Weddhakarana, Prawiraatmaja, 1923, #1634

JudulCitra
Terakhir diubah: 23-11-2020

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sêrat Wedhakarana

Anyariyosakên marginipun sagêd kacêpênging gêgayuhan, sababing bêgja cilaka utawi mulya sangsara, saha sanès-sanèsipun. Karanganipun Mas Prawira Atmaja tiyang mardika ing Surakarta ingkang marsudi kawruh kasunyatan saha kawruh tatacara sae (kasudarman). Pangarangipun nalika ing taun 1852. Tinêngêran tangan yaksa sarira janma.[1]

Kawêdalakên dening toko buku: Kalimasada, ing Surakarta, 1e DRUK. SOLO. Boekhandel M. TANOJO. 1923.

--- [1] ---

Sêrat Wedhakarana

Anyariyosakên marginipun sagêd kacêpênging gêgayuhan, sababing bêgja cilaka utawi mulya sangsara. Saha sanès-sanèsipun, karanganipun Mas Prawira Atmaja tiyang mardika ing Surakarta ingkang marsudi kawruh kasunyatan saha kawruh tata cara sae (kasudarman). Pangarangipun nalika ing taun 1852. Tinêngêran tangan yaksa sarira janma.[2]

Kawêdalakên dening toko buku: Kalimasada, ing Surakarta, cap-capan ingkang kapisan, kaêcap ing taun 1853. PRINTED BY "TJAHAJASOERAKARTA"- SOLO.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

Sêrat Wedhakarana

Bêbuka

Nuwun, mugi dipun apuntêna sami dening sagung para ingkang sudi kasa[3] nguningani wêdharing cariyosipun sêrat punika, amargi sawêg sapisan punika kula nyobi damêl karangan ingkang ragi sawatawis panjang, ciptaning manah ingkang sapisan namung badhe mèngêti kawruh ikang[4] sampun kula panggih, kaping kalihipun kangge anuntuni manah kula piyambak supados gadhah purun damêl sêrat wêwarah, utawi pêpakêming kawruh, saha bokmanawi sagêd anjalari ajênging kasagêdan sakêdhik, pintên banggi manawi sêrat punika wontên paedahipun tumrap ing ngakathah, dados dêdamaring budi, anênuntun dhatêng karahayon, awit pamanggih kula, manawi tansah ajrih dening rumaos taksih kathah kêkiranganipun, tamtu kêlajêng kamidilêpên, amargi manawi ngêntosi samêktaning kasagêdan badhe taksih tangèh kalampahanipun, mila panuwun kula dhatêng para manungkara, manawi wontên sêrat-sêrat karangan ingkang wontên kuciwanipun, sanadyan karanganipun sintên kemawon, anggêr tujuaning manahipun ingkang ngarang sêdya damêl sae, mugi-mugi sampun dipun sêrang mawi têmbung ingkang sagêd anjalari munduripun purun [pu ...]

--- [4] ---

[... run] angarang, aluwung dipun paringana pitêdah kadospundi prayoginipun supados sagêd ambênakakên saha amêwahi sae manawi angarang malih. Samantên wau kêdah kajagi pakèwêdipun, têgêsipun kêdah sarana patrap ingkang susila utawi tanduk ingkang manis arum, sampun tamtu prayogi kadadosanipun. Băngsa Jawi pêrlu sangêt dipun pêpurun manahipun supados gadhah tangi kapurunanipun dhatêng bab damêl piwulang, amargi piwulang punika kenging kangge dêdamêl utawi daya sarana ingkang linangkung. Prakawis sagêdipun sae dêdamêlanipun punika badhe sagêd majêng saking talatos amarsudi saha blilu tau utawi kêrêp anglampahi. Mila kula gadhah atur makatên, amargi băngsa-băngsa ingkang sagêd manggih luhur mulya saha kuncara punika adatipun kathah tiyangipun ingkang winasis damêl wiyata darma. Wasana botên langkung kula amung nyuwun pangapuntên saking sadayaning kalêpatan.

Atur urmat kula ingkang anggubah

Prawira Atmaja

--- [5] ---

Marginipun kacêpênging gêgayuhan

Marginipun kacêpênging gêgayuhan punika saking tigang prakawis, inggih punika:

1. Dipun kajêngakên.

2. Dipun manah (dipun pikir).

3. Dipun tandangi (dipun garap kalihan tênaga).

Manawi wêdharing piwulang ingkang linairakên ing tanah Indhu, pitêmbunganipun makatên:

Marginipun kacêpênging gêgayuhan punika saking samêktaning pangulur bênang têtiga inggih punika:

1. Ngulur bênanging pêpenginan.

2. Ngulur bênanging panyipta (pamikir) (cipta = pikir).

3. Ngulur bênanging pandamêl.

Bênang têtiga punika kêdah dipun ulur sêsarêngan ingkang ngantos puput, têgêsipun sampun ngantos pêdhot-pêdhot manawi dèrèng kacêpêng ingkang ginayuh.

Manawi ing sêrat wulangipun băngsa linangkung ing tanah Jawi wontên ingkang suraosipun kados ing ngandhap punika:

--- 6 ---

Marginipun kacêpênging gêgayuhan punika saking kawan prakawis: 1. adhêp, 2. idhêp, 3. mantêp, 4. têtêp.

Têrangipun makatên:

1. Adhêp, inggih punika adhêping pêpenginan, dumunung wontên ing kajêng.

2. Idhêp, inggih punika idhêping pratikêl, dumunung wontên ing cipta.

3. Mantêp, inggih punika mantêping sêdya dumunung wontên ing pandamêl.

4. Têtêp, inggih punika anêtêpi lampahing pangulah tigang prakawis, adhêp, idhêp, mantêp, wau ngantos dumugi kalampahaning panggayuh.

Manawi wulangipun Nabi Konghucu, kasbut ing dalêm pêpakêming wêwarahipun ingkang nama tei hag. Têgêsipun pangajaran agêng, ugi dipun wastani tei hag cito, têgêsipun nalaring pangajaran agêng, wontên ingkang suraosipun makatên:

Marginipun sampurnaning pambudi punika kêdah ngambah ing tataran têtiga, mancat saking ngandhap ngantos sagêd dumugi untuning ăndha ingkang pungkasan.

1. Têmbungipun Cina: bing bing tik, kajêngipun kirang langkung: nyatakakên [nya ...]

--- 7 ---

[... takakên] kasaenan ingkang ngantos cêtha.

2. Têmbungipun Cina: sin bin, kajêngipun kirang langkung: anyar, nganyarakên kawontênanipun, anyar ing kawontênanipun, ewah-ewah dados sae utawi saya nyêlaki sagêdipun kados ingkang kinajêngakên, majêng-majêng, utawi mindhak-mindhak ing kawontênanipun.

3. Têmbungipun Cina: cae ci it ci syang, kajêngipun kirang langkung: dumugi têlas-têlasipun jêdhuging gêgayuhan.

Ingkang dipun wastani nyatakakên kasaenan ingkang ngantos cêtha punika upaminipun makatên.

1. Tiyang nyumêrêpi piwulang sae, sasampunipun sumêrêp dhatêng piwulang sae, inggih lajêng nglampahi kasaenan.

2. Tiyang nglampahi agami, inggih lajêng anglampahi karahayon, sumingkir saking pandamêl ingkang nama awon lan lêpat, karêm dhatêng pandamêl lêrês lan sae, andhap-asor, alusing budi, prak-ati ing solah-bawa, arum manis ing pangandika, anggayuh kautaman, majêng dhatêng damêl kasaenan, amargi wosipun pêrlu-pêrluning jagad dipun wontêni agami punika muhung nyêgah piawon, ngajêngakên kasaenan, ngrancagakên lampahing kasampurnan utawi panunggal.

3. Tiyang pitados dhatêng bab wontênipun Pangeran ingkang

--- 8 ---

sajati, inggih lajêng bêkti dhatêng Pangeran, têgêsipun bêkti punika, ajrih, asih, sarta miturut dhatêng dhawuhing Pangeran, nyataning ajrih punika ajrih nêrak awisanipun, nyataning asih punika amundhi, utawi anjunjung, angluhurakên, utawi angendahakên karatonipun, anêmbah dhatêng Pangeran, amarsudi sagêdipun sowan dhatêng ngayunaning Pangeran utawi manjing dhatêng alaming Pangeran, utawi angudi sagêdipun nunggil kalihan Pangeran. Nyataning miturut punika angestokakên dhatêng parentahipun. Nyataning tiyang ingkang nglampahi bêkti dhatêng Pangeran punika kêdah botên damêl piawon dhatêng sasamining tumitah, nanging malah rêmên damêl kasaenan dhatêng sasamining dumadi, asih dhatêng sasamining ngagêsang. Amargi Pangeran punika sipatipun ingkang pêrlu kêdah dipun sumêrêpi rumiyin: Murah, lan Asih. Nyataning Murah lan Asihing Pangeran punika tansah rumêksa dhatêng kawilujênganing agêsang, saha anênuntun dhatêng karaharjaning tumuwuh, ingkang cêtha katingal wontên pandamêl ingkang katindakakên dening para utusanipun. Sanadyan manusa punika anêmbah dhatêng Pangeran, nanging manawi awon pasrawunganipun kalihan sasamining manusa, punika nama kirang têtêp pangabêktinipun dhatêng Pangeran, awit Pangeran punika sinêmbah utawi botên punika [puni ...]

--- 9 ---

[... ka] botên badhe mindhak utawi suda kaluhuranipun, nanging kasaenan dhatêng sasamining ngagêsang punika amimbuhi karaharjaning jagad, piawon dhatêng sasami punika anyênyuda karaharjan. Pangeran anurunakên utusan amaringakên agami, punika botên saking kêdara-dara pados dipun sêmbah-sêmbah, nanging namung murih karaharjaning titah wontên ing marcapada ngantos dumugi ing dêlahan pisan, dening gêsanging (jiwaning) titah punika saking Pangeran, mila sintên ingkang miawon dhatêng sasami punika botên pae kalihan kasupèn dhatêng Pangeran. Dene tiyang ingkang sae pasrawunganipun kalihan tiyang kathah, mawi têtêp panêmbahipun dhatêng Pangeran punika utami sangêt, upaminipun griya: dhasar sae wêwangunanipun mawi sangkêp uparêngganipun, sampun saèstu angrêsêpakên dinulu.

Dados cêkakipun ingkang nama nglampahi kasaenan ingkang ngantos cêtha punika kêdah ingkang sarwa jangkêp prabotipun lampah-lampahing kasaenanipun.

Ing mangke mangsuli bab êmpaning bênang têtiga: 1. kajêng, 2. cipta, 3. pandamêl, punika mila botên kenging tinilar salah satunggal amargi makatên.

1. Kadospundi sagêdipun kadumugèn sêdyanipun, manawi [mana ...]

--- 10 ---

[... wi] muhung kandhêg wontên ing kêpengin thok, tanpa kamanah pratikêlipun, tanpa dipun tandangi lampahipun.

2. Kadospundi sagêdipun kadumugèn sêdyanipun, manawi muhung kandhêg wontên ing kêpengin, sarta pamanahan, manawi botên dipun tandangi.

Kados punapa lêkasipun, manawi tumandang ing damêl tanpa kamanah rumiyin, saèstu botên prayogi.

Kados punapa kawontênanipun, tumandang ing damêl sarta ulah pamanahan, manawi sayêktosipun botên kajêng utawi botên kalêbêt ing manah, amargi sanès kajêngipun utawi kalingan kajêng dhatêng sanès, saèstu botên prayogi.

Awit saking punika, mila saenipun nindakakên sabarang damêl punika kêdah kalêbêtakên ing manah, dipun pandêng wontên ing kajêng, dipun pindêng wontên ing cipta, dipun talatosi ing pagarapipun.

Manawi wêwarahipun băngsa sujana wontên ingkang ungêlipun makatên: sabarang kajêng punika sadèrèngipun tumandang kêdah kamanah rumiyin, ujar sakêcap lampah satindak kêdah angangkah-angkah, sanadyan kawahya manawi sampun gênah dados marta botên dados wisa.

Dene ingkang kêdah kacipta punika: 1. nyingkiri pakèwêdipun, [pakèwê ...]

--- 11 ---

[... dipun,] 2. patrap pangranggèhipun. Manawi sampun kapanggih, lajêng dipun tandangi.

Dêdamêlipun anggayuh punika tigang prakawis: 1. kasarasan, 2. kawruh kasagêdan, 3. saening watak kalakuan, utawi jêjêging cipta.

Ingkang sagêd anjalari manggih margi gampil lampahing panggayuh punika manawi sagêd sae pasrawunganipun kalihan tiyang kathah, botên gadhah satru utawi gêgêthingan, nanging malah sugih kadang warga mitra wadu wandawa ingkang trêsna lair batin. Jêmbar pasanakanipun, blatèr, lobokan. Sae têrus ing lair batin pasadhèrèkanipun, mantêp dhatêng kasaenan, amargi sintên ingkang asih dhatêng sasamining ngagêsang inggih dipun trêsnani ing ngakathah, sintên ingkang sae dhatêng sasami inggih manggih kasaenan saking tiyang kathah. Manawi kala ing jaman Buda wontên wêwarah suraosipun makatên: sintên ingkang bêkti ing dewa, badhe kinabêktèn ing manusa, sintên ingkang ajrih dhatêng siksanipun Sang Hyang Wisesa badhe kineringan ing manusa sintên ingkang asih dhatêng jawata badhe dipun sihi sasamining manusa, sintên ingkang ngèstokakên parentahipun Sang Hyang Guru badhe kinedhêpan parentahipun dhatêng manusa, amargi makatên: 1. ingkang nama bêkti ing dewa, punika [puni ...]

--- 12 ---

[... ka] tiyang ingkang ambêk darma, inggih punika nêtêpi kuwajiban, têbih saking pandamêl awon, rêmên dhatêng pandamêl sae, majêng dhatêng damêl kasaenan, gêsangipun dados tiyang ingkang maedahi ing ngakathah, majêng dhatêng ulah karaharjan, kados ta: ulah kawruh kagunan, ulah kasugihan, ulah pangawasa, ulah karahayon, purun angurbanakên kangèlanipun, bandhanipun, saha kawruh kasagêdanipun, kangge têtulung ing apês papa sangsara, rumêksa kawilujênganing jagad, rêmên angayomi ingkang tinitah ringkih, paribasan: suka kudhung tiyang kodanan kêpanasên, suka têdha tiyang kêluwèn, suka ngombe tiyang kasatan, suka sandhang tiyang kêwudan, suka damar tiyang kêpêtêngan, suka têkên tiyang kêlunyon. Dados tiyang ingkang têmên ambêk darma punika têmtu kalêbêt wêwilanganipun tiyang sagêd utawi tiyang sugih pangrêti, agêng kasaenanipun sugih bala saraya mitra sae têrus lair batinan. Alus wingit, manis arum solah-bawanipun, tiyang ingkang makatên sampun tamtu kinedhêpan ing manusa, kajèn kineringan ing sasami, tiyang ingkang langkung inggil darajatipun sami asih lulut, tiyang ingkang darajatipun wontên sangandhapipun sami ajrih asih, paribasan ingkang cêlak mantêlung, ingkang têbih mantiyung, saking kaprabawan kautamènipun, [kautamè ...]

--- 13 ---

[... nipun,] gêsangipun têmtu kêrêksa, cêpak kabêgjanipun, têbih bilahinipun, lampahing budidayanipun gampil gumalindhing kados upaminipun ilining toya ingkang angsal ilèn-ilèn dumrojog, wêkasan sagêd kadumugên ingkang sinêdya.

Dêdamêling panggayuh

Sampun kasbut ing ngajêng, dêdamêling panggayuh punika wontên tigang prakawis: 1. kasarasan, 2. kawruh kasagêdan, 3. watak kalakuan sae.

Dêdamêl tigang prakawis punika kêdah dipun budi sêsarêngan, amargi tigang prakawis punika kawontênanipun sami tarik-tinarik.

1. Kasarasan, nyakecakakên utawi anggampilakên lampahipun pados kawruh kasagêdan saha ulah watak kalakuan sae.

2. Kawruh kasagêdan, nyakecakakên utawi anggampilakên lampahing ulah kasarasan saha ulah watak kalakuan sae utawi jêjêging cipta.

3. Watak kalakuan sae, nyakecakakên utawi anggampilakên lampahing ulah kasarasan saha kawruh kasagêdan.

--- 14 ---

Kasarasan punika kajawi kangge kêkiyatan kumrêtak tumandang anggarap padamêlan ingkang sêdya dipun lampahi, inggih kangge anjangkêpakên adêgipun prabot anggaotaning ngagêsang, kados ta: padhanging èngêtipun, jêjêging ciptanipun, saha sapanunggilanipun, tiyang badhe tumandang anggarap damêl punapa kemawon sampun têmtu kêdah kanthi kêkiyataning kasarasan saha padhang utawi jêjêging èngêtanipun, manawi botên samêkta kêkiyatan kalihan padhang èngêtanipun sampun tamtu botên sagêd tumandang anggarap ngrampungakên padamêlan kalayan sae-sae.

Watak kalakuan sae punika kajawi kangge saening pasrawungan, inggih angge[5] gêsau sagêd angrèh cipta mêkak hawa napsunipun piyambak. Tiyang sagêdipun widada manggih kasarasan punika kêdah sae watak kalakuanipun jêjêg ciptanipun, watak kalakuan awon saha cipta awon punika gampil sagêdipun nuwuhakên sêsakit, kathah baya pakèwêd ingkang sumandhing, dados cêpak bilainipun. Tiyang sagêdipun angêmpèk kawruh kasagêdan dhatêng tiyang sanès utawi sagêdipun angêmpakakên pamrih punapa kemawon ingkang mawi sarana gêgayutan kalihan tiyang sanès sampun tamtu kêdah kanthi kadhasaran watak kalakuan sae, jêjêg ciptanipun. [ci ...]

--- 15 ---

[... ptanipun.] Manawi botên makatên sampun tamtu kangelan kalampahaning sêdyanipun. Tiyang sagêdipun nyatakakên kawruh kaalusan utawi kawruh kasuksman sampun tamtu kêdah kanthi jêjêging ciptanipun sae watak kalakuanipun, sagêd mangrèh karsa sarta mangrèh cipta, mêkak hawa napsu sasaminipun. Manawi dèrèng sagêd mangrèh karsa sasaminipun sampun tamtu tangèh dumugi ing sêdya.

Kawruh kasagêdan punika, kajawi kangge dêdamêl anggêgayuh kabêgjan ing marcapada utawi kamulyaning dêlahan, inggih kangge dêdamar sarta kaprigêlan utawi rêrigêning ulah kasarasan saha ulah watak kalakuan sae, awit manawi tanpa kawruh kasagêdan saèstu susah kawontênanipun.

Manawi pangulah tigang prakawis punika sampun dipun lampahi sêsarêngan, sampun tantu lajêng tarik-tinarik saya majêng ing kawontênanipun.

Lampahing ulah kasarasas,[6] wujuding ulah watak kalakuan, kawontênaning kawruh kasagêdan ingkang kêdah dipun budi, punika wontên silah-silahipun, katêrangakên sawatawis kados ing ngandhap punika.

1. Ulah kasarasan, manawi ingatasipun lare utawi [u ...]

--- 16 ---

[... tawi] tiyang neneman ingkang pêrlu badhe kangge tumandang anggarap padamêlan ulah kadonyan kados upaminipun angkat junjung sasaminipun, lampahing ulah kasarasan kenging mawi dipun sranani ulah nyolahakên badan ajar karosan. Nanging manawi ingatasipun tiyang sêpuh ingkang pêrlu badhe ulah kasuksman patraping ulah kasarasan botên makatên. Ingkang prayogi dipun lampahi jatmika alusing budi, ngangkah-angkah ing solah-bawa, anêntrêmakên cipta sasaminipun. Dados patrapipun ulah kasarasan punika inggih mawi beda-beda manut êmpan papan tuwin ningali wahyaning masa kala, panimbangipun kawatawis ing dugi prayogi kalaras patutipun utawi cundhukipun. Ulah watak kalakuan sae, manawi ingatasipun tiyang ingkang namung milulu ulah kadonyan: anggêr sampun nama ngidaki lêrês lan sae, kados ta: nyirnakakên watak angkara murka, nistha, kaniaya, arda puwa-puwa, sasaminipun, inggih sampun kacêkap. Nanging manawi tiyang ingkang nêdya anggayuh kamulyaning dêlahan utawi sampurnaning panunggal, kêdah mawi angêngirangi dhatêng sadaya kêkajêngan ingkang tujunipun dhatêng kadonyan, mêpêt napsu hawa, ngipatakên pakarêman, mêjahi pêpenginan sasaminipun.

--- 17 ---

Ulah kawruh kasagêdan. Manawi ingatasipun tiyang ulah kadonyan inggih kêdah pados kawruh ingkang pancèn kangge ing donya, kados ta: tani, kriya, dagang, kaprajuritan, sasaminipun, manawi ingatasipun tiyang ingkang ngudi kamulyaning dêlahan inggih kêdah pados kawruh ingkang pancèn kangge ing dêlahan, kados ta: kawruh lampahing pangastuti, kawruh pamanguning wêwatakan, kawruh patrapipun anggolongakên cipta, kawruh patrapipun manungku puja samadi, kawruh marginipun siniswakakên Sang Hyang Guru, kawruh marginipun panunggaling Hyang Hotipati, kawruh tumimbal lair, kawruh panitisan, kawruh kamuksan, kawruh kasukcianing dumadi, kawruh kawicaksanan utawi kawruh kalêpasaning kawaskithan, kawruh kawaspadan dhatêng ananing Pangeran, utawi ingkang kalêbêt dados margining kawruh kauwusan sadaya.

Mênggah sae-saenipun tiyang ulah kadonyan punika kêdah rinangkêpan ulah kasuksman. Sae-saenipun ulah kasukman punika kêdah sinaroja kalihan ulah kadonyan.

Dados ulah kadonyan kalihan ulah kasuksman punika, kêdah dipun rasuk sêsarêngan, namung kemawon manawi tujuaning manahipun pancèn dhatêng kasuksman punika ingkang kêdah dipun [di ...]

--- 18 ---

[... pun] bantêri inggih pangulahipun kasuksman. Dene pangulahipun kadonyan kacêkap namung sawatawis kemawon kapêndhêt sapantêsipun utawi sacêkapipun kangge kapêrluanipun lampahing ulah kasuksman. Manawi tujuaning manahipun pancèn dhatêng kadonyan punika ingkang kêdah dipun bantêri inggih pangulahipun kadonyan, dene pangulahipun kasuksman kacêkap namung sawatawis kemawon kapêndhêt sacêkapipun kangge rumêksa kawilujêngan saha kautamènipun ulah kadonyan. Katranganipun malih kados ing ngandhap punika:

Ulah kadonyan punika manawi botên rinangkêpan ulah kasuksman. Têgêsipun botên mawi angèngêti dhatêng wontênipun Pangeran ingkang sajati, botên mawi nyumêrêpi tăndha yêkti wontênipun Pangeran ingkang sajati ingkang murugakên kandêl ing piandêlipun dhatêng bab wontênipun Pangeran ingkang sajati, botên mawi ajrih dhatêng pangadilan gaib utawi pangadilaning Pangeran utawi pangadilaning karma, botên mawi manah ngawekani ingkang badhe pinanggih ing wingking kadospundi gêsangipun ing têmbe sapêngkêripun saking gêsang ing marcapada sapunika supados sagêd manggih mulya botên sangsara, botên ulah kasukcian, botên ulah margining panunggal sasaminipun, botên manah wirang nglampahi nistha duraka [du ...]

--- 19 ---

[... raka] awit tindakipun kauningan ing Pangeran utawi para dewa, punika ingkang dados mênèkipun manawi lajêng purun dhatêng ambêg angkara murka, nistha, duraka, siya, arda puwa-puwa, damêl kasusahaning ngakathah, sampun tamtu manggih sêsikuning Pangeran, utawi sêsikuning dewa, manggih kalêpatan dhatêng sasamining ngagêsang, ingkang makatên tamtu badhe kalêbêt ing pakèwêd gêsangipun, têbih kamulyanipun, cêpak bilahinipun.

Manawi tiyang ulah kasuksman botên mawi rinangkêpan ulah kadonyan, ingkang dados mênèkipun manawi botên kuwawi, têmah kaputungan lampah dados botên sagêd dumugi ing sêdya, kaping kalihipun manawi manggih pakèwêd ing donya saking pangrancananing tiyang lampah salah têmah anjalari ribêt ing margi, botên sagêd widada ing sêdya. Amargi makatên: mila kuwawinipun lampahing ulah kasuksman kêdah kanthi ulah kadonyan awit anggènipun ulah kasuksman punika inggih taksih wontên ing donya, sampun tamtu kêdah kanthi kêkiyataning gêsang ing donya inggih punika têdha saha kanthi sagêd pasanakan kalihan sasamining ngagêsang inggih punika kanthinipun angudi kawruh. Mênggah ingkang dados pakèwêdipun ulah kasuksman ingkang botên sinaroja kalihan ulah kadonyan punika manawi ing marcapada botên kêrta

--- 20 ---

tata darma, nanging kathah pandamêl ingkang ngalang-alangi utawi damêl susah lampahing ulah kasuksman. Awit saking punika mila tiyang ulah kasuksman kêdah kanthi ulah kadonyan, inggih punika pados kêkiyatan sanguning gêsang ulah kasuksman, pados sarana kangge ngudi kawruh saha tumindak pasanakan kalihan kanthinipun ngudi kawruh, kaping kalihipun rumêksa tata kêrtaning bawana supados sampun wontên pakèwêd ingkang ngalang-alangi lampahing ulah kasuksman, nanging malah sagêda angsal biyantu. Utawi ulah tata-cara ingkang anjalari sakeca lampahipun ulah kasuksman. Inggih punika tata-cara ingkang anggampilakên lampahing pangudi kawruh saha angajêngakên kasayukan ulah kasuksman. Kasayukan punika paedah anambahi bantêr sarta mantêp dhatêng lampah punapa kemawon ingkang dipun sêdyakakên.

Tumrap pasrawunganipun kalihan tiyang kathah, ulah kasuksman manawi sinaroja kalihan ulah kadonyan, paedahipun taksih sagêd nunggil pasamuwan kalihan tiyang kathah. Ulah kadonyan punika manawi sinaroja kalihan ulah kasuksman paedahipun asring kathah kautamènipun, kathah ajrihipun dhatêng piawon kangge angumbar kamurkan, awit angèngêti dhatêng ingkang badhe pinanggih ing wingking.

--- 21 ---

Sababing bêgja cilaka utawi mulya sangsara

Sintên ingkang pitados dhatêng wontênipun Pangeran (Hyang Widhi utawi Gusti Allah), kêdah pitados bilih Pangeran punika adil. Satuhunipun Pangeran punika wontên sayêktos, sarta sipatipun adil, ingkang makatên punika dasaya[7] wêwarahing agami inggih sami nyariosakên.

Sintên ingkang ngakên pitados bilih Pangeran punika wontên, nanging botên pitados bilih Pangeran punika adil, punika sami kemawon kalihan botên pitados bilih Pangeran punika wontên. Amargi ingkang asma Pangeran sajati punika adil sipatipun. Bab Pangeran asipat adil punika sampun kacêtha wontên wêwarahing kitab-kitab, utawi wêwarah-wêwarahing sadaya agami, sabên botên adil inggih punika dede Pangeran ingkang sajati.

Sintên ingkang pitados dhatêng kawruh bab karma kêdah pitados bilih ing dumadi punika kawêngku ing pangadilan gaib, amargi ingkang nama karma punika pandamêl ingkang andhawahakên kukum adil, sintên ingkang botên pitados bilih ing dumadi punika kawêngku ing pangadilan gaib, sami kemawon kalihan botên pitados dhatêng kawruh bab karma.

Sintên ingkang pitados bilih manusa punika kawêngku ing pangadilan [pangadi ...]

--- 22 ---

[... lan] gaib, ingkang têmtu dhumawah kukumipun, awarni ganjaran utawi siksa, sanadyan kapitadosanipun pangadilan gaib punika saking Pangeran utawi saking karma: kêdah lajêng pitados bilih sadaya bêgja cilaka utawi mulya sangsara punika saking badanipun piyambak botên saking tiyang sanès, sintên ingkang botên pitados bilih sadaya bêgja cilaka mulya sangsara punika saking badanipun piyambak botên saking tiyang sanès punika sami kemawon kalihan botên pitados bilih Pangeran punika adil, saha sami kemawon kalihan botên pitados bilih Pangeran punika wontên, utawi sami kemawon kalihan botên pitados dhatêng kawruh bab karma.

Prêlu sangêt sadaya manusa nyumêrêpi wontênipun pangadilan gaib, sarana marsudi kawruh utawi pitêdah saha angyêktosi salwiring kawontênan ingkang nyata kalampahan ing marcapada, bab lêlampahaning manusa ingkang sami damêl lêlabuhan awon tuwin sae, bab bêgja cilakaning manusa utawi mulya sangsara ingkang katingal saking labêting lêlabuhanipun, sampun têmtu kathah kemawon ingkang badhe sagêd katitik, paribasan Jawi: bêcik katitik ala katara, awit sadaya pandamêl tamtu badhe wontên wohipun, pandamêl sae

--- 23 ---

murugakên dhatêng kamulyan, pandamêl awon murugakên dhatêng kasangsaran, kados ingkang kasbut ing Sêrat Injil, pakêmipun agami Nasara, wulangipun Gusti Kangjêng Nabi Ngisa Roh Ollah: sing sapa nandur wus mêsthi ngundhuh wohe, nandur sêmăngka ngundhuh sêmăngka, nandur kadhêle ngundhuh kadhêle. Punika pancèn nyata sangêt, sampun pintên-pintên ingkang kula yêktosi pandamêl awon têmah botên sae kadadosanipun, saha pandamêl sae anjalari prayogi ing kadadosanipun, makatên wau kula amawas lêlampahaning tiyang sanès saha lêlampahan kula piyambak, ngantos kula gadhah panganggêp bilih ing marcapada punika botên sah isi piwalês tuwin pamêlèh, lêrês sangêt ingkang mastani ing marcapada punika panggenan wêwalêsan, cundhuk kalihan wêwarahipun Sêrat Nitisruti, wasitanipun pangeran ing Karanggayam, pujăngga ing jaman Nagari Pajang, nyariyosakên ing dumadi punika kawontênanipun wêwalêsan kemawon, sintên ingkang angangkah pêjah inggih ginantungan pêjah, sintên ingkang sêdya raharja inggih ginantungan rahayu. Dene nyumêrêpi kawontênanipun pangadilan gaib punika ingkang ngantos katuwuhan pitados bilih pangadilan gaib punika wontên, nanging pitadosipun sampun ngantos namung saking anut grubyuging ngakathah utawi gugon-tuhon, [gugo ...]

--- 24 ---

[... n-tuhon,] kêdah ngantos saking manggih katrangan ingkang lêrês utawi tăndha yêkti ingkang cêkap, amargi sok ugi purun anitipriksa kawontênan ingkang gumêlar ing marcapada sampun tamtu badhe sagêd manggih katrangan utawi tăndha yêkti ingkang sagêd damêl pamarêming manah. Patrapipun anitipriksa bab makatên punika sampun tamtu kêdah mawi analiti ing kawontênanipun kalampahaning tiyang sanès saha lêlampahanipun piyambak, kadospundi lêlabuhanipun ingkang sampun-sampun saha kados punapa lêlampahanipun ingkang pinanggih. Ing ngriku tamtu badhe manggih pintên-pintên katrangan ingkang anêdahakên tăndha yêktining pangadilan gaib. Pintên-pintên sangsara utawi kapitunan ingkang nyamlêng dados kukuming kalêpatan utawi piawon ingkang dipun lampahi, saha pintên-pintên kamulyan utawi kaontungan ingkang nyamlêng dados ganjaraning kautamèn utawi kasaenan ingkang sampun dipun lampahi. Mênggah paedahipun nyumêrêpi kawontênanipun pangadilan gaib punika manawi sampun sagêd manggih katrangan utawi tăndha yêkti ingkang nyêkapi ngantos sagêd têtêp ing pitadosipun dhatêng bab wontênipun pangadilan gaib, punika badhe sagêd rumêksa dhatêng badanipun, inggih punika nata pandamêl ingkang badhe dipun lampahi, ngêmpakakên [ngêmpa ...]

--- 25 ---

[... kakên] wiweka kadospundi supados sampun manggih sangsara utawi pituna jalaran saking lampahing pandamêl awon atawi[8] pandamêl lêpat.

Mênggah kapitadosan dhatêng wontênanipun pangadilan gaib punika punapa saking Pangeran punapa saking karma, salah satunggal punika botên dados punapa, ingkang pêrlu pitados bilih pangadilan gaib punika wontên sayêktos, manusa punika kawêngku ing pangadilan gaib, lajêng botên purun anglampahi pandamêl awon lan lêpat, muhung anglampahi pandamêl lêrês lan sae.

Kaadilan gaib punika têmtu wontên, amargi sadaya sabab punika têmtu angwontênakên kadadosan, sadaya kadadosan punika tamtu wontên sababipun. Botên wontên kadadosan ingkang tanpa sabab, sadaya kadadosan tamtu timbang lan sababipun, sadaya sabab tamtu cundhuk lan kadadosanipun. Mila pandamêl awon tamtu manggih awon, pandamêl sae tamtu manggih sae, kamulyan lan kasangsaran ingkang pinanggih ing sapunika, punika wohing pandamêl ingkang sampun-sampun, pandamêl ingkang linampahan ing sapunika, punika dados sêkar ingkang wohipun badhe pinanggih ing wingking-wingking, sadaya manusa têmtu badhe angundhuh sadaya wohing

--- 26 ---

pandamêl ingkang dèrèng kaundhuh, utawi tamtu nyaur sambutan ingkang dèrèng sah.

Pandamêl awon punika kadosdene lampahing rodha ingkang anggilês sukuning kuda, pandamêl sae punika kadosdene gandaning sêkar ingkang angêtutakên warninipun. Amargi kukuming pangadilan gaib punika tansah animbangi kadospundi kawontênanipun pakartining dumadi, kados upaminipun wêwayangan ingkang tansah angêtutakên kawujudanipun, utawi kados upaminipun kumandhang ingkang anirokakên swara. Manawi kita ngilo, punapa sasolah-bawa kita tamtu wêwayangan anirokakên kemawon. Manawi kita mèsêm tamtu dipun timbangi mèsêm, manawi kita angêthungakên bithi tamtu wêwayangan inggih angêthungaken bithi. Makatên ugi kawontênaning kumandhang lan swara, punapa saungêlipun ingkang nywara kumandhang namung nimbangi kemawon.

Sintên ingkang damêl piawon têmtu ing wingking badhe pinanggih sapu-dhêndhanipun, sintên ingkang damêl kasaenan tamtu ing wingking badhe manggih pitulungan, mila manusa kêdah ambudi sagêdipun anyingkiri damêl awon lan lêpat, saha ambudi sagêdipun damêl kasaenan.

Manawi tiyang sampun pitados sayêktos bilih pangadilan [pangadila ...]

--- 27 ---

[... n] gaib punika wontên, manusa punika kawêngku ing pangadilan gaib, sadaya kamulyan tuwin kasangsaran punika wohing pakartinipun piyambak: tamtu lajêng gadhah panganggêp bilih sajatosipun ingkang dipun wastani bêgja lan cilaka kados panganggêpipun limrahing tiyang ingkang kathah-kathah punika botên wontên, awit limrahipun ingkang dipun wastani bêgja punika manggih kaontungan ingkang botên saking wohing pakartinipun piyambak, makatên ugi ingkang dipun wastani cilaka punika manggih kapitunan ingkang botên saking wohing pakartinipun piyambak. Mila kathah tiyang ingkang gadhah pangintên makatên, amargi pintên-pintên tiyang ingkang manggih kaontungan utawi kamulyan ingkang botên kasumêrêpan sabab-sababipun, utawi botên kasumêrêpan saening lêlabuhanipun ingkang pantês dados jalaraning kamulyanipun utawi timbang kalihan agênging kaontunganipun. Saha malih pintên-pintên tiyang ingkang manggih kapitunan utawi kasangsaran ingkang botên kasumêrêpan sabab-sababipun, utawi botên kasumêrêpan awoning lêlabuhanipun ingkang pantês anjalari kapitunanipun utawi ingkang timbang kalihan agênging kasangsaranipun. Bab punika ngantos adamêl eraming manah tumrap ingkang dèrèng sumêrêp nalar-nalaripun. Malah asring ngantos dados [dado ...]

--- 28 ---

[... s] padudonipun para ingkang manah bab punika gêgandhengan kalihan manah bab pangadilaning Pangeran. Sajatosipun manawi dèrèng bablas pamanggihipun, sêsêrêpanipun utawi pangrêtosipun lakar inggih sampun layak kemawon eram dhatêng bab punika, kados ta: tiyang ingkang linairakên dados anaking tiyang sugih singgih utawi wirya wibawa mukti punika wiwit lare jêdhul sampun manggih mulya ing gêsangipun, punika kala punapa anggènipun damêl lêlabuhan sae. Nanging tiyang ingkang linairakên dados anaking tiyang sudra papa miskin punika wiwit lair jêdhul gêsangipun sampun kawêlas asih, lah punika kala punapa anggènipun damêl lêlabuhan awon. Pintên-pintên tiyang ingkang katingal dèrèng nate anglampahi piawon agêng wêkasanipun têka manggih sangsara kinaniaya ing durjana ingkang ngantos kêlangkung-langkung. Saha pintên-pintên tiyang ingkang katingal dèrèng nate damêl kasaenan agêng wêkasan têka manggih pitulungan agêng ingkang botên anyanani. Wontên malih pintên-pintên tiyang ingkang damêl kasaenan agêng, tiyang-tiyang wau dèrèng katingal ngundhuh wohipun utawi tampi pituwasipun utawi sauranipun, utawi dèrèng katingal manggih kamulyan ingkang timbang kalihan kasaenanipun, utawi dèrèng katingal manggih kamulyan ingkang pantês dipun wastani

--- 29 ---

wohing pandamêl kasaenanipun, tiyang-tiyang wau kasêlak tilar donya. Saha malih pintên-pintên tiyang ingkang damêl piawon ngantos sangêt, tiyang-tiyang wau dèrèng katingal ngundhuh wohipun utawi nyaur sambutanipun, utawi dèrèng katingal manggih kasangsaran ingkang timbang kalihan piawonipun, utawi dèrèng katingal manggih kasangsaran ingkang pantês dipun wastani wohing pandamêl piawonipun, tiyang wau kasêlak tilar donya. Manawi beda-beda ingkang makatên wau, mulya sangsara ingkang makatên wau, botên sabab saking pakartinipun piyambak, saha pandamêl awon lan sae ingkang makatên wau botên badhe pinanggih wohipun wontên ing wêktu têmbe wingking, dados kaadilan punika botên wontên.

Sarèhning: mèh sabên sêrat wêwarah pakêming sadaya băngsa, sarta sabên sêrat wêwarah pêpakêming agami, sami nyariyosakên bilih kaadilan punika wontên sayêktos, punapadene kathah tăndha yêkti ingkang kenging dipun nyatakakên dening manusa, ingkang nelakakên bilih kaadilan punika inggih lakar nyata wontên sayêktos, inggih punika nitik pintên-pintên tiyang ingkang damêl piawon wêkasanipun sami manggih sangsara, pintên-pintên tiyang ingkang damêl kasaenan wêkasanipun [wêkasanipu ...]

--- 30 ---

[... n] manggih kamulyan, utawi pintên-pintên tiyang ingkang manggih kapitunan utawi kasangsaran ingkang pinanggih ing panitipriksa têtela tiyang wau sampun anglampahi piawon utawi kalêpatan ingkang pantês manggih piwalês utawi sapu-dhêndha kados kasangsaran utawi kapitunan ingkang pinanggih. Pintên-pintên tiyang manggih kamulyan utawi kaontungan ingkang kêpanggih ing panitipriksa têtela tiyang-tiyang wau sampun anglampahi kasaenan ingkang pantês tampi sêsaur utawi ganjaran kados kamulyan utawi kaontungan ingkang pinanggih, dados kaadilan punika inggih têmtu wontên sayêktos. Awit saking punika: inggih punika awit saking kaadilan punika wontên sayêktos, dados sakathahing kamulyan saha kasangsaran ingkang pinanggih wontên ing panggêsangan marcapada ingkang sapunika, ingkang botên saking lêlabuhan awon sae ing dalêm panggêsangan ing marcapada ingkang sapunika, punika sampun tamtu kabêkta saking lêlabêtaning pandamêl ingkang kalampahan ing sadèrèngipun ngancik wêktu gêsang ing marcapada ingkang sapunika, dados inggih sabab saking pandamêlipun piyambak-piyambak. Dene sadaya pandamêl awon sae ing dalêm gêsang ing marcapada ingkang sapunika ingkang wohipun dèrèng ngantos kaundhuh wontên ing dalêm gêsang ing marcapada sapunika amargi

--- 31 ---

kasêlak tilar donya, punika tamtu dados lêlabêtan ingkang wohipun badhe pinanggih wontên ing wêktu sapêngkêripun wêktu gêsang ing marcapada ingkang sapunika: dados sadèrèngipun gêsang wontên ing marcapada sapunika-punika têmtu sampun nate anindakakên pandamêl ingkang anjalari mulya sangsara pinanggih ing sapunika. Sapêngkêripun saking gêsang ing marcapada ingkang sapunika taksih badhe manggih lêlampahan mulya sangsara minăngka wohing pandamêl awon sae ingkang limpahan[9] ing sapunika utawi kala gêsang ing sadèrèngipun, inggih punika ingkang sampun kalampahan rumiyin-rumiyin.

Sarèhning têtêpipun ngadil: punika têmtunipun pundi ingkang nglampahi pandamêl inggih punika ingkang badhe ngundhuh wohipun, nêtêpi ungêling wêwarah: sing sapa kang nandur iya iku kang bakal ngundhuh, ing măngka sadaya pandamêl awon sae ingkang kalampahan wontên ing marcapada punika ingkang nglampahi jiwa kalihan raga (tiyang marcapada), dados ingkang badhe angundhuh wohipun ing têmbe inggih têmtu jiwa kalihan raga: (wontên ing marcapada), makatên têtêping ngadilanipun. Sadaya mulya sangsara ingkang pinanggih dening jiwa raga punika inggih têmtu wohing pandamêlipun jiwa kalihan raga. Awit saking punika dados anelakakên, bilih pandamêl ingkang

--- 32 ---

linampahan sadèrèngipun gêsang ing marcapada ingkang sapunika, ingkang wohipun pinanggih ing gêsang marcapada ing sapunika-punika anggènipun anglampahi inggih wontên ing marcpada, dados rumiyin-rumiyinipun inggih sampun nate gêsang wontên ing marcapada. Dene pandamêl ingkang linampahan ing dalêm gêsang ing marcapada ingkang sapunika ingkang wohipun dèrèng pinanggih ing dalêm gêsang marcapada ing sapunika: punika anggènipun ngundhuh wohipun inggih sampun tamtu wontên ing marcapada, dados ing têmbe sapêngkêripun saking gêsang ing marcapada sapunika têmtu badhe linairakên wangsul dhatêng ing marcapada malih.

Dados sabên kaadilan punika wontên, gêsanging manusa punika têmtu lair rambah-rambah, amargi kaadilan punika ingkang nêksa dhatêng manusa lair rambah-rambah parlu nyaur utawi tampi sauran wohing pandamêl ingkang sampun-sampun, sadèrèngipun manusa sah sambutanipun sampun tamtu dèrèng sagêd luwar saking kawêngku ing anggêr ingkang makatên wau. Mila kapitadosan dhatêng bab kaadilan punika anêtêpakên dhatêng kapitadosan bab tumimbal lair.

Sintên ingkang botên pitados dhatêng prakawis tumimbal lair, sami kemawon kalihan botên pitados dhatêng prakawis wontênipun pangadilan gaib.

--- 33 ---

Sintên ingkang botên pitados dhatêng prakawis wontênipun pangadilan gaib, sami kemawon kalihan botên pitados bilih sipatipun Pangeran ingkang sajati punika: adil.

Sintên ingkang gadhah panganggêp bilih Pangeran punika botên asipat ngadil, sami kemawon kalihan botên pitados bilih Pangeran ingkang sajati (Widhi) punika wontên, tiyang wau botên amangeran dhatêng Pangeran ingkang sajati, utawi amangeran dhatêng wujud ingkang sipat botên ngadil, ingkang makatên kalêbêt sasar pangidhêpipun, panêmbahipun botên lêrês.

Sintên ingkang gadhah panganggêp bilih dosaning nyawa: siksanipun sinandhang ing raga, utawi dosaning raga: siksanipun badhe sinandhang ing nyawa, utawi dosaning salah satunggalipun badhe sinandhang ing sakalih-kalihipun, utawi dosaning sakalih-kalihipun namung badhe sinandhang ing salah satunggalipun, punika sami kemawon kalihan gadhah panganggêp bilih kaadilan ingkang gaib punika botên wontên, utawi sami kemawon kalihan gadhah panganggêp bilih pangadilan gaib punika botên jêjêg pangadilanipun.

Dhumawah ing pangadilan ingkang angukumi pandamêl ing panggêsangan [panggêsanga ...]

--- 34 ---

[... n] ing marcapada ingkang rumiyin ingkang siksa utawi ganjaranipun wontên ing dalêm panggêsangan ing marcapada ingkang sapunika: punika ing basa Indhu dipun wastani: sansita karma.

Dhumawahing pangadilan ingkang angukumi pandamêl ing pangggêsangan ing marcapada ingkang sapunika ingkang siksa utawi ganjaranipun kadhawahakên ing dalêm panggêsangan ing marcapada ingkang sapunika ugi: punika ing basa Indhu dipun wastani: kriya mana karma.

Dhumawahing pangadilan ingkang angukumi pandamêl ing pangggêsangan ing marcapada ingkang sapunika ingkang siksa utawi ganjaranipun kadhawahakên ing dalêm panggêsangan ing marcapada ing têmbe sapêngkêripun saking gêsang ing marcapada ingkang sapunika, punika ing basa Indhu dipun wastani: prarabda karma.

Mênggah tumimbal lair punika dede panitisan, bedanipun tumimbal lair kalihan panitisan punika makatên: tumimbal lair punika botên saking dipun sêngaja, nanging saking kêpêksa dening pangadilan utawi kêpêksa dening karma, utawi kêpêksa dening watak utawi kêkajêngan rêmên utawi karêm dhatêng kadonyan, pêpenginan dhatêng kadonyan sasaminipun. Nanging nitis punika saking dipun sêngaja, sagêd milih sêdya nitis dhatêng pundi utawi dhatêng sintên ingkang kinajêngakên. Ingkang [Ing ...]

--- 35 ---

[... kang] nama kawruh panitisan punika langkung luhur tinimbang kawruh tumimbal lair, ngudi kawruh panitisan punika langkung gawat tinimbang marsudi kawruh tumimbal lair, kathah para guru ingkang amulangakên panitisan nanging botên lêrês, adamêl kasasaring pangawruh dhatêng para ingkang sami marsudi utawi sêdya nyobi, ngantos ing tanah Jawi kathah ingkang gadhah panganggêp bilih kawruh panitisan punika kawruh ingkang adhakan anasarakên lampah, sajatosipun manawi kawruh panitisan ingkang lêrês anggêr pangudinipun sagêd dumugi nêlas sayêktos lêrêsipun botên badhe sagêd mawi kasasar panitisipun, amargi ingkang nama panitisan ingkang lêrês punika kêdah sangkêp prabotipun, ingkang baku tigang prakawis punika: 1. kamayan, têgêsipun: kasêktèn, inggih punika kawasa tanpa bêkakas, botên kewran salwiring pandamêl, lêpas lampahipun, sagêd manjing ajur ajèr sapanunggilanipun, 2. kawaspadan, têgêsipun: pangawasan, inggih punika: sagêd aningali tanpa netra, botên kasamaran ing ganal alit, waskitha dhatêng salwiring sêdya, 3. sambegana, inggih punika elingan, kajêngipun padhang sarta jangkêp adêging gêsangipun utawi èngêtanipun. Tigang prakawis punika karasuk ing dalêm gêsang kalihan raga (gêsang badan wadhag) utawi tanpa [ta ...]

--- 36 ---

[... npa] raga (gêsang sarira bathara). Mila sajatosipun ingkang sagêd anitis punika muhung para dwijatama (tiyang ingkang sampun linairkên kaping kalih, sampun sagêd gêsang ngrika-ngriki, sampun sagêd: kayun betarahèni, jarwanipun: urip ing dalêm desa loro, wontên ing marcapada gêsang wontên ing dêlahan inggih gêsang, dados sampun sagêd pêjah salêbêting gêsang, gêsang salêbêting pêjah, utawi sagêd pêjah sadèrèngipun pêjah, anta mautu kabla maut, gêsang sabakdaning gêsang, kayatun bakda kayatin, punika dumunung para mukmin kas) tuwin para jawata sasaminipun, dados tiyang ingkang sampun sagêd nitis punika sajatosipun dumunung tiyang ingkang sampun sagêd gêsang mardika ingkang sajati, badhe kandhêg wontên ing ngrika (niti nir rodha) sampun sagêd, badhe tumurun manjanma mriki sampun botên pakèwêd, badhe alihan manitis kaping pitu sadintên sampun botên badhe mawi kewran, amargi sampun waskitha dhatêng patitising margi panjing suruping pati, botên kasamaran dhatêng kawruh sangkan-paraning ngagêsang, sampun lêpda dhatêng patraping tannajul tarki, cêkakipun prakawis inggah turuning tumuwuh (lampahing pawitri kalihan niwitri) sampun botên badhe mawi kaledhon miwah botên badhe mawi kadho, mila botên wontên kasasaripun, sanadyan manjing dhatêng sato punapadene [punapade ...]

--- 37 ---

[... ne] dhatêng manusa punika botên wontên pakèwêdipun, amargi sêdya manjing (dhatêng manusa utawi sato) utawi marocot (saking manusa utawi sato) sampun botên èwêt, dening dhatêng bab pangracut lan pangukut miwah pambabaring karatonipun dat ingkang agung amêngku ing triloka sampun wasis. Saha malih ingkang nama manusa sajati punika jiwa ingkang sampurna, sanadyan kuwadhaganipun awarni sato nanging manawi jiwanipun jiwa ingkang sampurna, punika inggih manusa, sarta langkung luhur tinimbang kalihan manusa ingkang jiwanipun taksih asor. Manawi tumimbal lair: makatên punika botên sagêd, kawontênanipun namung angèli, sagêdipun namung angangkah-angkah kadospundi murih lairipun ing wingking sampun ngantos dhawah ing sangsara sangêt-sangêt, sagêda manggih kamayaran utawi kamulyan, sarana anêbihakên pandamêl awon lan lêpat, sarta angathah-ngathahakên kasaenan, inggih punika nyingkiri kanisthan, nglênggahi madya anggayuh kautaman. Mênggah marsudi kawruh tumimbal lair punika botên wontên gawatipun kados ngudi kawruh panitisan, tiyang ingkang anyobi lampahipun botên wontên kapitunanipun, awit lampahipun namung damêl kasaenan sasaminipun, sanadyan tiyang ingkang botên ngrasuk kawruh tumimbal lair: saèstunipun damêl kasaenan punika inggih wajib sami anglampahi, [angla ...]

--- 38 ---

[... mpahi,] amargi kasaenan punika botên wontên icalipun.

Mênggah ing pasrawungan: beda-bedaning kawruh, beda-bedaning pamanggih beda-bedaning panganggêp, beda-bedaning pangintên utawi beda-bedaning kapitadosan: prakawis wohing pandamêl punika punapa inggih wontên ing marcapada (lair rambah-rambah), punapa wontên ing jagad sanès-sanèsipun, têgêsipun swarga naraka punika wontên ing marcapada punapa wontên ing jagad sanès-sanèsipun, punika botên dados punapa, ingkang pêrlu punika manusa namung kêdah ajrih dhatêng Gusti Allah utawi ajrih dhatêng pangadilan gaib, salajêngipun angangge watak kalakuan rahayu budi, botên purun damêl piawon, rêmên dhatêng damêl kasaenan, dados sampun sagêd sae pasrawunganipun kalihan tiyang kathah, punika sampun kalêbêt mitra darma kalihan samining manusa ingkang sami ulah karakayon.[10] Saha malih sanadyan kadospundi panganggêp utawi kapitadosanipun, ananging manawi dununging swarga naraka punika ing marcapada inggih têmah badhe dhumawah ing marcapada malih, manawi dununging swarga naraka punika ing jagad sanês inggih têmtu badhe dhumawah ing jagad sanès. Dados beda-bedaning panganggêp utawi pangintên punika [puni ...]

--- 39 ---

[... ka] botên badhe ngewahakên dhawahing lêlampahan ing wingking. Namung beda-bedaning pandamêl punika ingkang badhe anjalari beda-bedaning woh ingkang badhe kaundhuh.

Ingkang kasbut ing nginggil wau mitraning tiyang ulah karahayon ingkang mawi ulah kawruh kasuksman utawi kapitadosan, salêrêsipun ingkang kêdah dados mitraning tiyang ulah karahayon punika inggih muhung sadhengah tiyang ingyang[11] sampun rahayu budi sanadyan ulah kasuksman utawi botên, gadhah kapitadosan utawi botên sami kemawon, saha mitra.

Sarèhning jagad punika kawêngku dening pangadilan gaib ingkang têmtu dhumawah kukum ngadilipun botên kenging dipun singgahi, sadaya bêgja cilaka mulya sangsara saking pakartining manusa piyambak-piyambak. Dados wajibipun manusa kêdah botên angêrsula dening manggih sangsara utawi kapitunan, awit sangsara utawi kapitunan saking lêpatipun piyambak. Sarta botên ajrih kecalan kangge damêl kasaenan amargi tamtu pinanggih ingkang minăngka lintu utawi pituwasipun, punapadene wajib ajrih anglampahi piawon amargi tamtu badhe tinêmah. Mila tiyang-tiyang kina kathah ingkang sami anggilut dhatêng tigang prakawis punika.

--- 40 ---

1. Sagêd gadhah pamomong dhatêng sasami saha gadhah pangapuntên dhatêng kalêpatan.

2. Rila dhatêng samukawis ingkang sampun kalajêng ical.

3. Rêmên damêl pitulungan.

Manawi ingkang kasbut ing Sêrat Wedhatama ungêlipun makatên: rila lamun: kelangan nora gêgêtun, trima yèn kataman, saksêrik samèng dumadi, tri lêgawa nalăngsa srah ing Bathara.

Mênggah ingkang makatên punika tumrapipun ingkang dèrèng sagêd angangge sayêktosipun awrat sangêt, ananging tumrapipun ingkang sampun sagêd ngangge amargi saking sampun minggah pamanggihipun, sampun majêng kawruhipun, sampun botên kewran pamatrapipun, punika botên wontên awratipun, malah andadosakên mayaring lêlampahan utawi kamayaraning manah (kamulyaning manah).

Sadaya manusa, ingkang têmên pitados bilih Pangeran ingkang sajati punika wontên, wajibipun kêdah pitados bilih Pangeran punika sipat ngadil, utawi kêdah pitados bilih pangadilan gaib punika wontên, kêdah pitados bilih ing dumadi punika kawêngku dening pangadilan gaib wau, sarta kukum ngadilipun pangadilan gaib wau jêjêg, punapadene mêsthi dhumawah

--- 41 ---

(andhatêngi), dados mulya sangaraning manusa saking pakartinipun piyambak, wasana wajib kêdah sagêd angangge wêwatakan kados ing nginggil wau.

Tiyang ingkang sampun sagêd santosa angangge watak kalakuan kados ingkang kasbut ing nginggil wau, kalis saking susah sarta têbih saking sêsakit mêmarasing manah, nanging malah manggih katêntrêmaning manah sart kasinungan raos mulya.

Satuhunipun manusa punika ingkang dipun padosi namung marêm lan têntrêm, utawi kamulyaning raos. Kadospundi manusa anggènipun rumaos bêgja manawi botên gadhah pamarêm lan têntrêm manahipun. Sanadyan tiyang tinitah sugih singgih wirya wibawa mukti kawontênaning kalairanipun ananging manawi dèrèng gadhah pamarêm lan botên têntrêm manahipun punika dèrèng kenging dipun wastani angsal kamulyan ingkang sajati. Sintên ingkang tansah angangah-angah utawi angăngsa-ăngsa saha tansah gêtêr manahipun mobat-mabit wontên ing gêdhonging kabingungan, punika nama taksih kasangsara wontên ing jaman karêkaosaning manah. Mila ingkang dados susahipun manusa punika manawi botên gadhah panarimahing manah, ing ngriku tamtu rêkaos manahipun, amargi kêkajêngan punika manawi kauja botên wontên tuwukipun, mêkaring kamurkan punika manawi kaumbar [kau ...]

--- 42 ---

[... mbar] pangraos kados kadugi anguntal jagad. Pêpenginan punika botên sagêd marêm dening dipun pituruti, sintên ingkang ngangkah pamarêm sarana mituruti pêpenginanipun punika kadosdene sêdya mêjahi latu ingkang sarana siniram ing lisah, botên sande salah kêdadosan malah mubal angămbra-ămbra, dados badanipun tansah rêkaos kêrèh dening pêpenginanipun kapurih angladosi kêkajênganipun ingkang tanpa wontên sampunipun. Ingkang makatên nama kalintu marginipun anggènipun ambujêng wosipun ingkang sêdya dipun upadi, inggih punika ingkang nama kenging tinuntun dhatêng panasaran dening hawa napsunipun, sinasarakên dhatêng margining kasangsaran.

Bokmanawi inggih awit saking ingkang makatên punika, mila wontên wêwarah ing sêrat-sêrat Jawi: manusa punika dipun pardi supados angangge watak, têmên tarima rila lêgawa.

Ing agami Indhu wontên wêwarahipun ingkang suraosipun makatên: awit saking wontênipun karma, utawi awit saking pakartining karma, anjalari wontênipun tumimbal lairing ngagêsang (ing ngagêsang lair rambah-rambah) utawi anjalari nyakra panggilinganing dumadi. Awit saking wontênipun karma kalihan gêsang punika lair rambah-rambah lajêng anjalari wontênipun darma, inggih

--- 43 ---

punika kuwajiban.

Karma punika jarwanipun: pandamêl, wontên ingkang mastani pandamêl ingkang nyamêktani wujud, wontên ingkang mastani pandamêl ingkang nindakakên kaadilan.

Darma punika jarwanipun ingkang lugu: anggêr, anggêr wau anêmtokakên kuwajiban, mila darma, inggih lajêng gadhah têgês: kuwajiban. Sarèhning anggêr wau jêjêg utawi sae, sarta kuwajiban ingkang tinêmtokakên dening anggêr (darma) wau kuwajiban sae, utawi murugakên dhatêng kasaenan tumrap dhatêng ingkang nglampahi sarta tumrap tiyang kathah utawi tiyang sajagad, dados darma inggih lajêng atêgês sae, kasudarman atêgês kasaenan.

Awit saking punika: suraosing wêwarah, awit saking wontên karma, anjalari wontên lair rambah-rambah, lajêng anjalari wontên darma, punika kenging sinantunan pitêmbungan makatên: awit saking wontên pangadilan gaib, sanadyan kaanggêp saking karma utawi saking Pangeran ingkang sajati, sampun tamtu wontên tumimbal lair, awit kalairan rambah-rambah punika parlu nyaur sambutan utawi tampi sauran saking sadaya pandamêl nalika gêsang ingkang rumiyin ingkang dèrèng kaundhuh wohipun. Ingkang pêjah taksih gadhah sambutan linairakên malih parlu

--- 44 ---

nyaur sambutanipun, ingkang pêjah taksih nyambutakên linairakên malih parlu tampi sêsaur saking anggènipun nyambutakên. Ingkang dipun wastani nyambut punika tiyang ingkang nglampahi awon lan lêpat, panyauring sambutanipun sarana nampèni piwalês sangsara utawi pituna. Ingkang dipun wastani nyambutakên punika damêl kasaenan utawi pitulungan, sêsauripun nampèni piwalês kamulyan utawi kaontungan. Awit saking ingkang makatên wau dados lajêng angwontênakên kuwajiban, mênggah wujuding kuwajiban, punika kenging karingkês dados kalih prakawis.

1. Narimahakên samukawis lêlampahan ingkang sampun dhumawah, saha sanggêm anampèni wohing pandamêl ingkang sampun dipun lampahi sadaya, botên amêmanjang duka, sungkawa, gêgêtun sasaminipun, amargi, sadaya-sadaya saking pakartinipun piyambak.

2. Ambudi murih prayogining lêlampahan ingkang badhe pinanggih ing wingking, nyingkiri paukuman utawi margining kasangsaran, sarta mancat margining kamulyan.

Mênggah ingkang sampun kawasita ing nginggil punika sababing mulya sangsara ingkang saking prakawis gaib (samar utawi alus). Dene manawi sababing mulya sangsara saking nalar ingkang limrah sampun [sampu ...]

--- 45 ---

[... n] kasumêrêpan ing ngakathah namung kacariyosakên sawatawis kados ing ngandhap punika:

Jalaraning sangsara punika saking watak awon, kados ta: kêsèd, sêmbrana utawi pêpeka, kirang budi, drêngki, sasaminipun, kirang sae pitêpanganipun kalihan tiyang kathah.

Jalaraning kamulyan punika saking watak sae kados ta: tabêri, wiweka, sugih budi, sagêd sae pitêpanganipun utawi pasrawunganipun kalihan sasamining ngagêsang.

Dêlêgipun kasangsaran ingkang awrat piyambak ing marcapada punika muhung kamlaratan, witing malarat punika saking risaking badan botên sagêd tumandang ing damêl saparlunipun, bodho, kêsèd, kirang wiweka, malêpês budinipun, utawi kirang budinipun, karêm anjurungi hawa angkara murka, boros, kirang sae pitêpanganipun kalihan tiyang kathah.

Dêlêgipun kamulyan ing marcapada ingkang limrah kinajêngakên ing ngakathah punika kasugihan, witipun saking samêkta pirantining raga kangge nindakakên pandamêl sacêkapipun, pintêr, tabêri, gêmi, nastiti, sagêd mêkak hawa napsu, sagêd nyêgah kêkajêngan, surti, ngati-ati, sagêd sae pitêpanganipun kalihan tiyang kathah.

Manawi tiyang sagêd mêkak napsu hawa, nyêgah dêduka, amberat [ambe ...]

--- 46 ---

[... rat] pangunêk-unêk, sêpên gêgêthingan, utawi sagêd angagêm watak kados ingkang kasbut ing ngajêng wau, punika agêng sangêt paedahipun: ingkang sapisan dados pangrêksaning kasarasan. Amargi sêrênging dêduka punika sagêd anggosongakên rah angalumakên bayu-bayu sasaminipun. Sagêd anjalari sakit pêjah sapalih, apus, pelo, pêcah jantungipun, saha sapanunggilanipun. Ingkang kaping kalih tumrap kasusilan, sagêd utami lênggahipun, sae pasrawunganipun kalihan tiyang kathah. Kaping tiga kalêbêt dados prabot lampahing ulah kasukcian utawi panunggal. Kaping sakawan sagêd nyuda wragading gêsangipun utawi irit (gêmi) saha sanès-sanèsipun.

Sêsanggêman anampèni wohing pandamêlipun piyambak

Manawi sampun priksa bilih sadaya bêgja cilaka mulya sangssara punika saking pandamêlipun piyambak: manawi nandhang papa sangsara wajibipun kêdah sampun botên mawi ngêrsula malih-malih, manawi kêtaman saksêrik saking tiyang sanès kêdah sagêd anarimahakên ing manah, amargi sadaya wau muhung kabêkta utawi katarik saking pakartinipun piyambak utawi kalêpatanipun piyambak. Mila kêdah sagêd momong dhatêng sasami

--- 47 ---

sarta sagêd angapuntên dhatêng kalêpatan, botên rêmên dêduka utawi nutuh dhatêng tiyang ingkang kalêpatan, botên rêmên ngunêk-unêk utawi gêthing dhatêng tiyang ingkang nandukakên piawon, dados kêdah amberat napsu hawa sêrêng angkaraning manah ingkang murugakên rêmên anawung duka sasaminipun. Ingkang kêdah kaèsthi muhung sagêda anglampahi sabar santosa, têmên tarima, rila lêgawa, nalăngsa ing manahipun. Têgêsipun nalăngsa angrumaosi ing apêsipun saha kalêpatanipun, tobat dhatêng Pangeran, kapok anglampahi piawon, sumêdya majêng dhatêng kasaenan.

Sadaya kasangsaran ingkang sampun kasandhang, utawi taksih badhe kasandhang, utawi sampun cêtha badhe kasandhang, punika botên pêrlu dipun gêtuni utawi dipun susahakên, kados dhawuh pangandikanipun Sri Bathara Krêsna dhatêng Sang Arjuna ingkang kasbut Sêrat Bagawat Gita: sira aja mrihatinake samubarang kang wus ora kena disingkiri utawa ora bakal kêna disingkiri. Amargi dipun gêtunana utawi dipun susahna dipun prihatina kados punapa punika botên wontên paedahipun.

Wontên wêwarah: manusa punika kêdah sinau gadhah prihatin utawi rêmên prihatin, utawi agêng prihatinipun.

--- 48 ---

Kajêngipun ingkang gadhah piwulang wau sajatosipun namung murih supados manusa punika anglampahakên budinipun, tangi budinipun, utawi rosa budinipun, ămba jangkahipun, agêng gêgayuhanipun. Amargi prihatin punika namung minăngka dados pandhangiring budi utawi panggigahing budi, sok ugi gadhah prihatin tamtunipun lajêng ebah pamanahanipun, utawi minăngka pangrabuking budi supados sagêd ajêg sarta kêncêng lampahipun, dados ingkang parlu punika muhung lampahing budinipun. Susah ingkang tanpa budi punika botên wontên gunanipun, nanging sok ugi budinipun sampun sagêd tansah lumampah sanadyan tanpa anandhang susahipun punika sampun sagêd dados pamancading lampah tumuju dhatêng ingkang sinêdyakakên.

Tiyang ingkang sampun sanggêm nampèni wohing pakartinipun piyambak, sampun purun nandhang sangsara utawi pituna kadospundi kemawon ing kawontênanipun, sok ugi ingkang wohing pakartinipun piyambak utawi ingkang pancèn wajib kasandhang, punika kêdah mangrêtos sarta sagêd angangge ing kawruh batin, sarana nyumêrêpi piwulang batin saha nyumêrêpi ing dalêm kaanan batin, manawi botên makatên awis ingkang sagêd anglampahi, amargi sangsara punika pancèn awrat [a ...]

--- 49 ---

[... wrat] sêsanggènipun, nanging manawi sampun têtêp santosa sagêd sampurna panganggenipun kawruh batin, kasangsaran ing marcapada punika sampun botên wontên awratipun, sampun botên sagêd damêl rêkaos saha karisakaning manah.

Sintên ingkang sampun sagêd buntas anggènipun anyumêrêpi kawontênan ing dalêm batin, ngantos sagêd priksa bilih ingkang nama nyawa, jiwa, utawi suksma, punika beda kalihan raga, ingkang nama manusa sajati utawi sajatining manusanipun punika jiwanipun, dene raga punika namung kados upaminipun ingkang minăngka sandhangan kemawon, lajêng kadosdene sagêd anyilahakên jiwanipun kalihan raganipun, ing ngriku lajêng dipun rumaosi, bilih ingkang sajati piyambakipun utawi ingkang nama pribadining manusa punika jiwa, dene raga punika dipun anggêp kadosdene barang sanès ingkang rumakêt ing piyambakipun, manawi sampun sagêd makatên tamtu wiwit sagêd angabêrakên dhatêng raos sangsara, utawi mantun sangêt-sangêt anusahakên prakawis kawontênaning badan utawi marcapada.

Badan punika mawi nèm mawi sêpuh, mawi sakit mawi sakeca, mawi saras mawi karisakan, wiwitipun awujud alit lajêng dados agêng, lare lajêng dados tiyang sêpuh wêkasipun anêmahi [a ...]

--- 50 ---

[... nêmahi] pêjah. Ananging nyawa botên makatên, nyawa punika gêsang langgêng botên kenging risak, botên sagêd gêsêng dening latu, botên sagêd têlês dening toya, sipatipun sakalangkung alus, alêmbat pangawak toya agêng angèbêgi jagad, sagêd manjing ajur ajèr, panuksmanipun dumunung wontên ing têngu botên sêsak, panuksmanipun dumunung wontên ing gajah botên kêlogron, awit sangêt lêmbatipun sarta jêmbar têbanipun, botên wontên panggenan ingkang botên kaèbêgan ananing nyawa, nyawa punika sajatosipun ananing Pangeran ingkang sajati, wontên wêwarahing pujăngga Arab makatên ungêlipun: wa man ngaropa napsahu, pakot ngaropa robahu, kajêngipun: sintên ingkang nyumêrêpi ing gêsangipun piyambak punika prasaksat sumêrêp ananing Pangeran. Awit saking punika mila sanadyan badan punika anêmahi lêbur amor bantala, nyawa botên punapa-punapa. Tiyang pêjah punika namung kadosdene tiyang lukar sandhangan kemawon, ingkang pêjah punika raganipun, nanging jiwanipun botên pêjah, malah waluya gêsang langgêng langkung sampurna tinimbang gêsang ing marcapada. Awit saking sanadyan badan nandhang sangsara, nanging jiwa botên nandhang sangsara, mila dados manusa sagêd nyantosakakên tata têntrêming galih.

--- 51 ---

Dene manawi ing marcapada wontên pandamêl awon, manusa wajib sagêd suka pangapuntên utawi gadhah pangapuntên dhatêng ingkang damêl piawon wau sapantêsipun, amargi ngrumaosi bilih jalaranipun ing marcapada taksih wontên piawon punika saking kalêpatanipun tiyang kathah (tiyang sajagad) dados piyambakipun inggih rumaos tumut gadhah kalêpatan, inggih punika sabab dening botên ulah karahayon utawi mêncarakên piwulang karahayon tuwin anglampahi kasayukan tumindak rahayu budi sacêkapipun, ngantos ing marcapada botên wontên piawon.

Manawi manusa kataman piawon, inggih wajib sagêd suka pangapuntên dhatêng ingkang damêl piawon, amargi piawon punika namung piwalês saking dosanipun piyambak ingkang sampun-sampun, mila kêdah amberat sêrênging dêduka, pangunêk-unêking galih sasaminipun, dene ingkang kenging dipun lampahi namung analăngsa, lajêng kamanah prayoginipun, kabudi sacêkapipun. Sarananipun kanthi nglimrahakên kasudarman.

Manawi manusa dumunung wontên ing panggenan utawi gêsang wontên ing jaman ingkang kathah rêrêsah, kathah piawon, miwah kathah pakarti ingkang botên pantês, kêdah sagêd anarimahakên ing manah, kanthi panalăngsa nyuwun pangapuntên dhatêng

--- 52 ---

Pangeran, salajêngipun kamanah saprayoginipun, kabudi kanthi katlatosan sacêkapipun, sarananipun kanthi anglimrahakên kasudarman.

Manawi tinitah dados kawula, măngka tindaking praja kirang sagêd damêl sênêng utawi kirang sae, kêdah sagêd narimahakên ing manah sarta ngrumaosi ing kalêpatananipun piyambak, kenging punapa têka suwau-wau botên ngajêngakên kasudarman, ngantos tindakipun para ingkang nindakakên pandamêlan praja sami nêtêpi kasudarman, dene ingkang kenging dipun lampahi namung analăngsa, kanthi kamanah saprayoginipun, kabudi sacêkapipun, sarana marsudi tumindaking kasudarman.

Manawi tinitah dados tiyang narapraja, măngka tindaking tiyang kawula kirang sagêd damêl sênêng utawi kirang sae, inggih kêdah sagêd suka pamomong sarta pangapuntên, kanthi sagêd anarimahakên ing manah, ngrumaosi ing kalêpatanipun piyambak, punapa dene piyambakipun suwau-wau botên sagêd anênuntun dhatêng karahayoning tiyang băngsa. Dene ingkang kenging dipun lampahi malih inggih namung nalăngsa, kanthi kamanah ing saprayoginipun, kabudi ing sacêkapipun, sarana nglimrahakên kasudarman.

Manawi tinitah dados băngsa ingkang asor, bodho, malarat, [ma ...]

--- 53 ---

[... larat,] sarta ringkih, dhumawah ing apês, amargi kongkulan prabawa dening băngsa sanès, inggih kêdah sagêd anarimahakên ing manah, kanthi angrumaosi bilih ingkang makatên wau sabab saking kalêpatanipun piyambak, kirang wiweka tindakipun, kirang marsudi ajênging bangsanipun, bab kawruh kasagêdan, katabêrèn, mêlik, tani, miara rajakaya, kriya, dagang, sapanunggilanipun, botên ulah karahayoning jagad. Dene ingkang kenging dipun lampahi inggih namung nalăngsa, kanthi kamanah kadospundi prayoginipun, kabudi kalihan sayêktosan, kanthi katlatosan sacêkapipun, sarana mêncarakên kasudarman kaparsudi sagêdipun sumêbar ing saubênging jagad.

Manawi manusa damêl pakêmpalan, măngka barang darbèking pakêmpalan, arta kasing pakêmpalan, utawi warni punapa kemawon ingkang wontên ajinipun ingkang dados meliking pakêmpalan, punika dipun rêsahi dening warga utawi ingkang kapatah nindakakên, utawi ingkang dados gêgununganing pakêmpalan, punika inggih kêdah sagêd suka pangapuntên sarta gadhah pamomong ingkang sae-sae, saha kêdah sagêd anarimahakên ing manah, kanthi ngrumaosi bilih ingkang makatên wau inggih saking kalêpatanipun piyambak, kenging punapa [puna ...]

--- 54 ---

[... pa] têka ulah bawaning pakêmpalanipun botên kanthi anggêgulang ulah karahayon, ingkang sarta anggilut kawruh kasuksman, dene ingkang prayogi dipun lampahi inggih kêdah lajêng kamanah kadospundi prayoginipun, kabudi sampun ngantos kados ingkang sampun, supados pakêmpalanipun sagêd wilujêng sae ing kawontênanipun botên wontên kara-kara.

Kangge rumêksa tata têntrêming panggenan, praja, nagari, băngsa, utawi bawana, supados botên kathah dursila utawi piawon, punika botên kacêkap dipun rêksa sarana dipun sêbari piwulang karahayon lan kakasayukan[12] ulah karahayon (agami) saha inggih botên kêcêkap ugi namung dipun rêksa sarana dipun wontêni juru rumêksa tata têntrêm saha pangadilan (pulisi), ananging murih langkung nyêkapi kêdah dipun rêksa sarana: sakalih-kalihipun, amargi makatên: manawi pangrêksa punika namung sarana piwulang, ingatasipun tiyang ingkang dèrèng sagêd kasrambah ing piwulang, saha tiyang ingkang botên sagêd sae dening piwulang, punika dèrèng sagêd kêcêgah piawonipun. Manawi pangrêksa punika namung sarana kukum adil, ingatasipun dursila punika taksih wontên-wontên kemawon akal kanakalanipun anggènipun badhe angendhani kukum utawi ambrobosi

--- 55 ---

lêlêrêsan, saha dados nama dèrèng wontên ingkang minăngka panyêgah thukuling sêdya awon ing kala-masanipun dumunung wontên ing ngasêpên. Kalihan malih langkung prayogi botên wontên dursila tinimbang kalihan kathah durjana nandukakên kadurjananipun sanadyan ta sagêd sami kacêpêng sarta kokum sadaya, malah-malah langkung prayogi botên wontên sêdya awon tinimbang kalihan kathah sêdya awon sanadyan botên kalaksanan, amargi sêdya awon punika inggih sampun botên sae, sarta tarkadhang lami-lami inggih mahanani pandamêl awon, sintên ingkang sagêd angicali sêdya lan cipta awon punika langkung sagêd sarta utami tinimbang kalihan ingkang sagêd angicali lampah awon, sintên ingkang sagêd angicali lampah awon punika langkung sagêd sarta utami tinimbang kalihan ingkang sagêd nyêpêng sarta ngukum sakathahing durjana. Mila parlu marcapada kêdah rinêksa kanthi sarana tinuntun dhatêng karahayon.

Ingkang dipun wastani sagêd anarimahakên ing manah punika kêdah sagêd andunungakên manahipun ngrumaosi kalêpatanipun, parlunipun supados sagêd nyakecakakên raosing manahipun piyambak.

Ingkang dipun wastani sagêd suka pangapuntên ing manah punika sagêd [sa ...]

--- 56 ---

[... gêd] amberat raos saksêrik dêduka pangunêk-unêk sasaminipun, parlunipun amberat raos gêgêthingan. Sanadyan matrapakên paukuman kêdah botên kanthi nawung dêduka utawi cipta gêthing, nanging amung dumunung minăngka suka pangajaran saha têpa tuladha panyêgah piawon ing wingking-wingking.

Pambudi murih prayogi ingkang badhe pinanggih ing wingking

Kadospundi murih prayogi ingkang badhe pinanggih ing wingking punika manusa kêdah nglampahi nêm prakawis kados ingkang kapratelakakên ing ngandhap punika:

1. Ingkang rumiyin kêdah ulah kasarasan, ngudi kawruh kasagêdan, marsudi saening watak kalakuanipun, jêjêging ciptanipun.

2. Kaping kalih kêdah majêng dhatêng katabêrèn nindakakên kaprigêlaning ulah rigênipun tiyang gêgriya (ngupa-jiwa sapanunggilanipun).

3. Kaping tiga kêdah botên damêl piawon, majêng dhatêng damêl kasaenan, amargi sadaya piawon dhatêng sanès têmtu mahanani piawon dhatêng badanipun piyambak, saha kasaenan dhatêng tiyang sanès tamtu mahanani kasaenan dhatêng badanipun piyambak, piwalês awon tuwin sae punika wontên ingkang pinanggih

--- 57 ---

ing dalêm panggêsangan nalika nindakakên pandamêl, wontên ingkang pinanggih ing dalêm panggêsangan ing wingking, wontên ingkang pinanggih ing putra wayah.

4. Kaping sakawan kêdah angrata marginipun lampahing nindakakên pandamêl, têgêsipun ambudi supados sampun wontên pandamêl ingkang dados beka rêncana ngrubeda ing lampahipun, nanging malah sagêda kathah pangrêksa sarta pitulungan ingkang asuka biyantu damèl wilujêng sakecaning lampah, sarana anênuntun dhatêng marcapada supados sami ngangge budi rahayu, trêsna sasamining ngagêsang, rêksa-rinêksa, tulung-tinulung.

5. Kaping gangsal kêdah ambudi supados manawi manjanma malih sagêda linairakên wontên ing jaman ingkang sae, inggih punika sarana nyaekakên lampahing jaman ingkang sawêg dipun lampahi, kabudi supados jamaning marcapada majêng-majêng saya sae ing kawontênanipun, manah saenipun sakathah wiji, utawi marsudi murih saenipun ingkang sami mijèkakên, kanthi angajêngakên saenipun pamanah dhatêng lare-lare, bab pangrêksa, pangajaran, panggulawênthah sapanunggilanipun.

6. Kaping nênêm kêdah marsudi kamajênganing jiwa, kabudi kadospundi supados ing têmbe manawi manjanma malih sagêda sampun majêng manggih tataranipun drajating jiwanipun, kados ta: majêng kalantipanipun, [kala ...]

--- 58 ---

[... ntipanipun,] kawruh kasagêdanipun, saening watak kalakuanipun, kamulyaning drajat kadonyanipun, kaluhuraning drajat kasuksmanipun, saha salajêngipun ngantos sagêd dados tiyang ingkang sampurna ing kawruh mumpuni ing samukawis botên kewran ing sabarang damêl, inggih punika mulya luhur kawasa botên kêkirangan ing samukawis.

Sagêdipun anglampahi nêm prakawis ingkang kasbut ing nginggil punika kêdah angangge ingkang gangsal prakawis kados ingkang kasbut ing ngandhap punika:

1. Ing têmbung Cina: jin, kajêngipun asih, inggih punika kêdah asih dhatêng jiwa raganipun piyambak, saha asih dhatêng sasamining ngagêsang, kados asih dhatêng jiwa raganipun piyambak.

2. Ing têmbung Cina: gi, kajêngipun adil, inggih punika kêdah nindakakên sasami-sami, kêdah ngagêm têpa sarira, botên gadhah pilih sih, botên ambau-kapine ing pandamêl.

3. Ing têmbung Cina: le, kajêngipun tata, inggih punika kêdah susila, kêdah sagêd anglênggahakên sariranipun, ngangge êmpan papan unggah-ungguh, ngangge tata-cara, sabarang damêl kanthi nindakakên wiweka, dugi prayogi, ringa-ringa, sapanunggilanipun, dipun dhasari andhap-asor, purun kawon [kawo ...]

--- 59 ---

[... n] basa sakêcap, lampah satindak angangkah-angkah, jêmbar pamêngkunipun dhatêng sasami, sagêd anyarèhakên sêdya, sagêd angêncêngakên pandamêl, sagêd anjangkêpakên lampah-lampah kuwajibaning ngagêsang.

4. Ing têmbung Cina: ti, kajêngipun: loma, inggih punika rêmên dêdana utawi damêl pitulungan ing sakuwasanipun, manawi kawasanipun dana arta inggih dana arta, manawi kawasanipun dana bau inggih dana bau, manawi kawasanipun dana kawruh inggih dana pitutur, manawi kuwasanipun dana kapurunan inggih dana kapurunan.

5. Ing têmbung Cina: sin, kajêngipun tumêmên, wêkêl, utawi tabêri, inggih punika tumêmên utawi tabêri ing damêl anglampahi punapa ingkang dados kuwajibanipun. Kados ta: ingatasipun para bratmana inggih tabêri mêncarakên piwulang, ingatasipun para sinatriya inggih tabêri ngajêngakên pangrêksa tata têntrêm tuwin raharjaning nagari, ingatasipun băngsa waisiya inggih tabêri manggaota kangge wragad gêsangipun piyambak saha wragad pangrêksa karahayoning jagad. Ingatasipun, băngsa sudra tabêri ing damêl punapa kuwajibanipunangge[13] nyamêktani pirantos kabêtahaning praja, saha băngsa malah sabawana pisan.

--- 60 ---

Gangsal prakawis ing nginggil punika (jin, gi, le, ti, sin), witipun muhung saking satunggal, inggih punika asih, katranganipun kados ing ngandhap punika.

Sabên manusa punika sihipun sampun waradin utawi sampun timbang, têgêsipun sampun asih dhatêng sadaya dumadi ingkang asipad gêsang sadaya, botên mawi pilih kasih utawi kandêl tipis, sihipun dhatêng tiyang sanês agami kadosdene asihipun dhatêng tiyang nunggil agami, sihipun dhatêng tiyang sanès băngsa botên beda kalihan sihipun dhatêng ingkang tunggil băngsa, asih dhatêng tiyang sanês karajan sami kemawon kalihan asihipun dhatêng ingkang tunggil ratu, sih dhatêng tiyang sanès botên kabeda kalihan sih dhatêng sadhèrèk, sih katrêsnan dhatêng sanak sadhèrèka sami kalihan sih katrêsnan dhatêng jiwa raganipun piyambak, punika têmtu lajêng kadunungan manah ngadil, amargi witipun botên ngadil punika muhung saking botên timbang paraning sih.

Sabên manusa punika sihipun sampun sumrambah dhatêng sadaya tumitah, sampun têmên kadunungan raos trêsna wêlas asih dhatêng sadaya ingkang tumitah gêsang, tamtu anggadhahi watak loma, purun dana kangge têtulung ing papa sangsara saha kangge kapêrluaning marcapada, kadosdene manawi ambucal arta kangge anyêkap [a ...]

--- 61 ---

[... nyêkap] kabêtahanipun piyambak.

Sabên manusa punika sampun nyata asih dhatêng sasamining manusa, tamtu lajêng gadhah tabêri manah tata têntrêm karta raharjaning jagad.

Manawi awit saking timbuling raos asih dhatêng sasamining ngagêsang lajêng sampun sagêd gadhah grêgêt sêdya kumrêkat tumindak anglampahi dhatêng ingkang gangsal bab ing nginggil wau tiyang wau tamtu sampun wiwit rikat ajênging wêwatakanipun, wiwit ical piawonipun, wiwit agêng utamaning wêwatakanipun, saha wiwit enggal minggah ajênging pamanggihipun, amargi manusa punika têmtu botên gadhah sêdya miawon dhatêng sadaya ingkang dipun trêsnani, anggêripun trêsnanipun sayêktos, kados upaminipun katrêsnaning rama ibu dhatêng putra utawi trêsnaning jiwa dhatêng badanipun, sèwu anglêngkara bilih rama ibu sêdya mitênah dhatêng putra, utawi jiwa badhe nandukakên pangendra sangsara dhatêng raganipun. Mila sintên ingkang sêdya amangun wêwatakanipun, ambucal watakipun ingkang awon, watakipun binêsut supados dados kantun ingkang sae, sêdya anggayuh supados dados tiyang ingkang utami, punika wiwitipun kêdah anangèkakên raos trêsna wêlas asih dhatêng sadayaning tumuwuh, manusa punika wajib trêsna dhatêng sasamining ngagêsang, amargi

--- 62 ---

tata kalairanipun gêsanging manusa wontên ing marcapada punika botên sagêd mêntas anyamêktani kabêtahanipun piyambak, sagêdipun kacêkap kêdah kalayan tulung-tinulung, wiwit gêsang ngantos dumugi pêjah tansah ambêtahakên pitulunganing sanès. Sabên botên nate damêl pitulungan tamtu kangelan sagêdipun manggih pitulungan. Pintên-pintên sandhang, têdha, pirantos, ingkang sagêdipun angsal saking dêdamêlaning tiyang sanès, saupami tiyang gêsang punika botên wontên sêsarênganipun gêsang saiba susahipun. Ngantos dumugi sampun pêjah manusa taksih bêtah pitulungan ingkang ngupakara raganipun. Dene mênggahing kabatinanipun manusa punika sagêdipun dumugi ing kasampurnan ingkang sayêktos kêdah sêsarêngan kalihan tiyang kathah, amargi jiwa punika sajatosipun namung asipat satunggal, purbaning gêsang punika namung satunggal dipun angge gêsang ing tiyang samarcapada, mila manusa kêdah rukun trêsna kalihan sasamining gêsang ingkang ngantos kenging dipun wastani tiyang sajagad manahipun dados satunggal, dados wontên ing marcapada manah budinipun tunggil, wontên ing dêlahan gêsangipun tunggil dados satunggal, wontên ing kaanan tunggal, tunggil dad sipat asma apngal kalihan Pangeran, inggih ing ngriku dunungipun sampurnaning katrêsnan lan pasadherekan.

--- 63 ---

Manawi tiyang marcapada sampun racak sae-sae watak kalakuanipun, tata-caranipun, kasusilanipun, sampun sae pasrawunganipun sadaya, saha sampun anyêkapi ajênging kawruh kasagêdanipun, sadaya rukun sayuk iyêg sabiyantu ing karsa sami ulah karaharjan adêdalan budi rahayu, sami miwitki[14] sêdya ngambah margining panunggal, sampun tamtu ing marcapada sagêd kalampahan kêrta tata darma, ing ngriku marcapada katingal kadosdene sawarga ingkang linangkung, sadaya tiyang sami sagêd manggih langêning dumadi, botên wontên ingkang manggih sangsara awrat lêlampahanipun, botên wontên wêgah manah kawruh kasuksman, amargi sampun botên wontên ingkang ngraos kawratên nandhang rêkaosipun pêpikulan pandamêl ing marcapada, tiyang ingkang sumêdya lêlampah wontên ing margining panunggal kados upaminipun nênumpak ingkang botên angambah siti mubêng-mubêng wontên ing patamanan asri, ingkang sakeca hawanipun kathah têtingalan angrêsêpakên manah, wêkasan kathah ingkang sagêd dumugi dununging don ingkang sinêdya.

Awit saking sampun sagêd ènthèng pêpikulaning pandamêl ing marcapada, anjalari sakecaning lampah ngambah margining panunggal. Sanadyan manusa botên sagêd sumêngka dhatêng kaanan tunggal sarana ginayuh ing dalêm sapanggêsangan ing marcapada, ananging [a ...]

--- 64 ---

[... nanging] manawi sampun sagêd saya majêng kaananing jiwanipun saha saya majêng kaananing marcapada ing têmbe lairing gêsangipun wontên ing marcapada malih ing wingking-wingking tamtu sampun saya majêng-majêng minggah tataranipun saha manggih jaman ingkang langkung sae. Ngantos sagêd angsal drajating kadwija taman, wiwitipun sagêd anggayuh pangkating mukmin kas, inggih punika tiyang ingkang sampun tinantokakên badhe sagêd dumugi ing kaanan tunggal. Ing salairan malih badhe sagêd dumugi drajating arahat, ing basa Arab dipun wastani wali, lajêng ing salairan malih sagêd dumugi drajating aseka, ing ngriku kawontênanipun sampun botên pae kalihan para nabi, sampun sagêd anggayuh sampurnaning panunggal. Muksanipun sampun sagêd anunggil kalihan kasampurnaning Budha ingkang sipat sampurna, inggih punika wêkas-wêkasaning gêgayuhan, dumunung wontên ing katêntrêman ingkang langgêng. Titi.

Tamat.

Sêrat Wedhakarana bagean satunggal, sambêtipun dumunung wontên: Sêrat Wedhakarana bagian kalih.

 


Tanggal: tangan yaksa sarira janma (AJ 1852). Tahun AJ 1852 jatuh antara tanggal Masehi: 4 September 1921 sampai dengan 24 Agustus 1922. (kembali)
Tanggal: tangan yaksa sarira janma (AJ 1852). Tahun AJ 1852 jatuh antara tanggal Masehi: 4 September 1921 sampai dengan 24 Agustus 1922. (kembali)
karsa. (kembali)
ingkang. (kembali)
kangge. (kembali)
kasarasan. (kembali)
sadaya. (kembali)
utawi. (kembali)
linampahan. (kembali)
10 karahayon. (kembali)
11 ingkang. (kembali)
12 kasayukan. (kembali)
13 kuwajibanipun ngangge. (kembali)
14 miwiti. (kembali)