Sêrat Piwulang, Prawirasudirja, 1917, #1214

JudulCitra
Terakhir diubah: 20-02-2019

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Rêgi dalah wragad ngintunakên mêdal ing pos.

Kenging tumbas dhatêng Dépot van Leermiddelen ing Wèltêvrèdhên, kalayan ngintunakên yatra wau mawi pos wisêl.

Sêrat Piwulang

Anggitanipun Mas Prawirasudirja, mantri guru ing Garung, Wanasaba.

Kaêcap ing Indonesische drukkerij ing Wèltêvrèdhên

1917

--- [0] ---

[Iklan]

--- [1] ---

Serie uitgaven door bemiddeling van de Commissie voor de Volkslectuur No. 292.

Sêrat Piwulang

Anggitanipun Mas Prawirasudirja, mantri guru ing Garung, Wanasaba.

Wêwênangipun ingkang nganggit sêrat punika kaayoman dening anggêr ing Sêtatsêblad taun 1912 No. 600.

Sêrat punika inggih kenging katurun, kaêcap utawi kaanggit malih, nanging kêdah wontên sêrat palilah saking Commissie voor de Volkslectuur, sarta kêdah katêrangakên kapêthik utawi kapirid saking sêrat punapa.

Kaêcap ing Indonesische Drukkerij ing Wèltêvrèdhên

1917.

--- [2] ---

[...]

--- [3] ---

1. Tinimbang asor aluwung angluhurakên badanipun.

Wontên satunggilipun tiyang sêpuh wicantên dhatêng para neneman makatên: Wong urip aja dhêmên asor, bêcik luhurna awakmu.

Ing ngriku wontên tiyang ênèm satunggil apitakèn: Kadospundi kyai, têrangipun ungêl-ungêlan ingkang sampeyan lairakên punika, saking pamanggih kula kalêbêt elok sangêt, beda kalihan piwulangipun para guru tuwin tiyang sêpuh-sêpuh sanèsipun. Ingkang limrah anggènipun mêmulang anak putu utawi para murid, supados samia andhap-asor, purun ngawon têmbung sakêcap, lampah satindak, angajèni ing sasami, murih tiyang-tiyang sami rêmên lan asih, sugih sanak sadhèrèk, mitra tuwin kawanuhan, watêkipun wilujêng. Saupami manggih kasusahan, tumuntên angsal pitulungan saking tiyang sanès. Ing samangke kyai paring piwulang kosokwangsulipun, botên kenging asor, kêdah angluhurakên badanipun.

Tiyang sêpuh mirêng pitakèn makatên punika sakalangkung suka bingah ing manah sarta angalêmbana dhatêng tiyang ênèm ingkang pitakèn, yèn piyambakipun satunggiling tiyang titi pariksa nyuraos pikajênganipun wulangan, wicantênipun tiyang sêpuh: Kowe, ênggèr,

--- 4 ---

kêna dak arani wong bêgja, pinaringan ati padhang lan sabar, niti pariksa maksude pitutur. Yèn mangkono, adat sing uwis kalakon arang kalèru patrape. Beda bangêt karo wong kang awatak gugup, unèn-unèn durung pinikir kapriye bênêre, kêsusu ditindakake bae, wêkasan salang-surup kalèru panganggone, anjigung sikil dari[1] jalaraning tiba.

Mungguh unèn-unèn ing dhuwur mau, uwis jarwa, karêpe anyingkirana samubarang gawe kang ngasorake awakmu. Sawalike: Nglakonana pagawean sing kuwawa anjunjung awakmu marang kaluhuran, dene jalèntrèhe kaya ing ngisor iki.

Kang ngasorake awak, yaiku:

1. Melikan. Nyandhang lan mangan kang ora mêtu saka pêrêsane kringête dhewe, lire: dhêmên anjêjaluk, ngandêlake utawa anjagakake pawèwèh sarta pitulungane wong liya, gêdhene manèh gêlêm anglakoni panggawe ala, ngêngapusi, nyênyolong, ngutil, nyêbrot lan sapanunggalane.

2. Bodho. Jalaran ora gêlêm sinau, têtakon utawa nênitèni kalakuane wong liya milih kang ala lan bêcik, sabab lumrahe wong bodho mau disapirakake dening sapadha-padha, ana pakumpulane wong akèh, kalungguhake ing buri panggonan pêtêng. Yèn ana rêmbug, ora bisa urun-urun anggunêm, barêng gêlêm nyambungi rêmbug, sok kalèru, digêguyu ing ngakèh.

3. Kêsèd. Sungkanan ing samubarang gawe, watêke nyêpaki [nyêpa ...]

--- 5 ---

[... ki] marang kacingkrangan. Măngka wong iku yèn tumiba mlarat, gugur kaluhurane, kabèh sing padha kacukupan kudu arêp marentah sarta ora ngajèni, dene kang mlarat mau kêpêksa manut, sabab butuh.

4. Angkuh. Sumangkeyan, ambêk adigang adigung adiguna, lan sapêpadhane. Iki kaya upamane kumandhang, wong kang andêlêng lan ngrungu masthi nirokake, malah yèn ora kabênêran, padha gêthing ngarah bilaine.

Dene kang kuwawa angluhurake awakmu, iya sawalike ing dhuwur iku, gamblange tak jèrèng manèh kaya ing ngisor iki.

1. Nyandhang mangana saka kaskayamu dhewe, aja dhêmên olèh pawèwèh saka wong liya. Saupama ana wong wèwèh ing kowe minăngka tăndha katrêsnan, tampanana kalawan sênênging ati, nanging sabisa-bisa tumuli walêsên katrêsnane, sabab yèn ora mangkono, anggêpe wong mau nganggokake ing kowe, anggarap murah gawe sawênang-wênang lan kurang ngajèni. Saya akèh ênggone nganggokake, wuwuh sêru olèhe ngidak. Luwih manèh saupama ênggone nganggokake mau ora kalawan mulunge dhewe, lantaran dijaluki kanthi pêksa anandukake rosa lan kuwasane, masthi anuwuhake gêthing, ing lair mênêng, nanging batine ngandhut watu.

2. Ditabiri[2] mardi budi, têtakon lan anon-tinon marang paripolahe liya, jaringana lêlabête kang bêcik-bêcik, aja kalèru patrape: anduwèni kawruh mung kanggo umuk-umukan. [umuk-umu ...]

--- 6 ---

[... kan.] Watêke wong kang kapadhan kawruhe dadi asih, dene sing kalindhih panêmune padha wêdi angajèni, apamanèh wong kang nêdya ngangsu mamrih marang kawruhmu, saya bangêt ênggone sumungkêm.

3. Dikêskil ngupaya kasil, elinga: Măngsa kang koanggo nyambutgawe, sanadyan mung sadhela, iya ana ajine. Lan manèh sing gêmi marang rêjêki, nanging aja cêthil. Rêjêki iku kang anjalari cukup. Wong kang kacukupan masthi kajèn keringan. Luwih manèh yèn murah ati gêlêm dêdana marang wong kacingkrangan lan kasangsaran, saya sugih sanak sadulur mitra kawanuhan, kabèh padha guyub suyud ing kowe.

4. Nandukna tingkah paripolah luwês sarta andhap-asor, têmbung ruruh amanis, ora agawe pinggêt atining liya, supaya wong liya nimbangana mangkono marang kowe.

Sawise padha kolakoni pituturku ing dhuwur mau, kêna tak pasthèkake dadi luhur awakmu, ora ana wong kang gawe sawiyah ing kowe.

Sadaya piwulangipun tumancêb ing manah, para ênèm ingkang mirêngakên suka bingah sarta badhe anglampahi pitêdah kalayan têmên-têmên, supados sagêd anggayuh ing kautamèn.

----------

2. Cariyosipun tiyang ngantêpi satunggiling sêdya.

Ing satunggalipun nagari agêng wontên tiyang nama Jaya Santosa, dados

--- 7 ---

mandhor gudhang panyimpênan barang-barang ingkang badhe kaêmotakên dhatêng baita kapal, angsal balănja wulanan salawe rupiyah, gadhah anak tiga sami jalêr têksih alit-alit sêdhêngipun sumêkul.

Sarèhning wontên nagari agêng, sadaya prêluning agêsang mawi tumbas kalayan awis, măngka rencang lare alit-alit, botên sagêd nyambi sêsadean utawi nyambutdamêl sanèsipun, sanajan panganggenipun arta balănja dipun atos-atos, mêjahi sawarnining kasukan ingkang ambêborosi, manahipun narimah ugêr sagêd nêdha kalihan mangangge sawatawis pantês, ewadene sabên pundhatan wulan balanjanipun têlas kemawon, namung bêgja botên gadhah sambutan.

Jaya Santosa jalêr èstri sakalangkung prihatos, sabab ing têmbe manawi anakipun sampun agêng-agêng, waragading gêsangipun tamtu badhe mindhak kathah, măngka botên gadhah simpênan arta utawi gêgantungan warni barang ingkang pangaos.

Anuju satunggiling dalu wanci sirêp lare, Jaya Santosa jalêr èstri sami jêjagongan lan rêraosan makatên: Kapriye, êmbokne, yèn salawase urip mangkene bae, ora bisa omah-omah utawa nyèlèngi saka dhuwit balănja amasthi saya lawas imbuh-imbuh rêkasane, besuk mangsane anakmu gêdhe-gêdhe kudu kapardi marang kapintêran dilêbokake sêkolah, apamanèh bakal nyupitake, sanajan mung bubur sapiring iya ngêtokake wragad kanggo slamêtan. Kajaba saka iku durung [du ...]

--- 8 ---

[... rung] duwe dhuwit kanggo sadhiyan pangan manawa ginanjar apês ana bêbaya salah măngsa utawa yèn wis tuwa ora bisa nyambutgawe. Kang iku prayoga pikirên, mumpung durung tumiba ing kasangsaran.

Sakèndêlipun Jaya Santosa rêraosan kados ing nginggil punika, ingkang èstri manahipun sakalangkung sêdhih, kuwatos sangêt kanalangsan kêkirangan têdha benjing sêpuhipun, lajêng rêmbagan badhe nyuda balanjanipun sabên wulan saringgit kalêbêtakên ing celengan. Ingkang tigang rupiyah kangge nyewa griya. Calon waragad sakolah wiwit dipun wontêni sawulanipun sarupiyah, dados sabên wulan namung kapanci yatra wolulas satêngah rupiyah, punika kêdah kacêkap-cêkapakên.

Sarêng sampun agolong rêmbag, Jaya Santosa matur dhatêng pangagêngipun kantor pos, badhe anglêbêti celengan sabên wulan saringgit, pangagêng wau andhangani, lajêng maringi buku alit kalihan bintang satunggil, minăngka pratăndha piyambakipun gadhah celengan ing kantor pos. Makatên salajêngipun, sabên wulan botên nate lowong anggenipun nyèlèngi.

Anuju satunggil dintên, wanci asar Jaya Santosa saking gudhang badhe mantuk, wontên têngah margi manggih sêrat sasuwèk, dipun pêndhêt lajêng kawaos awon nganggur kalihan lumampah, ungêling sêrat makatên: Bêgja kang santosa ngantêpi niyat sawiji, sabab dayane luwih gêdhe, kêna kabasakake: kuwawa anjugrugake gunung watu kang gêdhe dhuwur, bisa katêkan sasêdyane.

--- 9 ---

Sasampunipun kawaos, sêrat kalêbêtakên ing kanthonganing rasukanipun, samargi-margi ungêling sêrat ginagas-gagas karaosakên, pinanggihing manah sae sangêt sarta agêng pigunanipun, ciptanipun: Surasane layang iki èdi têmên, isi piwulang luwih mulya, iki jimat kang gêdhe kasiyate. Sanajan dalancang mung sasuwèk, ajine ngungkuli kêncana sawungkal.

Dumugi ing griya, Jaya Santosa linggih ngaso wontên ambèn kalihan medang, nuntên wêwartos dhatêng ingkang èstri yèn manggih sêrat suraosipun langkung èdi, kenging kangge lantaran anjunjung badanipun anggayuh kamulyaning donya. Wicantênipun: Êmbokne, ênggonku padha têmên-têmên ngantêpi niyat, sabên sasi nglêboni celengan saringgit, saiki nêmu sêksi unine layang kiye, tandhane lagi rong taun bae wis duwe dhuwit sawidak rupiyah, uripku sadinane kaya ajêg, sanajan ana kurange sawatara, ora kongsi gawe sangsarane awakku.

Ingkang èstri nyêlani wicantên: Ênggih pakne, ungêling sêrat niku panci yêktos, malah ontên malih bathine, saniki manah kula ayêm, badan karaos sêgêr, kêkiyatan ênggih mindhak rosa, jalaran saking èngêt gadhah arta celengan wau, kenging kangge jagi-jagi manawi kêkirangan utawi ontên bêbaya salah măngsa. Beda sangêt kalih dhèk riyin nalika dèrèng nyèlèngi, ugêr êmpun mèh cumpêt wulane botên anggêgêm arta, raosing manah langkung sêdhih, măngka panangise anak nêdha sêkul botên kenging disêmadosi, malah kula piyambak rumaos anggrangsang, [ang ...]

--- 10 ---

[... grangsang,] nêmbe nêdha sêkul ngantos tuwuk, ewadene kêpengin jajan. Sarêng saniki marêm, awis-awis gadhah pêpenginan.

Ingkang jalêr mangsuli: Iya panci mangkono, hawa nêpsune wong ora duwe lumrah murka angăngsa-ăngsa kaya wong ngêlih wêtênge, sok sugih pêpenginan. Sanajan mêstas[3] mangan warêg, ana kêtela, kimpul, kumudu-kudu arêp ngêmplok, nanging yèn wong kacukupan, sawise mangan warêg, karasa marêm, anaa kêtan iwak ing ngarêpe êmoh nyuwil.

Ingkang èstri sumambêt: Sarèhning saniki êmpun yêktos dayaning kacêkapan wau andamêl marêm lan ayêming manah, rintên dalu kula sêsuwun, mugi-mugi lulus pinaringana ati kang santosa,sagêda nyèlèngi ajêg salamine.

Wangsulanipun ingkang jalêr: Iya bênêr, ênggone nyèlèngi diajêgake, nanging saka karêpku arêp dak anggo gawe omah sing pantês. Kang sapisan, prêlu ingatase wong urip kudu duwe panggonan sing têmtu. Kapindhone, sawise duwe omah aku imbuh kauntungan sasasi têlung rupiyah, sabab lèrèn olèhe nyewa. Dhuwit têlung rupiyah mau kanggo muwuhi celengan, dadi sasasine limang rupiyah satêngah. Katêlune, omah iku ora mung prêlu kanggo manggon bae, uga bisa ngaling-alingi kanisthan, ngluhurake darajat sawatara, krana tumrape wong bumi manawa ora duwe omah, kalêbu golongane papa, sanajan dianggoa golèk pawitan dhuwit, nyênyilih utawa utang-utang iya diandêl marang kang duwe dhuwit.

--- 11 ---

Ingkang èstri mênggak: Bok êmpun kêsêsa kagêngên panjăngka riyin, Pakne, dhuwit celengan sawidak rupiyah niku ingatase têng nêgari agêng, ajêng nyukupi sapintên, măngka sadaya dandosan tuwin bau ingkang anggarap awis sangêt. Manawi ajêng damêl griya kang pantês ing nagari ngriki, apêse kêdah nyêpêng arta gangsal atus rupiyah, mila prayogi kasandèkake mawon kajêng dika niku, Pakne, gampil benjing nèk cèlèngane êmpun ngalumpuk kathah, tumuntên diniyati.

Ingkang jalêr: Panêmu mangkono iku bênêr bangêt, nanging aja kêsusu mapasi rêmbug, pikirên dhisik dikongsi katêmu bêcike, saka karêpku mêksa arêp gawe omah, ora dadi sasasi, sataun. Ora dadi sataun, iya sawindu, pati-pati mundur yèn durung rampung, ngiras anyatakake unèn-unèn kang kasêbut ing layang mau. Mungguh saka pangiraku, janji langgêng santosa ing ati, têmên-têmên ênggone ngantêpi karêpe, kaya-kaya ora wurung, bakal katêkan sêjaku. Sapa ngira rayap kewan kang gumrêmêt bisa gawe gumuk gêdhe lan santosa. Dene kang dhisik aku tuku pomahan karo dandanan sing băngsa awèt, supaya yèn ana apêse ora bisa banjurake, gampang didol manèh.

Ingkang èstri lajêng kèndêl kemawon, botên mangsuli punapa-punapa, namung mêmuji sagêda kasêmbadan sêdyanipun.

Jaya Santosa pados pemahan ing salêbêtipun kitha radi pinggir, murih pikantuk mirah pangaosipun, nanging milih papan ingkang

--- 12 ---

waradin, cakêt margi agêng tuwin angsal toya ilèn. Botên antawis lami, sampun pikantuk pakawisan wiyaripun kalih dasa ubin, rêgi sawidak rupiyah sampun kabayar kêncèng.

Sabên wulan arta ingkang masthi dipun cèlèngi katumbasakên kajêng, dêling, gêndhèng saha sanès-sanèsipun ingkang prêlu kangge sapikantukipun. Lami-lami sagêd pêpak, lajêng wiwit kagarap, ngundang undhagi ingkang mangêrtos, sabên wulan namung kagarap kawan utawi gangsal dintên, sacêkapipun arta saringgit kangge epahan undhagi. Dene padamêlan ingkang gampil-gampil, kados ta: baturing griya, atrap usuk, gêndhèng, gêdhèg sasaminipun, kagarap piyambak wanci sontên samantukipun saking padamêlan tuwin dintên Ngahad, yèn panuju botên nyambutdamêl ing gudhang. Ingkang dipun damêl rumiyin griya pawon adêgipun cakêt pagêr wingking. Sarêng sampun dados, Jaya Santosa ngalih dhatêng griya pawon wau, ing lêbêt namung cêkap patilêman tuwin ambèn alit satunggil, sangêt anggènipun kaluthêkan, sêsak botên sagêd dêdèkèk barang-barang darbèkipun, sawarnining barang ingkang băngsa agêng: meja, kursi saha sanès-sanèsipun katitipakên ing tăngga. Tiyang ingkang katitipan inggih bingah, jalaran sagêd ngangge botên mawi nyênyambut.

Arta tigang rupiyah ingkang masthi kangge sewan griya kawêwahakên arta saringgit wau, dados sawulanipun kangge epahan anggarap griya gangsal rupiyah satêngah. Saking têmên-têmên ngantêpi niyatipun, salêbêting wolung taun griya sampun dados, agêngipun cêkapan, [cê ...]

--- 13 ---

[... kapan,] wangunipun sae saha kêkah. Balungan kajêng jatos kalêrêsan abên-abênanipun. Palataran ngajêng karêngga sêsêkaran, kiwa têngên waradin saha rêsik dipun brangkal sela alit-alit, ingkang dipun emba dalêmipun para Walandi.

Jaya Santosa lajêng ngalih anglêbêti griya enggal, tilasipun kangge griya pawon, dene tilas griya pawon ingkang rumiyin dipun angge kandhang ayam lan wadhah kajêng. Sarèhne griya wau têksih lugas, dèrèng dipun êcèt utawi ngangge rêrênggan murih asri, manahipun Jaya Santosa têksih cuwa sangêt, mila sabên wulan arta ingkang gangsal rupiyah satêngah lêstantun kangge maragadi, katumbasakên êcèt, kêre, aling-aling jandhela, lampit, lampu saha sanès-sanèsipun isèn-isèning griya ngiras kangge pasrèn. Sarêng sampun rampung sarêrêngganipun, tiningalan langkung asri andamêl sênênging manah. Sok tiyanga sami ngalêm kantêpanipun tuwin kathah ingkang niru damêl griya nulad pratikêlipun Jaya Santosa, dados piyambakipun botên namung damêl sênênging manahipun piyambak kemawon, malah dados tuladanipun ngakathah saha dados pitakenan ing bab tiyang damêl griya.

Kacariyos, dèrèng lami mandhor gudhang wau ngênggèni griyanipun, kalêrêsan wontên Walandi dhatêng enggal saking nagari mănca, pados sewan griya alit-alitan ugêr cêkap dipun ênggèni saha pantês, kadadosan nyewa griyanipun Jaya Santosa sawulan f 10, ingkang gadhah griya kesah amangsuli nyewa griya tilasipun rumiyin sawulan f 3, dados piyambakipun gadhah pamêdal sawulanipun [sa ...]

--- 14 ---

[... wulanipun] f 35, wragading gêsangipun kaindhakakên f 22, sewan griya f 3, ingkang f 10, ajêg kalêbêtakên dhatêng celengan. Sawêg gangsal taun laminipun, sagêd damêl malih griya langkung agêng sakêdhik tinimbang ingkang sampun, panggarapipun radi enggal sarta gampil, awit sampun mindhak pratikêlipun sarta wêwah arta ingkang kangge wragad. Griya wau kasewakakên malih sawulanipun f 12,50, sapunika gadhah pamêdal sabên wulan f 47,50.

Sarêng sampun gadhah griya kalih, nuntên damêl griya alit ingkang dipun ênggèni piyambak. Sarèhning mandhor wau sampun sêpuh, lajêng kèndêl saking padamêlan, jalêr èstri manggèn ing griya alit, anak-anakipun jalêr sampun misah pados panggêsangan piyambak. Dene arta celengan sawontênipun kapêndhêt kangge pawitan pados rêjêki sinambi nganggur. Ing wasana Jaya Santosa jalêr èstri manggih kamulyan sasampuning sêpuh, arta sewan griya katêdha eca, satirahipun kasimpên kangge jagi-jagi bokmanawi ing têmbe wontên damêlipun, sampun ngantos andamêl rêkaosing anak tuwin sadhèrèk, malah manawi sagêd luwung atêtulung sakiyatipun.

Kathah ingkang wicantên makatên: Uripe Jaya Santosa kabênêran, bêgjane katêmu tuwa, dadi ana kanggo liru sudaning kêkuwatan karo păncadriyane. Dene wong kang cilaka ora mangkono, malarate katêmu tuwa, kêkuwatane wis ora kêna kanggo golèk kasil, pandêlêng, pangrungu, kabèh suda, mung kari hawa nêpsu mêmangan enak kang isih, dadi marakake

--- 15 ---

ngimbuhi kacingkrangane, sing akèh padha tumiba ing kasangsaran.

Ingkang punika: Tiyang gêsang prêlu sangêt anjagi wiwit têksih ênèm, anglêmpakakên rêjêki kangge sangu sasampuning sêpuh.

----------

3. Cariyos anglampahi padamêlan ingkang dipun sagêdi sarta dipun rêmêni.

Wontên priyantun agêng sugih arta tuwin donya brana pèni-pèni rajapèni, kagungan dalêm gêdhong pêpak isi pirantosing griya èdi-èdi, ngingah rajakaya: kapal, maesa lan lêmbu sami pêpilihan, ing salêbêtipun nagari ngriku lăngka priyantun ingkang sami kasugihanipun. Sarèhning sampun kacêkapan, anggènipun anglampahi padamêlan jênjêm, botên kêkathahên ingkang kagalih.

Mênggah ingkang dados jalaraning sugih makatên punika: sabab balanjanipun kathah, anggènipun ngasta padamêlan sampun lami, măngka watêkipun gêmi titi angatos-atos, sagêd sangêt mranata salêbêting dalêm, botên wontên padamêlan bundhêt atumpang-suh utawi barang ingkang kacicir utawi katlisut. Isèn-isèning dalêm, meja, kursi, lampu, lampit, lêmantun sapanunggilanipun, amung saprêlunipun ingkang kangge kemawon, ananging sadaya băngsa pêpêthingan sae-sae sarta awèt kanggenipun. Agêm-agêman katêmtokakên, ingkang kagêm padintênan, pameran manawi kalêrês tindak utawi kêkêmpalan, tuwin kangge pasamuwan agêng, satunggil-tunggilipun kapilih ingkang awèt saha pantês, [pa ...]

--- 16 ---

[... ntês,] botên kêrsa kêkathahên warni tuwin cacah, namung kapêsthi sacêkapipun kangge sontan-santun.

Abdinipun botên kathah, nanging nyêkapi, sabab milih tiyang ingkang têmên, tabêri lan ngêrtos ing damêl, sabên wulan kaparingan balănja langkung kathah tinimbang kalihan abdinipun priyantun sanès, dados manahipun sami mantêp kumawula, botên gadhah èngêtan nêja kesah pados pasuwitan malih, amargi sampun sumêrêp botên badhe pikantuk bêndara ingkang paring balănja sami kathahipun kados ingkang sampun. Para abdi wau sabên dintên sami tumandang ing damêl botên mawi ngêntosi dhawuhing bêndara, lajêng cakut anggarap padamêlanipun piyambak-piyambak ingkang sampun katêmtokakên dados cêcêpênganipun.

Nganggenipun arta balănja angatos-atos sangêt, sadaya kanthi etangan lêrês, botên kenging corok-cinorok langkung saking mêsthinipun, manawi badhe mêmundhut punapa-punapa kêdah kagalih rumiyin dipun timbang kalihan prêlunipun, saupami pinanggih kirang prêlu inggih lajêng sande pamundhutipun. Saking sangêtipun angatos-atos, sampun ingkang arta kêthipan minggah dhatêng rupiyahan, sanajan namung arta sabribil manawi wêdalipun botên dunung, tansah dados panggalih, ngeman wêdaling arta sigar wau.

Kosokwangsulipun ing nginggil, priyantun wau botên owêl ngêdalakên arta ngantos dasanan rupiyah, ugêr tumănja kanggenipun ing samukawis ingkang kagalih prêlu, kados ta: kangge maragadi putra ingkang sinau ngudi kasagêdan, maragadi panguburipun mayit [ma ...]

--- 17 ---

[... yit] ingkang kapiran, têtulung tiyang kasangsaran, kêluwèn saha sanès-sanèsipun. Malah karsa nyadhiyakakên arta pêcah, benggol, sèn lan bribil, kawadhahan bumbung kacanthèlakên wontên pakuning saka dalêm pandhapi, dipun têngga satunggiling abdi ingkang pinitados. Arta wau sadhiyan kangge maringi tiyang papriman, ingkang pantês dipun pitulungi, inggih punika tiyang picak, kuthung, buntung, lumpuh, pincang, lare lola ingkang dèrèng sagêd pados têdha piyambak, măngka botên gadhah ahli waris ingkang wajib ngukup, tuwin sapanunggilanipun. Wêktunipun maringakên katêmtokakên pêndhak enjing antawisipun jam pitu dumugi bêdhug, paringipun undha-usuk dipun kintên nyêkapi kangge isarat panulaking sakit kêluwèn, sakêdhikipun tiyang satunggil sabenggol, kathah-kathahipun gangsal sèn, ewadene wradin-wradin ing sadintênipun sagêd nêlasakên arta sarupiyah.

Sadaya tiyang ingkang papriman wau mawi katiti pariksa, saupami katitik badanipun saras, anggèning nglampahi papriman namung sabab saking kêsèd, sungkan rêkaos nyambutdamêl, botên kaparingan, lajêng dipun èngêtakên supados purun sêtiyar pados têdha sarana nyambutdamêl. Wontên ugi ingkang dipun cêpêng kaladosakên dhatêng nagari, sawênèh wontên ingkang dipun dhawuhi nyambutdamêl ing dalêmipun, kados ta: dhangir pemahan, nyapu, bubut-bubut rumput ing palataran ngajêng tuwin kiwa têngênipun dalêm, nyigari kajêng, ngangsu saha sanès-sanèsipun. Bakda nyambutdamêl, lajêng kaparingan arta minăngka epahipun nyambutdamêl,

--- 18 ---

dipun kirangi sakêdhik saking bêrahan ingkang limrah, supados botên tuman, kalihan dipun pangandikani makatên: Sarèhning aku kêtitipan kringêtmu abubut-bubut sukêt, ênya, iki dhuwit minăngka lirune. Mulane besuk manèh dieling, aja sok anjêjaluk, yèn durung rumasa titip.

Kacariyos, priyantun wau kagungan putra jalêr satunggil apêparab Radèn Tuwuh, kalêbêtakên ing pamulangan agêng supados anggayuh kasagêdan ingkang langkung inggil, saking panjangkanipun benjing manawi sampun sêpuh sagêda dados priyantun agêng sami kalênggahanipun ingkang rama sukur bage sèwu sagêd ngungkuli. Ingkang rama pradhah sangêt, botên ajrih ngêdalakên arta, anggènipun maragadi putra kangge sinau warni-warni kasagêdan sampun nêlasakên pintên-pintên èwu rupiyah, ewasamantên malah andadosakên suka bingah ing galih, sabab Radèn Tuwuh sinaunipun langkung tabêri dhasar manah lantip, kathah kasagêdan ingkang sampun kacakup. Guru-gurunipun sami trêsna asih ing piyambakipun. Kangge ing jaman samantên, sanajan putraning ngaluhur botên wontên ingkang ngudi kasagêdan ngungkuli Radèn Tuwuh, mila manawi kalêrês wontên pakêmpalaning para ênèm kalêbêt munggul piyambak, dados pitakenan ing ngakathah, kănca-kancanipun sami kasor angajèni.

Ingkang sarèhne priyantunipun wau têksih kalêbêt golonganing kina, dèrèng karsa ebah anut ing jaman, panggalihipun: Botên wontên satunggiling kaluhuran utawi kamulyan sangalam donya [do ...]

--- 19 ---

[... nya] ingkang nyami darajating priyantun, padamêlanipun botên rêkaos, dhaharipun cêkap, pinundhi-pundhi ingajenan tiyang kathah. Tani, dagang, nukang punika sadaya dipun anggêp asor botên kalampah sineba-seba kados priyantun. Awit saking pamanggih nginggil punika, ingkang dados pancêring panggalih putranipun pinuji-puji sagêda pikantuk darajat kapriyantunan ingkang luhur.

Sarêng Radèn Tuwuh sampun diwasa, mêdal saking pamulangan agêng, kasagêdanipun warni-warni andamêl suka bingah panggalihipun rama ibu, rumaos botên ical anggènipun maragadi kathah, ingkang putra botên mawi katantun malih padamêlan punapa ingkang dipun sagêdi tuwin dados karêmênanipun. Lajêng pinêksa kalêbêtakên magang ing kantor rêsidhenan, supados anglampahana sinau padamêlan ingkang badhe sagêd anjunjung darajat priyantun. Awit saking ajrih, Radèn Tuwuh inggih andhèrèk kemawon dhatêng karsaning sêpuh. Nalika têksih enggal anggènipun lumêbêt tuwin nyambutdamêl sakalangkung tabêri sarta ngatos-atos, sadaya padamêlan dipun sinau kalayan gampil, dèrèng patos lami piyambakipun dados magang sampun sagêd anindakakên padamêlan juru sêrat, kănca-kancanipun sami eram ningali kasagêdanipun, saha ngintên Radèn Tuwuh têmtu enggal kajunjung dados priyantun sarta minggah-minggah anglangkahi ingkang kathah. Ing wasana pangintênipun ingkang makatên wau lêpat, sabab sanajan padamêlan kantor dipun sagêdi, nanging botên rêmên, lami-lami manahipun bosên, awis-awis lumêbêt dhatêng kantor, anggènipun

--- 20 ---

nyambutdamêl sapurun-purun, kathah padamêlan ingkang lêpat, rêgêd tuwin botên rampung, ngantos andamêl dukaning pangagêng, sande sih lan trêsna, anjabêl pangêbangipun badhe paring pitulung andadosakên priyantun. Sarèhning sampun botên gadhah pangajêng-ajêng măngka sok asring dinukanan, Radèn Tuwuh botên kraos, lajêng nyuwun mêdal saking magang kantor rêsidhenan. Tiyang-tiyang sami ngowêl dhatêng kasagêdanipun saha sangêt anênêtah, punapaa dipun dukani lêpating padamêlan supados lêrês, têka botên tumuntên angatos-atos, malah saya bingah rumaos pikantuk jalaran anggènipun mêdal saking magang.

Ingkang rama mirêng mêdalipun putra saking magang, panggalihipun sakalangkung cuwa sarta muring-muring, Radèn Tuwuh kadhawuhan lumêbêt malih magang ing kantor rêsidhenan botên purun, lajêng kalêbêtakên magang dhatêng kantor pangadilan. Wontên ing ngriku inggih kados ingkang sampun, anggènipun rêmên nyambutdamêl namung sakêdhap, nuntên mêdal malih saking magang.

Ingkang rama saya sangêt anggènipun duka, Radèn Tuwuh lajêng kalêbêtakên magang ing kantor watêrsêtat, supados sinau padamêlan rupi-rupi. Wontên ing kantor ngriku radi gadhah manah rêmên sawatawis, margi kathah padamêlan ingkang piyambakipun dèrèng ngêrtos, sabên dintên sinau anggambar pasitèn, wêwangunan griya, krêtêg, saha sanès-sanèsipun, ing nuju sayah anggambar, lajêng kesah ningali tiyang dêdamêlan rupi-rupi wontên pabrik prênah sawingkingipun kantor, kados ta: damêl pirantos saking kajêng,

--- 21 ---

tosan, êsèng, banon, sela, wêdhi sapanunggilanipun. Asring kemawon Radèn Tuwuh nyêpêng pirantos piyambak tumut dêdamêlan, ngantos sagêd damêl meja, kursi, bangku, lading sasaminipun, ugi nyumêrêpi dhatêng peranganing abên-abênan kapur kangge griya gêdhong tuwin palèrèd ing lèpèn. Sarêng sarupining padamêlan ing kantor watêrsêtat sampun kathah ingkang dipun sagêdi, manahipun wiwit kêmba, botên lami mêdal malih saking magang, jalaran têksih kirang rêmên.

Wêdalipun Radèn Tuwuh saking magang kantor watêrsêtat andadosakên sangêt duka tuwin prihatos panggalihipun rama ibu, nanging botên kawêdal, jalaran saking kagêngên trêsna putra namung satunggil punika, manawi dipun dukani kuwatos kesah saking nagari ngriku, mila lajêng kakèndêlakên kemawon, botên nate dipun pangandikani punapa-punapa utawi kadhawuhan andhèrèk amêng-amêng kados adatipun. Kajawi saking punika, prakawis arta kangge tumbas pirantosing sinau tuwin nyambutdamêl sampun botên kaparingan babarpisan. Saking pangangkahipun ingkang putra sagêda kapok, nuntên mantêp anggènipun magang anggayuh darajat priyantun. Panggalihipun rama ibu makatên: Yagene anakku lanang kang dak êbang-êbang bisaa dadi priyayi gêdhe, têka sulaya karo panjăngka ora duwe kantêpan mamrih marang darajat kapriyayèn, ilang bae ênggonku maragadi kanggo ngudi kawruh kongsi ngêntèkake dhuwit ewon rupiyah, ora bisa ngarêp-arêp olèh pulihan sênênging ati. Ah, cilaka bangêt [bangê ...]

--- 22 ---

[... t] wong tuwa kang ora diturut pituture dening anak, sih katrêsnan karo kangelane mulasara wiwit cilik ora katarima, gêdhe-gêdhe sing malês amulyakake wong tuwa, lagi nurut bae ora gêlêm.

Kacariyos Radèn Tuwuh sasampuning mêdal saking magang, mêksa botên nyupèkakên nyambutdamêl maos utawi nyêrat padamêlan ingkang dipun rêmêni, ngantos dados pintên-pintên sêrat anggèning mithati saking buk agêng ingkang kawaos, trêkadhang inggih ngangit-anggit manut pamanggihipun piyambak ingkang prêlu dipun pèngêti, saking rêmênipun nyambutdamêl, ngantos mèh botên gadhah wêktu kangge ngaso. Kala-kala Radèn Tuwuh kesah anjajah dhusun, têgil, wana tarataban, manawi ningali têtanêman, dipun waspaosakên katiti wontêning uwit, panggenan lan kasilipun, wontên ugi têtuwuhan ingkang kabubut utawi kapêndhêt wijinipun kabêkta wangsul badhe dipun tanêm ing pemahan. Sadaya ingkang prêlu-prêlu pinanggih salêbêtipun anjajah, wontên ing griya dipun sêrat dados pèngêtan.

Wontên ing griya sasêla-sêlaning nyambutdamêl maos kalihan nyêrat, damêl pakêbonan wiyaripun botên pintêna, nanging pêpak isi têtanêman ingkang sarwi paedah tuwin asri dipun tingali, kados ta: pêpêthetan, sêsêkaran, jêjanganan, êmpon-êmpon, wowohan saha sanès-sanèsipun sarwi sakêdhik. Sarèhne pancèn dados karêmênanipun sarta ngêrtos dhatêng ngèlmining tanêm tuwuh, dados pamulasaranipun inggih sae, dipun lêmi, kadhangir, [ka ...]

--- 23 ---

[... dhangir,] pananêmipun manut piwulang têtanèn ingkang sampun kasêksèn sae. Manawi wontên satunggiling uwit kêra, alum, katêdha ama, sêkar gogrog, pêntil dhawah saha sanès-sanèsipun, tumuntên dipun padosi kaolak-alik ngantos pinanggih sababipun, inggih punika katiti priksa godhong, uwit, oyod lan sitinipun. Lajêng binudi sagêdipun tanêman wau waluya sarta ama sampun ngantos marèntèk tumular-tular ing uwit sanès-sanèsipun. Sêsêrêpan makatên punika inggih mêndhêt saking sêrat-sêrat ingkang kawaos, wontên ugi satunggil kalih ingkang mêdal saking rêkadayanipun piyambak.

Sarèhning pamulasaranipun sae, tanêmanipun inggih lêma-lêma, godhong warni ijêm lêdhung-lêdhung, uwoh agêng-agêng saha kathah raosipun langkung eca, sêkar sabên enjing sami mêkrok agêng-agêng gandanipun arum. Sanajan pakêbonan wau namung sakêdhik, ewasamantên pamêdalipun maradini sok kakintun dhatêng para mitra têtêpanganipun kangge tăndha katrêsnan.

Radèn Tuwuh ngatingalakên katabêrèn saha kasagêdanipun dhatêng nênanêm makatên punika, rama ibu inggih sangêt angalêmbana ing kawignyanipun, nanging dèrèng sagêd andamêl sukaning panggalih, malah amêwahi prihatos. Ingkang kapisan têksih anggalih padamêlan têtanèn wau nistha, punapa malih tumrapipun putra priyantun agêng saha botên pantês sangêt ngantos anglampahi macul. Kaping kalih, eman-eman dhatêng kasagêdan ingkang samantên inggilipun namung katanjakakên ing têtanèn. Dados saking [sa ...]

--- 24 ---

[... king] kêrsanipun rama ibu mêksa angarih-arih ingkang putra puruna magang malih supados ing têmbe sagêd dados priyantun.

Anuju satunggil dintên, saking putêk pêtênging galih, priyantun wau tindak manggihi mitranipun dados priyantun guru agêng ingkang rumiyin mulang Radèn Tuwuh, prêlu nêdha tulung pirêmbag kadospundi pratikêlipun anggèning badhe mrênahakên ingkang putra supados benjingipun botên kapintên. Guru agêng mitranipun andhangani, lajêng tindak sêsarêngan nunggil sakreta badhe manggihi Radèn Tuwuh piyambakan kemawon murih botên pakèwêd anggènipun têtakèn.

Sarêng dumugi ing dalêm, guru agêng wau anjujug sênthongipun Radèn Tuwuh, pinanggih sawêg tilêman kalihan maos sêrat among tani, kiwa têngênipun kathah kêrtas suwekan pating caruwil isi sêratan potlod, cakêt patilêman wontên meja panyêratan, ing ngriku pinanggih sêrat pèngêtan kalihan gagang pèn gumlethak tilas kangge nyêrat. Mênggah ingkang dipun pèngêti wau botên sanès amung prakawis sêsêrêpan ngèlmu tani. Awit saking punika guru agêng wau sagêd pirsa ingkang dados karêmênanipun Radèn Tuwuh, lajêng andangu padamêlan punapa ingkang dipun rêmêni kangge sarana pados pangupajiwa.

Radèn Tuwuh amangsuli: Botên wontên malih margining pados panggêsangan ingkang dados tujuning manah, kajawi saking tani. Sarèhning piyambakipun panci rêmên, akathah-kathah anggènipun ngaturi kêtêrangan dhatêng tilas gurunipun, yèn sami-sami padamêlan [padamêla ...]

--- 25 ---

[... n] kangge pados têdha, awis ingkang ngungkuli sakecanipun dhatêng têtanèn, sanajan ngetanga kathahing pamêdal inggih lăngka ingkang nyami. Saupami satunggiling tiyang sêpuh sampun botên kiyat nyambutdamêl awrat, nanging nalika têksih ênèmipun tabêri têtruka nanêm barang[4] kitri nyithak sabin tuwin pakarangan, sampun têmtu piyambakipun botên kêkirangan têdha salaminipun gêsang, bêbasan, dipun tênggani ngandhapipun kemawon, satunggil-tunggiling uwit sami andhawahakên uwoh munjung dhatêng ingkang nanêm ngantos sagêd tumurun dhatêng anak putunipun.

Radèn Tuwuh ngaturi pratelan makatên punika kalihan anêdahakên sêrat petangan kasiling têtanèn. Tilas gurunipun gumujêng suka sarta pitados ing piyambakipun, yèn badhe sagêd anindakakên padamêlan tani kalayan kasil. Nuntên mêdal saking sênthong asarêng-sarêng Radèn Tuwuh badhe mriksani pakêbonan, sarêng sampun dumugi, guru agêng wau langkung eram ing galih pirsa têtanêman warni-warni tuwuhipun sami lêma-lêma, pranatanipun sae apêpanthan têtanêman katunggilakên manut bangsanipun, wontên ingkang kajodhok-jodhokakên, uwit satunggil uwoh utawi sêkaripun warni kalih, ngantos botên sagêd andugi katabêrèn tuwin kasagêdanipun Radèn Tuwuh ingkang samantên.

Sasampunipun titi mriksani pakêbonan, guru agêng sangêt jumurung dhatêng sêdyanipun Radèn Tuwuh badhe anglampahi têtanèn, sabab sampun pitados saking kasagêdan anggènipun sinau tuwin ingkang dipun êcakakên wontên pakêbonan, saupami

--- 26 ---

sêmbada katabêrènipun, têmtu badhe andadosakên kamulyanipun.

Guru agêng lajêng lumêbêt ing dalêm pinanggih priyantun ingkang kagungan dalêm, ngandharakên sadaya pikantukipun aniti pariksa ing meja panyêratan tuwin pakêbonan, nuntên ngaturi rêmbag pamrayogi supados Radèn Tuwuh ingidenan anglampahi padamêlan têtanèn, lajêng kaparingana arta sacêkapipun kangge pawitan anggarap pasitèn. Dipun cithak kadamêl sabin kalihan têgil, sampun têmtu benjing sagêd ngêdalakên kauntungan langkung kathah cêkap kangge gêsangipun.

Wiwitipun priyantun wau botên pisan-pisan anyondhongi dhatêng rêmbag makatên punika, sabab têksih sangêt angêmungakên darajat priyantun punika mulya piyambak, kinurmatan sineba-seba ing sasami. Lan sawangsulipun, kagungan panggalih padamêlan têtanèn inganggêp nistha botên pantês dipun lampahi denaaningk[5] turuning priyantun, panggarapipun rêkaos, kauntungan sakêdhik botên nyêkapi kangge gêsangipun akanthi sênêng, tandhanipun sadaya tiyang tani kathahipun yutan awêndran, lăngka sangêt ingkang manggih mulya punapa malih dados luhur, dêstun namung narimah gêsang nêdha sêkul kalihan sarêm, mangangge udhêng satunggil lan sruwal ingkang karakêt ing badanipun, awis-awis sagêd simpên tirahan arta. Kajawi saking punika, manawi ningali anggènipun gêgriya saya sangêt andamêl ngêrês ing manah, salaminipun namung janji gêsang, botên sagêd tumut angraosakên eca lan sakeca.

--- 27 ---

Guru mitranipun gumujêng ing batos, anggalih priyantun wau dèrèng gamblang dhatêng lampah saha paedahipun padamêlan têtanèn, punapadene têksih sakêdhik manggih luwang ciyut ing jajahan, ingkang dipun sumêrêpi sawêg salêbêting wawêngkonipun piyambak, kalêrês botên wontên satunggil-tunggila tiyang tani manggih mulya sagêd anggarap pasitèn wiyar dasanan minggah dhatêng atusan bau, ingkang limrah namung kiyat sasabin kalih bau sapangandhap, sampun têmtu kemawon pamêdalipun botên sagêd tirah kangge simpênan. Guru agêng lajêng nyariyosakên kawontênan ing sanès nagari ingkang tiyangipun sampun sami majêng dhatêng têtanèn, ing ngriku pintên-pintên tiyang tani ingkang mulya lantaran saking pamêdalipun siti, sagêd angawontênakên punapa ingkang dados kasênênganipun, griya agêng sae-sae, sugih arta rencang botên kêkirangan, wontên salêbêting wawêngkonipun prasasat ngratu ingajenan tiyang kathah, sanajan wontên măncapraja inggih kineringan sinuba-suba, awit saka daya kasugihanipun. Lajêng anêrangakên kauntungan saking têtanèn mawi kapetang kasilipun satunggil-tunggiling uwit ingkang katanêm, wiyaripun pasitèn ingkang katanêman tuwin wêktunipun. Wêkasanipun anêrangakên, padamêlan punapa ingkang wajib linampahan dening satunggil-tunggilipun tiyang gêsang pados pangupajiwa, rêringkêsanipun inggih punika: anglampahana padamêlan ingkang dipun sagêdi sarta dipun sênêngi.

Pitêdah ing nginggil punika tumancêb ing panggalihipun priyantun ingkang [ing ...]

--- 28 ---

[... kang] kagungan dalêm, lajêng suka panarimah dhatêng mitranipun sabab sagêd amadhangakên panggalih. Wiwit wêktu punika, ngêrtos wêwijanganing kaluhuran, kamulyan tuwin kasugihan, sampun botên kêrsa nênacad anginakakên padamêlan têtanèn utawi ngluhurakên darajat priyantun. Ingkang putra Radèn Tuwuh dipun paringi arta kangge pawitan ambikak pasitèn, mênggah papanipun kadhawuhan milih piyambak ing pundi panggenan ingkang dipun sênêngi.

Radèn Tuwuh sakalangkung suka bingah ing manah, sabab badhe kasêmbadan ingkang dados sêdyanipun, nuntên kesah dhatêng padhusunan tuwin wana tarataban, pados pasitèn ingkang waradin, êloh, pikantuk toya ilèn, saangsal-angsal kêdah cakêt margi agêng. Sarêng sampun pikantuk, pasitèn kaukur watês-watêsipun katêngêran tugu ingkang botên enggal risak, lajêng kacithak sabin kalihan pakêbonan, dipun tanêmi warni-warni ingkang kasil. Ing pinggir margi kaadêgan griya agêng saha sae mawi rinêngga sêsêkaran langkung asri. Ing prênah iringing griya kaadêgan gudhang agêng panyimpênaning pamêdalipun siti ingkang dèrèng kasade kalihan panyimpênan barang-barang pirantosing têtanèn. Cakêt gudhang prênah radi wingking kadamêl dhêkah alit, kaadêgan griya panggenanipun tiyang ingkang sami nyambutdamêl ing kêbon.

Botên kacariyos laminipun, sarêng têtanêman wau sampun mêdal kasilipun, racak-racak sabên wulan angsal kauntungan ngungkuli balanjanipun ingkang rama, saya lami mindhak-mindhak pamêdaling siti. Ing wasana andadosakên kamulyanipun Radèn Tuwuh, ugi kajèn [ka ...]

--- 29 ---

[... jèn] kèringan botên beda kalihan ingkang kasinungan darajat priyantun, raosing manah ayêm ajênjêm, sanajan nyambutdamêl rêkaos inggih dados sênênging manah sabab panci padamêlan wau ingkang dipun rêmêni.

4. Pangaosipun kasagêdan.

Ing dhusun Sêtayu prênahipun botên têbih saking nagari, wontên satunggiling pandhe nama Wăngsawijaya, kasagêdanipun namung damêl samukawis pirantos băngsa kasar ingkang limrah kangge dening tiyang tani ing padhusunan ngriku, inggih punika: pacul, pencong, wangkil, kêjèn, arit, kudhi, pangot sasaminipun. Wiwit piyambakipun têksih ênèm ngantos sêpuh rupining dêdamêlan prasasat ajêg kemawon, botên wontên kaindhakanipun sae utawi landhêp, punapadene ambudi damêl gagrag enggal ingkang langkung migunani kanggenipun ing wêktu punika dèrèng wontên. Dados dêdamêlanipun botên gadhah daya anggêgèndèng murih ngrêmênakên manahipun ingkang badhe tumbas.

Sanèsipun Kyai Wăngsawijaya, ing dhusun wau kalêbêt kathah tiyang dados pandhe, sami gadhah bêsalèn piyambak-piyambak kaadêgakên sangajênging griya. Dene dêdamêlanipun sami ugi kados kasêbut nginggil, botên wontên salah satunggiling pandhe ingkang manahipun malêtik purun marsudi indhaking kasagêdan, kajawi namung nalurèkakên dêdamêlaning lêluhuripun wiwit jaman kina, dhapur wagu, kasar, kêthul, ngantos jaman samangke lêstantun awon [a ...]

--- 30 ---

[... won] makatên. Mila sarêng kasade kirang laris saha mirah, namung langkung sakêdhik sangêt saking pangaos panumbasing tosan. Awit saking punika panggêsanganipun pandhe ing ngriku awis-awis ingkang cêkap, saupami botên sami nyambi têtanèn tuwin ingkang èstri sêsadean mêdal pêkên, têmtu saya rêkaos gêsangipun.

Wontên malih ingkang anjalari panggaotanipun mandhe kirang majêng, inggih punika botên guyub, saupami satunggiling pandhe nêja ngindhakakên pangaos, murih pikantuk kauntungan radi kathah murwat kalihan rêkaosipun nyambutdamêl, pandhe sanèsipun botên nimbangi, malah asring kalampahan sok nyuda rêgi, supados barang dêdamêlanipun laris, tiyang-tiyang ngalêmpak sami tumbas dhatêng piyambakipun. Dene pandhe ingkang nêja ngindhakakên pangaos wau kuwatos barang gadhahanipun badhar, lajêng nututi ngandhapakên rêgi, ing manah namung daya-daya pajênga sampun ngantos katêndhagan têdha. Sarèhning pêpajênganipun mirah, anggèning garap sapurun-purun, ambujêng enggala angsal kathah, luwêsing wangun, alusing garapan tuwin landhêpipun pirantos botên pisan-pisan kamanah, ugêr dados wujud pirantos sampun cêkap. Tiyang ingkang tumbas inggih lăngka sagêd angyêktosi, dêdamêlan awon sae kaanggêp sami, manawi botên suka tumbas mirah, baranganipun badhar, wêkasan pandhe ingkang ngatos-atos lan sae garapanipun lajêng niru damêl barang kodhèn anut limrahing kathah. Adat makatên punika kalèntu sangêt, lêrêsipun kêdah rêbat unggul saening [sa ...]

--- 31 ---

[... ening] dêdamêlan kangge ngindhakakên rêgi, sami arêbat asor, dêdamêlan ingkang sampun sae dipun parsudi murih dados awon.

Kacariyos Kyai Wăngsawijaya gadhah anak jalêr kêkalih, ingkang sêpuh nama Wăngsasêntika sampun emah-emah, misah griya sarta pados panggêsangan piyambak saking mandhe, nyambutdamêl nunggil sabêsayèn[6] kalihan bapakipun. Ingkang ênèm anama Murjaka dèrèng emah-emah, têksih dados rayat tiyang sêpuh, sabên dintên ngrencangi bapakipun mandhe ing bêsalèn. Mênggah kasagêdanipun Murjaka botên kawon kalihan pandhe sanèsipun ing padunungan ngriku, malah kapara ngungkuli, sabab nalika lare kalêbêtakên sêkolah, dados manahipun lantip sugih reka, punapa ingkang kadamêl dadosipun sae sarta rikat. Bedanipun Wăngsasêntika, botên nate sinau ing pamulangan, sagêdipun namung niru saking bapa lan tăngga têpalih, mila inggih beda sangêt tandangipun ing damêl tiyang ingkang nate sêkolah kalihan botên punika.

Sarêng Murjaka sampun emah-emah, pindhah nama sêpuh Wăngsawirya, nuntên misah griya ngajêngakên margi agêng, panggêsanganipun ugi dados pandhe nyambutdamêl nunggil sabêsalèn kalihan bapakipun, sabab namung padamêlan punika ingkang dipun sagêdi sarta kulina wiwit alit. Sarèhne Wăngsawirya wau dèrèng kathah têtêpanganipun, sanajan anggènipun nyambutdamêl langkung tabêri, garapan sae saha landhêp, ewasamantên awis-awis sangêt tiyang [ti ...]

--- 32 ---

[... yang] ingkang purun tumbas pirantosing têtanèn ing piyambakipun, kala-kala dêdamêlanipun badhar ngantos anjalari kacingkrangan têdha, kêpêksa kêdah nyade mirah-mirahan kangge nambak kêkiranganipun. Têrkadhang katitipakên dhatêng Wăngsasêntika, supados enggala pajêng. Awit saking kirang laris, măngka pamêndhêtipun kauntungan namung sakêdhik, lami-lami arta pawitanipun mèh têlas katêdha, Wăngsawirya jalêr èstri sakalangkung sêdhih, ngraos botên ngantos lami malih badhe manggih sangsara agêng lantaran kêkirangan têdha, manawi ngandêlakên pitulungan saking tiyang sêpuh tuwin sanak-sadhèrèk, botên kadugi nandhang wirang, têmtu inganggêp tiyang papa botên dipun ajèni dening sasami.

Anuju satunggil dintên, Wăngsawirya botên lumêbêt nyambutdamêl, badanipun karaos lêsu botên gadhah kêkiyatan, jalaran saking kagêngên prihatos, wontên griya tilêman utawi lungguh lênguk-lênguk săngga uwang, ingkang dados pangangên-angên botên sanès amung kadospundi rekanipun anggèning pados pangupajiwa, murih angsalipun kauntungan cêkap kangge sandhang têdha salimrahipun tiyang gêsang, pintên banggi gadhah tirahan kangge jagi-jagi benjing manawi sampun sêpuh. Dangu-dangu piyambakipun manggih akal ingkang prayogi linampaham,[7] ing batos makatên: bab lakune golèk pangan saka dagang, tani lan liya-liyane aku ora bisa babarpisan, krana durung tau nglakoni, dene kabisanku mung dadi pandhe, yaiku kang wajib dak rungkêbi. Ananging sarèhne pagawean mau ana kene ora kasil, amarga kêntekan papan [pa ...]

--- 33 ---

[... pan] kalah karo pandhe kang lawas-lawas. Saka panêmuku ana rong prakara dalane golèk panguripan mêtu saka mandhe kang kêna dilakoni. Kapisan: kudu ngalih saka padunungan kene marang liya desa utawa nagara kang durung ana pandhe, mêsthi wong-wong sacêdhake kono padha tuku samubarang piranti băngsa wêsi marang aku, măngsa dadak kalakona yèn kabutuh nganggo piranti mau lunga adoh tuku piranti marang liya panggonan kongsi lêlakon sabêdhug utawa sadina. Ing kana masthi gêgaweanku laris, bisa olèh kauntungan timbang karo wêktuning kringêt ênggonku nyambutgawe. Dene kang kapindho: saupama aku nêja têtêp omah-omah ing desa kene kang wis akèh pandhene, kudu ngundhakake kawruh kongsi bisa ngungkuli sakèhing pandhe-pandhe mau, yaiku: garapan alus, wangune luwês, landhêp lan awèt kanggone. Kajaba saka iku, ambudi gawe piranti gagrag anyar kang bêcik sarta luwih migunani ing kene saiki durung ana. Lan manèh pêrlu bangêt ngêrti marang piranti gawean Sabrang, sanajan ora bisa gawe, nanging bisa andandani manawa rusak, kaya ta: mêsin andondomi, pêthi wêsi, bêdhil, dhokar, kreta lan sapêpadhane, cêkake: saolèh-alèh aja nganti ambalèkake sapakone wong kang akon gawe utawa andandani. Manawa aku duwe kapintêran mangkono, amasthi bêsalènku sabên dina ora nganggur lan sugih kasil.

Wanci dalu sadèrèngipun mapan tilêm, Wăngsawirya rêraosan kalihan ingkang èstri, nyariosakên sadaya pamanggih kados [ka ...]

--- 34 ---

[... dos] ing nginggil wau, lajêng pamit badhe kesah anjajah dhusun tuwin nagari, pados padunungan ingkang têksih lăngka pandhe sarta kinintên sakeca dipun dunungi, utawi nêja sinau ngindhakakên sêsêrêpan dhatêng pandhe ingkang langkung sagêd lan ningali dêdamêlan băngsa tosan ingkang sae, anèh saha migunani ingkang ing dhusunipun dèrèng wontên, benjing badhe dipun tiru manawi wangsul. Ingkang èstri dipun pamiti makatên punika manahipun langkung sêdhih, kèwêdan anggènipun badhe mangsuli, manawi kamanah-manah sêjatinipun ingkang jalêr wau lêrês, pantês dipun turuti, ananging sabab dèrèng nate kêkesahan têbih, piyambakipun kuwatos benjing kabêkta pindhah dhatêng măncanagari pisah kalihan tiyang sêpuh tuwin sanak-sadhèrèk. Saupami dipun gandhuli ngantos sande kesah, têmtu badhe kêlajêng-lajêng rêkaosipun pados têdha, toging manah namung sumarah sakajêngipun ingkang jalêr kêmawon.

Enjingipun lajêng atata-tata nyêpakakên pangangge ingkang badhe kabêkta kalihan pados sangu arta sawontên-wontênipun. Barang-barang salêbêting griya kinalêmpakakên, pirantosing pandhe kawadhahan ing pêthi dipun kunci. Ingkang èstri dipun atêrakên wangsul dhatêng tiyang sêpuhipun sarta winêling manawi wontên tiyang têtakèn, kasanjangana sawêg kesah têtuwi sadhèrèk têbih ing sanès nagari. Sapêngkêripun, barang-barang salêbêting griya tuwin pirantos pandhe dipun kèn bêkta wangsul, karawatana kalawan sae sampun ngantos wontên ingkang kacicir. Wăngsawirya lajêng pamit dhatêng bapa biyung, marasêpuh jalêr èstri lan kakangipun Wăngsasêntika. [Wăng ...]

--- 35 ---

[... sasêntika.] Wanci dalu ngajêngakên bangun enjing piyambakipun mangkat ambêkta buntêlan pangangge, ingkang èstri ngatêrakên dumugi margi agêng mripatipun tarocosan marêbês-mili, kathah-kathah ingkang rinaos awratipun tiyang gêsang pados têdha, ngantos dipun rencangi tilar griya pisah tiyang sêpuh, sanak-sadhèrèk lan katrêsnan. Ing batos amung nyênyuwun dhatêng ingkang Kuwaos, mugi-mugi pinaringana wilujêng sagêd pinanggih malih saha kasêmbadana sasêdyanipun.

Botên kacariyos lampahipun ing margi, Wăngsawirya sampun dumugi satunggiling nagari agêng, anjujug ing pêkên panggenan tiyang dhasar warni-warni pirantos băngsa tosan. Ing ngriku ningali kathah dêdamêlan sae-sae, anèh saha migunani ingkang dèrèng wontên ing padununganipun, sadaya dipun pèngêti nama lan kanggenipun, benjing badhe dipun tiru manawi sampun wangsul. Sarêng dumugi satunggilipun dhasaran radi misah têbih saking ngajêng wau, Wăngsawirya sumêrêp dagangan bêndho wangun saha garapanipun langkung sae, dhapur lêncêng aluwês, ing pucuk lancip majêng tiga, ing pinggir anggaligir, têngahipun lêgok, ngêpok rinêngga ukir-ukiran sêsêkaran angrêmit, cakêt garan kasêrat aksara tatahan mungêl: Cikêruh, ngandhapipun ăngka Walandi kangge pèngêt anêdahakên titimăngsa nalika damêl. Garanipun kadamêl saking kajêng, tosan, mamas, singat, gadhing, ugi dipun rêngga ukir-ukiran adi, ing wêkasan garan wau adhapur ngemba sirah naga, garudha, suku kapal saha sanès-sanèsipun. Satunggil-tunggiling [Satunggil-tung ...]

--- 36 ---

[... giling] bêndho wontên sarunganipun kajêng utawi wacucal kasêlut mamas langkung gilap.

Wăngsawirya takèn: Bêndho punika satunggil rêgi pintên, kang.

Ingkang dhasar mangsuli: Rêginipun undha-usuk, mawi-mawi agêng alit sarta saening garapan, ingkang asor piyambak rêgi kalih têngah rupiyah. Punika ingkang agêng lan sae, rêgi gangsal rupiyah. Manawi pojar akèn damêl ingkang langkung sae sarta landhêp, ngangge sêlut slaka garan gadhing, rêginipun ngantos dasanan rupiyah.

Wăngsawirya lêgêg mirêng wangsulan makatên, manahipun eram ningali saening bêndho dalah sarunganipun, ngalêm dhatêng kawêgiganipun pandhe ingkang andamêl, ing batos: saiki têtela sumurupku, sanyatane ora murah rêgane kapintêran, kaya bêndho sing rêga limang rupiyah kiye, gêdhene wêsi kang digawe ora luwih saka arit ing padununganku kang lumrah kaêdol payu sasuku, dadi undhaking rêga kongsi tikêl sapuluh iku ora liya mung ajine kapintêran. Mangkono uga rêgane lading gapit, suduk, kêris sapêpadhane, kabèh gêdhene wêsi ora piraa,[8] nanging rêgane larang bangêt, iku iya kapintêran kang kuwawa ngundhakake pangaji. Saupama ing desaku ana pandhe kabisane samono, aja sing mamrih warêg mangan, nyandhang wutuh oraa katutugan, ambok duwea karêp gawe omah gêdhong pisan, amasthi kasêmbadan karêpe.

--- 37 ---

Wăngsawirya takèn malih: Sêratan ing êpok bêndho mungêl: Cikêruh, punika têrangipun kadospundi.

Ingkang dhasar: Cikêruh makatên namaning dhusun padununganipun pandhe ingkang damêl bêndho punika, dene ăngka anêdahakên titimăngsa nalika damêl.

Wăngsawirya: Punapa pandhe Cikêruh wau namung damêl bêndho kemawon.

Ingkang dhasar: Botên, piyambakipun sagêd damêl rupi-rupi pirantos, botên mangsulakên sapakènipun tiyang, ugi sok andadosi samukawis pirantos băngsa tosan ingkang risak.

Wăngsawirya: Punapa pandhe wau asring kêkesahan têbih utawi mêdal ing pêkên piyambak nyade dêdamêlanipun.

Ingkang dhasar: Botên, piyambakipun awis-awis mêdal saking bêsalèn, wontên griya kemawon dêdamêlanipun sampun laris sangêt, kirang barang langkung ingkang tumbas, sabên dintên bakul sami kesah dhatêng pasok arta pêpajêngan kalihan mêndhêt malih barang dagangan. Namanipun kyai pandhe kalok ing pundi-pundi jalaran saking kasagêdanipun.

Wăngsawirya mirêng cariyosipun tiyang dhasar bêndho, manahipun kapidêrêng manawi katampèn badhe ngèngèr dhatêng kyai pandhe ing Cikêruh, sumêja sinau ngindhakakên kasagêdan prakawis mandhe. Sarêng sampun golong ing pamanggih, botên mandhêg tumolih, lajêng pangkat dhatêng Cikêruh madosi griyanipun pandhe. Pêndhak dintên laminipun ing margi, Wăngsawirya sampun dumugi ing griyanipun pandhe

--- 38 ---

Cikêruh, sarêng lumêbêt dhatêng ing bêsalèn manahipun eram ningali pirantos nyambutdamêl rupi-rupi, ngantos botên sumêrêp satunggil-tunggiling nama lan kanggenipun. Wontên tiyang sawatawis kathahipun angrencangi nyambutdamêl mandhe, wontên ingkang ngububi, anggêmblèng, ngikir nyêpuh saha sanès-sanèsipun. Wăngsawirya pinanggih kyai pandhe, jawab badhe bêrah nyambutdamêl ing sasagêd-sagêd, piyambakipun masajakakên, yèn sampun nate ngladosi pandhe, ananging têksih bodho balilu dèrèng gadhah kasagêdan punapa-punapa. Dene epahan botên mastani, narimah sapawèwèh, ugêr pikantuk têdha sadintênipun. Kyai pandhe purun anampèni, lajêng kacoba nyambutdamêl kados kancanipun, tumandanging damêl katingal cukat, garapan sae lan sugih reka, nuntên katêmtokakên sadintên angsal bêrahan satangsul pikantuk têdha ing lêbêt satuwukipun. Wăngsawirya langkung bingah ing manah, rumaos manggih kabêgjan agêng, sabab salêbêting sinau pikantuk têdha tuwin arta. Ingkang kangge minăngka tăndha suka panarimah, anggèning nyambutdamêl langkung tabêri lan ngatos-atos, supados sagêda kalunturan sih sarta katrêsnanipun ingkang dipun ngèngèri.

Salaminipun Wăngsawirya wontên ngriku, kanggêp sangêt pangèngèripun, sabên dintên nyambutdamêl angladosi kyai pandhe ing bêsalèn, maspaosakên anggènipun dêdamêlan ingkang sae-sae tuwin sinau andandosi pirantos rupi-rupi ingkang risak. Sabab saking tabêri talatos nênitèni, kathah

--- 39 ---

sangêt indhaking kasagêdanipun, sanajan dèrèng paja-paja sami kalihan kyai pandhe, nanging saupami katimbang kalihan sadaya pandhe ing dhusunipun, sampun kalêbêt onje[9] piyambak, benjing manawi wangsul, anêmtokakên dados pangeram-eram kancanipun sarta sagêd angsal kauntungan kathah.

Anuju satunggil dintên, Wăngsawirya pamit badhe mantuk, sabab sampun lami tilar griya lan semah, punapadene kangên dhatêng tiyang sêpuh tuwin sanak-sadhèrèk. Ugi suka panarimah dhatêng kyai pandhe, sarèhne salaminipun wontên ngriku dipun cêkap sandhang têdha tuwin arta saha winulang rupi-rupi dêdamêlan ingkang migunani kangge lantaran pados têdha, piyambakipun wicantên kathah-kathah nandhakakên agênging panarimah, rumaos botên sagêd malês dhatêng kasaenanipun. Kyai pandhe langkung asih, dipun pamiti manahipun malênggong sêmu awrat, kados badhe pisah kalihan sadhèrèk tunggil wêlat, nanging botên sagêd anggendholi, jalaran sumêrêp sami ugi gadhah kawajiban, wasana inggih jumurung sarta suka pasangok[10] arta sacêkapipun kangge ing margi kalihan ambêktani pirantosing nyambutdamêl rupi-rupi ingkang sarwi ringkês saha ènthèng kabêkta. Wăngsawirya atata-tata, sasampuning mirantos lajêng mangkat.

Kacariyos wangsulipun Wăngsawirya botên mêdal margi nalika kesahipun, sarêng dumugi satunggiling nagari piyambakipun kèndêl sawatis dintên, dolan-dolan dhatêng bêsalèn ningali pandhe tosan damêl tapêling tracak kapal, andandosi dhokar, kreta [kre ...]

--- 40 ---

[... ta] saha sanès-sanèsipun, sadaya dipun titi kangge imbêt-imbêt sêsêrêpan. Ing nuju dintên pêkênan, piyambakipun kesah pêkên anjujug panggenan mranggi, ing ngriku ningali dhuwung warni-warni dhapuripun sawêg dipun warangkani, dipun warangi tuwin kasade ing dhasaran. Dangu-dangu mirêng wontên tiyang gêginêman, nyariyosakên kawêgiganipun satunggiling êmpu ing nagari Kutharêja, sagêd damêl niru sawarnining dhapur dhuwung, cundrik, waos sapanunggilanipun damêlan êmpu punika, ugi sagêd andandosi sarupining tosan aji ingkang risak, kados ta: nyambêt paksi nyantuni gănja, nglaras dhuwung ingkang sampun gripis saha sanès-sanèsipun.

Wăngsawirya kèlu pirêng[11] ginêm rêraosanipun tiyang kados nginggil wau, lajêng kesah dhatêng nagari Kutharêja madosi griyanipun êmpu badhe pados indhaking sêsêrêpan sapikantukipun. Sarêng sampun pinanggih, piyambakipun api-api andandosakên dhuwung supados kalaras tuwin katêtêpakên ganjanipun. Êmpu inggih sagah, nanging nêdha inah sawatawis dintên panggarapipun, sabab ing wêktu punika kalêrês kathah sangêt padamêlan ingkang prêlu karampungakên tumuntên. Wăngsawirya ugi narimah dhuwungipun kagarap kantun sarta saguh ngêntosi, ing batos malah andadosakên kabingahan, prasasat angsal pawitan lami wontên ing ngriku kangge namatakên anggèning nyambutdamêl kyai êmpu. Piyambakipun sumêrêp wontên pintên-pintên dhuwung ingkang dipun dandonsi lan dêdamêlanipun piyambak, wontên ingkang sawêg kikiran, kasêpuh, dipun warangi, kasambêt paksinipun, kasantunan gănja saha sanès-sanèsipun, [sanè ...]

--- 41 ---

[... s-sanèsipun,] manahipun saya eram ngungkuli nalika wontên ing Cikêruh, inggih punika ningali pamoring dhuwung pêthak sumêblak arêsik, wontên ingkang ngulit sêmăngka,[12] wontên ingkang nyêrat[13] botên beda kalihan pamoring tosan aji damêlanipun para êmpu jaman kina.

Pikantuk sawatawis dintên laminipun, anggèning andandosakên dhuwung sampun rampung, Wăngsawirya pamit wangsul kalayan suka bingah ing manah, sabab kaindhakanipun kasagêdan wêwah kathah, sanajan dèrèng sagêd damêl dhuwung, dhokar lan kareta, ananging manawi namung andandosi kemawon sampun botên mangsulakên, sagêd amêwahi kathah margining pados panggêsangan. Wontên margi tansah mikir-mikir padamêlan ingkang badhe dipun lampahi kadospundi anggènipun matrapakên, supados kathah padamêlan sarta cêkap panggarapipun.

Sarêng dumugi ing griya, sakalangkung bingah saha muji suka sukur ing Pangeran, sagêd pinanggih ingkang èstri, tiyang sêpuh tuwin sanak-sadhèrèk sami wilujêng. Ngantos angsal pintên-pintên dintên botên lowong tiyang ingkang dhatêng atêtuwi, takèn-tinakèn ing kawilujêngan sarta ingkang pinanggih salaminipun kêkesahan. Wăngsawirya nyariyosakên lêlampahanipun saking kawitan dumugi wêkasan, punapa ingkang pinanggih ing purug gêmêt atapis kaandharakên [kaa ...]

--- 42 ---

[... ndharakên] botên wontên ingkang kalangkungan. Lajêng anêdahakên angsal-angsal angsal pirantosing nyambutdamêl saking Cikêruh tuwin bêndho, pangot, tapêling tracak kapal saha sanès-sanèsipun, lan malih nyariyosakên kathahing kauntungan saking andandosi rupi-rupi barang băngsa tosan damêlan tanah Sabrang ingkang sampun risak. Andandosi tosan aji, punika langkung kathah pamêdalipun tinimbang kalihan andamêl pirantos, kados ta: nêtêpakên gănja, padamêlan namung saêjam sagêd tampi epahan sarupiyah. Mêsin andondomi, garapan sadintên pikantuk arta tigang rupiyah têrkadhang langkung.

Tiyang ingkang mirêng eram ing manah, botên ngintên kesahipun Wăngsawirya nêja pados kasagêdan, sabab salaminipun sawêg sapisan punika tiyang ing dhusun ngriku wontên ingkang gadhah tekad makatên. Dene tiyang sêpuh lan kakangipun sami tumut bingah, gadhah pangajêng-ajêng sagêd nunut sinau dêdamêlan ngindhakakên kasagêdan. Pandhe sanèsipun wontên ingkang kados Wăngsasêntika, badhe bêrah nyambutdamêl ngiras sinau dêdamêlan, nanging wontên ugi pandhe ingkang manahipun sêdhih, sabab rumaos kawon kasagêdan, têmtu badhe pêjah margi panggêsanganipun. Wăngsawirya sumêrêp ing sêmu, lajêng cariyos maksudipun tumuju ing tiyang wau sampun ngantos kêlajêng sêdhih, kuwatos ing têmbe pêjah panggêsanganipun, inggih punika piyambakipun badhe dados pandhe saangsal-angsal botên andamêl sadaya pirantos ingkang kadamêl dening pandhe ing dhusun ngriku, kajawi manawi dipun angge piyambak. [piyamba ...]

--- 43 ---

[... k.] Ingkang mirêng sami suka bingah ing manah saha ngalêm dhatêng kasaenanipun Wăngsawirya, malah amujèkakên sagêd lulus sêjanipun.

Sarêng sampun ngaso sawatawis dintên, Wăngsawirya atata-tata, ngadêgakên bêsalèn ing latar cakêt margi agêng, nuntên wiwit nyambutdamêl mandhe, rumiyinipun andamêl rupi-rupi pirantos sarwi satunggil kangge pola, wangun lan garapanipun sae-sae saha anèh ing ngriku salaminipun dèrèng nate wontên pandhe andamêl. Sasampuning angsal kathah, lajêng kadhasarakên wontên ngajêng bêsalèn, tiyang langkung kesah dhatêng saking nagari sami kèndêl ningali, ingkang botên bêtah ngangge, kasêngsêm adining pirantos, manahipun kapengin gadhah, lajêng mojar nêdha kadamêlakên. Sampun gadhah satunggil kapengin tumbas malih sanès gagrag, saking saenipun dêdamêl wau, agêng sangêt dayanipun, anggêgèndèng manahipun ingkang badhe tumbas. Sarêng tiyang-tiyang sampun sami sumêrêp, sabên dintên tanpa towong ingkang dhatêng mêling nêdha kadamêlna kados pola, têrkadhang nyukani pola piyambak anut karêmênanipun, ngantos kirang wêktu kêkathahên pamêdalan, nuntên rêrêmbagan kalihan kakangipun Wăngsasêntika, supados anggêbyag dados satunggil, ngrencangi anggarap dêdamêlan ingkang gampil-gampil. Wăngsasêntika inggih purun, awit wêwah kauntungan kathah tinimbang ingkang sampun. Dene Kyai Wăngsawijaya sampun sêpuh, anakipun jalêr kalih pisan botên suka bapakipun nyambutdamêl, sadaya sami sagah nyukani têdha sabên dintên, sacêkapipun, manawi purun namung [na ...]

--- 44 ---

[... mung] dipun kèn nênggani dhasaran pola, nampi arta lan mabên rêgi saking tiyang ingkang mêling. Wiwit wêktu punika gêsangipun Wăngsawirya sampun kalêbêt sakeca, ingkang katêdha sadintênipun cêkap, malah sagêd nyèlèngi sakêdhik kangge jagi-jagi benjing manawi wontên prêlunipun.

Wăngsawirya dèrèng narimah gadhah pagêsangan samantên punika, sêdyaning manah badhe ngagêngakên padamêlanipun, pados indhaking kauntungan, misuwur namanipun, griya bêsalèn dipun êlar langkung agêng, ing lêbêt kaperang-perang panggenan anggarap padamêlan băngsa rowa, alit-alit, lan andamêl pirantos ingkang sae-sae. Wontên malih panggenan anggarap băngsa kajêng, masah, mêthèl, anggraji tuwin pirantos ambubut.

Anuju satunggil dintên, piyambakipun kesah dhatêng nagari ambêkta pola dêdamêlanipun nyatunggil, inggih punika: tapêling tracak kapal, pêdhang, suduk, arit, bêndho, sapanunggilanipun. Sadumuginipun nagari, manggihi tuwan toko ingkang sok sade tapêl tracak kapal anggèning kilak saking sanès nagari. Wăngsawirya nêdahakên damêlanipun tapêl sarta sagah damêl nyêkapi pintên kathahipun ingkang têmtu têlas kasade sapêkênipun, dene pangaos dêdamêl sami kalihan manawi kilak ing sanès nagari sarta sagah ngatêrakên dumugi toko, dados tuwan toko wêwah kauntungan sakathahing wragad kêkilakan. Sarêng pola tapêl dipun tingali langkung sae lan kêkah, manahipun tuwan toko rêmên, lajêng nêmtokakên pintên kodhi ing dalêm sapêkên anggènipun andugèni. [andugè ...]

--- 45 ---

[... ni.] Saking toko manggihi tiyang dhasa[14] arit, pangot sapanunggilanipun, katantun manawi purun nyadèkakên dêdamêlanipun kadosdene pola ingkang kabêkta, mawi janji badhe nyukani epahan sabageyan saking pêpajênganipun. Nuntên manggihi bakul dhuwung kalihan mranggi, sanjang piyambakipun sagah andandosi sarupining tosan aji ingkang sampun risak. Saking pêkên, kesah dhatêng panggenan sewan dhokar, kreta, grêji saha sanès-sanèsipun, cariyos manawi sagah andandosi sawarnining pirantos ingkang risak. Sarêng sampun waradin, Wăngsawirya mantuk, dumugi ing griya rêrêmbagan kalihan kakangipun Wăngsasêntika, suka sumêrêp yèn padamêlan badhe wêwah kathah, botên kacêkap dipun garap piyambak, kêdah pados pandhe ingkang purun ngrencangi nyambutdamêl mawi balănja pêndhak pêkênan utawi wulanan kalayan pantês manut kasagêdanipun. Wăngsasêntika sanajan sadhèrèk prênah sêpuh rumaos kawon sagêd, manut kemawon dhatêng pratikêling adhinipun, lajêng kesah manggihi pandhe tăngga-tangganipun, katantun ngrencangi nyambutdamêl badhe kablănja ngungkuli kasil manawi ngadêg dados pandhe piyambak. Ingkang katantun ngantos gangsal utawi nênêm sami purun, andadosakên bingahipun Wăngsawirya, angraos badhe kadumugèn sêdyanipun.

Enjingipun Wăngsawirya mranata satunggil-tunggiling pandhe katêmtokakên garapanipun, ingkang dèrèng sagêd dipun wulang, manawi lêpat kalêrêsakên. Wiwit tumapaking damêl jam pitu enjing ngantos jam gangsal sontên, wanci siyang kèndêl kalih têngah jam. Wiwit [Wiwi ...]

--- 46 ---

[... t] punika bêsalènipun langkung agêng saha rame swaranipun tiyang nyambutdamêl, wontên ingkang damêl pirantosing têtanèn, undhagi, dêdamêl tapêl tracak kapal, andandosi mêsin dhokar, kreta, dhuwung saha sanès-sanèsipun. Padamêlan ingkang rêkaos kagarap Wăngsawirya piyambak, wontên ingkang ngangge rêrênggan sêsêkaran tuwin kasêrat nama lan titimăngsa pandamêlipun. Sabên dintên kathah tiyang sami kesah dhatêng tumbas utawi andandosakên. Sakathahing pojaran dipun ladosi sapanêdhanipun, dhatênging arta tanpa kèndêl kados toya mili.

Sawêg sawatawis taun, Wăngsawirya ngadêgakên bêsalèn piyambak, sampun dados tiyang cêkap, sagêd damêl griya gêdhong agêng saha sae pêpak saisinipun, gadhah rajakaya, nyanthèlakên pangangge băngsa pêpêlikan ingkang pangaos sarta sagêd nyèlèngi arta. Kakangipun Wăngsasêntika botên nama sugih, nanging inggih botên kêkirangan sandhang têdha, griyanipun agêng saha kêkah. Dene tiyang sêpuhipun Kyai Wăngsawijaya jalêr èstri damêlipun namung ngrencangi momong putu kalihan ngopèni barang kumlêndhang, sandhang têdha botên kirang, malah asring katantun-tantun kados lare alit, bokmanawi gadhah pêpenginan, anakipun sami sagah angawontêni. Tiyang sêpuhipun sangêt muji sukur dhatêng Gusti Ingkang Maha Agung, rèhning gêsang pinanggih sêpuh saya mukti saha sênêng, gadhah anak jalêr kêkalih sami cêkap-cêkap, gumatos lan ngajèni dhatêng tiyang sêpuh.

Pandhe ingkang andamêli pirantos gagrag lami lêstantun sami malarat, [malara ...]

--- 47 ---

[... t,] sabab dêdamêlanipun mirah, kirang laris. Dados kauntunganipun namung sakêdhik, măngka saya lami waragading gêsang mindhak-mindhak, jalaran sadaya kabêtahan rêginipun sadaya awis, rêrêngganing gêgriya wêwah kathah. Wontên satunggil kalih ingkang rêraosan makatên: Lantarane Wăngsawirya dadi wong mulya mangkono iku, ora liya mung saka katabêrèn lan marsudi kapintêran. Aku gêtun bangêt, biyèn dhèk isih ênom ora duwe karêp ngupaya kawruh kaya dhèwèke, saiki kêduwungku kêtêmu tuwa, wis ora bisa uwal saka kunjara kacingkrangan. Ewasamono aku nrima, barang wis kêbanjur prêlu apa dak gêtuni, mung panyuwunku marang Kang Kuwasa, ora tiba awak, tibaa anak, turunku dipadha marsudi kapintêran, sabab wis têtela ajine akèh tanpa timbang, kuwawa anjunjung marang kamulyan.

--- 48 ---

Isinipun sêrat punika.

... Kaca

1. Tinimbang asor aluwung angluhurakên badanipun ... 3

2. Cariyosipun tiyang ngantêpi satunggiling sêdya ... 6

3. Cariyos anglampahi padamêlan ingkang dipun sagêdi sarta dipun rêmêni ... 15

4. Pangaosipun kasagêdan ... 29

[...]

--- [0] ---

Serie uitgaven door bemiddelling van de Commissie voor de Volkslectuur No.292.

SERAT PIWOELANG

ANGGITANIPOEN M. PRAWIRASOEDIRDJA, MANTRI GOEROE ING GAROENG, WANASABA

1917

INDONESISCHE DRUKKERIJ, WELTEVREDEN.

 


dariji. (kembali)
Ditabêri. (kembali)
mêntas. (kembali)
karang. (kembali)
dening anak. (kembali)
sabêsalèn. (kembali)
linampahan. (kembali)
sapiraa. (kembali)
onjo. (kembali)
10 pasangon. (kembali)
11 mirêng. (kembali)
12 § Pamor ngulit sêmăngka, manawi dipun grayang alus. (kembali)
13 § Pamor nyêrat, manawi dipun grayang kasap, galêripun kados sêrating sêpêt. (kembali)
14 dhasar. (kembali)