Sastra Arjendra, Mukhammadiyah Majlis, #540

JudulCitra
Terakhir diubah: 19-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Sastra Harjendra

Margining Kasampurnan Jati

Kawêdalakên dening Pangrèh Agêng Mukhammadiyah Majlis

Taman Pustaka, Ngayogyakarta

--- 1 ---

Bêbuka

Nuwun para priyantun,

Mugi andadosakên pamirsa, bilih sêrat Sastra Harjendra punika, amarsitakakên sêsuluh tuwin pêpiridan sawatawis, mênggahing gêgêbênganipun para sêpuh, para lêluhur kula băngsa Jawi ingkang kina-kina, ingkang sami sumungkêm dhatêng Gusti Ingkang Murbèng jagad. Èsthining manah ingkang angêdalakên, mugi-mugi Sastra Harjendra punika sagêda dados wiraosan kula sadaya. Ingkang punika, pramila kaparênga, manawi sampun kawaos karsa amaringakên dhatêng para sêntana.

Sangêt matur panuwun.

Ingkang ngêrsakakên:

Kaparênga kintun adrès dhatêng sadhèrèk: Cahyapuspita, Găndamanan 4 nomêr 196, Ngayogyakarta.

Karangan:

Ingkang kasdu paring karangan, katampi kanthi suka sênênging manah. Ugi kakintuna dhatêng adrès kasêbat. Dene wêdalipun, tigang wulan sapisan.

Sèwu lêpat nyuwun pangaksama.

Ingkang ngêdalakên

Pêngurus.

--- 2 ---

Mêsu Raga

Awit atas asmaning Pangeran Ingkang Mahamirah Maha-asih

Mêsu raga atapabrata, yêkti akarya wirya yuwana.

Pasa. Tumindak pasa iku wiwit jaman biyèn (kuna), wong-wong wis kuwajiban anindakake. Pigunane supaya padha bêkti (wêdi) marang Pangeran piyambak.

Sapa wonge kang gêlêm andanani bukan marang wong kang pasa, olèh ganjaran padha karo kang pasa. Dene wong kang pasa ora suda ganjarane sathithik bae.

Andika nabi iku wong kang loma bangêt, lan luwih loma manèh yèn pinuju sasi pasa. Sabên-sabên wêngine sasi pasa, sapatêmon karo malaekat Jibril, padha maos kitab suci. Andika nabi banjur luwih loma manèh ngungkuli lakune angin kumidid.

Para priyantun, têmtunipun botên kakilapan malih sapintên agênging pigunanipun tiyang tumindak, cêgah (siyam).

Sagêdipun kawula manuswa inggil drajadipun amargi karsa cêgah (mêsu raga, atapabrata). Makatên ugi supados para putra wayah manggih raharja mulya, manawi para sêpuh karsa acêgah.

Pramila sampun botên kêkilapan malih Gusti Ingkang Wicaksana, [Wicaksa ...]

--- 3 ---

[... na,] aparing dhawuh, supados kita para manuswa, anindakakên cêgah, ingkang têmtu sataun sapisan sabên wulan siyam, sawulan rampung. Mênggah ing gênahipun kados andharan ing ngandhap punika.

Nuwun para maos, saèstu kawula gêsang wontên ing ngalam donya, prêlu anglêlimbang-limbang saha manggalih kadospundi, tuwin wontên pundi panggenanipun kawilujêngan ingkang sampurna. Liripun ingkang murugakên kayuwanan ing donya ngantos dumuginipun akherat.

Kawula, inggih jalma manuswa, kawontênakên ing ngarcapada, kadadosan saking badan wadhag ingkang asalipun saking siti, pramila wangsulipun inggih dhatêng siti. Makatên ugi badan alus, jiwa utawi rokhani, kawontênakên saking kêkiyatan ingkang saking pêparingipun Pangeran, pramila wangsulipun sadaya badan alus inggih dhatêng ngarsanipun Pangeran. Dados sampun mantuk dhatêng alam kamulanipun.

Sarèhning jalma manuswa punika jumênêng badan kalih: raga akalihan jiwa, pramila kêkiyatanipun inggih warni kalih.

1. Kêkiyataning raga (badan wadhag).

2. Kêkiyataning jiwa. Ingkang sadaya wau angèl manawi kajèrèng kanthi sêratan, amargi gêgêbêngan dhatêng raos.

--- 4 ---

Saking kêkiyatan kalih warni wau nuwuhakên kêkiyatan mawarni-warni sangêt, kados ta:

1. Kêkiyataning swasana [èlèktrisiteit]

2. Kêkiyataning atum [afeniteit]

3. Kêkiyataning molokilê [adhesi kohesi]

4. Kêkiyataning tosan brani [magnit]

5. Kêkiyataning netra [hipnotis]

6. Kêkiyataning panggalih [sêpirit], tuwin sapanunggilanipun.

Sadaya kêkiyatan pêparingipun Pangeran, kanggenipun kula janma manuswa, kêdah kaupakara amrih sampurna tuwin kuwawi. Sampun ngantos namung kagêsangakên salah satunggalipun, ingkang ngantos mêjahi dhatêng kêkiyatan-kêkiyatan sanès pêparingipun Gusti Allah. Upaminipun: amung ngudi utawi anggêgêsang kêkiyatan èlèktrisiteit (sêtrum) angowakakên dhatêng kêkiyatan sanès-sanèsipun. Anggêgêsang kêkiyatan magnit, nglirwakakên dhatêng kakiyatan tunggilipun, makatên salajêngipun.

Dene manawi kawula manuswa punika purun anggêgêsang saèstu, dhatêng sadaya kêkiyatanipun, têmtu badhe dados jalma

--- 5 ---

ingkang anggadhahi prabawa, inggil pangaribawanipun, luhur mulya wontên sanginggiling bumi, jumênêng pangajêng, ingkang sadaya tiyang badhe angub ngayom dhatêng tiyang kasêbat. Botên têbih-têbih contonipun, para tiyang sêpuh-sêpuh kula ing jaman rumiyin. Amargi saking kêncênging mêsu raga, sumungkêm ing Hyang Suksma, sami kaparingan darajat ingkang inggil-inggil.

Pramila sampun samêsthinipun, bilih kita manuswa sami angudi dhatêng kêkiyatan ingkang sampurna, murih sagêd kuwawi kêngkêng, anggèn kita lumampah gêsang, makatên ugi wilujêng ingkang pinanggih. Dene miturut tatananipun Gusti Ingkang Murbèng jagad, sarananipun angiyatakên kêkiyatan punika wau sadaya. Sarana rêrêsik badanipun, inggih wadhag tuwin alusipun. Lajêng dipun têdhani tuwin dipun gêgulang dhatêng kalêrêsan ingkang miturut tuntunanipun Pangeran Ingkang Murbèng Wasesa. Botên ngêmungakên akal-akalanipun manuswa kemawon. Jêr manuswa punika apês.

Tatanan paringipun ingkang Mahakawasa, kita manuswa kapurih:

1. ambangun turut saha sumungkêm tuwin pitados dhatêng Gusti Allah Ingkang Mahasampurna. Tuwin dhatêng ingkang dados nayakanipun inggih andika Nabi S W Ng,[1] juru pangêntas saking [sa ...]

--- 6 ---

[... king] kasasaran. Liripun anindakakên sadaya ingkang kadhawuhakên, anilar ingkang kapurih nilar.

Pundi lêlampahan ingkang nuwuhakên kasaenan ing donya dumuginipun ing akkherat, têmtu botên mlèsèd saking dhawuh-dhawuhipun Gusti Allah Ingkang Mahawicaksana. Makatên ugi kosokwangsulipun, sadaya ingkang damêl risaking tatatêntrêming donya dumugining akherat, ugi botên badhe mlèsèd saking awisan saha cêgahing Pangeran Ingkang Mahasampurna.

Dene prêkawis kapitadosan mênggahing Gusti Allah punika, kathah sangêt sambekalanipun. Ingkang sadaya wau tansah badhe ngenggokakên saking tlajêring kalêrêsan dhatêng juranging karisakan. Ananging manawi kawula manuswa sagêd ngatos-atos saha purun ngêcakakên panggalihipun ingkang kanthi lêrês, botên kacampuran pangaribawa sanèsipun ingkang nêja anjlomprongakên, utawi nampi rêruba ingkang badhe amblusukakên, têmtu badhe manggih ing tusing kalêrêsan. Upami kula gambarakên dêdongenganipun Kangjêng Sunan Kalijaga, anggènipun prihatos badhe nyumêrêpi kalêrêsanipun pitados ing Pangeran makatên :

--- 7 ---

Kangjêng Sunan Kalijaga

Ing sakawit anggènipun pitados amung kanthi anguja nalaripun (cara filosofi) ananging dangu-dangu lajêng sagêd nuju dhatêng sajatining pitados, kanthi tumindak kêncêng sumungkêm pangibadahipun. Ing wasana sagêd tampi wahyu widayating Pangeran Ingkang Mahawasesa, pitados kanthi salêrêsipun.

Miturut cêcrariyosan para sêpuh, cinariyos: Ing sasampunipun Kangjêng Sunan Kalijaga winêjang ngèlmi kasampurnan dening Kangjêng Sunan Benang, saya katrêm kasubratanipun ing ngèlmi. Rintên dalu botên kêndhat abawa raos kalihan para wali sanga, agêgêntosan, musawaratan (sarasehan) tundonipun namung tansah diya-diniya, botên sagêd gumolong raos nunggil dados satunggal. Pêpuntoning kaantêpan, angêkahi tekadipun piyambak-piyambak. Amargi: ugêr dipun manah-manah malah ewah. Ugêr dipun pikir-pikir têmtu nlisir. Ugêr dipun nalar saya wudhar. Ugêripun dipun budi botên sagêd dumugi. Ugêr dipun akal saya nyêbal. Pramila Kangjêng Sunan Kalijaga sangêt putêk pêtêng ing panggalihipun. Manahipun prihatos, ngantos supe dhahar kalihan sare. Saking sangêting kasok kasêngsêmipun sêdya uninga wantahing kanyatahan wontênipun Allah

--- 8 ---

ingkang nitahakên bumi langit. Sakalangkung kèmêngan ing panggalih. Nanging karsanipun kêncêng-alêncêng lêrês kados sipat têmahan andon lêlana sapurug-purug tambuh ingkang sinêdya, nasak wana sumêngkèng wukir tumurun ing jurang, ngantos kaplantrang-plantrang dumugi satêpining sagantên Kidul. Wontên ing ngriku wuninga satunggiling tiyang kaki-kaki sampun pikun, kungkum ing sagantên, ing sapinggiring gisik, sarwi ithu wongsal-wangsul nyilêpakên saha ngêntasakên kranjang jêbol, sairip tiyang sawêg nawu. Kangjêng Sunan dangu anggènipun maspadak-maspadakakên ing solah tingkahipun kaki pikun, wêkasan amrêpêki kalihan andangu:

Hèh kaki, lèrèna sadhela aku arêp takon.

Kaki pikun sêmu ayêm aris mangsuli têmbungipun ngoko: He kowe iku salah gawe wong nyambut gawe, kowe arêp takon apa.

Kowe kuwi ewuh apa.

Aku ewuh nawu sagara, yèn wis asat iwake mêsthi akèh bangêt, lan gêdhe-gêdhe, arêp dak êdum-êdumake sêdulur-sêdulurku kabèh.

Apa kowe sugih sêdulur.

Sakabèhing manungsa iki sadulurku.

--- 9 ---

Sunan Kali wiwit karaos panggalihipun, tumuntên anglajêngakên pangandika: karêpmu iku kaluwih dening mokhal bangêt.

Sagara iki titahing Allah, ya gene tak tawu kokarani mokal, lah tikêl kaping pirang-pirang mokal êndi karo karêpmu iku, têka kowe arêp wêruh sawantahing kanyatahan mungguh kaanane Gusti Allah kang kawasa nitahake bumi langit, mung kalawan ko pikir, ko nalar, ko akal, ko budi, ko rêmbug, apa iya ora mung bakal awoh: nalar, ngakal, budi. Rêmbug ing salawas-lawase, măngsa bisaa uwoh. Kalakone pituduh iku, kudu kalawan dilakoni apa sabarang pituduhe.

Kangjêng Sunan Kali saya karaos-raos ing panggalih rumaos kaluhuran sabda. Lajêng angandika malih kalihan têmbung krama: Punapa ingkang kêdah kula lampahi.

Pituture gurumu kapriye.

Kula kêdah nglampahi:

1. Sahadat, pitados ing Allah tuwin utusanipun.

2. Salat gangsal wêkdal.

3. Siyam ing wulan Ramadhon.

--- 10 ---

4. Jakat

5. Bilih sagêd, minggah khaji dhatêng Mêkah.

Ya wis iku lakonana kalawan mantêping ati.

Punapa sampun sagêd dados sarananipun ing kasampurnan kula pamoring kawula-Gusti. Anggêre anggonmu anglakoni: têrusing atimu, têrusing nyawamu, insya Allah mêsthi bisa.

Benjing, punapa sapunika.

Iya besuk iya saiki. Lire: Yèn kowe sahadat têrusing ati, têrusing nyawa, lah ya sahadatira iku, dununging panunggalira kalawan Gusti. Yèn sira salat, lah ya salatira iku manunggalira kalawan Gusti. Yèn sira Jakat, lah ya jakat iku manunggalira kalawan Gusti. Yèn sira puwasa, lah ya puwasa iku manunggalira kalawan Gusti. Yèn sira munggah khaji, iya khajinira iku manunggalira kalawan Gusti. Satêlasing wiraos, kaki pikun lajêng musna tanpa karana. Kacariyos ingkang mindha warni kaki pikun wau Kangjêng Nabi Khidzir.

Kangjêng Sunan Kalijaga, sangêt sukur ing Pangeran, saha lajêng tuhu sangêt anggènipun anglampahi rukuning Islam 5 prakawis têrusing galih, trusing sukma, amila sami-sami wali sanga inggil piyambak drajating kasampurnaning ngèlmi, dening saklangkung [sa ...]

--- 11 ---

[... klangkung] tuhu anggènipun nglampahi (pinirid saking: Rahayu)

----------

Samantên prakawis kapitadosan ing Ngarsanipun Gusti Allah. Manawi botên dipun udi kanthi yêktosan, wusananipun inggih namung tidha-tidha, malah sagêd dumugi nasarakên.

----------

Na, kaping kalih, sarana kita ingkang agêng piyambak anggèn kita anggêgulang dhatêng kasampurnaning kêkiyatan kawula manuswa, sarana manêmbah ing Gusti Allah, manungku puja samadi anyadhang sih kamirahanipun Gusti Allah. Ingkang miturut babadipun prakawis dhawuh kasêbat kangge kawula manuswa punika makatên.

Sasampunipun Gusti Nabi Mukhammad nayakaningrat sampun dumuginipun anampi cobi pintên-pintên, ingkang prêlu kangge ngrêsikakên saliranipun jasmani tuwin rokhaninipun. Wiwit miyos dados lare yatim, ngantos dados lare lola tanpa rama ibu, inggih ontang-anting. Gêsang wontên ing bêbrayan ingkang ngrêkaos, tuwin sapanunggilanipun. Gusti Allah ngarsakakên anyowanakên Panjêjênganipun ing ngarsa-Nipun dalasan saraganipun kanthi dipun paringi titihan ingkang suci saking swarga. Prêlu nampi dhawuh ingkang wigatos sangêt, inggih salat gangsal wêkdal. Ingkang botên kados [kado ...]

--- 12 ---

[... s] dhawuh sanès-sanèsipun mawi lantaran Malaekat Jibril. Inggih makatên punika kawastanan mikraj. Kathah para manungsa ingkang botên pitados dhatêng tindakipun ingkang têbihipun piyambak pintên-pintên atus pal namung sadalu (mikraj), têtumpakanipun inggih anganèh-anèhi. Ananging sapunika sampun kathah bukti-bukti ingkang minăngka kangge nglêrêsakên dhatêng kawontênan punika. Wontênipun rata gêgana, radhio, pirantos-pirantos èlèktris, sapanunggilanipun. Sawêg pirantosipun manuswa kemawon sagêd kados makatên. Punapa malih titah maklukipun Gusti Allah, têmtu inggih langkung ing kasampurnanipun.

Nitik ing nginggil panci dhawuh salat punika ingkang wigatos piyambak. Jalaran inggih salat punika ingkang dados pokok kangge angiyatakên sadaya kakiyatan ingkang wontên ing badanipun kawula manuswa sadaya.

Cêkap samantên rumiyin. Mugi-mugi andharan ingkang cêkak ing nginggil punika, sagêd dados wiraosanipun para maos. Wasana andadosakên sêsuluh tuwin pêpadhang kawula sadaya.

Mugi-mugi Gusti Ingkang Murbèng jagad aparing kawilujêngan tuwin kayuwanan ing kawula sadaya.

Kula: Nurcahya

----------

--- [...] ---

[Sampul Luar]

DRUKKERIJ ,,PERSATOEAN"

Djagang Kaoeman 31 en 42,

Telef. 777 - DJOGJA.

 


S Ng W (Salallahu Ngalaihi Wassalam). (kembali)