Musawaratanipun para Wali, H. Buning, 1912, #872

JudulCitra
Terakhir diubah: 04-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Musawaratanipun para Wali

 

1. Asmaradana

1. kasmaran amarnèng tulis | arja mulyaning agama | Ngarab nèng Jawa wus awor | gêtih dagingnya manuswa | sudarsana makbutlah | wali sanga kang wus makhum | nayakaningrat ing Dêmak ||

2. anuju sawiji ari | Jêng Magribi Maolana | pitakur nèng mimbar ijèn | mangêningakên jiwangga | ring dat kang murwèng dunya | gyantuk tarbukèng tyas tuwuh | yun musawarat pangwikan ||

3. karsa nglêmpakkên pra murti | wali kang pamungkas gama | sêmana dhêdhawuh age | ing dina Jumungah ngarsa | sanggyaning pra ngulama | dahat tan parêng sêsulur | ring masjid mangun sukarsa ||

4. Jêng Maolana wus nuding | sakabat juga dinuta | nimbali pra wali kabèh | caraka gya lumaksana | titi liningan jarwa | antara warata nuwun | sandika mituhu sêdya ||

5. cundaka murid wus bali | matur dènnya mundhi prentah | purwa madya wusanane | dupi ing antara dina | praptaning ari Sukra | ing wanci têngah ri rawuh |

--- 2 ---

lir adat sami ngibadah ||

6. wusnya bakda luhur akir | tarap tata sêsalaman | pra ngulama lênggah jèjèr | nèng srambi samya susila | Sèh Magrib Maolana | yeka kang măngka têtunggul | keringnya Suhunan Benang ||

7. tumulya Sinuhun Kali | Sunan Cêrbon Pangran Modang | lan Sunan Ngudung jajare | kanannya wali sakawan | Sunan Ngampèl myang atma | Jêng Sunan Giripurèku | sumambung Mulana Iskak ||

8. Pangeran Bayat pri tuwin | Sunan Gêsêng myang Sèh Dumba | lan Sèh Majagung wurine | para kyai-kyai jajar | wus samya maksus sarak | wrêda nom tan kênèng etung | sirna swara kapiyarsa ||

9. nulya Jêng Mulana Mahgrib | ngandika rum pasang netya | lah sumitraningsun kabèh | ywa na kaduk salah tămpa | ing rèh kang durgadana | mila sun prih aja sulur | payo padha musawarat ||

10. paran mutakat kang dadi | kêkêncêngane priyăngga | manira yun wrin jatine [ja...]

--- 3 ---

[...tine] | sanak kita wali tama | mulane sun nêdya trang | rèh kathah kang samya korup | kèrêm karêm ngèlmu murtat ||

11. akèh kang ngêncêngi budi | kadariyah jabariyah | lir Sitijênar tekade | sêdene Ki Dayaningrat | Pêngging sadarpa bidngah | têmên-têmên ngrusak sintru | ambuka wadining jagad ||

12. kinarya marid ring murid | pra siswa kang punggung mudha | manglêbur ayuning kraton | tur mancah dinilmustapa | kasup kalokèng jana | wus pirang-pirang kang gilut | wijangan kawruh dupara ||

13. sapa kang murwani marid | tamtu bangsaning oliya | kang mutajilah kêprècèt | yèn nora wong ahli pana | lah măngsa mangkonoa | Sunan Kalijaga matur | pukulun pun Sitirêkta ||

14. kang ngămbra umahyèng juti | ambrastha agama mulya | dene pun Jênar purwane | jinarwakakên trus têrang | purwa madya wusana | nora suda nora wuwuh | galur turut tela-tela ||

--- 4 ---

15. dupi ing alami-lami | adêgnya masjid punika | pun Jênar sangsaya mirong | ngèsi-èsi wali sanga | gêguyu kraton Jawa | sinêndhu malah andarung | tansah mêmêjang mring janma ||

16. tumularing warti nguni | pun Jênar alap-ingalap | guru-ginuru kawruhe | kalayan Ki Dayaningrat | nglairkên majnun tekad | punika darunanipun | kathah wran nuksmèng sutarta ||

17. ngina-ina gama suci | mêmancah jênênging radya | kadi kang sampun kalakon | Jênar lan Pêngging kalunas | samuridnya sadaya | wus brastha tan wontên muncul | kawruh kang murtat agama ||

18. dene mangke padukarsi | nglêmpakkên pra wali sanga | yun musawarat tekade | sangêt suka sukur kula | sigra pra wali nabda | jumurung amin sadarum | sandika mêdhar sasmita ||

19. kang dadya pamlênging galih | sajuga-juga oliya | paran dadya panganggêpe | wujud jumênêngnya Allah | ing pundi jaman makan | Jêng Mahgrib ngandika arum |

--- 5 ---

hèh kănca wali sadaya ||

20. yogyane dipun tulisi | rujuk bedane ing tekad | supaya dadi pangilon | tumêngkar tumrah ing wuntat | wahyaning musawarat | de kang nulisi pakantuk | Majagung kalawan Dumba ||

21. sawiji-wijining wali | panêmune tinulisan | tarlèn dadya sudarsane | akire jaman manuswa | kabèh kang ngrakêt ngilma | ananging tan kêna mêtu | mrêngkang saka wali sanga ||

22. sing sapa nylayani kapir | sandika para ngulama | Sèh Dumba Majagung age | anggrenda kalam panurat | jinidar papan kartas | tumumpang lêsnar pinangku | ngubêk mangsi pasang karna ||

23. Sèh Magrib ngandika aris | lah payo jêbèng Malaya | nglairna dhisik tekade | sandika Sinuhun Jaga | hèh nêdha maklum kănca | sampun wontên sêlangsurup | amba darmastuti mahya ||

2. Sinom

1. sinawung sêkar sri nata | Sèh Mlaya umatur aris | ring Jêng Magrib Maolana | ki lurah kang kawulèsthi [kawu...]

--- 6 ---

[...lèsthi] | jumnêngnya Maha Suci | saking awang-awang nguwung | kang ngêbêki buwana | tan kakung datan pawèstri | tanpa parna kang dinumuk boya kêna ||

2. sadaya kaanan dunya | antuk purbane Hyang Widhi | kang jumênêng wujud mutlak | mênêng datan darbe kapti | nguni cêngkramèng madi | wadiman imaningkêmu | ingkang yayah kalpika | plêng dadya obah pribadi | anjênêngkên khayat kayuning manuswa ||

3. ingaran wujud Mukhamad | mêngku rusul rasul yakin | dadya dat ingkang murwèng rat | mahya manjing jroning jisim | sakarsanya pribadi | midêr raga tanpa dhawuh | karya ringaning badan | nikmat manpangat sakalir | nyiram păncadriyasmara rèh jiwita ||

4. punika Pangeran kita | kulèsthi ing ngrika ngriki | de datnya Allah kang nyata | ingaranan salat daim | kang langgêng slami urip | mila wong punika lamun | urip jatine salat | tan susah dhumatêng masjid | jêngkang-jêngking salat jisim aran [ara...]

--- 7 ---

[...n] srengat ||

5. nging karsanira jêng duta | Mukamad Rasulollahi | umèstu kalaming Pangran | wa akimusalatihi | logate kita nabi | jumnêngna sira salatu | mangsuli Jêng Mukhamad | salatukamsa wajibi | têgêsipun wajib salat gangsal wêkdal ||

6. mênggah yakine kang prentah | ponang ngên-angên pribadi | angên-angên saking Allah | atas kang ngêbêki bumi | budi tan sagêd mosik | yèn jagad nora na wangwung | sayêkti saking lêga | jumurung sakarsa dadi | lah ing ngriku mulajamah kodratollah ||

7. pramila badan lumaksa | sadat salat pasa kaji | sêdene pitratul jakat | winastan Eslam têtali | lirnya pikêkah pêsthi | jumênêng sarengatipun | mênggah jatining Islam | salat ingkang tanpa tuding | mung pribadi mêmuji ing dhèwèkira ||

8. punika salat kakekat | dalil kitab Asanusi | wasarengatu Mukhamad | bakin ilal kiyamati | muradipun [mu...]

--- 8 ---

[...radipun] sayêkti | srengatnya Jêng Mukhamadun | langgêng praptèng kiyamat | punika ran salat daim | kang kulèsthi botên wontên Pangran liya ||

9. ingkang kangge ngriki ngrika | mung Allah urip pribadi | tandhanya kangge ing ngrika | amba lamun karsa mulih | angên-angên ing benjing | yun kondur napas kagulung | yayah angikal bolah | pêcat saking jêmpol sikil | ingkang kiwa manjing sanubari jaja ||

10. nèng ngriku ngukut ludira | wusnyanting minggah manginggil | mêksih anggulung kewala | lajêng mring tanajul tarki | datan watara mênit | gya nuksma sadalêming nur | kang wasta Johar awal | sajatine Johar akir | lah ing ngriku wontên wiwara kumêmblang ||

11. maniking netra punika | ran sela matangkêp kori | kalamun basaning Buda | mênggah têmbunging Ngarabi | babu sakratul pati | têgêse plawangan layu | nèng ngriku mung sêsangat | angên-angên gulung angin | nulya

--- 9 ---

mahya plas ngêbaki buwanarja ||

12. wus campur asal manira | saking wangwung manjing sêpi | kumpule Gusti kawula | inggih kwula inggih Gusti | sayêktine pribadi | Pangeran wangsul Allahu | watawis kalih sangat | kula lumyat jisim mami | gilang-gilang nulyamba maca sahadat ||

13. mutakat wulu salêmbar | umanjing dhumatêng kulit | kulit manjing daging kula | daging manjing adaini | adaini umanjing | mring rasika manjing sungsum | sungsum manjing manira | angên-angên badan angin | lah priksaa bangke kula têmbe sirna ||

14. sanadyan ta makatêna | nanging atasakul mukmin | kêdah ngêncêngi sarengat | kang gumlar narik sutami | mituhu nurbuwati | Mukamad Rasulollahu | utusaning Pangeran | tatkala jaman rumiyin | wangsul măngsa ing mangke kula utusan ||

15. manira ran Rasulollah | sinêdhahan ring Hyang Widhi | winisudha juru basa | mulang mring sujanma pingging | pramilamba kêncêngi [kêncêng...]

--- 10 ---

[...i] | sarengat nêmbah Hyang Agung | wontên jro masjid Dêmak | supados ambrasthawèri | batin kula tan pisan makbut ring Allah ||

16. mung nêmbah tekad manira | kang ambèsthi datollahi | makatên pamanggih kula | ing lair têrusing batin | lah kănca-kănca mukmin | sampun wontên sarusiku | agênging kalêpatan | rèh punika nama paril | mungkir dhaku ring Pangeran nora salah ||

17. punika mutakatira | Sèh Mlaya ingkang kaèsthi | pamlênging cipta kang nyata | Sèh Dumba Majagung nulis | nèng krêtas titi rêsik | Sunan Kali buka kawruh | babaring pangawikan | wus pasrah mring Jêng Magribi | kang sumambung Sunan Giri guladrawa ||

3. Dhandhanggula

1. Sang Aprabu Satmata rum angling | hèh ta kănca manira sadaya | anêdha prasami barès | ngong nglairakên kawruh | pangawikan kang kula pusthi | mlêng sadalêm mutakat | gêgandhulan ulun | wujud jumênêngnya Allah | la jamana la makana [ma...]

--- 11 ---

[...kana] walalidin | nanging lir sipat kita ||

2. datul yakin datnya Maha Suci | tunggal lawan dat Nabi Mukhamad | kang datanpa roh uripe | Jêng Mukhamad wus murut | mangkya sipat janma kang uning | ngawruhi angganira | mêngku rusul rasul | angên-angên kang kuwasa | lah punika aran Mukhamad sajati | kèksi wayanganira ||

3. yayah kita nèng jro netra kalih | wujud loro nanging juga rupa | lêbu-linêbu dayane | yeka mayangganipun | angên-angên kang tanpa warni | jatine angin lêmbat | napas nuksmèng alus | midrawèng badan manungsa | awor rasul rahsa kawula kakiki | aran Nabi Mukhamad ||

4. dene wujud kula gêtih daging | otot balung sungsum têmbe rusak | wangsul mring lêbu asale | tan kenging kula gulung | rèhning wadhag tan sênêng kadim | mênggah daliling Kuran | latal bisul kaku | bil batili têgêsira | yèn si alus bêbatalan [bê...]

--- 12 ---

[...batalan] ora apti | kadim wus wujud kidam ||

5. mangkya mula jamah kwula Gusti | liripun badan alus lan wadhag | datul insan panêngrane | angên-angên pukulun | mila karêp ring owah gingsir | ngarallun basariyah | bungah susah junun | ingkang dèn cipta tan têka | sêkti murti sring nênarik laku juti | yeka dating manuswa ||

6. pêrlu sangêt kawula kawruhi | budi budayaning tyas kang murtat | binuwang kabèh kang dede | rumakêt kang rahayu | barang prentah kêdah pinilih | yèn wus pramana karsa | sawarja lêstantun | têtêp makripat ring Allah | siyang ratri wus campur kawula Gusti | sikatu badan Suksma ||

7. mila jroning musakap wêwarti | lapil kalbul mukmin baetollah | tyase wong mukmin jatine | dununging Hyang Maha Gung | angên-angên kita kawruhi | antarèng jantung utak | pasucianipun | mila jantung lapil Allah | utêk Allah ing ngriku panggenan budi | angên-angên [angên-angê...]

--- 13 ---

[...n] punika ||

8. mamèt saking jarwèng Sayid Ngali | ingakaid makatên jarwanya | asrakun dimah umèntèr | anèng utêk lan jantung | mênggah asal kula ing nguni | botên manira rêmbag | rèhning wus kapungkur | amung jumênêng pribadya | kidam dhihin botên wontên kang dhingini | angên-angên manira ||

9. dene napas kula mahya manjing | ngong tekadkên puji kang tan pêgat | muji ring angên-angêne | benjang yèn wus kagulung | kita nuksma ring ngadbundanbi | ngriku tan kêna rusak | ing ngalam sahiru | napas wontên ngrika pêcah | amênuhi jroning jagad ngalam sahgir | dadya wang-awang lêga ||

10. angên-angên datan badan angin | urip tanpa roh pribadinira | de marga kawula têmbe | umahya ngalam laut | saking utêk ring githok gigir | ula-ula punika | gya manjing ngadêbun | umanggya gumlaring jagad | tanpopama ing dunya nora na mirip | karaton tejamaya ||

11. yèn Ngarabe ran janatun [ja...]

--- 14 ---

[...natun] nangim | rata jêmbar tan kêna cinêngkal | twin nikmat munpangat bae | tan ngrasa lamun murut | panggya suta bapa myang bibi | sarwa-sarwi sarwendah | natar tratak anggur | bangawan Nil kilah-kilah | binotrawi mubêng tirahing wisma di | patra mas tatur rêngga ||

12. utamine nèng ngriki nglampahi | rukun Eslam kamsatun lêlima | sadat salat lan jakate | puasa malihipun | munggah khaji lamun kuwawi | ananging tekat kita | bab kaji tan ayun | ing Dêmak ngriki tan beda | baetollah nadyan Allah ati mami | ing ngrika ngriki tekad ||

13. bab puasa kawula tan apti | awit nguni duk dèrèng tumitah | nglowong pintên taun bae | mangkya tumitah wujud | pinrih nêdha marêki daging | supaya kuwat ngangkat | junjung Hyang Maha Gung | kalamun nglak ngêlih lêsah | cape sayah tanpa pedah têmah gêring | milamba botên pasa ||

14. pasa kita tarkuma siwahi | tinggal sabarang [saba...]

--- 15 ---

[...rang] liyane Allah | dumadi manuswa bae | mangan wedangan bubuk | mawi puwan kalamun enjing | ananging datan ingan | awasing pandulu | mlêbu mêtu napas kita | sênêng parêng punika kula upadi | sah jumênêng mukmin kas ||

15. mungguh wajib wong jakatul pitri | sun tekadkên păncadriyaningwang | sikil tangan ngong karone | rumanti barang dhawuh | mobah-molah mangatas Gusti | sujanma tan kuwawa | darmi rèh pituduh | prentahing tyas klipatollah | wus têtela angên-angên wakil Gusti | kula mriki mèt têdah ||

16. siyang ratri kang kula ngèngèri | têmbe badhe eling ngriki ngrika | tan nêdya mangeran sanès | mung budi kang kulambun | wus têtela budayèng ati | upami Pangran sirna | tan wêruh lor kidul | nadyan wontên pêdhang ligan | macan galak banthèng ngamuk ula mandi | nora jrih yèn tyas sirna ||

17. kathah lamun kula babar kawrin | bokmanawi krêtas tigang kêndhang |

--- 16 ---

kirang tyas kabudayane | mung punika pukulun | kawruh ingkang kula antêpi | mèt lapil inna huda | hudalah liripun | pituduhnya manah Allah | lah sumăngga kănca wali dènnya galih | gya Sèh Majagung Dumba ||

18. anulisi pangawikan Giri | dèniramlêng gêgandhulanira | sadaya sabat muride | golong sajuga kawruh | mangèstuti Jêng Sunan Giri | pamêdharing sasmita | ngêblak tanpa sintru | rèh nuksmèng musawaratan | nêngna gantya Sunan ing Benang nambungi | sinawung maskumambang ||

4. Maskumambang

1. Sèh Kêramat mahyakkên kawruhira glis | mangkana lingira | hèh kănca manira mukmin | mugi prastawakna kang trang ||

2. rèhning mangke wêktu Hyang Suksma dèn paril | musawarat tekad | sawiji-wijining wali | makatên pangèsthiningwang ||

3. mênggah Pangran kang sun sêmbah-sêmbah puji | tokid kang munpasal | punika kulanggêp Gusti | Allah kita rabul ngalam ||

--- 17 ---

4. ingkang wujud tan siwah kalawan abdi | Datu Maolana | kuliling jajah nagari | kang botên kêna ing ngaral ||

5. boya sakit boya edan boya sêdhih | ngêlak ngêlih tanpa | tur botên karsa nglabêti | punika Gusti kawula ||

6. pêpathokan saking kitab Smarakanthi | lapilnya mangkana | wakayun bilaraokin | tanpa roh urip pribadya ||

7. sêksènipun yèn kula linggih ing ngriki | dat midrawèng jagad | Mêkah Madinah nganciki | nadyan tirah cakrawala ||

8. jroning bumi langit sap saptatu prapti | lapilnya pratela | kadingrun bilaalatin | kuwasa tanpa bêkakas ||

9. sêksènipun yèn kularsa gawe panti | wisma pagêr bata | Pangeran kula wus kardi | tur tanpa srana gêgaman ||

10. saha malih wangalimun bilangaklin | wabilakatkata | têgêse Allah ngawruhi | kang boya srana rinêmbag ||

11. lakatkata kang nora srana rêrai | kanyataanira [kanya...]

--- 18 ---

[...taanira] | pami wong yun marang turki | Pangran wus dhingini priksa ||

12. tanpa waktra tanpa netra ngudanèni | rèh kadayanira | ngungkuli rikating mimis | ingkang mahya saking tinggar ||

13. nanging lamun tunggal nèng sajroning jisim | dede nama Allah | angên-angên ingkang nami | tăndha mêksih kenging ngaral ||

14. turu bingung lali eling bungah sêdhih | yèn dat kang murwèng rat | mukaning sipat sakalir | tanpa pamrih tanpa tilas ||

15. rusul rasul Mukamad sipat kawadis | punika gusthika | wanda kawula puniki | napas hawa barang anyar ||

16. nadyan tirta nirmaya ugi kawadis | kang murba masesa | ing badan anyar sakalir | pratandhane kêna rusak ||

17. wangsul Dhatu Maolana kang dimurti | wruh ing kene kana | kana wruh rasaning ngriki | ngriki wruh rasaning ngrika ||

18. lah cupana sagung para wali mukmin | êndi nama Allah | maknane ambêbingungi | nadyan kang nulis tan wikan ||

--- 19 ---

19. luwih manèh kang mirêng datan udani | Pangran kang sanyata | mêngku ananing dumadi | nèng sajroning salat tobat ||

20. lamun kula sadarpa kêncêng ing galih | hèh kănca sadaya | manira tan mangran sêpi | nora mangeran kaanan ||

21. tan mangeran asma Allah puji dikir | jêr swara lan sipat | sadaya wujud kawadis | anging Datu Maolana ||

22. kang kulèsthi tan siwah kula puniki | punika wujud kak | kaladih niwala karij | dede jêro dede jaba ||

23. wujud ingsun sakojur punika mayid | tan wurung gusthika | lêbur pulastha wor bumi | mung dat kang tan kênèng laya ||

24. dene Allah dudu Johar dudu Manik | angên-angên napas | roh rahswa kabèh kawadis | punika tekad manira ||

25. de ing têmbe pangèsthi kula yèn mulih | napas wangsul barat | bayu daging mulih asli | amung dat kang nuksmèng iya ||

26. iya ingsun sakarsaningwang pribadi | nadyan manjing rêca |

--- 20 ---

kayu growong sagarardi | paran don kita suminggah ||

27. aja manèh dadi madi wadi mani | maningkêm lir kuna | lan tumanggal ring bêbayi | mituhu amba ing karsa ||

28. dene Nabi Mukhamad puniku mayid | padha lan manira | patine êmbuh nyang ngêndi | wali sanga nora beda ||

29. lah sumăngga punika mutakat mami | Sèh Majagung Dumba | cukat trampil anulisi | rampung santun sêkar durma ||

5. Durma

1. Sunan Cêrbon sumambung mahyakkên tekad | kang kèsthi jroning budi | jênêngnya Pangeran | Allah kang murwèng ngalam | gya pasrangkarasmu manis | hèh kănca Islam | mênggah pangawruh mami ||

2. nama Allah punika rohing manuswa | kang manjing jroning tarki | hu kumpuling rasa | ing jantung lan ing utak | botên têbih saking jisim | lir sipat kita | kang kaèksi pribadi ||

3. mila lamun yun makripat ring Pangeran | kêdah sarana puji | munajad dikir pan | ilat katêkuk cêthak | silasta dwi nêpak siti [si...]

--- 21 ---

[...ti] | umaksi grana | dikir hu kang satiti ||

4. amatèni păncadriya cipta juga | panggihnya dat guyubi | yèn wus tinarima | sêdya panggya sarupa | lir wulan purnamasidhi | ing ngriku ana | kanthil rukma rumanti ||

5. barang neka suci endraning buwana | sirnaning rupa sasi | têmah wujud kula | tan kakung tan wanodya | wruh gumlaring sunyaruri | rêsêp sru nikmat | munpangat rèh sakarsi ||

6. ngalam gumlar boya ratri botên rina | kita jumnêng pribadi | nir Gusti kawula | amung ingsun priyăngga | têtêp jroning Kuran muni | ngalam kabira | dakala ngalam sahghir ||

7. dene raswa manira panggya nèng ngrika | nampèni sihing Widhi | dining raswa mulya | munpangat nikmat tămpa | pratandhane boya gingsir | saking manira | raswa ing dalêm urip ||

8. wus têtela mayid sirna kang pangrasa | sacuwil datan kèri | rèh sucining jiwa | tanpa ngalap wusana | de musamane kang yakin | nèng nur Mukhamad [Mu...]

--- 22 ---

[...khamad] | kutha intên linuwih ||

9. kenging ugi dèn sêksèni sapunika | tan pisan nampik wanci | yèn têmên panêdya | ing rèh tirta martana | sumirat jiwangga wradin | gêsang punika | jatine boya lalis ||

10. muhung ngalih panggonaning tejamaya | inggih janatun nangim | de gêsang samangkya | kinèn wruh sipatira | Mukhamad Rasulollahi | wujud manira | rasul rasaning Widhi ||

11. wănda kita wontên wujud tigang warna | siji Mukhamad Jawi | suku praptèng murda | kalih wujud mayăngga | kang kèksi sadalêm carmin | tri wujud mutlak | inggih Mukhamad kadim ||

12. lah punika Mukhamad kangge ing ngrika | panggya sajroning ngimpi | tan karasa lara | lamun manggya sangsara | rèh wus wujud băngsa kadim | ingkang katingal | pancêring netra kalih ||

13. wus têtela wong pralaya têmbe panggya | gumlar jagad mênuhi | darbèknya priyăngga | jatine nur Mukhamad | kang dèn lêboni sir kadim |

--- 23 ---

cocog kewala | yèn kula muji dikir ||

14. dikir pana jlêg manggya gumlaring dunya | sasanamba ing benjing | têtêp jarwèng kitab | waanatu mayita | palalimin kubriyajid | kalibu lirnya | satuhune wong mati ||

15. dalêm ngalam kubur manggya wak-awakan | tan siwah dunya iki | marma mukmin wênang | kêdah tilik mring paran | saka dikir pan kang muksis | yèn sampun lanyah | gampil kewala panggih ||

16. utaminya mukmin wruh rukuning Islam | lêlima dèn lakoni | sadat salat jakat | pasa khaji bètollah | kang duwe wong darbe picis | sangu ing dalan | puniku srengat lair ||

17. tandhanipun sahadat klimah tayibah | kalênggahkên ing dhiri | Allah lan Mukhamad | inggih wujud manira | ing jawi ing nglêbêt Gusti | dene wong salat | manêmbah datul yakin ||

18. gih punika lêbête napas kawula | minggah tanajul tarki | kang mancorong padhang |

--- 24 ---

ing ngrika ngriki têrang | budayèng têka mumpuni | dene wong jakat | rila lêgawèng budi ||

19. wong puasa mèstu kangjêng nabi duta | tatkala prang kajodhi | manjing jroning guwa | tri dasa dina pasa | marmane kula lêluri | rèh ngèlmu kita | piwulang saking nabi ||

20. de wong khaji kinèn maring Kakbatollah | bètollah kang nèng ngriki | jantung lawan utak | ing betalmakmur utak | betalmukadas kang nginggil | êmbun-êmbunan | sah punika wong khaji ||

21. sampun tamat pamusthi kula ing tekad | wong makripat ing Widhi | myang rukuning Islam | wajipnya pra ngulama | mukmin ngrika mukmin ngriki | kula sumăngga | santun sêkar kinanthi ||

6. Kinanthi

1. Jêng Sunan Ngampèl winuwus | nabda hèh kancamba mukmin | mênggah gêgandhulan kula | rintên dalu mung mangèsthi | tan wontên Pangeran liya | Allah kang murba ing bumi ||

2. botên jaba botên kalbu |

--- 25 ---

mung kalimah tayibahi | la illaha la ilollah | Mukhamad Rasulollahi | satuhu tan ana Pangran | anging Allah dunya ngakir ||

3. sajatine Mukhamadun | utusanira Hyang Widhi | ing Mêkah seda Madinah | sajarwane kula èsthi | miturut daliling Kuran | la jamana la makami ||

4. sipatnya layu kayapu | tan kayangapa Hyang Widhi | lan niaya lan isniya | tan miwiti tan mêkasi | de angên-angên lan napas | puniku dede Hyang Widhi ||

5. Maha Agung dede wangwung | yèn kula yun wruh Hyang Widhi | mung mulat anyaring ngalam | tartamtu ana kang kardi | mokal jumênêng pribadya | boya suwung boya isi ||

6. waman ngarapa rabbahu | pokat jahilanapsihi | sing sapa wruh ing Pangeran | têmên-têmên bodho ngèlmi | mila pamlêng kula nêdya | rintên ratri mung ngabêkti ||

7. sujud rukuk limang wêktu | subuh luhur ngasar mahgrib | praptèng ngisa muji Allah | kaluhuran dunya ngakir | kang mêngku karaton [karato...]

--- 26 ---

[...n] mulya | tur angasta kukum ngadil ||

8. sirik kula ngaku wêruh | dununging wujud Hyang Widhi | jro langit jroning bantala | myang antaraning tan panggih | kula jrih nglênggahkên jiwa | rèh jarwèng Kuran macuhi ||

9. layakjibu maripatu | minal ngèlmi dakaihim | têgêse wong boya wênang | ngawruhi ngèlmu kang dakik | kajawi salat sêmbahyang | kang muksis jatining urip ||

10. Allah botên dumunung hu | botên nèng jantunging janmi | kapir kalamun ngênggona | kupur lamun tanpa Gusti | dadine jagad sadaya | saking kodratnya Hyang Widhi ||

11. mobah-molah mosik ulun | atas saking Maha Suci | nanging sadalêm kawula | dede Allah dede Gusti | wujud manira manuswa | botên kenging ngaku nabi ||

12. yèn nabi asipat têlu | sidik amanat tablèki | wangsul janma tinitah ngam | paran wani ngaku nabi | mênggah panêmbah kawula | limang wêktu sabên ari ||

13. wajib wong nêtêpi

--- 27 ---

ruku- | ning Islam sadat salati | jakad pasa khaji Mêkah | punika ingkang utami | ywa mikir kang ora-ora | Allah dumunung jro ngati ||

14. punika sakêthi luput | prasasat kapir Yahudi | mujudakên nama Allah | manggon sadalêming budi | măngka jro daliling Kuran | lamurtasiman pikyali ||

15. tan kacakra Maha Luhur | angên-angêning sujanmi | de lamun băngsa Nasara | nyirnakake Maha Suci | punika wong nuksmèng setan | jajalanat sipat janmi ||

16. mila kula kukuh bakuh | madhêp tekad nganggêp Gusti | rongpuluh sipatnya Allah | jalal kamal kaharihi | agung elok luhur mulya | boya dunung pundi-pundi ||

17. al ngalam kulumujudun | siwalah jarwaning dalil | sabên kang maujud ngalam | sadaya dede Hyang Widhi | wani kêkêthokan jăngga | mati lawan kitab mami ||

18. asal kula nguni sèstu | bumi gêni angin warih | nuli nêmbêlas prakara | ngalêmpak dados [dado...]

--- 28 ---

[...s] sawiji | saking kodrating Pangeran | dadya kawula puniki ||

19. marma sayugya wong idhup | wajib nêmbah daturabil | rèh Allah tan kayangapa | asma kewala nyukupi | Hyang Suksma uning kang samar | kalam nênulis pribadi ||

20. nyathêti klakuan makluk | ala bêcik dèn kawruhi | pramila pamanggih kula | sayogya ngupa utami | pinanggya dintên ngakerad | rèh tyang gêsang têmbe lalis ||

21. rèh ajal kula ing besuk | mèt tăndha jarwaning sitin | babu sakaratulmuta | kula pandêng badhe kèksi | cahya sarambut umahya | saking brajamusthi mami ||

22. wantêr mring dirgantara trus | kula nut minggah suwargi | de panggenaning suwarga | dede bumi dede langit | tan dumunung nèng antara | anging gaibing Hyang Widhi ||

23. mila sangêt kula muruk | dhatêng para siswa santri | tanah Ngampèl Surabaya | sarengate kulapardi | supados têrah-tumêrah | praptaning [pra...]

--- 29 ---

[...ptaning] kiyamat benjing ||

24. sampun kasêrat sadarum | Sunan Ngampèl dènira ngling | marang Sèh Majagung Dumba | galur turut tan muwuhi | mangke ginantyanan têmbang | pangkur pambukaning kang wrin ||

7. Pangkur

1. Sunan Kudus nambung sabda | ngêdalakên pangwikan kang kakiki | makatên dènira matur | hèh kănca ulul ngèlma | lêpat kula sakêthi aminta maklum | rèhning kawruh kula slaya | lawan para wali mukmin ||

2. awit pangèsthi kawula | nama Allah tan liya amung urip | kang nama urip satuhu | dede roh dede napas | dede angên-angên dede rahsa rasul | jumênêngnya saking sabda- | ning manuswa kang kakiki ||

3. yantajumin kaulina | dalilipun kang kasêbut ngakait | marma jawi lêbêt dudu | sanès nginggil myang ngandhap | dunya ngakir janma tan wignya têtêmu | ingupadi ngulon ngetan | lèr kidul sadaya sêpi ||

4. kang pinanggih urip kita | wus têtela akarya bumi langit [langi...]

--- 30 ---

[...t] | sakèhing barang kang wujud | gumlaring jagad raya | tandhanipun tatkala dèrèng tumuwuh | Ngadam boya wontên barang | kang sampun kula saksèni ||

5. angên-angên nama iman | basa Islam napas kang mahya manjing | sadaya namung pikukuh | jumênênging manuswa | de kang nama urip ananong ananung | sakane tambuh pinăngka | kodrat akarya pribadi ||

6. obahing sakarsa-karsa | tanpa pamrih nadyan kula puniki | kabèh saking uning anung | inggih Pangeran amba | mila kita mastani urip kang agung | sarèhning angajak gêsang | ngajak nendra ngajak mati ||

7. angên-angên tan kawasa | napas nupus kêmladheyan upami | gêtih daging kulit katut | balung sungsum kawula | langkung malih rasul rusul amung nunut | de Allah puniku asma | bingung maknane ngapusi ||

8. saksi malih urip kita | yèn pun urip mring pasênêtan gaip | ênggène uning ananung | ing ngriku sirna pusa | jagad raya [ra...]

--- 31 ---

[...ya] jiwangga sirna sadarum | boya èstri boya priya | lamun urip munah guling ||

9. malah jarwaning musakab | wong anendra karan bangsaning pati | anaomuakul maut | musna budayèng janma | nadyan kaji ping sakêthi yayah gêmbluk | padha bujang pinggir dalan | yèn si urip munah tangi ||

10. anjênêngakên sarengat | angarani kabèh isining bumi | badane sakojur wêruh | nêbut klimah tayibah | mila urip kang yêkti nama Hyang Agung | kang parêk tanpa gêpokan | têbih datanpa antawis ||

11. wayangane urip kita | bangkit pisah dat kang wajibul wajib | lah punika gambaripun | kliling jajah buwana | nanging sirik lamun manganggêpa wujud | urip botên sagêd suda | langgêng ing salami-lami ||

12. mênggah ingkang kenging edan | angên-angên dene kang kenging sakit | punika rahsa ranipun | pintên-pintên cacahnya | ingkang boya kenging sêsakit mung idhup | ngên-angên napas [na...]

--- 32 ---

[...pas] kawula | sami tunggil tanpa pamrih ||

13. de kang bangkit liring guna | myang kridhaning păncadriya sakalir | yeka kuwasaning kalbu | kang wus têngaluk ing tyas | ngambu-ambu mriksa nabda lawan ngrungu | angalap pamrih sadaya | piranti karsaning budi ||

14. nanging jumênênging manah | jumênênging napas kang mahya manjing | saking budayaning idhup | sanggyaning jiwa raga | mung sang urip kang botên karsa têngaluk | datan anyar datan lawas | tanpa wrêda tan taruni ||

15. dumunung jiwangga kita | maratani sakojur sadarpa di | dining urip mêngku layu | saking pangaran-aran | sakarsanya kang mastani masthi manut | angên-angên datan wikan | mring panggonane kang urip ||

16. urip rintên ratri pêjah | jroning pati ing rintên ratri urip | marma manah kula gumun | pundi panggenan gêsang | langkung malih ngupadi panggenan layu | pêjah gêsang atas karsa | manah tan kawasa uning ||

17. jêr angên-angên lan napas | sagêd pisah sagêd kumpul sawiji | kadipundi [ka...]

--- 33 ---

[...dipundi] pisahipun | kumpulnya kadyaparan | lamun urip botên bangkit bênggang campur | lah sumăngga kagaliha | sagung para wali mukmin ||

18. dene pun kula punika | botên pisan nêdya anggayuh pati | ngêlak lêsu lara ngêlu | sangêt kula tan arsa | suprandene mêksa rumakêt sadulur | kajibah dene tan pisah | ethok-ethok gêlêm mati ||

19. mila botên kula manah | nama pêjah sakarêpe si pati | mila swarga nraka lumuh | mung sumarah gon mulya | wangsul asal ing pundi karsaning idhup | ingkang nêdya sapunika | yèn dèn cupi dadi bayi ||

20. kajawi saking punika | amangsuli wicara nami urip | yèn kaprinci pintên èwu | sanggya wujud manusa | mangke kula jèrèng sawatawis cukup | tumrap silaning di sastra | kêkathahên yèn tinulis ||

21. kula ringkês mrih têtela | kadya wulu antuk gêsanging kulit | kulit gêsang saking marus | rah daging ingkang gêsang | daging [da...]

--- 34 ---

[...ging] otot rèh antuk uriping balung | balung wit sungsum gêsangnya | sungsum urip saking urip ||

22. rahsa urip saking jiwa | nama jiwa angên-angên lan budi | angên-angên urip antuk | mamèt purbaning gêsang | dayèng napas midrawèng badan sakojur | napas gêsang saking tirta- | maya kayat basa Ngarbi ||

23. kumpulnya budi lan napas | campur têlu gulêt lawan si urip | satus kêthi siji tan wruh | warna kang nama gêsang | kathah korup lêpas budi ran Hyang Agung | măngka urip kang sanyata | dede napas dede ati ||

24. dede dat kang jajah jagad | langkung ewuh mukmin kang dèrèng uning | kang ngrumpaka gubah ngragum | angathik ngikêt têmbang | wus tartamtu dèrèng wikan pisah kumpul | urip lan napas manira | nadyan kèh wong salah tampi ||

25. kathah janma kabegalan | angên-angên apan dèn anggêp Gusti | kang sawênèh mangran wangwung | isine wuluh wungwang | klowong angin yeka mukmin sasar susur [su...]

--- 35 ---

[...sur] | glusuran ngaku Pangeran | kang bagogok sipat janmi ||

26. mênggah kula nama Allah | saking asma kang darbe banyu urip | mila ngrika ngriki suwung | ngrika tan wontên Allah | kaprècète manuswa ginalih wangwung | wus prasasat Cina wangkang | ngawur kawoworan eblis ||

27. yèn wong nuksmèng widayaka | tan ngupaya kasampurnaning pati | nora ngupadi Hyang Agung | dat sipat asma boya | datan ngaku Mukhamad kang mêngku rusul | wong mangkono sasat Wlănda | gama Ngisa ngaku Gusti ||

28. lamun Jêng Muhkhamad boya | pisan-pisan ngaku wêruh Hyang Widhi | ngênggonkên kewala kupur | dede nama manuswa | amung isi urip sabêkakasipun | kang sayogya kinawruhan | têmbe bosok dadya siti ||

29. nora hyun nuksmèng panggonan | kăntha warna suwung wangwung tan arsi | mung sumarah karsèng idhup | nora urip kasasar | wangsul mangkya ngupaya santosa ayu | yuning [yu...]

--- 36 ---

[...ning] jiwangga sadaya | mila pinardi salati ||

30. rèh gêsang mêngku kaanan | jroning badan sayogya mrih utami | supaya tumêngkar turun | putra siwaya wuntat | yya na murang cilaka duskartèng ayu | suprandene sinasaban | ala bêcik saking Widhi ||

31. jroning musakab sinêrat | kadi rikèh riminallilullahi | ala yogya rèh Hyang Agung | yèn Allah tan kalilan | wus têrtamtu kèhing dudu têmah wurung | lah sumăngga kagaliha | sadaya mutakap mami ||

32. kathah lamun kula andhar | gêgandhulan sayogya kang kulèsthi | Sèh Dumba Majagung sampun | rèntès panyêratira | kawarnaa Jêng Sunan Prawata mugut | nêdya babar pangawikan | sêkar pocung kang kinardi ||

8. Pocung

1. anèng ngayun Sunan Prawata lingnya rum | hèh ta kănca nêdha | sampun wontên êsak-sêrik | wus jaragan punika musawaratan ||

2. mênggah ulun mutakap kang kula ragum | dunya [du...]

--- 37 ---

[...nya] têmpuh laya | sapunika tekad kalih | lair Islam yèn sadalêm cipta Buda ||

3. rèh jro ulun angên-angên datan kantun | maksih têmbung Jawa | nadyan wus têmbung Ngarabi | suprandene kulanggêp guru manira ||

4. nabi rasul ciptamba Krêsna lan Wisnu | guru nama Allah | Hyang Pramana tali urip | manjing mahya dhewe-dhewe aranira ||

5. lamun mlêbu Hyang Pramana manabda hu | yèn mahya Hyang Atma | dene lamun karsa mulih | tejamaya aran Hyang Sewandakala ||

6. mênggah ulun sêmbahyang nèng masjid ngawur | tan tumanêm jiwa | ati maksih mikir-mikir | păncadriya rumanti pêpak sadaya ||

7. lah puniku tandhanipun kula ngawur | kita gagas-gagas | boya liya băngsa ati | ingkang prentah salat puji dikir manah ||

8. nganti wuru nganti sarupa kadulu | tan manggya punapa | bênêr luput trima ningsir | wus têtela sirna ngên-angên datullah ||

9. barangkara hyun mênêng

--- 38 ---

mosik nênêbut | rèh dhawuhing cipta | mila mangke kang kulèsthi | mung sumarah mubarang karsaning manah ||

10. sêmbah sujud rintên dalu gangsal wêktu | yèn kataman ngaral | rubeda sangsara prapti | sami ugi lan wong Buda tan wruh tata ||

11. lajêng tuwuh tyas kula kabèh ing kawruh | têtela tan beda | surasane aran Jawi | mung klakuan kang sulaya kanyataan ||

12. kang kulèstu yèn sêmbahyang yun katêmu | maksih rasa Buda | budi kang kawula pusthi | mangêningkên cipta muhun păncadriya ||

13. wontên ngrungu pandulu pangrasa ambu | ngong pêndhêm nir daya | sirna kamanusan mami | muhung ngèsthi satiti tikswaning grana ||

14. Sang Hyang Guru yèn kawula yun katêmu | sêmadi mlêng karsa | nèng antara napas manjing | lan antaraning napas kita kang mahya ||

15. napas mlêbu rahsa kumpul anèng ing hu | ran Wisnu Bathara | yèn mahya Hyang Krêsna jati | anguripi bawana uswa manira ||

16. de Hyang

--- 39 ---

Guru antara mahya malêbu | yèn kêncêng panyipta | sarupa lir sipat mami | warna seta samrica mahya sing grana ||

17. lah ing ngriku Hyang Guru kăntha mring ulun | jiwangga subrastha | Sang Pramana mênêng êning | Sang Hyang Êning uning jagadnya priyăngga ||

18. yayah jumrut langên jiwa wus kapencut | nir gusti kawula | anging pribadi ngratoni | gih punika carêmnya antara mulya ||

19. Jêng Sang Hyang Nurcahya Nurrasa wus kumpul | wasta Sang Hyang Tunggal | nuksmèng jagad sunyaruri | Jonggring slaka inggih jagad Tejamaya ||

20. marma ingsun ing têmbe yèn arsa murut | dewa catur warna | anggêgodha ngiming-iming | sajatine păncadriya wèh bêncana ||

21. kang kula nut seta samrica binubut | dangu pêcah awra | mênuhi jagad sakalir | kèksi kita mawa cahya marudasta ||

22. ngong tumutur nuksma ring cahya umancur | mila jaman Buda | kuwandha katunu bahni | kang supaya dadi

--- 40 ---

tri-atri wor Suksma ||

23. gancaripun manuksma karan Sang Hyang Nur- | cahya manjing netra- | ning sarat ywa priya èstri | sêbut Hyang Nurrasa bali marang janma ||

24. wongsal-wangsul makatên janma tumuwuh | nyakra panggilingan | wanda rusak salin warni | kakiki ta dumadi kula punika ||

25. kula murut umanjing napas tan nupus | marma kathah para | siswa lagehan nyèplêsi | lah punika dadya pratăndha sanyata ||

26. arda ngungun wali nênêm jarwanipun | Jêng Sunan Prawata | mutakap pamanggih Jawi | jaman Buda pinanggih dewa kadriya ||

27. nambung wuwus Jêng Mlaya mring Sunan Gunung | hèh yayi Prawata | sabab punapa si adhi | rêmên Buda pagene manjing agama ||

28. Islam Ngarbu sujud rukuk limang wêktu | mring masjid jumungah | ngaji Kuran kitap tapsir | lah bok inggih ngawruhi rontal kewala ||

29. Sunan Gunung Prawata guguk sumambung | o kakang Malaya | salat sujud kula niki | têmbung Ngarab nging

--- 41 ---

kula maknani Jawa ||

30. kitab usul Kuran tapsir maknanipun | sadalêm tyas kula | sadaya rèh cara Jawi | dene malaekat kula êlih dewa ||

31. pănca kalbu wontên malaekatipun | lamun basa Jawa | nèng waktra sawiji-wiji | Jawa Ngarab nora beda dhandhanggula ||

9. Dhandhanggula

1. Sèh Mulana nabda hèh pra mukmin | sun wus mirêng têtela saha trang | ing tekad siji-sijine | kawruh nora na kumpul | dhewe-dhewe èsthining tokit | nanging pamancas ingwang | kabèh-kabèh bagus | mungguhing dalêm kakekat | jangji darbe gêgandhulan kang kaèsthi | nêtêpi dalil Kuran ||

2. kawadis watamsabingurwati | wus kaliripun lapal punika | lah padha darbea kowe | gandhulan tali kukuh | nama tali ciptaning tokit | kang kêncêng saha nrima | yeka aran ngèlmu | nadyan wong nêmbah brahala | lamun mantêp atêtêp nora gumingsir | iku nama sampurna ||

--- 42 ---

3. gama iku pranataning bumi | rumêksa yu sasamining gêsang | awor yudanagarane | dene sêmbah lan sujud | manut caranira pribadi | gaibul balad lirnya | tata nagri iku | nora kêna ingowahan | wus adate ywa nganti dèn wêwaoni | mangkono cipta tama ||

4. lawan malih kabèh sun jarwani | dalil usul kalaming pujăngga | Ngarab mangkana lapale | asmaning Hyang kasêbut | walaumin kobatularli | têgêse têmbung Allah | basane wong Ngarbu | anapun wong seje băngsa | tamtu beda mungguh surasane tunggil | yêkti tan dadi bahya ||

5. ingsun iki wong Ngarab ngêjawi | saking Mêkah tinundhung miruda | rèh sulaya lan wong akèh | praptèng Dêmak mamuruk | gama Islam sun yasa masjid | jatine mung klairan | batin sakarêpmu | jêr mung mamrih ayuning rat | băngsa lair wong nêmbah dadya tuladhi | saking asma bae sah ||

6. sajatine tan sumlang ing ati | jêr

--- 43 ---

wong mati padha bae bathang | swarga nraka aran bae | rèh wus layu kayapu | durung ana wong mati bali | de kangjêng nabi mihkrad | wungu saking turu | sanadyan Buda tan beda | Warkudara bisa manjing Dewaruci | Lănda Cina mring swarga ||

7. kabèh êmbuh goroh êmbuh yêkti | rèh ingsun sira mati tan wignya | nglakoni mihkrad yêktine | mung kabèh panjalukku | pikirên kang yakin jro ngati | yèn têmên sira bisa | nanging ywa katungkul | sarengat lair uwis sah | limang wêktu dadi pratandhaning yêkti | titi sajarwaningwang ||