Yogatama, Pigeaud, 1953, #1404

JudulCitra
Terakhir diubah: 07-04-2022

Pencarian Teks

Lingkup pencarian: teks dan catatan-kakinya. Teks pencarian: 2-24 karakter. Filter pencarian: huruf besar/kecil, diakritik serta pungtuasi diabaikan; karakter [?] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau satu huruf sembarang; simbol wildcard [*] dapat digunakan sebagai pengganti zero atau sejumlah karakter termasuk spasi; mengakomodasi variasi ejaan, antara lain [dj : j, tj : c, j : y, oe : u, d : dh, t : th].

Yogatama

1. Dhandhanggula

1. sintên ingkang bayunipun sami | kadunungan darahing Mataram | kang tan kamomoran ing lèn | kang manahipun tuhu | sangêt asih dhatêng nagari | myang dahat asih marang | panjênêngan ratu | angrêpia kados kula | condhong karsa lan kula anunggil budi | myang cipta tanpa taha ||

2. angrêpia ing kidung puniki |

--- 4: 8 ---

pasamuwanira pra satriya | Hyang Suksma dadya parênge | mawantu nugraha gung | sumarambah katur nagari | myang katur ing narendra | ing kamulyanipun | wit dènnya rumêksèng jana | kang winêngku tan kandhêg pinrah[1] basuki | marma wajib pinudya ||

3. ya Allahu Tuwan Maha Sukci | mugi-mugi Tuwan ngayomana | sampun pêgat pangrêksane | mring siti sunung[2] ulun | gêsang tuwin panggenan mami | kala lare kawula | miwah dunungipun | badhe antaka kawula | sumawana ing jasad ulun samangkin | taksih nglindhung ing Tuwan ||

4. amba nuwun kamirahan Widdhi |

--- 4: 9 ---

saha sangêt gêtêring wardaya | lêstantuna salamine | nagri klairan ulun | winêdalna jawining wèsthi | tuwin lêstantunira | panjênêngan ratu | dènnya umadêg kalipah | kang minăngka wakiling Hyang Maha Sukci | rumaksèng nuswa Jawa ||

2. Kinanthi

1. sintên ingkang bayunipun | kanggènan darah Matawis | tumêrah mring Surakarta | ingkang manahipun yêkti | sangêt asih dhatêng praja | myang asih ing narapati ||

2. angrêpia kados ulun | condhong karsa nunggil budi | myang cipta datanpa taha |

--- 4: 10 ---

yèn ngrêpi kidung puniki | pasamuaning satriya | dadya parênging Hyang Widdhi ||

3. winantu nugraha agung | sumarambah dhatêng nagri | miwah katur ing narendra | ing kamulyan kang nampèni | wit dènnya rumêksèng praja | tan kandhêg pinrih basuki ||

4. ya Allah Kang Maha Agung | mugi Tuwan angayomi | sampun pêgat dènnya ngrêksa | mring siti ing dunung mami | gêsang myang panggenan amba | kala kula taksih alit ||

5. miwah malih dunungipun | badhe patyastana mami | sumawana jasad kula | tansah manglindhung ing Widdhi | singlara ing rèh druhaka |

--- 4: 11 ---

dirga atmaning dumadi ||

6. lawan amba anênuwun | ing kamirahaning Widdhi | saha sêkunging wardaya | lêstantuna ing salami | nagri kalairan amba | winêdalna ing pawèsthi ||

7. tuwin ta lêstantunipun | panjênênganing narpati | dènnya umadêg kalipah | wakiling Hyang Maha Sukci | widada satêrahira | rumêksa ing nuswa Jawi ||

 


pinrih (kembali)
dunung (kembali)