèke wis pintêr dhewe.

27. aja ta mangkono ugi | yèn ana wong cêcarita | rungokêna saunine | kang bêcik sira anggoa | buwangên ingkang ala | anggitên sajroning kalbu | ywa nganggo budi nonoman ||

Iku aja mangkono, malah yèn ana wong lagi kojah, rungokna apa kang dèn critakake, yèn ana tuladhane kang bêcik, iku sira anggoa, dene kang ala singkirana, kabèh mau kacathêtana sajroning ati, aja nganggo budine wong anom.

12. Sinom

1. ambêke kang wus utama | tan ngêndhak gunaning janmi | amiguna ing aguna | sasolahe kudu bathi | pintêre dèn alingi | bodhone dinokok ngayun | pamrihe dèn inaa | aja na ngarani bangkit | suka lila dèn ina sapadha-padha ||

Anadene tumrap dhêdhasar kang wis utama, iku ora gêlêm ngêndhak kagunaning liyan, utawa nyabarake kaluwihaning liyan, salaku-lakune mung tansah olèh bathi bae, kapintêrane dhewe dèn aling-alingi api-api bodho kang dèn katonake ana ngarêp, pakolèhe supaya dèn inaa aja nganti dèn arani pintêr, malah sênêng bangêt yèn dèn ina ing sapadha-padhane.

2. ingsun uga tan mangkana | balilu kang sun alingi | kabisan sun dokok ngarsa | isin mênèk dèn arani | balilu ing sujanmi | nanging batin ingsun cubluk | suprandene jroning tyas | lumaku sinêbut wasis | tanpa ngrasa pradene[12] sugih carita ||

Dene kang tumrap ingsun dhewe uga ora mangkono, kabodhoan kang ingsun aling-alingi, kapintêran kang ingsun katonake ana ngarêp, marga rumasa isin yèn nganti dèn arani bodho dening sapadha-padhane manusa, nanging sajatine ingsun iki bodho bangêt,

--- 41 ---

ewadene pangrasaning panggalih ingsun, mlaku-mlakua dèn arani wasis, babar pisan ora rumasa ing bodhone, suprandene sugih carita utawa kojah.

3. tur duk ingsun maksih bocah | akèh ingkang mituturi | lakune wong kuna-kuna | lêlabêtan ingkang bêcik | miwah carita ugi | kang kajaba saka ngêbuk | iku ingaran kojah | suprandene ingsun iki | têka datan ana undhaking kabisan ||

Tur dhèk nalika ingsun isih timur (bocah cilik) akèh kang padha mituturi têturi têtuladan laku-lakune wong kuna-kuna, utawa lêlabuhan kang bêcik, lan uga saka crita-crita, dene crita kang ora srana maca layang iku jênênge kojah, ewadene ingsun iki mêksa ora ana undhaking kapintêran.

4. carita nggon ingsun nular | wong tuwa kang momong dhingin | akèh kang sugih carita | sun rungokkên rina wêngi | samêngko misih eling | sawise diwasa ingsun | bapak kang paring wulang | miwah ibu mituturi | tatakrama ing pratingkah kang raharja ||

Mungguh nggon ingsun bisa crita iku, sakawite ya saka gêthok tular, yaiku: dèn kojahi wong tuwa kang momong ingsun dhèk biyèn, marga wong tuwa-tuwa mau akèh kang padha sugih crita, ingsun pèngêti sajroning ati ing sanina[13] wêngine, tumêkaning saiki isih kèlingan, barêng ingsun wus diwasa, kangjêng rama kang paring piwulang. Kangjêng ibu kang mituturi patraping tatakrama lan solah bawa kang amrih raharja.

5. padha sira èstokêna | pitutur kang muni tulis | yèn sira nêdya raharja | anggonên pitutur iki | nggon ingsun ngeling-eling | tuturing wong sêpuh-sêpuh | mula padha bisaa | anganggo pitutur bêcik | ambêrkati wuruke wong tuwa-tuwa ||

Mulane padha sira èstokêna sakabèhing piwulang kang kasêbut ing layang iki, yèn sira sumêdya nggayuh marang karaharjan, nganggoa piwulang mau, dene nggon ingsun ngeling-eling marang pituturing wong tuwa-tuwa, supaya sira padha bisaa nganggo pitutur kang bêcik, sabab piwulange wong tuwa-tuwa iku gêdhe sawabe.

6. lan aja na wani mada | mring lêluhur ingkang dhingin | satindake kawruhana | ngurangi dhahar lan guling | nggone ambanting dhiri | amasuh sariranipun | têmune kang sinêdya | mungguh wong nêdhèng Hyang Widhi | lamun têmên lawas enggale tinêkan ||

Lan manèh aja ana kang wanuh wani maoni marang lêluhurira kang dhingin-dhingin, malah laku-lakune kang ngurang-ngurangi mangan lan turu, nggone tansah nglarani raga, masuh ing sarirane,

--- 42 ---

iku wajib kawruhana, supaya bisa katêkan ing sasêdyanira. Mungguh wong nyênyuwun marang Gusti Allah iku yèn têmên-têmên, mêsthi tinarima, nanging suwe lan gêlise ora kêna dèn pêstèkake.

7. Pangeran kang sipat murah | njurungi kajating dasih | sapa têmên tinêmênan | puniku ujaring dadil | nyatane ana ugi | kaya Ki Agêng ing Tarub | wiwite anênêdha | tan pêgat tumêkèng siwi | wayah buyut canggah warènge kang tampa ||

Sabab Pangeran iku sipate murah, njurungi apa kajating kawula, kang kasêbut ing dalil nêrangake: sapa kang têmên-têmên, mêsthi tinêmênan, mungguh nyatane uga ana, yaiku: kayadene Kyai Gêdhe ing Tarub, kang miwiti nyênyuwun marang Gusti Allah, ora pêdhot-pêdhot nganti tumêka ing putra, wayah, buyut, lan canggahe padha nutugake nyênyuwun, barêng wis tumêka ing warènge lagi bisa nampani nugrahaning Allah, yaiku:

8. Panêmbahan Senapatya | kang jumênêng ing Matawis | iku kang marêngi masa | dhawuh nugrahaning Widhi | saturune lêstari | saking bêrkating lêluhur | mrih tuluse nugraha | ingkang kari-kari iki | wajib uga anirua lakunira ||

Panêmbahan Senapati ingkang jumênêng nata ing Mataram, iku kang mbarêngi ing masakalane, bisa nampani dhawuh nugrahaning Allah, satêdhak turune padha lêstari mukti wibawa, saka sawabe para lêluhure mau. Awit saka iku supayane bisa lêstari nugrahaning Pangeran mau, têdhak turune kang kari iki, wajibe nulada laku-lakune.

9. mring lêluhur kuna-kuna | ênggone ambanting dhiri | iya sakuwasanira | sakuwate anglakoni | cêgah turu sathithik | sarta nyuda dhaharipun | pirabara tirua | kaya ingkang dhingin-dhingin | atirua sapratêlon saprapatan ||

Pra lêluhure kuna-kuna, nggone tansah nglarani raga, nanging ya mung sakuwat-kuwatira nglakoni cêgah turu lan nyênyuda pangan, pirangbara nulada tapa bratane, sanadyan mung sapratêlon utawa saprapatan, padha nglakonana.

10. ana ta silih bêbasan | padha sinaua ugi | lara sajroning kapenak | lan suka jroning prihatin | lawan ingkang prihatin | ing sajroning sukanipun | padha dèn sinaua | lan mati sajroning urip | jaman kuna iyaiku kang dèn gulang ||

Ana bêbasan: padha nggêgulanga lara sajroning kapenak, suka sajroning prihatin, utawa prihatin sajroning suka-suka, lan padha

--- 43 ---

dèn gêgulanga mati sajroning urip, tumrape dhèk jaman kuna, laku kang kaya mangkono iku tansah dèn gêgulang.

11. pamoring Gusti kawula | pan iya ingkang sayêkti | dadine sotya ludira | iku dèn waspada ugi | gampangane ta kaki | têmbaga lan êmas iku | linêbur lan dahana | luluh amor dadi siji | mari aran kancana miwah têmbaga ||

Pamoring kawula Gusti, kang sabênêr-bênêre, katêtêpaning sotya ludira (roh suci) iku kawaspadakna, mungguh gampange bae, ênggèr: mangkene, têmbaga lan êmas iku yèn dèn lêbur, banjur luluh dadi siji, jênênge banjur salin, dudu kancana utawa têmbaga.

12. ingaranana kancana | pan wus kamoran têmbagi | ingaranana têmbaga | wus kamoran kancana di | mila dipun wastani | nênggih suwasa puniku | pamoring mas têmbaga | mila namanipun salin | lan rupane sayêkti puniku beda ||

Mungguh dèn aranana kancana, dene wus kawoworan têmbaga, yèn dèn arani têmbaga, wis kawoworan kancana, mulane banjur dèn arani suwasa, yaiku pamoring êmas lan têmbaga, mula jênênge salin, marga rupane ya beda.

13. cahya abang tuntung jênar | puniku suwasa murni | kalamun gawe suwasa | têmbagane nora bêcik | pambêsute tan rêsik | utawa nom êmasipun | iku sira tandhinga | sorote pasthi asêpi | pan suwasa bubul arane punika ||

Soroting cahya abang sêmu kuning, iku jênênge suwasa murni. Upama arêp gawe suwasa, ing mangka têmbagane ora bêcik, pambêsute ora rêsik, luwih manèh êmase ênom, mangkono iku katandhinga karo suwasa kang murni mau, sorote mêsthi katon surêm, iku jênênge suwasa bubul.

14. kalamun karya suwasa | darapon dadine bêcik | amilihana têmbaga | olèha têmbaga prusi | binêsut ingkang rêsik | sarta mase ingkang sêpuh | rêsik tan kamomoran | dhasar sari pasthi dadi | iku kêna ingaran suwasa mulya ||

Ewadene yèn arêp gawe suwasa supaya bisa dadi bêcik, milihana têmbaga, êntuka têmbaga prusi, banjur dèn bêsut kang rêsik, sarta êmase kang tuwa, nganggo dhêdhasar sari, iku mêsthi bisa dadi bêcik, kêna dèn arani suwasa mulya.

--- 44 ---

15. yaiku uga upama | têpane badan puniki | lamun arsa ngawruhana | pamore kawula Gusti | sayêkti kudu rêsik | aja katempelan nêpsu | luamah lan amarah | sarta rêsik lair batin | dêdimène sarira bisa atunggal ||

Mangkono mau uga dadi upama, sanepane badan iki, yèn arêp nyumurupi pamoring kawula Gusti, sayêktine kudu ati suci, aja nganti katempelan hawa napsu, yaiku: luamah lan amarah, kudu suci lair batine, supayane jiwanira bisaa tunggal.

16. lamun ora mangkonoa | sayêktine ora dadi | mungguh ngèlmu ingkang nyata | ora kêna dèn sêsambi | ewuh kang tan sayêkti | punika wong duwe kawruh | gampang yèn winicara | ewuh kang durung marêngi | ing wêktune binuka jroning wardaya ||

Dene yèn lakune ora mangkono, satêmêne ora bisa dadi, mungguh panganggone ngèlmu kang sanyata, iku ora kêna yèn mung ginawe sambèn, tumrah kang durung bisa gambuh, pancèn pakewuh tumindake, gampange yèn mung ginawe rêmbugan, sabab yèn durung mbarêngi ing masakalane binuka, pancèn angèl têmênan.

17. nanging ta sabarang karya | kang kinira dadi bêcik | pantês dèn talatènana | lawas-lawas bok pinanggih | dèn mantêp jroning ati | ngimankên tuduhing guru | aja uga bosênan | kalamun arsa utami | apan ana dalile kang wus kalakyan ||

Nanging samubarang panggawe iku yèn bakale kira-kira dadi bêcik, sanadyan angèla, wajibe kudu dèn tlatèni, suwe-suwe bisa uga kêtêmu, kang mantêp ing sajroning ati lan mituhua apa sapituduhing guru, dene yèn arêp dadi wong utama, iku aja sok dhêmên bosênan, marga sakabèhing lêlakon iku wus kasêbut ing dalil.

18. para lêluhur sadaya | nggone nênêdha ing Widhi | bisaa mbaboni praja | dadi ugêring rat Jawi | saking talatèn ugi | ênggone katiban wahyu | ing mula-mulanira | lakune lêluhur dhingin | andhap asor ênggone anamur lampah ||

Yaiku tumrap para lêluhur mau nggone nyênyuwun marang Gusti Allah, panggayuhe bisaa mbawani praja dadia ugêr-ugêring tanah Jawa. Dene bisane katiban wahyu mau, tumrape para lêluhur kuna-kuna dhèk biyèn, wiwitane ya saka tlatèn tumindak tapa brata, andhap asor, lan dhêmên lêlana namur laku.

19. tapane nganggo alingan | sinambi alaku tani | iku kang ginawe sasab | pamrihe aja katawis | ujubriyo lan kibir | sumungah ingkang siningkur | lan êndi kang kanggonan | wahyune karaton Jawi | tinempelan anggêpipun kumawula ||

--- 45 ---

Kasutapane dèn aling-alingi sinambi têtanèn nggarap sawah, mulane dèn sasabi mangkoo iku pakolèhe aja nganti katara. Lan ora gêlêm tumindak: jubriya, kibir, lan sêsongaran, malah sing sapa kang entuk nugraha wahyuning kraton tanah Jawa, iku banjur dèn suwitani, panganggêpe tansah kumawula.

20. pan iku laku utama | tumindak sarta kêkêlir | nora ngatingalkên lampah | dadine kang dèn alingi | panêdyane ing batin | ajêro pangarahipun | amore ngêmu rasa | prayoga tiniru ugi | anak putu aja na tinggal lanjaran ||

Tumindak lan kêkêlir kang mangkono iku jênênge laku kang utama, dene nggone nglakoni mau ora dèn katonake, sajatine kang dèn aling-alingi mau, panggayuhe ing kabatinan, dèn arah bisaa kandhas nganti gambuh, ing kono pamoring kawula Gusti ngêmu rasa kang sajati. Mulane para putra wayah kabèh, prayogane nulada, upama kacang aja tinggal lanjaran.

21. lawan ana kang wasiyat | prasapa kang dhingin-dhingin | wajib padha kawruhana | mring anak putu kang kari | lan aja na kang wani | anêrak wêwalêripun | marang lêluhurira | kang minulyakkên ing Widhi | muga-muga mupangatana ing darah ||

Kajaba iku ana pêpali ing kuna, prasapa kang wus kawêtu dhèk biyèn, iku putra wayah kabèh wajib padha ngawruhana lan aja ana kang wanuh wani nêrak wêwalêre, lêluhurira kang wus dèn mulyakake dening Allah (kang wus swarga) muga-muga murakabana brêkahe marang têdhak turune.

22. wiwitan kang aprasapa | Kyai Gêng Tarub amêling | ing satêdhak turunira | tan linilan nganggo kêris | miwah waos tan kêni | kang pangawak waja iku | lêmbu tan kêna dhahar | daginge lan ora kêni | angingua marang wong Wandhan tan kêna ||

Dene kang prasapa iku wiwitane Kyai Gêdhe ing Tarub, mêling marang satêdhak turune, ora dèn lilani nganggo kêris utawa tumbak kang asale saka waja, lan ora dèn lilani mangan daging sapi utawa ngingu batur uwong saka nagara Wandhan.

23. dene Ki Agêng Sêsela | prasapane nora kêni | ing satêdhak turunira | nyamping cindhe dèn walêri | kalawan datan kenging | ing ngarêpan nandur waluh | mangan wohe tan kêna | Panêmbahan Senapati | ing Ngalaga punika ingkang prasapa ||

Dene prasapa kang saka Kyai Gêdhe ing Sela, ing satêdhak turune ora kêna nganggo jarit cindhe, lan dèn walêri ora kêna nandur waluh ana ngarêping omah (ing latar) utawa ora kêna mangan uwohe. Prasapa kang saka Panêmbahan Senapati Ing Ngalaga.

--- 46 ---

24. ing satêdhak turunira | apan nora dèn lilani | nitih kuda ulês napas | lan malih dipun walêri | nitih turăngga ugi | kang kêkoncèn surinipun | dhahar ngungkurkên lawang | wuri tan ana nênggani | dipun emut aja anêrak prasapa ||

Iku ing satêdhak turune ora dèn lilani nunggang jaran kang ulêse napas (kaya warnaning tapas), utawa nunggang jaran kang surine klabangan, lan yèn pinuju mangan ora kêna ngungkurake lawang, kajaba yèn ing burine ana kang jaga, iku kabèh padha eling-elingên aja ana kang wanuh wani nêrak prasapa mau.

25. Jêng Sultan Agung Mataram | prasapane tan nglilani | mring têdhake anitiha | kuda bêndana yèn jurit | lan ora anglilani | waos alandheyan wrêgu | lan tan dèn akên darah | yèn tan bisa têmbang Kawi | pan prayoga satêdhake sinaua ||

Prasapa kang saka Kangjêng Sultan Agung ing Mataram, satêdhake yèn pinuju pêrang ora dèn lilani nunggang jaran kang bêndana, lan nganggo tumbak kang landheyane kayu wrêgu, utawa ora dèn aku darah yèn nganti ora ngrêti ing têmbang sarta têmbung Kawi, mulanae para darah kabèh prayogane padha sinaua.

26. Jêng Sunan Pakubuwana | kang jumênêng ing Samawis | kondur madêg Kartasura | prasapanipun anênggih | tan linilan anitih | dipangga saturunipun | Sunan Prabu Mangkurat | walêr mring saturunnèki | tan linilan ngujung astana ing Bêtah ||

Kangjêng Sunan Pakubuwana ingkang jumênêg ing Sêmarang, sakondure jumênêng nata ing Kartasura, prasapa marang satêdhak turune ora dèn lilani nunggang gajah; Kangjêng Sunan Prabu Mangkurat, prasapa marang satêdhak turune ora dèn lilani saos bêkti mênyang ing pasareyane Kyai Agêng Butuh.

27. lawan tan kêna nganggoa | dhuwung sarungan tan mawi | kandêlan yèn nitih kuda | kabèh aja na nggêgampil | nêrak wêwalêrnèki | puniku prasapanipun | nênggih Kangjêng Susunan | Pakubuwana ping kalih | mring satêdhak turunira linarangan ||

Lan yèn pinuju nunggang jaran ora kêna nganggo kêris kang tanpa pêndhok, kabèh aja ana wanuh wani nêrak wêwalêr mau. Tumrap prasapa kang saka Kangjêng Susuhunan Pakubuwana kang kapindho, nglarangi marang satêdhak turune.

28. mangan apyun nora kêna | sinêrèt tan dèn lilani | inguntal pan linarangan | sapa kang padha nglakoni | narajang walêrnèki | yèn kongsi kalêbon apyun | pan kêna ing prasapa | jinabakkên têdhaknèki | Jêng Susunan ingkang sumare Lawiyan ||

--- 47 ---

Ora kêna mangan apyun, nyêrèt lan nguntal klèlèt uga linarangan, sing sapa padha nglakoni nêrak wêwalêr iki kongsi mangan apyun, iku kawêtokake saka warise Kangjêng Susuhunan Pakubuwana II kang wus sumare ing Lawiyan.

29. prasapa Kangjêng Susunan | Pakubuwana kaping tri | mring satêdhak turunira | apan nora dèn lilani | agawe andêl ugi | wong kang seje jinisipun | pan iya linarangan | anak putu wuri-wuri | aja ana wani narajang prasapa ||

Prasapa kang saka Kangjêng Susuhunan Pakubuwana III marang satêdhak turune ora dèn lilani gawe andêl-andêl senapati, nganggo uwong kang seje bangsa, kabèh putra wayah ing buri-buri padha dèn larangi aja ana kang wani nrajang prasapa mau.

30. wontên walêr kaliwatan | saking lêluhur kang dhingin | linarangan angambaha | wana Krêndhawahanèki | dene ingkang malêri | Sang Danangjaya ing dangu | lan malih winalêran | sagung têdhaking Matawis | yèn dolana ing wana rawi tan kêna ||

Kajaba iku ana manèh wêwalêre lêluhur kuna kang kaliwatan, yaiku: dèn larangi ngambah alas ing Krêndhawahana, dene kang gawe wêwalêr iku Sang Danangjaya ing jaman purwa. Lan manèh ana wêwalêr satêdhak turuning Mataram, ora kêna dolan mênyang ing alas utawa ing rawa.

31. dene ta sirikanira | yèn ing têrah Dêmak ugi | anganggo wulung tan kêna | apan kang kasirik malih | bêbêd lunthang tan kêni | kalamun têdhak Madiun | lan payung dandan abang | têdhak Madura tan kêni | anggoa sinjang bathik parangrusak[14] ||

Ana manèh kang dadi sirikan tumrap darah ing Dêmak, ora kêna nganggo sarwa wulung. Dene sirikan kang tumrap darah Madiun, ora kêna nganggo jarit lunthang lan nganggo payung kang dandane abang (garane payung abang). Yèn sirikan tumrap darah Madura, ing satêdhak turune ora kêna nganggo jarit bathik parangrusak.

32. têdhaking Kudus tan kêna | yèn dhahara daging sapi | têdhaking Sumênêp ika | ora kêna ajang piring | watu tan dèn lilani | dhahar kidang dagingipun | apan ta linarangan | godhong palasa kinardi | ajang mangan puniku pan nora kêna ||

Yèn sirikan kang tumrap darahing Kudus, ora kêna mangan daging sapi. Yèn sirikan kang tumrap darahing Sumênêp ora kêna nganggo ajang piring watu, utawa ajang godhong plasa, lan ora dèn lilani mangan daging kidang.

--- 48 ---

33. kabèh anak putu padha | eling-eling aja lali | prasapa kang kuna-kuna | walêre lêluhur dhingin | èstokna jroning ati | aja nganti kêna dudu | yèn ana wani nêrak | mênèk tan manggih basuki | supayane kang myarsa padha girisa ||

Kabèh putra wayah padha eling-elingên aja ana kang lali tumrap marang prasapane lêluhur ing kuna-kuna mau, padha èstokna ing lair batin, supaya aja nganti nêmu alangan, dene yèn ana kang wani nêrak, bisa uga ora slamêt kang tinêmu, lan manèh kang krungu wêwalêr iki supaya padha mèlu giris atine.

13. Girisa

1. anak putu angèstokna | warah wuruke si bapa | aja na ingkang sêmbrana | marang wuruke wong tuwa | ing lair batin dèn bisa | anganggo wuruking bapa | têguhana jroning nala | padha nêdyaa santosa ||

Para anak putu kabèh padha ngèstokna marang wêwarah lan wuruke si bapa, aja ana kang padha sêmbrana marang wuruke wong tuwa, ing lair têrus ing batin bisaa nganggo apa ing sapiwuruke bapa mau, atinira kang têtêp lan santosa ênggone ngèstokake.

2. aja na kurang panrima | ing papêsthèning sarira | yèn saking Hyang maha mulya | nitahkên ing badanira | lawan dipun awas uga | asor unggul waras lara | tanapi bêgja cilaka | urip kalawan antaka ||

Aja ana kang padha kurang ing panrima marang pêpêsthèning badan, marga iku wis atas saka karsane Gusti Allah, lan manèh kang padha awas pamawasira marang lêlakon: kadadian asor lan unggul, waras lan lara, bêgja lan cilaka, urip lan mati.

3. iku saka ing Hyang Suksma | miwah ta ing umurira | kang cêndhak lawan kang dawa | wus pinanci mring Hyang Suksma | druhaka yèn maidoa | miwah nora anarima | ing lohkhil makfuling angga | tulisane pan wus ana ||

Iku kabèh wus pinasthi saka karsaning Allah, apadene cêndhak dawaning umurira, uga wus pinanci dening Allah, dene yèn nganti ana kang maido sarta ora nrima atine, iku kêna ing duraka, awit tulisane ing lohkhil makful badan wis ana.

4. yogya padha ngawruhana | sêsikuning badanira | marang ing Hyang kang amurba | amasesa marang sira | yèn sira durung uninga | prayoga atêtakona | mring kang padha wruh ing makna | iku kang para ulama ||

--- 49 ---

Mula luwih bêcik padha sumurupana sêsikuning badanira, kang tumrap marang ing Gusti kang murba misesa ing sira, dene yèn sira durung ngrêti dêdunungane, luwih bêcik pitakona marang kang wis ngrêti ing lapal makna, yaiku 'ulama.

5. kang wus wruh rasaning kitab | darapon sira wêruha | wajib mokale Hyang Suksma | miwah wajibing kawula | lan mokale kawruhana | miwah ingkang tatakrama | sarengat ingkang waspada | batal karam pan lakokna ||

Marga 'ulama iku kang wus kêna dèn anggêp ngrêti marang rasa lan surasaning kitab, supayane sira bisaa ngrêti kang dèn arani: wajib lan mokale Allah, lan wajib mokaling kawula, kabèh iku sumurupana, sata tumraping tatakrama, lan tumindaking sarengat, ngrêtia kang têmênan, utawa batal karam ngrêtènana sirikane.

6. sunat lan parlu punika | prabot kanggo sabên dina | iku uga dipun padhang | pathokanira dèn têrang | lan aja bosên jagongan | lawan kang para 'ulama | miwah wong kang wus sampurna | kawruhe marang Hyang Suksma ||

Sunat lan prêlu iku dadi prabot kanggo ing sabên dina, iku uga bisaa dhamang dêdunungane, pathokanira kang tlêsih, lan aja bosênan njagongi marang para 'ulama, utawa marang wong ngèlmu kang wus sampurna kawruhe ka-Allahan.

7. tanapi ing tatakrama | ing tindak-tanduking basa | kang tumiba marang nistha | tuwin kang tumibèng madya | lan kang tumiba utama | iku sira takokêna | marang kang para sujana | miwah mring wong tuwa-tuwa ||

Apadene tumrap lakuning tatakrama, ing tindak tumanduking basa kang tumiba marang: nistha, madya, lan utama, kang mangkono iku sira takona marang para sarjana utawa marang wong tuwa-tuwa.

8. kang padha bisa micara | miwah wong kang ulah sastra | iku pantês takonana | bisa padhang ing tyasira | ana kinarya gondhelan | pamuruke mring wong mudha | anulad basaning sastra | utawa saking carita ||

Kang padha wasis rêmbugan lawan wong kang ahli sastra, iku pantês takonana, mêsthi bisa madhangake atinira, marga pamuruke wong tuwa marang wong ênom mau nganggo wêwaton: têtuladhaning sastra utawa saka ing carita.

--- 50 ---

9. lawan dèn srêgêp amaca | sabarang caritanira | aja anampik wêwacan | carita kang kuna-kuna | layang babad kawruhana | caritane luhurira | darapon sira wêruha | lêlakone wong prawira ||

Lan manèh kang srêgêp maca layang samubarang layang crita apa bae, aja sok nampik layang wacan critane lêlakon ing kuna-kuna, layang babad iku sumurupana caritane lêluhurira, supaya sira bisa ngrêti marang lêlakone wong kang prawira (digdaya).

10. miwah lêlakone padha | kang para wali sadaya | kang padha olèh nugraha | asale saking punapa | sarta kang para satriya | kang digêdaya ing ayuda[15] | lakune sira tirua | lêlabêtan kang utama ||

Lan lêlakone para wali kang padha entuk nugraha, kapriye mungguh ing mula bukane, sarta laku-lakune kang para satriya kang padha digdaya ing ayuda, iku laku-lakune sarta lêlabêtane kang utama sira tirua.

11. ora susah amirungga | mungguh tindaking satriya | carita kabèh pan ana | kang nistha lan kang utama | kang asor kang luhur padha | miwah lakuning nagara | pan kabèh ana carita | ala bêcik sira wruha ||

Dene mungguh tumraping satriya, nggone mbudi kawruh iku ora susah nyêngkêr guru kang mligi mêmulang, nanging sajroning layang babad utawa crita, iku uga wus ana piwulang tumraping laku kang nistha lan utama, kang asor, kang luhur, laku pranataning nagara, kabèh mau wus klêbu ing crita, mungguh kang ala lan kang bêcik padha sumurupana.

12. yèn durung mangrêti sira | caritane takokêna | ya marang wong tuwa-tuwa | kang padha wruh ing carita | iku ingkang dadi uga | undhaking pintêranira | nanging ta dipun elingan | sabarang kang kapiyarsa ||

Dene yèn sira durung ngrêti marang surasaning crita mau, takokêna marang wong tuwa-tuwa kang wis ngrêti ing crita mau, laku mangkono iku kang njalari undhaking sêsurupanira, nanging sira kudu elingan marang crita kang wus dèn rungokake.

13. aja na tiru ing bapa | kalakuwane kang ala | bangêt tuna bodho mudha | kêthul tan duwe graita | nanging anak putu padha | mugi Allah ambukaa | marang ing pitutur yogya | kabèh padha angèstokna ||

Lan aja ana kang niru marang kalakuwane bapa kang ala, yèn ngantia niru dadine bodho bangêt lan kêthul atine ora duwe panggraita, têmahan tuna uripe. Mulane para anak putu kabèh

--- 51 ---

muga-muga padha tinarbukaa atine dening Allah, supaya bisa ngèstokake ing pitutur kang prayoga.

14. marang pituturing bapa | muga padha kalakona | kabèh padha mituruta | panêdhaningsun mring Suksma | lanang wadon salamêta | manggiha suka raharja | ing dunya praptèng akhirat | dèn dohna sangsara papa ||

Mangkono uga marang pituturing bapa kang bêcik, muga-muga padha bisaa nglakoni, kabèh padha mituhua, lan manèh panyuwun ingsun marang Gusti Allah, tumrap sira kang lanang utawa wadon, kabèh padha pinaringana slamêt, nêmua ing suka raharja, ing dunya tumêkaning akhirat, tinêbihna ing papa sangsara.

15. olèhe padha kêkadang | padha atut aruntuta | marang sadulure padha | sugiha dunya barana | lan padha sugiha putra | pêpaka jalu wanodya | kalawan maninge aja | nganti kapêgatan trêsna ||

Dene ênggone padha saduluran, bisaa padha turut-tinurut, lan pinaringana sugih rajabrana, sugih anak kang pêpak lanang lan wadon, lan maneh ingatase padha sadulur iku aja nganti kapêdhotan trêsna.

16. padha uga dèn pracaya | aja sumêlang ing nala | kabèh pitutur punika | pama wahyuning Hyang Suksma | kang dhawuh marang ing sira | jalarane saking bapa | Hyang Suksma paring nugraha | maring anak ingsun padha ||

Salah sawijine kang padha pracaya bae, aja ana kang duwe ati nyamarake, mungguh kaanane piwulang iki, kaya upamane wahyuning Allah, kang ndhawuhake marang sira, mung lantarane saka ing bapa, iku satêmêne Gusti Allah dhewe kang paring nugraha marang putraningsun kabèh.

17. dèn bisa nampani padha | mungguh sasmitaning Suksma | ingkang padha marang sira | winêruhkên bêcik ala | anyêgah karêpanira | kang marang panggawe ala | kang tumiba siya-siya | yaiku paring Hyang Suksma ||

Mulane dèn padha bisa nampani ing sasmitaning Allah kang tumiba marang ing sira, yaiku: sira dèn wêruhkên laku bêcik lan ala, utawa nyêgaha kêkarêpanira kang ala, kang tumiba ing siya-siya, ya mangkono iku pêparinge Allah.

18. paring peling marang sira | tinuduhakên ing marga | kang bênêr kang kanggo uga | nèng dunya ingkang sampurna | muga anak putu padha | bisaa dadi tuladha | kabêcikaning manusa | tinirua ing sujanma ||

--- 52 ---

Utawa paring pêpeling marang ing sira, dèn tuduhakên ing dalan kang bênêr kang mêsthi kanggo ana ing dunya kang bisa sampurna, muga-muga putra wayah ingsun kabèh mungguh kabêcikanira iku bisaa dadi tuladha marang para manusa, dèn tirua laku-lakune.

19. sakèhing wong kapengina | aniru ing solah bawa | marang anak putu padha | anggêpe wêdi asiha | kinalulutan ing bala | kèdhêpa saparentahnya | tulusa mukti wibawa | ing satêdhak turunira ||

Lan sakabèhing uwong padha rumasaa kêpengin niru ing solah bawaning putra wayah ingsun, pamadhêping atine rumasaa wêdi lan asih, sarta linulutana ing wadyabala, kinèdhêpa ing saprentahira, tulusa mukti wibawa, ing satêdhak turunira.

20. dèn dohna saking duraka | winantua ing nugraha | sakèh anak putu padha | ingkang ngimanakên uga | marang pituturing bapa | Allah anyêmbadanana | ing pandonganingsun iya | ing tyas ingsun wus rumasa ||

Dèn êdohêna ing duraka, winantua ing nugraha, mulane putra wayah ingsun kabèh dèn padha ngimanake marang pituturing bapa, muga-muga Gusti Allah anyêmbadanana, ing pandonganingsun iki, marga ingsun wus rumasa.

21. wakingsun upama surya | lingsir kulon wayahira | parêking surupe uga | adoh marang timbulira | pira lawase nèng dunya | kauripaning manusa | masa nganti satus warsa | uripe ana ing dunya ||

Sariraningsun upama surya, wayahe wus lingsir kulon, dadi cêdhak surupe, adoh marang palêthèke, yèn pinikir kang têmêna, sapira lawase wong urip ana ing dunya, masa nganti ya satus taun uripe ana ing dunya.

22. mulane sun muruk marang | kabèh para putraningwang | sun tulis sun wèhi têmbang | darapon padha rahaba | ênggone padha amaca | sarta ngrasakna carita | aja bosên dèn apalna | ing rina wêngi elinga ||

Mulane ingsun banjur mêmulang marang sakabèhing putraningsun, dene piwulang mau ingsun tulis kanthi têmbang, supaya njalari padha rahaba nggone padha maca, sarta critane karasakêna, apa saunine apalna aja bosên, ing rina lan wêngi tansah eling-elingên.

--- 53 ---

23. lah muga padha tirua | kaya lêluhure padha | sudira bêtah atapa | sarta waskitha ing nala | ing sêmpurnaning ngagêsang | kang patitis tan amamang | iku ta panêdhaningwang | muga ta kalampahana ||

Lah muga-muga padha tirua ing lêluhurira padha sudira, bêtah tapa brata, sarta bisa waskitha marang sampurnaning urip, kang pratitis ora mamang, mangkono iku pandonganingsun, muga-muga kêlakona.

24. titi tamating carita | sêrat wêwalêr mring putra | kang yasa Sri Maharaja | Pakubuwana kaping pat | karsane sri maharaja | ing galih panêdhanira | kang amaca kang miyarsa | yèn lali muga elinga ||

Sinigêg wus tamat kang piwulang, tumrap layang wêwalêr kang marang putra, kang yasa Sri Maharaja Pakubuwana IV, mungguh kang dadi kaparênging panggalih dalêm sri maharaja, kanthi nyênyuwun, muga-muga kang padha maca lan ngrungokake yèn pinuju lali tumuli pinaringana eling.

25. têlase panuratira | Bêsar tanggal ping wolulas | Akad Pon Dal sinêngkalan | tata guna sabdèng raja (1735) |[16] masastha windu Sancaya | pamujinirèng kawula | ya Allah kang luwih wikan | obah-osiking kawula ||

Dene rampunging panulise ana ing sasi Bêsar tanggal kaping wolulas, dina Akad Pon, taun Dal, sangkalaning taun: tata guna sabdèng raja (1735), masa kawolu windu Sancaya, kawula mêmuji: ya Allah kang luwih wikan marang obah-osiking kawula.

__________

Kasambêt Wulang Putri ingkang saking kaparênging karsa dalêm minangka sêsambêtanipun Wulang Rèh punika.

 


ginunggung. (kembali)
Lebih satu suku kata: tan mikir pawèwèhing lyan. (kembali)
sugih. (kembali)
Lebih satu suku kata: kang dèn pakolèhkên ugi. (kembali)
Kurang satu suku kata: mintaa sih awya nganti. (kembali)
kuranga. (kembali)
pintêre. (kembali)
dagingipun. (kembali)
Kurang dua suku kata: siyang dalu dipun emut. (kembali)
10 Kurang satu suku kata: amrih wêdi sarta asih. (kembali)
11 rêruba. (kembali)
12 prandene. (kembali)
13 sarina. (kembali)
14 Kurang satu suku kata: anganggoa sinjang batik parangrusak. (kembali)
15 Lebih satu suku kata: kang digdaya ing ayuda. (kembali)
16 Tanggal: Akad (Ngahad) Pon wolulas (18) Bêsar Dal: tata guna sabdèng raja (AJ 1735). Tanggal Masehi: Sabtu 4 Februari 1809. Pada bulan Bêsar tahun AJ 1735, hari Ngahad Pon jatuh pada tanggal 12, maka mungkin tanggal yang dimaksud adalah Ngahad Pon 12 Bêsar AJ 1735 (Minggu 29 Januari 1809 M). Bandingkan: Wulang Rèh Pahêman Radya Pustaka, 1899, hlm. 76; dan Wulang Rèh Tan Kun Swi, 1931, hlm. 44. (kembali)