Kumpulan Sêrat, Anonim, c. 1920, #329

Judul

1.

Wijining Bayi

2.

Sêrat Widyapranawa

1

3.

Sêrat Wedhasatmaka

43, 94

4.

Sastra Harjendra tuwin Sastra Cêtha

95, 123

5.

Sasmita, rasa, swara

124, 126

6.

Pandamprana

127, 148

7.

Widyasanggama

149, 161

8.

Jiljalaha

162, 180

9.

Suluk Darmabrata

185, 202

10.

Tambangprana

203, 233

--- [0] ---

[Wijining Bayi][1]

Ngèlmu Ngadat

Punika panitikipun rare ingkang badhe dados wiji, wiji ratu, wiji tani, wiji guru, wiji limrah kaetang sangking naptu, mênggah kawontênanipun naptu kados punika.

Siyang, nêptunipun 9

Dalu, nêptunipun 10

Bayi, nêptunipun 16

Dintên, nêptunipun 7

Pêkênan, nêptunipun 5

Dene pangetangipun kacundhukakên kalihan tanggalipun, naptuning wanci, nêptuning bayi, nêptuning dintên, nêptuning pêkênan,

--- ... ---

sadaya wau kagunggung, lajêng kabucal nyanga, bilih kantun 1, 7, 9 punika wiji ratu, dunungipun wetan, bilih kantun 2, 5, punika wiji tani, dunungipun kidul, bilih kantun 3, 6, punika wiji guru, dunungipun kilèn, bilih kantun 4 punika wiji limrah, dunungipun lèr, upamènipun makatên, kados ta rare lair ing wanci siyang, dintên Rêbo Lêgi, tanggal ping: 12.

Bayi = 16

Siyang = 9

Rêbo = 7

Lêgi = 5

--- [0] ---

tanggal ping = 12

Gunggung 49 - (9x5) = 4 dhawah limrah, makatên sapiturutipun.

--- 1 ---

Punika Sêrat Widyapranawa

Manungsa punika kêdah botên kêsupèn kawontênaning wujud ingkang tumrap saranduning badan, awit saking kaanan tuwin kawasaning Allah, satunggal-tunggaling watêk saha pandamêl punika sadaya têtela ing kawontênaning Allah, ingkang mirah ing donya, asih ing akerat, inggih punika Gusti, dene sakathahing watêk saha pandamêl ingkang utami tuwin ingkang andadosakên satunggal-tunggaling [satunggal-tung ...]

--- 2 ---

[... galing] maujud punika inggih botên liya saking kawasanipun Gusti Allah piyambak, mênggah kaananing manungsa punika kenging dipun upamèkakên kados paesan ingkang mawa cahya. Manawi dipun waspaosakên kaananing manungsa punika saèstu lajêng kasumêrêpan têrang yèn Gusti Allah piyambak Kang Maha Agung.

Manawi kagagas dumadining manungsa kalihan watêk, sarta tandang solah-bawaning sabab ingkang pintên-pintên prakawis, punika lajêng rumaos sampun layak kemawon [ke ...]

--- 3 ---

[... mawon] manungsa botên sagêd anggayuh ing bab kadadosan ing damêl ngalam sahir, saha ing dalêm ngalam kabir, ingkang sakalangkung-langkung angeram-eramakên.

Gusti Allah anitahakên saliring dumadi wontên salumahing bumi sakalangkung kathah tur sanès-sanès jinis, satunggal-tunggalingpun[2] ingkang tinakdir botên tilar sababipun piyambak-piyambak, tuwin kalayan sampurna, saha ing alam dunya sampun cinawisan samukawis, ingkang nyêkapi langkung saking kabêtahanipun, [ka ...]

--- 4 ---

[... bêtahanipun,] saliring titah, ing wusana andadosakên kabêgjan saha kabingahan tanpa kintên-kintên, malah saking kabingahanipun Allah angganjar samukawis ingkang purug kalayan sababipun piyambak-piyambak, karêksa tuwin kacawisan sakathahing watêk, ampun ngantos kalindhih dening sakathahing daya ingkang botên mikantuki, bilih wontên sababipun sakêdhik kemawon sampun saèstu wontên tabêtipun.

Mênggah ingkang winastan gêsang punika, salugunipun [salu ...]

--- 5 ---

[... gunipun] gadhah watêk ebah utawi polah, sarta tarik-tinarik kalayan dayanipun piyambak-piyambak, ingkang salaminipun sagêd adamêl ewah sawatawis utawi botên, mila kawontênanipun maujud wau kenging kaperang dados pangkat tiga, inggih punika: 1. manungsa, 2. khewan, 3. têtuwuhan, tiga pisan sami dipun cawisi panggêsangan piyambak-piyambak, dene panggêsangan sarta pirantosipun sami kathah èmpêripun ugi. Gèsèhipun amung sawatawis, nanging [na ...]

--- 6 ---

[... nging] mênggah têtuwuhan gêsangipun tanpa paningal, tuwin tanpa pangraos, pamirêng, panggônda, wangsul khewan gêsangipun mawi paningal, pangraos, pamirêng, panggônda, manungsa ugi makatên, ananging manungsa punika mawi kapanjingan budi ingkang sakalangkung utami, jalaran saking awiging saranduning badanipun, mila manungsa langkung ênggêl tinimbang khewan, amargi manungsa sagêd amratelakakên pamanggihipun sarana wicantên, wangsul khewan sanadyan sagêd [sa ...]

--- 7 ---

[... gêd] anyuwara, ananging botên wicantên. Manungsa punika sagêd nandukakên panggraita, sumêrêp awon utawi sae, malah saking dumuluring akalipun ngantos sagêd amêndhêt pigunanipun sarta paedahipun sakathahing khewan tuwin têtuwuhan, sima punika ngatasipun wujud sêdhêng mênggah kêkiyatanipun kalêbêt onjo piyambak, ewadene manungsa sagêd damêl bêkungkung pirantos angala sima. Gajah punika sami-samining buron dharat agêng [a ...]

--- 8 ---

[... gêng] piyambak, ananging manungsa sagêd nututakên, ngantos kenging kapêndhêt damêlipun kangge amulasara pasitèn, suwawi kagaliha sakathahing kapal lêmbu tuwin têtuwuhan ingkang sampun kapêndhêt piguna tuwin paedahipun dening manungsa.

Awit saking budining manungsa punika sagêd angindhakakên sasêrêpan saha kasagêdan, wangsul khewan punika botên, manungsa botên mêsthi têtêp manggèn wontên satunggaling panggenan kemawon, [ke ...]

--- 9 ---

[... mawon,] ananging asring tuwuh ing pambudinipun, kaconggah aliyan dhatêng sanèsing jagad, sagêd pados pangabêraning bêntèr ingkang kalangkung sumêlèt, sarta angabêrakên asrêp ingkang sakalangkung atis, sagêd anglêlèntèh manggèn satunggiling tanah ingkang dèrèng dipun kulinani, lami-lami saranduning badanipun sagêd wanuh kalihan watêking hawa ing liya tanah wau. Sarèhning wujud kawontênaning manungsa amôncawarni, dados kenging kaperang malih, satunggal-tunggaling perangan winastan bôngsa, [bông ...]

--- 10 ---

[... sa,] satunggal-tunggaling bôngsa botên sami mênggahing pawakan dhapur praeanipun tuwin kulitan miwah watêkipun, ananging kêdah kabêkta saking asli tanah wutah rahipun piyambak-piyambak. Amung mênggahing dêdêg ingkang limrah punika: 5 1/2, kaki tiyang Patagoning ing Amerikah sisih kidul inggiling dêdêgipun langkung saking 6 kaki, wangsul tiyang ing Amerikah sisih lèr, kados ta: tiyang Lastandha, 2. Samoyèn, 3. ?nkemo, [?nke ...]

--- 11 ---

[... mo,] .4. Grunlantha inggiling dêdêgipun kirang saking 5 kaki, dene kêkulitanipun bôngsa wau inggih botên sawarni kemawon, têtiyang Eropah kêkulitanipun pêthak, tiyang Aprikah cêmêng. Tiyang Cina jêne, tiyang Amerikah abrit nêmbagi, tiyang Malayu tuwin tiyang Jawi abrit sulak cêmêng.

Mênggah awit saking môncawarnining kêkulitan wau, têtela wontên paperanganipun malih, minôngka pitêdah jinisipun piyambak-piyambak. 1. Bôngsa

--- 12 ---

Okasing. 2. Bôngsa Monggoli, 3. Bôngsa Egipti, 4. Bôngsa Amerikah, 5. Bôngsa Malayu tuwin Jawi. Dene para bôngsa ingkang dados wiwitanipun inggih bôngsa Kaokasi wau, ananging sarêng wontên sawênèhing tiyang ingkang alihan dhumatêng sanèsing jagad, pawakan dhapur praianipun tuwin kêkulitanipun lami-lami lajêng santun, manut watêking tanah ingkang dipun ênggèni piyambak-piyambak, kados ingkang kasêbut ing ngajêng wau.

--- 13 ---

Manawi manungsa purun anggagas, anitik kawontênaning maujud wau, sampun saèstu lajêng sumêrêp yèn gêsanging manungsa punika wontên paperanganipun kalih prakawis. Jiwa kalihan raga, raga punika kawastanan satunggaling perangan, ingkang wujud kasar saha kenging kasat maripat, dene sagêd molah sarta sagêd nandukakên padamêl wontên ing ngalam dunya. Dene jiwa punika kawastanan satunggaling perangan alus kalangkung samar sangêt, saking sangêting alusipun ngantos kenging dipun paibên [pai ...]

--- 14 ---

[... bên] yèn taksiha nama maujud, nanging pratandhanipun manawi wontên amargi manungsa gadhah budi, pangraos tuwin èngêtan ingkang langkung lêrês, pundi ingkang dipun kajêngakên, têtela utami sasamining tumitah.

Mênggah pamoring jiwa kalihan raga lêrêsipun tanpa lawanan, ngantos botên wontên têmbungipun ingkang kadamêl upami namung ingkang dados pratandhanipun yêkti inggih punika saking kawontênanipun tiyang ingkang botên ngakal, prasasat khewan lugu, botên rumaos gadhah kakiyatan [kakiyata ...]

--- 15 ---

[... n] kadospundi pigunanipun tiyang amêndêng budi supados mitulungi agêng dhatêng gêsangipun, wondene bilih jiwa tanpa raga inggih kadospundi sagêdipun mitontonakên kawontênaning pandamêlan wontên ing ngalam dunya, amargi tanpa pirantos ingkang anyêmbadani, mila ing ngalam dunya punika salêrêsipun panggenaning titah ingkang dumadi kalayan jêjangkêpan, inggih punika jiwa kalihan raga.

Sarèhning kapidêrêng amratelakakên tandangipun manungsa, ingkang gumantung saking

--- 16 ---

watêking jasad tuwin roh, mila lajêng angwontênakên katêrangan malih.

1. bab raga, 2. bab babaring pandamêlan, 3. bab budi.

Tosan balung salêbêting badaning manungsa kajawi untu kathahipun kadosdene ingkang kasêbut Sêrat Darmasonya, utawi Widyakarana.

Sadaya pucuking tosan ingkang ing pundi panggenan sambêtanipun athik-athikan sami awujud tosan nèm, ingkang linêkêtan kulit alus [a ...]

--- 17 ---

[... lus] anglisah, andadosakên sagêd amêlês sadaya pucuking tosan athik-athikan wau, parlunipun supados mêmês sarta lunyu, kangge angobahakên saranduning badan, punapadene sadaya tosan punika sami kumulit pêthak mulus, salêbêting tosan isi sungsum.

Daging sajawining tosan punika dumados saking otot agêng ingkang sambêt sinambêt, warnanipun abrit, utawi jambon.

--- 18 ---

Pucukipun sadaya otot têpang kalihan tosan sarana otot pêthak, dene otot agêng punika pirantos angebahakên saranduning badan, kajawi punika badan sakojur wontên otot sanèsipun malih, ingkang winastan sarap utawi otot alus sangêt, ingkang wiwitanipun saking utêk utawi sungsum, tuwin saking gajihing tosan ula-ula inggih awit saking sarap utawi tosan [to ...]

--- 19 ---

[... san] alus sangêt wau, adamêl sagêdipun tiyang gadhah pangraos.

Utêk punika panggenaning budi, akal tuwin pikiran, manawi tiyang gadhah pikajêngan punapa-punapa, sarap tumuntên angebahakên otot agêng, adamêl sagêdipun tiyang tumandang samukawis ingkang kasêdyakakên, makatên ugi manawi wontên satunggaling peranganing badan karaos kenging punapa-punapa, raos punika lajêng mêdal ing sarap lajêng dumugi ing utêk, wusana

--- 20 ---

manjing ing manah, adamêl sagêdipun tiyang gadhah pangraos, kalih dene wontên sarap utawi otot alus sanèsipun malih ingkang dados guru anindakakên sakathahing jêroan, kalayan tanpa pakèn, sarta botên kasumêrêpan sakathahing otot wau.

Badan punika mawi kalimputan dening kulit tipis-tipis tiga, ingkang wontên ing jawi piyambak warnanipun pêthak, ingkang têngah kuning, ing ngandhap piyambak kados [ka ...]

--- 21 ---

[... dos] têmbagi utawi jambon, ingkang katranganipun badhe kasêbut ing wingking.

Sabên dintên tiyang punika angêdalakên karingêt, utawi sanèsipun kados ta: umbêl, riyak, idu, balobok, curak, kalalar sapanunggilanipun, manawi karingêt saking saraping badan panggenan tancêbing wulu, bilih tiyang botên nêdha utawi ngunjuk, ingkang badhe kadamêl ngêjogi kringêt tuwin sanèsipun botên wontên, mêsthi lajêng karaos angintir-intir padharanipun, [padhara ...]

--- 22 ---

[... nipun,] sarta saranduning badan cape bêntèr, amargi sadaya usus tuwin otot sarap sapanunggilanipun sami ngalinthing, ngalinthingipun wau lajêng gadhah raos sakit, saha gumringging, dangu-dangu gumêtêr, trakadhang lajêng dhêrodhog, mila kajawi botên dipun êjogi gumêtêr wau katawis saking gêmpaling manah, amargi badan bèntên raosipun, dene pirantos angrêmêt têtêdhan punika ingkang rumiyin saking cangkêm, lajêng

--- 23 ---

manjing gorokan dumugi wadhuk, lajêng kapitulungan isi padharan tuwin ati ngantos têtêdhan wau rêmêt babarpisan, cangkêm punika kêtutupan lambe pipi sarta cêthak, lidhah ingkang wontên salêbêting cangkêm mawi sarap pirantos amiraos. Awit saking punika tiyang gadhah raos punapa ingkang mêntas katêdha saha ingkang mêntas kaunjuk, kados ta lêgi utawi pait, sapanunggilanipun. Wondene waja untu punika tumancêp wontên ing gusi.

--- 24 ---

manawi taksih rare 20 iji, manawi sampun diwayah 32 iji, punika kaperang tiga, ingkang 8 iji, kawastanan untu ngajêng, ingkang 4 iji kawastanan siyung, ingkang 20 iji kawastanan êbam.

Manungsa tamtu sampun sumêrêp pigunanipun tiyang anêdha, nanging kadospundi anggènipun sumêrêp nalaripun, mênggah katranganipun kados ing ngandhap punika:

Parlunipun tiyang nêdha punika kaperang [kape ...]

--- 25 ---

[... rang] dados kalih, sapisan pigunanipun angiyatakên, ingkang kaping kalih angindhakakên agênging badan, kêlangkungan sagêd amupukakên sarira, tuwin minôngka jog utawi lintu sakathahing jasad ingkang sabên dintên tansah kaoncatan jasad, ingkang sampun botên kangge salêbêting badanipun, langkung malih manawi mêntas kangge anyambut damêl, wêdalipun jasad langkung kathah, mila manawi botên tumuntên kaêjogan dhahar ngunjuk punapa malih siram,

--- 26 ---

tamtu sarira lajêng karaos lêsah, amargi sawantawis satipun, bilih wontên sawênèhing manungsa awis-awis siram, punapa malih asring cêgah dhahar sare, tamtu salira katingal kirang kiyat, awisipun siram sarira katingal kêring garing, dados dhatêng sawangan kirang gamoh, amargi kulit botên sagêd katingal mêdhok, satêmah kirang têlês, awit kulit wau botên nate kakosok ingkang sarêng panggrujugipun [pang ...]

--- 27 ---

[... grujugipun] toya mancur, môngka kulit punika ugi rênggang, dadosakên kalêbêtan toya.

Sanadyan wiwit lair dumuginipun ing pêjah badaning manungsa punika amung cumpèn, nanging sampun têtela sabên-sabên badaning manungsa punika santun enggal, amargi sakathahing maujud ingkang wontên salêbêting badan, botên pêgat asantun jasad enggal, ingkang awit saking tatêdhan, malah ingkang sampun kacariyos sampun [sa ...]

--- 28 ---

[... mpun] wontên sawênèhing sujana ingkang ahli budi sagêd angyêktosakên ing dalêm pitung taun, utawi pêndhak pitung taun badaning manungsa mêsthi santun enggal, anyar.

Mênggah jasating badan ingkang oncat ing dalêm sadintênipun punika kathah sangêt nanging satunggal-tunggaling parincèn botên tamtu kathah-kêdhikipun, kados ta ingkang wujud cuwèr, rahsa, sasamènipun, punika kathah ingkang murca tinimbang jasad ingkang atos, kados ta: balung sasamènipun,

--- 29 ---

mila tiyang sakit ingkang botên doyan nêdha, punika badanipun lajêng kêra, amargi sakathahing jasading badanipun ing sadintên-dintên botên angsal pikantuk lintu. Inggih saking punika dados parlu sangêt tiyang anênêdha, kajawi angèstokakên piwulanging bapa biyang mangrêtosing piwulang lajêng katamaning tuman dados kêptagihan,[3] mila prayogi ingkang kêrêp nênêdha supados sagêd bagas saha lêma.

Tatêdhan punika wontênipun pangrêmêkan lajêng santun corak, ingkang saperangan dados rah enggal waradin dhatêng saranduning badan, [ba ...]

--- 30 ---

[... dan,] dados lintunipun jasad ingkang sami murca, ngiras sagêd adamêl rêsiking badan, inggih punika angalap jasad ingkang sampun botên migunani dhumatêng badan.

Têtêdhan punika wiwitipun kamamah wontên ing tutuk, wontên ing ngriku lajêng kawoworan idu, ingkang mêdal saking kalanjêr nêm iji, ingkang ugi wontên salêbêting tutuk, dene manggèning kalanjêr punika ingkang kalih manggèn poking lidhah ingkang satunggal wontên pipi têngên,

--- 31 ---

ingkang satunggal pipi kiwa, sami kaprênah sangandhaping pok talingan.

Mila tatêdhan salêbêting kamamah tamtu kamoran idu, parlunipun supados enggal ajur, sarta gampil pangêlêdipun, wah malih sagêd angindhakakên raos, mila manawi anggènipun nêdha kêrikatên sarta kirang lêmbat pamamahipun anjalari kirang sakeca dhatêng badan, amargi kirang kathah woworanipun, idu ingkang sagêd migunani wau, mila sanadyan manungsa

--- 32 ---

punika botên kêkirangan idu ananging inggih botên prayogi bilih kêrêp idu, amargi ingkang maujud kathah pigunanipun dhatêng têtêdhan idu wau, wondene tiyang ingkang kêrêp idu ugi kenging katitik bilih badan utawi padharanipun kirang sakeca utawi rêgêd.

Mênggah pangêlêdipun têtêdhan punika mêdal ing gurung, wontên salêbêting gulu lajêng manggèn ing wadhuk, dene panggenaning gurung wontên sawingkingipun [sa ...]

--- 33 ---

[... wingkingipun] brumbungan margi ambêkan, ingkang kenging dipun grayang, têrus dumugi kêndhangan ingkang wontên saantawising dhadha, kalihan padharan ngantos dumugi ing wadhuk.

Wadhuk punika wontên lomponganipun kalih, ingkang satunggal kaprênah wontên nginggil sumambêt ing gurung winastan tutuking wadhuk, inggih punika margining têtêdhan ingkang sampun lêmbat, salajêngipun manjing salêbêting usus, wondene kapisan singgêtaning wadhuk ingkang lêbêt, punika wontên kalanjêripun [kalanjêri ...]

--- 34 ---

[... pun] pintên-pintên ingkang ngwontênakên toya kêcut, toya kêcut punika lajêng awor têtêdhan, salêbêting padharan, wontên ing ngriku têtêdhan lajêng santun warni klawu.

Wadhuk punika botên pêgat amebah damêl lêmbating têtêdhan, sampun kados lampahing cacing pating panjêlut, nanging botên ewah saking panggenan, wondene tiyang kêmlakarên[4] punika ing wadhuk kêbak isi têtêdhan, asring lajêng karaos sêbah, saha ambêkan mênggah-mênggèh, awit saking kêbakipun dados [da ...]

--- 35 ---

[... dos] wadhuk botên sagêd ebah, saha kêndhangan saantawising dhadha kalihan padharan botên sagêd mêdhun, ing dhadha botên sagêd lêga.

Têtêdhan punika wontên salêbêting wadhuk sakawan jam dangunipun, sasampunipun makatên lajêng tumurun dhatêng usus panjang, wontên ing riku sampun botên kenging dipun wastani têtêdhan, amargi rupènipun sampun ewah sangêt, sapunika prayogi dipun wastani maujud [ma ...]

--- 36 ---

[... ujud] kemawon, wondene usus tiyang ingkang sampun diwasa wau ingkang limrah panjangipun 8 mètêr, usus samantên punika tata sae wontên ing padharan, botên wontên salah satunggal ingkang worsuh, utawi kêlindhih dening sanèsipun, awit saupami botên makatên masthi damêl rêndhêt utawi makèwêt lampahing tatêdhan, dene usus ingkang wontên ing nginggil piyambak panjangipun 12 nyari, tumuntên kasambêtan usus [u ...]

--- 37 ---

[... sus] nèm, lajêng usus sêpuh, ing ngandhap piyambak lajêng jubur, prênah sambêtan usus sêpuh kalihan usus nèm punika wontên ususipun malih sawarni kanthong winastan usus pêjah.

Sasampunipun maujud wau mêdal saking wadhuk, punika lajêng malêbêt dhatêng usus 12 nyari wau, wontên ing riku kaworan bangsaning toya kalih warni, wasana maujud wau santun corak, warnanipun kados pêrêsan, ananging dede bangsaning toya [to ...]

--- 38 ---

[... ya] wau, ingkang satunggal wiwitanipun mêdal saking kêlanjêr, ingkang tumèmpèl wontên sawingkinging wadhuk, winastan pangkreas, warnanipun mèmpêr idu, satunggalipun winastan rêmpêlu, wiwitanipun mêdal saking ngunjuk, ingkang tumèmplèk ing ati, warnanipun ijêm raosipun pait sangêt, rêmpêlu punika upamènipun brumbungan, saupami kapêpêtan botên sagêd umili dhatêng usus 12 nyari, ingkang badhe dados campuraning maujud [mauju ...]

--- 39 ---

[... d] saking têtêdhan wau, saèstunipun tiyang bêbucal rêkaos sangêt.

Sarèhning usus punika mêlar-mingkus, lampahipun gêntos sambêt-sinambêt, botên wontên kêndhatipun, mila maujud ingkang wontên ing ngriku sagêd lêstari lampahipun, wondene usus ingkang lêbêt wontên ototipun kalangkung lêmbat pintên-pintên, saking lêmbatipun ngantos kenging kaupamèkakên wulu ulêr, pirantos kadamêl angingsêp jasad, ingkang [ing ...]

--- 40 ---

[... kang] mikantuki dhatêng badan, sarta maujud ingkang ing riku botên sagêd kèndêl lampahipun, lajêng anjog dhumatêng usus sêpuh, nanging sarêng wontên ing riku kantun ampas kemawon, wêkasan anjog dhumatêng ing jubur, lajêng mêdal ingkang nama wawratan punika.

Ing sapunika kêdah anyariyosakên bab lampahing êrah.

Manungsa punika tamtu botên marêm anêdha panganan rêmitan, inggih doyan panganan ingkang têlês utawi ingkang mawi

--- 41 ---

duduh, langkung malih mawi angunjuk wedang tuwin toya, punika anelakakên manawi tatêdhan ingkang katêdha sabên dintên langkung kathah toyanipun tinimbang ingkang garing, milanipun badan manungsa wawrat 77 kg punika ingkang jasad garing namung wawrat 19 kg ingkang 59 kg punika jasad cuwèr, dados jasad ingkang dipun ingsêp ing otot lêmbat salêbêting usus nèm punika mêsthi kawoworan toya langkung kathah nanging toya wau tujonipun kapisah dening ginjêl sangking jasad-jasad ingkang migunani dhumatêng badan.

--- 42 ---

Otot-otot juru pangingsêp, ingkang dumunung wontên warananing usus nèm sansaya panjang sansaya kêmpal, sarêng dumugi pucuk kêmpal dados satunggal dados otot agêng, otot punika anrajang ginjêl.

Sakathahing jasad ingkang kaingsêt dening otot juru angingsêt sadaya mili angambah ginjêl, awradin dhumatêng saranduning badan, wuwuhipun manjing salêbêting êpang otot jawi ingkang lêmbat, lajêng tumurun dhatêng salêbêting jantung, sangking ngriku rah mili dhumatêng pêparu kiwa [ki ...]

--- 43 ---

[... wa] têngên.

Ginjêl punika sagêd mêlar mingkup, mila nalika ginjêl kêbak isi toya lajêng mingkup, toya ingkang wontên ing ngriku kapêksa mêdal dhumatêng impês, sangking ing ngriku mêdal malih inggih punika sababipun lajêng sagêd nguyuh, mila manawi kathah anggènipun ngunjuk lajêng kêrêp toyan, utawi asring sugih karingêt.

Jantung punika wujud daging kakên, wangun sarta warninipun kados tuntut pisang, nanging ing lêbêt kothong, ingkang lumrah agêngipun sagêgêm, [sa ...]

--- 44 ---

[... gêgêm,] lomponganipun wontên singgêtanipun kêkalih, kapêrnah perangan kiwa têngên, satunggal-tunggaling perangan wontên perangan malih, warni kalih panggenan, satunggal perangan ing nginggil dipun wastani paningrat, ingkang perangan ing ngandhap dipun wastani sênthongan.

Perangan kiwa (paningrat saha sênthongan kiwa) punika isi êrah rêsik warninipun jambon, perangan têngên (paningrat saha sênthongan têngên) punika isi êrah rêgêd, warninipun wungu, dene sababipun êrah warni abrit jalaran turut bumbungan ingkang

--- 45 ---

isi maujud wau, dados amurugakên abrit.

Wontên satunggiling brumbungan ingkang mêdal sangking sênthongan kiwa, ingkang lajêng gadhah pang sakawan, irêng ingkang satunggal dhatêng tangan kiwa, ingkang satunggal dhatêng sirah kiwa, ingkang satunggal dhatêng sirah têngên, ingkang satunggal dhatêng tangan têngên, dene brumbungan ingkang miyambaki punika dhumatêng perangan badan sapangandhap, inggih brumbungan punika ingkang kasêbut otot nadi, utawi orta, sadaya bumbungan êrah kasêbut bayu utawi

--- 46 ---

otot.

Sangking sênthongan têngên wontên ototipun pêparu otot punika salajêngipun gadhah pang kêkalih, ingkang satunggal dhumatêng pêparu kiwa, kang satunggalipun pêparu têngên, kalihan malih wontên otot sakawan, ingkang mêdal sangking paningal kiwa têngên, ingkang kalih dhatêng pêparu têngên, ingkang kalih dhatêng pêparu kiwa, sakawan pisan sami kasêbut otot êrah pêparu.

Sangking paningrat têngên wontên otot [oto ...]

--- 47 ---

[... t] kêkalih, ingkang satunggal dhumatêng pêperangan badan ing nginggil, satunggalipun dhumatêng perangan badan ing ngandhap, punika sami winastan otot rah.

Kajawi otot pang sakathahing otot punika sansaya panjang sansaya kathah êpangipun, êpang punika sansaya lêmbat sansaya anyêkapi saranduning badan sadaya, wujudipun mèmpêr anaman jala utawi sangking alusipun ngantos botên katawis, saha botên katingal manawi amung dipun tingali kalihan maripat kimawon, sagêdipun [sa ...]

--- 48 ---

[... gêdipun] katingal kêdah mawi pirantos kaca kangge amirsani utawi sêmprong, ing ngriku katingal sambêt-sinambêt kalihan sakathahing êpang otot sanèsipun.

Sênthongan têngên punika juru angêdalakên êrah rêgêd ingkang wontên salêbêting pêparu kalih (kiwa têngên) lajêng mili turut otot nami pêparu, nuntên waradin dalah saêpangipun sadaya.

Paningrat kiwa punika juru anampèni êrah ingkang sampun rêsik sarta ingkang mili sangking pêparu kalih, lajêng dhatêng otot êrah [ê ...]

--- 49 ---

[... rah] pêparu sakawan pisan.

Paningrat têngên punika juru anampèni êrah rêgêd ingkang wangsul sangking saranduning badan angambah otot êrah kêkalih (kothong) ingkang sampun kasêbut ing ngajêng, lajêng manjing salêbêting jantung.

Ati jantung punika tansah mêlar mingkup kemawon, dene mêlar mingkupipun wau kenging dipun raosakên sangking kêkêtêging dhadha sisih kiwa, saha ebahing kakêtêg botên ajêg, nanging saya sêpuh saya lêmpêr (tamban).

--- 50 ---

Kêkêtêg ati jantungipun jabang bayi punika ing dalêm samênit 130 utawi ngantos dumugi 140, tumrapipun tiyang ingkang sampun diwasa ing dalêm samênit akêkêtêg: 70 dumugi 80, dene kêkêtêgipun ati jantung tiyang ingkang sampun sêpuh ing dalêm samênit 60 utawi kirang sangking samantên, ananging asring wontên ugi sabab ingkang kadamêl rikat lampahing kêkêtêg, inggih punika tiyang ingkang sawêg pinuju nêsu, kagèt, ajrih, sakit sasaminipun.

Nalika ati jantung punika pinuju mingkup sagêd [sa ...]

--- 51 ---

[... gêd] angêdalakên êrah ingkang wontên salêbêtipun sênthongan, ananging wêdalipun punika botên sagêd dumugi paningrat, amargi kacêgatan dening kêndhangan ingkang wontên lompongan saantawising paningrat kalihan sênthongan ingkang nalika punika sawêg amingkup, ing ngriku êrah lajêng mili urut otot nadi, sarta botên sagêd wangsul malih, amargi taksih katrênjêl dening êrah ingkang taksih amili, ing sawingkingipun langkung malih turut otot nadi wau wontên kulitipun [ku ...]

--- 52 ---

[... litipun] pintên-pintên, ingkang wontên sauruting bumbungan margi minôngka sogokan, supados êrah botên sagêd wangsul malih.

Mênggah tiyang ingkang sampun diwasa, êrahipun 10 dumugi 14 kg, êrah samantên punika anggènipun rumagang putêr saranduning badan namung ing dalêm kalih mênit, katêranganipun kados ing ngandhap punika.

Putêripun êrah ingkang kapara panjang, inggih punika sangking sênthongan kiwa dumugi paningrat têngên, nalika sênthongan kiwa mingkup punika sagêd [sa ...]

--- 53 ---

[... gêd] angêdalakên êrah rêsik ingkang wontên ing ngriku, lajêng mili urut otot nadi, tuwin êpang-êpangipun sadaya, wondene peranganipun badan ingkang botên pati kandêl dagingipun, sagêd anitipariksa mênggah ilèn-ilènipun êrah wau, tamtu karaos kados ta pilingan ugêl-ugêl, ing lêkik-lêkikan utawi sanèsipun, ing pundi panggenan ingkang tipis dagingipun, saèstu katawis lampahing êrah, sasampunipun êrah mili salêbêtipun otot nadi, ingkang kalangkung alus ngantos [nganto ...]

--- 54 ---

[... s] dumugi kulit têngah, êrah lajêng manjing salêbêting pang otot êrah, amargi ing ngriku ugi panggenanipun êpang pucukipun otot nadi kalihan pucukipun otot êrah, inggih kados ingkang sampun kapratelakakên ing ngajêng, wontên ing ngriku êrah lajêng kenging ing rêgêd, jalaran sadaya jasad ingkang parlu saha ingkang manggèn ing lêbêt, pigunanipun sampun dipun alap dening badan, wah malih êrah lajêng kamoran rêgêding badan, ingkang sampun botên wontên paedahipun, wondene otot êrah [ê ...]

--- 55 ---

[... rah] punika mawi sambêt-sinambêt wusana ingkang manjing dhumatêng salêbêting ati jantung namung wujud kalih, katranganipun makatên: ingkang satunggal ngêdalakên êrah sagêd sangking ing nginggil, satunggalipun bêkta êrah rêgêd sangking pêperangan badan ing ngandhap, wiwitipun êrah manjing salêbêting paningrat têngên, wêkasan manjing salêbêting sênthongan têngên.

Putêripun êrah ingkang cêlak inggih punika sangking sênthongan têngên dhumatêng paningrat kiwa, awit sangking kagosok êrah, lajêng mêdal sangking sênthongan têngên, lajêng angambah otot [o ...]

--- 56 ---

[... tot] nadi pêparu, ngantos dumugi pêparu kiwa têngên, wontên ing ngriku rêsik sangking jinising hawa, ingkang adamêl ambêkan manungsa, lajêng ngili lastari kimawon, nanging samôngsa sampun rêsik lajêng wangsul dhatêng paningrat kiwa, angambah otot sakawan kados kasêbut ing ngajêng, sarêng êrah angambah êpang-êpang otot nadi pêparu ingkang sakalangkung alus ingkang wontên salêbêting pêparu, turut otot-otot punika kathah ugi unthukipun isi hawa, inggih sangking dayaning watêk ingkang winastan osmose, hawa [ha ...]

--- 57 ---

[... wa] asagêd damêl rêsikipun ing êrah, sarta kawasa bêkta mêdal rêrêgêdipun, kacriyosakên, sasampunipun êrah dumugi paningrat kiwa, lajêng wangsul malih manjing salêbêting sênthong kiwa, cêkakipun lampahing êrah wau makatên, wiwitanipun êrah mili sangking sênthong kiwa, dhumatêng saranduning badan sadaya, nuntên anjog salêbêting paningrat têngên, lajêng dhumatêng sênthongan têngên, sangking ngriku lajêng ngili dhumatêng pêparu kalih, lajêng dhumatêng paningrat kiwa, wêkasan wangsul dhumatêng sênthongan kiwa malih.

--- 58 ---

Sampun tatela ati jantung punika pirantos langkung parlu sangêt, tumrap manungsa tuwin khewan, saupami ati jantung kalampahan risak tamtu pêjah.

Wondene pucukipun sakathahing otot êpang kaprênah sambêtanipun kalihan otot sanès, manggèn wontên satêngahing lapisaning kulit têngah lêrês, milanipun manawi tiyang kataton sakêdhik kemawon, kados ta: kapêrang lading, kabêlèr siladan, kacocog dom, sasaminipun punika lajêng mêdal êrahipun, amargi otot lêmbat ingkang wontên satêngahing [sa ...]

--- 59 ---

[... têngahing] kulit wontên ingkang pêgat, wusana êrahipun ambêlabar.

Mênggah panggenan kawan perangan ingkang wontên ati jantung, punika pigunanipun makatên, sênthongan kiwa pirantos angêdalakên êrah rêgêd waradin dhumatêng saranduning badan, lampahipun turut otot nadi (orta). Dalah saêpangipun sadaya.

--- 60 ---

Pustaka Pôncadriya

Mênggah manungsa utawi khewan punika manawi kagêpok utawi anggêpok sadhengaha maujud, saèstu lajêng karaos, karaos punika tan pilih panggenan, ananging anglimputi saranduning badan sadaya, punika kula kumêdah anyariyosakên, mugi sami kasumêrêpana.

Mênggah marginipun raos punika sangking sarap utawi otot lêmbat alus, ingkang têpang saha sambêt-sinambêt, dumugi ing utêk, ingkang salajêngipun karaos salêbêting [salê ...]

--- 61 ---

[... bêting] manah, raosing manah lajêng anyumêrêpakên, yèn ingkang gumêpok salêbêting badan wau môncawarni, wontên ingkang alit, wontên ingkang agêng, wontên ingkang gèpèng, wontên ingkang bundêr, wontên ingkang alus, ingkang kasar, ingkang garing, ingkang têlês, ingkang bêntèr, ingkang molah, ingkang kèndêl sapanunggilanipun, awit sangking karaos punika manungsa sagêd amêminta kawontênanipun maujud, sarta sagêd amijang-mijangakên kawontênanipun watêk piyambak-piyambak, kalihan malih lajêng sumêrêp [sumê ...]

--- 62 ---

[... rêp] ingkang maujud kathah asanès-sanès jinis, ananging mênggahing raos punika satêmênipun amung anyumêrêpakên dhatêng maujud ingkang dipun gêpok.

Saupami pôncadriya punika amung satunggal, awit sangking karaos wau, ingkang tamtu botên sumêrêp dhatêng sadhengaha maujud ingkang têbih panggenanipun, dene sumêrêpipun manawi wontên ingkang sangking pôncadriya sanèsipun, kados ta: paningal, pamirêng, pangambêt tuwin pangraos, sumêrêp wontên tiyang lumampah wontên ing

--- 63 ---

margi, rêdi inggil wontên ing panggenan têbih, aningali srêngenge, rêmbulan, tuwin lintang-lintang sapanunggilanipun, têgêsipun saupami sagêda ayêlaki upami anggêpok sampun saèstu yèn karaos wontên ingkang angêgul-êguli, wondene pamijanganipun kados ingkang kasêbut ing ngandhap punika.

1. Karaos sarana ing badan. 2. aningali sarana maripat. 3. pamirêng sarana talingan. 4. pangambêt sarana grana. 5. pangraos sarana lidhah.

Murih têrang-têrangipun satunggil-tunggiling lidipun [lidi ...]

--- 64 ---

[... pun] pôncadriya kêdah kula pratelakakên piyambak-piyambak.

Ing ngajêng sampun kapratelakakên, bilih kulit kaewokakên pangraos tumrap sarira, warni kenging kapetang tigang warni, satunggal kulit ingkang jawi piyambak, kalih kawastanan kulit têngah, tiga nami kulit ingkang ngandhap, wujud otot alus, pirantos anglantarakên raos dhatêng utêk, ing ngriku punika sambêtan êpangipun pucuking otot alit-alit, dene kulit ingkang têngahan punika panggenanipun [panggena ...]

--- 65 ---

[... nipun] kringêt, utawi lisahing badan, kulit ingkang jawi piyambak minôngka sasapipun kulit kalih pisan, mênggah pigunanipun kulit ingkang jawi punika ugi dados sasapipun ing badan, tuwin ngiras dados pirantos marginipun pangukusing toya, awit kulit wau alus asêrat bolong pating calomplong alit-alit, ingkang wiwitanipun sangking pucuking bumbungan têpang ing panggenan kringêt tuwin lisahing badan, pigunanipun lisah punika sagêd anêlês kulit ing jawi, supados sagêd lêmês saha lunyu, kangge angebahakên [angebahakê ...]

--- 66 ---

[... n] gêgêlitaning badan, dene kringêt punika awor lan jasad-jasad ingkang sampun botên migunani, utawi ingkang damêl rêsikipun ing badan, mênggah pratandhanipun yakin manawi manungsa kringêtên ngantos malêbêt maripat, punika karaos sêpêt, sarta mêsthi ambêtipun kêcut, mila prayogi dipun usapi, kalihan sarêbèt rêsik, supados jasad ingkang awon tumuntên ical, botên damêl rêrêgêd.

Bab ingkang kaping kalih, mênggah kawontênanipun maripat punika pirantos kangge aniwujudipun [ani ...]

--- 67 ---

[... wujudipun] bundêr, saha sakalangkung awig pakartinipun, perangan nginggil ingkang kaprênah ngandhap, ingkang sisih kiwa têngên, punika wontên têtangsulipun daging juru angebahakên maripat, miturut sakajêngipun tiyang, maripat punika katutupan talapukan, ingkang sagêd mêrêm dhipêt, sapinggiring talapukan wontên idêpipun mangkêluk manginggil tuwin mangandhap, manawi kadamêl mêrêm idêp nginggil tuwin ngandhap wau lajêng gathuk atata sae, sanggitanipun sakalangkung rapêt, akalihan malih supados maripat botên [bo ...]

--- 68 ---

[... tên] sagêd kalêbêtan rêrêgêd, ing ngriku sampun angêmu toya, pigunanipun anglêmêsakên talapukan, dados kenging dipun êrêmakên tuwin dipun êlèkakên, kalihan gampil.

Inggih punika kawontênanipun kêdhèp, wondene toya maripat punika wiwitipun sangking talanjêr luh, mênggah panggenanipun wontên pucuking maripat ingkang kapara jawi, ananging botên ngatingal, amargi kaling-kalingan talapukan wau, upami maripat kasêrang angin, utawi ngantuk, sami sanalika punika

--- 69 ---

radi garing, wusana raosipun dhatêng maripat sêpêt, utawi pêdhês sangêt.

Manawi wêdaling luh kêkathahên, maripat ngacêmbong toya, wêdaling luh ngantos daleweran dhatêng pipi kiwa têngên, toya punika salong wontên ingkang manjing salêbêting bumbungan alit, anjog ing irung, mênggah kayêktosanipun manawi wontên tiyang anangis, ingkang dipun usapi botên angêmungakên luh, ingkang wontên maripat saha ingkang dalèwèr pipi wau, ananging dalah irungipun kapêthêsan amargi mêdal luhipun, [luhi ...]

--- 70 ---

[... pun,] inggih punika tunggilipun êluh ingkang mêdal ing maripat, cobi kagaliha kawontênanipun maripat, klilipên, luh lajêng carocosan, sarta talapukan lajêng kêdhèp andharindhil, ing wusana klilipipun lajêng mêdal, têrkadhang sagêdipun mêdal sarana sangking kapitulungan asta, luh wau ugi sami salong mêdal sangking irung.

Manawi tiyang angêrêmakên maripat, ingkang tumandang rumiyin bagian maripat ingkang jawi, mila makatên jalaran sarah utawi rêrêgêd katut kabêkta malêbêt, wêkasan anglêmpak [anglêmpa ...]

--- 71 ---

[... k] wontên sapucuking maripat, sakiwa-têngêning grana.

Kêndhanganing maripat ingkang jawi piyambak marginipun pêthak saha wulêt, ingkang kapêrnah ngajêngan bolong, mawi katutupan kulit jêrnih, punika minôngka anampèni sunaring samukawis, ingkang salajêngipun manjing salêbêtipun maripat, sawingkingipun kulit jêrnih wau wontên toyanipun ingkang sakalangkung jêrnih saha suci, nuntên sawingkingipun wontên bolonganipun malih, manawi dipun tingali sangking jawi, nyamlêng wontên têngah lêrês, bolongan [bo ...]

--- 72 ---

[... longan] ingkang jawi wiyar ciyutipun manut dayaning cahya, dene kulit saubênganing bolongan punika surakipun amôncawarni, wontên ingkang biru klawu, abrit sapanunggilanipun, ingkang punika ingkang kasêbut kêkuwunging maripat.

Sawingkingipun cakêt wontên ingkang maujud sawarni paesan jêrnih, dhapuripun bundêr wontên ingkang tipis, wontên ingkang kandêl, inggih punika ingkang dipun wastani isi maripat, ing wingking tinêpangan sarap utawi otot alus lêmbat, ingkang aslinipun [a ...]

--- 73 ---

[... slinipun] sangking utêk, adhapur ngangrangan kados jala, wontên ing ngriku nuntên kagambar sadayanipun barang tatingalan, saha wontên pirantos malih, ingkang sagêd têrangipun gambar wau, ingkang wontên kulitipun salapis warni cêmêng, katrajang otot alus warninipun êrah, dados gambar punika kaundhukan kulit cêmêng wau, dene èmpêripun pirantos gambar sorot, mênggah pucukipun sarap ngangrangan punika ngalêmpak dados satunggal dumugi ing utêk, inggih punika pirantosing paningal, ingkang amung pitêdah

--- 74 ---

kawontênanipun gambar, dhumatêng ing utêk, salajêngipun lajêng sagêd suka pawartos, ingkang kalangkung rikat, samukawis ingkang katingalan, kajawi punika wontên sarap malih utawi otot alus lêmbat ingkang minggah dumugi ing utêk, juru suka sumêrêp manawi maripat katingal sakit utawi kajêglug sasaminipun sami sanalika punika asring katingal maujud pating klêpyur, alit-alit, limrahipun kawastanan konangên, punika sababipun tan liya kabêkta sangking ewahipun paningal nalika kajêglug wau.

--- 75 ---

Bab tiga kawontênanipun pamirêng.

Wontênipun suwara punika sangking gêtêripun maujud, hawa ingkang anglimputi maujud lajêng tumuntên gêtêr, inggih punika ingkang kabêkta swara ngantos dumugi salêbêting kuping, panggenan pamirêng, ingkang winastanan kêndhanganing pamirêng amurih gumolongipun pangombaking hawa, ingkang lumêbêt talingan, Gusti Allah sampun andumadosakên kêndhanganing pamirêng wau kêkalih manggèn wontên kiwa têngêning sirah ingkang dumados sangking tosan nèm, dene sagêdipun maujud punika sagêd adamêl sora ombaking swara, amargi [a ...]

--- 76 ---

[... margi] sagêd mêmbat, utawi tumuntên sagêd pulih, kados suwaunipun, kalihan malih sagêdipun angêndhakakên tuwin adamêl soraning swara, punika pancèn sampun katawis kalihan wujudipun, mila awis tiyang sagêd angebahakên kêndhanganing pamirêngipun, botên kados khewan.

Kêndhanganing pamirêng punika sinambêtan bumbungan mangkêluk, marginipun pangombaking swara mawi sênthongan ingkang panggenanipun wontên salêbêting sirah, pungkasaning bumbungan katutupan kulit, ari-ari, sênthongan [sênthong ...]

--- 77 ---

[... an] punika rinakitan bumbungan tiga iji, ingkang dhapuripun mangkêluk, saha ing ngriku ugi wontên sênthonganipun ingkang awangun kados cangkoking sompil.

Sênthongan alit dalah sakiwa-têngênipun isi maujud awarni pêthak kados tlutuh, ing ngriku punika wontên sarabipun pating alêncang pirantos pamirêng, sarêng pangombaking swara manjing salêbêting bumbungan lajêng anêmpuh tutuping kulit ari, kulit ari lajêng tumut gêtêr, gêtêr anulari tosan nèm tiga iji wau, ingkang wontên salêbêting sênthongan, [sê ...]

--- 78 ---

[... nthongan,] pucuking tosan punika angèngingi bolongan sênthongan alit, dene tosan ingkang satunggal kados pindha sang kurdhi (sôngga wêdhi) wontênipun salêbêting sênthongan wau paedahipun angindhakakên sora dhatêng suwaranipun.

Suwawi kagaliha soraning suwaranipun tiyang ingkang wontên ing gêdhong agêng tembok, kawontênanipun suwara punika lajêg manjing salêbêting sênthongan alit dalah saperanganipun pisan, wusana kasambêtan dening sarab pirantos [pi ...]

--- 79 ---

[... rantos] pamirêng, dumugi ing utêk, adamêl sagêdipun tiyang mirêng swaraning sanès, mila hawa punika kenging kawastanan juru ambêkta ungêl.

Perangan sênthongan ingkang ngandhap punika wontên bolonganipun têrus dumugi tutuk cêlak kalamênjing, mila tiyang suda pamirêngipun punika manawi wontên tiyang wicantênan asring mawi mangap supados sagêda anampèni pangombaking swara, mênggah ingkang makatên punika namung tumrap tiyang suda pamirêng, ananging ugi minôngka sarating panimbang kawontênaning swara sangking pundi, sarta swaraning punapa.

--- 80 ---

Bab 4. Kawontênanipun pangambêt.

Sadaya maujud punika sabên dintên tansah kaoncatan parincèn, ingkang kalangkung lêmbat sangêt, saminipun kados kukusing toya, ingkang awujud hawa, pêncaring parincèn ambyar manjing salêbêting grana, awit sangking punika tiyang sagêd mangambêt.

Salêbêting grana wontên kulitipun alus, ing ngriku wontên pucuking sarab-sarab pating krêncang pirantos angambêt, manawi tiyang punika pinuju sakit pilêg, pangambêtipun pasthi kirang landhêp, sabab kulit pirantos angambêt [a ...]

--- 81 ---

[... ngambêt] garing.

Sampun saèstu botên sagêd mambêt punapa-punapa, amargi pêncaring jasad-jasad sangking maujud kalis kêmawon, botên sagêd lumèngkèt wontên ing ngriku, wondene bolongan grana punika cacahipun kalih, ananging wontên ing nglêbêt lajêng kêmpal dados satunggal.

Salêbêting grana wontên tosanipun tiga iji, jèjèr warninipun kados bantalan, ananging wontên godhagipun sawatawis, kangge margi malêbêt mêdalipun napas, sarta kuliting bantalan [banta ...]

--- 82 ---

[... lan] punika angêmu toya, tuwin lunyu, ing ngriku panggenan pucuking sarab-sarab pirantos angambêt, wondene pêncaring jasad-jasad wau katut lêbêtipun hawa, ingkang kadamêl ambêkan, lajêng lumèngkèt wontên ing bantalan, adamêl sagêdipun tiyang angambêt arum utawi sanèsipun, mênggah sarab-sarab pirantos angambêt, punika lajêng kêmpal dados satunggal, dumugi ing utêk, sami ugi kados sarab pangraos utawi sanèsipun.

Bab 5. Kawontênanipun ing lidhah/ nyandhak ing kaca 234.

--- 1 ---

[Sêrat Wedhasatmaka][5]

Sêrat Wedhasatmaka, têgêsipun: wedha: pêpakêm ngèlmi utawi wulang, satmaka têgêsipun: gêsang, dados pikajênganipun têmbung wedhasatmaka wau: inggih punika pêpakêming ngèlmi utawi wulang tumraping ngagêsang. Ginita ring êmpu: Cipta Sisthawa, sing agnya sang Subadha ing kitha Pasuruan Radèn Mas Arya Sugônda, laksitarja pinaringakên ing para putra tuwin wandawa, kinarya sarana pambukaning tekhad, ingkang dados pambingkasing sangsaya, satêmah wignya widada kotamanirèng dumadi, ing dalêm kadadeanira. Purwanya amangun wara [wa ...]

--- 2 ---

[... ra] kawahya sangking carita, catur basa pralampita, yeka panuksmaning Hyang Kang Murbèng Bawana, manjanma woring

1. Kôntha

2. Waruna

3. Asma

4. Lajêng sumarambah ing pakarti.

Sarêng pandhapuring pralambang kados makatên wau, mênggah panampining panggrahita, inggih mung saèmpèr kados asal sangking sunyaruri, lajêng tumundha-tundha dumunung ing kaalusan, lêmbat, kasar, ngantos dumugi ing agal, utawi

--- 3 ---

wadhag punika, lajêng sumêbar mawarna-warna, anêtêpi ing lêlabêtipun pyambak-pyambak kados ta:

1. Andik: lêpat, anêmahi nistha lan kasangsara.

2. Tindak: lêrês, amanggih bêgja lan utami.

Pramila ing sasagêd-sagêd, manungsa sampun ngantos anêmahi: nistha lan kasangsara. Ananging amanggiha: ing kautamèn, kêdah anggayuha dhatêng darajat, catur pangrêngga.

1. Kajèn, uwitipun sangking kabrayan.

--- 4 ---

2. Kinèringan, uwitipun sangking: kasuran, utawi kawantêran.

3. Kamulyan, uwitipun sangking: kasugihan.

4. Kaluhuran, uwitipun sangking: kawiryan.

Mênggah pamarnaning lêksana kang pinarceka, rinacik pinantha-pantha, amrih wijanging surasa dhinapur kadi: dwi janma, sami lêlawanan sabda: ingkang satunggal nami: Nawungkridha, yèn tumrap wataking pujôngga, têmbung Nawungkridha wau, têgêsipun: lantip ing kalêpasan, dene [de ...]

--- 5 ---

[... ne] yèn kawijang mêndhêt sangking lingganing têmbung: nawung têgêsipun: miwiti ngrumpaka, nganggit, ngêmban, nampêg, ngubêngi, utawi among. Kridha, têgêsipun: ulah, solah, damêl, utawi lêlungidan, dados pikajênganipun têmbung: Nawungkridha ingkang kapacak tumraping nami ing ngajêng wau, miwiti angrumpaka, utawi nganggit ulah tuwin solah ing lêlungidan.

Ingkang satunggalipun nami: Mardibasa, yèn dumunung wataking pujôngga, têmbung mardibasa wau têgêsipun: sagêd amêmantês ing

--- 6 ---

têmbung. Dene manawi kawijang sangking lingganing têmbung: mardi, têgêsipun: midih, mudhar, nêgês, utawi anêgêsi. Basa: têgêsipun têmbung tulis, utawi pralambang: dados pikajênganipun têmbung: mardibasa, ingkang kadamêl nami kasêbut ing nginggil wau amudhari lan anêgêsi, pitêmbunganing pralambang ingkang tinulis.

Duk kawahya purwaning gita. Ri Rêspati tanggal dwidasa, wulan Dulkangidah, jroning Jimakir warsa. Tinêngran Côndrasangkala: pamolahnya amandêng ngèsthi putra. Utawi ôngka 1826.

--- 7 ---

Pratelannya kadi kang winahya ing ngandhap punika:

Bab 1.

Nawungkridha: Aywa pisan kajêron bela tômpa, wus sawatara ingsun datan anambrama, karana pinanduk lêngênging driya, wit andulu susilaning solahira, kadi bocah wêton sangking praja, rinakêt sang maheswara. Teja-teja sulêksana, tejaning bocah kang lagi tigas kawuryan, prapta ing ngarsaningsun.

1. Sapa pisambating wangi.

2. Lan ing ngêndi pidunungira.

--- 8 ---

3. Saka ing ngêndi asalira.

4. Arsa marang ngêndi sêdyanira.

Mardibasa: Manawi paduka arsa uninga nami tuwin kawijilan kula, amung manut lan miturut suraosipun wasita ingkang badhe kagiyarakên ing sêsilih.

1. Si Marêm ingkang botên luwe.

2. Ingkang kula dunungi ing don kasugihan, inggih sugih rajabarana.

3. Dene asal kula, sangking Katurusan, sêgêr waras ingkang botên sakit.

4. Sêdyaning manah kula badhe dhatêng Kawasa.

--- 9 ---

Wilujêng gesang kang kalawan langgêng.

Bab 2

Nawungkridha: Mungguh atur wangsulanira, ingkang kadi mangkono mau, bangêt andadèkake karênaning tyas ingsun, sarèhning aranira Si Marêm, kang sabab ora luwe mau, têmbunge amung sêsilih, lah apa mungguh kang dadi karêpe, lan kaya apa wêwijangane, iku têrangna dak rungokne kang têtela.

Mardibasa: Yèn paduka arsa uninga wêwijanganipun anggèn kula asêsilih nami Si Marêm, ingkang sabab botên luwe wau, mênggah pikajênganipun [pi ...]

--- 10 ---

[... kajênganipun] makatên. Yèn ing têmbung Arab dipun wastani: akal, sarêng têmbung Jawi kawastanan budi, inggih punika ingkang minôngka dados sarana pangupaya, têkaning gêsang kita. Ananging salêbêting tekhad punapadene tumindakipun, inggih kêdah nglêksanani catur pakarti batos ing ngandhap punika.

1. Mantêp, tekhadipun.

2. Têmên manahipun.

3. Tabêri ing pandamêlan.

4. Nglampahi ing badanipun.

Sintêna tiyangipun, môngka sampun sagêd [sa ...]

--- 11 ---

[... gêd] anêtêpi ing tindak catur pakarti wau. Saèstu lajêng tumuwuh ing salêbêting tekhad, botên kadunungan manah uwas, yèn kaluwèn padharanipun.

Bab 3.

Nawungkridha. Hèh kulup, Si Marêm, tindak kang catur pakarti, kaya kang sira pratelakake kasêbut ing bab 2 ngarêp mau, ingsun durung bisa nênimbang bênêr lupute, karana ing dalêm siji-sijining tindak, sira durung mratelakake apa kang dadi pakolèhe, lah kaya apa prayoga têrangna,

--- 12 ---

supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa. Yèn paduka mundhut katrangan, paedah pikantukipun sangking tindak catur pakarti wau, ing mangke kula wêjangakên kados ing ngandhap punika.

1. Mantêping tekhad, sagêd anjalari dados margining katrêsnan.

2. Têmêning manah sagêd anumusi dados piandêl.

3. Tabêri ing pandamêl, sagêd anuwuhakên ing pamarêm.

4. Purun anglampahi badanipun, inggih [ing ...]

--- 13 ---

[... gih] lêksana badhe ambabar dhatêng sakathahing pandamêl winastan dados.

Ing mangke pikantukipun sangking tindak kang catur pakarti wau, yèn kakêmpalakên, sarta tinata uruting têmbung makatên: trêsna dhatêng piandêlipun, sabab sampun sagêd kadadosan, sadaya pandamêlipun, wêkasan lajêng tumuwuh dados: pamarêming manahipun, inggih wahananing pêmarêm punika ingkang sagêd anglimputi ing raos luwene padharanipun.

Bab 4.

--- 14 ---

Nawungkridha. Iya kulup, ingsun wus mangrêti, ananging sanajan mangkono, ewadene aku mêksa durung bisa angarani yèn bênêr, awit kang saupama carita mau wus kalumrah ing akèh (mufakat ing akèh) môngka padha angarani iku panggawe bênêr lan bêcik, lah apa margane, dene sadhengahing manungsa iki ora padha gêlêm anglakoni tindak kang kaya mangkono mau.

Mardibasa. Pramila botên sabên manungsa nglampahi makatên, awit tindak catur pakarti wau botên kenging kawastanan gampil.

--- 15 ---

Kajawi margi awrating lêlampahan, kathah ingkang kirang utawi botên mangrêtos dhatêng nalar-nalaripun, têmahan lajêng anggampilakên sami tumanduk dhatêng ing sambekala, ugi wontên sakawan pakarti, kula pratelakakên kados ing ngandhap punika:

1. Licik, utawi tekhad ingkang botên antêpan.

2. Goroh manahipun.

3. Kêsèd ing pandamêl.

4. Sungkanan badanipun, botên purun [puru ...]

--- 16 ---

[... n] anglampahi.

Inggih punika ingkang tansah mênggak dhatêng tindak catur pakarti kasêbut ing bab 2 ngajêng wau. Sarêng makatên ing wêkasanipun sangêt tangèh yèn manahipun katuwuhana ing: pamarêm, malah sandhunganipun lajêng kabrastha sêrênging pangôngsa-ôngsa, inggih raosing manah pangôngsa-ôngsa punika, ingkang mahanani dados luwening padharanipun.

Bab 5.

Nawungkridha. Mungguh satêmêne ingsun iya lagi iki, karungu pitêmbungan kang kaya

--- 17 ---

mangkono iku, mulane prayoga têrangna manèh kaya ta: licik, goroh, kêsèd, lan sungkanan mau, apa margane dene diarani: sambekala, lan apa sababe banjur bisa amênggak marang tindak kang mahanani: ing pamarêm.

Mardibasa. Yèn paduka arsa uninga ing mangke kula têrangakên, sadaya tindak ingkang sagêd anjalari pamurunging sêdya punika, dipun wastani: sambekala, dene pikantukipun sambekala wau, kula pratelakakên kados ing ngandhap punika.

--- 18 ---

1. Liciking tekhad sagêd andadosakên margi cuwa.

2. Gorohing manah, sagêd mahanani dados dirgama.

3. Kêsèd ing pandamêl sagêd anuwuhakên dados pangôngsa-ôngsa.

4. Sungkanan badanipun, sagêd anglabêti: dhatêng pamurunging sêdyanipun.

Dene angsal-angsalanipun sangking sambekala catur pakarti wau, yèn kinêmpalakên, lan tinata uruting têmbung makatên: cuwa sangking dirgamaning manah, lajêng kapanduk pangôngsa-ôngsa, [pangông ...]

--- 19 ---

[... sa-ôngsa,] jalaran sangking wurunging sêdyanipun, sarêng makatên, lah punapa kenging kawastanan sagêd angsal: pamarêm.

Bab 6.

Nawungkridha. Yèn ta mungguh nalar-nalare gonmu asêsilih aran: Si Marêm, wus sira têrangake kasêbut ing dhuwur mau, saka pangrasaningsun iya wus bênêr: samêngko ingsun atêtanya manèh, duk mau sira mangsuli ngaku dumunung doning kasugihan, iya sugih rajabarana, kang mangkono iku, apa kang dadi karêpe, supaya ingsun bisa mangrêti, kapratelakna kabèh wêwijangane.

--- 20 ---

Mardibasa. Duk kala wau sangking atur kula ngakên dumunung doning kasugihan, ing mangke kula têrangakên, kados ta: wujuding arta lan rajabarana, punika saèstu prêlu kangge ajining prabawa. Dene dhatêngipun rajabarana wau, kaperang asal sangking: catur bêgja, kapratelakakên kados ing ngandhap punika.

1. Sangking jêjarahan pêrang, punika kawastanan: utamining utami.

2. Yèn sangking kaskayanipun pyambak, punika kawastanan: utami.

--- 21 ---

3. Yèn waris sangking bapa biyung, kaki nini, saurutipun, punika kawastanan madya.

4. Yèn rajabarana asalipun botên sangking têtiga wau kawastanan: nistha.

Sarêng wontên pitêmbungan ingkang kados makatên wau, saupami wontên manungsa, inggih lêlabêt sangking kêsèdipun, badhe ngupados rajabarana, prêlu kangge sarana sagêdipun kakêmpalan kalihan bangsanipun, môngka namung ngêmis, utawi anênêdha sangking liyan, inggih punika kenging kawastanan: nistha, ina, lan papa.

--- 22 ---

Dene manawi pangupadosipun rajabarana wau, mung angandêlakên utawi anamtokakên: pawèwèh, utawi ngêntosi wêwarisan sangking bapa biyung sapanginggil, punika kenging kawastanan: manungsa tanpa budi, pramila ing sasagêd-sagêd, pangupayaning rajabarana wau, langkung prayogi yèn sagêd angsal sangking: jêjarahan pêrang, namung botênipun sagêda marsudi mêdal sangking kaskayanipun piyambak, ananging kêdah sumimpang sangking pandamêl: silip, culika, lan durjana. Mênggah lêksananipun inggih [ing ...]

--- 23 ---

[... gih] anuhoni dhatêng tindak sakawan prakawis kados ing ngandhap punika.

1. Anggaota, inggih punika kêlaring pambudi, anangkarakên rajabarana.

2. Gêmi, inggih punika angêngimpun klêmpaking rajabarana.

3. Nastiti, inggih punika nyumêrêpi petang lan panduking rajabarana.

4. Ngampêt, inggih punika cêgah papenginan ingkang tanpa damêl.

Sintên tiyangipun, môngka sampun sagêd anuhoni dhatêng tindak sakawan prakawis wau, [wa ...]

--- 24 ---

[... u,] saèstu lajêng tumuwuh salêbêting tekhadipun, botên gadhah raos sumêlang yèn anêmahana: malarat utawi miskin.

Bab 7.

Nawungkridha. Kang supaya têtêpa, dadi piandêling atiningsun, iya tindak patang prakara kasêbut ing bab 6 ngarêp mau, apa pakolèhe, dene bisa anuwuhake tekhad, ora sumêlang yèn anêmahi: malarat.

Mardibasa. Yèn paduka arsa uninga pikantukipun sangking tindak sakawan prakawis [prakawi ...]

--- 25 ---

[... s] wau, supados têrangipun ing mangke kula wijangakên kados ing ngandhap punika.

1. Anggaota, pikantukipun: bathi, utawi nambahakên rajabarana.

2. Gêmi, pakangsalipun sangking sakêdhik sagêd simpên klêmpaking rajabarana.

3. Nastiti, paedahipun sagêd rumêksa jangkêping rajabarana.

4. Ngampêt, pêpenginan kang tanpa damêl, murih angandhêg utawi amênggak wêdaling rajabarana.

Ing mangke pikantukipun tindak sakawan prakawis [pra ...]

--- 26 ---

[... kawis] wau, yèn kinêmpalakên tinata uruting têmbung makatên: anglêmpakakên rajabarana, pêpetangan sangking bathining panggaotanipun, lajêng simpên kalawan jangkêp, inggih punika wujuding kasugihan, pramila salêbêting manah botên gadhah sumêlang yèn anêmahana malarat utawi miskin.

Bab 8.

Nawungkridha. Yèn ta mungguh nalar-nalare, iya kaya-kaya wus bênêr caritamu mau, ananging saupama ana janma, môngka wus anglakoni ngèngèr, nuli ora bisa nglêksanani tindak [tinda ...]

--- 27 ---

[... k] patang prakara mau, kang sabab saka ora kalilan, dening aji panguwasane, utawa jalaran saka ora kobêr tinggal panggawean kuwajibane, barêng mangkono kaya ngapa, gone bakal anglakoni.

Mardibasa. Inggih lêrês kathah kemawon manungsa ingkang sami nglampahi makatên, ananging mênggah anggènipun ngèngèr dhatêng praja utawi dhatêng sanès-sanèsipun, sarta anggènipun anglampahi pandamêlan sadaya kawajibanipun wau, tamtu angsal pêpanci, minôngka têdha tumraping gêsangipun, inggih punika sami ugi

--- 28 ---

kalayan sampun tumindak, anggaota angsal bathi ingkang dados pêpancining têdha. Yèn sampun makatên, kantun tumindak tigang prakawis.

1. Gêmi

2. Nastiti

3. Angampêt ardaning kapti.

Bab 9.

Nawungkridha. Iya kulup, sadurunge sira carita kang kaya mangkono, satêmêne ingsun uga wus angrasa marang prakara iku, lah apa margane, sadhengah manungsa iki, dene padha ora [o ...]

--- 29 ---

[... ra] gêlêm anglakoni marang tindak patang prakara mau.

Mardibasa. Saèstunipun kajawi sangking angèl lan awrat, tindak sakawan prakawis kados ingkang kasêbut ing bab 6 ngajêng wau, inggih margi sabab sangking kirang mangrêtos, malah kathah kemawon, sami purun anrajang dhatêng tindak ingkang dados rubedanipun, ugi wontên sakawan prakawis kados ing ngandhap punika.

1. Nganggur. Angèndêlakên budinipun.

2. Boros. Ambucali rajabarananipun.

--- 30 ---

3. Weya, botên anyumêrêpi petanging rajabarananipun.

4. Arda, anuruti amrih kadugèn pêpenginanipun ingkang tanpa damêl.

Inggih punika ingkang tansah ambadharakên, tindak sakawan prakawis kados ingkang kasêbut ing bab 6 ngajêng wau, wêkasan botên angsal ing kasugihan, malah sagêd dhumawah ing kamlaratan utawi miskin.

Bab 10.

Nawungkridha. Ingsun durung pati têrang iya tindak [tinda ...]

--- 31 ---

[... k] patang prakara kasêbut ing bab 9 ngarêp mau, apa margane dene diarani: rubeda, lan apa sababe bisa tumiba ing kamlaratan utawa miskin.

Mardibasa. Punika kula têrangakên, têmbung rubeda wau, sami ugi kalayan têmbung: sambekala, inggih punika sadaya tindak ingkang sagêd adamêl pamurunging sêdya. Dene pikantukipun sangking beda sakawan prakawis wau, pratelanipun kados ing ngandhap punika.

1. Nganggur, andadosakên tuna.

--- 32 ---

2. Boros, anêmahi cingkrang.

3. Weya, wêkasanipun kirang.

4. Arda, adamêl trapas.

Ing mangke pikantukipun sangking tindaking rubeda sakawan prakawis wau, yèn kinêmpalakên tinata uruting têmbung makatên: kapitunan, kacingkrangan, kakirangan, sarta trapas rajabarananipun, sarêng makatên lah punapa angsal kasugihan.

Bab 11.

Nawungkridha. Iya kulup, ingsun wus mangrêti, dadi kaya mangkono iku, têgêse [têgê ...]

--- 33 ---

[... se] gonmu ngaku dumunung dening kasugihan mau. Samêngko ingsun atêtanya manèh, duk mau sira wus ngaku asal saka katulusan, sêgêr waras ora lara. Kang mangkono mau kawijanga, apa karêpe lan têgêse, supaya ingsun bisa têrang lan mangrêti.

Mardibasa. Mênggah anggèn kula darbe atur makatên wau pikajênganipun, sarèhning manungsa punika prêlu sangêt, kêdah rinakêtan utawi kadunungan dening lêlungit catur prakawis, ing sasagêd-sagêd angèsthia, kaananing kridha sara, kula pratelakakên kasêbut [ka ...]

--- 34 ---

[... sêbut] ing ngandhap punika.

1. Panggraita, inggih punika panduk lanciping manah.

2. Wiweka, inggih punika waskitha dhatêng sakathahing tindak lan panduk.

3. Limpat, inggih punika ingkang sagêd nampi sasolah kridhaning solah-bawa.

4. Lantip, inggih punika alus panduking budi.

Sintêna tiyangipun, môngka sampun kadunungan, sagêd nandhang lêlungit kawontênanipun, kridhasara catur prakawis wau, saèstu

--- 35 ---

lajêng tumuwuh salêbêting tekhad, botên gadhah samar yèn anêmahana sakit.

Bab 12.

Nawungkridha. Yèn saka pangrasaningsun, iya kaananing prakara iku, luwih prayoga têrangna babarpisan, lah apa mulane, dene kridhasara catur prakara mau, bisa tumuwuh ing tekhad, ora samar yèn anêmahi lara.

Mardibasa. Yèn paduka mundhut wêwijanganipun, ing mangke kula têrangakên kados ing ngandhap punika.

--- 36 ---

1. Panggraita. Sagêd mahanani: têtêp.

2. Wiweka, sagêd anumusi dhatêng katulusan.

3. Limpad, sagêd anyrambahi dhatêng lêrêsing panduk.

4. Lantip, sagêd andayani mêmpan dhatêng sakathahing kang pinanduk.

Ing mangke wahananing kridhasara catur prakawis wau, yèn tinata uruting têmbung makatên: têtêp sampun lêrês, sagêd mêmpan dhatêng ing katulusan, inggih mêmpaning katulusan punika, ingkang sagêd ambengkas dhatêng sakathahing [sa ...]

--- 37 ---

[... kathahing] sêsakit.

Bab 13.

Nawungkridha. Upama nêtêpi bisa kadunungan kaya mangkono mau, saka pangrasaningsun, iya luwih prayoga, sabab bakal anyirnakake marang sakèhing rêribêd lan kewraning ati. Lah apa sababe kridhasara catur prakara mau, dene ora mêsthi dumunung marang sadhengahing manungsa.

Mardibasa. Yèn sangking pamanggih kula, inggih punika wujuding pangrêti, dados sintêna tiyangipun, môngka botên kadunungan kridhasara [kridha ...]

--- 38 ---

[... sara] catur prakawis wau, inggih jalaran sangking botên mangrêtos, sarêng makatên lajêng kenging kabasakakên: ina, lan lena, wêkasan botên ngudanèni dhatêng panduking bêbeka catur prakawis, kados ing ngandhap punika.

1. Mêngêng, utawi botên mangrêtos.

2. Sêmbrana, dhatêng sakathahing panduk.

3. Kidhung, dhatêng êmpan laguning solah-bawa.

4. Kasar, tumindaking pambudi.

Inggih punika ingkang kawawa amêpêrakên, mêmpaning kridhasara catur prakawis wau, ing wêkasan [wê ...]

--- 39 ---

[... kasan] lêlungidipun, botên sagêd tumama dhatêng ing katulusan, malah anggampilakên dhumawahipun dhatêng ing sêsakit.

Bab 14.

Nawungkridha. E, e, dadi bêbeka catur prakara mau, bisa gawe mêpêring kridhasara, sarèhning ingsun durung mangrêti, coba pratelakna wêwijangane, supaya ingsun bisa têrang kaanane.

Mardibasa. Yèn paduka kêdah arsa uninga, ing mangke kula têrangakên wêwijanganipun, kados ing ngandhap punika.

1. Mêngêng, inggih punika ingkang mahanani dados: [dado ...]

--- 40 ---

[... s:] bingung.

2. Sêmbrana, inggih punika ingkang anuwuhakên dados: cacad.

3. Kidhung, inggih punika ingkang dados jalaranipun: lêpat.

4. Kasaring budi, inggih punika ingkang murugakên dados: cabar.

Ing mangke pikantukipun, bêbeka catur prakawis wau, yèn kinêmpalakên tinata uruting têmbung makatên: sarêng kataman bingung manahipun, cabaring panggayuh winastan lêpat, wêkasan nandhang: cacad, sarêng kawontênanipun [kawontêna ...]

--- 41 ---

[... nipun] kados makatên wau, lah punapa sagêd manggih katulusan.

Bab 15.

Nawungkridha. Iya kulup, gonira ngaku asal saka ing katulusan, wus sira têrangake kasêbut ing dhuwur mau, balik gonira ngaku arêp marang ing kawasa, slamêt, urip kang kalawan langgêng, iku kaya apa karêp lan têgêse, coba têrang-têrangna wêwijangane supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa. Yèn paduka arsa uninga wangsulan kula badhe dhatêng: kawasa, wilujêng gêsang kang

--- 42 ---

kalawan langgêng wau, têgêsipun makatên. Mênggah kautamènipun inggih gêsanging manungsa punika, kêdah ginêng anglêksanani dhatêng: martaning usik, catur pakarti kados ing ngandhap punika.

1. Lêgawa. Inggih punika wênganing: budi rahayu.

2. Têpa. Inggih punika waskitha dhatêng lêrêsing panuju.

3. Trima. Inggih punika lêlabêt sangking anggènipun angudanèni: panduking nugraha.

4. Eling, inggih punika angèngêti dhatêng: osiking cipta, ingkang mahanani ing: lêlabêt.

--- 43 ---

Sintêna tiyangipun, môngka sampun kawawa ginêng anglaksanani: martaning osik catur pakarti wau, ingkang kalayan sampurna, saèstunipun lajêng tumuwuh, têtêping tekhad, botên kadunungan manah ajrih yèn pêjah.

Bab 16.

Nawungkridha. Lah apa margane martaning osik catur pakarti mau, dene bisa nuwuhake tekhad kang kaya mangkono iku.

Mardibasa. Ing mangke kula têrangakên wêwijanganipun, mênggah pakantukipun sangking martaning osik catur pakarti wau, pratelanipun kados [ka ...]

--- 44 ---

[... dos] ing ngandhap punika.

1. Lêgawa, saèstu sagêd anglêbêti dhatêng ing kaslamêtan.

2. Têpa, saèstu sagêd, ambabar kawasa.

3. Trima, sagêd mahanani langgêng.

4. Eling, saèstu sagêd anuwuhakên gêsang.

Ing mangke pikantukipun sangking martaning osik catur pakarti wau, yèn kinêmpalakên tinata uruting têmbung makatên, sampun kawasa wilujêng sagêd gêsang kang kalawan langgêng, sarêng makatên tumuwuhing tekadipun, lah punapa gadhah manah ajrih yèn pêjah.

--- 45 ---

Bab 17.

Nawungkridha. Lah iya kulup, saupama sakèha manungsa iki padha bisa kasinungan ambêg kang kaya kasêbut ing dhuwur mau, saiba bêcike. Ananging apa sababe dene padha ora niyat ginêm amarsudi, supaya kasinungan kang kaya mangkono mau.

Mardibasa. Sintên tiyangipun saèstu sami ngajêngakên, sarta kapengin dhatêng tindak ing kasaenan, ananging sami kemawon kados sadaya ingkang kasêbut ing ngajêng wau, kajawi awrat lêlampahanipun, inggih kathah [ka ...]

--- 46 ---

[... thah] ingkang kirang mangrêtos dhatêng satunggal-satunggaling panduk, sabab kathah ingkang kalimputan dening: durta catur pakarti, sampun manuksma ing piyambakipun, samangke kawontênanipun durta catur pakarti wau, kula pratelakakên kados ing ngandhap punika:

1. Angkara. Sêrêng, kêrêng utawi sugih napsu.

2. Srati. Punika tuwuhaning wiji sangking: kêmèrèn, panastèn, salah opèn.

3. Murka. Punika tuwuhaning wiji sangking: pêpenginan.

4. Supe. Punika jalaran kalimput ing limput, [li ...]

--- 47 ---

[... mput,] sêsêrênging hawa napsu.

Inggih punika Ingkang Kawasa ambrastha dhatêng martaning osik catur pakarti wau, ing wêkasanipun, lajêng botên sagêd kawasa wilujêng gêsang kalawan langgêng. Malah sarêng makatên lajêng anyêlaki dhatêng ing pêjah.

Bab 18.

Nawungkridha. Mungguh prayogane prakara iku, têrangna wêwijangane, supaya ingsun bisa mangrêti, lah apa sababe kaananing durta mau, dene kawasa bisa ambrastha marang: martaning osik catur pakarti.

--- 48 ---

Mardibasa. Ing mangke wahana urubing durta catur pakarti wau, kula têrangakên wêwijanganipun kados ing ngandhap punika:

1. Angkara. Mênggah tumimbulipun sayêgti dados: dosa.

2. Srati. Mênggah cumithakipun sayêgti dados: apês.

3. Murka. Mênggah tumuwuhipun sayêgti dados risak.

4. Supe. Saèstunipun badhe sagêd angwontênakên pêjah.

Ing mangke pikantukipun sangking durta catur pakarti [pa ...]

--- 49 ---

[... karti] wau, yèn kinêmpalakên sarta tinata uruting têmbung makatên: anandhang apês, kang jalaran sangking dosa, wêkasan anêmahi risak, kêlajêng pêjah: sarêng kados makatên pinanggihipun, lah punapa sagêd anêtêpi dhatêng langgênging gêsangipun.

Bab 19.

Nawungkridha. Mungguh kaananing caritanira kang kasêbut ing dhuwur mau kabèh, iya luwih bangêt tarimaningsun, jroning puji ingsun tatêdha muga-muga bisaa ambuka winganing masakala wignya anglêksanani mrêdu widadaning sêdyaningsun [sêdyaningsu ...]

--- 50 ---

[... n] kang sanyata. Balik sira sumurupa, sanajan ingsun iki wus sinêbut aran: pandhita, ananging madhepok sapucuking ngarga, kang adoh saka ing praja, yèn ta mungguh kaananing têmbung sarta nalar-nalaring pambudi, iya bangêt akèh kakurangane, wêkasan kêrêp kapanduk ing gugon-tuhon nglakoni panggawe dudu, iya bab tumanduking ati marang gugon-tuhon mau, kang supaya bisa nyirnakake, disêtiyari sarana kalawan pasa.

Mardibasa. Mênggah sangking dhawuh paduka sadaya [sada ...]

--- 51 ---

[... ya] wau, sangêt kasinggihan, bab manah gugon-tuhon punika, prêlu sangêt kêdah kasirnakakên, margi inggih punika wujuding kabodhoan, pramila ing sasagêd-sagêd, manungsa kêdah amarsudia dhatêng patitising tindak utami, rêringkêsanipun wontên sakawan prakawis kados ing ngandhap punika:

1. Kêdah nirua dhatêng ingkang sae.

2. Kêdah anggugua dhatêng ingkang nyata.

3. Kêdah nuruta dhatêng ingkang lêrês.

4. Kêdah miliha dhatêng ingkang pakolih.

--- 52 ---

Yèn manungsa sampun sagêd anuhoni dhatêng tindak sakawan prakawis wau, saèstu botên sagêd dhumawah ing dhasar lan kasangsaya.

Bab 20.

Nawungkridha. Mungguh caritanira tindak kang patang prakara mau, prayoga têrangna wêwijangane, supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa. Cariyos kula ingkang kala rumiyin wau, kêdah aniru dhatêng ingkang sae, punika amarsudia têtêping lampah sakawan prakawis kados ing ngandhap punika:

--- 53 ---

1. Kêdah nyumêrêpi dhatêng ing: kukum.

2. Kêdah ingkang micara.

3. Kêdah ngudanèni lan nêtêpi ing tatakrami.

4. Kêdah tumindak ing tanduk andhap-asor.

Sajatosipun inggih têtêping sakawan prakawis wau, ingkang sagêd mahanani: dados rahayuning raga.

Bab 21.

Nawungkridha. Prayoga kulup, sarèhning kang mangkono mau, supaya ingsun bisa mangrêti

--- 54 ---

têrangna manèh wêwijangane, iya têtêpe laku patang prakara mau, apa kang dadi karanane, dene bisa gawe rahayuning raga.

Mardibasa. Yèn paduka mundhut katranganipun lampah sakawan prakawis wau, mênggah pikantukipun kula wijangakên kados ing ngandhap punika:

1. Sumêrêp ing kukum, pikantukipun mahanani: kinurmatan.

2. Amicara. Sumarambahipun dados angrêsêpakên.

3. Tatakrami, sumorotipun dados

--- 55 ---

linulutan.

4. Andhap-asor, sumêbaripun dados karênan.

Ing mangke angsal-angsalanipun sangking lampah sakawan prakawis wau, yèn kinêmpalakên sarta tinata uruting têmbung makatên: kinurmatan, rinêsêpan, lan karênan, sarta linulutan dening liyan, lah punapa inggih ingkang makatên wau, botên badhe adamêl rahayuning raga.

Bab 22.

Nawungkridha. Iya kulup, rèhning kang mangkono [mang ...]

--- 56 ---

[... kono] mau saya pangrasaningsun wus têtela bêcike, lah apa kang dadi margane, dene sakèhe manungsa iki, padha ora gêlêm anêtêpi marang laku patang prakara mau.

Mardibasa. Inggih sami ugi kados sadaya ingkang kasêbut ing ngajêng wau, kajawi awrating lêlampahan, inggih kathah ingkang botên mangrêtos, pramila kalenan sami botên anyumêrêpi kapanduk ing puwa-puwa, kathahipun ugi sakawan prakawis kados ing ngandhap punika.

1. Murang cara.

--- 57 ---

2. Lêngus.

3. Dhugal.

4. Langguk.

Inggih punika ingkang sagêd ambadharakên dhatêng lampah sakawan prakawis wau, sarêng makatên botên sagêd angsal rahayu, malah sagêd adamêl: sangsaraning raga.

Bab 23.

Nawungkridha. Sarèhning ingsun durung sumurup, prayoga têrangna, iya puwa-puwa patang prakara mau, apa margane dene bisa gawe sangsaraning raga.

--- 58 ---

Mardibasa. Ing mangke puwa-puwa sakawan prakawis wau, pikantukipun kula wijangakên kados ing ngandhap punika:

1. Murang cara, mênggah angsal-angsalanipun adamêl camah.

2. Lêngus, pikantukipun ginêthingan.

3. Dhugal, tumandukipun angsal sêndhu.

4. Langguk, tumusipun sagêd angsal duka cipta.

Ing mangke pikantukipun sangking puwa-puwa sakawan prakawis wau, yèn kinêmpalakên tinata uruting têmbung makatên: dipun camah sinêndhu [si ...]

--- 59 ---

[... nêndhu] ginêthingan, sarta angsal duka cipta: mênggah ingkang makatên wau, lah punapa botên adamêl sangsaraning raga.

Bab 24.

Nawungkridha. Iya kulup, ingsun wus mangrêti, dadi kang kaya mangkono mau, lakune wong niru marang panggawe bêcik, samêngko ingsun têtakon manèh, kaya apa lakune wong kang gugu marang panggawe kang nyata, katrangan lan wêwijangane, pratelakna supaya ingsun bisa sumurup lan mangrêti.

Mardibasa. Inggih prayogi, sarèhning kabodhoan [ka ...]

--- 60 ---

[... bodhoan] punika, langkung gampil sangêt sagêdipun lumêbêt dhatêng pêpêtênging pangidhêp, kados ta: lajêng piandêl, tuwin anggêga dhatêng ingkang mawa sarana, wujud utawi warni, inggih punika ingkang lajêng sagêd anglimputi dhatêng: lêrêsing panêmbah, pramila manungsa punika prêlu sangêt kêdah amarsudia panduk sêsoroting Hyang Pramana, wontên prabawa catur pakarti kados ing ngandhap punika:

1. Waspada.

2. Waskitha.

--- 61 ---

3. Gunawan.

4. Wicaksana.

Sintêna tiyangipun, môngka sampun sagêd kapanduk sêsoroting Hyang Pramana, praba catur pakarti wau, saèstu sagêd mahanani dados ayêm lan atênging manah.

Bab 25

Nawungkridha. Hèh kulup, prayoga têrangna, lah apa mulane praba catur pakarti mau, dene bisa gawe: antêng lan ayêming ati.

Mardibasa. Ing mangke kula têrangakên wêwijanganipun, mênggah praba catur pakarti wau, pikantukipun [pi ...]

--- 62 ---

[... kantukipun] kados ing ngandhap punika:

1. Waspada, punika mahanani sagêd dados têtêging manah.

2. Waskitha, punika pikantukipun sagêd dados kêndêling manah.

3. Gunawan, punika sagêd sumorot dados tanggoning manah.

4. Wicaksana, punika sagêd tumimbul dados antênging manah.

Ing mangke pikantukipun sangking praba catur pakarti wau, yèn kinêmpalakên sarta tinata uruting têmbung makatên: têtêg,

--- 63 ---

kêndêl, tanggon, tuwin antêng manahipun, sarêng makatên lah punapa botên adamêl: ayêming manah.

Bab 26.

Nawungkridha. Iya saupama bisa têtêp mangkono sakèhe barang kang pinanduk apa dene solah-bawa lan tindake, amêsthi iya ora bisa tiba ing sasar, balik sakèhe manungsa iki, lah apa mulane dene ora bisa sinungan praba kang kaya mangkono mau.

Mardibasa. Pramila botên kasinungan makatên [ma ...]

--- 64 ---

[... katên] wau, jalaran ing ngriku taksih kêbak kaisèn dening lêlimut, kathahipun ugi catur pakarti kados ing ngandhap punika:

1. Kilap, utawi botên sumêrêp,

2. Gênjong,

3. Bodho,

4. Pêngung.

Inggih lêlimput makatên punika, ingkang tansah nulad sêsorot prabaning Hyang Pramana kang catur pakarti wau, sarêng makatên saèstu botên sagêd angsal ayêm, [a ...]

--- 65 ---

[... yêm,] malah gampil sangêt mahanani dhatêng gingsiring manah.

Bab 27.

Nawungkridha. Lah apa margane lêlimut catur pakarti mau, dene bisa mahanani marang gingsiring ati, coba têrangna wêwijangane, supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa. Ing mangke lumèbèring lêlimut catur pakarti wau wêwijanganipun kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

1. Kilap, saèstu lajêng mahanani dados samaring manah.

--- 66 ---

2. Gênjong, saèstu lajêng nuwuhakên dados jirihing manah.

3. Bodho, mênggah tumimbulipun saèstu sagêd dados gimiring manah.

4. Pêngung, mênggah tumuwuhipun sagêd adamêl gorèhing manah.

Ing mangke angsal-angsalanipun sangking lêlimut catur pakarti wau, yèn kinêmpalakên tinata uruting têmbung makatên: kapanduk ing samar, jalaran saking jirih, wêkasan gimir lan gorèh manahipun, sarêng makatên punapa kenging kawastanan ayêm [a ...]

--- 67 ---

[... yêm] manahipun, malah-malah lêgutaning manah ingkang makatên punika, ingkang gampil sangêt lajêng lumêbêtipun dhatêng ing pandamêl gugon-tuhon, kapiluyu kêlayu amèlu-mèlu, anut grubyug, sajatine tan wruh ngrêmbug, cêkak mapak, lêlabêt, budine rupak, têmah ngidak nêrak laranganing sarak.

Ngutugi lan mêmuji sela adi.

Bayu angkêr lêmah sangar kang dèn siwêr.

Banyu tawa, gone nyidhuk tangan kiwa, kanthi japa sarat dhuyung nganggo lênga bôngsa kêmat [kê ...]

--- 68 ---

[... mat] rinumati kangge jêjimat rupa gêrèh sinundêp dom waja akèh.

Binumbonan binuntêlan lêmah dagan dinonganan, keblate amadhêp ngetan, doyanane mênyan madu, gone tuku rêgane mêsthi sasuku, yèn wus mambu setane padha macucu, dèn obong arêng kêsambi, wadhahe pêcahan kwali amêmuji netrane ambrêbêsmili, labêt kênèng kukusing gêni.

Inggih punika dosanipun sujanma botên marsudi ing ngèlmi, têmah pêngung bingung kadalurung [kada ...]

--- 69 ---

[... lurung] dados kumprung.

Bab 28.

Nawungkridha. Iya gugon-tuhon kang kaya mangkono mau, saka pangrasane bisa gawe sih lan katrêsnaning liyan, kang sabab saka: ajine pêngasihan, aran jaran goyang utawa manèh bôngsa sathèt, tênung lan tuju, saka kirane bisa gawe sangsara lan cilakane mungsuhe lan satrune, ananging wêkasane tumraping bilahi, iya marang ing awake dhewe, iya iku jalaran lêlabêt saka ing bodhone, dadi kang nêmu [nê ...]

--- 70 ---

[... mu] enak goroh ing dhukun lan gurune, mulane ingsun dhewe iki, iya tansah amêmuji, muga ana sujanmi kang pikire darêngki, anggawa picis sêkandhi, dak wènèhi sarat kang prêmati, sajatine mung ngapusi, mring janma kang angantêpi.

Yèn rajah kalacakra, rêgane picis sakêba, lamun muja nganggo dupa, sajatine kang mangkana wujude apus balaka.

Dadi barêng mangkono, guru lan muride mau padha anggêbyur marang kasangsara, iya iku [i ...]

--- 71 ---

[... ku] tandhane kurang waspada.

Ing samêngko kulup, ingsun wus mangrêti, balik caritanira mau, kinèn anuruta marang panggawe bênêr, iku luwih prayoga têrangna manèh supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa. Yèn manungsa badhe nurut dhatêng pandamêl ingkang lêrês kêdah anêtêpana: lêgsana catur pakarti kados ing ngandhap punika:

1. Kêdah mêmpan dhatêng sakathahing jaman,

2. Kêdah angênggèni dhatêng yuda nagari,

3. Kêdah anêtêpi panduking adil,

--- 72 ---

4. Kêdah anut lan miturut punapa caraning agaminipun.

Inggih lêgsanana kawan prakawis wau, môngka sarana ingkang dados lêlabêting kanugrahan.

Bab 29.

Nawungkridha. Lah apa sababe lêgsana catur prakara mau dene bisa agawe lêlabêting kanugrahan, bêcik têrangna pisan supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa. Yèn paduka arsa uninga pikantukipun lêgsana catur pakarti wau

--- 73 ---

wêwijanganipun kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

1. Mêmpan dhatêng sakathahing jaman, wêwatêkipun adamêl lêstantun,

2. Angênggèni dhatêng yuda nagari, labêtipun adamêl kasêmbadan,

3. Anêtêpi ing ngadil, sumarambah andadosakên kamulyan,

4. Anut sacara agaminipun, tumus angwontênakên widada.

Ing mangke pikantukipun sangking lêgsana catur pakarti wau, yèn kinêmpalakên sarta [sar ...]

--- 74 ---

[... ta] tinata uruting têmbung makatên: widada sarta lêstantun, kasêmbadan, wêkasan amanggih mulya.

Lah ingkang makatên punika punapa botên kenging kawastanan: lêlabuhaning kanugrahan.

Bab 30.

Nawungkridha. Lah iya, yèn ingsun karungu kabèh piwulange para pandhita sajroning praja, kaya ta: lêgsana catur pakarti mau, sarèhning iku wus têtela bisa dadi labêting kanugrahan, apa mulane padha ora gêlêm tumindak kang kaya mangkono.

--- 75 ---

Mardibasa. Inggih margi awrat utawi botên mangrêtos malah kathah kemawon ingkang sami tumindak anglampahi dhatêng sambekalanipun wontên sakawan prakawis kados ing ngandhap punika:

1. Kau

2. Blasar

3. Rusuh

4. Murtat

Inggih sambekala sakawan prakawis punika ingkang anggagarakên ing: kanugrahan malah anandhang cintraka.

--- 76 ---

Bab 31.

Nawungkridha. E e tindak kang kaya mangkono iku dadi bisa gawe jalarane nandhang cintraka, coba ingsun arsa sumurup têrangna nalar-nalare, apa sababe sambekala mau bisa gawe mangkono.

Mardibasa. Yèn paduka arsa uninga ing mangke kula wijangakên katranganipun kados ing ngandhap punika:

1. Kau, sagêd mahanani dados kandhêg.

2. Blasar, sagêd muwuhi dados kêmba.

3. Rusuh, sayêgti amanggih duraka.

--- 77 ---

4. Murtat, sagêd dados jalaraning kasangsara.

Ing mangke pikantukipun sangking sambekala sakawan prakawis wau, yèn kinêmpalakên sarta tinata uruting têmbung makatên: kêmba jalaran kandhêg ing lampah, têmahan amanggih duraka lan kasangsara. Sarêng makatên lah punapa botên kenging dipun wastani: anandhang cintraka.

Bab 32.

Nawungkridha. Iya wus bênêr bangêt kêna diarani: nandhang cintraka, sabab kaya mangkono tinêmune: ing samêngko ingsun têtanya manèh

--- 78 ---

duk mau caritanira, kudu amiliha marang kang pakolih iku tindake lan wêwijangane têrangna pisan supaya ingsun bisa mangrêti.

Mardibasa, sapunika kula wijangakên yèn manungsa badhe milih dhatêng tindak kang pakolih, inggih kêdah anêtêpana catur patrapan kados ing ngandhap punika:

1. Sumêrêp ing dugi-dugi,

2. Sagêd amrayogi,

3. Tanduk prasaja,

4. Apralêbda.

Sintêna tiyangipun môngka sampun sagêd anêtêpi [a ...]

--- 79 ---

[... nêtêpi] catur patrapan wau, saèstu kenging binasakakên manungsa ingkang sampurna.

Bab 33.

Nawungkridha. Lah apa mulane, dene catur patrapan iku kêna diarani: sampurna, coba têrangna wêwijangane supaya ingsun bisa sumurup.

Mardibasa. Supados têrangipun ing mangke pikantukipun sangking catur patrapan wau, kula wijangakên kados ing ngandhap punika:

1. Sumêrêp ing dugi-dugi, mênggah pikantukipun sagêd adamêl cèplêsing panduk,

--- 80 ---

2. Pamrayogi, sagêd mahanani dhatêng pantêsing solah-bawa,

3. Prasaja, sumarambahipun sagêd adamêl pikantuk dhatêng sakathahing panduk,

4. Pralêbda, sagêd tumuwuh pikantuk lêga.

Ing mangke pikantukipun catur patrapan wau yèn kinêmpalakên sarta tinata uruting têmbung makatên, sangking cèplêsing panduk, pantês yèn sagêda pikantuk ing wêkasan angsal kalêganing manah. Sarêng makatên pramila kenging binasakakên: manungsa kang sampurna.

Bab 34.

--- 81 ---

Nawungkridha. Lah apa mulane sakèhe manungsa iki dene ora mêsthi padha anggayuh kang kaya mangkono mau.

Mardibasa. Ing mangke kula têrangakên, kajawi awrating lêlampahan utawi botên mangrêtos manungsa punika kathah ingkang sami kalêbêtan dhatêng rubeda catur pakarti kados ing ngandhap punika:

1. Kathung.

2. Weda.

3. Mukir.

4. Siyal.

--- 82 ---

Inggih rubeda makatên punika, ingkang sagêd amênggak dhatêng tindaking kasampurnan malah kenging dipun wastani manungsa ingkang nandhang papa.

Bab 35.

Nawungkridha. Lah apa sababe kulup rubeda catur pakarti mau, dene bisa gawe mangkono.

Mardibasa. Ing mangke pikantukipun sangking rubeda catur pakarti wau, wêwijanganipun kula têrangakên kados ing ngandhap punika:

1. Kathung, sagêd mahanani dados kalèntuning panduk,

--- 83 ---

2. Weda, punika sagêd andadosakên saru,

3. Mukir, sagêd tumuwuh dados tiwas,

4. Siyal, sagêd angawontênakên gêla.

Ing mangke angsal-angsalanipun sangking rubeda catur pakarti wau, yèn kinêmpalakên sarta tinata uruting têmbung makatên: tiwas sinaru, jalaran sangking kalèntuning panduk, ing wêkasan kataman gêlaning manah: sarêng makatên lah punapa botên kenging kawastanan tiyang nandhang papa.

Bab 36.

--- 84 ---

Nawungkridha. Iya kulup sakèhing caritanira saka labêt tindaking manungsa kang wus kasêbut ing dhuwur mau, ingsun uga wus mangrêti, ananging murih gampanging panggayuh, pratelakna pisan titikan lan urut-urutan sarta rêringkêsane saka lêlabêting tindaking manungsa kang kaya mangkono mau.

Mardibasa. Yèn paduka arsa uninga, urut-urutan sangking lêlabêt sadaya tindak-tanduking manungsa ingkang sampun kasêbut ing nginggil wau, titikan trajanging lampah kados ing ngandhap punika :

--- 85 ---

1. Tatakraminipun botên kadamêl labêting manah nguthuh.

2. Subasitanipun botên kadamêl labêting manah blubut.

3. Pangrêngkuhipun botên kadamêl labêting manah saèn.

4. Ajrih dhatêng ing sarunipun.

5. Isinan dhatêng ing klèntunipun.

6. Nyirik dhatêng ing sikunipun.

7. Rikuh dhatêng ing kawiranganipun.

8. Kulina dhatêng ing kasaenanipun.

9. Murina dhatêng ing karugianipun.

--- 86 ---

10. Rumaos manawi manggih kalêpatan.

11. Saèn dhatêng ing katêmênanipun.

12. Kopèn dhatêng kautamènipun.

13. Gêtun dhatêng soring prabawanipun.

14. Ngêndonakên, êmpan papaning kalêrêsan.

15. Awas dhatêng lumuhing liyan.

16. Rêringa dhatêng rêrikuhing liyan.

17. Têmên botên boros yèn cinoba ing arta.

18. Botên rusuh pangrêngkuhipun yèn cinoba ing èstri, utawi èstri cinoba ing kakung, botên nguciwani.

--- 87 ---

19. Botên jirih yèn cinoba ing kêndêl.

20. Yèn cinoba ing damêl, sadaya rampung utawi dados.

21. Botên ngrêsula yèn cinoba ing lampah panganiaya.

22. Yèn cinoba ing siya, botên ngoso.

23. Yèn cinoba ing duka, botên sêling-sêrêp.

24. Yèn cinoba ing têmên, botên goroh.

--- 88 ---

25. Dene rêringkêsanipun sangking lêlabêt tindaking manungsa kasêbut ing nginggil wau inggih punika:

1. Kasêbut ing bab 1 ôngka 1 dumuginipun bab 18, inggih punika: nami labêting raos ingkang nugraha.

2. Ingkang kasêbut ing bab 19 ôngka 2 dumuginipun bab 35 inggih punika: nami labêting manah ingkang pinuji.

3. Ingkang kasêbut ing bab 36 ôngka 3 inggih punika: nami labêting solah-bawa ingkang winulya.

--- 89 ---

Pramila manungsa yèn sampun gadhah wataking lampah makatên wau.

1. Adat pun jiwa botên gadhah lêpat tuwin ajrih.

2. Pun raos botên sumêlang yèn sakit tuwin malarat.

3. Pun manah botên gadhah watak mar tuwin elik.

Wêkasan tiga wau anglênggahakên antêbing tekhad ingkang dados piandêl, dados têtiga têmbung wau yèn tinata makatên: pun jatmika kêtangi amuji raos

--- 90 ---

nugraha.

Ngalamat ungêling pêksi prênjak.

Prênjak mungêl sajodho wontên sakidul griya, kêtamuan priyayi suka pratikêl sae.

Prênjak mungêl kilèn griya lêrês, kêtamuan sêdya awon.

Prênjak mungêl ngubêngi griya têmu gêlang langkung sae, antuk rijêki tuwin kalangkungan.

Prênjak mungêl lèr griya lêrês, arsa kêtamuan gurunipun, paring pitutur sae.

--- [91] ---

Prênjak mungêl sawetan griya lêrês, lajêng mencok wuwungan tan sae arsa kobar.

Ungêling pêksi dhandhang.

Dhandhang mungêl lèr wetan griya, arsa kêtamuan pandhita.

Kidul griya dadi sabarang gawene.

Kidul griya bênêr, rêjêki prapta.

Kilèn griya, arsa rêbut suwala.

Kilèn griya bênêr, arsa krami.

Kilèn lèr, mikir ati ala arêp ana lara.

Lèr griya bênêr, arsa nêmu kawirangan.

Wetan griya, arsa nêmu sanak kang bêcik.

--- [92] ---

Dhandhang muni mencok ing wuwungan sarta rada suwe, ngalamat susah gêdhe wong iku.

--- [0] ---

1. Kyai Supa: Kraton Mojapait,[6] pêputra.

2. ?mpu Sêndhang: Kraton Mojapait, pêputra pidhah[7] ing Pajang.

3. Kyai Sêtrabanyu: Kraton ing Pajang, pêputra pidhah ing Mataram.

4. Kyai Umyang Kraton ing Pajang, pêputra pidhah ing Mataram.

5. Kyai Lujuguna 1 Kraton Mataram, pêputra pidhah ing Mataram.

6. Kyai Lujuguna 2 Kraton Mataram, pêputra pidhah ing Mataram.

7. Kyai Lujuguna 3 Kraton Mataram, pêputra pidhah ing Mataram.

8. Kyai Lujuguna 4 Kraton pidhah Mataram Kartasura, pêputra pidhah ing Mataram.

9. Kyai Macan Japan sêpisan, Kartasura, pêputra pidhah ing Mataram.

10. ?mpu Braja pidhah Surakarta, nama Brajaguna 1.

11. Brajaguna 2 Ki Têmbarok saking Mêdura.

--- [0] ---

Katrangan rêringkêsaning lampah: asthagina, ingkang kasêbut sêrat punika.

[Grafik]

Bab 21 dumuginipun bab 23 inggih punika lênggahing lampah ingkang niru dhatêng ingkang sae.

[Grafik]

Bab 25 dumuginipun bab 27 inggih punika lênggahing lampah ingkang anggêga dhatêng ingkang nyata.

[Grafik]

Bab 29 dumuginipun bab 31 inggih punika lênggahing lampah ingkang nurut dhatêng ing kalêrêsan.

[Grafik]

Bab 33 dumuginipun bab 35 inggih punika lênggahing lampah ingkang amilih dhatêng ing pakolih.

[Grafik]

--- [0] ---

Katêrangan rêringkêsaning lampah asthagina, ingkang kasêbut ing sêrat punika.

[Grafik]

Bab 3 dumuginipun bab 5 inggih punika lênggahing lampah ingkang andadosakên kajèn.

[Grafik]

Bab 7 dumuginipun bab 10 inggih punika lênggahing lampah ingkang andadosakên kinèringan.

[Grafik]

Bab 12 dumuginipun bab 14 inggih punika lênggahing lampah ingkang andadosakên kamulyan.

[Grafik]

Bab 16 dumuginipun bab 18 inggih punika lênggahing lampah ingkang andadosakên kaluhuran.

[Grafik]

--- [0] ---

Bab 36, ôngka 3, ôngka 1, dumuginipun ôngka 24, inggih punika nami pamandênging lêlêbêting lampah ingkang jatmika.

[Grafik]

--- 1 ---

[Sêrat Sastra Harjendra tuwin Sastra Cêtha][8]

Punika Sêrat Sastra Harjendra, têgêsipun kawruh kayuwananipun Sang Hyang Bathara Endra, ing kina ingkang piningit dados pikawruhing para jiwa jiwata sadaya, yèn manusa ing Ngarcapada môngka dèrèng linilan ing jawata, purun anggumyahakên kawruh wau, anampèni sapudêndhaning Kang Kawasa, kinibat kabêgyanipun[9] dados karsanipun kêdah papan êmpan, angon sipta[10] sasmitaning masakala, manawi sampun sumêrêp sasuraosipun saèstu hayuningrat, amumpuni [amu ...]

--- 2 ---

[... mpuni] ing jagad triloka, inggih punika jagad tiga, jagad ngalam dunya, jagad ing toya, jagad sunyaruri, têgêsipun jagad kaalusan, panggenaning bôngsa rohkhani sadaya, mênggah lampahipun angangge pambêkan gangsal prakawis, dipun wastani pônca purwanda.

1. Among; 2. Amot; 3. Kamot; 4. Momot; 5. Mêngku.

Bilih sampun sagêd kasambadan lajêng amratandhani kadadosan gangsal prakawis malih, dipun wastani pônca pranawa.

--- 3 ---

1. Titis; 2. Têtês; 3. Tatas; 4. Putus; 5. Têmbus.

Bilih sampun buntas amrabawani gangsal prakawis wau, lajêng angaladi gangsal prakawis malih, dipun wastani pônca prabawa.

1. Singit; 2. Wingit; 3. Lungit; 4. Ngulabi; 5. Maladi. Wêdharing cariyos kados ing ngandhap punika.

Awiyos ingkang kacariyos panjênêngan Nata Sang Hyang Guru, kala angejawantah jumênêng Nata wontên Mêdhangkamulan, apêpatih Rêsi Kanekaputra,

--- 4 ---

inggih Sang Hyang Naradha, wêdal samantên Sang Hyang Guru ingkang ugi nama Sri Maharaja Budha, nuju ing ari Anggara Trêsna, têdhak dhatêng Bale Suja, prênah pucaking wukir Jamusdipa, têgêsing Bale Suja, panggenan wisma pamujan, inggih pasujudan, dene Jamusdipa wau, têgêsipun panggenan pêtêng padhang, kajêngipun langgêng punika dumunung wontên ing cahya, kosokwangsulipun cahya dumunung wontên ing langgêng, ngibaratipun rintên dalu, tilêm wungu lair batos. Têdhakipun Sang Hyang Guru wau kadhèrèkakên [ka ...]

--- 5 ---

[... dhèrèkakên] patih Rêsi Naradha, akalihan putra ingkang gêgambèn Sang Hyang Sambu, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Bayu, sasampuning pêpêt wontên ing Bale Suja, Sang Hyang Guru angandika ing Rêsi Naradha, dhuh kakang kula analêsihakên bab kawruh kasunyatan, sêmantên jêngandika warah yèn[11] duk durung dumadi apa-apa, wus ana swara kayadene gêntha kêkêlèng, iku kajatèkna jablase kang têrang, supaya dadi pêpathokan kawruhing jawata, Sang Hyang Kanekaputra

--- 6 ---

matur jalèntrèhakên, dhuh pukulun, paduka sumêrêpa kaananing jagad punika botên marucut dhatêng sarira piyambak, sok sumêrêpa dhatêng sariranipun, inggih sumêrêp dhatêng kaananing jagad, awit punika sampun têtimbanganipun, kados ta: sadèrèngipun wontên punapa-punapa, sampun wontên swantên kadosdene gêntha kêkêlèng, dumêling, kajêngipun makatên, gêntha: ngibarat jam-jam: ngibarat swantên, kêkêlèng punika ngibarat wangsit, dumêling: punika

--- 7 ---

botên pêdhot, awit kaananing gêsang punika sangking kumara, kumara punika sabên ebah sampun suka sasmita, botên wontên kèndêlipun, kumara punika rumuhun piyambak, inggih punika karêntêging karsa, isbating jagad lan isbating badan, isbating jagad lêrêmipun sabên dalu, isbating badan sabên turu, turu utawi dalu punika sampun botên prabèntên kalihan ngalam langgêng, dados sat awang-uwung, amargi katingaling barang kang ngawujud punika sangking netraning jagad akalihan [aka ...]

--- 8 ---

[... lihan] netraning manusa, netraning jagad surya, côndra, netraning manusa maripat, witipun sangking pramana, mila kumara winastan rumiyin piyambak, dene wiwit tangi manusa sampun gadhah kajat, awêkasan pangrèhing raga punika amung kalayan karêntêg kemawon, dene pangrèhing jagad inggih sangking kumara ugi, kanyataanipun rijal, ungêlipun punika anggêlarakên lampahing jagad, dados sampun têtela ghaibing jagad punika wontên manusa, kawasanipun [kawasanipu ...]

--- 9 ---

[... n] wontên wosing sa, sa punika swasana, têgêsipun sumandhang ing urip, urip punika angandhang swasana, swasana punika tarik-tinarik kalihan gêlaraning jagad, sênêtaning jagad, gêlaraning jagad-jagad donya, sênêtaning jagad badaning manusa, obahing swasana angêwontênakên moruta, mila dipun wastani moruta dene sagêd amoring loro, aran loro, purbane saka ing siji, moruta yèn dumunung ing badan winastan napas, yèn dumunung jagad dunya winastan angin, pêrêsing

--- 10 ---

sakalih dados worih, têgêsipun kumpuling pangrèh, yèn ing jagad dunya banyu, yèn ing jagad manusa êrah, dayaning sang kalih dados hawa lan awan. Inggih punika trimurti, têgêsipun amoring têlu, dipun wastani manik, auma, kajêngipun awa, udaka, maruta, têgêsipun bêntèr, toya, angin, punika kenging kapurba dados pasêbutan sawiji, um, inggih punika nguwitakên kaananing wiji sajati.

Wondene ingkang sêpuh piyambak lintang

--- 11 ---

kalihan eyang, êmbah, uwa, punika isbating kaanan dunya, lintang kaluwihan, eyang: kawruh, êmbah: jajah, uwa: dhingin. Punika ingkang winastan sêpuh, awit manusa punika dhêdhasar kancana, sêsêpuhipun sangking kawan prakawis wau, upami janma botên gadhah kaluwihan, dipun wastani mudha, têgêsing mudha ênom, upami janma botên gadhah kawruh, inggih dipun wastani mudha, upami janma botên jajah inggih mudha, upami janma botên lair dhingin inggih mudha, mila punika

--- 12 ---

wau winastan sêpuh sadaya, tandhaning sêbutan botên wontên timbanganipun, kèndêl aturipun Rêsi Kanekaputra, Sang Hyang Jagadnata langkung suka anarima, dene jinarwa kaananing kawruh wau.

Sasampunipun makatên Sang Hyang Guru dhawuh dhumatêng sagung para putra, mênggah ingkang dados katekadanipun, kalilan matur piyambak-piyambak, para putra lajêng sami matur, ingkang rumiyin Sang Hyang Sambu, dhuh dewataning ulun, bilih kakênthênganing manah kula, dunungipun Kang Maha Kawasa punika [puni ...]

--- 13 ---

[... ka] wontên pangraos, mila jêjuluk Pangeran têgêsipun pangira, êmpanipun amurba, dene anggônda, rêsêp rumasuk ing karsa, kaingsêp ing grana, tôndha ghaib kawontênanipun, dene êmpanipun amung kalayan Kawasa kemawon, inggih punika jatining kôntha, dununging gêsang, sirnaning gôndha anarik jasating dunya, wujud kahana wangsul dhatêng kaanan, têtêp sampurnaning kawula gusti, sampun botên wontên kaulatan malih. Kèndêl aturipun Sang

--- 14 ---

Hyang Sambu.

Sang Hyang Brama matur, dhuh dewataning ngulun, bilih kakênthênganing manah kula, dunungipun Kang Maha Kawasa punika wontên ing dahana, mila jêjuluk Ujwalati, dene anyoroti, êmpanipun wontên prabawa, dene angêwontênakên hawa, hawa punika angimpuni sagunging rasa, karasa ing dalêm raos inggih punika sajatining rupa, têgêsing rupa, urup, inggih urup inggih urip, jatining kauripan punika jatining sêsurupan,

--- 15 ---

inggih punika dununging gêsang, sirnaning hawa anarik jasating dunya, wujud kahana wangsul dhatêng kaanan, têtêp kamulyaning sangkan paran, sampun botên wontên kaulatan malih, kèndêl aturipun Sang Hyang Brama.

Sang Hyang Endra matur, dhuh dewataning ulun, bilih kakênthênganing manah kula dunungipun Kang Maha Kawasa punika wontên ing janggêrêng, janggêrêng punika wêwukiraning jasat, jasat punika kadadosan sangking sarining jagad, sadaya saridossari sampun da-

--- 16 ---

sarira, amêngku rasa-rasa, dados warananing karsa, inggih punika jatining gêsang, tandhanipun sangking janggêrêng akalihan wêwukiran, sirnaning janggêrêng wangsul dhatêng kaananing wujud malih, têtêp langgêng tanpa karana, sampun botên wontên kaulatan malih, kèndêl aturipun Sang Hyang Endra.

Sang Hyang Bayu matur, dhuh dewataning ulun bilih kakênthênganing manah kula, dunungipun Kang Maha Kasawa punika wontên ing maruta, awit tôndha gêsanging manusa punika sangking napas, inggih ambêkan, jangji sirna [sir ...]

--- 17 ---

[... na] napasipun sirna jasatipun, jasat punika jamuring bajra, bajra dados kajêjêran, sirnaning jêjêr wangsul dhatêng lêlajêripun, têtêp jênjêm tanpa ewah, sampun botên wontên têtulatan malih, kèndêl aturipun Sang Hyang Bayu.

Sang Hyang Wisnu matur dhuh dewataning ulun bilih kakênthênganing manah kula, dunungipun Kang Maha Kawasa punika wontên ing toya, awit tôndha gêsanging manusa sangking rah, jangji pêjah rahipun sirna jasatipun, rah punika rahsaning toya, kenging kasêbut rah sajati, sirnaning [sir ...]

--- 18 ---

[... naning] jati dhatêng kajatènipun, inggih jati-jatining atunggil, têtêp sawarga, têgêsipun sabanyu inggih kasarira, inggih saôngga, tôndha yèn banyu dhatêng kaananing banyu malih, kaananing banyu dhatêng cahya, kaananing cahya dhatêng ghaib, sampun sampurna lêpasing sangkan paran sampun botên wontên katulatan malih, kèndêl aturipun Sang Hyang Wisnu.

Ya ta Sang Hyang Guru kalangkung bijagsana, sasampuning têrang anggènipun angraos kawruhing putra piyambak-piyambak wau, kados dene [de ...]

--- 19 ---

[... ne] dipun sah panggalihipun, wasana angandika hèh yoganingsun kabèh, mungguh kang dadi kakêncênganing atine, limang prakara mau padha ingsun arsani kabèh, sabab padha panunggalan, sanajan seje perangane, kumpul kasampurnane, dene padha marang kajatèning urip, iku padha bênêr kabèh, dadi bêbasane anunggal kang pinaran, amung seje dêdalan, iya kawruh lima iku ingsun kumpulake dadi sawiji, minôngka wêwatone jiwa jiwata kabèh, Si Sambu iku anêtêpi kaananing swasana, Si Brama anêtêpi kaananing [kaa ...]

--- 20 ---

[... naning] dahana, Si Endra anêtêpi kaananing buwana, Si Bayu anêtêpi kaananing maruta, Si Wisnu anêtêpi kaananing gangga, kumpule swasana, gêni, bumi, angin, banyu. Iku dadi urip sawiji, padha duwe daya dhewe-dhewe, swasana marang kuwat, gêni marang hawa, bumi marang jasad, angin marang napas, banyu marang rahsa, iku ingsun arani pôncakumala, darbe palawangan pôncadriya, kaya ta: gônda, dununge pangrasa, netra dununge pramana, karna dununge pamiyarsa, lesan dununge ing rasa, ing

--- 21 ---

purus, lan pawèstrèn dununge pangrasa, iku saka antarèn driya, 1. Manas, lire manah, 2. Budi, 3. Angkara, lire nêpsu, 4. Sita, 5. Wantuya, lire mulur, wuwuh, iku banjur marang pancèn driya, 1. Tangan, 2. Suku, 3. Maras goning napas, 4. Jubur, 5. Konthol lan besuk oncate wiji mau, yèn têkan zaman wuri-wuri, iya pajar ulihan dhewe-dhewe, kaya ta: banyu, têgêse suda gêtihe, kaya ta angin têgêse suda napase, kaya ta: bumi têgêse suda jasate, kaya ta: gêni

--- 22 ---

têgêse suda nêpsune, iku kasampurnane dhewe-dhewe, kang nêpsu, dadi cahya abang, kang jasad, dadi cahya irêng, kang napas dadi cahya kuning, kang rahsa dadi cahya putih, kang pangrasa dadi cahya môncawarna, pancadane kamulyane, cahya irêng sumusup marang cahya abang, cahya abang sumusup marang cahya kuning, cahya kuning sumusup marang cahya môncawarna, dene cahya môncawarna banjur marang cahya mancur, cahya mancur banjur marang cahya mancorong, cahya mancorong banjur marang cahya gumilang tanpa wêwayangan, cahya gumilang tanpa wêwayangan banjur marang [ma ...]

--- 23 ---

[... rang] cahya wêning, cahya wêning banjur marang kamumu, têgêse kumara, kang diarani nukat ghaib, wus ora ana rêrasan manèh, iya iku gaduging kawruh, nanging samono mau katrimane ana ing pangèsthine dhewe, kèndêl pangandikanipun Sang Hyang Guru, Patih Rêsi Naradha angèstokakên, para putra amangayubagya, lajêng sami muksèng kahyangan, wontên tandhaning katarima, panggenan wau amulêg gônda arum angambar marbuk wangi.

Sarêng ing antawis dintên malih, amarêngi malêm Sukra Sang Hyang Guru têdhak angejawantah dhatêng

--- 24 ---

wukir Maendra, kadhèrèkakên Patih Rêsi Naradha, akalihan putra gambèn gangsal wau, Sang Hyang Sambu, Sang Hyang Brama, Sang Hyang Endra, Sang Hyang Wisnu, Sang Hyang Bayu, Sang Hyang Guru angandika cipta sasmita, tigang rambahan, he yoganingsun kabèh iki, mungguh sasmita iki, sapa kang bisa batang karêpe lan jablase, run-tumurun bakal ambawani bawana, gêlarane kaya ing ngisor iki: 1. Among, 2. Amot, 3. Kamot, 4. Momot, 5. Mêngku.

Utawa manèh, 1. Titis, 2. Têtês,

--- 25 ---

3. Tatas, 4. Putus, 5. Têmbus.

Utawa manèh, 1. Singid, 2. Wingid, 3. Lungid, 4. Ngulabi, 5. Maladi.

Bathara Brama matur, dhuh dewaning ulun, sangking pambatang amba, among punika surya, dene angawruhi sèsining jagad, awit ambêking surya punika, sarèh ing karsa, rèrèh ing pangarah, botên sadaya daya antuka, samukawis kang dèn êpe bêntèring surya, botên kaenggal-enggalakên garing, lampahipun angarah-arah, patrapipun angirih-irih, pamrihipun ing sabarang rèh yèn rèrèh botên [bo ...]

--- 26 ---

[... tên] rêkaos dènnya amisesa. Amot punika bumi, dene angêmot sèsining jagad, tansah adêdana karêm bêbungah maring janma, danane dene têtuwuhan kang cukul ing awakipun sukalila dèn ambil ing janma, sampun ingkang têtuwuhan yèn botên lilaa, sanadyan badanipun piyambak kadhudhukan kapaculan lêga lila botên sak sêrik, malih bilih kalêrêsan angatingalakên papêndhêman rajabrana, dados kabingahanipun kang andhudhuk.

Kamot punika angin, dene kamot [kamo ...]

--- 27 ---

[... t] wontên sèsining jagad, tan pêgat ing titipariksa, anggung anglêbêti sasolah-bawaning janma, sagêd anuksma ing agal rêmpit, amiguna ingaguna, lampahipun botên mawi wangênan, pamrihipun tanpa têngêran, bilih katulak botên êsak, katarik botên sêrik. Momot punika sagantên, dene tan nampèni sasarahing jagad, anggêlarakên apura para marta, sagêd angecani manah, botên rêngatan, wêwaha sapintên-pin[12] ingkang momori botên anggarêsah,

--- 28 ---

cinibukan pulih botên wontên tabêtipun, bilih kalêrêsan adamêl kaskaya dhatêng tiyang kang damêl sarêm.

Mêngku punika langit, dene angaubi sèsining jagad, angandhangi sagunging dumadi, angganjar adhêm angganjar panas, marang kang tumitah ing dunya, anggêlarakên kang elok-elok sadaya sami pinurih rahayu.

Wondene titis punika waspada botên kewran dhatêng lêlêrêsan, awon saening titah sampun katitik ing

--- 29 ---

pramana.

Têtês punika makna, botên kewran dhatêng kanyataan, awon saening titah sampun têtela botên kasamaran.

Tatas punika têdhas, botên kewran dhatêng sagunging rêrungsidan, awon saening titah sampun kapasuk ing kabijaksanan.

Putus punika tugêl, botên kewran dhatêng sagunging paprantasan, ruwêt rêntêng binengkas.

Têmbus punika têrus, botên kewran dhatêng lair batining titah, samukawis dipun jaga [ja ...]

--- 30 ---

[... ga] yitnane, kalawan manising sabda parimarma.

Wondene dhingin punika singêr, mratandhani bilih sampun kawasa amisesa sèsining jagad.

Wingit punika angkêr, mratandhani bilih sampun sarira Bathara, dados pandam pangaubaning sabumi.

Lungid têgêsipun landhêp, mratandhani bilih sampun ngimpuni saniskara, karakêtan sagung kalêpasan.

Ngulabi punika balêrêngi, mratandhani bilih sampun têtêp ing nugraha kasinggihan [kasinggiha ...]

--- 31 ---

[... n] anggènipun dados wêwakiling kawasa.

Maladi punika mrabawani, mratandhani bilih kaakên warana Sang Hyang Jatining Tunggal, kèndêl aturipun Bathara Brama, Sang Hyang Guru langkung suka anarima.

Ing sanalika lajêng kagiyarakên yèn pambatangipun Bathara Brama wau dadosa wêwaton pangagêmaning para nata amêngku wadyabala, dipun wastani kawruh sastra cêtha, têgêsipun kalandhêpan ingkang kacêtha.

Sasampunipun makatên Sang Hyang Guru dhawuh dhatêng para putra malih, yèn wontên kang gadhah pamanggih [pamang ...]

--- 32 ---

[... gih] langkungipun kados kang sampun kawêdhar punika, para putra botên sagêd matur, rumaos botên sagêd anginggahi malih.

Bathara Wisnu matur, angaturakên pamanggih ingkang suraos tumrap dhatêng kawruh kasunyatan, makatên têrangipun.

Among, punika sajatosing agêsang, dumunung dzat wisesa, dene lêlampahan punika awon sae botên sah sangking gêsangipun, punapa panêdhaning raga jinurungan, dados punika rêrêming raos, botên dahwèn, anêtêpi satêmên.

--- 33 ---

Amot punika botên tampik, dumunungipun dhatêng mantêp, dados rumêsêp ing raos, kanyataanipun botên karonehan.

Kamot punika kacêkap, dumunungipun dhatêng èngêt, dados marêming pangraos, kanyataanipun botên supe.

Momot punika tumandho, dumunungipun dhatêng sabar, dados aringing napas, kanyataanipun botên nêpsu.

Mêngku punika ngukuhi, dumunungipun dhatêng santosa, dados sarèh ing karsa, kanyataanipun botên gimirên.

--- 34 ---

Kasêbut nginggil punika bilih kakêmpalakên dhatêng lampah gêgêbêngan, kados ta: mantêp, têmên, èngêt, sabar, santosa. Punika bilih kaèsthi jinurungan sêdyanipun dhatêng Kang Kawasa, utawi kinajrihan samining dumadi, nanging sami wontên sambekalanipun, mantêp widanipun yèn aras-arasên, têmên widanipun yèn melikan, èngêt widanipun yèn karêm, sabar widanipun yèn dahwèn, santosa widanipun yèn keron, nanging sadaya wau botên kenging kapisahakên, mantêp botên têmên inggih cacad,

--- 35 ---

têmên botên mantêp inggih cacad, sanadyan têmên mantêp nanging botên èngêt cacad ugi, makatên salajêngipun.

Wondene titis, punika bênêr, dados dhatênging pana, jumbuhing kawruh pramana, manggènipun dhatêng nukad ghaib, kanyataanipun cahya kang piniji.

Têtês punika têtela dados dhatênging dumadi, jumbuh ing kawruh babaring wiji, manggènipun tanajul tarki, kanyataanipun kawahana.

Tatas punika buntas, dados dhatêng parantas, [pa ...]

--- 36 ---

[... rantas,] jumbuhing kawruh lêpas sangkan-paranipun manggènipun ngadam makdum, kanyataanipun sunya-ruri.

Putus punika rampung, dados dhatêng wêkasan, jumbuhing kawruh babar kapisan, manggènipun sampurna, kanyataanipun mulya.

Têmbus punika anêrus, dados dhatêng kajumbuhan, cundhuking kawruh lingga bathara, manggènipun kumpuling kawula gusti, kanyataanipun langgêng tanpa karana.

Dene kumpulipun wijang-wijangipun makatên, pramana, têgêsipun cahya, inggih punika

--- 37 ---

cahyaning gêsang, witing wiji sêjati, timbanganipun anama nukat ghaib, têgêsipun wiji kang samar, tanajul tarki, têgêsipun inggah turuning tumuwuh, inggih punika babaraning wiji, nukad ghaib lajêng kalair: ngadam makdum, timbanganipun anama sunya-ruri, têgêsipun ngalam suwung, dèrèng wontên sawiji-wiji, inggih punika ngalam langgêng: babarpisan, timbanganipun nama sampurna, têgêsing babarpisan rampung, têgêsing sampurna pulih: lingga bathara, timbanganipun nama kawula gusti, inggih punika jatining sawarga, têgêsing lingga bathara, sarira [sa ...]

--- 38 ---

[... rira] dewa, têgêsing sawarga, kasarira, têgêsipun kawula, sampun kasarira ing Gusti, inggih sampun anggayuh makatên wau kenging dipun wastani putusing kawruh, tandhanipun duk ing gêsang gadhah antawis makatên, singid, têgêsipun singêr, damêl ajrih, wingid, têgêsipun angkêr, damêl miris, lungid, têgêsipun lêpas, landhêp, ngulabi, têgêsipun nyamari, balêrêngi. Maladi, têgêsipun mrabawani, ingkang sampun angsal wahyuning ngèlmi sajati saèstu makatên wau, kenging katêmbungakên jaya mursita, têgêsipun ungguling

--- 39 ---

kamuksan, pêrabotipun duk gêsang, awit umur 10 warsa dumugi 20 warsa, cêgah cumbana, awis sawêg nêdhêngipun karêm cumbana, dumugining umur 30 warsa, cêgah têdha, awit sawêg nêdhêngipun karêm dhahar. Dumugining umur 40, cêgah nêpsu, awit anêdhêng wêdaling napsu, dumugining umur 50 cêgah turu, dumugining umur 60, cêgah banyu, dumugining umur 70 cêgah guyu.

Kaananing umur punika wulanging guru kula Sang Usman Aji, wangsitipun makatên, cumbana iku marakake lêganing karsa, nanging yèn bangêt [ba ...]

--- 40 ---

[... ngêt] gone karêm luwih saka ngêkad, andadèkake cêkaking jiwa, têgêse cêndhaking umure, marmane wong rada cêgah cumbana andadèkake yuwana, sarta dawa umure, awèt kêkuwatane, dene yèn dhahar iku, marakake ayêming karsa. Nanging yèn bangêt karêm luwih saka ngêkad, andadèkake sumpêging budi, marmane wong rada cêgah dhahar, andadèkake kalêpasaning budi, dene nêpsu iku, amarakake lêganing pangônta-ônta, nanging yèn bangêt gone karêm nêpsu, anyudakake kayuwanan, [ka ...]

--- 41 ---

[... yuwanan,] dene turu, amarakake lêganing arip, nanging yèn bangêt gone karêm andadèkake luputing pangarah, dene yèn nginum banyu, amarakake kasêgêran, nanging yèn bangêt gone karêm amarakake galaking wisa, marmane wong cêgah banyu tawar marang wisa, dene angguyu amarakake lêganing ati, nanging yèn karêm guyu andadèkake sêmbrana, sêmbrana angilangake jatmika, anyudakake kabêgjan, marmane arang guyu akèh kabêgjane, tur kajèn kinawêdèn, awit [awi ...]

--- 42 ---

[... t] wênganing puji puja iku saka kêdaling lesan, barêng wus akèh wêtune guyune, babar pangèsthine, oncat saciptane.

Lan wontên malih kang dados lampahing manusa punika gangsal prakawis, turua yèn arêp nêpsu, têgêsipun manawi badhe nêpsu kasamura sare, saèstu ngarêm nêpsunipun, nêpsua yèn arêp pêrang, têgêsipun manawi badhe mangsah pêrang anêpsua, angindhakakên kapurunan, pêranga yèn arêp mangan, têgêsipun manawi badhe nêdha, kapêrangana ing panggalihipun, supados nuntên [nu ...]

--- 43 ---

[... ntên] marêm, mangana yèn arêp malaku, têgêsipun manawi badhe lampah asêsarata dhahar, supados damêl kuwawi, mlakua yèn arêp turu, têgêsipun manawi badhe tilêm kaliyêk-kaliyêka, lajêng kasêmbuh ungêl-ungêlan makatên, sabêcik-bêcikane turu bêcik mêlèk, sabêcik-bêcikane mêlèk bêcik tangi, sabêcik-bêcikane tangi bêcik linggih, sabêcik-bêcikane linggih bêcik lumaku, sabêcik-bêcikane lumaku bêcik kaliyêg-kaliyêg.

Lan apêsing manusa uga limang prakara,

--- 44 ---

karêm, carobo, nistha, digung, dahwèn, têgêse karêm, karêm kang maton, têgêsing carobo, karêm kotor, têgêse nistha, ambuwang wujude, digung têgêse anggêdhèkake kaluwihan, dahwèn têgêse saron, marmane wong ngaurip dèn sêsirih, lan dèn suci, lan dèn utama, lan dèn andhap-asor, lan aja pradulèn.

Dene panêngrane wong arsa nandhang susah, iku uga limang prakara.

1. Luh mijil tanpa karana, ing kawi udrasa, [udra ...]

--- 45 ---

[... sa,] têgêse luh mêtu tanpa sabab.

2. Wicara kaledhon tanpa karana, ing kawi cara meda, têgêse wicara dhompo tanpa sabab.

3. Gônda ala tanpa karana, ing kawi durgônda, têgêse mambu ala tanpa sabab.

4. Ati naratab tanpa karana, ing kawi tyas titis, têgêse ati naratab tanpa sabab.

5. Sarira uyang tanpa karana, ing kawi angga cancala, têgêse awake ura tanpa sabab.

--- 46 ---

Panêngraning manusa badhe angsal babênduning suksma, inggih gangsal prakawis.

1. Guyu ananêka luwih saka ngêkad, tan kêna sinayutan.

2. Nêpsu ananêka kang luwih saka ngêkad, tan kêna sinayutan.

3. Arip ananêka kang luwih saka ngêkad, tan kêna sinayutan.

4. Luwe ananêka kang luwih saka ngêkad, tan kêna sinayutan.

5. Adrêng ananêka kang luwih saka ngêkad, tan kêna sinayutan.

--- 47 ---

Mulane wong urip bêcik dikulinakake cêgah limang prakara mau, sayêgti[13] dadi laku kang luwih utama.

1. Cêgaha ing guyu, pakolèhe jatmika, jatmika iku marakake ênêng, ênêng iku marakake êning.

2. Cêgaha nêpsu, pakolèhe sabar, sabar iku marakake jinêm, jinêm iku marakake ênêng, ênêng iku marakake êning.

3. Cêgaha turu, pakolèhe lêpas budi, lêpas budi iku marakake waskitha, waskitha iku marakake ênêng, ênêng iku marakake [ma ...]

--- 48 ---

[... rakake] êning.

4. Cêgaha dhahar, pakolèhe anggampangake sêdya, wong gampang sêdyane bakal êning ciptane.

5. Cêgaha adrêng, samubarang kudu kang sarèh, sarèh iku watake mênêp, mênêp iku andadèkake êning.

Dene kang badhe angsal panêngran antuk pitulunging Pangeran punika gangsal malih:

1. Eling ananêka kongsi mijilakên waspa.

2. Jatmika ananêka kongsi mijilakên panêlôngsa.

3. ?lèk ananêka kongsi mijilakên [mijilakê ...]

--- 49 ---

[... n] rêrêm.

4. Warêg ananêka, kongsi mijilakên ayêming manah.

5. Sukur ananêka, kongsi mijilakên panarima.

Dene wontên malih kang kasandhangakên ing manusa botên kenging kapasthi ing manusa.

1. Bêgja, têgêsipun kadunungan kajêngipun.

2. Cilaka, têgêsipun kacupêtan sêdya.

3. Lara, têgêsipun owah gingsiring badan. [ba ...]

--- 50 ---

[... dan.] 4. Jodho, têgêsipun bojo.

5. Pati, têgêsipun puput gêsangipun.

Sarèhning botên sagêd masthi dados dipun ihtiyari, ihtiyaring anarik bêgja sangking nastapa, ihtiyaring aningkirakên cilaka sangking têmên awas emut, ihtiyaring kalising sakit, sangking kakulinakakên hawaning bumi lan tatêdhan, tuwin sarana jampi ihtiyaring anarik jodho, karêmbagakên kang murih dhatêng sênêng parêng, ihtiyaripun pêjah, [pê ...]

--- 51 ---

[... jah,] ambuntasakên dhatêng sampurnaning ngèlmu, nanging kêdah santosa ing budi, kanamakakên pôncasura,

1. Purun malarat,

2. Purun wirang,

3. Purun ngêlih,

4. Purun sakit,

5. Purun pêjah.

Utawi wontên malih ucap-ucapan sadasa bab anêdahakên dhatêng ricikaning sarira.

1. Eka, kuda ngrap ing pandêngan, têgêsipun jaran bigar wontên ing gêdhoganipun, pangêrabing kapal wau asungsung margi [mar ...]

--- 52 ---

[... gi] têgêsipun budi wontên ing badan.

2. Dwi, kombang anglèng ing tawang, têgêsipun kombang kumara, anglèng ing tawang, anglèng ing kaanan, dene botên kantênan dumunungipun tawang-tuwang jroning tawang ana madu, têgêsipun dzating gêsang.

3. Tri, adidiyan amèt gêni, gêni iku kang madhangi jagadira, têgêsipun cahya, inggih cahyaning urip, dene angurubi korêbing badan.

4. Catur, ngangsu pêpikulan warih, têgêsipun salêbêting toya wontên gônda lawan [la ...]

--- 53 ---

[... wan] rasa, inggih punika raos-pangraos.

5. Pônca, lêmbu nusu anake, wusing nusu si lêmbu aliru basa, ngibarat lair angawruhi batin, têgêsipun badan sumusub ing budi.

6. Sad, si kombang ngancik nèng tawang, suprandene si kombang agawe warta, têgêse osiking angên-angên.

7. Sapta, jong ngrap sumêngkèng ardi, dhuwur gunung nggone sêdya panarima, têgêsipun santosaning karsa.

8. Astha, si lumpuh ngidêri jagad, jagadira [ja ...]

--- 54 ---

[... gadira] kang aran garba sumôndha, têgêsipun inggih budi, dene botên sagêd kesah kajêngipun marika-marika.

9. Nawa, cebol anggayuh wulan, jroning wulan ana wujud lawan rupa, têgêsing wulan cahya, têgêsing wujud jênggêrêng, têgêsing rupa wêwukiran, inggih têtulisan.

10. Dasa, bisu mêgati padu, kang pinadu sirnaning Gusti kawula, têgêse sampurna, panunggaling kawula Gusti.

Utawi malih wulanging guru kula, jagad kadunyan [ka ...]

--- 55 ---

[... dunyan] lan kasunyatan punika kaperang kalih, yèn ing lair dipun wastani ngalam kabir, têgêsing kabir kababar, pangkatanipun mung sakawan, bumi, gêni, angin, banyu. Punika lajêng dados sahir, têgêsipun ngalam sir, jzasad, hawa, napas, rah, punika purbanipun dados kôntha, warna, ambu, rasa, wijangipun makatên, kôntha, jzasad punika janggêrêng, sangking bumi, warna, punika cahya, sangking latu, ambu, punika gônda, sangking angin, rasa, punika raos, sangking toya, sawêg [sa ...]

--- 56 ---

[... wêg] kèndêl samantên pangandikanipun Sang Hyang Wisnu, para kadang mabêni, dene têka gèsèh kalihan kang sampun kagêlarakên ing nginggil wau, rumiyin gêni, dinadi dhingin, ing mangke bumi dinadi dhingin, punapa botên sungsang buwana balik, wangsulaning Bathara Wisnu, sami lêrêsipun, yèn ingkang dinadi dhingin latu, punika dhatêng ngilmi kajinman, awit kinanipun kadadosan sangking latu jahanam, yèn bumi kang kinarya dhingin, punika dhatêng ngilmi kamanusan, awit kinanipun eyang Sang

--- 57 ---

Hyang At Hama inggih Nabi Adam rêraganganing raga sangking sarining bumi, ananging kosokwangsuling kaalusan makatên, banyu, angin, gêni, bumi. Punika kabasakakên mal, dene kêdadèning wiji kang wujud kêdah kawan prakawis wau, wontên badhenipun wontên dhasaripun, kèndêl aturipun Sang Hyang Wisnu, para kadang angèstokakên, wau ta Sang Hyang Guru sasampuning têrang sadaya, dahat suka anarima, kawruh kang dados ngèlmi, kanamakakên Sastrajendra, sarèhning kang angratoni [angrato ...]

--- 58 ---

[... ni] kaswargan Bathara Endra kaparingakên Bathara Endra, Sastra Cêtha kaparingakên putra sakawan, ananging yèn ing Sastra Cêtha, wontên kang dados widaning raja, dipun pralambangi makatên.

1. Kali tanpa banyu. Têgêse ratu tanpa ngadil.

2. Kayu tanpa woh. Têgêse ngalim tanpa ngamat.

3. Wisma tanpa payon, têgêse wong tanpa tobat.

4. Pandam tanpa cahya. Têgêse pikir

--- 59 ---

tanpa sabar.

5. Mêndhung tanpa udan, têgêse sugih tanpa loma.

6. Panganan tanpa uyah. Têgêse èstri tanpa wirang. Kajêngipun ratu kêdah adil, asuka angamati ngalim, angêgungna pangapuntên, kang sabar ing panggalih, kang loma, kang amingid dhatêng rêmêning wanodya sanès wajib, kasêbut ratu utama.

Saking Radèn Yasawarsita. Rêgi gangsal rupiyah slaka, ingkang tumbas sarta ingkang gadhah pun Ngabèi: Sura Prabawa.

9. 1. 3. 29.

--- [1] ---

[Sasmita, rasa, swara][14]

Ing ngisor iki wirayate yèn ana pikir têmratap kang tanpa sabab apa-apa.

Jam - Wayahe

12.12 - Bêngi - Arêp katêkan anak wadon duwe pikir bêcik.

3.4 - Bêngi - Arêp nêmu prakara ala bangêt.

5.6 - Esuk - Arêp ana dhayoh sumêja bêcik.

7.8 - Awan - Arêp ana wong awèh panganan.

9 - Awan - Arêp nêmu prakara nanging dadi bêcik.

10.11 - Awan - Arêp ana wong wadon duwe pikir bêcik.

12.12 - Awan - Arêp ana wong awèh panganan.

2.4 - Awan - Ana wong wadon têka duwe pikir bêcik.

5.6 - Sore - Arêp nêmu sênêng ing pikir.

7.8 - Bêngi - Arêp ana wong awèh layang bêcik.

9 - Bêngi - Arêp katêkan guru bêcik.

10.11 - Bêngi - Arêp ana wong awèh rupa panganggo.

--- [2] ---

Yèn kuping muni kang kiwa, wahananing sasmita.

Jam - Wayahe

12.12 - Bêngi - Ngalamat arêp kelangan dhuwit.

3.4 - Bêngi - Ngalamat arêp ana para padu.

5.6 - Esuk - Ngalamat arêp nêmu ukuman.

7.8 - Awan - Ngalamat bêcik.

9 - Awan - Ngalamat arêp kadhayohan.

10.11 - Awan - Ngalamat luwih bêcik.

12.12 - Awan - Ngalamat arêp lara.

3.4 - Awan - Ngalamat arêp katêkan sanak wong adoh

5.6 - Sore - Ngalamat arêp ana prakara nanging dadi bêcik.

7.8 - Bêngi - Ngalamat bêcik.

9 - Bêngi - Ngalamat arêp ana dhayoh.

10.11 - Bêngi - Ngalamat arêp ana wong awèh panganan.

--- [3] ---

Yèn kuping muni kang têngên, wahananing sasmita.

Jam - Wayah

12.12 - Bêngi - Ngalamat dipir[15] wong wadon

3.4 - Bêngi - Ngalamat arêp ana para padu.

5.6 - Esuk - Ngalamat arêp kelangan dhuwit.

7.8 - Awan - Ngalamat arêp nêmu ukuman.

9 - Awan - Ngalamat arêp lêlungan.

10.11 - Awan - Ngalamat ora bêcik.

12.12 - Awan - Ngalamat arêp katêkan layang.

3.4 - Awan - Ngalamat arêp ana wong awèh panganan.

5.6 - Sore - Ngalamat arêp ana wong lungan adoh.

7.8 - Bêngi - Ngalamat arêp kelangan dhuwit.

9 - Bêngi - Ngalamat arêp ana wong awèh panganan.

10.11 - Bêngi - Ngalamat bêcik.

--- [4] ---

Ing ngisor iki yèn ana wong wahing, kang ora dijarag sarta ora ana sabab apa-apa.

Jam - Wayahe

12.12 - Bêngi - Ngalamat arêp olèh rijêki sênêng.

3.4 - Bêngi - Ngalamat duwe anak susah pikire banjur têka.

5.6 - Esuk - Ngalamat ana wong wadon gawa panganan.

7.8 - Awan - Ngalamat arêp nêmu untung gêdhe.

9 - Awan - Ngalamat sugih rijêki rupa panganan.

10.11 - Awan - Ngalamat arêp kadhayohan kanthi rijêki.

12.12 - Awan - Ngalamat lêbar mangan ana dhayoh.

3.4 - Awan - Ngalamat arêp katêkan rijêki.

5.6 - Sore - Ngalamat ana ngomah wêdi mangan dadi ora bêcik.

7.8 - Bêngi - Ngalamat ana wong wadon têka jaluk pitulung takon prakara.

9 - Bêngi - Ngalamat ana wong wadon têka jaluk pitulung panggawean.

10.11 - Bêngi - Bêcik sarta slamêt.

--- [5] ---

Kasêbut suwalik ngajêng wau wasiyat sangking Ranuwijaya, ing Ngrante Wringin Bagêlèn, asli sangking Kyai Dipawirana, ing Mêjagan Maradhuwa, Cilacap.

Punika ngalamat kêdut.

Kêdutên ing sirah, ngalamat atuk sihing Gusti.

Kêdutên ing badan sakojur, ngalamat ningali kang sarwa endah.

Kêdutên ing bun-bunan, ngalamat bakal dadi mantri-muka.

Kêdutên ing bathuke, ngalamat atuk arta.

--- [6] ---

Kêdutên alis têngên, ngalamat antuk arta.

Kêdutên alis kiwa, ngalamat katêmu kasihane.

Kêdutên githoke, ngalamat pêtêng panggalihe.

Kêdutên tlapukan mata têngên ngisor, ngalamat arsa nangis.

Kêdutên tlapukan mata kiwa ngisor, ngalamat luput prihatin.

Kêdutên padoning mata têngên, ngalamat arsa nangis.

Kêdutên padoning mata kiwa, ngalamat katêmu kasihane.

Kêdutên irung sisih têngên, ngalamat bakal antuk arta suci.

Kêdutên irung sisih kiwa, ngalamat katêmu sanake.

Kêdutên uwang têngên, ngalamat dikasihi wong ala.

Kêdutên uwang kiwa, ngalamat katêmu gustine.

Kêdutên kuping têngên, ngalamat katêkan sadulur bêcik.

Kêdutên kuping kiwa, ngalamat antuk arta.

Kêdutên pipi têngên, ngalamat bakal lara nging gêlis waras

Kêdutên pipi kiwa, ngalamat antuk wêwangi.

--- [7] ---

Ngalamat kêdut.

Kêdutên lambe dhuwur, ngalamat antuk srama.

Kêdutên lambe ngisor, ngalamat arsa padu.

Kêdutên ilate, ngalamat sakit lan kasusahan.

Kêdutên sêntile, ngalamat sakit enggal waras.

Kêdutên gulu têngên, ngalamat lara.

Kêdutên gulu kiwa, ngalamat bêcik.

Kêdutên janggute, ngalamat sungkawa atine.

Kêdutên bau têngên, ngalamat tukaran.

Kêdutên bau kiwa, ngalamat dimêmule ing janmi.

Kêdutên sikut kiwa, ngalamat awèh bungah ing janmi.

Kêdutên sikut têngên, ngalamat kasusahan.

Kêdutên lunging asta têngên, ngalamat antuk arta.

--- 1 ---

[Pandamprana][16]

[Sinom]

1. pun mantri kaneman kiwa | ngarah tata têntrêm yêkti | berating beka rêncana | icala sukêring ati | supadi nulya dadi | raga mulya awas emut | pracaya tyas santosa | bagya kadugèn sakapti | waluyaning jiwangga tunggal nirwana ||

2. barkah dalêm jêng sri nata | tuwin kang ngasta nagari | Surakarta Adiningrat | kotamane narambahi | mring wadya sanagari | samyayêm marsudi kawruh | mrih gampil ngupa jiwa | among praja tani grami | mirah sandhang têdha saras kartaarja ||

3. kalising ama dursila | milamba kacèlu nganggit /

--- 2 ---

wulang sinawung ing têmbang | sanadyan dèrèng prayogi | wit unèng sastra Kawi | ngêsêm rasa kirang turut | mêksa mangun wasita | tumrap nak putu pribadi | datan ketang ingèsêman pra sarjana ||

4. mêthik kitap falak kubra | ringkêsan samsul mangarif | khaji santri kang mardika | kang lafal makna muradi | kula kang ngripta Jawi | murih cêkak cêkapipun | nadyan dèrèng sampurna | sagêda kandêl kang galih | dadya tôndha ngluhurkên praja narendra ||

5. mangkatên pituturira | dhuh sutengwang jalu èstri | rèhne sira wus diwasa | wêruha wajibing [wa ...]

--- 3 ---

[... jibing] urip | kang kanggo iki benjing | ywa kêtungkul mangan nginum | main kang tanpa guna | tan timbang ribêting buri | mangrêtia parlune nèng ngalam dunya ||

6. wit samêngko raganingwang | wus mancat jaman makiki | mamrih patilasan benjang | dhuh anggèr nak putu mami | muga tutuga sami | mong sênêng salaminipun | kuwat èngêt waspada | wiweka gêmi nastiti | ngati-ati ywa kandhêg dening rubeda ||

7. srêgêpa mrih guna srana | pyayi kriya tani grami | ywa kêmba mardi budaya | aja wêdi aja lali | mangu-mangu tan kêni | kang bisa tumibèng [tumi ...]

--- 4 ---

[... bèng] parlu | aja karêm prênesan | murih bênêr bêcik bathi | bèn kêbrayan sugih singgih panjang yuswa ||

8. wit si kaki lan si bapa | wis kêbanjur tuna budi | tan kadya para sujana | sarjana kang pintêr dadi | tur ta wakingwang iki | tan kêsèt gêla yèn nganggur | kudu mikir kahana /[17] sakuwate otot ati | jangkah gayuh kang jog mring catur upaya ||

9. prandene tanpa wiryarta | kawruh pèndhèk anak kêdhik | dene kêcukupan ingwang | mung saka wêtuning bumi | patang jung wolung kêcrit | mung mantri kasinggihaku /

--- 5 ---

ananging rasaning tyas | sukur marêm ayêm yêkti | datan gumun mring kang langkung bêgjanira ||

10. nora mèri mêsgul gêla | tan sulap slanggapan angling | sing kuwate takdirrolah | takdir kodrating Hyang Widhi | tan rikuh samar wêdi | kaya ta kang sinung kawruh | anggitaning sarjana | sujana tanah Ngarabi | wrin watêking makhluk ngrêti tekadira ||

11. kinarang anèng jilidan | kang aran samsul mangarif | yèku suryèng pangawikan | ya pandaming kawruh yakin | miwah kitap Falakil | Kubra lan kitap Tasawuf | maknane falak [fa ...]

--- 6 ---

[... lak] kubra | balêbêg isi fil ngèlmi | watêk kabèh sajagad kang sangking lintang ||

12. Tasawuf rêsik maksudnya | ngandhakke dadining takdir | rupa swara gônda rasa | kang urip mênêng myang mosik | têtêp tan owah nlisir | kabèh lêlakon lan wujud | kulup aku sung tilas | ugêring kawruh pamikir | nèng agama Mokhamad sadat rong klimah ||

13. têgêse sabên wong Islam | wus mêsthi ngrêti nêtêpi | iku banjur tancêbêna | mring ati ywa nganggo watir | digêlêm anglakoni/ [angla ...]

--- 7 ---

[... koni/] mrih têdhas landhêping kalbu | Kawi myang nitikrama | lire banjura marsudi | lafal makna murat rasa kawi jarwa ||

14. Pramasastra Ghramatika | pramabasa kang nyrambahi | karêpe ing têmbung têmbang | gêndhing kang dhanganke ati | sawise sastra Kawi | wruh ing petung unggah-ungguh | myang ngèlmu kuwarasan | kabèh wulang kang nèng tulis | iku dadi pawitan mrih môndraguna ||

15. dene piyandêling têkad | Tasawuf Hidayat Jati | kang gumêlar ngalam dunya | ginawe kodrating Widi | duk bakal dadi bayi | lair wandu èstri jalu | bagus madya lan ina/ [i ...]

--- 8 ---

[... na/] sandhang pangan papan pranti | suwe gêlis waras lara jamu tômba ||

16. bajang wlagang busuk bisa | bungah susah sugih miskin | saèn isin têmên dora | asor luhur eling lali | kuwat apêsing dhiri | enak nikmat bênêr luput | duk têmon bawa rasa | angèl gampile kang margi | murka nrima doh cêdhaking jatukrama ||

17. wayuh wadat gabug manak | kumpul pisah ngalih salin | wêdi wani guna srana | satru mitra kwula Gusti | sabab patrap sih sêngit | watêk wangkid murid [muri ...]

--- 9 ---

[... d] guru | wurung dadining tekad | sakarat wafating pati | wayah prênah panguburing mayit kita ||

18. wujud sirnaning jiwangga | bêgja cilakaning jisim | wus gênêp tan wuwuh kurang | saukur takêring dhiri | lakon wangkiding urip | wijine tanêman tuwuh | wêtune ron pradapa | kêmbang pêntil woh kang dadi | pare kuwi lunge mrambat titènana ||

19. de lung waloh darbe daya | bisa milih kang pakolih | nyingkire pakewuh lara | apa manèh badan iki | prangtine wus nyukupi | tinimbang bangsaning makhluk | rak luwih guna srana | tan susah dipun warahi | kang pracaya [praca ...]

--- 10 ---

[... ya] santosèng tyas têntrêm tata ||

20. nging ywa kita darbe kira | tanpa karya mulang mêling | dupèh kabèh wus kacêtha | nèng kitap Tasawuf ugi | tan susah mardi budi | wus dikodrat jasatipun | lir lunging uwi kara | tan parlu dipun lanjari | pêsthi bisa pakolih urip priyôngga ||

21. bênêr kang nyipta mangkana | nanging yèn lung tan pinêrdi | mrih mrambat marang lanjaran | nglêmpara wohe tan dadi | wiji lamun dipêrdi | ing lanjaran dhangir rabuk | subur bisa ngrêmbaka | wohe bêcik dadi wiji | wit Hyang Suksma murah sih dunyèng ngakherat || [ngakher ...]

--- 11 ---

[... at ||] 22. kang wruh silahing saringat | tan abarang tanpa kardi | mung nganti ing masa kala | kabèh kanggo prêlu sami | kang durung ahli budi | kuwalik luput trapipun | têmah kênèng larangan | dunyèng kherat antuk sêngit | wênèh janma lara lumuh jamu tômba ||

23. awit wruh sababing lara | watuk sangking adhêm lêgi | mêngko yèn gula wus sirna | watuk mari tanpa jampi | bênêr lamun kuwawi | badan bêtah tanpa nyêbut | balik kang tan sêmbada | kêjibah dipun aubi | anak putu kêtêmpuh ngrayat bujana ||

24. dhasar tan bêtah ing lara | anak putu [pu ...]

--- 12 ---

[... tu] sih mêlasi | mitulungi jamu tômba | dhukun dhoktêr jalu èstri | tan kêna dipambêngi | malah kang tuwa winuruk | jampi tômba punika | dene panulaking pati | mung sakite sagêda tumuntên sirna ||

25. abot angèle wong tuwa | kudu mot mêngku nglumuhi | mring ahli kang durung mriksa | wit kodrat iradat sami | istiyar takdir pêsthi | tunggal sangkan paranipun | mênêng mosik tan liya | sangking dzat sifating Widhi | tundha bema lamun batin ngalêm mada ||

26. utamane kang sêmbada | wajib nêtêpi agami | srengat Jêng

--- 13 ---

Nabi Mokhamad | Islam lair trusing batin | mrih dadi bênêr bêcik | arang tuna ala luput | nanging kang êmpan papan | masa kala lakon wangkit | wrin ing watêk têpa timbang murwat trêsna ||

27. manawa kita wus ngrasa | yèn kapiran mring agami | nuli salat sêmbahyanga | kang afsah ngibadah batin | nadyan wis Islam lair | yèn tan têrus batinipun | maksih kapir ngindallah | sanadyan wis Islam batin | yèn tan salat sêmbahyang kapir ngindanas ||

28. sawabe salat sêmbahyang | mring badan sêgêr nyrambahi | otot bayu balung darah | lakune [laku ...]

--- 14 ---

[... ne] kabèh lêstari | kuwat waras tan risi | mripat padhang anglèng ngrungu | mangan sathithik nikmat | miwah nucèkake mani | ati wêning mula wali nabi nata ||

29. tan kêndhat salat sêmbahyang | para bôngsa sabrang ngindhi | pirang puluh pirang praja | kang ngèstokên srengat nabi | wus pirang atus warsi | têmên bêcik sawabipun | lah coba lakonana | sarta rasakna kang titi | yèn tan nyata pratôndha durung binuka ||

30. ananging iku wus madya | tinimbang mung Islam lair | de wus ngadêl ing Hyang Suksma | tan tuna ing awal akhir | wong kang mung Islam [Isla ...]

--- 15 ---

[... m] lair | durung têtêp maksih kuwur | tekade rada samar | kurang ngandêl kêndêl yêkti | amung lowung tinimbang tanpa agama ||

31. inane janma taruna | kang kapir tanpa agami | lalèn lumuh barang karya | karêm marang kang mlarati | cilaka awal akir | kêrêp kewran ngumpêt ngapus | kêsèd dora rigênan | tan wruh bakal ala bêcik | kang tan mranti numpal kèli uripira ||

32. iku wong pangawak wisa | jirih imul bêtah ngisin | rakus gêdhung[18] murang krama | pintêr gawe rusak sêrik | patute wong kadyèki | sinaèng sajêge umur | muga pra warga

--- 16 ---

kula | bisa amilih pakolih | lan marsudi tulus têntrêming jiwangga ||

33. mupung têbih bayantaka | manuta agama sukci | ngindanas sarta ngindallah | dimèn slamêt dunya ngakir | sanadyan sugih singgih | kabrayan tur panjang umur | yèn murtat tanpa gama | maksih susah samar wêdi | nadyan miskin sandhang pangan anak somah ||

34. tan guna wirya tur mudha | ugêr Islam ing Hyang Widhi | mêsthi têntrêm nrima rila | labuh bôndha bau budi | tata têtêg saranti | arang nêmpuh ala luput | baut among rumêksa | waspada [waspa ...]

--- 17 ---

[... da] mring khukum ngadil | suthik candhak yèn durung cundhuk kang nyata ||

35. tan gumun gêtun kagetan | lumuh nutuh nêpsu sêrik | arang srêngên ngalêm mada | nutuh mutung nglalu suthik | mung ngèsthi manthêng siji | sampurnaning jiwanipun | karana wong nèng dunya | lir mampir saclèrèt tathit | kêthèn yutan lawan anèng kalanggêngan ||

36. wêruha parluning dunya | sarta ugêring ngaurip | manuta kêncênging cipta | pola pêpak wis cumawis | sing sugih apa singgih | bêcik ala bênêr luput | sor luhur bathi tuna | netra karna kang muruki | budidaya

--- 18 ---

kang gawa bêgja cilaka ||

37. nadyan iku tatakrama | nanging wajib diparsudi | awit dadining parasdya | kodrat iradat tan kari | yèn maksih anèng nagri | kudu manut tata laku | kang payu kanggwèng praja | ywa tumpang-suh ing pakarti | lamun durung têmên tega tinggal praja ||

38. dene yèn wus mantêp nyata | apa manèh kang binudi | enak nikmat anèng swarga | de norana kang ngrusuhi | wus têbih bungah sêdhih | gampang ènthèng uripipun | yèn tan manggon nèng marga | kêcêgah ing melik wêdi | kang wus ngèlmu wurung sida nèng jiwangga ||

--- 19 ---

39. yèn ditakdir bêgja bisa | bilih bathi bênêr bêcik | kuwat srêgêp mantêp lana | awas èngêt makolèhi | solah-bawa mrak-ati | marga gampang dadi luhur | yèn takdire cilaka | kabèh lakon kosokbali | angèl apês tan wêruh purwawasana ||

40. pralambange urip kita | kadya wadyaning narpati | kang ngampil prentahing praja | saundhak sabilik-bilik | tan kêna nyahak wajib | nadyan pangkat andhap luhur | manut bênêring tata | wus darbe pancèn kang mêsthi | sandhang pangan papan pranti watêk wênang ||

41. badan iki pama toya | anèng [a ...]

--- 20 ---

[... nèng] jêmbangan sakêthi | wêning kasorotan surya | yèn dinulu Sang Hyang Rawi | munggwing wadhah sakêthi | katon wujud kabèh jumbuh | lugune mung sajuga | srengenge kang anèng warih | arja rusak kang murba Hyang Maha Mulya ||

42. yèku Gusti mor kawula | sampurna tunggal pakarti | têtêp samad-sinamadan | pantaran tarik-tinarik | rasakna kang nastiti | patrap mong misah ing wujud | luyut layaping nendra | ywa korup lap lêsing guling | kang prayitna êmpan mapam[19] kalamasa ||

43. kang èngêt purwa wasana | mungguh jiwa raga iki | ngibarate wayang lulang /

--- 21 ---

kang manggon nèng kothak kêlir | mêtu mlêbu mring pêthi | ki dhalang kang wênang njupuk | ginawe kalah mênang | bênêr luput ala bêcik | lara waras mati urip wujud sirna ||

44. manut lakon kang ginêlar | upama lesan prêmadi | iya Radèn Dananjaya | munggwèng lakon Palgunadi | ginawe nora bêcik | melikan nasar bêkunung | tan wêruh kabêcikan | beda duk wiwaha muni | lanang brêgas prawira wirya utama ||

45. margane ala pituna | tan wruh ngawak luput lali | yèn bênêr bêcik tan bisa | kênèng ukum tuna sakit | ngadat sababing sakit | kaduk [kadu ...]

--- 22 ---

[... k] patrap mangan turu | kurang èngêt waspada | mring murwat êmpaning wanci | yèn prayitna arang luput ing lêlara ||

46. dene sulayaning sêdya | awit badan nyawa iki | kamoran melik mirasa | mila tan wruh bakal dadi | samasa tyas wus suci | waskitha sasmita tamtu | nanging kuciwanira | yèn wus bisa cipta sidik | kang tan ngadil lumuh amor tata praja ||

47. manut nêting tyas kewala | têmah têbih bungah sêdhih | lara kêpenak wêntala | lumuh mikir somah siwi | yèku ajaran wali | aulia olah lugu | ginayuh nora kêna | yèn durung bênêre [bênêr ...]

--- 23 ---

[... e] dadi | bêcik manèh yèn kita mêsthi bisaa ||

48. ambok jarag luput ala | kalakone durung mêsthi | nanging lumrahe wong praja | ngadat nganggo nampik milih | awit arang kang ngrêti | bakal dadi iya dudu | dene kang wus waspada | tan nganggo mindhogawèni | mêsthi ngene nora nganggo sêmang-sêmang ||

49. sanadyan traping mujadah | tinggal karêp samukawis | ngadat watêking ngagêsang | mangan ngombe turu rêsmi | bungah susah siningkir | mligi makrifatullahu | nora beda ing sabab | yèn kuwat traping sêmèdi | dadi wêruh

--- 24 ---

lakon kang durung winarah ||

50. iku tekat tokit khayat | tarekat khak kang mangrêti | tan melik miris sabarang | sarwa saguh angugêmi | samasa têtêg mêsthi | dadi mring kasidanipun | têtêp dzat sipat Afngal | tunggal asmaning Hyang Widhi | bisa nuksma agal lêmbut nambung bengkas ||

51. sampurna pana pranawa | waluya kaanan jati | tan kapurba tan kasiksa | kawasa ing awal akir | tan samar ing sakalir | sênêng langgêng uripipun | iku èsthining janma | nging arang bisa nglakoni | mung kang akèh mandhêg pamèr anèng [a ...]

--- 25 ---

[... nèng] kôndha ||

52. kandhih sangking melik bôndha | bojo anak sandhang bugti /[20] pranti langên kawibawan | wêdi kêsêl luwih arip | môngka dadining ngèlmi | kudu gêlêm ala luput | luwih mêlèk kangelan | larane satêngah mati | lan tan jarag ala luput tuna lara ||

53. yèn wani sêmèdi lôngka | cêgah turu sandhang bugti | ewadene nora kêna | kèh titah jêmbaring bumi | yèn wus kodrating Widhi | durung elok lakon iku | kang mau ijih ana | wit kêpèpèt wirang sakit | têmah kuwat pintêr dadi kang sinêdya ||

54. akèh

--- 26 ---

sarjana sujana | kang guna têranging budi | dadi guruning nayaka | prandene arang nêtêpi | pangrêtine pribadi | sabab watêk lan pangawruh | kudu kanthi pamurwat | yèn durung bisa ngêlèbi | kèhing ajar karo dhasar iya cabar ||

55. gambare dharan manisan | bligo jae jêruk kingkit | kêmbang tongkèng blimbing padha | diajar ing gula lami | yèn bligo bisa mligi | lêgine tan pêdhês kêcut | upama janmotama | mangan wuruk bênêr bêcik | mung winulang sasmita sadhela bisa ||

56. sumarah marang kang mrentah /

--- 27 ---

kèh sathithik wus katitik | beda lan jae lêginya | pêdhêse maksih nglabêti | jêruk gigit ya lêgi | nanging aore tan kantun | blimbing mangkono uga | lêgi kêcute nglabêti | kêmbang tongkèng lêgi wangi rasanira ||

57. iku dadining budaya | sadaya sami nglabêti | beda watu yèn kinluwa | tan pisan bisaa lêgi | upama iku janmi | kang wangkal lumuh mrih ayu | dhuh gêndhuk kulup muga | bisaa kuwat nêtêpi | pamujine pra ahli kang asih trêsna ||

58. aja kaya watêkira | Surawibawa Ngabèi | ora bisa ngampêt hawa/ [ha ...]

--- 28 ---

[... wa/] kang murih awèting dhuwit | murwate pangkat mantri | pamêtu sêsasi satus | lumrahe nora kurang | kanggo tadhah sandhang luwih | ewadene tan nate ngrawati arta ||

59. môngka wus èngêt lan mriksa | ngrêti petung tuna bathi | êmpan papan kalamasa | suprandene tan kuwawi | ngampêt karêp kang cilik | canthing jali pamènipun | cidhukna mring samudra | tan bisa luwih sacanthing | yèn dikèhi têmah wutah mrana-mrana ||

60. kabèh iku dadi nyata | takdir istiyar ngangsari | dhasar ajar padha uga | yèn bisa aja nglakoni | sabarang kang nalisir | tan [ta ...]

--- 29 ---

[... n] timbang wasananipun | pikirên kang sampurna | nadyan guru durung mêsthi | nanging aja age mati dowong kôndha ||

61. dumèh bocah cilik desa | iku ya darbe pangrêti | guna sêtaun nèng kana | kaya ta tingkahing kirik | Sang Sèh Mlaya tan uning | rare angon kanggêp guru | marga bisa tur priksa | bab akil balèging kirik | kêtarane yèn nguyuh junjung sikilnya ||

62. iku wus tau cumbana | yèn nguyuh tan junjung sikil | durung balèg titènana | lah iku uga palupi | ywa maido wong ngèlmi | kang sêpta kulina tau | sring ngalahkên [ngalahkê ...]

--- 30 ---

[... n] sarjana | aja sing kaya sirèki | kudu budi mrih darbe labêt prayoga ||

63. manawa kita sungkawa | sarwa kacuwan sakapti | timbangên lan bangsanira | kang cilakane ngungkuli | jêmbar sabarna nuli | witing sabab sida wurung | yèn luput ala tuna | upama kelangan dhuwit | suwang iku anggêpên salawe uwang ||

64. awit tanjaning kelangan | bôndha bau budi pranti | lugune drêma kewala | mung gadhuh kagungan Widhi | murih tyas rila yêkti | yèn tan nyaur iya nandur | sukur bisa lêgawa | iku agêming

--- 31 ---

pra wali | lan pandhita kang wus bisa ngraga suksma ||

65. ana bêgja luwih bêgja | kang cilaka angluwihi | sugih miskin padha uga | iya ana kang ngungkuli | lara warasing dhiri | awas èngêt pintêr busuk | manut witing jiwangga | wiji jati tuwuh jati | sabên bênêr duwe luput bêcik ala ||

66. sabên bathi nganggo tuna | kang pintêr kurang nyukupi | iku princèning pocapan | namung gunggungan kinardi | kang akèh iku dadi | ala bêcik bênêr luput | pintêr bathi lan tuna | bodho sêdhêng suwe gêlis | kang kalakon kabèh

--- 32 ---

dadi pêsthi kodrat ||

67. yèn kita wus têmên ngrasa | ngrêti trêp princèning ngèlmi | êmpan papan masakala | silahing lair lan batin | têntrêm sênêng saranti | tan lamban nora kêsusu | bungah susah sumarah | sugih miskin bênêr sisip | asor luhur pintêr busuk kanggêp padha ||

68. abot ènthèng ewuh gampang | lara waras mati urip | iku tumraping Hyang Suksma | bêgja myang cilaka wus nir | iku aywa kêlair | liyane kang tunggal kawruh | mundhak dadi rubeda | tiwas pados tanpa kardi | wis ngandêle lamun wus padha prasêtya ||

--- 33 ---

69. sabab sangking mokal lôngka | yèn ana wong kang nglakoni | tan melik enak kêpenak | tan nampik ing gila wêdi | lan gêlêm lara mati | upama ana wong sèwu | siji bisa lêgawa | saksat sabên wong nglakoni | bisa mriksa lakon kang durung kahana ||

70. tan susah gêla sumêlang | wurung sida wus miranti | tinata kodrating suksma | lara waras mênêng mosik | purwane kabèh iki | nirdaya mandar tan wujud | marma yèn suda sirna | yèku mulya purna jati | kang pracaya santosa wahyu nugraha ||

71. tamating srat Pandam Prana /

--- 34 ---

Rêbo Lêgi tanggal kaping | pitulikur Sawal sadha | Môndhasiya aras sari | Ehe angkaning warsi | luhur wruh èsthining sunu /[21] anèng kampung Nirbitan | nama wus sinandi karsi | mantri dalêm kanèm kaparak kiwa[22] ||

72. marma aran Pandam Prana | Pandam diyan ingkang wrêdi | Prana ati têgêsira | karêpe layang palupi | dadya diyaning ati | kang pêtêng tan ngèlmu sêpuh | têgêse sadat klimah | kang siji amba mêruhi | Allah iku pangeraning jagad raya ||

73. karone nêksèni kita | Jêng Nabi Rasullulahi | iku utusaning

--- 35 ---

Allah | lamun tumraping pra èstri | wêwah nêksèni mami | Siti Patimah puniku | panutaning wanita | dennya jrih bêgting ing krami | de idayat pituduh ngèlmu têgêsnya ||

74. mungguh lire êmpan papan | yèn kumpul lan para tami | dèn bisa mawas polatan | liringe netra katitik | kêkarepaning janmi | tujunên kang bisa rujuk | mrih suka kang miyarsa | sarta kang bisa nyrambahi | dadi sêngsêm umyunge ing pajagongan ||

75. yèn wus titi ucapira | sira aja pijêr criwis | iya iku nora mêmpan /

--- 36 ---

têmah ewa kang miyarsi | sigêgên cikbèn gênti | kôndha kandhutane mêtu | yèn sira nuju dadya | ki wisma amonga tami | kang noraga papan prênahe ywa sêmang ||

76. samangsane acarita | kang turut rênggêp pratitis | sarta ywa gunêman samar | sêmu ririh andhèwèki | dhok dongane pan dadi | dinulu rêgu tan sarju | mung guguk lan kang cêlak | pilih sih kang dèn rahabi | kang mangkana iku nora êmpan mapan ||

77. purwa têgêse wiwitan | madya têngahan kang wrêdi | wasana iku wêkasan | karêpe

--- 37 ---

pitutur iki | wêruha kang jalari | urip sangking bapa biyung | guru ratu kang dadya | mêruhkên mrih sandhang bukti | traping ngèlmi aywa klèru tekadira ||

78. srengat têgêse wêwadhah | iya lawan tatakrami | agama traping panêmbah | kang diêndêl lair batin | Islam manut jêng nabi | Mokhamad Rasullulahu | tarekad lan itekad | osiking tyas kêncêng sukci | yèn khakekat têgêse kang têmên nyata ||

79. marifat iku waspada | wajib milih bênêr bêcik | nampik ala luput tuna | masa ungsum têgêsnèki | kala [ka ...]

--- 38 ---

[... la] wêtu kang wrêdi | karêpe pitutur iku | bisa anuju karsa | kang kagêm ing lurah gusti | lan kang payu larang tumrap pasar praja ||

80. watêk têgês kalakuan | sabên wong urip wus mêsthi | dhêmên alêm bungah enak | kêpenak nikmat lan bathi | mênangan sugih singgih | pintêr kuwat awas emut | bênêr bêcik prayoga | waras kadugèn sakapti | kineringan dèn suyuti nara praja ||

81. sêngit tuna luput ala | lara wirang kalah sêdhih | busuk susah lali gêla | asor mlarat sangêt sêngit | kabèh kang tan [ta ...]

--- 39 ---

[... n] medahi | lumrah manusa tan ayun | marma yèn awis yitna | srêngên nêpsu datan apti | tuna luput alane tan ditêmaha ||

82. dene dzat iku wrêdinya | wujud jênggêrênging warni | sipat pulas têgêsira | putih abang irêng kuning | Afngal iku pakarti | tandang-tanduking maujud | asma araning warna | wangkid puput lakon urip | kodrat iku têgêse kawasaning hyang ||

83. istiyar têgêse sarat | yèn lara jamu bèn mari | takdir pêsthi têgêsira | kang tan kêna dèn owahi | nangnging [nang ...]

--- 40 ---

[... nging] mung wêktu iki | mêngko sesuk salin wujud | yèku wit kêmbang pala | ewahe arang udani | kang têbêri mikir ngrasa asring mriksa ||

84. iradat karsaning suksma | tokid tunggal khayat urip | ngindanas marang manungsa | ngindallah mring Maha Sukci | awal têgêse wisik | akir kèri têgêsipun | akil ngrêti tan edan | balèg wanci lakirabi | salat têmu sêmbahyang nyêmbah mring Allah ||

85. ngibadah iku wrêdinya | kabèh panggawe kang bêcik | kang gawe [ga ...]

--- 41 ---

[... we] lêganing manah | mlarat têgêse tan bêcik | kang dadi wirang sakit | tuna luput samènipun | kapir iku tan wikan | murtat tan manut jêng nabi | lafal makna kang kôndha khaji ngulama ||

86. khukum bab anggêr têgêsnya | ngulihna witing prakawis | utang dhuwit nyaur arta | nandur gabah ngundhuh pari | yèn utang tan nyauri | diliru saurupipun | ngadil iku wrêdinya | bênêr traping wadhah isi | glas minuman iku pola pangadilan ||

87. gêlas anggur lan sapanya | konyak [ko ...]

--- 42 ---

[... nyak] èis toya Wlandi | iku wus dipinta-pinta | urut takêr patrap pranti | yèn kliru wadhah isi | yèku luput adilipun | ina têgêse cacad | nistha tan nêtêpi wajib | kang samadya nêtêpi ing wajibira ||

88. utama bêcik têgêsnya | kang bisa ngluwihi wajib | wajib iku warna rupa | patrap prabot papan pranti | pangkat pangan nak rabi | tulung batur utang sambut | têka lunga sewaka | ngupajiwa tatakrami | kang têbêri akon tiron pra sarjana ||

89. têpa karêping wasita/ [wasi ...]

--- 43 ---

[... ta/] patrap têmbung rasa warni | êndi kang sira tan arsa | ywa pisan kita numrapi | kang ala tuna sisip | lara abot ywa tumanduk | timbang karêping wulang | sabên ala nganggo bêcik | busuk pintêr bênêr luput bathi tuna ||

90. yèn kêpèpèt tekadana | ngene luput ngene sisip | ngene rugi ngene tuna | mênêng mosik nora bêcik | padha-padha tan apik | luhung nêmpuh ingkang urup | nadyan praptèng antaka | ugêr nglabuhi nagari | pirang bara ahli waris bisa mulya ||

91. bilih lêpat kalêrêsna /

--- 44 ---

makna maksud jarwa Kawi | saiba sukaning driya | yèn wontên karsa nulungi | saèstu kula pundhi | lajêng kainggahkên buku | awit duk nganggitira | mung apil lan kônca katri | mila nyuwun sih aksama mring kang mriksa ||

[Widyasanggama][23]

[Dhandhanggula]

1. maspadakna manising tyas êning | awit Gusti kang murah ing dunya | ngapura sih ngakherate | berat rêncana luput | iku yèn wus ngèlmi nglakoni | sukur sranti pracaya | raga jiwa luhur | pramana purwa wasana | bagya guna prayitna

--- 45 ---

santosèng budi | waluya wor nirwana ||

2. kadyanggane brêmara dera mrih | kumudyarsa marwasèng sarkara | karana kapengin darbe | labêt tumraping sunu | mantu putu kang durung ngrêti | masalahing sênggama | sarat cêgahipun | supaya dennya mong suta | nulya dadi kadugèn ingkang kinapti | ngèstokna tutur nyata ||

3. takon tiron mring kang wus ngalami | ngadat patrap pranti kang prayoga | mungguh kawruhku mangkene | nalikarsa salulut | lan rabimu kang sarwa suci | ati badan busana | samya sêngsêmipun/ [sêngsêmipu ...]

--- 46 ---

[... n/] miliha tanggal kang madya | dina malêm Sênèn Kêmis Gara kasih | Jumungah sirêp janma ||

4. kang saranti yèn sirarsa rêsmi | maspadakna lintang ingkang cêlak | lan rêmbulan sabên sore | lamun lintang wus surup | mring rêmbulan sira dèn aglis | tunggala lan rabinta | têmbe iku lamun | dadi bocah wus diwasa | ngadat bisa nurunake narapati | saanak putu wirya ||

5. yèn cumbana ywa kumpulan tali | lamun dadi bayi têmbe tuwa | cilakane sring kêtalèn | lan malih yèn salulut/ [salulu ...]

--- 47 ---

[... t/] katrocohan bayine benjing | asring kênèng gêgaman | tumbak bêdhil dhuwung | sanggama kasorot surya | lamun dadi bayine ing benjing asring | sakit barah tan kaprah ||

6. lan nitika bantêring kang angin | sangking grana têngên apa kiwa | yèn têngên bantêr angine | sing têngên inggahipun | mandhap ngiwa yèn bantêr kering | sangking kiwa inggahnya | nêngên mandhapipun | yèn têkan batin nyêbuta | angudubilahi minassaetonnir | rajim godha minggira ||

7. yèn kang dadi lêkas sangking [sang ...]

--- 48 ---

[... king] kèring | ngadat benjing bayi mijil priya | yèn dadi sangking têngêne | èstri bayine iku | kaol iki wus tak lakoni | kang nganggêp têmên nyata | bênêr arang luput | wusing rampung paripurna | nulya siram jinabat tarujul mani | mrih têmbe sutanira ||

8. priya bagus èstri ayu kuning | dhêmên rêsik pintêr slamêt lana | myang cêpak jatukramane | elingan panjang umur | sugih singgih wah drêman siwi | têbih pôncawisaya | kèh kang asih lulut | dadi pandam pangauban | kabêgjane sumrambah [su ...]

--- 49 ---

[... mrambah] mring somah siwi | sinung wahyu nugraha ||

9. nalikane rabimu garbini | ywa moyoki gêthing khewan janma | sawab yèn parêng apêse | nulari warganipun | dadi gawe cacading bayi | lamun sêngit sikara | sarat nganggo nyêbut | jabang bayi ywa kuciwa | kita iki ngèstokke karsaning Widhi | darma dadi warana ||

10. ingsun biyèn asring mênêng êning | sabên arsa sarêsmi lan garwa | wus krasa bakal dadine | èstri utawa jalu | pawakane irêng lan kuning/ [ku ...]

--- 60 ---

[... ning/] kaya ana wujudnya | duk kumplap lêng mau | dupi ping tri osiking tyas | kêncêng adrêng sarêsmi tan kadi nguni | uninga wus nèng tilam ||

11. tan karasa wêruh irêng kuning | mung wrin wujuding suta wanita | lagi dêmolan wayahe | barêng kaping patipun | nora krasa osiking ati | lamun bakal sêsuta | mung drênging tyas ingsun | nulya sarêsmi lan garwa | duk mêtênge sun matèni ula mandi | anèng têpining marga ||

12. nora èngêt nyêbut jabang bayi | dupi prapta masa mijil priya | bagus sêmbada [sêmba ...]

--- 51 ---

[... da] warnane | nanging badane alum | lan cangkême mêtokkên gêtih | tan lumrah bayi kathah | duk umur sadalu | langkung satus mênut lena | biyèn ika sabên bojoku garbini | nêrusi osiking tyas ||

13. duk gêguyu topèng pênthul dadi | bayi lair katularan cacad | untune loro lawase | nganti umur rong taun | lagi tuwuh untune mirib | bocah untune wêwah | nging tan bisa jumbuh | lumrah untuning manungsa | kurang loro nganti tumêkaning laki | yèku yèn kurang bêgja ||

--- 52 ---

14. ngadat janma kang taruna mukti | ngantèn anyar dimong maratuwa | mangan sahwat saksayahe | nadyan mani wus mêtu | maksih nyêngka tan dèn uwisi | lagi khèl ya dipêksa | dumèh ijèh maju | lanang wadon lir wong lara | urat rusak kêndho yèn banjur garbini | bayine sugih lara ||

15. ngêlu mulês pilêg watuk cacing | yèn wus ngumur kalih têngah warsa | bêbinyihên gudhig korèng | mèh arang warasipun | pituture sudara wrêti | slapan dina sapisan | bêcike [bê ...]

--- 53 ---

[... cike] salulut | yèn kasèp kêndho uratnya | kêkêrêpên rusaking jro jaba pêsthi | nanging arang rumasa ||

16. yèn cumbana tanggal nom nèng panti | surup surya dhasar tanpa damar | dadine bayi tan gêdhe | samar pêtêngan kalbu | sahwat siyang kirang prayogi | dadi bocah anggrangsang | goroh kurang rêmbug | sanggama ningali baga | tuwin prêji watêke rare krêp sakit | lamur bèsèr durcara ||

17, aja jimak waktu mêntas runtik | myang sungkawa bocah watakira | drêngki bisu kakon atèn | kurang pamirêngipun/ [pamirêngipu ...]

--- 54 ---

[... n/] ywa sarêsmi malêm riyadi | grêbêg Mulut lan Siyam | Sawal Bêsar iku | yèn dadi bocah ebuyan | lara barah cumbana bangun tan bêcik | bocahe kurang nalar ||

18. sawab amung katut otot tangi | parsudinên utamaning suta | sarat patrap lan cêgahe | plintangan sangatipun | wusing sukci busana wangi | ngungrumên basasmara | samya onêngipun | ywa sanggama mêntas nendra | lan kêpêksa ing besuk dadining bayi | busuk lumuh ing karya ||

19. pacuhane yèn jimak ywa criwis | aja patrap kang kurang [ku ...]

--- 55 ---

[... rang] prayoga | nèk wong ala ngrusakake | camah miwah tan urup | sring matèni wijining siwi | kêrêp jalari lara | tatu mayo nguyuh | ambèi ubêngan dadra | angèl bangêt pulihe kaladuk nguni | warase amung jaba ||

20. biyèn ana mantri dhêmên mungkir | budi bôndha wismèng pinggir marga | brêgas sêmbada cacade | karêm wanodya rusuh | akèh èstri kang dèn jamahi | lagi sêsuta juga | èstri lara apus | dobol kopyor kamanira | anêmpuh byat rabine kinèn nasabi | kalingsêmaning [ka ...]

--- 56 ---

[... lingsêmaning] priya ||

21. rèhning wus tan bisa manak maning | nging kapengin darbe suta priya | dadi ngrêmbugi adhine | dhuh adhiku wong bagus | karo sira yayi wong kuning | gugunên ujaringwang | mrih sami pikantuk | sabên ingsun lunga seba | jagong bêngi sira sarea nèng ngriki | gawèkna suta priya ||

22. lan bakyumu aywa sôngga-runggi | marga aku wus rumasa tuwa | kapêksa nulia darbe | siwi kang brêgas baud | dimèn têmbe bisa gumanti | mantri rêksa ardana | amung wêkasingsun | si adhi lan bakyunira/ [ba ...]

--- 57 ---

[... kyunira/] kang rumêksa ajana janma udani | krungu wadi punika ||

23. kang sinung ling wus sami nyanggêmi | mawi sumpah têlon nguntal lêmah | mrih rêmit tulus bêcike | gancanging crita pan wus | tan pantara lami garbini | praptaning masa babar | mijil jalu bagus | nuli èstri malih priya | rambah ping pat tan ana mirêng udani | nalar tingkah kang lôngka ||

24. tan cinatur gancaring pawarti | dupi praptèng sêpuh puput jiwa | kamantrèn dèn gêntèkake | mring rare jalu wau | kang wus dadi ubayèng ngarsi | lêstari têntrêm [têntrê ...]

--- 58 ---

[... m] tata | yèku mantri baut | limpat traping êmpan papan | wrin ing masakala nistha myang utami | purwa madya wasana ||

25. wênèh janma murtad karêm rêsmi | lintah turu ati kudu arsa | sêlire kinèn nangèkke | mrih kêncêng bisa masuk | dèn mêg-êmêg suwe gya tangi | maju nèng lambe baga | gumoh nuli wangsul | sêlire gêla wuwusnya | tiwas gupak nora enak wah nganyêli | gawe sudaning daya ||

26. Sri Bathara Jayabaya mêling | cumbanaa sabên satus dina | supaya awèt kuwate | inggih

--- 59 ---

yèn èstri ngèlmu | triman rilan mungkul agami | manawi èstri drêmba | rak ramban rêmbayung | tan wruh dosa donyèng kherat | waton sahwat kulup dèn prayitnèng wèsthi | èsthinên yèn sênggama ||

27. ywa dhisiki wêtuning kang mani | yèn tan bisa barêngi ngèria | supaya bungah èstrine | kang tamban dimèn têmpuk | poking rasa grayangên ririh | awit dadining suta | sarêng carêmipun | nadyan kurang brêngga rowa | kurang rosa ugêr pintêr ambarêngi | wêtuning mani nrima ||

28. angungkuli kang panjang gêng

--- 60 ---

wêgig | wit kang panjang nyangklak sring kapêlak | gêdhe mangang mêgahake | kang suwe kêmêng jêlu | kang sêdhêngan pintêr prayogi | gawe sêgêring raga | kêkêrêpên rêmuk | cêndhak cilik kurang rosa | nging yèn bisa ngarah rosing rasa jati | yèku asmaragama ||

29. mangrêtia nikmating wong èstri | mrih ywa kalah bêtah sacumbana | nora cuwa sakarone | gurokna iku parlu | mring ngulama pra dhukun khaji | kang ahli lafal makna | murat maksudipun | nèng kitab Kasiyah sarta | layang Widya Pramana lan Nitimani/ [Niti ...]

--- 61 ---

[... mani/] ywa ngawur barang karya ||

30. duk jamane Prabu Arimurti | maksih parab Radèn Nayarana | nèng Madura kadipatèn | kasmaran mring sang ayu | Jêmbawati atmajèng kapi | dhepok Gadamêdana | Jêmbawan Sang Wiku | dyan arya osik ing driya | kaya paran yèn mêtêng dadining bayi | dene putu wanara ||

31. gèk ngèmpêri rupane si kapi | ah saiba susahe tyas ingwang | nararya èmêng galihe | dêrênging tyas tan surut | gya cumbana garwa garbini | dupi wawratan mêdal | jalu bagus lurus | nging srira wulu wanara | kagyat [ka ...]

--- 62 ---

[... gyat] lêgêg prabu anom muwus wêngis | jagad Dewa Bathara ||

32. hèh Udawa rèhne rare iki | kurang lumrah putraning satriya | bêcik kon ngêmong kakèkne | sun paringi jêjuluk | Bambang Gunadewa dèn aglis | bayi paringna paman | dyan Udawa mundur | maringkên putra mring arga | sigêg Radèn Narayana lan kang siwi | wontên malih lêpiya ||

33. dyan Pamade duk dadi pangarih | kramanira Prabu Suyudana | lan Banuwati dhaube | purune sang rêtnayu | atut lawan Sri Kurupati | mawi jangji Janaka | kêrêpa [kêrê ...]

--- 63 ---

[... pa] mratamu | ing Ngastina sabên warsa | Dyan Prêmadi kang gêmi karsa sang putri | Rakrendra wus lêgawa ||

34. Dyan Arjuna matur bisik-bisik | dhuh kakang bok besuk yèn cumbana | lan kakang prabu mangkene | nuruta karsanipun | nging galihmu ngèsthia maring | rupane rayi para | iku yèn tan limut | manthêng ngèsthi kang mangkana | bakal dadi suta priya warna sigit | yèn èstri yu utama ||

35. yèn tan bisa anêtêpi wêling | myang kalingan sih wêlas mring garwa | bakal putramu wujude | manut saciptanipun | ala bêcik pasthi nglabêti | kabèh titahing Dewa | kang[24]

--- 34 ---

wus awas emut | kang têmên ngandêl tinêkan | nanging arang titah kang tuhu ing jangji | kang bakyu ris ngandika ||

36. wus tan susah sirèku kèn ngèsthi | sauripku lah masa lalia | mung kèlingan sira bae | kang rayi ris umatur | nora mêsthi wataking putri | sanajan pra satriya | tan ajêg tyasipun | ing têmbe babaranira | yèn putramu kèh èmpêre lan sirèki | kang brôngta raka nata ||

37. yèn putramu mèmpêr kakang aji | iku tôndha kang kasmaran sira | mring kakang prabu saksine | anèng warnaning sunu | nora kêna selak wus mêsthi | yèn wujude [wuju ...]

--- 35 ---

[... de] dyan putra | mèmpêr rama ibu | iku timbang brangtanira | nadyan watak kalakuan mirib ugi | ing têmbe titènana ||

38. sang rêtnayu nyiwêl maleroki | mèncêp ngucap iya yèn tan nyata | diprayitna besuk kowe | rasakna pangukumku | nèng paprêman nganti tri ari | kang bok apa karsanta | saiki mung nyuwun | tambane lêsu sarira | murih sêgêr gantèn mulung sangking lathi | wus sinung sami suka ||

39. tan winarna dènnya palakrami | Prabu Suyudana wus pêputra | kang bajêng jalu warnane | kèh èmpêr ramanipun | kang waruju mijil pawèstri | wujud mirib ibunya/ [i ...]

--- 36 ---

[... bunya/] amung kaot ruruh | putra nata kang pangarsa | anêtêpi pêthèke Radèn Prêmadi | kang bakyu brontèng raka ||

40. de kang kari angèstokkên wêling | duk cumbana nyipta Dyan Arjuna | mila warna kèh èmpêre | karo Dyan Abimanyu | wit kang brônta kriyin sang aji | mring garwa pramèswara | iku purwanipun | marma kang èngêt waspada | pamilihe pola pêpak wus cumawis | manut kêncênging cipta ||

41. yèn lêlungan nginêp datan lami | anglakoni pakaryaning praja | aja pisan salah gawe | melik èstri tan urup | banjur jimak tan wayah mranti | ngadat dadi rubeda/ [ru ...]

--- 37 ---

[... beda/] angrandhêti laku | kapitunan bau bôndha | sring kisinan ngèmbèt mitra kônca ahli | lan mring kawulawarga ||

42. lamun mêntas sanggama ywa main | ngabotohan kang sarana arta | ngadat mèh mêsthi kalahe | arang kang mênang mujur | parincine ya ana ugi | kang tinggal nalar ngadat | tan susah dirêmbug | wit sangking jêmbaring jagad | mung wajibe kang durung wruh bakal dadi | kudu nut tutur nyata ||

43. gèsèh sangêt lan kang tuna budi | durung bisa sangga sru nyêngka /[25] main madon minum tike | durung wruh patrapipun | sarat sabab bênêring rêsmi | watêg wangkiting baga /

--- 38 ---

banjur kaduk purun | dupi lara ngaruara | tobat kapok tan niyat main mratani | nalika mèh palastra ||

44. iku jalma tan ngèlmi agami | kêsèt takon tiron karêm suka | ngukum dhêndha awak dhewe | adhême kaya dikum | tanpa bayu atising ati | ginêdhong tanpa wisma | lingsêm lamun mêtu | lir diobong tanpa brama | panasing tyas kaya ge nulia mati | yun nglalu nora rila ||

45. marma mupung durung wirang sakit | kapitunan komuk luput ala | kang nganggit mung ngemutake | awit wus padha wêruh | nate mirêng warta kang wadi | dilalah [dila ...]

--- 39 ---

[... lah] karsa Allah | lamun bakal luhur | bisa nampi luput ala | awas èngêt kuwat milih bênêr bêcik | pranti margane ana ||

46. gya misuwur sarjana sajati | turut bênêr budi lan wujutnya | nêtêpi kautamène | akèh wong sugih kawruh | agal lêmbut têranging budi | tan kuwat nyandhêt hawa | bungah enak kaduk | abote dadi wong tuwa | kudu bisa madhangake ati sêdhih | nulungi lara lapa ||

47. paedahe wong sugih mangrêti | lan kagunan pakaryaning praja | tan kurang sandhang pangane | nadyan tan somah sunu | kurang arta wirya piranti | tyas [tya ...]

--- 40 ---

[... s] têtêg têntrêm tata | tan awrat pakewuh | anggêpe wus trima rila | mung pracaya kodrating Hyang Maha Sukci | sranti tanpa ngrêsula ||

48. kojah iki akèh kang nglakoni | kita amung mêdharkên kêkêran | murih suda pakewuhe | ywa tambah tuna luput | lara ala ngamungna kang wis | rônggasama wigêna | nguni kang pitutur | kamantrèn rêksa warastra | abdi dalêm jêng gusti pangran dipati | Arya Mangkunagara ||

49. kang kaping pat jumênêng pribadi | prajèng Surakarta Adiningrat | nak putu buyut dugèkke | nganggit ngabdi sang prabu | wit kakèkne [kakè ...]

--- 41 ---

[... kne] kuna ya mantri | Ngabèi Udadrana | gêdhong têngên lungguh | Ngabèi Suraprabawa | mantri dalêm kaneman kaparak kering | punika turunira ||

50. duk winangun waktu buda manis | ping patlikur Bêsar Môndhasia | Jimawal jam wolu sore | têmên wruh ngèsthi sunu /[26] ping rongpuluh ing sasi Juni | anèng kampung Nirbitan | sèwu wolung atus | sangangdasa kalih kasa | layang iki ingaran ngèlmi sarêsmi | tuwin widya sanggama ||

--- 0 ---

Sêrat: Jiljalaha

Ruwah ping 15, 1869. Pagêr Gêdhèg.

...[27]

--- 0 ---

[Dhandhanggula]

1. lir sarkara surasèng sastra di | awit saking asma sang pandhita | jajal lanat kang kinaot | kang manggèn anèng gunung | Candhi Sèwu sarta ngratoni | sakèhing para setan | tanapi lêlêmbut | sami olah pangawikan | nadyan janma kang nêdya talabul ngèlmi | sami sowan sang tapa ||

2. nging wus lami wulange jêng kyai | datan wontên kang purun ambuka | dadya mung sinimpên bae | sabab sêrat pinundhut | duk ing kuna mring Hyang Idajil | nadyan kang putra wayah | awis ingkang emut | nanging ta ing jaman [jama ...]

--- 2 ---

[... n] mangkya | putra wayah kathah ingkang samya eling | manut mring kangjêng eyang ||

3. mangkya wontên wayah kang malêtik | mangun sêrat wulang duk ing kuna | nging sastra jinawèkake | sêrat ingkang rumuhun | Sastradurga basa Idajil | ananging yèn manuta | pra wayah sêdarum | sun duga tanana wignya | mila mangke sun salini basa Jawi | mrih sami nastitia ||

4. awit angandika kangjêng kyai | jajal lanat mring kang putra wayah | adhuh anggèr putraningong | kang èstri miwah jalu | padha sira pyarsakna sami | wulange

--- 3 ---

eyangira | poma dikacakup | nanging kang dhingin sun wulang | putuningsun ingkang isih anom sami | tatane wong nèng praja ||

5. aja padha ngêcèh-êcèh dhuwit | ingkang pancèn tanana prêlunya | kaya ta yèn ana dhayoh | sabên pyayi dèn suguh | pêpanganan wedange kopi | iku karêbèn apa | sêtun nyuguh udut | samonèku yèn wus sobat | kajaba ta yèn dhayohmu gawa dhuwit | iku bêcik nyuguha ||

6. lan aja sok anguwèhi dhuwit | nyang wong mlarat [mla ...]

--- 4 ---

[... rat] mundhak katularan | kaya ta yèn ana uwong | mringas-mringis jêjaluk | sêsandhangan utawa dhuwit | aja korèwès pisan | ku pangawak tênung | bakal gawe cilakanta | apan iku kang bakal ambilaèni | miskine nular-nular ||

7. lan yèn ana kancamu nyênyilih | ingkang rupa pranti sêsandhangan | jarit sapanunggalane | poma kaki dèn emut | aja kongsi sira wènèhi | iku laranganingwang | Jiljalaha wiku | lan môngsa dibalèkêna | têrkadhangan wis anèng babah si kuwi | lah mara badhèk iya || [i ...]

--- 5 ---

[... ya ||] 8. lamun sira arsa buwang dhuwit | bêcik sira mênyanga kamulyan | gawaa dhuwit kang akèh | sebaa Sang Hyang Guru | lan nyuwuna kang widadari | kang endah warnanira | yèn sira durung wruh | sajatine ing kamulyan | prênahira cakêt bètèng kulon kali | dene guru bathara ||

9. lan Narada kang ngrèh widadari | sayêktine Mas Cakra Prêtama | Mas Citralata Nradane | yèn sira wus katêmu | lan Hyang Guru Nrada dèn aglis | nyaosana bêbungah | dhuwit limang suku | supaya sira dèn jaga | banjur sira enggal [engga ...]

--- 6 ---

[... l] anyuwuna pamit | malbu manggèn ing swarga ||

10. kayangane ingkang widadari | sakarêpmu kaki pilihana | êndi kang koduga cècèk | pilihên sasênêngmu | aja nganggo awalang-ati | mung sangumu wènèhna | mring sobatananmu | sèkêt satus aja eman | sabab prênah anggonmu ambuwang dhuwit | wuda ya lakonana ||

11. apa ana enake ta kaki | sore-sore turne nganggo udan | adhêm-adhêm nyandhing lèdhèk | lèdhèke dhasar ayu | macak barès tur ngayang batin | tapihe lurik abang | kêmbêne pinatut | anglung jiwa

--- 7 ---

cara Sala | mung suwênge pan lagi panunggul siji | ananging wis bèrleyan ||

12. angladèni ngiris-iris roti | roti gandum tur nganggo martega | wedange bubuk tuwin tèh | gulane gula batu | lan tukua candu rong tail | diyane oting gêlas | bêdudan sinêlut | nuli macak ngombe wedang | sambi nyêrèt pawitane ngaras ringgit | yak toblas sêgêr mana ||

13. iku kaki bêcik sabên bêngi | lakonana dadi wong jlagêdhag | tan kuciwa gonmu mèrèt | lan aja dhêmên mlaku | anyewaa kreta kang adi /

--- 8 ---

lan ngingua jayengan | anaa wong pitu | padha tunggangêna jaran | lan lèdhèke sabên wêngi jakên plêsir | karêbèn saya bungah ||

14. lan yèn nuju dhêmênamu kaki | lunga dundang tayub ing Pacinan | sira nusula dèn age | kalamun wis katêmu | ngêntènana ngiras ningali | nanging kang rada cêdhak | mèn kamratmu wêruh | poma aja lunga-lunga | ngêntènana kongsi thing-thingamu mulih | yèn udan ya ngiyuba ||

15. aja mikir adhêm sayah arip | iku manjing dadi tapanira | mêngko ganjarane kêncèng | tan nganggo besak-besuk | banjur

--- 9 ---

udhu padha sawêngi | lah mara titènana | sabubaring tayub | lèdhèke rak banjur mêdal | ngajak mulih nunggang reta wong kêkalih | yak toblas lir pangantyan ||

16. yèn wis praptèng wisma sira kaki | poma banjur sarea nèng kamar | wong roro kêmulan cindhe | kang dèn go sondhèr mau | cindhe kêmbang gandannya wangi | ing kono tutugêna | dhangsah sak sênêngmu | mara kaki rasakêna | wulangingsun apa bênêr apa sisip | sun duga plêk kewala ||

17. sapa wonge kang ora kapengin | iya iku wong munggah suwarga/ [su ...]

--- 10 ---

[... warga/] tanana suwarga manèh | kajaba ta ing besuk | lamun sira tumêkèng pati | tamtu ginanjar swarga | anèng gunung Lawu | iku rak katon suwarga | yèn wis antuk pitulunge Hyang Idajil | byar jlêg katon kadhatyan ||

18. mung anggêre kaki kolakoni | pasthèkêna swargamu ing benjang | têmpuhna yèn nganti gèsèh | aku kêduga nanggung | mênèk sira misih kuwatir | sêksèkna nyang prêdatan | nganggo pratandhaku | lah kaki mara golèka | sakèh guru pandhita utawa santri | kang wani [wa ...]

--- 11 ---

[... ni] nanggung swarga ||

19. anjajaha mring pasantrèn kaki | lan bablasa marang Panaraga | wis ora yèn kaya ingong | mulane sira putu | aja tanggung gonmu nglakoni | sanajan anggombala | aja sira keguh | sabab donya mono apa | ngakherate kang kopêlêng iku kaki | mukti môngsa akua ||

20. lan maninge wulangingsun kaki | pêndhak sêpasar bêcik nayuba | ana ing ngomahmu dhewe | tlèdhèke dhêmênamu | lan ngundanga para priyayi | ajakên dhahar pista | kang supaya guyub | lan saosana [sa ...]

--- 12 ---

[... osana] bêbungah | myang inuman jênèwêr lawan brênduwin | lan sira anjogeda ||

21. dèn tabêri rame-rame kaki | cikmèn akèh pyayi katularan | dhêmên lèdhèk kaya kowe | iba ganjaranipun | Hyang Idajil marang sirèki | trêkadhang swarganira | naek gunung Lawu | bokmanawa lawas-lawas | katarima ênggonmu jadhi pulisi | dhipanggil mring Mancingan ||

22. trêkadhangan sira banjur lali | mring eyangmu lah mara dhèk iya | ora eling wiwitane | dijuju kaya manuk | ingsun kêmpit lir wade yêkti | barêng [ba ...]

--- 13 ---

[... rêng] wus antuk mulya | ah banjur tan emut | barêng lêkas eling sira | ngundang-ngundang barêng mara dèn tambuhi | pijêr nyawang badhaya ||

23. lah ta aja mangkono sayêkti | lagi iya gêguyon kewala | mung wulangku mau anggèr | poma dipun miturut | aja nganggo awalang-ati | malah yèn sira mlarat | pêgatên bojomu | dadi wong mantêp ing tekad | mung adhimu kawinên sama sêkali | lah ora kêtanggungan ||

24. lamun sira eling anak rabi | dadi durung mantêp tekadira | mung kaya wong rucah bae | eman têmên [têmê ...]

--- 14 ---

[... n] bagusmu | duwe watak pating sarênthil | ana kang wêdi bêngang | bokmanawa buntung | lah ta iku ngudur apa | kaya dudu satriya trah Majapait | kok nganggo wêdi bêngang ||

25. ana manèh uwong kang ngarani | jare saru wong mênyang tlèdhèkan | ah iku sangsaya gèsèh | sêtun yèn mênyang pathuk | iku rada saru sathithik | nanging ya mêksa ora | malah rada unggul | sabab bisa sobat Lônda | saradhadhu wuwuh Cina karo ?ncik | gèk môngsa jare ala ||

26. malah kaya Sang Klana Narpati | nalikane kasmaran kêmuda /

--- 15 ---

balane bacingah rèngès | mara rak saya mrabu | lah ta êndi kang ora bêcik | mulane aku rada | sathithik sok gumun | kang ngarani jare nistha | iku priye pêngrasane kang ngarani | aku kok tan anduga ||

27. layake mung wêdi buwang dhuwit | dadi banjurkên nacad sawiyah | ngarani saru si thole | iku wong durung wêruh | dalil iblis têka maoni | bok aja sumangkean | kang dèn tanggung kaum | wis ta ki aja korasa | unining wong arêp dadi êmbuh kuwi | môngsa gèk nyawargaknya ||[28]

--- 16 ---

[Asmaradana]

1. brangtanana kang sayêkti | kabèh wulange jêng eyang | mêngko rak dakwulang manèh | laku kang rada pêng-pêngan | iku sira anggoa | cikmèn ganjarane ngumbuk | nanging kaki ywa kawêntar ||

2. yèn nganti kapyarsèng janmi | dadi cabar lakunira | mulane sing rada mrene | yèn sira arsa wêruha | sêjatining sidhêkah | dana rasa wastanipun | dhêmêna bojoning tôngga ||

3. rekane mangkene kaki | yèn kang lanang lagi lunga | têrkadhangan lagi caos | lah iku kang kabênêran | banjur sira sonjoa /

--- 17 ---

api-api durung wêruh | yèn kang lanang lagi lunga ||

4. banjur takona sing ririh | kakang napa ontên griya | sabab dhèkwingi pun kangsèn | nging wêlinge dhatêng kula | yèn aku ora ana | dhuwit wènèhna bakyumu | makatên raka jandika ||

5. mêngko yèn gêlêm nampani | yaiku kang kabênêran | banjur cêkêlên tangane | nanging aja pilih papan | môngsa dadak bedaa | anggêre prêlune cukup | wus kalêbu wong pêng-pêngan ||

6. nanging ana kang ngungkuli | yèn sira nuju ngawula | kinasihan mring wong gêdhe | bêcik nganggo saratana | karêbèn [karêbè ...]

--- 18 ---

[... n] wuwuh trêsna | bedhangên klangênanipun | pilihên kang kinasihan ||

7. wus tamtu yèn wuwuh asih | sababe wus tunggal rasa | rasa mulya sajatine | iku sarat kang utama | nanging dipun prayitna | sukêt godhong aja krungu | mundhak badhar lakunira ||

8. sasabana laku santri | nanging aja têmênanan | mung ethok-ethokan bae | sabab yèn nganti konangan | ênggonmu bêbedhangan | pasthi yèn tugêl gulumu | apêse sira binônda ||

9. pasthi sira dèn taboki | tan wurung banjur dèn glandhang | mring kajêgsan [kajêgsa ...]

--- 19 ---

[... n] malbu ngêrol | tamtu yèn olèh ganjaran | dèn ukum anèng pasar | dèn sapu kaping rong puluh | mung dibluwi wolung dina ||

10. saluwarmu sangking bluwi | banjur sira dèn dhêdhabyang | ginawa mring masjid gêdhe | ing kono ênggonmu mucak /[29] dèn êdusi nèng blumbang | kungkuma bae sabêdhug | mêngko yèn kowe wis mêntas ||

11. rak banjur dèn busanani | rambutmu cinukur mrapat | raimu sinungging anèh | arêng ênjêt karo atal | lan dikon nunggang jaran | jaran kepang nganggo angklung | ditabuhi kramaleya ||

12. nadyan mangkonoa kaki | bêcik sira [si ...]

--- 20 ---

[... ra] antêpana | iku rak mung coba bae | lara wirang lakonana | wus jamake ngagêsang | yèn bakal ginanjar luhur | pasthi gêdhe cobanira ||

13. malah yèn satriya luwih | kang wis matêng tekadira | bungah tumêkaning ngêndon | saha mati nèng babahan | gone bedhang wanudya | dadya sabil patinipun | lah ta iku wong jlagêdhag ||

14. yaiku tirunên kaki | kêndêle wis kaya Lônda | saradhadhu tangsi gêdhe | yèn ngrêbut bojoning tôngga | tan nganggo ngarah-arah | banjur nyongkol bae kêpluk | kowe rak môngsa kariaa || [karia ...]

--- 21 ---

[... a ||] 15. ah abot têmên wong urip | yèn nêdya nglakoni srengat | kudu kêndêl mring patine | nanging yèn tan nglakonana | bakal tan antuk swarga | siniksa drubiksa besuk | mara kaki titènana ||

16. wong kang dhêmên laku santri | sadina-dina sêmbahyang | iku rak gadhangan dheyos | mulane aja sok cêdhak | yèn krungu gone donga | êndhasmu rak banjur ngêlu | trêkadhangan lara panas ||

17. yah wis aja dirasani | mundhak krungu wong kauman | yèn misuh rak dadi gawe | iya yèn misuh kewala | trêkadhang donga srabat | iku wah kaya dialu /

--- 22 ---

nyang êndhas gone kumêplak ||

18. ah mulane angèl kaki | wong urip nèng ngalam dunya | gampang angèl pratikêle | mara kaki rasakêna | wong kang dhêmên sêmbiyang | enak êndi karo tayup /[30] nèk aku enak jathilan ||

19. sanadyan kelangan dhuwit | nanging kok nyang ati sukak | wong nêtêpi sarengate | dhuwit rak minôngka slawat | boja dadi sidêkah | jakate olèhmu guyub | kabèh pyayi padha rêna ||

20. dalasan ingkang ningali | lanang wadon padha berag | malah nunut padha jogèt | nayub [nayu ...]

--- 23 ---

[... b] anèng ngisor gêdhang | lonthene dikon nêmbang | sangking kapengine nginum | tuku cao digo arak ||

21. iku pratandhane kaki | yèn mula laku utama | nyênêngake atining wong | ora kaya wong slawatan | santrine pirang-pirang | rak ora ana wong nginum | anaa ya padha gêla ||

22. mara rak iya ta kaki | yèn sira kurang pitaya | sêksèkêna mring kang maos | utawa kang padha myarsa | wulange eyangira | sing pandugaku wus rujuk | sabab èsême katara ||

23. kajaba yèn takon santri | lah iku môngsa bodhoa | ah

--- 24 ---

wis masthi ora cècèk | mulane aja sêmonta | nyang santri digo apa | mundhak sira dèn gêguyu | dèn arani rada edan ||

24. nanging aja sêrak sêrik | yèn dèn waoni ing liyan | yèn wani tabokên kêplok | yèn dèn kroyok ya ngamuka | mangkono wong jlagêdhag | aja dhêmên clurat-clurut | kaya dudu wong pêng-pêngan ||

25. lan yèn nuju sira kaki | jêjangongan lan wong kathah | yèn ana kang wani jêngès | ajak gêguyonan sira | lah banjur pisuhana | mênèk wani malês misuh | ya sudukên babarpisan ||

26. karo

--- 25 ---

bok sing rada dhiri | yèn lumaku anèng dalan | aja sok nyimpangi uwong | yèn ana kang wani nunjang | tabokên bae kêplak | tamtu yèn kajèn awakmu | poma kaki lakonana ||

[Sinom]

1. saiki wus salin têmbang | mangkene bae ya uwis | nora susah nganggo tôndha | badhenên yèn nyata wasis | lan wulangku saiki | rak nyamlêng tur enak èstu | nanging rada kuciwa | pun kaki durung nglakoni | mung dhèk biyèn gajêge kaya wis bisa ||

2. hèh kaki kang rada cêdhak | nèk ana wong kang mangrêti | aja kang janma manungsa | cacing krungu dadi

--- 26 ---

janmi | bok dèn mrene sathithik | aja nganggo rikuh-rikuh | rikuh iku bèn apa | wong bakal nampani wangsit | wangsit rungsit kêsit kêsêt nganggo kêsat ||

3. trêkadhang sira wus bisa | dene wus lawas nèng wuri | nanging durung antuk warah | yèn iku jatining ngêsit | yèn sira wus ngawruhi | rak banjur padhang atimu | mêngko aku tak blaka | kang têmênan tanpa wadi | satêmêne sira dhêmêna wong lanang ||

4. nanging aja sok lananga | nganggoa milih kang bêcik | satriya kang misih jaka | golèka gogrogan srimpi | tamtu yèn bisa nyênthing | tur rupane rada bagus /

--- 27 ---

wong wis dadi badhaya | apêse duwe prak ati | nanging aja kang isih dadi badhaya ||

5. yèn kêtanggor kang badhaya | pêthingane para wikling | môngsa dadak pradulia | mring kowe malah ngêmprêti | yèn konangan guprêmin | tan wurung labas gulumu | mulane dèn prayitna | satindak dèn ngati-ati | sabab iku rak prakara têmênanan ||

6. lawan malih wêkasingwang | yèn wus olèh gonmu milih | poma dèn bisa ngawula | ngladèni priyayi sigit | dèn mantêp trusing batin | lan kang sarèh aja kaku | sira wong lagya magang | mujia gêlis antuk sih | kang têmênan [têmê ...]

--- 28 ---

[... nan] aja sira tranyak-tranyak ||

7. o angèle ngudubilah | yèn durung olèh thêk kaki | kudu cumadhong sakarsa | angladèni rina wêngi | ywa pêgat ngati-ati | yèn bisa kang rada lucu | supaya dèn sihana | marang bêndaramu kaki | nanging aja kocara dhêmên si adas ||

8. ora kêna kasar-kasar | mênèk sira dèn tampiling | tur iya tan dadi apa | malah ngêncêngake pikir | nanging kok rada watir | yèn kabanjur lêngguk-lêngguk | kapriye polahira | nèk kowe banjur mayangi | golèk guna digo nglêjarakên karsa ||

9. bêcike banjur sewakna | kreta aturana kliling | mring toko [to ...]

--- 29 ---

[... ko] tuwin Pacinan | rak daramu rada lilih | lan êndi kang dèn lirik | barang-barang toko mau | yah wis aja koanyang | glis bae tukunên wis /[31] mundhak rèwèl athuk banjur dhuwitana ||

10. aja nganggo mikir rêga | nadyan mundhuta èrloji | kang rêga rongatus sêmat | yah ya tukokêna kaki | anggêre isih sugih | aja nganggo etang-etung | môngsa ngarah gombala | pathokên daramu asih | nadyan gombal yèn anèng kerate mulya ||

11. ya uwis aja korasa | dêlêngên bae wong sigit | mring ngêndi-êndi dhèrèkna | aja sok nganggo malangi | karêbèn [karêbè ...]

--- 30 ---

[... n] katiban sih | mêngko rak ana enakmu | rasa kang luwih mulya | pêthingane Hyang Idajil | bêndaramu kang pantês amaringêna ||

12. nanging tan kêna dèn usap | sun bisiki bae kaki | lah uwis pira rasakna | yaiku jatining ngêsit | apa ta ora adi | iku rak ngèlmu cumêplus | mulane aja samar | gonmu ngladèni wong sigit | dadi gathèt bêcik sira antêpana ||

13. ya môngsa dadak duwea | umur satus taun malih | rak ya gèk mulih nyang swarga | mumpung sira misih urip | nglakonana tabêri | ngawula wong bagus-bagus | kang bêcik patrapira | dèn kapak-kapakna kaki | anuruta [anuru ...]

--- 31 ---

[... ta] aja sira gawe cuwa ||

14. malah kêrêp nyaosana | apa kang sok dirêmêni | barang-barang mêng-amêngan | gandhewa tuwin jêmparing | nanging kang bêcik-bêcik | karo yèn rêmên prêkutut | enggal sira tukua | mring Madiun lan Kêdhiri | amiliha kang bêcik gêdhe anggungnya ||

15. yèn wis olèh glis caosna | maring bêndaramu kaki | nging aja nganti katara | mring liyan kang radha dhêmit | lamun daramu isin | rak banjur blainta kamu | wong adate isinan | lêngus-lêngus tan nyakani | ora ana anu thithik dadi duka ||

16. wong ora ana pa-apa | sasuwene bêcak-bêcik | tan wêruh sangkaning [sangka ...]

--- 32 ---

[... ning] duka | banjur mrêngut tan nyakani | mulane dèn ngatyati | sangganên rada balubut | yèn durung olèh bintang | aja sira wani-wani | bokmanawa tan kanggo gonmu ngawula ||

17. karo bêcik saratana | guna pangasihan kaki | wus tamtu yèn banjur bablas | gêlis tômpa layang buslit | lakune amung mutih | pitung dina bae rampung | ngèlmune tampanana | mara kaki sun tuturi | sun amatak ajiku si jaran goyang ||

18. têtêgar têngah ing pasar | gêgamanira camêthi | sada lanang têka

--- 33 ---

swarga | apa kwasane camêthi | sun sabêtakên bumi | sigar trus bumi sap pitu | sun sabêtkên sagara | dadi asat ponang warih | ingsun sabêtakên gunung dadi sigar ||

19. gunung manèh tan sigara | bok atine jabangbayi | ingsun sabêt sada lanang | wus tamtu yèn banjur mati | yèn ora sida mati | sida edan turut lurung | yèn ora sida edan | wusanane dadi asih | wêlas asih bêndara mring awak ingwang ||

20. iki bae lakonana | sajêrone kowe mutih | lan nganggo uduta [u ...]

--- 34 ---

[... duta] mênyan | sabên yèn wis sirêp janmi | apalna aja lali | linggiha karo pitêkur | yèn kongsi ora kêna | têmpuhna mring Hyang Idajil | bêcik iku bae sira lakonana ||

21. kowe rak banjur jlagêdhag | malah daramu kang wêdi | sakarêp-karêpmu nguja | ajakên mring ngêndi-êndi | pêngrasa jakên mati | bêndaramu rak ya manut | nanging kowe dèn bisa | aja dumèh dèn wêdèni | sakkarsane yèn mundhut ya tukokna ||[32]

22. sanajan mundhuta jaran | kang rêga rong atus ringgit | utawa mundhut rante mas | ingkang

--- 35 ---

rêga satus rispis | aja kasuwèn kaki | tukokna bae gèk rampung | mung kang rupa sandhangan | aja kongsi dèn pundhuti | dhêstar nyamping tukua maring dhobrêdan ||

23. lan yèn bêndaramu krêsa | aturana rêmên ringgit | yaiku kang kabênêran | dhèrèkêna dipun aglis | lan sangua kang akih | karêbèn sukak daramu | nanging dipun prayitna | yèn ana bujang kang wani | tabokana yèn lawan ya patènana ||

24. nanging dak kira wus ora | yèn wania sun kilani | anggêre kowe jlagêdhag | aja nganti kalah

--- 36 ---

dhuwit | lan aja wêdi-wêdi | anggrasên bae ya takut | najan anaa Wlônda | aja kowe mingrang-minggring | jakên tabik lan banjur jakên caturan ||

25. Landane rak banjur tata | ora gêlêm briga-brigi | sabab kadhisikan cara | wis kaki dèn ngati-ati | yèn ana kang maoni | lah poma aja korêmbug | yèn kabèh wus kalakyan | wulangku kang bêcik-bêcik | mêngko ingsun wulang ngèlmu cara tuwa || [ ...]

--- [0] ---

[... ||] ...

--- [1] ---

Ginêman.

Lurah. Takèn dhatêng rencang, hèh Suradi, sabab apa kowe gêlêm tak kongkon, utawa iring-iring.

Rencang. Matur nuwun, anggèn kula purun panjênêngan utus andhèrèk sapurug-purug, punika margi kula kaparingan têdha tuwin pangangge. Wangsul panjênêngan têka kêrsa maringi dhatêng tiyang sanès punika sabab punapa.

Sababe mung saka tarik-tinarik, samad-sinamadan, saupama aku ora awèh sandhang pangan utawa buruhan, [buruh ...]

--- [2] ---

[... an,] kowe rak iya ora gêlêm miturut sapangrèhku kang patut.

Nuwun inggih tamtu makatên.

Adhidimêr. Sabab apa kowe sabên takprentahi nyambutgawe tansah ubêngan bae.

Nuwun kangmas anggèn kula mubêng kautus punika supados mayar sanggèn kula, awit sayêktosipun kula punika rêmên dados tiyang umbaran, nanging sumêlang kula manawi lami-lami kadakwa wêri durjana.

Iya bênêr dhi, awit lumrahing wong urip sabên doyan mangan dhêmên nyandhang, mêsthi gêlêm nyambutgawe, utawa lumaku ing gawe, iya sabisa-bisa lan sakuwagange.

Môngka kowe iku dhêmên nyandhang, majang, mangan, mainan, suthik kangelan, la sing kaconggah kanggenan sapa.

--- [3] ---

Kula nyuwun pangapuntên kangmas, sarèhning kula sampun matur pasaja, samangke kula taksih kaparêng nyukêri wontên ing capuri ngriki, punapa botên.

Yèn têkonmu ora bisa marèni, sarta ora têmên nyambutgawe, aku iya ora kêduga kanggonan, bêcik tumuli lungaa, dadi ora muwuhi kaluputaku, utawa durakamu.

Nuwun, tinimbang kula ngêmis dhatêng tiyang sanès, utawi dados wêri durjana, punapa botên prayogi panjênengan ingoni, margi awon kalêpatan kula tamtu ngèmbèt sariranipun kangmas. Manawi kula taksih kacadhong, kangmas nama prayantun utami, tur botên cacad.

Aku durung kuwat sinêbut wong utama, bisaku lagi lumrah bae, besuk gampang yèn wis luwih bandhane, ora usah kopriyogakake.

--- [4] ---

...[33]

--- [0] ---

Punika panitikipun rare ingkang badhe dados wiji, kapetang sangking naptu kapratelakakên ing ngandhap punika.

Siyang 9,

Dalu 10,

Bayi 16

Dintên 7

Pêkênan 5

Tanggal 30.

Kathahing nêptu nêm bab wau lajêng kagunggung, lajêng kabucal 9, 9, bilih kantun 1, 7, 9 punika wiji ratu, dunungipun wetan, mila pangetangipun ratu naming sapisan, upaminipun makatên.

Rare jalêr nama Sugyarta bayi nêptu 16, lairipun [lairipu ...]

--- [0] ---

[... n] siyang 9, dintênipun Rêbo 7, Lêgi 5, tanggal 12.

Gunggunging nêptu 48, kabucal 9, 9, ping 5, kantun 3 dhawah guru.

Manawi kantun 1, 7, 9, punika wiji ratu.

Manawi kantun 2, 5, 8, wiji tani, dunungipun kidul.

Manawi kantun 3, 6, wiji nyuru dunungipun wetan.

Manawi lèr, wiji limrah, dunungipun lèr.

Kantun 4, prênah lèr.

--- [0] ---

Suluk Darmabrata tuwin Tambangprana. Kaca: 36

...[34]

--- 1 ---

[Dhandhanggula]

1. mastuti mring sang trêsna sung manis | amung Gusti kang murah ing donya | ngapura sih ngakerate | beka bilahinipun | ilangêna rêncanèng margi | supaya lêstaria | raga kuwat emut | Pramana Wiryamartana | bagya guna kadugèna kang kinapti | waluya panjang yuswa ||

2. mantri luhur mrih salira aji | ping patlikur ing Rêspati Krêsna | Jumadilakir Alipe | nalika nurun suluk | Darmabrata duk kawit nganggit | taun Dal Manis Tumpak | sèwu pitungatus | pitungdasa langkung sapta | kitab tapsir kang jinarwa duk ing nguni | Jêng Nabi Rasulullah ||

3. niyat waktu Subuh anêngahi | ninging takbiratul ikramira | pinacang lan nugrahane | kalilan mêdhar ngilmu | bôngsa tekat têkabulnèki/ [tê ...]

--- 2 ---

[... kabulnèki/] ing nafi lawan isbat | binabar ing kalbu | ywa kongsi momoring karsa | rèhning tunggal karya tunggal ênur tuwin | anane beda asma ||

4. ing nalika Jumungah Jêng Nabi | lawan para sakhabat sakawan | nèng Bètullah sabakdane | salat Jumungah laju | arsa marah kawruh ing ngèlmi | wiwite bôngsa tekad | catur adhêpipun | Jêng Nabi aris ngandika | hèh ta Abu Bakar Ngumar Ngusman Ngali | payo padha rêrasan ||

5. kang sun rasa surasaning ghaib | ing Hyang Maha Suci rong prakara | napi isbat prabedane | myang pisah kumpulipun | jroning rahsa kawan prakawis | sawiji antêpira | iklas kalihipun | tri têtêp titising

--- 3 ---

tekad | kaping pate sampurnane ingkang pasthi | wruha bedaning tunggal ||

6. ngawruhana bedane kang pasthi | ngawruhana bedane kang nyata | paran ta mungguh dununge | hèh ta sabat ngong catur | sapakolih pikirên sami | salah siji kang tômpa | ilhaming Hyang Agung | sokur bage kabèh tômpa | bêgjanira ywa kongsi ngêndhong ing pikir | pra sabat matur nêmbah ||

7. ranguning tyas pan dèrèng udani | pan sumôngga Jêng Nabi minulya | abdinta nyuwun jarwane | Jêng Nabi ngandika rum | insaalah padha pinikir | yèn bênêr pirabara | ing panêmoningsun | miwiti antêp sun jarwa | prabedane napi isbating Hyang Widhi /

--- 4 ---

antêping jroning rahsa ||

8. maspadakna ananirèng Widhi | pan tunggale rasa rasanira | saobah lawan osike | ênêng lan êningipun | yèn wus êning ananing yêgti | yêgtine datan liya | mungguh ing Hyang Agung | pamorirèng karsanira | ambawani solah-bawanira iki | kalimput nglimput ing tyas ||

9. dêdununge ana kang nganani | wungu sare alênggah lumakya | iku kanugrahan lire | sare kapandum murup | urup iku padha madhangi | kang padhang iku nyata | iya kang anglimput | sajroning murup pan panas | yèku môngka ibarat kang wus sayêgti | isbate anèng sira ||

10. mamanging tyas têtêp ing kanapi/ [kana ...]

--- 5 ---

[... pi/] napèkêna ywa kongsi kalenan | ning hawa pamoring gawe | kuwat tumibèng kewuh | jroning amrih tantorèng pati | pati pratitisêna | êning kang dumunung | isbatna kaananing dzat | rahsaning dzat tingaling dzat kang wus pasthi | panthênging cipta maya ||

11. pôncadriya driyanên kang êning | nirna mala mêmalaning arda | idêgên ing budi sarèh | ririh marma pakerut | rutên rêntêng-rêntênging kapti | tratap kêsar singkurna | yèku môngka siku | pamurungirèng kasidan | yèn tan awas pinapas kang sipat napi | napine apêsêna ||

12. pra sejene lawan kang sawiji | dzat wajibul wujut bokmanawa | ing

--- 6 ---

kono sinarêngake | cipta ingkang tuwajuh | jinatenan jatining jati | jinaton antêpira | dera Hyang Mahagung | yèku marganing kasidan | widadane kandêl kumandêling Widhi | pinandêng kang waspada ||

13. sêmbadane sêdyanên ing budi | ilapating dzat ingkang sanyata | pinta-pinta mintaning rèh | basaning isbat iku | napi sira pan napi jinis | yèku môngka panunggal | ing rahsa sawêgung | napinira isbatêna | ing têgêse mungguh panunggale dadi | pratandhane sih lirnya ||

14. tyasta ningna warna kaananing | dzat catur warna nur noring warna | wênês wêning kunaning jro | dzat salikik rumuhun | wahya saking ing driya [dri ...]

--- 7 ---

[... ya] adi | lintang panjêr rahina | laju nêng-nêng kalbu | dzat mutlak kadi purnama | dzat salingsir apan panunggale dadi | sawarna lan dzat mutlak ||

15. ilang ingkang dzat mutlak cahyaning | dzat subêki lir surya warnanya | muksaning dzat subêkine | cahyaning dzat sububun | angêbêki buwana iki | cahya padhang tan ana | ing sêsamènipun | beda lan padhanging surya | lan padhanging rêmbulan datan amirib | yèku padhanging padhang ||

16. kang munggèng jroning padhang kang mêsthi | ananing dzat yêkti ananira | ananira sajatine | ya ananing Hyang Agung | solah tingkah wus datan kalih | iku isbating isbat /

--- 8 ---

napi wus kapungkur | iku antêp lungguhira | antêp iku pêpadhang amoring ghaib | wong anom dèn waspada ||

[Sinom]

1. paranpara sabatingwang | Abu Bakar Ngusman Ngali | Ngumar mara kabèh samya | rasakêna rasa iki | thukul wêkêling nokil | pinarêng lawan panuju | kanugrahaning suksma | samungguh panêmu mami | sun sumendhe ing ngaral rèhning kawula ||

2. ring kono manawa ana | panêmu salah sawiji | rujukan panêdyaningwang | sokur bisa amuwuhi | kawaspadanya malih | nglêlantèh têtelaningsun | sira padha uruna | kawruh wajib lawan saksi | dadi bisa santosa sanyatanira ||

3. wuwuh

--- 9 ---

kandêl-kumadêlnya | pra sabat sujut ing siti | sawunguning sujutira | dunga sokuring Hyang Widhi | samya umatur aris | Jêng Nabi dutèng Hyang Agung | môngka nayakaningrat | kang sèstu panutan mami | dunya ngakir kang paring marga widada ||

4. langkung gêng ingkang nugraha | mufangat amba nyrambahi | sajiwa nikmat mufangat | tangèh sagêd amangsuli | malah miluta saking | sabda jêng dutèng Hyang Agung | Jêng Nabi angandika | sokur yèn padha nyayuki | yèn wus nyata sinêksi padha kadriya ||

5. bancana yèn durung ana | sêksi masalahing têpsir | sirik sikuning jubriya | sarèhning bombongan budi | wit datan pinarsudi/ [pi ...]

--- 10 ---

[... narsudi/] kawaspadan tuna luput | cacat marang wiweka | nyambi kala anasabi | kabêcikan panggawe salah panarka ||

6. bandanên ing cipta maya | ya sadaya fiyèning ling | nglêlimput tabêting arja | ajêgna manah kang wêning | mênèk manawa dadi | dêdalan arja tumuwuh | ewuhe wong angulah | kawaspadan marang ghaib | beda-beda unine sring kênèng nyana ||

7. raras êning samadyanya | kewala lair lan batin | têtêpana kang santosa | barang parentahing Widhi | kang dadi lawan takdir | aja gumingsir ing kalbu | saobah-osikira | pasrahna karsaning Widhi | dadi sidik kasidanira widada ||

8. racutên ing panarima /

--- 11 ---

yèn katir talaning eling | nire sarekaning driya | wus tanana tingal kalih | ing mêngko sun jarwani | lakune eklasing kalbu | nafi patang prakara | nafi isbating kanang sir | wujud ngèlmu nur suhut nafi isbatnya ||

9. dene wujud têgêsira | ana ya ananing Widhi | ngèlmu kang wruh têgêsira | iya kawruhe Hyang Widhi | nur cahya kang sajati | iya cahyaning Hyang Agung | suhud muklis têgêsnya | iya moklising suksmadi | yèku isbat isbate kaanan tunggal ||

10. tunggale kaananing Hyang | ya kaananira iki | kawruhing Hyang kawruhira | cahyaning Hyang Maha Sukci | ya cahyanira iki | muklising Hyang ywa muklismu | tanana [ta ...]

--- 12 ---

[... nana] prabedanya | nging wruha bedaning tunggil | dadi têtêp anane Gusti kawula ||

11. mêngkono prabedanira | iya ananira iki | winêngku ing kodrating Hyang | sinandi kêduman takdir | sayêktine Hyang Widhi | ana ing kodratirèku | waspadanirèng kodrat | kumandêla marang takdir | eklasêna yèn wus takdire tumêka ||

12. gunggung awor ing sajiwa | jiwanta lan Hyang Suksmadi | yèn mukir ing takdirira | adoh kumandêl ing Widhi | barang-barang pinurih | tatase ta setan satus | tatanên kang sanyata | ati antêng kang pratitis | titisêna putus wruh ing kodratollah ||

13. Jaba

--- 13 ---

jro roroning tunggal | yèku ana têgêsnèki | ana dene kawruh lirnya | kawruhing Kang Maha Sukci | yèku datan kalêmpit | waspada kang wus dumunung | tan kilap datan samar | pedah dayaning dumadi | tanpa mardi ngidèni dadining daya ||

14. Hyang mangkono patrapira | sejene kawruhirèki | sinandhang iradating Hyang | sinêrung aralirèki | têgêse kang ngalingi | pôncadriyanira wanuh | lan pôncawisayanta | wèh pantog pêtênging ati | anênulak maring kawaspadanira ||

15. sarèhna tyas ta kang rosa | rèhning aral dèn kawruhi | ywa mamang mring panarima | trimanên ganjaran Widhi | dhaupna dèn kêdhapi /

--- 14 ---

iradatira Hyang Agung | ing kono yèn wis nyata | têtêpe anunggal kapti | yèku paran loro-loroning atunggal ||

16. rorone aran kewala | wiji ngunjaran sawiji | obah-osik jrone karsa | ênêng êninge sawiji | yèn nêmbah lan amuji | tan ana jujug-jinujug | pujine mung raharja | raharjane wong sabumi | krana Allah barang tingkah obahira ||

17. sasolah-bawa mlasarsa | yèku iklas kang wus muklis | dene têgêse kang cahya | cahyaning Hyang Maha Sukci | kuwasa amadhangi | jagad cilik jagad agung | Sang Hyang mawarna cahya | surya lintang lawan sasi | kabèh ingkang sumorot [sumoro ...]

--- 15 ---

[... t] cahyaning suksma ||

18. padha cahya nora padha | pinadha pan anglimputi | sumawana kalimputan | kang sèstu cahyaning Widhi | cumandho amandhiri | ing admanira anglimput | momoring cahyanira | mrabani gêbyaring kapti | anyrambahi gêbyaring wadananira ||

19. paribawa bawanira | tangi turu mlaku linggih | ywa nyêngguh kawasanira | pribadi têka nglimputi | tamtu nuring Hyang Widhi | dèn waspada ing pangangkuh | kukuhên kumantaka | tuman tumêmên ing batin | satuhune sirèku ywa rahsane dzat ||

20. tingkah polah saking Allah | ngawruhi bedaning tunggil | rèhning apês duwèkira | dèn ngrasa [ngra ...]

--- 16 ---

[... sa] lamun antuk sih | ywa pêgat mêminta sih | sêngsêm mênang ing saèstu | tumêkèng iklasira | iku bokmênawa kêni | pratandhane antuk sih padhang tyasira ||

21. sajroning tyas kang warata | gêng pama bawana iki | têgêse pan wus manuksma | sinuksma mungguh Hyang Widhi | dandana ngati-ati | têtêpa ing awas emut | salire ngawruhana | pôncawisayaning urip | uripêna waspadaning sangkan-paran ||

22. mangkana kang bôngsa cahya | beda cahya bôngsa Nabi | sayêkti aebat uga | nafine pan nafi jinis | jinising bôngsa ghaib | kang cahya warna wêwolu /

--- 17 ---

dene kang catur warna | pratandhanira Hyang Widhi | kang ngobahkên ing jagating dhirinira ||

23. kumalebat ingkang wahya | tanpa nyana anyondhongi | kasusahan ing tyasira | tanapi antuk prihatin | tuna kalawan bathi | ing kono pan wus tinêmu | tan kêna tinampika | miwah tan kêna pinilih | tampanana sokur lawan panarima ||

24. apan ingkang catur warna | tôndha ananing donyèki | tirta gêng lawan prahara | brama swara kang ngagèti | obahing bumi gonjing | obah-obah ingkang lindhu | iku sira dèn awas | mawas ilapating Widhi | agamaning cahya kang dadi pratôndha ||

--- 18 ---

25. gêgolongan dening cahya | tri warna wênês awêning | sajuga iku pratôndha | lara kapenaking dhiri | miwah marang basuki | sawiji pratandhanipun | mèh tinggal jaman dunya | dene ta ingkang sawiji | mratandhani marang kaluhuranira ||

26. raning cahya kang sanyata | iku isbat nafi jinis | isbatna rupaning tôndha | nafine jamaning pati | ywa pisan anampèli | eklasna dèn awas emut | awasna dèn waspada | angudia ing Hyang Widhi | sêdyanira dadya kanthining Suksma di ||

[Kinanthi]

1. dene ta lakuning suhut | suhut têgêse pan moklis | muklising Hyang Maha Mulya | tan ana rêrasan malih | nora sêrik lan nora sak/ [sa ...]

--- 19 ---

[... k/] tan suka datan prihatin ||

2. tan ana sêbut-sinêbut | wus tan ana sêmbah puji | tan ana saliring reka | akal budi kalawan sir | adhêp-ingadhêp tan ana | anane kewala moklis ||

3. kaananing Hyang Maha Gung | murba masesaning moklis | Hyang Suksma dadèkkên sira | Hyang Akarya bumi langit | isèn-isèning bawana | kabèh kang sarwa kumêlip ||

4. ana uni tanpa ujud | ana ujud tanpa uni | ana rupa tanpa gônda | ana gônda tanpa warni | ana urip tanpa molah | ana polah tanpa urip ||

5. ana êning tanpa muwus | kang muwus datanpa êning | ana wujud tanpa polah | ana polah [po ...]

--- 20 ---

[... lah] tanpa warni | kang wujud datanpa nyata | kang nyata datanpa warni ||

6. kang lunga tan nêdya mantuk | kang mulih tan lunga nguni | mawarna titahing Suksma | sinandhang murahing Widi | sami sinung kanikmatan | mufangat murahing Widhi ||

7. kabèh rusak jatènipun | tan ana langgêng sawiji | mung manungsa kang kinarya | tinitah luhur pribadi | ana rusak ana ora | uripe langgêng pribadi ||

8. sajati-jatine iku | kang murba misesa moklis | tunggil lawan moklisira | tan ana sipat kêkalih | nging wruha bedaning tunggal | tunggalêna lawan êning ||

9. jatine pribadènipun | moklis ta panrimaning sih | sihing Hyang marang ing sira | têgêse panrima jati /

--- 21 ---

adhêpira ing Hyang Suksma | iku sajatine moklis ||

10. ing kono prabedanipun | barang rèhira wus tunggil | ywa sira darbe panarka | bawa sawêtuning kapti | dèn sokur lawan narima | pinarêng lan sihing Widhi ||

11. dadine ta kayun-kayun | kayun ta ingkang nglantari | tan liyan mungguh Hyang Suksma | kang Suksma suksma ngêmori | murwa kang purwaning karsa | karsanta tansah dèn sihi ||

12. adhêpna idhêping dunung | dununging Hyang Maha Sukci | kapundhi jroning jiwanta | jiwanta ya sajatining | anglimput pan kalimputan | kadi nêng kalimputaning ||

13. kang mênêng sajatinipun | yèku kalimputan êning | êning kalimput [kalimpu ...]

--- 22 ---

[... t] ênêngnya | jatine kang moklis êning | nèng manon ing ênêngira | sipate saking sêsilih ||

14. sêsilih tunggal ranipun | tunggalêna lan kang moklis | moklisna jiwa raganta | raganta rekanên dadi | sajiwa panunggaling sang | sarana sumarah ing sih ||

15. pêksanên pisah suramu | beratên sagung mêmuring | karêm-karêm karamêna | marènana kang malahi | mêmurung sumarahira | sirnakna samar manah ning ||

16. dadi wruh tibaning dudu | kang iya mulya sayêkti | kang tunggal wus pangawak sang | sampurna roroning tunggil | tumungkul lan kang tumunggal | mung bineda ganjar takdir ||

17. dèn rafali al khaliku | lawan sifat [si ...]

--- 23 ---

[... fat] tulkhaliki | maknane ika mangkana | dene gaweaning Widhi | dadi sipating akarya | tan ana bedaning warni ||

18. anna atimulpakiru | têgêse sampurnèng pikir | wartuwalahu tangala | têgêse iku Hyang Widhi | sing sapa wonge sampurna | pikire ya wus Hyang Widhi ||

19. dèn lafali makam mulu | mungguh ênggoning Hyang Widhi | yêktine tunggal sajiwa | kalbu mukmin bètulahi | batine mukmin kang wus kas | yèku dununging Hyang Widhi ||

20. lafal wa anasiruhu | lan laphin alsanurihi | têgêse pan rahsanira | iya rahsaning Hyang Widhi | yaiku roroning tunggal | têgêse kawula [ka ...]

--- 24 ---

[... wula] Gusti ||

21. sampurna rahsaning tuduh | tan kêna dinalih kalih | tan kêna ngaran sajuga | jatine mung parênging sih | iyèku kukuh ing eklas | ywa kongsi mêgat ingkang sih ||

[Mêgatruh]

1. sampurnaning sajati tuduhing kawruh | pan iya kawan prakawis | kang môngka prabedanipun | dadi isbating Hyang Widhi | kang tumrap dadya lêlakon ||

2. nasiri dzat sifat asma apêngalu | dzat ana têgêse nênggih | sipat têgêse pan wujud | asma têgêse pan nami | apêngal karsaning uwong ||

3. dzating Allah tan ana kaananipun | tan rupa datanpa warni | tan arah

--- 25 ---

datanpa dunung | nora gêdhe nora cilik | nora luhur nora ngisor ||

4. sifating Hyang tan ana wijanganipun | nora ala nora bêcik | dudu wadon dudu kakung | tan ewah datanpa gingsir | nora tuwa nora anom ||

5. asmaning Hyang dumunung jroning sêsêbut | dumunung sajroning puji | dumunung jroning takbiru | dumunung jroning ekrami | sajroning mekrating manggon ||

6. apêngale Hyang Kang Murba Misesèku | anggêlar kang bumi langit | saisènira asnapun | nitahkên manungsa iki | môngka ghaibing Hyang Manon ||

7. yèku isbat kang môngka tajalinipun | dera Hyang Kang

--- 26 ---

Maha Sukci | misesa samèng tumuwuh | amoting isbat lan napi | môngka wakiling Hyang Manon ||

8. ananira sarana raga kang wujud | minôngka ananing Widhi | dadi ana ananipun | angsal saking ora uning | nglakoni lakuning lakon ||

9. asma jênêng iya jênênging kang wujud | wujud sipatira iki | pratôndha karsaning wujud | wijang-wijanging kang wiji | wijine dadining lakon ||

10. afngal karya karyanira kang saèstu | nglakoni prentahing Widhi | sarèhne sira sinêrung | sinandhang ngaralirèki | nanging jatine Hyang Manon ||

11. pangrêsane mring sira dennya dumunung | sajro paningalirèki | dadine sihing Hyang Agung | mring sira amratandhani | nuksmèng [nu ...]

--- 27 ---

[... ksmèng] jro panrima momor ||

12. sêdyaning Hyang mring sira prajangjènipun | duk sira maksih ginaib | nèng sajroning lohkilmakful | sira sumaguh ing takdir | takdirira ing Hyang Manon ||

13. èngêta mring lêlakon lan takdir jumbuh | iku jatine Hyang Widhi | tan ngapura tan angukum | mring sira mung murah asih | sakèh reka mung lêlakon ||

14. sêsirahe sih murahira Hyang Agung | kang marang ing sira iki | rinilan bisa amêngku | sasama samèng dumadi | kang dumadi ya Hyang Manon ||

15. isining rat tan lyan ananing Hyang Agung | alêlaku lawan malih | sifatul khalaki mungguh | gêgaweaning Hyang Widhi | dadi sipating Hyang Manon ||

16. sajatine

--- 28 ---

sira iku ya Hyang Agung | winêngku pan amêngkoni | iya karsaning Hyang Agung | dadi lairira iki | atènira nèng Hyang Manon ||

17. pamyarsane panggônda miwah pandulu | pangandikaning Hyang Widhi /dadi karsanira iku | jumbuhe laku lan têkdir | kadadeaning lêlakon ||

18. dumadine lêlakon duk lokil makful | nèng dunya ginêlar têkdir | sing sapa wonge kalimput | ing têkdir napi mring Widhi | kang èngêt isbating Manon ||

19. lafalipun isa nur inung kajalut | têgêse manungsa iki | urif inguripan iku | atamtu tubètulahi | mah-ingomah ing Hyang

--- 29 ---

Manon ||

20 sajatine duk ing mula mulanipun | tan ana sipat kêkalih | mung Allah kewala mungguh | ambabar gêlaring ghaib | ilapat kinarya loro ||

21. bil ayatku ekrami dangu salamu | nugrahanira Hyang Widhi | antênging tyasira iku | dumunung marang basuki | kang bisa gambuh Hyang Manon ||

[Gambuh]

1. gambuhing kang pituduh | mangudia adining tumuwuh | wuwuhana waspada padaning Widhi | bisa basukining laku | ing tekat aywa kapêngkok ||

2. pan ana dalilipun | khaol kang saking Kitap Tasawuf | elinga yèn urip winêngku ing pati | jatine

--- 30 ---

pati winêngku | marang uriping Hyang Manon ||

3. asal saking Tasawuf | astamudu iya alamudu | angudia mati sadurunging mati | astamudu bakdamudu | uripa sawising layon ||

4. lir angganira iku | lèking netra winêngku pandulu | jroning dulu winêngku êlèking ati | jatining tyas awas emut | urip tan kêna ing layon ||

5. lir prabaning kanang nur | sinamaring raditya umancur | lan sinamar wawêngi pêtênging latri | sasirnaning rina dalu | kaananing nur katongton ||

6. pan lèk katoning patuh | têtêp lan owah wahananipun | yèku ênur nuringrat ingkang khakiki /

--- 31 ---

yèku ghaiping Hyang Agung | sing sapa wonge kang wêroh ||

7. wêrit warananipun | kang bisa wruh supangating lulus | lêsning nala anulak alali-lali | lupute muput angawut | lacak luluting patêmon ||

8. ugêmên yèn wis pangguh | unggahêna inganggit kang saguh | gêgawate ing ghaib-ghaibpul uwit | wêwinih araning kalbu | kalbu araning Hyang Manon ||

9. ing kono jatinipun | kajatenan wruh jatining dunung | wruh lakuning urip wruh lakuning pati | pratitisna patrapipun | uripe tumêkèng layon ||

10. lan ana dalilipun | saking Kitap Andaru Humulusup /[35] wajib padha wêruha paraning pati /

--- 32 ---

lêlima dununging lampus | prabedane saking kaol ||

11. sawiji goning lampus | kang ora mangeran ing Hyang Agung | donya kherat kang mangeran marang eblis | nyawane kaluru-luru | ragane lungkrah abosok ||

12. karone goning lampus | kang kumambang wasesèng Hyang Agung | nora mati sayêkti kewala ngalih | panggonan de raganipun | mulih asale kang dados ||

13. banyu mulih mring banyu | angin mulih marang anginipun | gêni mulih iya mulih marang gêni | bumi mulih buminipun | êrohe mulih mring êroh ||

14. ping tri gone alampus | kang wus iman marang ing Hyang Agung | nora mati uripe silih-sinilih | wêwalikan [wêwa ...]

--- 33 ---

[... likan] jisimipun | wadhage lan alus luloh ||

15. ping catur goning lampus | kang wus iman tokiting Hyang Agung | nora pisah nora awor ing Hyang Widhi | raga sirna tanpa wujud | mulih ora mulih awor ||

16. lima sampurnèng lampus | kang iman tokit makrifatipun | dhingin Allah samêngko iya Hyang Widhi | mulih iya Allah iku | wa allahu aklam ing kono ||[36]

17. mangkono iku cukup | wong aulah ghaiping Hyang Agung | lan wajida wajidahu ulah ngèlmi | sapa têmên marang ngèlmu | tinêmênan ing Hyang Manon ||

18 kadising sarak mungguh | wajib padha ngabêkti Hyang Agung | lan ngabêkti mring panjênênganing aji | ngabêkti mring Nabi luhung | ngabêkti [ngabê ...]

--- 34 ---

[... kti] mring wali kaot ||

19. mrih supangating ngèlmu | têkabuling ikram ingkang kawruh | marganana ing sarak kawan prakawis | sarengat tarekatipun | khakekat makrifat dados ||

20. dêdalaning têkabul | sarengate sarak limang wêktu | puji dhikir karêma kadaring daim | tarekate kang saèstu | salat kustangat kalakon ||

21. khakekate kang bakuh | salat èsmu ngalam-alam iku | iku ênggon kanugrahaning Hyang Widhi | waspada widakdèng tanduk | tanduking dulu-dinulon ||

22. maripate kang wêruh | mring salat barjah ingkang tuwajuh | turutana kang nêdya wijining puji | iya kunêng goning wujud | wiji wijaning Hyang Manon ||

23. hèh sakabat ngong catur | poma

--- 35 ---

aja mamang marang kawruh | sapêkolèh lah payo padha binudi | sakèhe kaoling kawruh | kawuwus rarasing raos ||

24. pra sabat samya sujud | donga sokur marang ing Hyang Agung | dhuh Gustiku kang môngka Nabining Widhi | sabda jêng dutèng Hyang Agung | nugraha ingkang dhumawoh ||

25. ing amba jêng duta gung | mugi angsala ingkang pangèstu | angandika Jêng Nabi dutaning Widhi | ingsaallah yèn panuju | pinarêng karsèng Hyang Manon ||

26. titi ngandikèng Rasul | Jumuwah Paing tanggal patlikur | sasi Sapar Jimawal sangkalèng warsi | tata kumbul ngèsthi prabu /[37] darma brôngta kang cariyos ||

--- 36 ---

[Tambangprana][38]

[Dhandhanggula]

1. kadyangganing brêmara dera mrih | kusumarsa marwasèng sarkara | datan sah ing pangingsêpe | kusuma nuksmèng taru | taraping ron mardapa minging | mangkana esthanira | sadpada deranggung | tumiling ngliling salaga | nanging patra patrape saengga mingit | saliring sarilata ||

2. têmah susah pasêmoning kapti | kapitèng tyas myat puspita tama | taman kêmba pangudine | saking kawêkènipun | pêpuntone mung ngalintêri | nèng tawang mudhar swara | brangêngêng malat kung | yeka pralambanging nala | ing nalika tyas paripaksa marsudi | mardawaning wasita ||

3. mèt satata patrapaning janmi | jaman kuna [ku ...]

--- 37 ---

[... na] tumêkèng samangkya | saundhak minôngka tôndhe | tundha-tundhaning tuwuh | kang tinêpa jroning palupi | lêpian durta tama | tumpraping pra sunu | sinawung nèng Surakarta | tinêngêran pitung côndra ngèthi siwi /[39] manitrèng Tambangprana ||

4. pranatane catur kang môngka wit | ring pra mudha padha mamêdhara | kotamarja saarjune | aja gung kadalurung | anjurungi wigaring budi | bêbungah tanpa wayah | rina wêngi manggung | mangan enak turu enak | linggih enak ngenak-enak nora sêpi | nyanyêpuh pêpenginan ||

5. iku dudu padataning janmi | jaman boga urupe lan karya | arta kalawan artine/ [ar ...]

--- 38 ---

[... tine/] marmanta sutaningsun | aywa murang rèh kramaniti | nêniti nitènana | sagunging tumuwuh | kang nistha madya utama | wus ginêlar sabuwana angêbêki | bakuning sudarsana ||

6. sudarsana tuladan kang wrêdi | nadyan wrêdha yèn sêpi budaya | yakti kèsthi kanisthane | sanadyan mudha lamun | mardiguna sarana wasis | waskitha saniskara | tinulada patut | patraping pasang wiweka | wikanana mungguh ing dunya puniki | kikisaning prasêdya ||

7. datan liyan mung wibawa mukti | jalarane wong mukti wibawa | sangking bogarta yêktine | sing sapa nora [no ...]

--- 39 ---

[... ra] gayuh | gêgeyongan kang rong prakawis | wasana kawisesa | samaning tumuwuh | tumuwuh yèn kawisesa | sasat patra ngalesa lêsah ing siti | kang lêlara nèng cipta ||

8. sagon-ênggon tansah dèn sigèni | iku tabêt taboning apapa | mapan nèng rudatin gêdhe | tan godhag rawuhipun | ki bagus sak bok rara sêrik | kasaru para cuwa | barubul kêkuwu | kêkutha atrap gapura | yèn wus lêbda ardane dadi saardi | adate kang mangkana ||

9. kang kataman tarimaning kapti | katarbuka bakuning kawula | milalu lapa sajêge | sanadyan têkèng lampus | kapusthi rèh lêgawèng budi | dumadi lama-lama /

--- 40 ---

dadya papanipun | nadyan dhawake tan tômpa | sayêktine turun-tumuruning wuri | kawaratan nugraha ||

10. kèh sathithik sapa kang udani | kadya nguni risang Dananjaya | kataman duhkitèng tyase | kênèng rèh arubiru | Kurawarda dadra mawrêdi | dènira asikara | ngrampas angêngapus | apêsing Pandhawa têmah | kênèng trekah ingangkah tumêrah kongsi | kasrakat sabèng wana ||

11. suprandene maksih dèn cêcênggring | sèwu merang gung kasurang-surang | tan srawungan wangsaning kèh | ananging bakuh kukuh | angukuhi sarana katri | trima rila lêgawa | parta tansah

--- 41 ---

mungkul | martapèng guwa Drêkila | sruning puja mijil mujijating puji | manjak mring Junggringslaka ||

12. katarima ring Hyang Utipati | gya tumêdhak mêdhakkên nugraha | tinancêpakên ciptane | sira sang among nêng kung | wahyaning kang darajat katri | kang dhingin kapandhitan | kaping kalihipun | darajating kawiryawan | kang kaping tri darajat prawira nênggih | kamot munggèng sarira ||

13. cêncêmane mani têkèng mangkin | run-tumurun tumruntun wibawa | ambawani wawêngkone | iya ta kaki lamun | tinitah lir Radèn Prêmadi | kasrakat bangkit ngangkat | pangukuting êru | pangêkêsing aruara | yèn tan bisa dadak nrajang wirang isin | apêse [a ...]

--- 42 ---

[... pêse] papariman ||

14. pirabara ngrampas ngapus krami | adol swara sarasa mrih cêla | marang tôngga têparone | luwange kang kadyèku | lawas-lawas kawawas pasthi | mring pawong sanak samya | kumalèwèng kalbu | kabuka sabar sêbawa | gung wèh rêngat myang runtik-runtiking budi | dadi dêdalan gêndra ||

15. cinirenan saengga cêciri | yèn wus katup kuntap katupiksa | wong adu-adu adate | mrana-mrene ginrumung | ginarêmêng ujar tan bêcik | bêcik-bêcike padha | ku mung apitambuh | tinambahan kumalewa | janma kang wus ngewanan sasami-sami | durakèng ngalam dunya ||

--- 43 ---

16. wong duraka sajroning ngaurip | amung kari ngarêpkên sangsara | ing benjang apa rawuhe | awit kang wus tinamtu | satulène manungsa langip | angrang[40] kang nêdya arsa | ambadali nêpsu | kang akèh mung ngumbar karsa | iya yogya wong ngumbar inggaring budi | manawa wus karêksa ||

17. dining boga karana ta kaki | wong tinunggu ing boga barana | iku nugraha jatine | wênang uga sinêbut | sujanma wus sujanma mukti | kamuktèning sarira | sing boga linuhung | marmane sapa kang bisa | angêbèri ing boga barana maring | sasama-samanira ||

--- 44 ---

18. yakti kajèn ing jamaning aji | tur pinundhi pinindha wadyendra | kinèdhêpan saprentahe | anggung sinuhun-suhun | sinunggata ginati-gati | ginatran krama arja | pinarja mrih arju | kèh anuju-nuju karsa | kaarsayan mrih kêbèran brana yêkti | kayaktèn yèn wibawa ||

19. wibawèku wênang ambawani | dadi barang kang sinêdya ana | têka kang cinipta kabèh | kabuka katonipun | pêpuntone kadonyan iki | èdine lawan brana | myang boga sutèngsun | janma kang tanpa gunarta | kabèh barang sêdyane tan ana dadi | anggayuh-gayuh [angga ...]

--- 45 ---

[... yuh-gayuh] tuna ||

20. ngrangsang-ngrangsang kasangsang ing ori | kabèh cipta tan ana tumama | tawi tawa tawar bae | uruping urip mamprung | ngandhang anèng jabane nglangit | ngêlangut kêthap-kêthap | ora arsa kondur | yèn tan tinêbas ing tapa | basa tapa angêtop[41] sabarang kardi | kaardan singkirana ||

21. bôngsa arda kèh warnane kaki | ana arda marang ing wanudya | sandhang pangan apadene | cêkake putraningsun | kabèh cipta tan sawatawis | ya uga aran arda | marmanta den emut | pamèting cipta sasmita | sisip sêmbir dadi papêtênging kabti /[42] rêridhuning wardaya ||

22. tur

--- 46 ---

wus wajib ijaping ngaurip | padha mardi undhaking barana | baranakana kang akèh | ananging yèn kabanjur | iya dadi ardaning budi | wong karêm marang donya | lupute amuput | witne wong tan ngupaboga | yakti bonggan kalêbu sisip nalisip | nalêsêp pêpucungan ||

[Pucung]

1. ingsun pugut prêlambang dimène pagut | panggagating karsa | bôngsa ta wong sugih-sugih | iku tôndha kapradiptan dining Suksma ||

2. tansah untung nora kapitunan petung | tumrap kongsi turah | pinangan saanak rabi | bibit brana

--- 47 ---

baranakan ngômbra-ômbra ||

3. kang wus wêruh sasmitèng Hyang kang dhumawuh | marang awakira | gya trangginas nênulungi | janma ingkang kasrakat koripanira ||

4. sabên esuk mirantèni wong jêjaluk | mêmala malarat | papariman para miskin | singa prapta pinarjayèng bojakrama ||

5. yèn pinètung ing petang tan kongsi kontung | amung kauntungan | kang kinarya nênulungi | nora mipil angêpik bôndha simpênan ||

6. bathi sèwu amung linong saprawolu | ginawe cawisan | nyawisi titahing Widhi | ingkang lagi lêgèh katêlakan boga ||

7. têkèng batur tumuntur milu balabur /

--- 48 ---

kablabaran bêgja | bêgjane baneja lagi | dadi kondhang kèkandhanganing nugraha ||

8. kang kadyèku nangkoda prasasat wiku | wikan rahsa tama | tumama tumus marta sih | sihing Suksma pralêbda mring jiwanggana ||

9. yèn ginunggung sagrênge pindha wong agung | kang ngampil wibawa | prabawane dalajati | lamun arsa nurunkên bôngsa ngawirya ||

10. wus kalêbu bangsaning kalbu mukminun | minulyèng barana | sirna sêsukêring budi | mung prawêlas para asih kasalira ||

11. bôngsa sadu wruh ing iya lawan dudu | beda budi sudra | papaning papa dèn goni | karêm kharam karamean karompolan ||

--- 49 ---

12. yèn ginunggung mênthêng-mênthêng lir dhêdhênggung | anggung anggêganjar | lêjar yèn ana ngêjori | ing pangonggrong banjur girang lir bêkungkang ||

13. gya malêmbung lêmpêng-lêmpènge lir lêmpung | badhêdhêg sabodhag | mêkrok janggane saklênthing | pakaryane adina-dina mangkana ||

14. anglêlajur mring ujar kang nora jujur | ngunjar nguja karsa | kaarsayan dèn turuti | bêras bebas binêbês kadya kinuras ||

15. arta kerut ing rêruba nora urup | wisma dhadhal budhal | modhal-madhil kari brindhil | konthal-kanthil kang nginthil kunthal kewala ||

16. wong kaliru akale kênèng rubiru | lobaning tyas lômba | lobaning wong arsa [ar ...]

--- 50 ---

[... sa] luwih | bôngsa luwih agama agêm srinata ||

[Sinom]

1. aja salang-surup sira | mring sanggitan kang winarni | ana sêmut ana gula | wruhanta dhuh anak mami | iku kodrating urip | dadi pangarêp satuhu | ingsun arsa uninga | janma mengo saking pamrih | malah tumrah mring seto[43] padha mèt pedah ||

2. kêbo sapi myang maenda | môngsa mring ron sukêt garing | kajabane bêbutuhan | lire kang mangkono kaki | sanajan janma luwih | kang luwih barananipun | yèn anggung sinimpênan | pinêtri nèng jroning pêthi | nora nêdya dêdana mring para papa ||

--- 51 ---

3. kumêt kênèng kêmat arta | artane anggung tinanting | anèng tong sinawang-sawang | sabên wanci bangun enjing | mijang arta sarinjing | kang manjing bêbathènipun | têtaboning bibitan | brana ambalabar kongsi | kar-tumangkar tumali tular-tumular ||

4. mulur kaya ular-ular | sêsambène sabên ari | cêthil muthithil canthula | yèn calathu pan cumlêkit | yèn ana pêkir miskin | pariman mring awakipun | anggung ingundhamôna | dènira ngujar-ujari | nora sidhang nora siring tanpa ringa ||

5. mangkono nuli rumôngsa | nora êsah malangkêrik | si masakat tanpa karkat | nguwus-uwus tanpa uwis | wasana mundur

--- 52 ---

aris | palarasan lakunipun | janma ingkang mangkana | prasaksat dhêdhêr sak-sêrik | basa sêrik yèn wus ngrêbda gawe rusak ||

6. nadyan sugih kang mangkana | yêkti nora mêmengini | malah kèh kang ngala-ala | dadi rêrasan sak ari | singa wong titip runtik | titip runtik titip bêndu | bêndungan wusing bêdhah | kawasa dhudhah panyakit | sakit angga sakit cipta sakit rahsa ||

7. lire sakit ingkang angga | tan sêgêr garing mukingking | nyarang aking kang sarira | payus sêmune nglalêntrih | mulane anglalêntrih | wit cinakot ciptanipun | panyakoting kang cipta | nuwuhakên [nu ...]

--- 53 ---

[... wuhakên] sôngga-runggi | sôngga-runggi mrungganèng candhala murka ||

8. mêkaring murka candhala | candhikala kang dhatêngi | sarasa manuksmèng karsa | karsa nuli nuksmèng osik | anulya darbe osik | osik ingkang tanpa lugu | lugune iku iya | wus kênèng ngayahan eblis | eblis amblês bablas ngêbos-êbos rahsa ||

9. rahsa mrèmèn mring pangrasa | pangrasa gya ngathik-athik | ngukir cipta kira-kira | mêngkono mêngkene iki | kikisane mung pamrih | iya marang amal ingsun | tan kêna wong kumlebat | sinigèn dèn sujanani | yèn wus dadi ardane sidu kang cipta ||

--- 54 ---

10. nak bojo tan pinitaya | sanadyan badan pribadi | prandene tan pinitaya | pracayane mung si pêthi | kinêkêp sabên ratri | sruning watir tanpa turu | awane gya gaota | bêngine mangkono maning | lama-lama sangsayalum angganira ||

11. labêt karubêt ing cipta | cipta marang mutawatir | kuwatir sudaning brana | tansah anggung mêrêm mêlik | mêmilang êndi melik | kang mêlok kêna pinuluk | pinêlêng pinanglêngan | kang kalingan bok kaliling | mêlang-mêlang yèn tan milang kauntungan ||

12. lêsu lêsah langkung sayah | yèn pisah untung sadhuwit | sauripe nandhang [na ...]

--- 55 ---

[... ndhang] susah | nora antuk done sugih | angur ta nandhang miskin | bisa enak mangan turu | nora darbe rêrêgsan | kang kongsi ngrêsake ati | yèn wus mati bandhane kang tunggu sapa ||

13. caritane Ki Sudarpa | sugihe kapati-pati | dupi wus antara môngsa | dungkap praptane ing janji | wus wafat praptèng pati | anake trangginas nuduh | kinèn tuku tabêla | ginawan dhuwit cinumpi | sapêsthine rêrêgan adat kewala ||

14. nora kinawalan arta | saking dene padha mêdhit | sapraptane gon tabêla | nganyang-nganyang nora olih | labêt lagi barêngi | blêbah mangsaning wong

--- 56 ---

lampus | dadya tan antuk karya | kang kinon atur praniti | yèn argining tabêla tan kadi lama ||

15. mundhak saking sabênira | sing pakon nyêntak mucicil | sun titèni kaping pira | dènira kapara bathi | bisa têmên sirèki | nalabung wong lagi bingung | kocapa kang sêkarat | krungu swararsa binathi | gumaregah jênggèlèk kadya ginugah ||

16. mulung dènira têtanya | gunêm apa sira iki | kang putra sru aturira | rencang paduka kiyai | amba kèngkèn lumaris | rêrikatan tumbas tabut | awit wau andika | sampun wafat mring kajatin | datan kintên yèn mangke manggih waluya ||

17. yèn

--- 57 ---

makatên kalêrêsan | wau anggènipun mangkring | rencang paduka punika | ing wau kula bêgtani | saadatipun argi | wangsul awit botên antuk | matur lamun tabêla | argine samangke awis | mindhak saking padatan ing sabênira ||

18. Kyai Sudarpa lingira | aja kok tabêla mami | yèn nora rêga kang murah | mundhak tan ngenaki ati | wusnya ngling nuli mati | iku wong nlutuh kêpatuh | kapati kumêt arda | tan anganggo sawatawis | praptèng pati cêthile kanthil kewala ||

19. layak darbeni pangira | bandhane nusul mring akir | ginawe dagang nèng swarga | iku si wong tuna

--- 58 ---

budi | budine arda dadi | tan wêruh sawadinipun | barana iku uga | gêgêman agêming urip | yèn wus mati kapungkur ing ngalam donya ||

[Pangkur]

1. kapungkur ing ngalam donya | wus tan ana rêrasan malih-malih | bali alaming ngaluyut | kinayut kasampurnan | Hyang Pramana purna mula-mulanipun | jro Kitab Patêkurahman | ana rafal dèn muradi /

2. wijining roh tri prakara | roh rahbani ilafi lan roh mani | rabani suksmaning bayu | ilafi roh dahana | roh rahmani puniku atmèng bêbanyu | campuring warna têtiga | duk maksih anèng swarga di ||

3. durung ana

--- 59 ---

apa-apa | apan amung jumênêng anjênêngi | ika jumênênganipun | nuhoni tuhonira | nora rasa rumôngsa nora ngrês linu | amung nikmat lan mupangat | sung supangating sabumi ||

4. nora obah nora molah | nora muna tan muni nora osik | nora mangan nora turu | tur ora nganam-anam | anuhoni ênêng kaêninganipun | mangkya kênèng subasita | satatane roh jasmani ||

5. jasmani nuksmèng bantala | têmah campuh catur roh dadi siji | dadi wijining sawujud | wujuding saniskara | pangarêping urip kabèh saka iku | lamun iku nora nana | wus nora nana dumadi ||

6. dadi aran sonyantaka /

--- 60 ---

satêkane samêngko iku pasthi | wus ngalih ing alamipun | ing mula-mulanira | dupi manggon panggonan agal gya jumbuh | upakartyèng marcapada | roh catur pêncar tulya glis ||

7. nguripi uruping karsa | gya tumular tumangkar anartani | osik kang maèwu-èwu | mawêndran baran kirnan | ingkang marang bêbayak-bayak sabyantu | kongsi nglirwakkên ubaya | ubaya kang wus kapasthi ||

8. pêpasthèning kang sarira | lir rèh urip angarêpakên pati | ingkang pati karsanipun | ingimpun Hyang Pramana | jinak mulih ing alam kamulyanipun | tinggal panggonan kang inggal /

--- 61 ---

wangsul marang swarga malih ||

9. ing kono sapa uninga | namung Allah Tangala kang mikani | tindak bênêr lan kang luput | tan pantês winicara | cara swarga tan kapenak yèn rinêmbug | angur ngrêmbug ngarcapada | lire ngarcapada iki ||

10. pratingkah padha kêmata | lamun matêng dènira mêndêng budi | yèn kaudi kongsi têpung | têpange têpa-têpa | basa têpa matênge kalawan petung | petung pitungkasing rasa | lan pangrasa rose tunggil ||

11. tunggal anèng sariranta | sariranta nunggal sakalir-kalir | lire sagunging tumuwuh | nuwuhkên wiji samya | marma samya mardia amal linuhung | basa amal luhung ika /

--- 62 ---

kotaman kang wus nêtêpi ||

12. têtêpe kotaman ika | amikani marang sawiji-wiji | wijange wiji sawujud | wus wujut anèng sêja | sajatine jamaning janma sawêgung | kabèh sêjane utama | nanging asring tan nêtêpi ||

13. awit kèh wangkêling cipta | sangking dene kumudu arsa luwih | linuwih sêsamènipun | ana kang gayuh brana | nggayuh guna nggayuh wiyar saminipun | geyongan têlung prakara | adate yèn wus nênani ||

14. yèn bênêr gone mranata | yakti dadi amal gêng angluwihi | tumêkèng turun-tumurun | saturun-turunira | nora kongsi kèsi-èsi uripipun | musakat padha kasrakat | wus kudu beda kabudi ||

15. yèn wijiling wiji nistha | saisthane sayêkti laku nisthip | lumuh wèwèh kudu jaluk /

--- 63 ---

nandhani trahing sudra | beda lawan wiji sangking budi luhur | sayêkti darbe narima | utama têmêne mintir ||

16. môngka wong têmên tarima | yêkti nuli katrima dening Widhi | wong kang trima mring Hyang Agung | tandyantuk nugraharda | nugraharda yèn wus mangsaning dhumawuh | tan pakewuh uripira | pira-pira ingkang asih ||

17. aja sawiyah ing janma | nadyan sate kumêlip milu asih | wong sinihan samènipun | watêke nuli ana | pitulungan êmbuh ta ing sangkanipun | jalarane antuk bêkja /[44] sabarang sinêdya gampil ||

18. beda si wong budi arda | yèn wus ngrêbda adate nuli prapti | sikuning Hyang kang dhumawuh | lumantar eblis laknat | wusing tiba nèng cipta gya dadi bêndu | bêndung sakèhing tarima | mardawa panggawe drêngki ||

--- 64 ---

19. kang drêngki gya ngômbra-ômbra | kar-tumangkar tumular-tular kongsi | kêbêg sabawana kêmput | anulya salin slaga | kumabisa kumalewa kumaluhur | saucape para campah | campuh lawan para sêrik ||

20. sêrik kêkêmbanging rusak | yèn wus rusak tan wurung tibèng sêrik | sinirik sajêge umur | tan ana ngêmorana | kang mangkono aprasasat wis kacêmplung | naraka urip-uripan | sauripe dèn cacênggring ||

21. tan ana sudi mèt mêtri | môngka jalma ing janaloka iki | ingkang wus kalêbu petung | petanganing nugraha | tri prakara kang pêsthi padha ginayuh | dhingin bisa ing abasa | bêbasan kang ngasmarani ||

[Asmaradana]

1. kapindho dadi priyayi | kaping tri

--- 65 ---

sugih barana | iku gageyongan gêdhe | upama uriping jalma | jamaning janaloka | yèn sêpi tri prakarèku | sangsara koripanira ||

2. ing nguni ana maharsi | aran Rêsi Mahiswara | amung kêkalih putrane | kang sêpuh Bambang Sucipta | Surasa kang taruna | bratane samya pinunjul | samaning bôngsa ngasrama ||

3. karêm karamating kapti | kapati mêmati raga | ing sabên ratri karyane | lêlana mring argasonya | sêsiluk wana pringga | manrang jroning jurang sirung | deramrih pralêbdèng cipta ||

4. sabên gagat bangun enjing | kundur gya sumiwèng rama | winulang

--- 66 ---

sarekaning rèh | ing sabên-sabên mangkana | nuju sawiji dina | ingantara môngsa bangun | wangsule saking wisata ||

5. laju jujug taman wingking | mêdal kori bêbutulan | kalih sami kasatane | anulya ngawe dawêgan | ping tiga tan ambêkan | galugu têmah tumiyung | radèn kalih milih nulya ||

6. ing sasênêngnya pribadi | kang rama wau uninga | radèn kalih sasolahe | ing batin kalangkung suka | dene ta ingkang putra | wus katon kasaktènipun | punjul samaning ngasrama ||

7. nalôngsa sukuring Widi | nanging sandeyaning driya | api duka

--- 67 ---

supayane | ywa kongsi kêdawa-dawa | tingkahe putranira | dennya anjurungi kayun | kayungyun ing rèh jubriya ||

8. yèn kongsia angêngkoki | ing rèh sarekaning karsa | sayêkti antuk sikune | kang misesa ing bawana | mangkana wiku sama | marêk umara mring sunu | sarya alon angandika ||

9. hèh hèh karo suta mami | paran ta pratingkahira | ing sabên-sabên mangkono | iku kaki nora kêna | yèn kabanjur manawa | bôngsa kebar kibir iku | kagungan Hyang Maha Nasa ||

10. yèn manusa nora kêni | andhaku-dhaku kawasa | têmah wasa-wasanane | balik ta dèn eling sira | ugêring raja wedha | kabèh

--- 68 ---

kagungan Hyang Agung | saambane kang buwana ||

11. sira pinaringan sakti | samurwate tapanira | padha purihên wuwuhe | kalawan sukur ing driya | wahyu iku upama | gêni sakêkonang murub | sumbune tyas martotama ||

12. lêngane laku utami | tinumana tama têmah | tarima têmên wadhahe | têtêpe laku utama | adoh panggawe ala | mung mêmayu rèh rahayu | hayuning jana pininta ||

13. winantu ing silastuti | titining laksita arja | arju panjrah ning tyas sarèh | sumarah rèhing sakarsa | nira Sang Hyang Wisesa | têgêse tapa ta kulup /

--- 69 ---

ngêngurangi saniskara ||

14. nyuda dhahar miwah guling | cêgah suka sawatara | myang buwang pakarêmane | mung mindêng marang Hyang Suksma | sinukma mrih sampurna | narawung wênganing suwung | tumalawung kawongêna ||

15. iku tapaning atapi | tutupên têpining têpa | sayêkti doh kanisthane | kaki kang ingaran trima | tan mèri marang janma | gung luhur pan wus winahyu | ing wahyaning masa kala ||

16. kalakon sawiji-wiji | wêwijanganing paminta | dèn matêng ing pamandênge | sayêkti nuli tumêka | ugêre anèng sira | nadyan angèla ngalangut /

--- 70 ---

yèn binudia widada ||

17. budi panduming dumadi | pamardining para sêdya | mung dèn awas wasanane | grahita dudu lan iya | titinên titènana | yèn rêngat kamoran rêngu | wigar ugêring tarima ||

18. kang ingaran têmên yakti | dèn ngandêl kumandêl sira | mungguhing Hyang kadarmane | datan cidra ngumandaka | mung asih murah trêsna | ananing Hyang yêktènipun | pindha wimbaning baskara ||

19. prabane amrabawani | madhangi ing sabuwana | nora pilih cilik gêdhe | kang gumrêmêt kang rumangkang | kabèh kênèng pêpadhang | tur padha panduking pandum | mangkono

--- 71 ---

lir angganing Hyang ||

20. tan ana kang dèn kasihi | tan ana kang sinêngitan | bêcik ala padha bae | amung wahyu lan nugraha | naraka lan suwarga | wus ginêlar nèng sirèku | wuruk ing pamilihira ||

21. ala madya lawan bêcik | bêgja utawa cilaka | lêkase nèng awak dhèwèk | marmane ing môngsakala | kataman ing sungkawa | aywa angrêsulèng kalbu | bêbukane awasêna ||

22. kaanan lakuning budi | badan amung darma tômpa | sasmitaning tyas êmpane | angur nuli nalôngsaa/ [na ...]

--- 72 ---

[... lôngsaa/] tuwakup Hyang Wisesa | kang mangkono iku kulup | ngruwat rêruwêting cipta ||

23. cipta kang amrih lêstari | antarane nèng ngastawa | aja kêmba kêmbêngane | suka sukuring satitah | yèn bêtah yêkti pedah | kinacèk sêsamènipun | dadya kanthining narendra ||

[Kinanthi]

1. sang wiku ngandika arum | wruhanta dhuh anak mami | karo sun tuturi sira | mungguh wajibing ngaurip | ingkang dhingin amêrlokna | angupaya sandhang bukti ||

2. awit wiyah ing sawêgung | gunggungan [gunggung ...]

--- 73 ---

[... an] titahing Widhi | padha angupaya boga | kang gumrêmêt kang kumêlip | kang kinacèk mung manungsa | nganggo pamrih sandhang bukti ||

3. lantaran tan liyan kulup | ngawula tani gêgrami | katriku kasap utama | dene ta madyane kakaki /[45] bêburuh myang ambêbarang | angambaraja jêjampi ||

4. nisthane kasap winuwus | pariman ngapus-apusi | iku aran kasap apa | yèn kêna aja nglakoni | mèt boga saking mangkana | kèsthi nisthane ngaurip ||

5. ana manèh kang winuwus | ya bangsane kasap kaki | nanging sing arda angkara | karana rèh amêmaling | bêdhog begal ngapus krama | bradhat ngècu

--- 74 ---

cêlêr ngutil ||

6. kasap kang mangkono kulup | nora kêna dèn lakoni | adohna pitung bêdahat | maling mêmalaning bumi | sinarang kasurang-surang | sêsrawungannya nyarangi ||

7. sagon-ênggonira manggung | ginusah saingga paksi | pêsat kabêrasat sirna | ing dêrajat tuna ênting | siyasate nora benjang | enjinge bae pinanggih ||

8. malajêng laju binujung | cinara wijung myang bajing | yèn kacandhak cinêngkalak | winayungyun dèn talèni | cinara khewan kewala | uwal taboning sujalmi ||

9. kabèh mau kang sun tutur | iya tumanjaning pamrih | kang wus tumrah ing kadonyan | limang prakarèku

...[46]

--- 77 ---

pedahing barana | tôndha kamurahan yêkti ||

kang mangkono yêktinipun | kajèn sajroning ngaurip | marmane sabisa-bisa | gayuha geyongan katri | aywa sah pamintanira | marang Sang Hyang Udipati ||

patitisna sabên dalu | andulu dêdalan jati | jatining tyas kajatmikan | yèn wikan wawêngkon batin | kaya-kaya lamun kêna | katêmu salah sawiji ||

yèn pandak pangudi kaduk | ing pasaban sabên ratri | gagulang nanggulang hawa | awas wosing alam sêpi | yeka sasêpuhing driya | sasanglinging karsa yakti ||

marma karo putraningsun | samêngko ngong sira tari | antarane karêpira | rèhne wus padha winanci | êndi ta

--- 78 ---

ing tekadira | ywa tansah kulinèng ardi ||

apa ta suwitèng ratu | tani tanapi gagrami | Sucipta matur anêmbah | pukulun èsthining kapti | kadi drêng kêdah kawula | angawula narapati ||

sang wiku ngandika arum | lah iku tekat utami | têmênana bokmanawa | antuk kamurahan kaki | kêna barang kang kosêdya | dumadya dadi priyayi ||

lire wong suwitèng ratu | tulène dhuh suta mami | lêkase tuhu tan beda | lawan ngawulèng Hyang Widhi | wêwinih têlung prakara | kaya ta ing ngisor iki ||

wani awuninga wanuh | mungguh kang ingaran wani | dèn wani anrang bêbaya | yèn ana karsaning

--- 79 ---

Gusti | aywa angrês angrêsula | lilaa prapta ing pati ||

pati patitising tuduh | yèn tinuduh narapati | ratu atining bawana | tunggal rahsaning Hyang Widhi | dene kang aran wuninga | wruhana karsaning aji ||

dèn awas wosing sasêmu | samôngsa sira sumiwi | sasungut singating prana | pranawakna jroning ati | ti-atinên titènana | kaananing karsa jati ||

jatine yèn wruh panuju | gampang mrih sarjuning aji | wajibing jalma ngawula | apil tarampil angampil | ing karsa risang pamasa | saplakana mindho kardi ||

dene kang ingaran wanuh | dèn sanggêm marang pakarti | ywa kêmba pasebanira | ing rina kêlawan ratri/ [ra ...]

--- 80 ---

[... tri/] saranane kudu uga | buwang pakarêman kaki ||

karana iku nênungkul | ing sêdya kang mrih lêstari | antarane wong suwita | wêwatone kudu ugi | maligi lêgutanira | mung sri nata kang dèn èsthi ||

[Sinom]

1. marmane para taruna | ywa pêgat atèki-tèki | iku tekating utama | têtumanên sabên ratri | pruitèng para rêsi | sarjana sujana kasup | kabèh kang ulah praja | padha pindhanên maharsi | tan prabeda panduking mêmardi daya ||

2. mandayani ulah darma | mêmangun marta mratani | wèh asrêping sabawana | mantri budi pandam [panda ...]

--- 81 ---

[... m] nagri | tan pêgat mêmarsudi | sudane kabèh kala dur | wudhare ing amudha | mradipta tyasing apingging | kang mangkono wasitane pèpètana ||

3. basane wasita tama | tumamane anêngsêmi | sêmune turidasmara | marang sapadhane janmi | kalamun ana mantri | kang kaya mangkana kulup | tumuli klosodana | sabên sawusing sumiwi | aywa kêmba pintanên supangatira ||

4. mantri marta martatama | kasor kang para maharsi | kang martapa anèng arga | lugu mung cipta sawiji | marang Hyang Udipati | pati patitising etung | petanganing panunggal | pamoring kawula Gusti | mung sumungku katêkaning sangkan [sang ...]

--- 82 ---

[... kan] paran ||

5. balik pra sarjanèng praja | anjêjêri jaman kalih | ing kana kene kinênan | kaanane wus tan pangling | lan asli sangking eling | yeka mantri anung-anung | manungku pujasmaya | mahya amayuwèng bumi | adêdana martani jana nindita ||

6. tarwas lumêkasing tapa | tapaking warastra lungit | lêgawa nrang ing bêbaya | lila trus tumêkèng pati | pandak doning pangudi | adining jiwangganipun | yèka prawira tama | tamat tan mèngèng mring pasthi | sor bratane maharsi martapèng arga ||

7. lah iku waspadakêna | aja ngawur ing pangèsthi | isthanên sajroning puja | wijange sawiji-wiji | yakti mantrining aji/ [a ...]

--- 83 ---

[... ji/] mawarna glaring panggayuh | mung wose awasêna | kabèh kang bangsaning dadi | don-adone yakti mardi martotama ||

8. lah gênti surasanira | paran ta ingkang pamikir | apa kaya kakangira | lamun ta mangkono kaki | suka rasaning ati | tirua rakanta patut | iku mamrih utama | geyongan panggayuh jati | sajatine kabèh nayakaning praja ||

9. kang maksih nuhoni brata | satatane dèn têtêpi | yakti angasorkên padha | kang martapa graning wukir | jatining narapati | patitise kang satuhu | nayakaning bawana | bawana jamaning Widhi | wor sarasa narendra lan Hyang Wisesa ||

10. amisesa

--- 84 ---

winisesa | loroning atunggal yêkti | ratu atining bawana | atining ratu sajati | kandhanganing Hyang Widhi | kadyagni lan urubipun | urup uriping nata | urip urubing Hyang Jati | sajatining nata wakiling Hyang Suksma ||

11. kang putra matur manêmbah | pukulun sang maha yogi | ing benjang môngsa wandea | suwita ing narapati | nanging rèhne samangkin | maksih dahat mudha punggung | dèrèng kadi pun kakang | Sucipta sampun winasis | tatakrama mardawaning ulah praja ||

12, nimpuna rèh susilarja | micara noraga wêgig | undhagi gunawan tama | wangsul kawula puniki | rumaos yêkti maksih | blilu labêt kurang umur | marmanya

--- 85 ---

yèn sambada | ing karsa sang maha yogi | kalilana kawulamit alêlana ||

13. sasambèning sabên môngsa | mèt masalahing tatèki | kang sami têtrukèng arga | samaning wasi winasis | dene yèn sampun titi | tataning mangudi kawruh | yakti lajêng maluya | mring patapan ngriki malih | malah badhe dhèrèk putranta kakang mas ||

14. sang maha rêsi wacana | iya sakarsanta kaki | rèhning wus padha diwasa | ingsun tan bisa malangi | janjine sira sami | gayuh geyongan rahayu | tan liwat wong atuwa | anjaba mung amêmuji | raharjanta kulup sabarang sinêdya ||

15. anging ta wêkas manira | yèn sira karêm martapi | dèn bangêt amati

--- 86 ---

raga | lire wong amati ragi | aja sah amarsudi | sudaning hawa lan nêpsu | lire ta kang mangkana | bôngsa hawa iku kaki | anglalimput pamoring Gusti kawula ||

16. kawula iku upama | prabawa prabaning agni | kukusing dahana môngka | hawaning manungsa kaki | upama punang api | gagêdhèn wêtuning kukus | yakti suda padhangnya | ambêbawur pangabêkti | kang mangkono tanpa tuwas tapanira ||

17. lawan sira sumurupa | masalahe wong ngabêgti /[47] ing cacah catur prakara | sêmbahing raga kang dhingin | pindho sêmbahing ati | dene warna kaping têlu | iya sêmbahing nyawa | ganêpe

--- 87 ---

kaping pat kaki | sêmbah rasa rêrasan rosing kang nyata ||

18. sanyatane sêmbah raga | sarana nucèni dhiri | pujine sarana sabda | dununge sêmbah kadyèki | kang Kuwasa nampani | Hyang Pôncadriya ranipun | batale sêmbah raga | lamun rêrêgêde mijil | pakolèhe nyênyuda dosa samatra ||

19. watêk mantrane tan kêmba | kêmbêngane sêmbah ragi | upamane wong suwita | ingkang maksih magang kaki | sebane ing saari | katampa nayakèng prabu | karyane iku uga | lagi bôngsa badan singgih | kang mangkono kudu pêthêl maraseba ||

20. isarat sabên sumewa | busana kudu kang rêsik | myang manise netyanira/ [netya ...]

--- 88 ---

[... nira/] tri nastiti ngati-ati | martane maratani | wèh sêngsêm sambunging sêmu | samôngsa sinung karya | acukat cakut tarampil | nadyan bodho kang mangkono ya katrima ||

21. sêmbah pindho winursita | satata rakiting ati | sarana nucèni iya | babahan limang prakawis | kang dhingin amiyarsi | kapindhone kang pandulu | kaping trine pangucap | ping pate pangambu singgih | ping limane nucèni ngên-angênira ||

22. pujine mung lawan puja | mêndêng wose alam sêpi | ngruwat ruwêding angkara | anirnakkên sôngga-runggi | kang aran sôngga-runggi | kira-kiranirèng kalbu | ingkang Kawasa tômpa | ingaran Hyang Maha Yêkti /

--- 89 ---

nging gagare yèn inggar ugêring sita ||

23. nugrahane sêmbah cipta | sinung padhang de Hyang Widhi | kêna barang kang sinêdya | rinakêtan ing sêsami | pamane wong angabdi | wus antuk pangkating dunung | dadya mantri punggawa | kliwon myang panèwu kaki | kikisane ing karya tan laku raga ||

24. kudu rigên olah nala | nalikanira sumiwi | bangkit amêmangkat karya | ayahan sawiji-wiji | wêwaton tata titi | têtêg ngati-ati tuhu | tuhune pra punggawa | yèn tan pandak mardi budi | dadi tuna darajat kang wus tumiba ||

25. pêpadhane janma tuwa | winantua ping sakêthi | padhange Hyang Andakara | karana wus tan nglabêti/ [ngla ...]

--- 90 ---

[... bêti/] kang tuna narapati | darbe mantri kang kadyèku | kang lumrah mantri tama | tumama mring agal alit | lêmbut kasar ginambuh nèng kakêmbêngan

[Gambuh]

1. samêngko ingsun tutur | sêmbah katri supaya lumuntur | iku wadi ingudi jroning dumadi | sêmbahing nyawa dinurus | yèn dêrês kadrêsaning ros ||

2. rose rêrasan iku | anênungku mikani kang mêngku | sêsucine ênêng êning awas eling | pêpuji pujane jinum | nèng jaman cêncêman batos ||

3. gagare ngumbar kayun | akayungyun rahayu kinayun | swarga nraka iku ingkang nglêlimputi | limpat-limpating tan wurung | mara marang rèh wirangrong ||

4. bangsane sêmbah

--- 91 ---

têlu | sanyatane pasêmon satuhu | Sang Hyang Tunggal kang kawasa anampani | upamane para wadu | nayaka andêling katong ||

5. sayakti iki kudu | mardidaya mrih arjaning prabu | ambêbuka babakan kriyaning nagri | wèh martane saprajayu | mêmayu ayuning batos ||

6. buntas wiweka kasub | titis tatas nityasèng tyas tulus | mantri budi dadya pandaming prajadi | panjrah jrênih ing silarju | jujugan dadi patakon ||

7. wêwaton agung-agung | anggêr-anggêr ugêring praja gung | sasat sari sarekane ngupakardi | tata titi têtêg atul | tuladan sapraja kaot ||

8. gagare mantri agung | yèn [yè ...]

--- 92 ---

[... n] sinêrang sêrange sêsirung | kasat mata netya mintônakên runtik | sirna mêmanising sêmu | yèku mantri tan waspaos ||

10 raose kang sastrayu | amêmayu pakarti rahayu | mantri agung tan kêna yèn tan mikani | sareka rakiting têmbung | panêmbanging rèh patêmon ||

11. têmêne yèn katêmu | kotamèng tyas nityasa lumintu | basa karang karana sring nglêlimputi | marma yèn tan awas emut | sayêkti nora waspaos ||

12. lakuning ngadil bawur | bôngsa hawa karyaning ngênguwur | beda budi panduking susilarjanti | yèn kambah sayêkti gambuh | jawata sêsanti among ||

13. samêngko sêmbah catur /

--- 93 ---

ingsun tutur punton jroning catur | sêmbah rasa sarasa rêsmining wangsit | wasita gatining wiku | mikani panduking ngêndon ||

14. angkate ngangkat ngukut | ngikêt krakêt rakite rinangkut | pinrih sêpi panêpèn Hyang Sitamurti | tiniti panjinging surup | nirnakkên kaanan batos ||

15. pujine mijang kayun | bôngsa kayun tan dèn ayun-ayun | mung kayungyun kayatnan kang miyatani | wahya mawahyaning sêmu | sami sêngsême satêmon ||

16. nanging yèn durung lugu | aja pisan wani ngaku-aku | antuk siku kang mangkono iku kaki | bêbasane wênang muluk | kalamun wus padha mêlok ||

17. mêloke ujar iku | yèn wus [wu ...]

--- 94 ---

[... s] ilang sumêlanging kalbu | lamun maksih masalahing sôngga-runggi | yèku apratôndha durung | tumanduk maduning tawon ||

[Dhandhanggula]

1. dèn waspada dêdalaning dadi | adèn-adèn wadining ubaya | mandayaa sakadare | pan iku sêmbah catur | pantaraning marta mênuhi | nênangi êninging tyas | upamane kulup | dasih wadyaning narendra | mantrimuka wajib mêngku amikani | sawêngkone radyarja ||

2. saambane bawah ambawani | winênang ngrèh sapraja mandhala | amisesa saisine | sayêkti iku kudu | rigên mugên rêti rumanti | kang aran rigên iya | denira amandum/ [ama ...]

--- 95 ---

[... ndum/] boga dananing narendra | kawaratan sanadyan kang têbih-têbih | tiniban danardana ||

3. branèng praja tur maksih mênuhi | lumastari wijiling dadana | tan kêndhat sariratrine | saksat praptani jawuh | umawimbuh kang taru rêsmi | têmahan amardapa | tumimbun-atimbun | mawrêdi wrêdaning patra | kar-tumangkar ayome ngayêm-ayêmi | mêmayu ayuningrat ||

4. de kang aran mugên iku kaki | dèn ta mardi padilan tan kêmba | sabipraya sakondhange | iyêg asabiyantu | angraruwat ruwêting bumi | mêmikat duskartèngrat | rinata ginêmpur | purna arjaningrat raya | maling ilang mêmala waluya jati | juti têmah mandhita || [mandhi ...]

--- 96 ---

[... ta ||] 5. dene rêti wursitaning rawi | awaskitha kêdhaping sasmita | wruhing sêmu sêsumuke | samôngsa sinung rêngu | tanpa rêngat malah wèh manis | andina don asmara | marang sakrèhipun | tan ana kang sinung rêngat | mantri wrêda widada mandayèng budi | dêduga-duga kira ||

6. de têtêpe sanggitan rumanti | gurumantya pirantining praja | jagani jagad jêjêge | yèn kajegan ing mungsuh | ing samôngsa-môngsa ywa kongsi | kasusu kasarakat | rongkap gagap-gugup | wruhana sadurungira | pakèwuhe kabèh gêlaring ngajurit | dèn kongsi kasat mata ||

7. mantri wrêda andina mamardi | mardawaning santosambêk [santosa ...]

--- 97 ---

[... mbêk] santa | satata lan sakondhange | arjaning driya jinum | jroning jaman kajiwan dening | derarsa nawungkridha | ingrat kang ginêlung | dadya wruh pakewuh ing tyas | mantrimuka mikani agal myang alit | kabèh wadya na [...]

--- [98] ---

la sangêt manawi lêmbatipun tatêdhan punika nga [...] pucuking sarap-saraping lidhah, wondene tumrapipun tiyang ingkang kirang sakeca saha kirang sae pangrêmêkanipun sampun mêsthi limpis [...] ugi sakit, samukawis ingkang katêdha angsring botên miraos, têrkadhang botên kantênan raosipun, wondene lidhah punika sami-sami gagêlitanipun ing badan kathah piyambak sarabipun, mila para sagêd manawi anggarap tiyang sakit, kêrêp amriksa lidhahipun ingkang sakit, amargi badhe anyumêrêpi sabab sanèsipun, ingkang botên [bo ...]

--- [99] ---

[... tên] katingal, sarana sangking pitêdahipun sa [...] ping lidhah wau.

Mênggah raosing lidhah ingkang sangking pigunanipun [...] têdhan tumrap ing badan, punika amêwahi kasênênganing manungsa, awit sangking punika prêlu sangêt manawi anêdha kapuriha ingkang ngantos lêmbat, supados tatêdhan sagêd tinampèn sarab pirantos raos.

Kajawi punika pigunanipun pangraosing lidhah wau kangge animbang punapa tatêdhan ingkang kadhahar maedahi punapa botên, lah sampun anggadhahi pangintên, yèn tatêdhan punika [pu ...]

--- [100] ---

[... nika] ingkang eca-eca tamtu mupangati dhumatêng badan, ananging sok botên, awit têrkadhang saking kêkathahên anggènipun nêdha dhaharan ingkang eca, malah sok angrisakakên pangraosing lidhah, wusana manawi anêdha tatêdhan ingkang eca dipun kulinani sabên dintên, lajêng rumaos jêlèh.

Ingkang awit punika sampun têtela sangêt, yèn satunggal-satunggaling pangraos wau wontên witipun piyambak-piyambak, kados ta: sarana sarap salêbêting mripat, sapirantosipun, sagêd aningali, sarana

--- [101] ---

sarab[48] salêbêting talingan, sagêd ami[...]ngenakên ombaking swara, sarana sarab salêbêting grana, sagêd angambêt oncating parincèn, ingkang sangking maujud, sarana saraping lidhah, sagêd amiraos, sarana sarap ingkang dêdunung salêbêting angga kita punika, sagêd karaos barang agal alit, sapanunggilanipun, samukawis ingkang sampun cuwèr sarta ingkang angingis limpis ing grana, tuwin tutuk, inggih awit sangking kawontênanipun ing pôncadriya wau, mila sagêd sumêrêb barang ingkang têbih dunungipun, saha ingkang sampun lami anggènipun botên sumêrêp [sumê ...]

--- [102] ---

[... rêp] lajêng emut wêwentehan.

Manawi pôncadriya kirang iyêgipun, ing salah satunggal, saèstu lajêng katawis kemawon kirang sampurna, sasêrêpanipun, mênggah tiyang ingkang makatên punika têrkadhang kêrêp salah tampèn, wondene paningal tuwin pamirêng punika lugunipun kalangkung utami piyambak, amargi sagêd suka pitêdah samukawis ingkang angwontênakên pambudi sadaya.

Bab budi utawi pêpikiran.

Budi utawi pêpikiran punika satunggiling pirantos ingkang utami piyambak, langkung sampurna [sampur ...]

--- [103] ---

[... na] sangking sakathahing kaanan, adamêl sagêdipun sumêrêp dhatêng watêg tuwin tandangipun ingkang maujud, ingkang andadosakên kabêgjan saha kasênênganing manungsa, makatên ugi mênggahing piawon tuwin papa punika ugi sangking budi.

Ingkang makatên punika, sampun têtela sangêt sangking sakathahing piwulang sae utawi sangking pandamêl, amargi ingkang gadhah pamurih sarta ingkang dipun cêgah, punika inggih botên liya sangking budi, dene ingkang nyumêrêpakên, saha ingkang anamtokakên kabêgjan utawi kacilakan wau, inggih budi, [bu ...]

--- [104] ---

[... di,] amargi budining manungsa sakalangkung utami sangking budining khewan.

Gêsanging manungsa prayogi anênga dhatêng budi, budi punika satunggaling mitra ingkang sae piyambak mênggah ing ngagêsang, budi kenging kawastanan juru rêmbag, juru lipur, awit manawi badan pinuju sakit budi sagêd ajampèni, manawi dhawah, budi sagêd anangèkakên, manawi nuju dhawah papa budi sagêd anyantosakakên, manawi nuju kawêlas asih, budi sagêd angiyatakên manah, salugunipun sampun têtela sangêt, yèn ing ngalam dunya punika botên wontên satunggiling mitra [mi ...]

--- [105] ---

[... tra] sae, ingkang angungkuli saenipun mitra kalihan budi, saha botên wontên guru ingkang utami, ingkang angungkuli saenipun maguru dhumatêng budi, amargi tôndha kasaenan punika wontên ing budi.

Wontên wêwarahing sarjana, makatên: sanajan wong iku sugiha kawruh, kang kaya apa, nanging tanpa pambudi, sakèhing kawruh mau tanpa guna, mênggahing kautamèn ngalam donya punika, botên wontên ingkang ngungkuli kautamèning budi, sarta mênggah kasugihanipun tiyang ing dalêm donya punika botên wontên ingkang angungkuli kasugihanipun tiyang ingkang ahli budi [bu ...]

--- [106] ---

[... di] awit sangking mintiring kawruhipun, dene wêwinihing kawruh wau inggih sangking budi.

Tiyang ahli budi punika, ingkang amulangakên kawruh dene sipating kawruh punika sumêrêp, punapa ingkang prayogi, kaupadamêl sangking budi ingkang sumêrêp rumiyin, dening sintên, kados punapa, saha kalihan punapa kengingipun dipun upadamêl, sarta ayumêrêpakên kalamangsanipun panindaking pakarti, kalayan gampil.

Mênggah pangandikanipun para sarjana makatên, cahyaning budi iku bisa amadhangi saubênge, iya iku babaring akal lan kawruh, banjur [ba ...]

--- [107] ---

[... njur] kêtara bênêr lan lupute.

Dene sakathahing pandamêl sarta wicaranipun tiyang ahli budi punika têtela kanthinipun pambudi, kayêktosan sangking pamanggihipun satunggiling sarjana, kasbut ing ngandhap punika.

Kacariyos wontên satunggiling ratu ngandika makatên, he pandhita utama, sababe kêpriye kêkasih iku têka enggal têmên bisa dadi satru, balik satru iku angèl têmên bisane dadi mitra sinarawèdi. Aturipun lêrês, punika samènipun panggenan ingkang sampun kalajêng risak, rêkaos anggènipun [anggènipu ...]

--- [108] ---

[... n] adamêl rêja, sagêdipun kêdah kaalon-alonan. Manungsa punika upami satunggiling nagari rêja, ratunipun ing nagari riku budi, patihipun têtalingan, gandhèkipun lesan, sratinipun pacalathon, inggih sangking kalakuanipun gandhèk tuwin wêwatêking têtalingan wau, têtela manawi anggènipun jumênêng sang ratu, kalihan ingkang kaluhuran, têgêsipun manungsa punika kalangkung utami sangking sasaminipun makluk.

--- [109] ---

[Maskumambang]

1. sabab apa dene sira nganggo urip | purwa sangking Adam | ingkang pirang yuta warsi | mangke wujud sangking sapa ||

2. gêsang kita kaanan sipat kawadis | têgêsipun anyar | ananging anyar wit sangking | kaanan kang sipat kidam ||

3. cêkakipun urip pasthi sangking urip | wujud sangking ana | mokal urip sangking pati | mokal wujud sangking Adam ||

4. ingkang kaping kalih sira jênêng urip | kowe nganggo nendra | sapa ingkang ngajak guling | nèng jro trêkadhang supêna ||

5. kadhang ora anggèr sasêrêpan lami | ingkang ngajak nendra | ngimpi utawi angimpi | puniku

--- [110] ---

dayaning tirta ||

6. nama maol khayat ing têmbung Arabi | yèn ta budanira | we marta kang dèn ulati | ing nguni sang Aryasena ||

7. maol khayat pan damêle mobah-mosik | tanpa pamrih sêdya | nanging sajatine pamrih | lah sumôngga kagaliha ||

8. kêkathahên yèn jinèrèng bab puniki | ingkang kaping tiga | sabab apa dèrèng mati | awit sangking kita gêsang ||

9. apa ingkang arasa jêroning pati | dhuh sintên ta ingkang | wikan dintên benjing-enjing | makatên upaminira ||

10. sintên ingkang sagêd nêrangkên jro pati | sanadyan wontêna | taksih sasamining urip | paran [pa ...]

--- [111] ---

[... ran] gèn anggèr pracaya ||

11. lamun anggèr trimah kojahe wong urip | sumôngga punika | pêthikan suluk sakêdhik | Mêgatruh mung kawan pada ||

[Mêgatruh]

1. nyai-nyai wong wus tuwa ywa katungkul | golèka ngèlmu sajati | yahuallah yailahu | ya lawase yailahi | anèng dunya rewa-rewo ||

2. kang dêlanggung roro parane tan wurung | siji maring sawarga di | kang siji mring naraka gung | yahuallah yailahi | babadên ing ngèlmu raos ||

3. ngèlmu rasa kang karasa ing sirèku | rasakêna kang khakiki | wong ngaurip yaallahu | badan roh nyawa suksma [su ...]

--- [112] ---

[... ksma] di | angiloa ing pasêmon ||

4. Allah Allah yahuallah yailahu | gudhe rambat janur kuning | pandam têlas urubipun | pupuse sajroning ngati | tan ana bara karaos ||

[...] ingkang sampun khusus mênggah ta pun kaki manggèn ngrika darma, wangsul mriki mung nglampahi, karsane kang darbe karsa.

Catatan kaki:

1. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
2. Satunggal-tunggalipun. (kembali)
Satunggal-tunggalipun.
3. kêtagihan. (kembali)
kêtagihan.
4. kêmlêkarên. (kembali)
kêmlêkarên.
5. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
6. Majapait (dan di tempat lain). (kembali)
Majapait (dan di tempat lain).
7. pindhah (dan di tempat lain). (kembali)
pindhah (dan di tempat lain).
8. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
9. kabêgjanipun. (kembali)
kabêgjanipun.
10. cipta. (kembali)
cipta.
11. biyèn. (kembali)
biyèn.
12. sapintên-pintên. (kembali)
sapintên-pintên.
13. sayêkti. (kembali)
sayêkti.
14. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
15. disir. (kembali)
disir.
16. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
17. kahanan. (kembali)
kahanan.
18. gêdhug. (kembali)
gêdhug.
19. mapan. (kembali)
mapan.
20. bukti. (kembali)
bukti.
21. Sengkalan: luhur wruh èsthining sunu (27 Sawal 1820 A.J., 5 Juni 1891 A.D.). (kembali)
Sengkalan: luhur wruh èsthining sunu (27 Sawal 1820 A.J., 5 Juni 1891 A.D.).
22. Kurang satu suku kata: mantri dalêm kaneman kaparak kiwa. (kembali)
Kurang satu suku kata: mantri dalêm kaneman kaparak kiwa.
23. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
24. Nomer hal. 34 sampai dengan 41 seharusnya hal. 64 sampai dengan hal. 71 (sampai akhir teks ini). (kembali)
Nomer hal. 34 sampai dengan 41 seharusnya hal. 64 sampai dengan hal. 71 (sampai akhir teks ini).
25. Kurang satu suku kata: durung bisa sanggama sru nyêngka. (kembali)
Kurang satu suku kata: durung bisa sanggama sru nyêngka.
26. Sengkalan: têmên wruh ngèsthi sunu (24 Besar 1821 A.J., Senin 20 Juni 1892 A.D.). (kembali)
Sengkalan: têmên wruh ngèsthi sunu (24 Besar 1821 A.J., Senin 20 Juni 1892 A.D.).
27. 3 hal. kosong. (kembali)
3 hal. kosong.
28. nyawargakna. (kembali)
nyawargakna.
29. macak. (kembali)
macak.
30. tayub. (kembali)
tayub.
31. Kurang satu suku kata: glis bae tukunên uwis. (kembali)
Kurang satu suku kata: glis bae tukunên uwis.
32. Kurang suku kata: sakkarsane yèn mundhut iya tukokna. (kembali)
Kurang suku kata: sakkarsane yèn mundhut iya tukokna.
33. Tulisan tidak jelas, tertumpuk torehan tinta dari halaman sebaliknya. (kembali)
Tulisan tidak jelas, tertumpuk torehan tinta dari halaman sebaliknya.
34. 5 hal. kosong. (kembali)
5 hal. kosong.
35. Lebih satu suku kata: saking Kitap Ndaru Humulusup. (kembali)
Lebih satu suku kata: saking Kitap Ndaru Humulusup.
36. Lebih satu suku kata: wa allahu aklam kono. (kembali)
Lebih satu suku kata: wa allahu aklam kono.
37. Sengkalan: tata kombul ngèsthi prabu (24 Sapar 1805 A.J., 21 Maret 1876 A.D.). (kembali)
Sengkalan: tata kombul ngèsthi prabu (24 Sapar 1805 A.J., 21 Maret 1876 A.D.).
38. Judul tambahan dari Yayasan Sastra. (kembali)
Judul tambahan dari Yayasan Sastra.
39. Sengkalan: pitung côndra ngèthi siwi (1817 A.J., 1887 | 1888 A.D.). (kembali)
Sengkalan: pitung côndra ngèthi siwi (1817 A.J., 1887 | 1888 A.D.).
40. arang. (kembali)
arang.
41. angêtap. (kembali)
angêtap.
42. kapti. (kembali)
kapti.
43. sato. (kembali)
sato.
44. bêgja. (kembali)
bêgja.
45. Lebih satu suku kata: dene ta madyane kaki. (kembali)
Lebih satu suku kata: dene ta madyane kaki.
46. Halaman 75-76 hilang. (kembali)
Halaman 75-76 hilang.
47. ngabêkti. (kembali)
ngabêkti.
48. sarap. (kembali)
sarap.