Wedhatama, Soemodidjojo Mahadéwa, c. 1957, #1205

JudulCitra
Terakhir diubah: 10-07-2017

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

SÊRAT WEDHATAMA

Anggitanipun K.G.P.A.A. MANGKUNAGARA
ING SURAKARTA HADININGRAT

Ingkang ngêdalakên:

Pênêrbit "Soemodidjojo Mahadewa"

Ing Ngayogyakarta Hadiningrat.

--- [1] ---

SÊRAT WEDHATAMA

Anggitanipun K.G.P.A.A. MANGKUNAGARA
ING SURAKARTA HADININGRAT

--- [2] ---

[...]

--- 3 ---

WEDHATAMA

1. PANGKUR

1. mingkar-mingkur ing angkara | akarana karênan mardisiwi | sinawung rêsmining kidung | sinuba sinukarta | mrih krêtarta pakartining ngèlmu luhur | kang tumrap nèng tanah Jawa | agama agêming aji ||

2. jinêjêr nèng wedhatama | mrih tan kêmba kêmbênganing pambudi | măngka nadyan tuwa pikun | yèn tan mikani rasa | yêkti sêpi asêpa lir sêpah samun | samangsane pakumpulan | gonyak-ganyuk nglêlingsêmi ||

3. nggugu karêpe priyăngga | nora nganggo pêparah lamun angling | lumuh ingaran balilu | ugêr guru alêman | nanging janma ingkang wus waspadèng sêmu | sinêmu ing samudana | sasadon ingadu manis ||

4. si pêngung nora nglêgewa | sangsayarda dènira cêcariwis | ngandhar-andhar angandhukur | kandhane nora kaprah | saya elok alăngka longkanganipun | si wasis waskitha ngalah | ngalingi marang si pingging ||

5. mangkono ngèlmu kang nyata | sanyatane mung wèh rêsêping ati | bungah ingaranan cubluk | sukèng tyas yèn dèn ina | nora kaya si punggung anggung gumunggung | ugungan sadina-dina | aja mangkono wong urip ||

6. uripe sapisan rusak | nora mulur nalare ting saluwir | kadi ta guwa kang sirung | sinêrang ing maruta | gumarênggêng anggêrêng anggung

--- 4 ---

gumrunggung | pindha padhane si mudha | prandene paksa kumaki ||

7. kikisane mung sapala | palayune ngandêlkên yayah wibi | bangkit tur bangsaning luhur | lah iya ingkang rama | balik sira sarawungan bae durung | mring tataning tatakrama | nggon-anggon agama suci ||

8. socaning jiwangganira | jêr katara lamun pocapan pasthi | lumuh asor kudu unggul | sumêngah sêsongaran | yèn mangkono kêna ingaran katungkul | karêm ing rèh kaprawiran | nora enak iku kaki ||

9. kêkêrane ngèlmu karang | kêkarangan saking bangsaning gaib | iku borèh paminipun | tan umasuk ing jasat | umung anèng sajabaning daging kulup | yèn kapêngkok pancabaya | ubayane mbalenjani ||

10. marma ing sabisa-bisa | bêbasane muriha tyas basuki | puruhitaa kang patut | lan traping angganira | ana uga anggêr ugêring kaprabun | abon-aboning panêmbah | kang kanggo ing siyang ratri ||

11. iku kaki takokêna | marang para sarjana kang martapi | mring tapaking têpa tulus | kawawa nahan hawa | wruhanira mungguh sanyataning ngèlmu | tan pasthi nèng jalma wrêdha | tuwin nèng jalma taruni ||

12. sapantuk wahyuning Allah | gya dumilah mangulah ngèlmu bangkit | bangkit mikat rèh mangkukut | kukutaning jidangga | yèn mangkono kêna sinêbut wong sêpuh | lire sêpuh sêpi hawa | awas roroning atunggil ||

--- 5 ---

13. tan samar pamoring suksma | sinuksmaya winahya ing asêpi | sinimpên têlênging kalbu | pambukaning warana | tarlèn saking liyêp layaping ngaluyup | pindha pêsating supêna | sumusup ing rasa jati ||

14. sajatine kang mangkana | wus kakênan nugrahaning Hyang Widi | bali alaming asuwung | tan karêm karamean | ingkang sipat wisesa-winisesa wus | mulih mula-mulanira | mulane wong anom sami ||

2. SINOM

1. nulada laku utama | tumrape wong tanah Jawi | wong agung ing Ngèksigănda | Panêmbahan Senapati | kapati amarsudi | sudaning hawa lan nêpsu | pinêsu tapabrata | tanapi ing siyang ratri | amêmangun karyenak tyasing sasama ||

2. samangsane pasamuan | mêmangun marta-martani | sinambi ing sabên măngsa | kala-kalaning asêpi | lêlana tèki-tèki | nggayuh geyonganing kayun | kayungyun êninging tyas | sanityasa pinrihatin | puguh panggah cêgah dhahar lawan nendra ||

3. sabên mèndra saking wisma | lêlana laladan sêpi | ngisêp sêpuhing sopana | mrih pana panrawèng kapti | tistising tyas marsudi | mardawaning budya tulus | mêsu rèh kasudarman | nèng têpining jalanidhi | sruning brata kataman wahyu jatmika ||

4. wikan wêngkuning samodra | kèdêran wus dèn idêri | kinêmat kamot ing driya | rinêgêm sagêgêm [sagê...]

--- 6 ---

[...gêm] dadi | dumadya angratoni | nênggih Kangjêng Ratu Kidul | ndêdêl nggayuh nggêgana | umara marak maripih | sor prabawa lan Wong Agung Ngèksigănda ||

5. dahat dènira aminta | sinupêkêt pangkat kanthi | jroning alam panglimunan | ing pasaban sabên sêpi | sumanggêm anyanggêmi | ing karsa kang wus tinamtu | pamrihe mung aminta | supangate tèki-tèki | nora ketang têkên janggut suku jaja ||

6. prajangjine abipraya | saturun-turuning wuri | mangkono trahing ngawirya | yèn amasah mêsu budi | dumadya glis dumugi | iya ing sakarsanipun | Wong Agung Ngèksigănda | nugrahane praptèng mangkin | trah tumêrah darahe padha wibawa ||

7. ambawani tanah Jawa | kang padha jumênêng aji | satriya dibya sumbaga | tan lyan trahing senapati | pan iku pantês ugi | tinelad labêtanipun | ing sakuwasanira | enake lan jaman mangkin | sayêktine tan bisa ngêplêki kuna ||

8. lowung kalamun tinimbang | ngaurip tanpa prihatin | nanging ta ing jaman mangkya | pra mudha kang dèn karêmi | manelad nulad nabi | nayakèngrat gusti rasul | anggung ginawe umbag | sabên seba mampir masjid | ngajab-ajab mukjijat tibaning drajat ||

9. anggung anggubêl sarengat | saringane tan dèn wruhi | dalil dalaning ijêmak | kiyase nora mikani | katungkul mungkul sami | bèngkrakan mring masjid agung | kalamun maca kutbah | lêlagone dhandhanggêndhis | swara arum ngumandhang cengkok palaran ||

--- 7 ---

10. lamun sira paksa nelad | tuladaning kangjêng nabi | o nggèr kadohan panjangkah | watêke tan bêtah kaki | rèhne ta sira Jawi | sathithik bae wus cukup | aja guru alêman | nelad kas ngêplêgi pêkih | lamun pêngkuh pangangkah yêkti kêramat ||

11. naning[1] yèn angupa boga | rèhne ta tinitah langip | apa ta suwitèng nata | tani tanapi agrami | mangkono mungguh mami | padune wong dahat cubluk | durung wruh cara Arab | Jawane bae tan ngênting | parandene paripêksa mulang putra ||

12. saking duk maksih taruna | sadhela wus anglakoni | aberag marang agama | maguru anggêring kaji | sawadine tyas mami | bangêt wêdine ing mbesuk | pranatan ngakir jaman | tan tutug kasêlak ngabdi | nora kobêr sêmbahyang gya tinimbalan ||

13. marang ingkang asung pangan | yèn kasuwèn dèn dukani | abubrah bawur tyas ingwang | lir kiyamat sabên ari | bot Allah apa gusti | tambuh-tambuh solah ingsun | lawas-lawas nggraita | rèhne ta suta piyayi | yèn mamriha dadi kaum têmah nistha ||

14. tuwin kêthip suragama | pan ingsun nora winaris | angurbaya ngantêpana | pranatan wajibing urip | lampahan anglêluri | aluraning pra lêluhur | kuna-kumunanira | kongsi tumêkèng samangkin | kikisane tan lyan amung ngupa boga ||

15. bonggan kang tan mêrlokêna | mungguh ugêring ngaurip | uripe lan tri prakara | wirya arta tri winasis | kalamun kongsi sêpi | saka wilangan

--- 8 ---

têtêlu | têlas tilasing janma | aji godhong jati aking | têmah papa papariman ngulandara ||

16. kang wus waspada ing patrap | mangayut ayat winasis | wusana wosing jiwangga | mêlok tanpa aling-aling | kang ngalingi kalingling | wênganing rasa tumlawung | kèksi saliring jaman | angêlangut tanpa têpi | yèku aran tapa tapaking Hyang Suksma ||

17. mangkono janma utama | tuman tumanêm ing sêpi | ing sabên rikala mangsa | mangsah amêmasuh budi | laire anêtêpi | ing rèh kasatriyanipun | susila anoraga | wignya mèt tyasing sasami | yèku aran wong barèk berag agama ||

18. ing jaman mêngko pan ora | arahe para taruni | yèn antuk tuduh kang nyata | nora pisan dèn lakoni | banjur njujurkên kapti | kakèkne arsa winuruk | ngêndêlkên gurunira | pandhitaning praja sidik | tur wus manggon pamucunge mring makripat ||

3. POCUNG

1. ngèlmu iku kalakone kanthi laku | lêkase lawan kas | têgêse kas nyantosani | sêtya budya pangêkêse dur angkara ||

2. angkara gung nèng angga anggung gumulung | gêgolonganira | triloka lêkêre kongsi | yèn dèn umbar ambabar dadi rubeda ||

3. beda lamun wus sêngsêm rèhning asamun | sêmune ngaksama | sasamane bangsa sisip | sarwa sarèh saking mardi martatama ||

--- 9 ---

4. tama limut durgamèng tyas mawèh limput | karêm ing karamat | karana karoban ing sih | sihing suksma ngrêbda saardi gêngira ||

5. yèku patut tinula-tula tinurut | sapituduhira | aja kaya jaman mangkin | kèh pra mudha mundhi dhiri rapal makna ||

6. durung pêcus kasusu kasêlak bêsus | amaknani rapal | kaya sayid wêton Mêsir | pêndhak-pêndhak angêndhak gunaning janma ||

7. kang kadyèku kalêbu wong ngaku-aku | akale alăngka | elok jamane dèn mohi | paksa langkah ngangkah mèt kawruhing Mêkah ||

8. nora wêruh rosing rasa kang rinuruh | lumêkêt ing angga | anggêre padha marsudi | kana kene kaanane nora beda ||

9. ugêr lugu dèn ta mring pralêbdèng kalbu | yèn kabul kabuka | ing drajat kajating urip | kaya kang wus winahyèng sêkar srinata ||

10. basa ngèlmu mupakate lan panêmu | pasahe lan tapa | yèn satriya tanah Jawi | kuna-kuna kang ginilut tri prakara ||

11. iya lamun kelangan nora gêgêtun | trima yèn kataman | saksêrik samèng dumadi | tri lêgawa nalăngsa srah ing bathara ||

12. bathara gung ingugêr graning jêjantung | jênêk Hyang Wisesa | sana pasênêdan suci | nora kaya si mudha mudhar angkara ||

13. nora uwus karême manguwus-uwus | uwose tan ana | mung jangjine muring-muring | kaya buta butêng bêtah nganiaya ||

--- 10 ---

14. sakèh luput ing angga tansah linimput | linimpêt ing sabda | narka tan ana udani | lumuh ala ardane ginawe gada ||

15. durung punjul ing kawruh kasêlak jujul | kasêsêlan hawa | cupêt kapêpêtan pamrih | tangèh nêdya anggambuh mring Hyang Wisesa ||

4. GAMBUH

1. samêngko ingsun tutur | sêmbah catur supaya lumuntur | dhingin raga cipta jiwa rasa kaki | ing kono lamun katêmu | tăndha nugrahaning Manon ||

2. sêmbah raga puniku | pakartine wong amagang laku | sêsucine akarana saking warih | kang wus lumrah limang wêktu | wantu wataking wêwaton ||

3. ing nguni-uni durung | sinarawung wulang kang sinêrung | lagi iki băngsa kas mêtokkên anggit | mintokkên kawignyanipun | sarengate elok-elok ||

4. thithik kaya santri dul | gajêg kadi santri brai kidul | saurute Pacitan pinggir pasisir | ewon wong kang padha nggugu | anggêre padha nyalêmong ||

5. kasusu arsa wêruh | wahyuning Hyang kinira yèn karuh | ngarêp-arêp urip arsa dèn kurêbi | tan wêruh yèn urip iku | akale kalèru ênggon ||

6. yèn tan jaman rumuhun | tata titi lumrah tumaruntun | băngsa srengat tan winor lan laku batin | dadi nora duwe bingung | kang padha nêmbah Hyang Manon ||

--- 11 ---

7. lire sarengat iku | kêna uga ingaranan laku | dhingin ajêg kapindhone atabêri | pakolihe putraningsun | njêjêngêr badan mrih kaot ||

8. wong sêgêr badanipun | otot daging kulit balung sungsum | tumrahing rah mêmarah antênging ati | antênging ati nênungku | angruwat ruwêting batos ||

9. mangkono mungguh ingsun | ananging ta sarèhne asnapun | beda-beda panduk panduming dumadi | sayêktine nora jumbuh | tekad kang padha linakon ||

10. nanging ta paksa tutur | rèhning tuwa tuwase mung catur | bok lumuntur lantarane ring utami | sing sapa têmên tinêmu | nugraha gêming kaprabon ||

11. samêngko sêmbah kalbu | yèn lumintu uga dadi laku | laku agung kang kagungan narapati | patitis têtêping kawruh | mêruhi marang kang momong ||

12. sucine tanpa banyu | amung nyênyuda ardaning kalbu | pambukane tata titi ngati-ati | atêtêp talatèn atul | tuladan marang waspaos ||

13. mring jatining pandulu | panduking don dêdalan satuhu | lamun lugu lêgutaning rèh maligi | lageyane tumalawung | mênganing alam kinaot ||

14. yèn wus kambah kadyèku | sarat sarèh saniskarèng laku | kalakone saka ênêng êning eling | ilanging rasa tumlawung | kono adiling Hyang Manon ||

--- 12 ---

15. gagare ngunggar kayun | ngayun-ayun mring ayuning kayun | bangsa anggit yèn ginigit nora dadi | marma dèn awas dèn emut | mring pamurunging lêlakon ||

16. samêngko kang tinutur | sêmbah katri kang sayêkti katur | mring Hyang Suksma suksmanên saari-ari | arahên dipun kacakup | sêmbahing jiwa sutèngong ||

17. sayêkti luwih pêrlu | ingaranan pêpuntoning laku | kalakuan kang tumrap bangsaning batin | sucine lan awas emut | mring alame lama amot ||

18. ruktine ngangkah ngukut | ngikêt ngrukêt triloka kakukut | jagad agung ginulung lan jagad cilik | dèn kandêl-kumandêl kulup | lan kêlaping ngalam kono ||

19. kêlême mawa limut | kalamatan jroning ngalam kanyut | sanyatane iku kanyataan kaki | sajatine yèn tan emut | sayêkti tan bisa amor ||

20. pamète sakaluyut | sarwa sarèh salire pangayut | lamun yitna kayitnan kang miyatani | tarlèn mung pribadinipun | kang katon tinonton kono ||

21. nging aywa salah surup | kono ana sajatining urub | yèku urub pangarêp uriping budi | sumirat-sirat nêrawung | kadya kartika katonton ||

22. yèku wênganing kalbu | kabuka ta kang wêngku-winêngku | wêwêngkone wus kawêngku ing sirèki | nging sira uga winêngku | mring kang pindha kartika byor ||

--- 13 ---

23. samêngko ingsun tutur | gantya sêmbah ingkang kaping catur | sêmbah rasa karasa rosing dumadi | dadine wus tanpa tuduh | mung kalawan kasing batos ||

24. kalamun durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | kêna uga wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||

25. mêloke ujar iku | yèn wus ilang sumêlang ing kalbu | amung kandêl-kumandêl ngandêl ing takdir | iku dèn awas dèn emut | dèn mêmêt yèn arsa momot ||

26. pamoring ujar iku | kudu santosa ing budi têguh | sarta sabat tawêkal lêgawèng ati | trima lila ambêg sadu | wêruh wêkasing dumados ||

27. sabarang tindak-tanduk | tumindake lan sakadaripun | dèn ngaksama kasisipaning sasami | sumimpanga ing laku dur | ardaning budi kang ngradon ||

28. dadya wruh iya dudu | yèku minăngka pandaming kalbu | ingkang mbuka ing kijabullah agaib | sêsêngkêran kang sinêrung | dumunung têlênging batos ||

29. rasaning urip iku | krasa momor pamoring sawujud | wujudullah sumrambah ngalam sakalir | lir manis kalawan madu | êndi arane ing kono ||

30. êndi manis ndi madu | yèn wus bisa nuksmèng pasang sêmu | pasamoaning èbing kang Maha Suci | kasikêp ing tyas kacakup | kasatmata lair batos ||

--- 14 ---

31. ing batin tan kaliru | kêdhap kilap liniling ing kalbu | kang minăngka colok cêlaking Hyang Widi | widadaning budi sadu | pandak panduking liru nggon ||

32. nggonira mamrih tulus | kalaksitan ing rèh kang rinuruh | nggyanira mrih wiwal warananing galib | paran ta lamun tan wêruh | sasmita jatining êndhog ||

33. putih lan kuningipun | lamun arsa titah têka mangsul | dene nora măntra-măntra yèn ing lair | bisaa aliru wujud | kadadeyane ing kono ||

34. istingarah tan mêtu | lawan istingarah tan lumêbu | dene ing njro wêkasane dadi njawi | rasakêna kang tuwajuh | aja kongsi kabêsturon ||

35. karana yèn kêbanjur | kajantaka tumêkèng sumaur | tanpa tuwas yèn tiwase ing dumadi | dadi wong ina tan wêruh | dhèwèke dèn anggêp dhayoh ||

5. KINANTHI

1. măngka kanthining tumuwuh | salami mung awas eling | eling lukitaning alam | dadi wiryaning dumadi | supadi nir ing sangsaya | yèku pangrêksaning urip ||

2. marma dèn tabêri kulup | angulah lantiping ati | rina wêngi dèn anêdya | pandak panduking pambudi | mbengkas kaardaning driya | supadya dadya utami ||

3. pangasahe suci samun | aywa êsah ing salami | samăngsa wis kawistara | lêlandhêpe mingis-mingis | pasah wukir rêksamuka | kêkês srabedaning budi ||

--- 15 ---

4. dene awas têgêsipun | wêruh warananing urip | miwah wisesaning tunggal | kang atunggil rina wêngi | kang mukitan ing sakarsa | gumêlar ngalam sakalir ||

5. aywa sêmbrana ing kalbu | wawasên wuwusirèki | ing kono yêkti karasa | dudu ucape pribadi | marma dèn sambadèng sêdya | wêwêsên praptaning uwis ||

6. sirnakna sêmanging kalbu | dèn waspada ing pangèksi | yèku dalaning kasidan | sinuda saka sathithik | pamothahing napsu hawa | linalatih mamrih titih ||

7. aywa mêmanuh nalutuh | tanpa tuwas tanpa kasil | kasalibuk ing srabeda | marma dipun ngati-ati | urip kèh rêncananira | sambekala dèn kaliling ||

8. upamane wong lumaku | marga gawat dèn liwati | lamun kurang ing pangarah | sayêkti karèndhèt ing ri | apêse kasandhung padhas | babak bundhas anêmahi ||

9. lumrah bae yèn kadyèku | atêtămba yèn wus bucik | duwea kawruh sabodhag | yèn tan nartani ing kapti | dadi kawruhe kinarya | ngupaya kasil lan melik ||

10. mêloke yèn arsa muluk | muluk ujare lir wali | wola-wali nora nyata | anggêpe pandhita luwih | kaluwihane tan ana | kabèh tăndha-tăndha sêpi ||

11. kawruhe mung ana wuwus | wuwuse gumaib-gaib | kasliring thathit tan kêna | mancêrêng alise gathik | apa pandhita antiga | kang mangkono iku kaki ||

--- 16 ---

12. măngka ta kang aran laku | lakune ngèlmu sajati | tan dahwèn pati opènan | lan panastèn nora jail | tan njurungi ing kaardan | amung ênêng mamrih êning ||

13. kaonanging budi luhung | bangkit ajur-ajèr kaki | yèn mangkono bakal cikal | thukul wijining utami | nadyan bênêr kawruhira | yèn ana kang nyulayani ||

14. tur kang nyulayani iku | wus wruh yèn kawruhe nêmpil | nanging laire angalah | katingala angêmohi | mung ngenaki tyasing liyan | aywa êsak aywa sêrik ||

15. yèku ilapating wahyu | yèn yuwana ing salami | marga wimbuhing nugraha | saking hèb kang Maha Suci | cinancang pucuking cipta | nora ucul-ucul kaki ||

16. mangkono ingkang tinamtu | tămpa nugrahaning Widi | marma ta kulup dèn bisa | mbusuki ujaring janmi | pikolèh lair batinnya | iyèku budi prêmati ||

17. pantês tinulad tinurut | laladane mrih utami | utama kêmbanging mulya | kamulyan ing jiwa dhiri | ora yèn ta ngêplêkêna | lir lêluhur nguni-uni ||

18. ananging ta kudu-kudu | sakadarira pribadi | aywa tinggal têtuladan | lamun tan mangkono kaki | yêkti tuna ing tumitah | poma èstokêna kaki ||

 


nanging. (kembali)