Tripama, Pigeaud, 1953, #1403

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Tripama

1. Dhandhanggula

1. yogyanira kang para prajurit | lamun bisa sami anulada | kadya nguni caritane | andêlira Sang Prabu | Sasrabau ing Maèspati | aran Patih Suwănda | lêlabuhanipun | kang ginêlung tri prakara | guna kaya puruning kang dèn antêpi | nuhoni trah utama ||

2. lire lêlabuhan tri prakawis |

--- 4: 4 ---

guna bisa saniskarèng karya | binudi dadi unggule | kaya sayêktinipun | duk bantu prang Manggada nagri | amboyong putri dhomas | katur ratunipun | purune sampun têtela | aprang tandhing lan ditya Ngalêngka aji | Suwănda mati ngrana ||

3. wontên malih tuladan prayogi | satriyagung nagari Ngalêngka | Sang Kumbakarna namane | tur iku warna diyu | suprandene gayuh utami | duk awit prang Ngalêngka | dènnya darbe atur | mring raka amrih raharja | Dasamuka tan keguh ing atur yêkti | de mung mungsuh wanara ||

4. Kumbakarna kinèn mangsah jurit |

--- 4: 5 ---

mring kang raka sira tan lênggana | nglungguhi kasatriyane | ing tekad datan purun | amung cipta labuh nagari | lan nolih yayah rena | myang lêluhuripun | wus mukti anèng Ngalêngka | mangke arsa rinusak ing bala kapi | punagi mati ngrana ||

5. yogya malih kinarya palupi | Suryaputra Narpati Ngawăngga | lan Pandhawa tur kadange | lèn yayah tunggil ibu | suwita mring Sri Kurupati | anèng nagri Ngastina | kinarya gul-agul | manggala golonganing prang | bratayuda ingadêgên senapati | ngalaga ing Korawa ||

6. minungsuhkên kadange pribadi |

--- 4: 6 ---

aprang tandhing lan Sang Dananjaya | Sri Karna suka manahe | dene sira pikantuk | marga dènnya arsa malês sih- | ira Sang Duryudana | marmanta kalangkung | dènnya ngêtog kasudiran | aprang rame Karna mati jinêmparing | sumbaga wirotama ||

7. katri măngka sudarsanèng Jawi | pantês lamun sagung pra prawira | amirita sakadare | ing lêlabuhanipun | aja kongsi buwang palupi | manawa tibèng nistha | ina èsthinipun | sanadyan tekadi[1] buta | tan prabeda budi panduming dumadi | marsudi ing kotaman ||

 


tekading (kembali)